Babad Saka Kitab Suci/Tumedhaké Roh Suci

ING kutha Yerusalèm ana riyaya manèh, yaiku riyaya Pentékosta. Ing dalan-dalan kebak wong sing padha teka saka ing désa ngadésa, ndilir lakuné ngener menyang ing padaleman suci. Palatarané padaleman suci jejel riyel wong-wong sing padha arep saos kurban. Wong-wong mau padha ngladèkaké roti kanggo pisungsung goyangan rong iji saka ing omahé dhéwé-dhéwé, iku minangka pisungsung wiwitaning panènan. Sawisé ditampani déning imam, pisungsung mau banjur digoyangaké lan wekasané katumpangaké ana ing misbyah, ésthané kaya ngunjukaké pisungsung marang Allah minangka cihnaning panuwun sokur. Sawisé mengkono banjur ana unining nafiri binarung ing swaraning pamuji, ing kono saumat kabèh banjur padha sujud saos bekti ana ing ngarsané Allah .... Riyaya Pentékosta iku ujubé saos sukur marang Allah sawisé rampung panèn gandum utawa panèn anggur lan woh-wohan liyané. Mulané wong-wong saka désa ngadésa padha budhal menyang Yerusalèm kambi nggawa pisungsung wiwitaning panèn arep disaosaké ana ing padaleman suci. Unjuké saumat kabèh marang Allah wosé mengkéné: "Sadaya ingkang sami tumuwuh, sadaya ingkang sami kaundhuh, punika sadaya peparing Tuwan, dhuh Allah!"

Yèn pinuju riyaya Pentékosta wong Yahudi sing padha teka ing kutha Yerusalèm, ora ngemungaké sing padha manggon ing wilayah Palestina baé, nanging iya sing padha manggon ing tanah liya, ora ngétung adoh utawa cedhak. Mulané ing sajeroné kutha raméné ora jamak, mangka sing tekané saka tanah manca, gunemané iya wis nganggo basa manca lan ora mung basa sawarna.

Raméné saiki padha karo sèket dina kepungkur, nalika ing Yerusalèm ana riyaya Paskah, nalika .... iya nalika ing Yerusalèm ana lelakon sing nggegirisi, sing pantogé ana ing pepunthuk Golgota lan ing patamanané Yusup Arimatéa, nanging wong ing Yerusalèm wis ora ana sing kélingan marang lelakon mau .. Yésus Nasarani? .... Wong ing Yerusalèm wis ora ana sing ngucap ngrasani.

Ujaré para imam: "Kuduné iya mengkono!"

NANGING ana ing salah sawijining omah ora adoh saka padaleman suci para sekabat lan para mitrané Gusti Yésus padha ngumpul, padha bebarengan ngriyayakaké riyaya Pentékosta, apadéné ngunjukaké panuwun sokur marang Allah déné wis paring wuluwetuning bumi minangka rejekiné umat kagungané.

Sepuluh dina kepungkur Gusti Yésus sumengka menyang swarga sarta nilari prasetya yèn bakal ngintunaké Juru Pirembag, yaiku Sang Roh Suci, supaya nyulihi Panjenengané mulang-muruk lan ngayomi para kagungané. Sasuwéné padha nganti-anti rawuhé Juru Pirembag para sekabat dalah sakanthiné kabèh padha ngumpul lan saben dinané tansah padha andon rukun lan tresna-tinresnan, manut miturut dhawuhé Gustiné. Lan samangsa padha ndedonga bebarengan, wong-wong rasané kaya-kaya dadi luwih cedhak karo Gusti Juru Slameté.

Para sekabat mau iya padha ndeleng untabing wong golongan sing padha pating dlidir, nanging émané wong akèh mau padha ora ngerti apa sing dadi gémbolaning atiné para sekabat. Sajatiné para sekabat mau wis padha kumacélu arep ngandhani lan nyritani bab kabungahan gedhé sing sumimpen ana ing atiné, yaiku yèn sing asma Yésus Nasarani iku sanyata jumeneng Sang Mesih sing diprasetyakaké wiwit jaman kuna mula, lan yèn Panjenengané saiki uga kwasa lan kersa nylametaké saben wong sing pracaya marang Panjenengané.

Nanging para sekabat saiki durung diparengaké mbabar apa sing isih kineker kanggo wong akèh, nganti tumeka waktuné Gusti Yésus nuhoni prasetyané. Saiki para sekabat isih lola, jalaran ditilar Gustiné menyang swarga, mangka Sang Juru Pirembag durung rawuh.

NANGING mbeneri riyaya Pentékosta mau, ing sawijining dina wayah ésuk, ana lelakon sing ngéram-éramaké: Rohé Allah rawuh dedalem ana ing atiné para manusa.

Ing dina iku dumadakan ana swara gumrubug saka ing langit, èmperé kaya sentoring angin kang banter, ngebeki saomah panggonané lungguhan para sekabat dalah para kanthiné kabeh .... Mangka ing sajabané omah mau ora ana mididing angin banter.

Nanging wong golongan sing ana ing Yerusalèm, wong-wong sing tekané saka manca negara, bareng ngrungu swara gumrubuging angin banter, banjur padha kumrubut mlebu ing omah pamondhokané para sekabat, arep ndeleng lan ngrungu apa sing kelakon ana ing kono .... Wong-wong mau kabèh padha kagawokan, jalaran weruh ana rerupan kaya geni kang ambyar dadi ilat-ilatan nibani sirahé para sekabat lan para murid liya-liyané sing padha kumpulan ana ing kamar mau. Saya mundhak éram lan gawoké, bareng padha ngrungu wong sing padha katibanan ing geni ilat-ilatan mau padha medhar pangandika nganggo tembung liya-liya basa .... Sing banget ndadèkaké kuwuring atiné yaiku déné wong-wong sing pinangkané saka tanah Asia lan Mesir, saka negara Rum lan tanah Arab, padha ngrungu pangandika mau nganggo tembungé dhéwé-dhéwé. Kepriyé bisané kelakon mengkono?

Temahan wong kabèh padha njenger kagawokan sarta padha sapocapan: "Apa baya tegesé kang mengkono iku?"

Nanging wong-wong Yahudi sing padha manggon ing kutha Yerusalèm, bareng padha weruh sapa sing lagi padha medhar pangandika, sanalika banjur kéingan marang lelakoné Yésus Nasarani .... Karepé wong-wong mau padha arep nyepèlèkaké lan moyoki para sekabat, mula ujaré: "Wong Galiléa iku padha enengna baé, kuwi rak padha kewaregen anggur!"

Kewaregen anggur, dadi mendem? Pétrus ngrungu pamoyoké wong akèh, atiné serik dielokaké mendem, mulané ngadeg dalah para kanthiné sekabat sewelas, nyasmitani wong-wong mau supaya padha meneng sedhéla, awit Pétrus arep nglairaké wirasaning atiné. Pétrus wis ngrasa yèn saiki wis tekan waktuné Sang Roh Suci rawuh lan dedalem ana ing atiné. Mulané atiné ora ngedhap ndeleng wong golongan semono kèhé padha teka ngrubung, malah banget kepénginé arep nyritakaké bab kamulyan lan kaunggulané Sang Mesih sing padha disebut Yésus Nasarani déning wong golongan.

Tembungé Pétrus: "Hé kanca-kanca Yahudi lan kang padha mondok ing Yerusalèm kabèh, prakara iku kawruhana marang kowé, lan tembungku muga tumamaa ing kupingmu. Déné wong iki padha ora mendem kaya kang dadi panyanamu. Aku padha durung nggepok anggur, wayahé rak isih ésuk, lagi jam sanga! Nanging ing dina iki kelakoné apa sing diwecakaké déning nabi Yoèl ing jaman kuna: Aku wis padha kaesokan ing Roh Suci; Rohé Allah wis tumedhak dedalem ana ing atiku. .. Hé kanca-kanca Israèl, padha nilingna pitutur mengkéné iki: Yésus Nasarani, iya Guru pepundhènku, iya kang wis padha koweruhi dhéwé, wis padha kodeleng kasektèn lan kaélokan lan pratandha kang ditélakaké marang kowé .... nanging kang banjur kokaniyaya nganti kosalib lan kosédani, iya Panjenengané iku kang jumeneng Sang Kristus, iya Sang Mesih, nanging émané déné kowe padha nampik marang Panjenengané kaya marang wong duraka. Éwasemono senajan wis kelakon kosédani, Panjenengané ora lestari dumunung ing kubur kawengku ing pati, jalaran Panjenengané iku jumeneng Putrané Allah. Panjenengané wis wungu saka ing padunungané wong mati, banjur sumengka menyang swarga. Saiki Panjenengané pinarak ana ing dhamparé kaswargan lan saka ing kana Panjenengané ngrawuhaké Sang Roh Suci marang aku kabèh para muridé .... Iku wujuding kaélokan sing padha kodeleng saiki.

Hé kanca-kanca Israèl, lan kabèh baé sing padha neksèni lan ngrungu lelakon iki, padha sumurupa yèn Yésus iku kang jumeneng Sang Kristus, Putrané Allah, iya Sang Mesih sing pinasthi rawuh ....

Pada rungokna, Panjenengané sanyata wis rawuh, nanging kowé pada nyalib marang Panjenengané!"

Sawisé Pétrus meneng ....

LAH ing panggonan kono banjur dadi sidhem premanem. Wong-wong sing padha ngrungu critané Pétrus, padha kagèt lan bingung kaworan wedi déning andharané Pétrus mau. Gek kepriyé polahé wong-wong mau, saupama nyata sing dadi critané Pétrus? .... O, saiba gedhéning dosané, déné kumawani nyalib lan nyédani marang Sang Mesih. Wong-wong mau mesthi mèlu kedosan jalaran saora orané wis ngrujuki sédané, mangka sing dicritakaké Pétrus iku kabèh kepara nyata. Wong golongan banjur akèh sing padha nyedhak, banjur pitakon: "Dhuh para sadhèrèk, kula kedah sami nglampahi punapa?"

Pétrus babar pisan ora niyat males ala marang wong Yahudi, jalaran saiki rumangsa dadi abdi sing kudu nglakoni ayahan miturut kersané Gusti lan Guruné, mangka Panjenengané iku ora naté nampik wong sing padha marek ana ing ngarsané lan ngaturaké patobaté. Saiki malah bungah lan gedhé atine déné olèh wewengan nyrítakaké kabar kabungahan gedhé marang wong golongan, yaiku yèn ana pangapuraning dosa tumrap angger wong sing mratobat. Mulané klawan gambira enggoné Pétrus mangsuli pitakoné wong-wong mau, tembungé: "Padha mratobata, lan siji-sijiné panunggalanmu nglakonana kabaptis atas Asmané Yésus Kristus, kang pinurih apuraning dosamu, temahan kowé bakal pada nampani peparing Roh Suci."

KACARITA ing dina iku uga ana wong telung éwu, lanang lan wadon, padha kabaptis lan manjing pracaya marang Gusti Yésus; wong mau kabèh iya padha kapenuhan ing Roh Suci lan padha olèh karahayon ing donya ngakératé.

Wong-wong sing padha mratobat mau pinangkané saka Yerusalèm, saka tanah Asia, saka Mesir lan saka negara manca liya-liyané. Mangka salebar riyaya wong-wong akèh sing padha mulih menyang ing tanah lan negara kamulané karo nggawa kabungahan lan karahayon sing ora bakal bisa oncat saka ing atiné. Lan ana ing papan padunungané dhéwé-dhéwé wong mau padha nyritakaké .... Lan ora ana wong sing bisa ngerti pira cacahé wong ing tanah manca mau sing padha wanuh lan pracaya marang Gusti Yésus lan nampani karahayon langgeng salawas-lawasé. Ora ana sing ngerti kejaba Gusti Allah piyambak.

Mungguh para sekabat dhéwé kepriyé? .... Swara gumrubug èmperé kaya sentoring angin kang banter, sing ngebeki saomah panggonané lungguhan, rerupan geni ilat-ilatan sing nibani sawiji-wijiné wong sing padha kumpulan, pamicara nganggo tembung liya-liya basa sing durung tau digegulang, iku kabèh padha bisa dideleng lan dirungokaké wong akèh, nanging sing tumindak tanpa sabawa lan tumama ana ing batiné para sekabat, iku satemené sing luwih wigati, awit marga saka daya sing ora kasatmripat iku mau para sekabat banjur malih dadi manusa anyar. Saiki Rohé Allah kepareng dedalem ana ing atiné, lan sabanjuré mesthi ora bakal oncat saka ing panunggilé Allah ing salaku-jantraning uripé .... Saiki para sekabat padha ngangah-angah dening katresnan marang sapepadhané tumitah. Derenging atiné mung sawiji, yaiku nyritani wong-wong pepadhané bab kanugrahan lan karahayon kang kaparingaké marang jagad ....

Saiki para sekabat wis ora dadi murid manèh, nanging pantes sinebut para rasul, tegesé para utusané Gusti Yésus sing padha kautus marang jagad martakaké bab sih kadarman lan katresnané Gusti Allah marang para manusa. Saiki para sekabat lagi padha ngerti sakèhing lelakon sing tumindak ana ing sugengé Gusti Yésus, apadéné sakèhing pangandika sing didhawuhaké marang para muride.

Para sekabat padha kaparingan kawicaksanan déning Roh Suci.

KAÉLOKAN sing kelakon ing dina riyaya Pentékosta iku wis pirang-pirang atus taun kepungkur, éwasemono nganti jaman saiki wong Kristen ing sajagad isih padha ngriyayakaké riyaya Pentékosta mau. Nanging tumrapé wong Kristen dudu riyaya panèn utawa riyaya undhuh-undhuhan manèh.

Sing padha diéling-éling yèn pinuju riyaya Pentékosta yaiku gedhéning sihé Allah déné kepareng dedalem ana ing atiné manusa sarana ngrawuhaké Sang Roh Suci. Pentékosta saiki dadi riyaya tunedaké Roh Suci.