Babad Saka Kitab Suci/Déwa Kang Ora Kasumurupan
KACARITA tindaké para utusané Gusti bablas ndlajahi désa ngadésa apadéné kutha lan negara; ing saenggon-enggon diadegaké pasamuwané wong Kristen. Wong-wong sing wis pracaya marang Gusti Yésus lan kabaptis, iku tansah padha kekumpulan perlu nitipriksa surasaning Kitab lan padha rerembugan bab karahayon sing wis dirasakaké ing sadironing uripé, supaya bisaa nularaké karahayon mau marang wong liya, sanak sadulur lan pawong mitra sing padha durung ngerti dalaning karahayon. Awit saka kang mengkono mau sangsaya suwé sangsaya ngambra-ambra tebané pasamuwan Kristen ing wewengkoné tanah kono. Rasul Paul lan kanthiné ora kèndel nenggani pasamuwan saenggon baé, nanging tansah mlémbar menyang panggonan sing durung naté dirawuhi, supaya wrataa gumelaré pangandikané Gusti ana ing tanah Yunani. Pasamuwané wong Kristen sing ditilar, pangrumaté kapasrahaké marang wong sawetara sing dipilih dadi pangarep, lan lumrahé disebut para pinituwa utawa juru pamomong ing pasamuwan.
Nalika semono tindaké rasul Paul kadhérékaké Silas lan Timotéus, tekan ing kutha Tessalonika lan Béréa. Ing kutha-kutha mau iya akèh wong sing padha nampani piwulang anyar lan pracaya marang Gusti Yésus, nanging ana ing kono iya akeh wong Yahudi sing padha nglawan lan nganiaya marang Paul sakanthine. Lan wis bola-bali wong sing biyèn nguya-uya wong Kristen ngalami dikuya-kuya dhéwé temah uripé tansah kinalang-kalang ing bebaya. Senajana mengkono rasul Paul ora gigrig déning pangancam, malah saya mempeng enggoné nindakaké ayahané neksèni asmané Gustiné ana ing ngarepé wong akèh. Iya mengkono iku wataké abdhi sing mbangun-turut lan setya-tuhu ngantepi pakoning Gustiné.
KOCAPA tindaké Paul tekan ing kutha Aténé. Rawuhé ing Aténé piyambakan, jalaran Silas lan Timotéus ditilar ing Bérea.
Kuta Aténé iku kutha-krajané tanah Yunani, kutha rame, pusering kabudayan lan kagunan, gudhang ngèlmu lan kapinteran, kutha sing misuwur asri dening gedhong-gedhong kabuyutan lan puri kang rinengga-rengga ing recané para déwa kang awig gawéané. Pepethingané para sarjana-pandhita padha ngadegaké padhépokan ana ing kutha Aténé, panggonan nggelar ngèlmu kasunyatan lan kabatinan.
Sasuwéné ngentosi tekané Silas lan Timotéus ana ing Aténé, Paul tindak mider-mider ing jero kutha, nanging banget kagol galihé marga nguningani akèhing kabuyutan lan reca-recané. Pancèn éndah lan asri disawang awit saka awiging gawéané, nanging Paul uga mirsa yèn iku kabèh dadi pirantiné wong-wong ing kono enggoné padha nindakaké panembah sing kliru, awit ora ngerti marang sajatining panembah marang Allah. Satemené wong-wong ing Aténé iku mesakaké, jalaran tetéla yèn mlarat lan keblinger budiné. Saupama padha gelem ngrungokaké marang piwulangé Paul, wong-wong ing Aténé bakal diwènèhi bandha kasukman sing langgeng sing ajiné ngungkuli rajabrana ing donya. O, bok iya padha gelem ngrungokaké!
Ing antarané kabuyutan ana mesbèh sing mawa ciri tulisan mengkéné: "Konjuk ing déwa ingkang boten kasumerepan". Bareng Paul maos tulisan mau, Paul mung gèdhèg-gedhèg menggalih kaanané wong Aténé: "Wong Aténé pancèn padha duwé watak seneng nindakaké pangibadah, dalah déwa sing durung disumurupi wis digawèkaké mesbèh, supaya aja ana déwa sing kliwatan nganti ora disaosi kurban. Mulané mengkono jalaran atiné satemené padha ngandhut was lan sumelang bokmenawa kesiku ing déwa sing ora disumurupi mau! O, mesakake temen!"
MARGA saka nguningani kacingkrangané wong Aténé mungguh ing kasukmané, Paul ngangah-angah arep nyritani wong-wong mau bab dalaning karahayon lan bab gedhéning sihé Allah marang jagad, mulané banjur nekani masjidé wong Yahudi utawa menyang ing pasar-pasar ing panggonané wong akèh padha nglumpuk, lan ana ing kono banjur ngajak rerembagan sadhéngah wong sing kepethuk. Saben dina Paul menyang ing pasar arep nggelaraké piwulangé; sing mengkono iku mung naluri adat-carané wong Aténé. Sadhéngah wong sing duwé kawruh utawa ngèlmu, iku wenang nggelaraké kawruhé ana ing ngarepé wong akèh, lan adaté papan sing adhakan akèh wongé iku pasar, utawa alun-alun utawa pinggir dalan gedhé. Apa manèh wong Aténé karem banget reroyoman ngrungokaké wong sing ngébaraké kapinterané. Dadi wis klebu adaté wong Aténé: sing pinter padha nyorahaké kawruhé lan wong-wong liyané karem ngrungokaké samubarang kang anyar.
Nalika semono ana sarjana sawetara sing wis tau diajak wawan wicara déning rasul Paul, padha ngaturi Paul menyang ing Aréopagus. Déné sing diarani Aréopagus iku awujud papan munggur, ana omahé kabuyutan mawa undhak-undhakan marmer, prasasat nyadhiyani papan lungguh wong pirang-pirang atus yèn pinuju padha nglumpuk ing kono ngrungokake wong sesorah awit Aréopagus kena diarani panti-sraséhan kanggo para sarjana Aténé.
Rasul Paul banjur jumeneng ana ing satengahé Aréopagus mau sarta medhar sabdha. Paul ngandikakaké mesbèh yasané wong Aténé sing mawa ciri tulisan: Konjuk ing déwa ingkang boten kasumerepan. Mangka Paul ngerti sapa satemené sing jumeneng déwa sing ora kasumurupan mau, nanging sing iya dibektèni déning wong Aténé, tandhané padha gelem ngyasakaké mesbèh. Wosing wulangan sing arep digelaraké iku ora liya mung arep awèh sesuluh marang wong Aténé mungguh Allah kang sejati, kang nitahaké langit lan bumi, dalah segara saisèn-isèné kabèh, iya Allah kang ngasta pati-uripé manusa lan kang jumeneng sangkan-paraning dumadi, nanging Allah iku ora dedalem ana ing kabuyutan gawéaning manusa .... Paul banjur ngandikakaké gedhéning sihé Allah marang jagad, iya marang sakèhé manusa nganti masrahaké Putrané ontang-anting, supaya sadhéngah wong kang pracaya marang Panjenengané, aja nganti nemu karusakan, nanging nduwènana urip langgeng. Ing kono Paul banjur njlèntrèhaké bab Gusti Yésus enggoné wis nglampahi nandhang sangsara lan séda ing kayu salib, nanging wungu saka ing antarané wong mati ....
Nanging bareng Paul ngandikakake bab tanginé wong mati, wong-wong Aténé banjur nyela, ujaré: "Sampun, cekap semanten. Bénjing kémawon kula badhé sami mirengaken sesorah sampéyan malih bab prakawis punika." Golongané para sarjana ing Aténé sing padha rumangsa wis ngentèk ngèlmuné, padha ora ngandel marang katerangané Paul bab patangèné wong mati. Paul malah diarani durung mateng kawruhé lan padha digeguyu. Dadi ana ing antarané wong-wong sing sugih kawruh lan ngèlmu, semu-semuné Gusti Yésus ora bakal oleh papan ....
Éwadéné ana uga wong sawetara sing padha ngandel marang pangandikané Paul lan manjing pracaya marang Gusti Yésus, temah kelakon padha dibaptisi. Wong-wong mau padha dipoyoki kanca-kancané, déné kok nganti kèlu marang obrolané wong ngocèh, rak aluwung ngrungokaké wejangané para sarjana Aténé sing wis kalok kapinterané.... Nanging wong sing padha manjing pracaya mau ora pasah dibebolèhi, jalaran wis padha yakin yèn wis padha nyandhak marang kawicaksanan lan karahayon sing langgeng ing salawas-lawasé.
Gedhong-gedhong kabuyutan lan reca-reca brahala sing ana ing Aténé jaman semono, wis padha dadi jugrugan, akèh sing ludhes tanpa tilas. Para sarjana sujana dalah ngèlmuné sing dakik-dakik saiki wis kesilep lan ora kocap manèh, nanging kosokbaline: Injil sing digeguyu wong akèh ana ing Aréopagus, wis gumelar ing sawratané jagad lan njalari wong éwon lan yutan sing padha olèh katentreman lan karahayon langgeng.