Babad Saka Kitab Suci/Sesatron

SUGENGÉ Gusti Yésus ana ing donya iku satemené tansah kalimputan ing kaprihatinan. Panjenengané nilar swarga kang sarwa éndah lan mulya, banjur tumedhak ing donya, ing lembah kasusahan, prihatin lan kasangsaran .... Luwih-luwih yèn Gusti Yésus maspadakaké wong-wong sing padha nandhang lara, sing picak, bisu, lan budheg, sing lumpuh sing karanjingan ing dhemit, lan samangsa Gusti Yésus mirsani was sumelang lan tintrim ana ing atiné manusa, ing kono Gusti mesthi trenyuh galihé lan kamiwelasen, kaya-kaya sawernaning panandhang mau karaos ana ing galihé piyambak lan kasarira ana ing sarirané.

Gusti Yésus ora kakilapan apa sing dadi nalar lan sebabé, iku ora liya mung marga saka dosané manusa. Mulané Gusti Yésus rawuh ing donya, sumedya ngoncataké manusa saka ing sedhéngaha panandhang, jalaran saka gedhéning sihé.

Mangka pameteking sangsara ing atasé Gusti Yésus saya suwé saya mundhak mlinder ... Nanging ora ana wong sing ngerti lan nduga kaanan sing kaya mengkono iku.

Jalaran Panjenengané piyambak kang bakal nyanggi paukumaning dosané saumat kabèh, nganti tumeka ngalami séda, temah—ngolèhaké karahayon langgeng kanggo para wong kang pracaya marang Panjenengané.

Nanging sih katresnané Gusti Yésus kang semono gedhéné iku ora dingertèni ing wong.

Mulané sugengé Gusti Yésus ana ing donya iku tansah kalimputan ing kaprihatinan.

TANPA timbang gedhéné sih katresnan kang dilubèraké Gusti Yésus marang manusa, nanging ora ana wong siji baé sing bisa males katresnan mau.

Lha kepriyé kaanané wong golongan sing tansah ndhèrèkaké tindaké Gusti Yésus? ....

O, wong-wong mau tekané mung padha arep nonton tandangé Gusti Yésus; yèn bisa nyumurupi anané kaélokan, banjur padha bungah, keplok-keplok kaya patrapé wong nonton sulapan. Lan samangsa Gusti Yésus mbeneri medhar sabda, wong golongan iya padha seneng ngrungokaké, jalaran dhawuh lan piwulangé Gusti iku tansah ngresepaké ati. Menyanga ing endi baé Gusti Yésus tansah didhèrèkaké wong golongan .... Nanging satemené enggoné padha tansah kumantil lan kumawula karo Gusti Yésus iku wadiné mengkéné: wong-wong mau padha duwé pangarep-arep nyumurupi Gusti Yésus ing tembé ngagem prabawa lan katiyasané kang luwih ngébat-ébati yaiku merdikakaké bangsa Yahudi saka pangregemé bangsa Rum lan ndadèkaké bangsané pinunjul ing sajagad.

Nanging kelakoné adoh banget sungsaté karo pangangen-angené wong golongan. Gusti Yésus iya wis uninga yèn caloné bakal ditinggal ing wong akèh, malah ditégakaké ing para muridé, bareng wong golongan padha ngerti yèn Gusti Yésus ora kersa nggayuh marang kamuktèn lan kawibawan kaya salumrahing ratu kadonyan, pilalah nandhang sangsara lan nistha kaya wong prantéan sing bakal kaukum pati .... Wong-wong semono kèhé iku kena diwilang cacahé sing padha mantep lan setya ndhèrèk Panjenengané. Lelakon sing mengkono iku Gusti wis pirsa sadurungé.

LAN kepriyé pokalé para imam, wong Farisi lan para ulama? .... Wong-wong mau pada dadi pangarep, luwih wicaksana katimbang wong golongan lan kena diarani ahli mungguh ing kitab-kitab tilarané nabi Musa lan para nabi liyané. Pancèné wong-wong mau padha bisa ngerti saka ing surasané Kitab, yèn Gusti Yésus iku kang jumeneng Sang Mesih.

Nanging wong-wong mau padha wangkot atiné.

Miturut panganggepé para ulama lan wong Farisi, tindaké Gusti Yésus iku wis luput saka mula-bukané, généya kok ora gelem nyowani wong-wong mau sadurungé miwiti memulang lan ora nyuwun wulang-wuruk lan pituduh marang wong kang padha luwih ngerti, apa manèh généya kok ora napak tilasé para wong sing wis misuwur kinacèk ing kamursidan lan pangibadahé, lan généya kok ora gawé wewaler lan pepacak tumrap saumat kabèh, kanggo muwuhi angger-angger gawéané nabi Musa, .... saupama mengkono tandang-grayangé Gusti Yésus nalika wiwitan, wis mesthi Panjenengané kinulawarga déning para jamhuré bangsa Yahudi mau.

Nanging saiki .... wong-wong mau malah padha sengit lan gething marang Gusti Yésus, Rabbi weton Nasarèt.

Apa sebabé? .... Sebab Gusti Yésus mung mangandikakaké apa nyatané!

Kosokbaliné para wong Farisi lan para ulama mau kabèh padha lelamisan. Tindak-tanduké katoné pancèn ngibadah lan mursid banget; angger-angger sakabèhé diéstokaké klawan tumemen; lungguhè ana ing mesjid mesthi ana ing ngarepan, kaya-kaya wis luwih cedhak menyang swarga pinaraké Allah; yèn ndedonga padha adeg-adegan lan ana ing pojoking lelurung, sarta nganggo tembung lalahan pirang-pirang nganti dawanè ngaluk-aluk; jubahé nganggo plipidan amba ing pinggir, nganggo tulisan bludiran pethikan saka ayat-ayating Kitab Suci, pamurihé supaya katona yèn wong mursid; nanging batiné adoh karo Gusti Allah. Lair lan batiné kosokbalèn blejed!

Mangka Rabbi saka Nasarèt mau blak-blakan tanpa tèdhèng aling-aling enggoné mengkono iku! Lan apa sing dipangandikakaké kabèh dirungu lan digugu déning wong golongan. Sapa wongé sing ora kemropok yèn ngélingi enggoné dirèmèhaké mengkono iku? Wis wiwit jaman biyèn mula sing dadi guru lah paramparané saumat kabèh rak iya para Farisi lan para ulama ta, lan kok saiki padha kelayu ngetut-buri guru anyar, anak tukang kayu saka désa Nasarèt .... Senajan guru anyar mau bisa nindakaké kaélokan warna-warna, lan senajan tansah ditut-buri wong golongan, éwasemono para ngulama lan Farisi padha ora gelem kalah. Wong golongan kudu diarah bisané bali manèh ngrungokaké piwulangé, ngéstokaké pepacak gawéané. Wong golongan kudu bisa nglirwakaké guru anyar mau, aja pisan-pisan bisa ngasoraké prabawané para pangarepé bangsa Yahudi.

MUNDHAK dina mundhak njering gethingé wong-wong mau marang Gusti Yésus. Pira banggané wong siji, kok arep wani ngayoni wong-wong sing wis ngentèk ngèlmuné. Wong golongan kudu bisa neksèni dhéwé, yèn para ngulama mau luwih wicaksana lan luwih mursid katimbang karo Gusti Yésus. Mulané wiwit nalika semono banjur padha tansah golèk dhadhakan enggoné arep nyrékal lan mbantah Gusti Yésus. Nanging Gusti Yésus ora kèwuhan nandingi wong-wong mau, pasang gelar apa baé wis kapirsan ing sadurungé, mulané wong-wong mau tansah tuna-dungkap ing pangarahé, jalaran sanyatané Gusti Yésus iku ing sedhéngaha prakara ngungkuli wong-wong mau kabèh.

Yèn ngélingi enggoné wis bola-bali kebentus-bentus nglawan Gusti Yésus, atiné wong-wong mau banget seriké. Sakèhé rékadayané gagal, ora ana siji baé sing makolèhi. Ora ana wong sing bisa nemokaké kaluputané Gusti Yésus.

Yèn wong-wong mau padha rerasan dhéwé utawa guneman karo wong golongan, ora tau lali nyatur Panjenengané.

Wis tau Gusti Yésus nimbali salah sawijining juru mupu béya kadadèkaké muridé, jenengé Mattéus, mangka ing antarané bangsa Yahudi sing jeneng juru mupu béya iku ing endi-endi wis kelun alané .... Para wong Farisi nganggep tindak nistha yèn gelem sesrawungan karo juru mupu béya utawa gelem teka ing omahé; nanging Gusti Yésus ora nganggo éwuh-pakéwuh rawuh ing omahé Mattéus mau lan dhahar kembulan karo wong-wong panunggalané juru mupu béya liyané .... Lelakon iku mau nganti suwé dadi kembang lambè ing atasè para wong Farisi; bebasan entèk amèk kurang golèk enggoné padha nyatur lan ngrasani Gusti Yésus, andèkna wong kaya mengkono arep ngaku-aku jumeneng Sang Mesih!

Nanging para wong Farisi mau ora mikir babar pisan, yèn Mattéus mau lila ninggal kasugihan lan kamuktèn banjur ndhèrèk Gusti Yésus dadi wong mlarat, apamanèh ora ngélingi yèn Mattéus ninggal uripé sing lawas, sing kebak dosa, banjur ndhèrèk Gusti Yésus supaya olèh karahayon kang langgeng. Kabegjaning wong sing semono mau ora tau klebu ing nalar lan pikirané para wong Farisi ....

ING sawijining dina .... pinuju dina Sabbat, Gusti Yésus tindak karo para sekabat nglangkungi paganduman. Sarèhné padha keluwèn, para sekabat banjur nyethuti wulèning gandum, sarta dipangan. Patrap mengkono iku konangan ing para wong Farisi. Miturut panemuné wong-wong mau, para sekabat wis nerak wewaler dina Sabbat, jalaran padha nyethuti wewulèn gandum, dadi gedhé-cilik padha nglakoni pagawéan, mangka nalika semono mbeneri dina Sabbat. Apamanèh Gusti Yésus iya ora ngélikaké utawa ndukani para sekabat. Semuné guru lan muridé padha baé enggoné njarag nerak wewaler dina Sabbat, mengkono panemuné para wong Farisi.

Ing dina Sabbat iku uga Gusti Yésus rawuh ing mesjid; ing kono ana wong céko tangané sisih. Dhawuhé Gusti Yésus marang wong céko mau: "Tanganmu athungna!" Sanalika wong mau bisa ngathungaké tangané, pulih waras padha kaya sisihé.

Para wong Farisi sing padha ana ing kono, bareng nyumurupi Gusti Yésus marasaké wong lara ing dina Sabbat, banjur padha rerasan: "Wong iku nglakoni pagawéan ing dina Sabbat, dadi nyawiyah marang dina Sabbat." Wong-wong mau katoné kaya nesu, nanging satemené padha seneng, jalaran nemu dadakan nggugat marang Gusti Yésus. Wong akèh padha neksèni, yèn Gusti Yésus nindakaké padamelan ing dina Sabbat, dadiné nerak angger-angger.

Nanging Gusti Yésus ndangu wong-wong mau, apa wong sing wedhusé kecemplung ing sumur ing dina Sabbat, ora énggal-énggal tumandang ngentas wedhusé. Kuwi rak ya jeneng nyambutgawé ing dina Sabbat. Luwih manèh manusa, sing ajiné ngungkuli wedhus, apa ora kudu dipitulungi, senajana ing dina Sabbat? Dadiné ing dina Sabbat kelilan nglakoni kadarman.

Gusti Yésus ora kekilapan mungguh ing akalé wong-wong mau, lan iku nyalari trenyuhing galihé Gusti. Panjenengané ora béda karo wong liya-liyané enggoné netepi dina Sabbat, pirsa apa isiné angger-angger bab nucèkaké dina Sabbat, mulané ora bakal yèn ngantia nerak angger-angger. Nanging Panjenengané uga wis uninga yèn para wong Farisi padha gawé pranatan manèka warna ing atasé angger-angger dina Sabbat.

Marga saka pokalé para wong Farisi, dina Sabbat sing diparingaké Allah marang umat kagungané minangka dina pangasoan, malah dadi dina sing ngebot-eboti lan ngrubedi uripé. Mitulungi wong mlarat lan wong kasangsaran, nglelipur wong prihatin, nindakaké kadarman lan kabecikan, iku kabèh ora diwaleri ing dina Sabbat. Gusti Yésus kang jumeneng Putrané Allah, iya jumeneng Gustiné dina Sabbat.

Nanging para pangarepé bangsa Yahudi mau, sarèhné wis ngendhem sengit, banjur padha rerembugan bab rékané enggoné bakal nyédani marang Gusti Yésus. Embuh kepriyé akalé, nanging Gusti Yésus kudu disingkiraké, sing tansah dadi klilipé kudu diulapi!

Ora mung sepisan Gusti Yésus ngandikakaké yèn jumeneng Putrané Allah. Kuwi rak ujar goroh lan lalawora, apadéné panyenyamah!

Wis kerep Panjenengané ngandika: "Dosamu kaapura!" Ujar mengkono iku mung nélakaké wataké sing deksura, awit sing bisa ngapura dosa iku rak mung Gusti Allah piyambak, mengkono panemuné para wong Farisi.

Wis tau Panjenengané ndhawuhi wong sing mentas diwarasaké, ngangkat paturoné, mangka mbeneri ing dina Sabbat! Iku digawé tandha-yekti yèn Gusti Yésus iku guru nasar, piwulangé nasaraké saumat kabèh, nganti padha nglakoni panggawé sing murang sarak. Dadi béda banget yèn katimbang karo para ngulama lan wong Farisi, sing tansah mulangaké apa sing becik lan bener.

Ing sawayah-wayah lan ing saenggon-enggon wong-wong mau padha ngojok-ojoki bangsané supaya ninggal Gusti Yésus.

Malah wis tau kelakon, Gusti Yésus nyarasaké wong bisu lan kasurupan dhemit. Wong golongan padha kaéraman nyumurupi kang mengkono iku, nanging ujaré para wong Farisi: "Enggoné nundhungi dhemit iku marga déning panggedhéné para dhemit." Ujar mengkono iku pamurihé supaya wong golongan aja padha ngandel marang Gusti Yésus. Padha baé karo yèn padha duwé ujar mengkéné: "Aja padha ngrungokaké piwulangé, aja ngandel marang mukjijaté; mesthi baé wong kuwi bisa nglungakaké dhemit, jalaran wis sekuton karo panggedhéné para dhemit!"

Nanging pangandikané Gusti Yésus ing atasé wong-wong mau mengku kakancingan kang nggerisi." "Bilai kowé, èh para wong lamis" Gusti Yésus wis pirsa kepriyé bakal paukumané wong-wong mau, jalaran nemaha nglawan marang Gusti Allah.

DADI wis tetèla banget, yèn sugengé Gusti Yésus iku ing sanyatané kebak kaprihatinan.

Èwasemono――ana uga wong-wong sing padha tresna lan pracaya marang Panjenengané klawan gumolonging ati, lan sing padha ngandhemi kasetyané nganti padha diréwangi lara-lapa, kayata para sekabaté, lan para wong sing wis diwarasaké lelarané, lan isih akèh manèh wong-wong sing padha ngrungu lan nampani piwulang pangandikané Gusti Yésus klawan ati lamba ....

Mangka Gusti Yésus wanuh lan nguningani wong mau kabèh. Iku kang wis ginadhang dadi ahli warisé kratoné Allah, langgeng ing salawas-lawasé .... Lan Panjenengané kang jumeneng Juru Slamet lan Ratu Gustiné ing salawas-lawasé ....

Èwasemono .... ing antarané para sekabaté Gusti Yésus ana uga kang ing tembé bakal dadi satru. Wis tau Gusti Yésus ngandika mengkéné: "Aku apa ora milih kowé wong rolas, mangka panunggalanmu siji iku sétan." ... Gusti Yésus mirsa wong-wong mau nganti tekan ing dhasaring atiné. Gusti wis uninga yèn ana muridé siji sing bakal nyidrani, malah ngulungaké Gusti Yésus marang mungsuh. Déné kang dipangandikakaké mau sekabat sing jeneng Yudas.

PANGANCAM-ANCAM marang Gusti Yésus pancèn ora baèn-baèn, nanging sih-katresnané Gusti Yésus isih luwih déning gedhé, temah ora nganti kéguh déning pangancam. Panjenengané ora tau ngedhagaké enggoné nindakaké pakaryané memulang, mitulungi lan nylametaké wong akèh, awit iya sing kaya mengkono iku sing dadi keparengé galihé.

Jagadé wong duraka wis sakuthon arep nganiaya lan nyirnakaké Gusti Yésus. Nanging Panjenengané ora gigrig déning sangsara lan panandhang, kagawa saka gedhéning sih-katresnané sing ora kena dijajagi.

Lan marga saka sih-katresnané mau Panjenengané jumeneng Juru Slamet tumrap sadhéngah wong kang ngéklasaké awaké lair batin dadi kagungané.

NANGING nalika jaman semono durung ana wong kang bisa nyandhak marang eliding lelakon mau kabèh.