Babad Saka Kitab Suci/Yochanan Pambaptis Lan Raja Hérodhès

LELAKON kang wekasané nyedhihaké! ..............................

Ing sabrangané kali Yardèn, ora adoh saka Segara-Mati, ana bètèng-kedhaton Makaérus, kagungané raja Hérodhès. Ing sangisoré kedhaton kang sarwa éndah mau ana senthong peteng kanggo pakunjarané wong prantéan. Déné sing dilebokaké ing pakunjaran mau .. Yochanan Pambaptis! Lha kok anèh! .... Gèk apa baé dosané nganti klebu ing pakunjaran? Déné sing dianggep dadi dosané yaiku enggoné kumawani, bawané dadi nabiné Allah, duwé atur kang nyata ....

ING sapungkuré Gusti Yésus kabaptis ana ing kali Yardèn, Yochanan isih ajeg memulang kaya adaté. Piwulangé isih ajeg dibukani nganggo pangatag: "Padha mratobata!" .... Wong-wong sing kepéngin manjing muridé, kudu padha nyumurupi sepira gedhéning dosané lan kudu padha mratobat. Akèh wong sing padha necep piwulang mau lan padha sumuyud marang Yochanan kaya marang nabi gedhé, senajan pangandikané kereng.

Nanging nalika semono Yochanan banjur gathuk karo raja Hérodhès, yaiku putrané raja Hérodhès kang ambek siya, kang dhawuh matèni bayi-bayi ing Bètlechèm. Gathuké karo raja Hérodhès iku kang njalari cilakané Yochanan, jalaran wulangané tansah ajeg saluguné baé, dalasan tumrap raja Hérodhès iya ora nganggo tèdèng aling-aling: "Mratobata! Jalaran dosamu wis luwih déning gedhé!"

Kacarita ana ing bètèng kedhaton mau raja Hérodhès ngiwat wong wadon sing dudu hak wenangé dhéwé. Wong mau jenengé Hérodhias, somahé sadhèrèké Hérodhès kaprenah adi. Hérodhias ninggal somahé dhéwé, banjur mèlu manggon ana ing bètèng kedhaton, rumangsané arep njèjèri Hérodhès dadi pramèswari.

Lelakon iku mau wis dadi kembang lambéné wong sanegara. Lan saben wong ngerti yèn tindaké Hérodhès lan Hérodhias iku kalebu panggawé makruh. Dhawuh ing angger-angger uniné mengkéné: "Sira aja laku bédhang." Wong iku ora diparengaké ngalap somahé wong liya kadadèkaké somahé dhéwé, dalasan raja pisan iya ora diparengaké.

Saben wong ing tanah kono wis ngerti unining pepacak mau, nanging ora ana wong sing wani munjuk élik-élik ana ing ngarsane Hérodhès utawa Hérodhias. Sapa sing wani melèhaké ratu?

Sapa? .... Yochanan Pambaptis wani!

Raja Hérodhès wis midhanget bab Yochanan Pambaptis kang memulang ana ing ara-ara samun ana ing ngarepé wong atusan. Sang Prabu uga kepéngin srawung karo nabi sing wis kawentar kerasé. Mulané Yochanan tumuli katimbalan marek ....

Ing kono Yochanan banjur teka ana ing kedhaton, isih nganggo jubahé wulu unta kasabukan welulang; mripaté mancereng ningali Sang Prabu sarta tangané diagar-agaraké patrapé ora béda karo nabi Éliyah nalika ngélikaké raja Achab lan Izèbèl .... Yochanan ora keblerengan déning uparengganing kedhaton kang sarwa éndah, ora ulap déning panguwasané Sang Prabu lan para sénapati kang asikep gegaman. Sing dadi telenging ciptané mung enggoné arep melèhaké dosané Sang Prabu karo wong wadon bédhangé. Lan atas terang saka karsané Allah, Yochanan munjuk marang Sang Prabu: "Boten kénging panjenengan dalem mundhut garwa tiyang punika!" Dadi wong wadon klangenané Sang Prabu kudu ditundhung saka ing kedhaton, dibalèkaké manèh marang panggonané somahé dhéwé.

Unjuké Yochanan mau ora njalari murubing dukané Sang Prabu kang banget. Senajan ing galihé wis rumangsa salah, nanging babar pisan ora kagungan sedya mbalèkaké Hérodhias, ora niyat ngèndeli enggoné laku ngiwa karo wong wadon mau.

Mungguh Hérodhias dhéwé, atiné banget seriké ngrungu pamelèh mau, ora béda karo Izèbèl nalika diwelèhaké nabi Éliyah. Ciptané Hérodhias ora liya mung arep nyirnakaké nabi sing kumawani ngélikaké panjenengané ratu lan sing madakaké pramèswari kekasihé Sang Prabu karo wong wadon ala; tetéla banget yèn tekané nabi mau mung arep ngemping lara nggénjah pati!

Wiwit nalika iku ora lèrèn-lèrèn Hérodhias enggoné ngungsed marang Sang Prabu supaya kersaa mejahi Yochanan Pambaptis, nanging Sang Prabu ora kersa, jalaran ajrih marang wong akèh, marga iku padha nganggep nabi marang Yochanan. Saupama nabi Yochanan kelakon nganti kasédanan, mbokmenawa wong golongan banjur nganakaké pagègèran mbaléla marang paréntah.

Senajan ajrih mejahi nabi Yochanan, éwadéné raja Hérodhès meksa dhawuh nyekel lan ngunjara marang abdiné Allah, marga saka enggoné ngantepi ayahaning nabi nglairaké apa saluguné miturut pepacak dhawuhé Gusti Allah.

SABEN dinané Yochanan tenguk-tenguk ijèn ana ing senthong pakunjaran, lan suwé-suwé atiné katuwuhan rasa sedhih lan prihatin. Yochanan mau ora kok mrihatinaké bab enggoné ngrasakaké pepesthèning uripe sing kojur, lan iya ora marga wedi marang Hérodhès utawa Hérodhias, apa manèh ora marga atiné kebak pangundhamana jalaran kaukum tanpa dosa; ora marga saka iku mau kabèh, nanging mung ana saprakara kang diprihatinaké, yaiku: bab Gusti Yésus .... Saiki Panjenengané ana ing endi? .... Lan apa sing ditindakaké? .... Rak ora kliru ta yèn nganggep Panjenengané kang jumeneng Sang Mesih? O, bok iya Panjenengané rawuh ngirid wadyabala pirang-pirang, banjur nelukaké para raja lan para bupati, sarta jumeneng Nata binathara ana ing kutha Yerusalèm, ngratoni bangsa kang merdika, kaya sing dadi pangarep-arepé wong Israèl ing atasé Sang Mesih kang pinasthi rawuh .... Upama kelakon mengkonoa, saiba enggoné nengsemaké ati!

Nanging Yochanan bola-bali mung tansah ngrungu warta yèn Gusti Yésus tansah memulang marang wong golongan, tansah ngolah-ngalih panggonan, wis kalok yèn wataké sabar drana lan andhap-asor. Miturut panganggepé Yochanan, sing kaya mengkono rak ora samesthiné. Panjenengané sajatiné rak Putrané Allah, rak kuwasa jumeneng Nata ngerèhaké sajagad rat. Kok sulaya karo sing dadi pangarep-arepé Yochanan!

Awit saka lelakon kang mengkono mau, suwé-suwé Yochanan banjur katuwuhan pamaido ing atiné. Apa iya kuwi kang jumeneng Sang Mesih kaya ujaré wong akèh? Apa iya Panjenengané kuwi kang jumeneng Putrané Allah, kang mundhut dibaptis ana ing kali Yardèn? .... Yochanan isih éling wewèntèhan lelakon nalika semana, éwadéné .... ora mokal yèn kuwi dudu Sang Mesih kang diarep-arep rawuhé, Lha kok trajangé banget enggoné andhap-asor, prasaja lan ing semu tanpa daya prabawa.

Mangka prihatiné Yochanan mundhak dina mundhak nggeges. Terkadhang ana muridé sawetara sing pada tilik, nemoni Yochanan ana ing pakunjaran. Lan nalika Yochanan wis ora bisa nyirep pamaidoné, murid-muridé mau padha diutus sowan ing ngarsané Gusti Yésus sarta munjuk pitakèn mengkéné: "Punapa Tuwan ingkang pinasthi rawuh, punapa kawula sami ngantos-antos dhateng sanèsipun?"

Murid-murid mau satekané ana ing ngarsané Gusti Yésus, banjur padha munjuk pratéla bab pamaido lan melang-melanging atiné Yochanan.

Gusti Yésus midhangetaké wong-wong mau. Panjenengané ora ketambuhan mungguh kaanané Yochanan enggoné mesakaké, déné ora bisa mèlu neksèni apa sing ditindakaké Gusti Yésus. Pancèn Yochanan kepéngin banget pracaya lan tresna marang Gusti Yésus kang dadi Juru Slameté, nanging atiné kebak pamaido ....

Ing kono Gusti Yésus banjur maringi wangsulan, pangandikané: "Padha mundura mratélakna marang Yochanan apa ngrungumu lan sapandelengmu: Wong picak padha ndeleng, wong lumpuh padha lumaku, wong nandhang lara saraat padha kabirat najisé, lan wong budheg padha ngrungu; wong mati padha katangèkaké, lan wong mlarat padha kawartanan Injil ...."

Wong-wong mau saulihé saka ing ngarsané Gusti Yésus, banjur ngandharaké kabèh marang Yochanan apa sing dideleng lan dirungu; kabèh sing dipangandikakaké Gusti Yésus ...

Bareng Yochanan mireng andharané murid-muridé mau, atiné banjur lega lan bungah. Pamaido kang ana ing atiné larud sanalika. Wong kang bisa nindakaké kaélokan kaya mengkono iku tan kena ora mesthi kang jumeneng Sang Mesih piyambak! .... Saiki Yochanan ora nglangut pikirané ngrasakaké enggoné Gusti Yésus katoné tansah andhap-asor lan tanpa daya, lan généya Gusti Yésus ora ngerigaké wadyabala neluk-nelukaké ratu manca-negara. Sapa sing kagungan panguwasa sing semono gedhéné, malah nganti bisa nguripaké wong mati, rak mesthi luwih luhur lan mulya, apadéné luwih kuwasa katimbang karo sakèhing panguwasa lan raja ing bumi .... Saiki Yochanan lagi baé tinarbuka atiné nyumurupi yèn Kratoné Gusti Yésus iku caloné dadi Kraton kaswargan, dudu kraton kadonyan. Kraton kadonyan iku ing wusanané bakal sirna tanpa kukupan, kosokbaliné Kratoné Allah iku ora bakal sirna ing salawas-lawasé .... Atiné Yochanan saiki wis lega, ayem lan tentrem.

Saiki, mbok ana lelakon apa baé, atiné wis ora bakal gojag-gajeg manèh. Saiki anané mung kumandel lan pracaya, mangka Yochanan iya wis ngerti, yèn ana ing pangaubané sihé Allah mesthi slamet uripé.

Ana ing senthonging pakunjaran kono Yochanan mung tumungkul narima ing pandum, jalaran sakabèhing lelakon sing wis tumama ana ing awaké lan sing isih bakal tumindak ing tembé, iku mung ana ing pamengkuné Gusti Allah. Atiné Yochanan saiki wis sarèh lan narima, mulané pira lawasé enggoné kudu ngentèni ana ing pakunjaran, iku wis ora dadi pikiran manèh ....

Nanging — ora antara suwé Yochanan bakal nyumurupi prakara mau.

KACARITA ana ing kedhatoné raja Hérodhès dianakaké bojana andrawina, mbeneri tingalané Sang Prabu. Para tamu lan para luhur kabèh padha mangun suka-wibawa, nutug enggoné padha dhahar lan ngunjuk anggur, nganti akèh kang padha wuru, temah padha lali marang tata lan susila. Siji baé ora ana sing kelingan marang sing lagi dikurung ana ing pakunjaran.

Katoné pancèn kaya wis padha lali kabèh marang Yochanan, nanging sajatiné ana siji sing ora bisa nglalèkaké, jalaran atiné kebak pangigit-igit marang kang dianggep dadi klilipé. Wong mau yaiku Hérodhias!

Bojana andrawina mau disemuwakaké déning unining tetabuhan lan beksané putrané èstri Hérodhias, dipitongtonaké ana ing tengahé pasamuwan, temah banget nengsemaké galihé Hérodhès lan para tamu kabèh. Gumuruh swaraning surak lan keploké wong sapa-samuwan bareng Salomé, yaiku putrané Hérodhias, marek ing ngarsané Sang Prabu ngunjukaké sembah mungkasi beksané. Dhasar putri sulistya ing warni, mrak-ati sasolah-bawané, baud nenangi wiragé, luwih-luwih tumrap Sang Prabu lan para tamu sing keladuk enggoné suka ing galih déning sumuking anggur. Mulané tanpa taha-taha kelair pangandikané Sang Prabu marang Salomé mengkéné: "Nyuwuna, mesthi bakal kaparingan apa sapanyuwunmu, .... senajan ngantia sepasenajan ngantia separoning kraton!" Pangandikané Sang Prabu kang mengku prasetya lan supaos mau kaseksèn lan karujukan déning para luhur kabèh kang padha ana ing pasamuwan kono.

Sarèhné Salomé wis diajani déning kang ibu, énggal banjur munjuk marang Sang Prabu mengkéné: "Kawula mugi kaparingana sirahipun Yochanan Pambaptis wonten ing ngriki kawadhahana ing dhulang."

Sang Prabu kejot ing galih, ora nyana babar pisan yèn rupa sing mrak-ati mau bisa nglairaké wicara sing nggegirisi. Sang Prabu ora bisa marengaké panyuwunan sing mengkono iku, nanging kepriyé manèh, pangandikané wis kelair klawan supaos nganggo kaseksèn déning para tamu semono kèhé, senajan Sang Prabu sungkawa ing galih, kepeksa dhawuh maringaké apa kang dadi panyuwuné Salomé, sarta utusan nigas Yochanan ana ing pakunjaran. Mengkono wekasané uripé Yochanan. Sirahé kawadhahan ana ing dhulang, banjur katampakaké marang Salomé, kang banjur nggawa marang ngarsané kang ibu. Hérodhias lan Salomé mau banjur padha girang-girang gumuyu, pangunandikané mesthiné mengkéné: "Rasakna saiki opahané wong dahwèn pati opèn! Mara muni-munia manèh yèn wani! Ora wurung aku sing menang! Sapa saiki sing wani ngalang-alangi karepku? Nabi sing ora duwé duga-prayoga wis sirna!" ....

Nalika iku para sekabaté nabi Yochanan banjur padha teka ngukup layoné guruné, banjur disarèkaké.

ING semu lelakon ing dhuwur mau pancèn nyedhihaké wekasané .... Sing jujur kojur, nanging sing salah malah mbruwah. Nanging iku mung katoné ing lair!

Awit satemené Yochanan iku ninggal jagad kang kebak dosa lan piala, pindhah menyang ing papan kang sarwa éndah lan mulya, ing kono wis ora ana para cidra lan rasa sengit apadéné panandhang. Yochanan abdiné Allah, sarampungé enggoné nglakoni ayahan klawan setya tuhu, banjur katimbalan marek ing dalemé Ratu Gustiné, diparengaké ngrasakaké karahayon langgeng ing salawas-lawasé.

Kosokbaliné kepriyé mungguh wekasané Hérodhès, Hérodhias utawa Salomé? Miturut lairé wong-wong mau bisa mukti wibawa, ketutugan ing sakakarepané .... Nanging ing dhasaring atiné tansah ana rasa sumelang, marga ngélingi paukuman sing bakal tumama ing awaké sumurup opahaning panggawéné kang ala. Malah wis tau kelakon, nalika Hérodhès mireng warta bab Gusti Yésus enggoné memulang lan nindakaké kaélokan, Sang Prabu banjur kataman ing ajrih, disengguh yèn Yochanan urip manèh .... Dadi Hérodhès sajatiné isih ngandhut ajrih marang Yochanan, senajana wis tilar.

Pancèn nyata, wong-wong mau padha bisa ngumbar ardaning atiné .... nanging mung kanggo sawetara mangsa. Ing wekasané mesthi bakal padha tumeka ing ajalé. Lan yèn tekan semono, banjur? ....

LELAKON kang wekasané nyedhihaké ...., nanging ora tumrapé Yochanan, jalaran Yochanan bisa olèh ayem lan tentrem ana ing ngarsané Allah. Kosokbaliné tumrap wong-wong liyané sing tumindak sawenang-wenang, sing ngegungaké watak angkara-murka, tumrap wong-wong mau wekasaning lelakoné pancèn nyedhihaké temenan ....