Babad Saka Kitab Suci/Wiyosé Sang Pamarta

KACARITA, ana wong loro, lanang lan wadon, padha bebarengan lumaku saka Nasarèt menyang Bètlechèm. Parané adoh, lakuné rekasa, ngliwati dalan sing rumpil lan sungil; bareng wis olèh sawetara dina, mbeneri wayah soré ngarepaké surup srengéngé, saka ing kadohan katon putih-putih témboking kutha Bètlechèm ing sela-selaning punthuk-punthuk sing pating jenggeleg. Wong loro mau wis wiwit ayem atiné, awit kutha sing diparani wis cedhak. Sapa ta wong loro mau? Sing wadon iku Maryam, "kang pinilih déning Allah saka antarané sakèhé wong wadon", lan sing lanang Yusup, garwané.

Sedhéla engkas lakuné wis tekan, mesthiné banjur bisa ngasokaké awaké sing sayah ana ing lusmèn utawa panginepan.

Kurang sedhéla engkas .... lakuné digelak supaya énggal tekan.

Mungguha ditari, mesthiné pilih ora lunga-lunga saka Nasarèt katimbang ndadak lumaku adoh menyang Bètlechèm, tur lakuné rekasa banget, nanging wong loro mau mung saderma nglakoni dhawuh kudu budal menyang Bètlechèm.

Kepriyé mula bukané? Sang prabu Agustus, ratu binatara sing ngerèhaké krajan Rum, wis nyebar dhawuh, supaya kabèh wong sing dumunung ing tanah wewengkoné dicacahaké pira gunggungé. Mengkono uga tumrap wong Israèl. Saben wong sing manggon ana ing tanah Kanaan kudu mulih menyang tanah asal kamulané para leluhuré dhéwé-dhéwé. Mulané Yusup lan Maryam iya kudu ninggal désa panggonané menyang Bètlechèm, yaiku désa asal-kamulané raja Dawud, nalika isih ndhèrèk Isai kang rama, angon wedhus ana ing ara-ara sinambi nganggit lan ngidungaké masmur pamuji.

Maryam lan Yusup mau pancèn isih tedak-turuné sang Prabu Dawud, mung kacèké saiki wis tumiba ing kemlaratan. Upama ora mengkonoa rak wis mesthi nunggang kuldi lelungan saka Nasarèt menyang Bètlechèm. Yusup iku mung dadi tukang kayu ing désa Nasarèt, lan Maryam iya ora tau kawentar isih tedhaking nata.

Éwadéné ....

Yusup mau kasok sih lan setyané marang Maryam. Wis tau Malaékaté Pangéran ngatingali Yusup ana ing pangimpèn perlu maringi pirsa bab kabungahan gedhé sing bakal kelakon, dhawuhé: "Maryam somahmu bakal mbabar putra kakung, iku sira namakna Yésus, marga iya iku kang bakal ngentas bangsané saka ing dosané."

Marga saka iku katresnané Yusup marang Maryam saya mantep. Mung wong loro mau sing padha ngerti bab kaélokan kang bakal kelakon. Polatané katon sumringah padhang mengku kabungahan gedhé, jalaran rumangsa pinitaya nyimpen wewadi kang ajiné ngungkuli rajabrana.

Saya cedhak karo omah panginepan, saya akèh wong ana ing dedalan. Pancèn nalika semono lakuné wong ing dalan-dalan ndilir padha njujug kutha Bètlechèm perlu arep dicacahaké. Nanging wong semono kèhé iku ora ana siji baé sing sapa-aruh marang Maryam lan Yusup, jalaran padha ora wanuh, tur kabèh lagi padha ribut merlokaké butuhé dhéwé-dhéwé. Wong sakloron mau padha nerusaké lakuné karo mlipir-mlipir, ngener menyang ing omah panginepan, daya-daya bisaa ngasokaké awaké sing wis sayah banget. Apa sing bakal kelakon ing bengi iku, mung Gusti Allah piyambak kang pirsa.

WEKASANÉ wong loro mau wis tekan ing omah panginepan. Yusup lan Maryam wis nicil bungah, awit sedhéla engkas bakal bisa ngaso. Nanging saiba gela lan cuwané, jalaran omah panginepan wis kebak wong, ora ana panggonan siji baé sing isih sela, mangka iya ora ana wong sing gelem ngalah ngliyeraké panggonané marang Yusup lan Maryam. Bareng wis tita ora bisa uman panggonan ana ing jero omah, banjur golèk panggonan ing sajabané omah, yaiku ana ing kandang, ana ing kono, awor karo kuldi lan jaran, isih bisa olèh papan pangasoan. Yusup énggal golèk damèn, dijèrèng-jèrèng ana ing lemah dienggo paturoné Maryam sing wis krasa lungkrah awaké déning sayah banget.

Nanging kocapa, ana ing kandhanging kéwan kono, ing panggonan sing sepi wong, lan iya ing bengi iku uga ana lelakon sing adi-aèng lan sing ora bakal kelakon manèh ana ing donya. Ana ing kono Gusti Yésus, iya kang kawastanan Putrané Kang Mahaluhur, miyos, ngagem sarira jabang bayi sing tanpa daya lan sepi banda. Ora ana bayi sing nalika lair mlaraté kayadéné bayi sing dilairaké ana ing kandang kéwan.

Sadurungé lair durung disedhiyani sandhangan bayi, mulané bayiné mung digedhong nganggo gegombalan supaya aja kadheman.

"AJA WEDI, LAH KOWÉ PADHA DAKWARTANI KABUNGAHAN GEDHÉ..."

Paturon kanggo nyèlèhaké bayi iya durung ana, mulané tlawah sing adaté dienggo makani kéwan, banjur dilèmèki damèn dientha dadi paturon bayi. Yusup lan Maryam mung tansah nyawang bayiné mau, atiné kebak kabungahan lan katresnan, nanging iya kebak pakéring.

Sang Jabang Bayi mau ing tembé bakal dadi Sang Juru Slameté. Pawarta bab bakal wiyosé Sang Juru Slamet sing ditimbalaké déning Malaékat Jabraèl, wis dileksanani.

Prakara sing adi-aèng kelakoné klawan sesidheman. Sapa sing bakal ngerti?

KACARITA nunggal sawengi iku uga ing ara-ara Éfrata wewengkon Bètlechèm, ana pangon sawetara padha nginep nuguri pepanthaning kéwané, aja nganti kena kamangsa ing kéwan galak. Pangon mau padha ngrompol jejagongan kaya adat saben, yèn mbeneri petengan.

Nanging dumadakan, ana cahya gumebyar sumorot nelahi petengé wayah bengi, padhangé ngasoraké soroting srengéngé. Para pangon entèk atiné, mripaté sanalika dieremaké jalaran keblerengen. Ing kono ana Malaékaté Pangéran jumeneng ana ing ngarepé, ngagem kamulyan kaswargan kang sarwa gumebyar.

Para pangon padha banget girisé, mung nyipta yèn bakal ngalami prakara kang nggegirisi.

Nanging Malaékat mau banjur ngandika, arum swarané, gawé kepénaking atiné sing padha ngrungu, pangandikané: "Aja wedi, lah, kowé padha dakwartani kabungahan gedhé, kang bakal tumrah marang saumat kabèh, yèn ing dina iki wus miyos Pamartamu, iya iku Kristus, kang jumeneng Gusti, ana ing negarané Dawud .... Déné kang minangka tengeran marang kowé mengkéné: Kowé bakal padha nemu bayi kagedhong sumèlèh ana ing pamakanan ...."

Para pangon sing padha isih gumeter déning kagèt mau, klawan temen-temen nggoné padha ngrungokaké dhawuhé Malaékat. Bareng wis pada nyandak wosing dhawuh, tumuli kagèté sirna sakala, kagentènan rasa bungah kaworan éram.

Apa padha ora salah pangrungu? Apa tememan Sang Mesih sing miyos ing bengi iku, Sang Mesih sing wis wiwit jaman kuna dianti-anti déning para leluhur? Ana ing negarané Dawud, ing Bètlechèm?

Kagawa saka kagumé nyumurupi lelakon kang ngébat-ébati mau, para pangon kabèh padha sujud kambi tumungkul sumungkem ing bumi, mangka pawarta kang mentas dirungu mau banget ndadèkaké gawok, nanging iya gambiraning atiné, senajan durung pati ceța pangertiné.

Lah dumadakan Malaékat kang siji mau ana kanținé golongan bala swarga kang padha bebarengan memuji lan ngluhuraké Allah.

Ing wayah bengi iku uga, wayahé sepi wong, ana ing ara-ara jembar, para malaékat mau padha ngulukaké pamuji konjuk marang Allah, swarané nganyut-anyut ngumandhang adoh, ngungkuli sawernaning kekidungané para tumitah ing alam donya. Para malaékat mau padha memuji ngluhuraké sih palimirmané Allah, déné wis kepareng maringaké Kang Putra piyambak kang kinasih marang para manusa.

Apa manèh pangidungé para malaékat mau iya kanggo ngurmati Sang Jabang Bayi kang mentas miyos ana ing kandhang kéwan. Ratuné bala kaswargan mau tumedhak saka ing swarga kang mulya menyang ing jagad. Panjenengané ngagem sarira manusa awujud jabang bayi, marga déning gedhéning welas lan tresnané marang manusa, kang padha pinurih bisaa olèh karahayon kang sejati.

Para malaékat mau ringkesé padha ngidungaké bab kaluhurané Allah, bab tentrem rahayu kang bakal tumurun ana ing atiné wong akèh, bab maha asihé Pangéran marang para manusa.

Pangidungé mau ngumandhang ing saindengé jagad ngidungaké kabungahan kaswargan, uniné: "Puji konjuk ing Allah ana ing luhur, lan tentrem rahayu ana ing bumi ing antarané manusa kang sinelir!"

Nanging sing padha ngrungu kekidungan mau mung para pangon sing ana ing ara-ara.

Bareng para malaékat wis pada kondur menyang swarga, bareng ing ara-ara wis pulih nyenyet lan peteng ndhedhet manèh, bareng para pangon wis wani guneman manèh, banjur padha nglairaké bungahing atiné lan padha ajak-ajakan tembungé: "Ayo, kanca, padha menyang Bètlechèm saiki baé, ndeleng apa sing mentas didhawuhaké Malaékat mau."

Para pangon ora ana sing duwé pamaido marang dhawuhé Malaékat. Lakuné rerikatan rebut dhisik, daya-daya énggala tekan ing kandhang. Bareng wis tekan, sing katon dhisik dhéwé Maryam lan Yusup, banjur Sang Jabang Bayi, kagedhong, sumèlèh ana ing pamakanan, cocog karo pangandikané Malaékat.

Sang Jabang Bayi, gumléthak ing pamakanan, pinopokan ing gombal-gombalan, papa lan tanpa daya, luwih papa katimbang bayi-bayi liyané ing alam donya, ora katon mencorong mawa praba, nanging para pangon mau ora taha-taha sujud jèngkèng lan ngabekti ana ing ngarsané Sang Jabang Bayi.

Para pangon padha pracaya, yèn Sang Jabang Bayi mau jumeneng Juru Slameté, iya Ratu Gustiné, awit pancèn jumeneng Sang Mesih, sing wis dianti-anti déning para leluhur wiwit jaman kuna mula. Saiki Panjenengané sing dadi panganti-antiné wong sajagad wis rawuh.

Jebul rawuhé mau béda banget karo pangangen-angené para pangon. Panyanané, Panjenengané yèn rawuh bakal ngagem kamulyaning kapraboné ratu agung binatara, utawa enggoné miyos ana ing kedhaton kang sarwa edi-pèni rerenggané, jebul nyatané kosokbali blejed karo pangangen-angené mau.

Bareng wis padha saos bekti, para pangon mau banjur nyritakaké apa sing mentas kelakon ana ing ara-ara lan apa sing padha dirungu saka pangandika lan pangidungé para malaékat. Kabèh mau dicritakaké marang Maryam lan Yusup, lan marang sapa baé sing padha gelem ngrungokaké, marga saka lidhah sinambung utawa gethok-tular, kabar kabungahan mau sedéla baé wis sumebar ing kuta Bètlechèm. Pancèn para pangon ora bisa meneng baé, jalaran atiné mbludag déning kabungahan.

Ing kono Maryam mung tansah ngrungokaké baé. Atiné kebak kabungahan, lan kebak panuwun sokur marang Allah, apadéné saya mundhak-mundhak asih lan tresnané marang kang Putra. Kabèh sing dadi gunemé wong akèh mungguh kaanané kang Putra mau, mung tansah dirungokaké lan disimpen ana ing atiné sarta dilaras-laras. Nanging Maryam durung bisa nyandhak apa wigatiné kaélokan sing semono gedhéné lan mulyané.

KAYA mengkono iku enggoné Sang Juru Slamet rawuh ing donya kang papa lan nista. Dudu para raja utawa ratu agung binathara, dudu para wong sugih utawa wong apangkat, kang padha mahargya rawuhé, nanging sing padha sowan saos bekti iku para pangon, wong papa sing padha sujud jèngkèng ing ngarepé pamakanan kéwan.

Nanging sing mengkono mau pancèn wis dadi kersané, enggoné rawuh ngersakaké ngagem kaanan papa lan nistha, pamurihé supaya bisa mulyakaké lan nylametaké manusa.

Pancèn mengkono kersané, rawuhé ing donya ora nedya maringaké bandha donya lan rajabrana supaya manusa bisa nggayuh kawibawan lan kamulyan, nanging rawuhé nedya maringaké tentrem rahayu ana ing atiné manusa, supaya bisaa sowan manèh ana ing ngarsané Allah, jalaran manusa wis disébrataké saka ing pangayunané Allah marga déning dosané.

Para pangon padha ngrungokaké pangandikané Malaékat, temah padha kumandel, sarta padha bungah-bungah awit wis padha ketemu karo Pamartané, lan bisa nemtokaké yèn bakal rahayu selawas-lawasé.

Sang Pamarta wis rawuh, lan rawuhé mau tumuju marang angger wong kang padha gelem ngrungu dhawuhé lan ngandel.