Babad Saka Kitab Suci/Ananias Lan Safirah
ANA pangandikané Gusti Yésus marang para sekabat mengkéné: "Kowé padha dakwènèhi pakon kang anyar, supaya kowé padha tresna-tinresnana."
Ing jaman wiwitaning pasamuwan pangandikané Gusti Yésus mau diéstokaké klawan temen-temen déning sagolongané wong sing pracaya marang Panjenengané, lan sing sabanjuré katelah aran Kristen. Wong-wong mau padha tunggal ati lan tunggal budi, apadéné padha kerep kekumpulan. Para rasul sregep tetilik para sadulur lan padha diajak ngantepi ing patunggalan lan ing panyuwiling roti lan pandonga kaya sing didhawuhaké déning Gusti Yésus nalika kembulan karo para sekabat dhahar riyaya Paskah. Sarana patrap mengkono wong-wong mau tansah padha ngéling-éling bab gedhéning sih katresnané Gusti Yésus, déné wis ngetohaké jiwa-ragané sumurup marang karahayoning jagad. Ing antarané wong-wong Kristen wiwitan mau ora ana sing nandhang kecingkrangan. Wong-wong sugih masrahaké barang darbéké supaya dieduma karo wong panunggalané sing nandhang kakurangan, saben wong diedumi ing sakabutuhané déwe-déwé. Ora ana kang rumangsa nduwèni dhéwé apa kang kadarbé, malah sabarang darbèké kabèh padha dianggep dadi duwèking ngakèh. Malah akèh sing padha ngedoli omah lan palemahané, pepayoné banjur dipasrahaké marang para rasul supaya dieduma rata.
Pangandikané Gusti Yésus mau kasambetan mengkéné: "Iya iku margané ketitik marang wong kabèh yèn kowé padha dadi muridku, menawa kowé padha tresna-tinresnan."
Lan uripe wong Kristen ing jaman semono ngepleki kaya sing dadi pangandikané Gusti Yésus mau.
NANGING émané, — golongané wong Kristen mau katekan mungsuh sing baud ngempakaké sandi-upaya, yaiku Iblis sing tansah nggegèndèng manusa marang piala, supaya uwala saka ing patunggilane karo Allah.
Ing sawijining dina, nalika para rasul lan murid-murid liyané padha kekembulan, ana wong sowan ing ngarsané para rasul. Wong mau aran Ananias. Déné Ananias karo somahé, aran Safirah, kalebu panunggalané wong Kristen ....
Bareng Ananias wis lungguh ing ngarsané Pétrus, banjur masrahaké kanthong isi dhuwit akèh, yaiku pisungsungé Ananias karo somahé marang pasamuwan. supaya dieduma kaya adaté, jalaran Ananias mentas ngedol palemahané.
Wong kabèh sing padha ana ing kono, nyipati dhéwé enggoné Ananias nyaosaké pisungsungé, nanging .... anèhé Pétrus ora katon bungah nampani pisungsung mau. Wiwitané Pétrus kèndel baé kambi nyawang marang Ananias. Déné Ananias bareng rumangsa yèn mung disawang baé, banjur tumungkul semu wedi.
Wong-wong sing padha ora ngerti, gumun nyumurupi lelakon mengkono, lelakon sing béda karo adat-sabené. Apa ta sebabé, déné pisungsungé Ananias mau ora ditampa klawan bungah? Saos pisungsung iku rak klebu panggawé becik lan dadi cihnaning katresnan?
Nanging sing katon ing mripat iku satemené mung semu, nyatané ora mengkono.
MUNGGUH nyatané Ananias lan Safirah iku wataké cethil lan karem bandha, nanging uga guru-aleman; katoné mursid, nanging nyatané lamis, pinter nutupi culikaning atiné; sing disebut panggawé becik iku mung minangka srana murih olèha pangalembana. Wong loro lanang wadon mau enggoné padha rerubukan mengkèné: "Ayo padha melu-melu adol palemahan, pepayoné banjur disaosaké marang para rasul, supaya kawentara ing antarané wong akeh, yèn aku padha bèrbudi lan mursid .... Nanging .... éman-éman yèn nyaosaké pepayoné kabèh. Upama sing disaosaké marang para rasul mung sapérangan baé, lan diaturaké yèn pepayoné kabèh mung semono, rak ora ana sing bakal weruh ta? .... Mangka pangalembananè wong akèh mesthi ora bakal kacèk!"
PANGRANTAMING atiné Ananias karo somahé mengkono mau, jalaran wis padha kena ing bujuking Iblis, sing nedya nyebar wijining crah lan paracidra ana ing kalangané wong-wong Kristen sing tansah mbangun katresnan lan olah karukunan lan ketemenan. Ananias lan Safirah mesthi padha ngerti, yèn tindaké mengkono iku kliru banget lan gorohé iku klebu dosa gedhé, nanging atiné wis ora duwé wedi, jalaran lagi kalimput ing pepeteng.
DADINÉ sing katon ing wong akèh: Ananias nyaosaké pisungsung pepayoné palemahané marang Pétrus, nanging wong-wong padha ora weruh, yèn ana sapérangan sing diunthet lan ditinggal ing omahé, disinggahaké primpen déning Safirah. Wong sapasamuwan rak ora ana sing ngerti!
Apa nyata ora ana wong sing ngerti?
Pétrus enggoné nyawang marang Ananias ora klawan bungah, wusanané banjur ngandika: "Eh, Ananias, yagéné atimu kaejègan Iblis, kongsi kowé nggorohi Roh Suci, sarta pepayoné palemahan salong kounthet? Yagéné atimu kocadhangake marang piala? Sapa sing majibaké kowé saos pisungsung sarana ngedol palemahanmu? Ora ana wong sing njaluk dhuwitmu utawa palemahanmu, palemahan utawa dhuwit pepayoné iku dadi duwèkmu dhéwé. Ana paedahé apa ta déné kowé nganti ngangen-angen pratingkah mengkono iku ana ing atimu? Rak dudu manusa kang kogorohi, nanging Allah."
Dadiné Pétrus wis nguningani kabèh, jalaran wis diwisik déning Roh Suci.
Bareng ngrungu pangandika mengkono iku Ananias banjur ambruk pegat nyawa. Paukuman sing nggegirisi.
Para nonoman banjur padha tumandang ngulesi mayité, digotong metu lan dikubur.
KOCAPA Safirah, sing kari ana ing omahé, nganti-anti tekané sing lanang. Yèn Ananias mulih, mesthi bakal nyritakaké enggoné dialembana déning para rasul lan wong-wong liyané. Nanging Ananias jebul ora mulih-mulih. Safirah enggoné ngentèni tekané sing lanang nganti wetara telung jam suwéné.
Suwé-suwé atiné krasa ora kepénak, mulané banjur nusul Ananias. Satekané ing panggonané para rasul, Safirah wis ora menangi Ananias lan iya ora ngerti apa sing mentas kelakon. Safirah rada kagèt lan gela, déné tekane ora dibagèkaké klawan bungah. Apa mengkono iku wujuding pangalembana sing diarep-arep?
Safirah banjur ngadhep ing ngarsané Pétrus. Sadurungé munjuk apa-apa, wis didhawuhi Pétrus mengkéné: "Kowé tutura ing aku, enggonmu padha ngedol palemahan apa payu seméné!" Wangsulané Safrah: "Inggih semanten."
Safirah ngandhemi gorohé sing lanang ....
Pangandikané Pétrus: "Ana apa ta déné kowé padha ayon nyoba marang Rohé Pangeran? Lah sikilé wong kang wis ngubur lakimu lagi ana ing ngarepé lawang, bakal nggotong kowé uga."
Sanalika wong wadon mau ambruk ana ing ngarsané Pétrus, pegat nyawa.
Para nonoman banjur padha mlebu, mayité Safirah banjur digotong metu sarta dikubur sandhing lakiné.
BARENG keprungon warta bab lelakoné Ananias lan Safirah, sing padha mati ngenggon marga kena wewelaké Allah, wong kabèh banjur padha kataman ing wedi lan giris. Semono gedhéning pangwasané Allah!..
Kamursidan sing lelamisan, slingkuh lan doracara ana ing pangabekti marang Pangéran, iku abot ukumané, lan nggorohi Roh Suci iku kapatrapan ukuman pati.