Babad Saka Kitab Suci/Wong Lumpuh Lair Mula
ING sacedhaké gapurané padaleman suci kang aran Gapura Éndah, yaiku gapura ing sisih wétan sing beciké lan gedhéné ngungkuli gapura liya-liyané, ana wong lungguh pepriman, suméndhé, ing pilaré gapura sing disalut kuningan. Saben dina wong mau digéndhong mrono dilungguhaké supaya njaluka dana marang kang padha mlebu ing padaleman suci. Mlaku dhéwé ora bisa, jalaran lumpuh wiwit lair mula ....
Ing sawijining dina mbeneri waktu sembahyang jam telu awan, waktu sing becik tumrapé wong pepriman mau, jalaran akèh wong padha mlebu ing padaleman suci arep padha sembahyang. Tangané mandho nyadhong kawelasané sing padha liwat ing kono lan cangkemé ndremimil enggoné njaluk dana ing sakadaré.
Nalika semono katon ana wong loro teka ing ngarep gapura arep mlebu ing padaleman suci. Yèn ndeleng sandhang panganggoné, wong mau ora klebu golongané wong sugih, nanging yèn mung dhuwit saigar rong igar rak mesti padha duwé .... Wong lumpuh mau wis mandho tangané ....
Wong loro mau mandeg, banjur mandeng wong sing lumpuh klawan welas. Wong lumpuh mau banjur didhawuhi: "Ingetna aku." Sing lumpuh banjur ngingetaké, ngarep-arep bakal nampani pawèwèh .... ― Nanging sing nggumunaké, yaiku enggoné wong sing luwih tuwa banjur ngandika: "Selaka lan emas aku ora duwé, nanging kang dakduwèni, kowé dakwènèhi." Gagasané wong sing lumpuh mesținé mengkéné: "Yèn ora duwé selaka lan emas utawa dhuwit, lah apa sing arep diwènèhaké marang aku?" Durung nganti dhong marang karepé wong loro mau, sing lumpuh krungu dipangandikani manèh: "Atas Asmané Yésus Kristus Nasarani ngadega, lumakua!" Wong sing lumpuh mau banjur dicandhak tangané tengen, diadegaké, lan sanalika tlapakan lan poloké padha dadi kukuh, kaya-kaya klebon daya kakuwatan anyar sing durung tau dirasakaké salawasé urip .... Wong senajan kagèt sedhéla, nanging ora nganti was lan sumelang atiné, mulané maknyat njumbul, wis ngadeg banjur mlaku, ndhèrèk wong loro mau mlebu ing padaleman suci kambi mloka-mlaku lan lincak-lincak sarta memuji marang Allah. Wong lumpuh mau ndeleng, ngrungu lan ngrasakaké dhéwé ana ing awaké, yèn pangandika sing diucapaké wong sing durung diwaruhi mau mengku daya gaib lan njalari kabungahan gedhé; wong sing lumpuh mau bisa ngadeg lan bisa mlaku temenan.
Wong kabèh padha ndeleng wong mau mloka-mlaku kambi memuji marang Allah, banjur ora pangling yèn iku mauné wong lumpuh sing adaté lingguh pepriman ana ing Gapura Éndah ing padaleman suci. Kabèh padha kaéraman lan kagawokan banget nyipati kaélokan sing tumanduk ana ing awaké wong lumpuh mau. Saya wuwuh ngunguning atiné bareng weruh sapa sing nindakaké kaélokan mau, kabèh padha njenger nyawang marang wong loro sing didèrèkaké wong lumpuh sing wis diwaluyakaké mau, mlebu ing bangsal kang aran bangsalé Suléman. Warna-warna gagasané wong akèh, ana sing wedi lan miris, nanging akèh uga sing bungah, nanging kabèh padha pitakon ing atine dhéwé-dhéwé: "Lelakon apa ta iki? Kepriyé bisané kelakon?"
WONG loro sing padha nindakaké kaélokan mau, iku ora liya Pétrus lan Yochanan. Pétrus sing ngucapaké mawa daya mau, lan Pétrus sing nyandhak tangané wong lumpuh mau, bareng saiki wong akeh padha njenger nyawang klawan wedi lan pakéring, iya Pétrus sing banjur medhar pangandika ngandharaké mula-bukané lelakon sing élok mau. Pétrus babar pisan ora mburu aleming wong akèh, Pétrus ora nggayuh marang moncèr lan kuncaraning jenengé, isiné andharané ora liya mung tumuju marang pakurmatan lan kaluhurané Gusti lan Guruné.
Tembungé Pétrus mengkéné: "Hé kanca-kanca Israèl, yagéné kowé padha gumun awit saka iku mau, teka padha mandheng marang aku, kaya kosengguh bisa gawé lumaku wong iki srana dayaku dhéwé utawa kamursidanku? Kaélokan iku mau sanyatané dudu panggawéku, aku mung wong lumrah, nanging diagem lantaran déning Gustiku nindakaké pangwasané. Gustiku iku Yésus Nasarani sing wis padha kosalib, nanging wis wungu saka ing antarané wong mati lan saiki pinarak ana ing tengené Allah Sang Rama ana ing swarga ... Éwadené para sadulur, aku wis ngerti yèn enggonmu nglakoni iku mau awit saka kurang pangerti. Mulané padha salina batinmu lan mratobata, supaya dosamu kalebura." Pétrus sing saiki wis disebut rasul, isih muwuhi pituturé murih cethané, apadéné kadereng déning rasa tresna marang Juru Slameté, Pétrus ora wegah lan ora wedi nyaritakaké bab pangwasa lan sihé Gustiné. Panjenegané iku ora mung kwasa maluyakaké wong lumpuh lair mula, malah wong sajagad rat, yèn padha gelem pracaya marang Panjenengané, bakal kaparingan karahayon donya ngakératé langgeng ing salawasé.
Lan ing dina iku uga wong sing padha ngrungu pangandika mau akèh sing pracaya, temahan padha dibaptisi déning para rasul, kaétung dadi putrané Allah, lan klebu dadi wedhus ing pepanthan ngèn-ngènané Juru Pangon kang utama, yaiku Gusti Yésus Kristus.
NALIKA semono ing kutha Yerusalèm wong-wong padha usreg lan gonjing atiné. Mentas baé padha nyumurupi lelakon sing ngéram-éramaké nalika padha ngriyayakaké riyaya Pentékosta ana ing padaleman suci, saiki wong akeh padha upyek ngrembug kaélokan anyar sing tumanduk ana ing awaké wong lumpuh lair mula, sing diwarasaké mung sarana tembung. Lelakon sing kaya mengkono iku sajatiné nyasmitani apa? Apa nyata yèn Yésus Nasarani iku ora goroh piwulangé? Apa nyata wis bisa tangi saka ing antarané wong mati? ....
Wong golongan padha usreg, nanging para imam kena disebutaké dauru atiné! Ora kira-kira enggoné mangkel lan njontong atiné! Bareng padha ngrungu kabar yèn akèh wong sing padha manjing pracaya marang Gusti Yésus, lan bareng padha ngerti yèn para rasul saben dina ora kendhat-kendhat enggoné padha memulang ana ing padaleman suci, ana ing sajabané padaleman suci, ana ing omahé wong sing padha kesdu nampani, bareng para imam nyumurupi prakara iku mau kabèh, atiné dadi miris.
Saiki Yésus Nasarani wis kelakon disirnakaké nanging apa wong golongan isih padha gelem ngrungokaké marang para tilas muridé sing saiki dadi utusané lan apa iya padha gelem pracaya marang Yésus mau? .... Bab sing kaya mengkono iku kudu dilarang! Yésus Nasarani iku tilas satru, saiki para tilas muridé iya kudu disatroni, mulané kudu padha dilarang memulang ing saenggon-enggon. Rak para imam ta sing nyekel pangwasa, bisa lan wenang nglilani utawa nglarangi wong padha memulang! Wong golongan ora kena diélingake manèh marang Yésus Nasarani, sing kudu dilalèkaké déning saumat kabèh.
Nalika Pétrus lan Yochanan lagi padha memulang ana ing padaleman suci, lan nalika wong lumpuh sing diwarasaké isih ngadeg ing buriné dumadakan banjur padha dicepeng déning para imam, didhabyang menyang ngarepé pradata, nanging—para imam lan para pinituwa padha ora wani ngetrapi paukuman, sebab ora tinemu nalaré enggoné arep matrapi, apa manèh wong golongan katara padha ngéloni para rasul.
Pétrus lan Yochanan padha dipacuhi klawan pangancam-ancam kang banget aja nganti padha duwé pitutur manéh marang sadéngaha wong bab asma Yésus. Nanging Pétrus lan Yochanan padha ora wedi, malah wani mangsuli yèn satemené padha ora bisa meneng baé lan rumangsa kadereng nyaritakaké sakèhing prakara sing wis disumurupi lan bab karahayon sing ditampani ana ing atine. Wangsulané para rasul mau: "Sampun dados karsanipun Allah, bilih kula sami martosaken bab Asmanipun Gusti kula Yésus Kristus. Lan sampun saleresipun bilih kula sami ngéstokaken karsanipun Allah langkung katimbang dhateng sampéyan."
Para imam ngrungu wangsulan mengkono mau malah saya mundhak muring-muring, nanging wekasané kepeksa padha nglilani mundhur para rasul mau tanpa bisa matrapi apa-apa.
Para imam padha ngrasakaké gelaning atiné, déné Yésus Nasarani sing tansah dadi klilipé lan sing wis disirnakaké, wekasané bisa olèh kaunggulan! Saya mundhak gela atiné yèn kèlingan wong golongan padha luwih nggatèkaké piwulangé Yésus katimbang piwulange dhéwé; malah saiki uga, sawisé séda kasalib, sing padha kèlu marang Yésus sangsaya mundhak akèh cacahé. Para imam prasasat murub atiné déning gething kang banget!