Babad Saka Kitab Suci/Pasemon Wong Samaria Kang Welasan

ING sawijining dina ana wong ahli Torèt sowan ing ngarsané Gusti Yésus sumedya nyoba marang Panjenengané. Gagasané wong mau kira-kira mengkéné: "Guru anyaran iki dakcobané, apa bisa mangsuli pitakonku apa ora. Dakdadaré kawruhé bab angger-angger, apa bisa ngimbangi kawruhku apa ora. Yèn nganti mlèsèt wangsulané, mesthi cilaka awaké, jalaran akèh wong sing bakal ngrungu, temahan bakal konangan yèn enggoné dadi guru iku mung apus-apusan baé, dudu guru sejati kayadéné para ulama, ahli Torèt lan wong Farisi, sing wis mesthi luwih pinter lan luwih mursid." .....

Unjuké wong ahli Torèt mau: "Guru, srana pandamel punapa kula badhé angsal warisan gesang langgeng?" Gusti Yésus ningali wong mau, lan iya wis mirsa apa sing dadi gémbolaning atiné, éwadéné ora banjur duka. Wangsulané Gusti Yésus awujud pandangu mengkéné: "Kang katulisan ing Torèt apa? Pamacamu kepriyé?"

Tumrapé wong ahli Torèt pandangu mengkono iku dudu apa-apa, mulané énggal nyaosi wangsulan: "Kowé tresnaa marang Pangéran Allahmu diklawan gumolong atimu, lan gumolong nyawamu, sarta klawan sakakuwatanmu, apadéné klawan gumolong budimu. Lan marang sapepadhamu dikaya marang awakmu dhéwé." Pangandikané Gusti Yésus: "Bener wangsulanmu. Iya iku lakonana, temah kowé bakal urip."

Wong ahli Torèt, panunggalané jamhur-jamhur Yahudi, kecélik lan kisinan, jalaran ora olèh gawé enggoné nyoba Gusti Yésus. Malah saiki wong akèh bakal padha ngerti yèn Gusti Yésus ngungkuli wong ahli Torèt dalasan ing bab angger-angger.

Éwadéné wong mau durung entèk akalé. Sarèhné arep mbecikaké awaké dhéwé, mulané munjuk pitakon manèh mengkéné: "Sinten ta ingkang dados sesami kula?.. Wong mau karepé arep mratélakaké, yèn wis nresnani pepadhané, yaiku seduluré, sanak-kadangé, bangsané. Apa iku isih kurang? "Sinten ta ingkang dados sesami kula?"

ING kono Gusti Yésus banjur maringi wangsulan ngagem pasemon, pangandikané: "Ana wong lumaku medhun saka ing Yerusalèm menyang ing Yericho. Dalané rumpil tur sepi, lan mutawatiri .... Satekané ing panggonan sing singub, wong mau ketiwasan katempuh ing bégal, diblèjèdi barang gegawané tekan sandhangané, sarta awaké diwasuh nganti setengah mati, lan wekasané ditinggal gumlinting ing pinggir dalan dikira yèn wis mati. Sawisé iku bégal lan kancané kabèh banjur énggal sumingkir.

Wong sing dibégal mau kari gumléthak ana ing dalan tanpa daya, awaké sakojur gubras getih, rasané njarem lan pegel ora karuwan, wuwuh-wuwuh kebrongot déning panasing tengangé; yèn ora bisa olèh pitulungan wong mau mesthi bakal mati ngenggon ....

NALIKA semono kapinujon ana wong liwat, mangka sing liwat iku imam. Imam iku abdining Allah, mesthiné sugih kawelasan lan katresnan. Nanging ana daulaté, ora ana begjané! Bareng weruh ana wong gumléthak ing pinggir dalan, imam mau liwaté banjur nyimpangi, asengadi ora weruh wong mau. Ing batiné wis olèh pawadan mengkéné: "Wong kaé mesthiné wis ora kena ditulungi; upama ditulungana, ora wurung mesthi mati. Mangka yèn bégalé bali manèh nempuh marang aku, gèk kepriyé polahku? Luwih becik aku énggal ngoncati panggonan iki, supaya ....!". Lakuné banjur digelak, daya-daya bisaa sumingkir saka ing panggonané bilai!

O, pancèn wis nasibé wong sing dibégal mau, arep olèh pitulungan baé kok nganti wurung!

NANGING ora antara suwé keprungu ana gedebegé wong mlaku; saiki sing liwat kalebu golongané wong Lèwi, dadi iya kagolong abdiné Allah, pagawéané ana ing padaleman suci ngladèni para imam yèn pinuju saos kurban .... Wong iki mesthiné kena diarep-arep pitulungané. Nanging bareng weruh wong sing wis gilang-gilang asawang layon, wong Lèwi mau liwaté iya banjur nyimpangi. Ing batin wis dirantam-rantam apa pawadané enggoné ora awèh pitulungan, senajan wis ana osiking atiné yèn duwé kuwajiban tetulung; jalaran saupama gelem nulungi wong sing kasangsaran, ora wurung mung arep ngundhakaké karépotané awaké dhéwé. Mulané luwih becik yèn awad-awad ora weruh lan ora ngerti apa-apa! Wong Lèwi mau iya banjur énggal-énggal bablas!

"SAWUSÉ DITUNGGANGAKÉ ING KÉWAN TUNGGANGANÉ DHÉWÉ, TUMULI DIATERAKÉ

Wong sing gumléthak ing pinggir dalan isih ajeg gumléthak, tanpa olèh pitulungan babar pisan. Mangka sing kepener liwat ing dalan kono wong-wong sing pancèné kena dijagakaké pitulungané, yaiku imam lan wong Lèwi, karoné padha ngabdi ana ing ngarsané Allah ing padaleman suci. Lha yèn imam lan wong Lèwi ora gelem nulungi, sapa baya sing sudi tetulung? .... Apa kira-kira mung tekan semono pepesthèning uripé?

NANGING tujokna isih ana wong liwat ing kono; saiki wongé nunggang kuldi. Émané sing teka saiki dudu imam, dudu wong Lèwi, malah dudu wong Yahudi, nanging wong Samaria, dadi kalebu satru bebuyutan. Wis mesthi baé wong mau ora sudi tetulung; aja sing tetulung, ngingetaké baé suthik, malah mung kecah-kecuh idu nélakaké giguné!

Kocapa, bareng wong Samaria mau wis cedhak, lan weruh ana wong gumléthak ing dalan, wong sing dinyana ala mau, banget trenyuh atiné; ora dipikir babar pisan yèn sing ngathang-athang ing dalan iku wong Yahudi, satruné bebuyutan. Wong sing kelaran mau énggal diparani, tatuné diblebedi klawan dikopoh lenga lan anggur, kaya-kaya awaké dhéwé mèlu ngrasakaké larané. Wong Samaria mau temen-temen ora duwé pikiran yèn wong mau sajatiné wong Yahudi, lan iya ora klebu ing nalaré yèn bégalé bisa bali manèh, apadéné ora sing ngétung rekasa lan kangèlan, jalaran sing dadi ancasing atiné mung arep mitulungi wong sing lagi kasangsaran lan sing tumuli kudu olèh pitulungan sadurungé kasep.

Bareng wis rampung enggoné mblebedi tatuné, wong mau mau banjur dijunjung alon-alon, katunggangaké ing kuldiné, tumuli diaterakè menyang ing désa sacedhaké panggonan kono. Wong Samaria mau karo mlaku ora lérén-lérén enggoné njagani supaya sing lara aja nganti tiba. Satekané ing omah panginepan, wong sing lara banjur dipulasara lan diwènèhi kabutuhané ing sacukupé. Ésuké bareng wong Samaria mau arep mangkat mbacutaké lakuné, ora lali ninggali dhuwit rong dinar diwènèhake marang kang duwé omah panginepan, wekasé: "Tiyang punika sampéyan pulasara ingkang saé, sampéyan sukani sakabetahanipun supados énggal mantun sakitipun. Menggah wragadipun, indhakipun saking semanten, punika kula ingkang badhé nglintoni dhateng sampéyan, bénjing sawangsul kula mriki malih." Bareng wis pamitan, wong Samaria mau mangkat.

Crita pasemon wong Samaria dicupet tekan semono. Gusti Yésus kèndel sedhéla. Ing ngarep mau ana pitakoné wong ahli Torèt mengkéné: "Ingkang dados sesami kula sinten?" Saiki Gusti Yésus ndangu wong mau: "Saka pandugamu, wong telu mau endi kang dadi pepadhané wong kang katempuh ing bégal mau?" Wong ahli Torèt bangsa Yahudi mau kepeksa ngaturi wangsulan, senajana atiné gething banget marang wong Samaria, mengkéné: "Inggih ingkang nandukaken kawelasan dhateng piyambakipun wau." Ing kono dhawuhé Gusti Yésus: "Lungaa, kowé iya nglakonana kang kaya mengkono uga."

Kaya mengkono uga ....! Apa kersané Gusti Yésus supaya wong ahli Torèt mau saben dina mlaku liwat ing dalan saka ing Yerusalèm menyang ing Yericho, nggolèki wong sing katempuh déning bégal? Ora, pangandikané Gusti Yésus mau ora kudu ditampa lugu kayadéné unining tembung, nanging sing luwih perlu iku sariné!

Mungguh kersané iku mengkéné: wong ahli Torèt mau kudu nandukaké katresnan kaya patrapé wong Samaria, ora ngemungaké marang sanak seduluré, lan marang bangsané dhéwé, nanging iya marang wong liya, bangsa liya, dalasan marang mungsuhé, yaiku samangsa lagi nandhang kasangsaran. Wong iku kudu bisa ngothongaké atiné, aja nganti kalebon ing watak murka, culika, jubriya, nanging atiné iku kebaka nganti mbludag katresnan lan kawelasan; yèn mengkono, wong lagi bisa weruh sapa sing dadi pepadhané. Wong sing padha nandhang papa lan sangsara, kesrakat lan sinangsaya, sumebar ing endi-endi, lan kabèh padha mbutuhaké pitulungan lan kawelasan. Mengkono kersané Gusti Yésus sarana dhawuh: Nglakonana kang kaya mengkono uga!

Wong ahli Torèt mau meneng, awit wis krasa ketapuk rainé .... Tekané nglangak ngungasaké kapinterané, nanging mundure ndhingkluk kewirangan.