Babad Saka Kitab Suci/Wong Lelaran

RASUL Paul wiwit ngalami sangsara lan pait-getir ana ing sugengé. Sawisé lelana nggelaraké Injil, banjur kondur menyang Yerusalèm lan marga kawangsit déning Roh Suci, Paul pirsa yèn bakal nemahi disangsara lan dikunjara. Wong-wong Kristen ing pasamuwan-pasamuwan sing dipamiti padha ngrasakaké prihatin, jalaran bakal padha ora ketemu manèh karo guru lan panuntuné ana ing alam donya kéné.

Anadéné rasul Paul isih ajeg tatag lan gambira lan ora kagungan was sumelang babar pisan. Wis ana rong puluh taun luwih enggoné ngabdi marang Gusti Yésus klawan setyatuhu, lan saiki ora bakal suwala yèn kudu mungkasi pangabdiné mau klawan nandhang sangsara.

Nalika para mitrané ing Késaréa padha duwé atur panyuwun marang Paul, supaya aja nganti tindak menyang Yerusalèm, wangsulane Paul: "Kowé iku kepriyé déné padha nangis lan nrenyuhaké aku? Aku wis cumadhang ora ngamungaké dibanda, malah senajan kongsia dipatèni ana ing Yerusalèm krana saka Asmané Gusti Yésus, aku ora bakal suwala!"

Dadiné Paul wis cumadhang, malah ing batin ngarep-arep bisaa rawuh ing Yerusalèm manèh arep nyerep-nyerepaké wong Yahudi sing padha keblinger déné nganti wani nyalib marang Gusti Yésus, Pamartaning jagad. Muga-muga bangsané dhéwé saiki aja mangkotaké atiné lan padha gelema mratobat lan ngrumangsani kaluputané, banjur pracaya marang Gusti Yésus. Rasul Paul tansah rumaos prihatin, déné sing pada nampik lan nyatru marang Gusti Yésus iku malah bangsa Yahudi.

KOCAPA sarawuhé Paul ing kutha Yerusalèm, wong-wong Kristen sing dituwèni padha bungah-bungah, mengkono uga ing kalangané wong Yahudi sing padha dadi satruné, nanging kabungahané mau séjé nalaré. Wong sing sengit padha bungah, jalaran saiki bakal padha bisa nandukaké pamales. Lan sing bakal ditanduki pamales iku abdiné Gusti Yésus sing ora tau lowong enggoné neksèni asmané Gustiné ing saben wayah lan ing saenggon-enggon, mangka piwulangé rasul Paul dirungokaké dèning wong maèwu-èwu lan akèh sing padha manjing dadi muridé Gusti Yésus, sing séda kasalib ....

Yésus? .... Wong Yahudi isih kemropok yèn ngrungu tembung Yésus!

Lan Paul? .... Paul iya disengiti, jalaran muridé!

Saiki Paul wani mlebu ing Yerusalèm, bebasan kaya iwak kalebu ing wuwu, wis mesthi ora bakal mrucut manèh saka ing tangané. Wong Yahudi durung lega rasaning atiné yèn durung kelakon maténi Paul!

Nalika Paul wis lereb sawetara dina ing Yerusalèm, banjur mlebet ing padaleman suci. Bareng wong-wong Yahudi sing wis nganti-anti rawuhé Paul, padha meruhi satruné, banjur padha kumrubut ngroyok Paul, temah diglandhang metu saka ing padaleman suci arep dipatèni. Yèn ora ana pitulungan, wis mesthi Paul bakal nemahi mati dikaniaya wong akèh ....

Nanging ora adoh saka ing palatarané padaleman suci ana bètèng sing aran bètèng Antonia, ing kono panggonané para prajurit Rum dalah panèwuné sing jeneng Lisias, sing tinanggenah njaga tata-tentreming negara. Bareng ana sing ngaturi warta yèn wong sanagara Yerusalèm padha busekan kabèh lan gumedèring swara krungu tekan ing bètèng, Lisias banjur énggal ndhawuhi prajurité supaya ngrebut wong sing arep dipatèni saka ing tangané wong akèh. Prajurit Rum sabregada, sing padha sikep pedhang lan tumbak banjur rikatan marani lan ngrebut Paul saka ing tengahé wong Yahudi. Pangrebuté mau kudu dibandhani kakuwatan, jalaran wong Yahudi tandangé kayadéné kéwan galak sing arep direbut memangsané. Nalika Paul arep dilebokaké menyang ing bètèng, wong golongan genti nempuh arep ngrebut Paul, temahan Paul nganti kelakon diusung déning prajurit, supaya aja nganti tumiba ing tangané wong Yahudi manèh. Bareng Paul wis ora kena direbut, wong golongan isih padha alok-alok: "Kasirnakna wong kuwé!"

Nalika Paul arep dilebokaké ing bètèng, banjur matur marang panèwu: "Kula mugi kelilana micanteni dhateng tiyang kathah punika? Panyuwuné Paul diparengaké, mulané banjur jumeneng ana ing dhuwur undhak-undhakan, tumuli kumlawé astané murih sirepé wong akèh. Ora antara suwé wong golongan wis dedep sirep, senajan atiné mangkel, éwasemono iya kepéngin ngrungu apa sing dipangandikakaké Paul.

Paul banjur wiwit nyriyosaké asal-usulé nganti tekan enggoné nindakaké panguya-uya tumrap golongané wong Kristen, atas terang saka pakoné imam agung, lan nganggep awaké dhéwé dadi lawanané Yésus Nasarani dalasan para muridé kabèh. Nanging bareng lagi diutus menyang kitha Damaskus, satekané ing sacedhaké kutha, dumadakan ana cahya gumebyar saka ing langit lan clèrèté nglimputi sarirané.

Paul nyriyosaké enggoné ditelukaké lan ditobataké déning Yésus Nasarani, sing pinarak ana ing swarga, lan sing mirsa lan nguningani samubarang kabèh, lan enggoné diparingi bebahan nggelaraké Injil marang jagad. Paul uga nyriyosaké lelakoné Stéfanus, nalika dibenturi watu nganti mati, mangka awaké sing nunggu sandangané wong-wong sing cancut mbenturi Stéfanus nganti mati .... Bareng critané tekan semono, wong akèh mau banjur alok-alok manèh: "Kasingkirna wong iku, ora arus diuripi!" Kupingé wong akèh wis ora tahan ngrungokaké asma Yésus Nasarani, saben ngrungu tembung mau, banjur muntab nepsuné, semono enggoné padha gething marang Gusti Yésus. Wong akèh wiwit padha busekan manèh, padha bengak-bengok, kambi mbuwangi jubahé lan nyawur-nyawuraké lebu mendhuwur. Panèwu banjur dhawuh nglebokaké Paul marang ing jero bètèng, luwar saka ing pangancamé wong Yahudi, senajan wujudé kayadéné wong tahanan tur nganggo dibanda. Wiwit nalika iku rasul Paul dadi wong lelaran nganti tetaunan.

KOCAPA bareng oleh sawetara dina, ana ing jero bètèng mau Paul disowani bocah lanang, isih kepernah putra kepénakan, sarta bisik-bisik ngaturi uninga prakara sing gawat. Bocah mau ngaturi uninga bab anané paékan sing arep ditindakaké wong Yahudi sing wis padha supata ora bakal mangan lan ngombé, yèn durung kelakon nyédani Paul. Sedyané wong-wong mau dirujuki lan dibiyantu déning para imam. Wujuding paékan sing arep ditindakaké mengkéné: para imam arep ngaturi rembag marang panèwu supaya Paul kasowanaké ing ngarsané pradata manèh sengadi arep ditlesihaké prakarané. Wong-wong mau wis padha miranti arep nyirnakaké Paul sadurungé tekan ing ngarsané pradata. Enggoné padha rerasan mengkono iku klawan sidheman, nanging meksa kebrojol tekan putra kepénakané Paul. Bocah nonoman mau sarèhné ngerti gawating prakara, mulané banjur nékad mlebu ing bètèng ngaturi uninga marang Paul.

Paul midhangetaké aturé mau klawan sedhih, jalaran semono keblingeré wong Yahudi déné nganggep satru marang Gustiné. Satemené Paul ora kagungan kuwatir, éwadéné bocah mau didhawuhi matur dhéwé marang ngarsané panèwu. Sawisé matur saperluné, bocah mau banjur diweling wanti-wanti: "Poma, aja tutur-tutur marang wong yèn kowé wis nglairaké prakara iku marang aku." Sawisé mengkono panèwu mau banjur nimbali panatus wong loro, kadhawuhan, ngungsèkaké Paul menyang kabupatèn. Lan ing wayah bengi iku uga Paul kelakon diungsèkaké nganggo panjagan sing kuwat metu saka ing kutha Yerusalèm menyang kutha kabupatén ing Késarea, dikanthèni layang konjuk ing ngarsané bupati Félik ....

Ing wayah bengi iku wong ing Yerusalèm padha ngerti yèn ana barisan dibudhalaké metu, saka ing bètèng nanging ora ana wong sing ngerti yèn ing satengahé prajurit jaranan ana wongé lelaran, yaiku Paul sing arep diungsèkaké. Mengkono iku patrapé enggoné dioncataké saka ing paékané wong Yahudi.

Gagasané Lisias: "Prakarané saiki dakunggahaké menyang ngarsané bupati Félik, dadi aku wis ora duwé tanggungan manèh. Wong iku satemené ora duwé kaluputan, nanging aku iya ora wani ngluwari."

WONG iku satemené ora duwé kaluputan, mengkono gagasané Félik, bupati Rum sing ngasta pangwasa ana ing wewengkoné tanah kono, nalika mriksa prakarané Paul lan midhangetaké panggugaté wong Yahudi sing padha teka menyang Kesaréa ing ngarsané pangadilan ....

"Satemené ora luput!" ....

Ewadéné Paul ora diluwari, isih ajeg dadi wong lelaran, ditahan déning bupati Félik, jalaran ana pangarep-arepé tampi dhuwit patukon luwaré Paul saka ing tahanan. Paul dadi lelaran nalika jamané bupati Félik nganti rong taun lawasé, mangka ora kabuktèn luputé.

Senajana dadi wong lelaran, nanging para mitrané kena niliki Paul ing sawayah-wayah; apa manèh saiki Paul ora perlu dilebokaké ing sèl kayadéné durjana, nanging ora jeneng merdika temenan, awit tansah dijaga déning prajurit, mangka astané isih karanté.

Nanging sing njalari prihatiné Paul iku dudu prajurit sing jaga utawa ranté sing mbanda astaré, nanging enggoné ora bisa tindak nggelaraké Injil marang jagad. Dadiné Paul ora bisa nindakaké ayahan sing disagahi, éwasemono Paul iya ora grundelan. Paul ngertos uga yèn sakèhé lelakon sing tumempuh ing sugengé iku wis dadi kersané Allah. Paul mung tansah narimah ing sakersané Allah.

KACARITA Félik digentosi kalenggahané déning bupati anyar, asmané Fèstus.

Paul lan para mitrané padha ketuwuhan pangarep-arep bisa énggal dirampungi prakarané. Kepriye wewatekané bupati anyar iki, apa bakal luwih adil lan kendel katimbang Félik, temah wani ngluwari wong sing ditahan tanpa kabuktèn luputé?

Nanging bupati anyar mau ora nimbangi sing dadi pangare-arepé Paul dalah para mitrané. Wong Yahudi padha ngajokaké panggugat manèh sing luwih abot, lan bupati Fèstus, senajan pirsa yèn Paul iku ora duwé kaluputan, malah kagungan kersa ngintun Paul menyang Yerusalèm supaya diadili déning pradatané bangsa Yahudi. Lan kang mengkono iku mung marga saka enggoné kepéngin nglegani atiné wong Yahudi, kayadéné sing ditindakaké bupati Felik. Para bupati Rum sing ngasta pangwasa babar pisan ora menggalih arep nindakaké kaadilan ing samesthiné.

Nanging Paul mangsuli klawan cetha: "Panjenengan piyambak pirsa bilik kula boten kalepatan punapa-punapa, mila kula inggih boten purun dipun adili déning pradatanipun tiyang Yahudi. Menawi kula saèstu lepat, lan kedah kaukum kisas, kula boten lenggana pejah. Nanging yèn boten lepat, kula inggih boten purun dipun dadosaken wadal kanggé nglegani panyuwunipun sawenèhing golongan namung karana pilih kasih. Kula nyuwun sumengka dhateng pangadilanipun Sang Prabu." Bupati Fèstus pirembagan dhisik karo para nayakané, banjur ngandika: "Kowe nyuwun munggah marang Sang Prabu, iya bakal lunga séba marang ngarsané Sang Prabu!"

Nanging kelakoné iku mau iya ora tumuli, jalaran durung ana prau sing arep mancal menyang ing kutha Rum. Paul isih kudu ngentèni sawetara lawasé ana ing kutha Késaréa. Lan ing nalika iku Paul isih kaparingan wewengan nggelaraké piwulang bab Sang Juru Slamet marang wong sawetara.

Kelakoné iku nalika raja Agrippa karo garwané, Berniké, padha rawuh ing dalem kabupatèn ngagem kaprabon, banjur lumebet ing gedhong paséban, arep pinanggih karo bupati Fèstus. Ing kono Agrippa ngandikakaké yèn kepéngin ningali lelaran sing kerep dadi rembagé para panggedhé.

Fèstus banjur dhawuh nyowanaké Paul ana ing ngarsané raja Agrippa lan para priyagung liyané, lan ana ing kono Paul olèh wewengan njlèntrèhaké bab gedhéning sihé Gusti Yésus marang para wong dosa; sapa sing pracaya marang Panjenengané, bakal kapitulungan rahayu.

Para priyagung mau padha muguhaké galihé, awit uripé sing saiki kebak dosa malah dadi pakaremané, eman-eman yèn ditinggala, apamanèh padha ngarani yèn ora ana sing bisa ngungkuli nikmat lan mulyané urip sing saiki, mulané apa perluné ngowahi kaanan sing dianggep sampurna?

Nanging Fèstus banjur nyelani klawan swara seru: "Èh, Paul, kowé ngomyang, kaduk ing kawasisan kang marakaké ngomyangmu iku!" Déné raja Agrippa ngandika semu ngérang-érang: "Mèh baé kowé bisa ngrimuk aku manjing Kristen!"

Para priyagung mau wis padha ngertos marang dalaning karahayon, nanging padha ora kersa ngakoni yèn uripé iku kebak dosa, panganggepé sing ditindakaké iku kabèh wis becik lan prayoga, mulané iya ora mbetahaké pitulungané Sang Juru Slamet, malah para priyagung mau padha kamiwelasen ningali Paul déné kemuluken gagasané lan kedhuwuren gegayuhané ....

Paul banjur dibalèkaké manèh menyang ing pakunjaran.

LAN ana ing kono Paul nganti-anti klawan sabar .... Katentreman lan kabungahan sing ana ing galihé wis ora bakal owah-owah.