Babad Saka Kitab Suci/Ing Yerusalèm

KACARITA, nalika ngarepaké riyaya Paskah, Gusti Yésus lan para sekabaté banjur tindak menyang ing Yerusalèm, perluné padha arep ngéling-éling riyaya Paskah kang kawitan dhèk jaman kuna lan ngéling-éling bab gedhéning sihé Gusti Allah marang umat kagungané. Pangéling-éling mau ditindakaké ana ing padaleman suci ing Yerusalèm.

Kuța Yerusalèm wiwit mundhak ramé. Umyung swarané wong golongan sing padha teka saka désa ngadésa. Déné sing raméné padha karo pasar sing lagi tumawon iku ing sakiwa tengené padaleman suci, malah ing jero palatarané, sangarepé padaleman suci.

Ing kono panggonané para imam nyaosaké kurban lan panggonané wong-wong sing padha nggawa kurban; ing kono iya papané wong padha sembahyang, béda-béda patrapé, ana sing tanpa swara, sembahyangé mung dibatin baé, ana sing nyuwara seru supaya kaweruhana ing wong akèh; nanging—ana ing palataran kono uga, ing ngiringan, akèh wong sing padha adol sapi lan wedhus, apadéné manuk dara, nyedhiyani kabutuhané wong sing padha arep saos kurban. Blantik-blantik mau enggoné nyuwara nawakaké dagangané wis tanpa ngèngèh-ngèngèh, binarung swara pambengahé sapi lan pangembèké wedhus, wis ora ngélingi wong-wong sing lagi padha sembahyang, aja manèh ngélingana gedhéning sihé Allah marang umat kagungané, jalaran sing padha diudi lan dipikir mung dhuwit, saya akèh, saya becik.

Ing kana kéné ana méja èndhèk, méjané wong paréyalan, dhuwité pecah wis ditaning-taning ing ngarepé, nyedhiyani wong-wong saka manca praja sing padha arep ngijolaké dhuwité, wis mesthi baé sing diudi wong-wong paréyalan mau ora liya iya mung undhaking dhuwité dhéwé.

Saben wong arep mlebu ing padaleman suci, kudu asok pisungsung satengah sèkel; iku wis dadi pisungsung ajegan. Lan sing ora duwé dhuwit tengahan sèkel, ora perlu kuwatir, awit wong paréyalan wis nyedhiyani kabutuhané, waton kurup karo kangèlané, Mulané wong-wong paréyalan mau mèlu bengak-bengok nawakaké dhuwité.

"PADALEMANÉ RAMAKKU AJA KOGAWÉ OMAH PADAGANGAN!"

Dhuwit liru dhuwit. Wong-wong sing mata dhuwiten mau sing dioyak mung dhuwit, lan bebathèn utawa kasugihan.

Kasucèning padaleman suci, utawa pakéring marang Allah wis ora katon babar pisan ... prasasat wis kesasaban ing dhuwit!

Kaya mengkono iku kaanané padaleman suci nalika semono yèn pinuju riyaya. Para imam lan wong-wong sing padha saos ing padhaleman suci ora ngrèwès babar pisan; saking kulinané malah wis ora ngrungu swara gumeder lan bengak-bengoké wong dol-tinuku. Wong-wong mau sajatiné iya ngrasa yèn patrap mengkono mau murang tata lan nyulayani wingité padhaleman suci, nanging kepriyé manèh, kaanan mau wis ora kena diowahi utawa wis dianggep lumrah lan ora ngrusuhi pagawéané para imam.

KOCAPA, nalika semono Gusti Yésus rawuh. Apa kaya mengkono iku wujudé padhaleman suci kagungané Allah? Apa iku dalemé Sang Rama? .... Bareng mirsa kaanan mengkono mau Gusti banjur banget rengu galihé. Wis wiwit biyèn mula, yèn rawuh pinuju riyaya, iya ora dhangan lan rena ing panggalih mirsani wong-wong sing padha ora duwé éring babar pisan marang padhaleman suci, malah dipadhakaké karo pasar, nanging Gusti mung kèndel baé, awit tumrapé wong akèh Panjenengané isih dadi tukang kayu saka Nasarèt.

Nanging saiki? .... Saiki wis tumeka wayahé Panjenengané ngatingalaké kalenggahané enggoné jumeneng Sang Mesih, Putrane Allah.

Panjenengané banjur mundhut tampar-tampar kadamel pecut. Wong-wong mau dalah rajakayané padha ditundhungi metu saka ing papan kono; dhuwité wong-paréyalan disuntak lan méjané digulingaké. Wong-wong sing mauné bengak-bengok ngumbar swarané, saiki cep klakep kaya orong-orong dipidak, siji baé ora ana sing mangga pulih ana ing ngarsané Gusti, jalaran wong-wong mau padha ngrasa yèn ana daya prabawa lan kasektèn metu saka ing sarirané Priya sing lagi anyar katon mau. Kabèh padha sumingkir ndeleng pancerenging tingalé. Pangandikané marang wong-wong mau klawan sereng; "Barang-barang iki singkirna saka ing kéné. Padalemané Ramakku aja kogawé omah padagangan!"

Wong-wong mau kabèh, dalah para imam lan kang padha saos ing padaleman suci, kagèt lan cingak nyawang tandang tanduké Gusti Yésus.

Sapa ta wong iku? Apa ta karepé? Kepriyé bisané wani lan kuwasa tumindak mengkono iku?

Nanging ora antara suwé para imam padha pating kedumel nélakaké ora trima. Jalaran para imam maupun padha rumangsa dicahak wewenangé ana ing padaleman suci. Généya wong anyar iku arep kumawasa tumindak ing sakarep-karep tanpa njaluk idiné para imam? Satemené para imam mau iya wis ngrumangsani ing sajeroning ati, yèn wong anyar mau ora luput, malah tindaké mau kena diarani panggawé becik, sing beneré dadi bubuhané para imam, nanging sing padha dilirwakaké. Mulané para imam mau satemené bakal kawirangan, awit kewelèh enggoné padha tlédor. Dadiné para imam padha nesu lan ora rena babar pisan ndeleng tandangé wong anyar mau. Sapa ta wong iku?

Gusti Yésus banjur dicedhaki, dirubung kambi disawang, ana sing satengah wedi, ana sing satengah nesu lan wekasan padha nyelani unjuk, mengkéné: "Kadospundi déné Panjenengan saged nindakaken pandamel kados mekaten punika? Punapa sebabipun déné tiyang-tiyang punika sami keplajeng namung déning Panjenengan tiyang setunggal? Sinten ta Panjenengan punika? .... Sumangga Panjenengan ngatingalaken pratanda, supados kula sami mangertos, bilih Panjenengan punika saèstu jumeneng nabi ageng."

Nanging satemené Gusti Yésus ora tau ngagem pratandha kaélokan kanggé ngébaraké pangwasané, mulané dhawuh wangsulané: "Kowé padha mbubraha padaleman iki, sajroning telung dina bakal dakadegaké manèh."

Wangsulan kang anèh. Wong Yahudi mung padha mèncep. Mangsa, padaleman suci kang nganti patang puluh nem taun lawasé enggoné kabangun, kok mung arep diadegaké sajeroning telung dina.... Mokal!

Wong-wong iku babar pisan ora duwé éring marang wong anyar mau. Kagawa saka jubriyaning atiné wong-wong mau padha suthik ngrungokaké marang Panjenengané kayadéné marang nabi.

Mangka satemené wong-wong ora bisa ngerti apa tegesé wangsulan kang anèh mau. Ngadegaké padaleman suci ing sajeroning telung dina? .... Mokal! Nanging Gusti Yésus enggoné ngandika mengkono mau, ana prakara liya kang dikersakaké. Sing arep diadegaké mau dudu padaleman suci yasané para leluhur dèk jaman biyèn, nanging Gusti Yésus mangandikakaké bab sarirané piyambak. Mengkono uga para sekabat iya padha durung nyandhak pangandikané Guruné, nanging ing tembé, sawisé Gusti Yésus séda lan ing telung dinané wungu manèh saka ing pasaréané, ing nalika semono para sekabat lagi baé ngerti tegesé wangsulané Gusti Yésus kang anèh mau.

Nanging tangkepé wong-wong Yahudi marang Gusti Yésus mejanani banget. SASUWÉNÉ riyaya Paskah Gusti Yésus bola-bali rawuh ana ing palataran padaleman suci. Ing kono Panjenengané wiwit medhar sabda lan memulang wong golongan; ana ing kono Panjenengané iya ngatingalaké pratandha kaélokan warna-warna; paring pitulungan marang kang padha kesrakat, wong lara padha diwarasaké lan kang nandhang sedih padha diparingi panglipur.

Akèh banget cacahé wong kang padha pracaya lan tresna marang Panjenengané, kayadéné Yochanan lan Pétrus sarta Andréas lan liya-liyané enggoné kasok katresnané marang Gusti Yésus. Saben dina wong-wong mau padha sowan ana ing ngarsané perlu ngrungokaké wedharing pangandikané Gusti, apadéné padha ora bosen-bosen nyebar warta marang angger wong sing gelem ngrungu: "Sanyata Sang Mesih wis rawuh, lan aku wis padha ndeleng kamulyané!"

Nanging para pangarepé bangsa Yahudi, para Farisi lan ahli kitab, padha ora pracaya. Pancèn nggumunaké banget prakara-prakara kang mentas padha dirungu lan dideleng, nanging kepriyé bisané ketemu ing nalar yèn Sang Mesih iku pinangkané saka ing désa Nasarèt? Semuné wong anyar mau mèmper wong culika. Saka panyanané kang diarani Sang Mesih iku mesti séjé banget kaanané.

EWADÉNÉ ....

Ing wayah bengi ngarepaké wayah sirep wong, ing kutha Yerusalèm sing wis sepi ana wong lanang mlaku ijèn; wong mau panunggalané para Farisi lan ahli kitab, kalebu pangarepé wong Yahudi, wong kajèn kéringan ana ing Yerusalèm; namané Nikodémus.

Enggoné mlaku mlipir-mlipir milih panggonan kang rada lindhuk, pamurihé supaya aja nganti kaweruhan ing wong.

Bareng tekan ing ngarep omah pamondhokané Gusti Yésus nalika semono, Nikodémus banjur thothok-thothok lawang, lan mrasajakaké karepé enggoné kepéngin ketemu karo Gusti Yésus.

Gusti Yésus ora nampik pisowané Nikodémus. Panjenengané iya pirsa, yèn Nikodémus mesthine pakéwuh banget ingatasé para pangerepé wong Yahudi, mulané enggoné sowan milih wayah bengi, éwadéné Gusti Yésus midhangetaké kabèh aturé Nikodémus klawan rena ing galih.

Mungguh Nikodémus dhéwé sejatiné durung bisa olèh wawasan kang gumathok ingatasé nabi anyar sing pinangkané saka Nasarèt iku. Pawong mitrané, yaiku para Farisi lan ahli kitab, padha ngarani, yèn wong iku tukang ngapusi, nanging osiking atiné Nikodémus ora bisa mbeneraké panemu mengkono iku. Batiné mengkéné: "Ora mokal yèn iku sanyata kang jumeneng Sang Mesih. Mulané coba sowana, nyuwuna pirsa dhéwé, lan tilingna kang dadi pangandikané ...."

Klawan andhap-asor Nikodémus munjuk ana ingarsané Gusti Yésus: "Rabbi kawula sami sumerep, bilih rawuh Tuwan dados guru punika saking karsanipun Allah, ujer boten wonten tiyang ingkang saged nindakaken pratandha kados ingkang Tuwan tindakaken punika, menawi boten tinunggil déning Allah"

Ing nalika iku Gusti Yésus banjur ngandikakaké prakara warna-warna. Gusti Yésus mratélakalé klawan ceta, yèn manusa ora bisa olèh karahayon lan ora bisa olèh kaswargan, samangsa ngemungaké netepi lan nglakoni sakèhing angger-angger sing wis diparingaké déning Musa lan angger-angger tambahan gawéané para Farisi. Patrap mengkono iku ora bisa makolèhi tumrapé manusa. Jalaran sing kudu diowahi iku atiné, atiné manusa kudu kebak katresnan marang Allah, lan sabarang gawé kang ditindakaké déning manusa, iku tumindaké mung karana saka katresnané marang Allah, minangka cihnaning atur panuwuné.

Manusa iku satemené kudu dadi manusa anyar, dadi kudu dilairaké kaping pindho.

Nikodémus nilingaké sakèhé dhawuhé Gusti, nanging durung bisa nyandhak tegesé kabèh. Pangandikané Gusti Yésus béda banget karo piwulangé para ahli kitab.

Sabanjuré Nikodémus isih diparingi wejangan apa werdiné nabi Musa ing jaman kuna gawé rerékan ula, banjur disengkakaké ana ing pasamunan, yaiku ing nalika bangsa Israèl katempuh ing ula mandi pirang-pirang, sapa sing dicakot, mesthi nemahi mati. Musa tumuli manjer rerékan ula, mangka iya kelakon saben ana kang kacakot ing ula, angger mandeng marang rerékan ula tembaga mau, temah lestari urip.

Nikodémus wis ngerti critané, nanging durung nyandhak eliding crita, Gusti Yésus banjur ngandika: "Kayadéné rerékan ula iku enggoné disengkakaké déning Musa ana ing pasamunan, iya mengkono uga Putrané Manusa enggoné pinesthi kasengkakaké. Awitdéné Allah enggoné ngasihi marang jagad iku kongsi masrahaké Kang Putra ontang-anting, supaya saben wong kang ngugemi, aja kongsi nemu karusakan, nanging nduwénana urip langgeng."

Tumrap Nikodémus pangandikane Yésus kang mengkono iku pancèn katembèn enggoné ngrungu, nanging iya wis bisa nyandhak kang dadi sarining pangandika: "Sang Mesih pinesthi kasengkakaké ana ing kayu salib, nganti nemahi séda. Lan saben wong kang pracaya marang Panjenengané, bakal kaparingan urip langgeng." Nikodémus banjur nyawang marang Gusti Yésus. Apa iki kang jumeneng Sang Mesih? Apa Panjenengané pinesthi séda sinalib, murih kaslametané manusa kabèh?

Pikirané Nikodémus ora amot nampani wejangan semono kèhé, nanging ing sajeroning atiné wis ana pepuntoning panimbang: "Panjenengané iki kang jumeneng Sang Kristus utawa Sang Mesih, iya Putrané Allah!"

Nikodémus bali manèh, ing sadalan-dalan mung tansah ngrasak-rasakaké apa sing mentas dirungu.

Pangandikané Gusti Yésus kabèh dilebokaké ing atiné. Ing tembé — telung taun manèh sapungkuré lelakon mau — nalika Gusti Yésus kasengkakaké ing kayu salib nganti tumeka ing séda, banjur nalika arep kasarèkaké, nalika iku pangandika sing cumathet ana ing atiné Nikodémus kebabar dadi panglipur kang nglejaraké ati. Nalika semono Nikodémus uga teka nglayat, ora dhedhemitan manèh kaya nalika ing wayah bengi biyèn, nanging ngedhèng kaweruhan ing wong akèh, malah nggawa pisungsung caruban blendok mur lan kayu garu kagawé sarat ngulesi layoné Gusti Yésus, iya Gusti pepundhèné Nikodémus, kang ngangsalaké karahayoning uripé ing salawas-lawasé.