Babad Saka Kitab Suci/Ana Ing Éfesus

KACARITA ing tengah alun-alun ing kutha Efesus ana wong akèh padha rubung-rubung, kaya-kaya lagi padha ngobong uwuh, kukusé nglandeng kumelun mendhuwur. Nyatané dudu wong ngobong uwuh, jalaran sing padha rubung-rubung mau kabèh katoné gagah mriyayèni lan sing diebrukaké ing geni iku dudu uwuh, nanging gulungan kitab gedhé cilik, kitab primbon, kitab ngèlmu tenung, pawukon lan pétungan warna-warna, kitab karangané para pujangga, sing adaté dipepetri lan diaji-aji, iku kabèh diobong kaya uwuh sing tanpa guna, mangka pangajiné kabèh bareng digunggung ketemu ana limang leksa dirham selaka.

Wong-wong mau padha ora éman mbuwang barang sing mauné dianggep akèh pangajiné, iku njalari gumuné wong sing padha nonton, awit wong-wong mau padha ora bisa nindakaké panenungan manèh ....

MENGKONO MANÈH WONG KANG MAUNÉ OLAH PANENUNGAN, IYA AKÈH KANG PADHA NGLUMPUKAKÉ LAYANG-LAYANGÉ, BANJUR DIOBONGI ANA ING NGAREPANÉ WONG AKÈH

Apa ta jalarané nganti padha tumindak mengkono?

Ing kutha Éfesus mau ana wong Yahudi aran Akwila lan somahé aran Priskilla, padha tukang gawé tarub. Lan ana wong sing nunggal sapamondhokan lan panggaotan karo Akwila mau; saben dina pethel enggoné nyambutgawé supaya anaa pametuné sing minangka cagak urip. Nanging yèn wis sela pagawéané utawa yèn pinuju dina Sabbat, wong mau mesthi njajah mider-mider ing kutha kono .... Mangka saupama gelem, wong mau bisa sugih lan pametuné turah-turah, jalaran bisa marasaké sadéngah lelara, malah bisa nundhungi dhemit lan nindakaké kaélokan. Kaluwihaning kasektèné ngéram-éramaké banget, kayata: wis tau kelakon kacu utawa sasab pangkon sing mentas dienggo, yèn ditumpangaké ing wong lara, larané mesthi mari lan dhemité padha metu. Nanging wong mau babar pisan ora gelem nampani wejani utawa upah, apadéné ora kepéngin dialembana lan disuba-suba ing akèh. Enggoné nampik mau tansah nganggo katerangan mengkéné: "Dudu aku, nanging Gustiku sing kagungan kasektèn lan pangwasa."

Lan sing tansah dicritakaké lan digunem ana ing ngarepé wong akèh iku mung Gustiné lan bab katresnané Gustiné marang wong sajagad.

Anadéné wong sing dadi tukang gawé tarub, sing pasaja banget uripé, nanging sing duwé daya kakuwatan sing gaib, iku .... rasul Paul!

KACARITA sawisé lereb sawetara mangsa ana ing kutha Yerusalèm, rasul Paul banjur bidhal manèh, tindak kang kaping teluné nggelaraké Injil marang jagad. Akèh pasamuwan sing dituwèni lan disantosakaké kapracayané. Rasul Paul banget suka sokur ing galih, déné akèh wong Yahudi utawa kapir sing padha dadi kagungané Gusti lan Karatoné Allah ana ing jagad saya suwé saya tumangkar lan saya jembar tebané.

Nalika semono Paul rawuh ing kutha Éfesus, kutha palabuhan lan padagangan sing ramé, nanging sing kebak panasaran lan panggawé dosa warna-warna. Paul wiwit memulang ana ing kono. Padatané wong Éfesus, samangsa lagi kesompok ing pakéwuh, playuné mung menyang panggonané dhukun tenung lan juru pethèk utawa nujum, pamurihé supaya atiné sing peteng bisaa olèh pepadhang, lan nalaré sing putek bisaa dilejaraké. Ing tengah kutha Éfesus ana kabuyutané bathari Diana, sembahané wong Éfesus. Ing jero kabuyutan mau ana recané bathari Diana, lan ujaré wong Éfesus: "Reca iki reca tiban, tumurun saka kayangan, mulané suci!" ....

Nanging bareng rasul Paul wiwit nggelaraké wulangane, wong ing Éfesus akèh sing padha salin padatan. Saiki wong-wong sing lara ora didhukunaké, nanging digawa menyang ngarsané rasul Paul, temah padha diwarasaké atas asmané Gusti Yésus. Sing padha sowan ing ngarsané Paul ora mung wong lara bae, dalah sing padha karoban ing sedhih iya nyuwun pitulungané, lan rasul Paul dangan maringi panglipur sarana sih-rahmaté Gusti Yésus sing wis naté nandhang sangsara lan séda lan tansah kepareng milujengaké saben wong sing pracaya marang Panjenengané.

Para dhukun tenung lan juru pethèk akèh sing padha nampani wulangané rasul Paul, jalaran ngèlmu sing mauné dianggep pethingan iku satemené mung lalahan lan ngayawara lan sing akèh-akèh mung apus-krama. Mulané kitabé primbon sing akèh pangajiné mau padha diobongi .... Padatane sing lawas wis dibuwang, salin padatan anyar.

Padatan anyar mau iya mahanani owahing kaanan ing kabuyutané bathari Diana. Adaté kabuyutan mau ora tau lowong ditekani wong akèh sing padha saos bekti marang Diana, nanging saiki ing kono katon sepi, sing isih padha mrono kena diwilang cacahé.

Marga saka pandamelé rasul Paul golongané wong sing pracaya marang Gusti Yésus saya mundhak gedhé.

NANGING kocapa .... si pangawak dursila ora ketlompèn. Iblis sing tansah mbudidaya murih rusaké sakèhing prakara sing bener lan becik, saiki arep tumandang nggèndèng manusa saka ing ngarsané Allah.

Ora kabèh wong ing Éfesus padha tresna lan sumuyud marang Paul, ana uga sing ngendhem sengit lan nglawan marang abdiné Gusti. Wong sing kaya mengkono iku sing tansah mindeng ngoyak kasugihan lan kawibawan, lan dhemen ngrungokaké pangglembuking Iblis. Ing kutha Éfesus ana kemasan jenengé Démétrius, sing panggaweané gawé pepethan selaka kabuyutané Diana. Démétrius sakancané para kemasan bisa olèh kauntungan gedhé saka enggoné ngedoli pepethan selaka mau, saya manèh yèn pinuju ana riyaya ing sasi Mei, wong-wong manca negara sing padha jiyarah menyang ing kabuyutané Diana, iku mesthi padha tuku pepethan selaka gawéané Démétrius. Pepethan mau ana ing omah banjur dipepetri lan disujudi, kaya-kaya bathari Diana manggon ana ing jero pepethan selaka kabuyutané. Ana manèh kemasan sing padha nggawèni mainan utawa lencana gambaré Diana. Akèh wong Éfesus sing nganggo mainan mau minangka jimat panangkising bebaya. Kaanan mengkono iku ndadèkaké sugihé para kemasan ing Efesus, yaiku nalika dagangané isih payu, nalika wong Éfesus durung ana sing wanuh marang rasul Paul, lan durung padha pracaya marang Allah sing diwulangaké déning Paul. Nanging saiki? Saiki kabuyutané Diana saben dina mung diliwati baé, arang wong sing mampir mrono, mengkono uga dagangané Démétrius sakancané, arang wong sing ngemèk. Wong-wong saiki wis ora ngandel marang kasiyaté mainan utawa pepethan selaka mau, rak isih akèh prakara sing luwih aji lan luwih mulya katimbang barang gawéané Démétrius.

Démétrius ngerti sing njalari munduring pametuné, iku ora liya mung wong Yahudi sing tekané mrono nggelaraké ngèlmu anyar. Mulané Démétrius ing batin wis ngincim-incim marang Paul. Démétrius banjur nglumpukaké kemasan lan para kriya sing tunggal garapan, lan padha dirembugi mengkéné "Hé, kanca-kanca kabèh, dika padha sumurup yèn pagawéan niki ndadèkaké karejan kita. Mangka dika padha ndeleng lan ngrungu bab si Paul niku, yèn empun mbujuki lan nasaraké wong pinten-pinten, boten ngemungaké onten ing Éfesus ngriki mawon, malah dalasan mèh satanah Asia kabèh, ujaré yèn bangsa garapaning tangan niku dédé Allah. Kang niku boten ngemungaké bubuhan niki mawon sing kuwatir bakal dadi camah, malah dalasan pasucèné bathari agung Diana bakal dadi sawiyah-wiyah, napa malih sirna kaluhurané kang dibektèni onten ing satanah Asia lan ing sajagad kabèh."

Wong sing kumpulan mau bareng padha ngrungu tembung pambebolèh mengkono mau, banjur padha banget nepsuné, sarta padha nguwuh-uwuh, pangucapé: "Agung Sang Bathari Diana, sembahané wong Éfesus!" Satemené enggoné padha nepsu mau ora marga saka arep mbélani bathari sesembahané, nanging marga saka ilanging kauntungané ... Wong-wong mau sadalan-dalan padha nguwuh-uwuh mengkono, temahan wong sanegara padha kagègèran kabèh, lan gumrudug mlayoni ing panggonané wong padha busekan. Wong sing padha nguwuh-uwuh mengkono mundhak-mundhak cacahé, nganti gumuruh swarané wong golongan gedhé sing padha nguwuh: "Agung Sang Bathari Diana, sembahané wong Éfesus!" Mangka sing akèh-akèh padha ora ngerti dhong-dhingé enggoné nyuwara mengkono iku. Para kemasan padha nggolèki rasul Paul, nanging bareng ora ketemu, banjur ngglandhang wong Kristen loro, padha kanthining tindaké Paul, digawa menyang ing panontonan, yaiku menyang ing alun-alun kutha. Paul piyambak, bareng mireng gègèré wong golongan, kersa murugi wong akèh, nanging dipenggak déning para murid, awit kuwatir bokmenawa Paul bakal nemu bilai.

Nanging ing satengahé oreg-oregan mau ana sawijining wadana-carik sing maju nyirep wong golongan, pangucapé: "Hé, wong Éfesus, sapa ta wong kang ora sumurup yèn negara Éfesus dadi pambaureksa kabuyutané bathari agung Diana lan reca tiban saka ing langit? Nanging wong kang koseregaké iku ora nglakoni nyolong amaling kabuyutan, ora nyenyamah batharimu. Dadi beneré kowé padha ditentrem, aja keganasen ing pratingkah. Déné menawa Démétrius lan kancané para kriya padha duwé prakara marang wong, ana pratikelé pradata, lan ana bupatiné, karebèn padha gugat-ginugat. Yèn isih ana prakara liyane, becik dirampungi ana ing pasamuwan kang sah. Awit aku kuwatir bokmenawa kita padha didakwa gawé rerusuh, mangka satemené ora ana jalarané, temah kita padha ora bisa ngaturaké panjawab bab anané rerusuh mau. Mulané kowé kabèh padha muliha menyang omahmu dhéwé-dhéwé!" Bareng dipituturi mengkono iku, wong golongan banjur padha bubaran.

Mengkono iku dadiné Paul lan kanthiné padha dipitulungi déning wadana-carik, temah padha oncat saka pangamuké wong golongan. Lan satemené mengkono iku patrapé enggoné Allah ngayomi abdiné saka pangancamé Démétrius sing kena ing pangglembuké Iblis.

SAWISÉ lelakon mau rasul ora antara suwé banjur nilar kutha Éfesus, nglajengaké tindaké nuwèni pasamuan ing tanah Yunani lan Makedoni. Menyanga ngendi tindaké, rasul Paul ora naté was sumelang, awit wis yakin yèn gesangé iku kaasta déning Allah kang Mahakawasa.

Pasamuwan Kristen ing Éfesus iku kalebu pasamuwan Kristen sing gedhé lan monjo nganti pirang-pirang taun lawasé.