Babad Saka Kitab Suci/Pasemon Abdi Kang Kamitégan

KACARITA ing sawijining dina Pétrus munjuk marang Gusti Yésus, unjuké: "Gusti, menawi sadhèrèk kawula gadhah kalepatan dhateng kawula, ngantos rambah kaping pinten enggèn kawula ngapunten? Punapa ngantos kaping pitu?"

Panyanané Pétrus: "Ping pitu, semono iku rak wis katog jenengé! Yèn wong digawé serik déning seduluré nganti ambal kaping pitu, ora nganti muring, iku wis ngungkuli takeran, dadi mesthiné ora ana sing bisa nglakoni. Dalah wong Farisi dhéwé padha mulangaké: "Ambala ping telu enggonmu padha ngapura ....!" "

Ing kono dhawuh wangsulané Gusti Yésus mengkéné: "Aja mung ping pitu, malah ngantia ping pitung puluh tikel pitu."

Para sekabat wis bisa nyandhak kang dadi kersané Guruné, yaiku: wong urip iku padha kadhawuhan tansah cumadhang ngapura kaluputané pepadhané, mengkono sing dikersakaké Gusti Yésus, nanging sapa sing kuwat?

MULANÉ Gusti Yésus banjur paring piwulang sarana pasemon critané abdi kang kamitégan, crita sing wiwitané nyenengaké, nanging wekasané nyedhihaké. Ana sawijining raja lagi sinéba ing para abdiné sing padha utang-kapiutang karo sang prabu. Ing kono ana abdi siji kasébakaké kang duwé utang saleksa talenta (10 èwu ping 6 èwu [=60 yuta] ping dhuwit gaji buruh sadina), mangka wong mau ora duwé kang kagawé nyaur utangé. Lan saupama wong mau diparengaké nicil utangé, mbok nganti tekan pundhating umuré, utangé durung bisa lunas. Kepriyé enggoné arep bisa mentas saka ing kasangsaran semono gedhéné?

Sarèhné wis tita mengkono kaanané, mulané dhawuhé sang prabu: "Wong mau saanak-bojoné dalah saduwèk-duwèké kaedolana, supaya anaa kang kagawé nyaur. Senajan ora sepiraa pepayoné, éwadéné tumrap wong mau lelakon iku dadi paukuman kang abot!"

Ing kono abdi mau banjur sumungkem sujud marang sang prabu sarta munjuk: "Dhuh Gusti, mugi wontena kasabaran dalem dhateng kawula, lajeng badhé kawula saosi Panyaur sapundhatipun."

Sang prabu banget trenyuh galihé déning welas. Apa wong mau bisa nyaosi panyaur sapundhaté? Ora mengkono sing dikersakaké sang prabu. Mulané dhawuhé sang prabu: "Wis mundura! Sira sunluwari lan utangira sunlilakaké marang sira."

Abdi mau banjur mundur klawan bungah atiné, rumangsa begja kemayangan olèh kanugrahan sing tanpa upama gedhéné. Saiki wis luwar saka sangsara lan utangé wis lunas kabeh!

Kocapa .... saunduré abdi mau saka ing paséwakan, banjur ketemu kanca abdi sing kepotangan satus dinar (kira-kira mung 100 ping dhuwit gaji buruh sadina). Kanca tunggal gawé mau banjur dicekel lan ditekak guluné, kambi ujaré: "Bayaren kang utangmu!"

Abdi sing mentas ngrasakaké kawelasan lan kanugrahan semono gedhéné, wentala tumindak sawenang-wenang marang kanca abdi, mangka enggoné motangaké mung sethithik. Bareng dianggrak mengkono mau, sing rumangsa kalah banjur sumungkem lan memelas, pangucapé: "Mugi wontena sabar sampéyan dhateng kula, lajeng badhé kula aturi panyaur sapundhatipun." Nanging kang motangaké rengkeng lan ora gelem tepa-slira, malah kang utang mau banjur dilebokaké ing kunjara.

Kancané padha abdi bareng ngrungu warta bab lelakon mau, padha banget pangunguné. Ujaré wong-wong mau: "O, angkara lan ambek-siya temen wong iku! Awaké dhéwé begja, jalaran utangé sing semono gedhéné wis dililakaké. Saiki gelem tumindak sawenang-wenang gawé cilakané padha kancané, mangka utangé ora sepiraa kèhé." Mulané wong-wong mau banjur padha séba marang sang prabu, ngaturi pirsa apa kang kelakon kabèh. Sang prabu sanalika banjur duka banget, lan utusan nimbali abdi kang kamitégan mau. Bareng wis sowan, abdi mau banjur dipangandikani klawan sereng: "Èh abdi duraka, utangira kang semono iku wus sunlilakaké marang sira, marga sira memelas marang ingsun; rak wis wajib sira uga melasi marang kancanira kaya enggoningsun melasi marang sira."

Sarèhné sang prabu banget dukané, abdi mau banjur dilebokaké ing kunjara supaya kapatrapan ukum siksa nganti pundhat enggoné nyauri utangé. Apa bisa pundhat? .... Ngantia tekan ngajalé pisan, utangé mesthi durung bisa lunas!

SAWISÉ Gusti Yésus ndhawuhaké pasemon mau, ing kono pangandikané Gusti: "Kaya mengkono uga Ramakku ing swarga iya bakal matrapi sawiji-wijining panunggalanmu kang ora ngapura klawan terus ing ati marang kaluputané saduluré."

Pétrus lan para sekabat liyané wis bisa nyandhak eliding pasemon mau. Raja kang ambek paramarta mau dadi pralambangé Gusti Allah; lan para abdi kang padha duwé utang iku masemoni manusa kabèh sing padha kanggonan dosa. Sing akèh utangé, paukumané iya abot. Malah ing salawasé uripé, manusa ora bakal bisa mbudidaya murih luwaré saka paukuman. Nanging Gusti Allah iku maha mirma lan asipat welas. Allah kepareng ngapura .... Mulané manusa apa padha ora kuwajiban apura-ingapura mungguh ing kaluputané pepadhané, kaluputan sing mung sepélé, yèn katandhing karo kaluputané manusa ana ing ngarsané Allah?

Wis naté Gusti Yésus paring piwulang bab pandonga; lan pandonga mau ana kang surasané mengkéné: "Dhuh Rama! .... Tuwan mugi ngapunten sakathahipun kalepatan kawula, kadosdéné kawula inggih sami ngapunten ing tetiyang ingkang kelepatan dhateng kawula." Ngapura sadulur! Ora mung ping pitu, nanging malah nganti ping pitung puluh tikel pitu! Ora kendhat-kendhat ing salawas-lawasé. Kaya mengkono kersané Gusti!