Babad Saka Kitab Suci/Gusti Yésus Lan Wong Wadon Samaria

NUJU sawijining dina, wayah bedhug awan, ing sacedhaké kutha Sichar ing tanah Samaria, ana sawijining Priya lenggah ing tepining belik kang karan beliké Yakub, jalaran — miturut gotèké — belik mau tilarané leluhur Yakub ing jaman kuna.

Priya kang lagi lenggah ngaso saka enggoné lelampah iku Gusti Yésus. Para sekabat lagi padha menyang kutha arep tuku roti. Gusti Yésus lenggah ngaso ana ing kono, sarèhné sayah lan ngelak, ora béda karo wong lumrah kang kena ing sayah lan ngelak, marga saka enggoné lelampah adoh ngambah ara-ara ngenthak-enthak.

Mentas baé Gusti Yésus nilar tanah Yudéa, ing kono Panjenengané iya memulang kaya déné nabi Yochanan Pambaptis, lan para sekabaté iya padha mbaptisi wong akèh.

Saiki Panjenengané tindak wangsul menyang ing tanah Galiléa, tindaké nratas ing laladané tanah Samaria.

Tanah Samaria? ....

PARA Farisi, yaiku wong-wong Yahudi kang ambek gumedhé, padha duwé pangira, yèn bangsane iku kang pinunjul dhéwé ing jagad, mulané iya ora sudi ngambah tanahé bangsa Samaria. Wong-wong Yahudi pilih mubeng nganti pirang-pirang dina lan pirang-pirang jam enggoné padha mlaku katimbang ngambah tanah sing disirik.

Bangsa Yahudi iku satruné bebuyutan bangsa Samaria. Enggoné padha sesatron mau wis olèh pirang-pirang atus taun, wis wiwit nalika bangsa Israèl diulihaké saka ing tanah Babil. Nalika semono sing padha dedunung ing tanah Israèl bangsa manca, sing iya padha gelem ngabekti marang Gusti Allah lan padha saguh mbiyantu mbangun padaleman suci ing Yerusalèm; nanging bangsa mau padha ditampik déning bangsa Israèl, jalaran bangsa mau ora kalebu bangsa Yahudi deles, mulané padha suthik gepok sénggol karo bangsa Samaria mau.

Enggoné sesatron mau mundhak taun ora saya suda, nanging malah saya wuwuh pangigit-igitè.

MULANE rada nggumunaké déné kok Gusti Yésus enggoné tindak nratas tanah Samaria sing tansah disingkiri déning bangsa Yahudi, malah banjur pinarak lenggah ngaso ana ing tepining belik. Senajan ngelak lan sayah, lan senajan banyu ing belik katon kinclong-kinclong méncutaké, éwadéné Gusti Yésus ora bisa ngunjuk, jalaran ora kagungan sing kagem nimba.

Ora adoh saka panggonan kono ana kutha kang aran Sichar dumunung ana ing lebak ing antarané gunung Ébal lan Gerizim, iya ana ing panggonan kono ing jaman kuna enggoné Yusak damel prajanjian karo umat Israèl lan padha dipacaki pranatan lan sarak: kang padha nyingkur marang Allah bakal kataman ing wewelak, déné kang padha ngantepi pangabektiné bakal kapanduman berkah mawantu-wantu.

Ora antara suwé, lah ana wong wadon Samaria teka nggawa klenthing arep ngangsu. Semuné rada kagèt déné ana Priya lenggah ing tepining belik, nanging wong wadon mau ora uluk salam utawa aruh-aruh, jalaran wis ngerti, yèn wong mau panunggalané bangsa Yahudi kang digethingi déning bangsané.

Wong wadon mau tumuli nimba.

Gusti Yésus mung ngentèni baé .... Apa wong wadon mau or weruh, yèn Panjenengané sayah lan ngelak, banget mbetahaké banyu munga sacegukan baé? Apa wong mau wentala ora nyaosi ngunjuk marang Panjenengané?

Nanging wong wadon mau meneng baé.

Mulané Gusti Yésus banjur ngandika: "Aku wènèhana ngombé."

Kepriyé? .... Wong Yahudi mau wani njaluk ngombé? Apa gelem ngombé saka ing klenthingé? Klenthingé wong Samaria rak dinajisaké déning wong Yahudi? Mulané klawan gumun lan ing semu nyujanani, wong wadon mau banjur munjuk marang Gusti Yésus: "Kadospundi déné Sampéyan tiyang Yahudi teka nedha ngombé dhateng kula tiyang Samaria?

Nanging Gusti Yésus mangsuli, pangandikané: "Menawa kowé sumurupa ing peparingé Allah, lan sapa wongé kang tutur ing kowé: Aku wènèhana ngombé, mesthi kowé kang njaluk marang wong iku, tumuli diwènèhi banyu urip."

Bareng ngrungu pangandikané Gusti Yésus mengkono iku, wong wadon Samaria mau saya mundhak gumun lan sujanané, malah ora ngerti babar pisan apa karepé banyu urip sing arep diparingaké. Apa banyu sing mentas ditimba saka beliké Yakub ora luwih becik? Banyu sing ing jaman kuna wis diagem ngunjuk leluhur Yakub dalah para putra wayahé turun-tumurun, apa isih ana banyu sing ngungkuli beciké? Apa wong Yahudi iku ngerti dunungé banyu sing luwih becik? Lan kepriyé bisané ngangsu tanpa nggawa piranti apa-apa?

Mulané unjuké wong wadon mau: "Angsal Sampéyan toya gesang punika saking pundi?" Wangsulané Gusti Yésus luwih nggumunaké manèh. Pangandikané: "Sapa wong kang ngombé banyu iki, bakal ngelak manèh nanging sapa wong kang ngombé banyu pawèhku iku, bakal ora ngelak ing salawas-lawasé.

Ora bakal ngelak manèh? Banyu apa ta sing arep diparingaké? O, iba senengé yèn bisa olèh banyu urip! Mulané unjuké sajak kesusu: "Tuwan, kula Sampéyan sukani toya punika, supados sampun ngantos ngelak, sarta sampun susah ngangsu mriki malih."

Wong wadon mau tetéla ora bisa nyandhak apa kang dikersakaké Gusti Yésus. Senajan wong manca, nanging manut panyawangé Gusti Yésus iku sumanak banget. Ora mokal yèn bisa maringi apa-apa sing wong-wong liya padha ora bisa mènèhi. Nanging gèk apa sing arep diparingaké? Wong wadon mau ora weruh. Banyu urip, wah, iba senenge yèn ora bakal krasa ngelak manèh ing sabanjuré! Kepriyé bisané? Banget pangarep-arepé muga énggal kaparingana. Gusti Yésus iya ora kekilapan, yèn wong wadon mau durung nyandhak tegesing pangandikané. Gusti Yésus kepareng paring pirsa .... Banyu sumur mesthi ora bisa ngolèhaké kabegjan marang manusa, pancèn ing sajagad rat ora ana banyu sing bisa ngolèhaké kabegjan langgeng. Nanging wong wadon mau bisa olèh kabegjan langgeng samangsa bisa nggayuh marang pangapuraning dosa lan sihé Allah .... Dosané wong wadon mau! Gusti Yésus kepareng nedahaké sepira gedhéning dosané. Lan samangsa wong mau ngrumangsani lan nggetuni dosané, Gusti iya bakal kepareng maringi pangapura.

Pangandikané — iki iya nggumunaké manèh: "Lungaa ngundang lakimu, endang mrénéa!"

Wong wadon mau kagèt, awit rumangsa kewiyak enggoné wis nglakoni piala, banjur munjuk: "Kula boten gadhah laki."

Ing kono pangandikané Gusti Yésus: "Bener ujarmu: Kula boten gadhah laki. Sabab enggonmu laki wus ambal kaping lima, mangka kang samengko iku dudu lakimu; sayektiné baé ujarmu mengkono iku."

Wong wadon mau dadiné wedi kaworan isin. Sanyata ngéram-éramaké banget, déné Panjenengané nganti pirsa marang lelakoné. Kepriyé bisané pirsa? Pancèn wong wadon mau lanjah, murang kasusilan; wis kaping lima ninggal lakiné, banjur ngetutaké wong lanang liya sing dudu lakiné. Nanging kepriyé bisané Priya manca iku pirsa marang tingkah polahé? Unjuké: "Gusti, sampun tetéla sumerep kawula bilih Tuwan punika nabi." Pamikiré sajeroning atiné kira-kira mengkéné: "Bokmenawa nabi iki kuwasa mitulungi aku, supaya aku dadia wong becik lan ninggal wewatekanku kang ala. Aku ora ngerti kepriyé bisaku marek ing ngarsané Gusti Allah. Miturut kandhané wong Yahudi, yèn wong arep sowan ngabekti marang Allah kudu ana ing Yerusalèm, mangka bangsaku enggoné padha sujud mung ana ing gunung Gerizim kaé.

Wong wadon mau nudingi gunung Gerizim, ngawasaké dalem pamujan kang diadegaké ana ing kono, banjur nyuwun priksa marang Gusti Yésus ana ing endi panggonané yèn arep nglakoni sujud marang Allah.

Ing kono Gusti Yésus banjur kepareng nerangaké, yèn wong sing pancèn temen-temen arep ngabekti marang Allah, iku enggoné sujud bisa ing saenggon-enggon. Ing endi-endi baé Gusti Allah ana, mulané iya bisa disujudi ing saenggon-enggon, waton enggoné sujud mau klawan terus ing batin lan ing sajatiné, awit wong sujud kang mengkono iku kang dadi keparengé Allah.

Wong wadon mau nggatèkaké banget marang dhawuh wangsulané Gusti Yésus. Pepeteng ing atiné wis wiwit sumilak, lan katon ana trontong-trontongé pepadhang kang gawé lejaring atiné. Wong mau iya ngerti, yèn Sang Mesih bakal rawuh lan bakal ngluwari manusa kabèh saka ing dosané. Samangsa Sang Mesih rawuh, tan kena ora mesthi bakal mangandikakaké prakara-prakara kang nengsemaké lan bakal ngirid manusa sowan marang ngarsané Allah. Kaya mengkono iku miturut wulangané para imam ing tanah Samaria. Iba begjané yèn Panjenengané kelakon rawuh, lan banjur kepareng ngluwari awaké saka ing dosané!

"IKU IYA AKU IKI, KANG LAGI SAPOCAPAN KARO KOWÉ."

Rasaning atiné kang mengkono mau diunjukaké marang Gusti Yésus. Dhawuh wangsulané Gusti Yésus: "Iku iya Aku iki, kang lagi sapocapan karo kowé."

Ora nyana, ora ndimpé, yèn Priya iki Sang Mesih! Mangka mau dikira satruné. Wong wadon mau enggoné nyawang Gusti Yésus klawan gumun lan isin banget, nanging atiné kebak kabungahan gedhé. Wong wadon mau ngandel lan pracaya .... Ing sanalika iku uga wong wadon mau banjur ninggal klenthingé, lan ora merduli para sekabat sing mentas padha teka, banjur énggal-énggal bali menyang ing kutha, saben wong sing kepethuk padha dikandani: Mara padha mèlua ndeleng wong kang ngwecakaké marang aku apa salelakonku kabèh. Apa iya kirané iku Sang Kristus, iya Sang Mesih kang pinasthi rawuh?" Wong wadon mau ora bosen-bosen enggoné nyaritakaké lelakoné ana ing belik, lan meksa-meksa wong akèh padha diajak marek bareng karo dhèwèké, awit kabungahan gedhé kang tumama ana ing atiné iku rak ora mung kanggo awaké dhéwé; wong-wong liyané iya dipurih mèlu ngrasakaké kabungahan.

SALUNGANÉ wong wadon mau, Gusti Yésus kari bareng karo para sekabat. Kabèh padha gumun déné Gusti Yésus teka imbal pangandika karo wong wadon Samaria. Éwadéné ora ana sing wani munjuk apa-apa.

Roti olèh-olèhé saka kutha banjur padha diladèkaké, lan Gusti diaturi dhahar, nanging Gusti ora karsa dhahar, kaya-kaya wis ora mbetahaké dhahar manèh. Para sekabat mung padha éram.

Satemené para sakabat mau padha durung ngerti marang kawontenané Gusti Yésus. Panjenengané kang maha asih, senajan sarirané nandhang sayah, ngelak lan ngelih, jalaran sarirané kang asipat badan wadhag iya kadunungan apes kayadéné awaké manusa liya-liyané, bareng nguningani ana wong kang perlu kaparingan pitulungan, malah perlu kaluwaran saka ing dayaning dosa, banjur kasowanaké marek ing ngarsané Allah, ing kono rasa sayah, ngelak lan ngelih sirna sanalika. Kang dadi dhaharé iya iku enggoné nglampahi karsané Sang Rama lan ngrampungaké ayahané.

Mangka sing perlu dipitulungi iku mung wong wadon Samaria. Nanging sajatiné rawuhé iku ora ngemungaké kanggo mitulungi bangsa Yahudi baé; sadéngah bangsa lan saben wong senajan sepira gedhéning dosané, angger padha kaduwung lan padha gelem ngrungokaké pangandikané, mesthi bakal padha dipitulungi slamet.

ORA antara suwé, lah brol-brolan wetuné wong Samaria, lanang wadon, nom tuwa, saka ing jero kutha, marani panggonan lenggahé Gusti Yésus. Kabèh padha kepéngin weruh lan nyawang marang Panjenengané. Kabèh padha ngrungokaké lan nggatèkaké marang pangandikané, sarta atiné padha kepranan déning piwulangé .... Wong Samaria mau ora ana sing kelingan yèn Panjenengané iku wong Yahudi, lali yèn satruné wong Samaria. Sing padha dipendeng mung Sang Mesih sing wis ngéja-wantah lan lagi medar sabda, temah akèh wong Samaria sing pracaya marang Gusti Yésus.

Kang iku wong Samaria banjur padha duwé atur panyuwun marang Gusti Yésus, muga karsaa lereb ana ing kuthané, lan maringi pangandika lan piwulang marang tunggal bangsané.

Gusti Yésus ora nampik panyuwunan mau, tumuli lereb ana ing kono nganti rong dina, ing kutha Sichar, ing tengahé wong-wong Samaria sing dadi satruné bebuyutan wong Yahudi. Nanging ana ing ngarsané Gusti Yésus, sapa sing isih mikir bab sesatron lan sesengitan?

Samangsa Gusti Yésus bidhal manèh saka panggonan kono, kepriyé? Ora ana sing bisa ngétung pira cacahé wong sing padha manjing pracaya, sing padha tresna lan sumuyud marang Gusti Yésus lan nemu karahayon.

Sing bisa nguningani iya mung Panjenengané piyambak, lan Sang Rama ing swarga, kang tansah diéstokaké dhawuhé lan dirampungaké ayahané.