Babad Saka Kitab Suci/Wong Limang Èwu Dicadong
KACARITA ing sawijining dina Gusti Yésus karo para sekabaté nitih prau menyang ing sabrangé segara Galiléa murugi panggonan samun perlu arep ndhéwé. Dhawuhé Gusti Yésus marang para sekabat: "Padha asoa sedhéla!" Mulané dhawuh mengkono awit wong akèh padha lunga teka ana ing ngarsané Gusti Yésus nganti ora ngoberaké mangan.
Nanging enggoné padha nglungani wong golongan mau meksa ora olèh gawé. Bareng wis tekan ing sabrang, ing kono wong golongan wis andhèr ngentèni rawuhé Gusti Yésus. Mulané mengkono, jalaran nalika padha mancal menyang ing sabrang padha kaweruhan ing wong akéh. Wong-wong mau banjur padha nututi metu ing dharat menyang ing papan sing dipurugi Gusti Yésus, ndhisiki rawuhé. Dadiné wong golongan mau saya suwé saya mundhak akéh, awit wong saka désa ngadésa padha gumridig lumaku bebarengan arep mapagaké rawuhé Gusti Yésus, kambi nggawa sanak seduluré sing padha nandhang lelara warna-warna. Senajan rekasa lakuné, nasak-nasak ing papan sing ora tau diambah, mangka pinuju panas gumemplang, éwadéné wong-wong mau ora ngétung sayah lan rekasaning laku, waton bisa marek ing ngarsané Gusti Yésus.
Mulané bareng prau titihané Gusti Yésus minggir, wong golongan wis padha ngentèni ana ing pesisir. Saka ing prau Gusti Yésus wis mirsa wong-wong sing wis padha mapan ngentèni lan mirsa uga lakuné wong pirang-pirang anglur-selur ora ana pedhoté marani ing panggonan kono. Senajan wis tita yèn kersané arep padha ngaso ora sida kadumugèn, éwadéné Gusti Yésus babar pisan ora runtik ing panggalih, nanging malah trenyuh ing galih déning welas, awit wong-wong mau prasasat pepanthan wedhus kang ora ana pangoné. Mulané Gusti Yésus kersa jumeneng Pangoné kang utama!
BARENG wis padha munggah ing dharatan, Gusti Yésus banjur wiwit nindakaké pakaryané manèh. Wong golongan padha diwulangi pirang-pirang prakara sing magepokan karo Kratoné Allah, apadéné wong sing padha nandhang lelara padha diwarasaké ... Lan sing padha marek nyuwun pitulungan iku mung tansah teka lunga baé ora lèrèn-lèrèn. Lan ora ana wong siji baé sing ditampik utawa ditundhung legèh.
Wong golongan padha mindeng ngrungokaké piwulangé Gusti Yésus, nganti padha lali wayah, lali mangan, lali yèn mengko isih kudu bali mulih menyang panggonané dhéwé-dhéwé; pancèn wong-wong mau wis lali samubarang — mung marga kasengsem ngrungokaké pangandikané Gusti Yésus.
Nanging bareng wayahé wis lingsir kulon, lan sedhéla manèh srengéngéné ngarepaké wayah tunggang gunung, para sekabat banjur padha ora kepénak atiné. Apa Guruné supé temenan, yèn wayahé wis ngarepaké soré? Mangka wong golongan semono kèhé iku padha ora sangu pangan, lan upama nggawaa sangu, mesthiné wis entèk dipangan. Apamanèh isih kudu diélingi, panggonan ing kono iku samun. Mulané para sekabat banjur marek ngèngetaké Guruné. Sing tansah dipenggalih iku rak mung enggoné arep memulang lan mitulungi, nanging bab pangané wong-wong mau ora dièngeti babar pisan, mengkono panyanané para sekabat. Unjuké marang Gusti Yésus: "Tiyang-tiyang punika mugi sami Tuwan lilani mundur, supados sami késaha dhateng ing dhusun-dhusun ingkang celak tumbas roti, jalaran sami boten gadhah ingkang kateda." Nanging para sekabat ora mikir, apa wong-wong mau padha sangu dhuwit kanggo tuku roti. Wong-wong sing kecingkrangan uripé ora dipikir bisané olèh pangan sarana apa, rumangsané para sekabat wis cukup yèn ngèngetaké Gusti Yésus, jalaran ing semu Panjenengané supé marang kabutuhané wong golongan.
Gusti Yésus banjur mangsuli, pangandikané: "Kowé baé padha mènèhana mangan!" Lho, kepriyé bisané mènèhi mangan wong semono kèhé? Sing padha andhèr ana ing-ara-ara kono wetara wong limang èwu, durung kepétung wong wadon lan bocah-bocah. Nanging pangandikané Gusti Yésus mau kanggo ndadar kepriyé panemuné para sekabat, sebab Gusti wis nguningani sadurungé apa sing bakal ditindakaké.
Ing kono unjuké Filippus, salah sawijiné sekabat: "Senajan kula sami késah ngupados roti, roti pengaos kalih atus dinar boten nyekapi tiyang semanten, murih sageda kawradinan nyakedhik." Pangandikané Gusti Yésus: "Kowé duwé roti pira? Padha lungaa mriksa!" Sawisé dinyatakaké, sawijining sekabaté Gusti, Andréas, banjur munjuk: "Punika wonten laré ingkang mbekta roti sair gangsal kaliyan ulam loh kekalih, nanging punika nggawer, punapa kanggé tiyang semanten kathahipun?" Gagasané Andréas: "Roti mung limang iji lan iwak loh loro yèn dipangan wong loro utawa telu baé durung karuwan maregi, apa manèh kanggo wong golongan semono kèhé! Beciké Gusti énggal paring dhawuh supaya wong-wong iku mulih menyang panggonané dhéwé-dhéwé. Nanging Gusti Yésus banjur ngandika: "Prènèkna, tampakna ing Aku; wongé padha konen lungguh kepungan nyèket-nyèket ana ing pasuketan." Para sekabat ora suwala manèh; banjur padha nglakoni apa sadhawuhé Guruné. Bareng roti lan iwak mau wis kasaosaké, wong golongan banjur padha dikon lungguh krompolan nyèket utawa nyatus ana ing pasuketan. Kebeneran banget déné papan ing kono jembar.
Nanging para sekabat durung bisa nyandhak apa sing dikersakaké déning Guruné. Apa roti karo iwak semono iku arep diagem nyadhongi wong sing cacahé pirang-pirang èwu kaé? Para sekabat ora wani munjuk apa-apa, mung ngingetaké Guruné klawan pakéring.
Ing kono Gusti Yésus jumeneng ana ing pepunthuk ingadhep déning para sekabat lan sinawang déning wong golongan pirang-pirang èwu. Sawisé mendhet roti lima lan iwak loro mau, banjur tumenga marang langit saos sokur marang Allah lan nyuwunaké berkah, kaya patrapé sawijining bapa kang ndedonga nyuwun berkah sadurungé kembulan mangan karo anak-anaké. Roti lan iwak mau banjur dicuwil-cuwil, sarta diparingaké marang para sekabat supaya kaladékna marang wong golongan, banjur padha mangan nganti sawaregé. Mesthi baé para sekabat ribut enggoné ngladeni wong semono kèhé nganti padha kawratanan kabéh. Durung tau ana lelakon sing kaya mengkono éloké, wong limang èwu punjul padha dicadhongi mangan mung nganggo roti limang iji lan iwak loro. Para sekabat lan wong golongan padha ora bisa nduga iba sekti lan kwasané Guru lan Gustiné, lan iba élok lan mulyané sing dadi Juru Slameté! ... Mangka mauné para sekabat padha duwé panyana, yèn Gusti Yésus ora menggalih marang kabutuhané wong-wong sing padha kesayahan lan keluwèn, jebul saiki wong semono kèhé kabèh padha kapanduman cadhong sawaregé lan siji baé ora ana sing keliwatan. Sawisé padha wareg, para sekabat isih wira-wiri mlaku nglumpukaké cuwilan turahan, olèh rolas wakul kebak isi cuwilan roti, yaiku sisané cuwilan sing ora nganti kepangan. Roti mung limang iji lan iwak loro, bareng dicuwil-cuwil, kena dienggo nyadhongi wong limang èwu punjul, mangka isih ana sisané rolas wakul kebak!
Wong golongan bareng wis padha ndeleng pratandha kaélokan kang ditindakaké Gusti Yésus mau, banjur padha ngucap: "Sanyata iku Kangjeng Nabi kang rawuh ing jagad!"
Wong semono kèhé mau kabèh padha marem lan lega atiné, déné kaparingan nabi gedhé sing kagungan kasektèn lan pangwasa linuwih, mulané padha maju nyelaki Gusti Yésus ....
Nanging Gusti Yésus piyambak malah katon sekel galihé nguningani pangangsegé wong golongan. Para sekabat iya ngétokaké gambiraning atiné kayadéné wong golongan, nanging iku mung muwuhi trenyuhing galihé. Kepriyé ta nalaré?
Jalaran Gusti Yésus wis mirsa yèn wong golongan mau wis padha nunggal sedya mboyong Panjenengané klawan peksa arep dijumenengaké ratu ing kutha Yerusalèm, ngerèhaké bangsa Israèl kabèh.
Pangrantaming atiné wong golongan iku mengkéné: "Panjenengané iku linuwih ing kasektèné nganti bisa maringi pangan wong pirang-pirang èwu prasasat tanpa sarana; yèn mengkono Panjenengané mesthi kagungan pangwasa nyingkiraké bupati Pilatus utawa raja Hérodhès dalah sawadyabalané kabèh, apadéné wong-wong liyané kang padha nandukaké pamisésa marang bangsa Israèl, lan banjur jumeneng ratu pinarak ana ing dhampar kepraboné Dawud, jumeneng ratu agung binathara, kaloka ing jagad!" Gémbolaning atiné wong golongan kaya mengkono iku wis kapirsan déning Gusti Yésus.
Nanging rawuhé Gusti Yésus marang jagad iku ora kagungan sedya jumeneng ratu ing jagad. Para raja ing jagad ing wekasan bakal sirna dalah sakamulyan lan kawibawané. Panjenengané kersa jumeneng Ratu Kaswargan, ngratoni para wong sing padha manjing pracaya marang Panjenengané, lan Kratoné iku ora bakal sirna ing salawas-lawasé.
Wong-wong mau satemené mesakaké banget, jalaran isih padha cupet nalaré. Sing dikepéngini iku mung kraton cilik tur ora langgeng; déné kraton sing gedhé lan langgeng ing salawas-lawasé padha ora dingertèni. Iku mau sing njalari trenyuhing galihé Gusti Yésus.
Pancèn dudu kersané Gusti Yésus ngadegaké kraton ing jagad!
Ing kono para sekabat banjur padha didhawuhi nunggang prau manèh mancal menyang ing sabrang sadurungé wayah bengi. Déné Gusti Yésus ngersakaké kantun piyambak ana ing kono. Wiwitané para sekabat padha mopo . Apa ta perluné déné kadhawuhan padha lunga? Rak wis mèh tekan saaté wong golongan njumenengaké ratu marang Guruné! Éman banget yèn ngantia wurung!
Sarèhné mengkono, para sekabat nganti padha dipeksa déning Gusti Yésus munggah ing prau. Para sekabat iya banjur padha ngéstokaké dhawuhé Guruné, senajan abot rasaning atiné. Mengkono uga wong golongan banjur padha dililani mundur. Kabèh padha ora ngerti, généya Panjenengané kok ora kersa dijumenengaké ratu. Senajan ora ngerti, wong golongan banjur padha bubaran mulih sowang-sowangan menyang panggonané dhéwé-dhéwé, atiné kebak kabungahan lan suka sokur déné padha kepareng ngalami sih kawelasané Gusti Yésus.
Gusti Yésus mirsani wong golongan padha bubaran, kabèh padha katon bungah marga mentas padha kaparingan mangan sawaregé, nanging émané déné padha ora ngerti yèn Gusti Yésus kwasa maringi kang luwih aji tinimbang roti, yaiku karahayon kang langgeng ...
Bareng wis bengi Gusti Yésus kantun piyambak ana ing kono, banjur minggah ing gunung, kersa ndedonga, marek marang ngarsané Allah Sang Rama kang pinarak ing swarga.