Babad Saka Kitab Suci/Kasaosaké Marang Pangéran Ing Padaleman Suci
YUSUP lan Maryam enggoné padha ngrumati Sang Jabang Bayi ora béda karo adat kalumrahané wong ing tanah Kanaan yèn pinuju duwé anak. Bareng bayiné wis umur wolung dina, banjur dinamakaké Yésus. Asma Yésus iku kang didhawuhaké Malaékat Jabraèl marang Maryam, déné tegesé: Juru Slamet.
Nalika Gusti Yésus yuswa patang puluh dina, banjur disambut déning Yusup lan Maryam menyang padaleman suci ing Yerusalèm, kasaosaké marang ngarsané Pangéran, netepi dhawuh kang katulisan ana ing angger-anggeré nabi Musa. Sakèhé anak lanang pambarep kudu kasaosaké dadi sengkeren ana ing ngarsané Pangéran. Dhawuh mau wiwit jaman kuna ditetepi déning bangsa Israèl turun-tumurun, mengkono uga déning Yusup lan Maryam.
Ana ing padaleman suci kono, Sang Jabang Bayi banjur kasaosaké marang imam, temah ditumpangi asta déning imam lan diberkahi. Lan ing nalika Sang Jabang Bayi kaulungaké déning kang ibu marang imam, iku mengku rasa kaya-kaya ibu mau ngunjukaké putrané sumaos marang Pangéran.
Nalika Yusup lan Maryam mlebu ing padaleman suci, wong-wong sing padha ana ing kono ora ana sing nggatèkaké tekané wong loro mau dalah Sang Jabang Bayi, jalaran mèh saben dina ana wong nyaosaké anaké marang imam. Mangka wong loro mau iya ketara yèn mung wong cilik baé. Senajan wong loro mau iya ora lali nggawa kurban sing arep disaosaké déning imam, nanging sing digawa mau dudu cempé utawa wedhus, mung manuk deruk sajodho, yaiku kurbané wong sing ora duwé.
Bareng Sang Jabang Bayi diunjukaké déning Maryam marang imam, iya banjur diberkahi déning imam, kaya adaté yèn mberkahi sakèhé anak pambarep. Nanging émané, imam mau babar pisan ora nyana, yèn bayi sing ditumpangi asta lan diberkahi nalika semono iku sajatiné Sang Mesih piyambak. Sapa sing ngerti?
Nalika semono iya ana wong lanang mlebu ing padaleman suci, wong mau wis tuwa banget, pasemoné katon wingit, ngetarani yèn kenceng pangibadahé marang Allah. Yusup lan Maryam ora wanuh karo wong tuwa mau, nanging imam lan wong-wong liyané wis wanuh. Wong tuwa mau jenengé Simeon, wong mursid, prasasat ora tau lowong mlebu ing padaleman suci perlu nyaosaké pangabektiné marang Allah.
Bareng Sang Jabang Bayi dibopong déning ibuné mlebu ing padaleman suci, Simeon banjur mulung astané nambut Sang Jabang Bayi klawan memuji Allah. Mripaté sumorot nélakaké gedhéning kabungahan kang ana ing atiné.
Simeon wis ngerti sapa sing lagi dibopong déning Maryam, jalaran wis kaparingan wangsit déning Allah lantaran Roh Suci.
Wis pirang-pirang taun enggoné wong mursid mau nyenyuwun, supaya diparengna menangi rawuhé Sang Mesih ing sajeroning uripé, iya Sang Mesih kang dadi panganti-antiné umat sajagad wiwit jaman kuna mula. Mangka Gusti Allah wis paring prasetya yèn Simeon bakal ora ngalami mati, yèn durung nyipati dhéwé Sang Jebadané Pangéran.
Lah, saiki, tanpa kanyana-nyana prasetyan mau tinetepan. Simeon banget suka-sukuré marang Allah. Sang Jebadané Pangéran wujudé mung kayadéné jabang bayi liya-liyané, dibopong ibuné, nanging Simeon ora kliru enggoné nampani pamisiké Roh: Lah iku Sang Mesih!
Sang Jabang Bayi banjur dibopong déning Simeon klawan memuji marang Allah, unjuké: "Dhuh Pangéran, ing samangké Tuwan nglilani abdi Tuwan késah klayan tentrem rahayu miturut pangandika Tuwan. Awitdéné mripat kawula sampun ningali karahayon peparing Tuwan."
Yusup lan Maryam mung padha ngrungokaké klawan sumlengeren. Kepriyé ta bisané wong mau ngerti, yèn sing lagi dibopong iku Sang Mesih? Katon cetha wéla-wéla yèn wong tuwa mau banget suka-sukuré, mangka enggoné nyawang Sang Jabang Bayi klawan kasok katresnané. Tetembungan kang mentas diucapaké mau sumengka ing ngarsané Allah apindha kidung pamuji. Apadéné wong mursid mau iya medhar wangsit, yèn ing tembé bakal pirang-pirang wong kang padha pracaya marang Gusti Yésus, temah padha bisa olèh karahayon langgeng, nanging iya bakal akèh wong kang padha gething lan nampik marang Panjenengané. Pangucapé marang Maryam mengkéné: "Atimu dhéwé bakal katuwek ing pedhang!"
Maryam durung bisa nyandak tegesé tetembungan sing winadi mau. Sajaké nélakaké prakara sing nyedhihaké, sing bakal dialami Maryam karana saka kang putra. Nanging kepriyé nyatané, — Maryam durung bisa nyandhak.
Bésuk, let pirang-pirang taun Maryam lagi bisa nyandhak tegesé ....
Sang Jabang Bayi banjur dibalèkaké marang kang ibu, tumuli padha diberkahi déning Simeon.
LAN manèh ing padaleman suci uga ana wong liyané sing wis ngerti marang Sang Timur. Ana wong wadon mursid, sing wis tuwa banget, marani Yusup lan Maryam. Wong mau jenengé Annah. Wis kalok ing akèh yèn Annah mau dadi nabiyah, pirang-pirang taun lawasé ora mèngèng saka ing padaleman suci, rina wengi enggoné nindakaké pangabektiné marang Allah klawan puwasa lan sembahyang. Nalika semono Annah mau banjur maju, nglairaké kabungahaning atiné sarana ngucapaké pamuji sukur marang Allah, apadéné saben wong kang pada nganti-anti marang rawuhé Sang Juru Slamet, arep dicritani yèn ing dina iku mripaté dhéwé wis kelakon nyawang Sang Mesih ana ing padaleman suci.
Sawisé lelakon mau Maryam lan Yusup banjur pada bali menyang ing Bètlechèm, atiné kebak kabungahan, jalaran bayi sing padha dibopong mau ing tembé bakal jumeneng Juru Slameté wong sajagad kabèh, mangka Maryam lan Yusup padha diparengaké ngrumati.
GUSTI Yésus rawuh ing jagad manjalma dadi bayi kang papa lan apes. Bareng lan rawuhé mau ana kabungahan gedhé ing antarané para malaékat kang padha bebarengan memuji, lan ing antarané para pangon kang padha bebarengan saos pangabekti. Mengkono uga iya ana kabungahan gedhé ing atiné para wong kang mursid, kayadéné Simeon lan Annah, lan wong-wong liyané kang padha prayaya marang wigatining lelakon mau.
Nanging — akèh uga wong kang padha ngrungu warta bab kabungahan mau, éwadéné padha ora ngandel. Coba, saupama Sang Jabang Bayi mau miyos ana ing kedhaton kang sarwa mobyor kaéndahané, utawa saupama Sang Mesih mau rawuhé dumrojog tanpa larapan, tumedhak saka swarga ngagem kasektèn lan panguwasa, coba, yèn mengkono kelakoné, kabèh wong mesti padha ngandel. Balik saiki? .... Kepriyé bisané kelakon bayi anaké wong ora duwé, tur olèhé lair baé ana ing kandang kéwan ing tembé bakal dadi Sang Juru Panebus? Sapa sing gelem ngandel? Nanging satemené mesakaké kaanané wong-wong sing padha ora gelem ngandel mau, jalaran padha nampik marang peparing sing semono gedhéné, yaiku Putrané Allah piyambak, peparing sing ora ana imbang-imbangané ing sajagad.