Babad Saka Kitab Suci/Tindak Napak Ing Segara

KACARITA nganti sawetara suwé Gusti Yésus enggoné miyambak ana ing gunung, nutug enggoné marek ana ing ngarsanè Allah Sang Rama. Bareng wis ngarepaké wayah bangun ésuk, Gusti Yésus lagi mandhap saka ing gunung.

Kocapa para sekabat sing padha lelayaran ing segara, bareng wis wayah lingsir wengi, prauné katempuh ing prahara. Anginé nampek, mulané para sekabat rekasa banget enggoné ndhayungi prauné, mangka aluné gedhé-gedhé. Katoné para sekabat wis ora keconggah nanggulangi pangamuké ombak lan angin gedhé. Saka kadohan Gusti Yésus nguningani karépotané para sekabat mau. Senajan wayahé wengi peteng ndhedhet, tur ana ing tengah segara, adoh lor adoh kidul, Gusti Yésus meksa pirsa apa sing dialami para sekabaté, dalasan was sumelanging atiné iya wis diuningani uga. Gusti Yésus iku pancèn maha wikan, nguningani samubarang, para kagungané kabèh kapirsan, siji baé ora ana sing ketriwal.

Sawengi iku para sekabat rumangsa kuwalahen enggoné arep nyratèni prauné sing kaya-kaya ora gelem dikemudhèni. Wiwit soré anginé wis nampek. Senajan wis padha ngetog kakuwatan lan kaprigelané nglakokaké prau, éwadéné prauné prasasat ora ana ajuné babar pisan, sakèhing kangèlané para sekabat muspra tanpa gawé. Angin lan ombak ing segara sangsaya suwé sangsaya mundhak santer lan gedhé, déné para sekabat malah sangsaya entèk akalé lan tanpa daya.

Mangka nalika semono Gusti Yésus ora ana ing cedhaké, kaya dhèk anu kaé. Senajana Panjenengané saré manèh, mesthi ora bakal diwungu, jalaran para sekabat wis padha ngandel, yèn Panjenengané kuwasa ngayomi para sekabat, senajan saré pisan .... Nanging saiki Panjenengané ora ana ing prauné, isih kari adoh ana ing dharatan, malah ana ing gunung .... Para sekabat ana ing satengahing bebaya rumangsa kijènen lan koncatan pangayoman. Para sekabat kekes atiné déning jumeguring ombak lan gumrubuging angin banter. Dumadakan .... para sekabat padha njerit: "Memedi! .... Memedi!", jalaran padha weruh ana rerupan kaya wong mlaku ing segara, ing sadhuwuring alun! .... Mangka rerupan mau saya suwé saya nyedhaki prauné. Rerupan mau mesthiné memedi, awit yèn wong lumrah, mangsa bisaa napak ing banyu. Ing kono para sekabat banjur padha ngrungu yèn diaruh-aruhi déning rerupan mau, lan padha ora pangling swarané: iku swarané Guruné dhéwé! Pangandikané: "Padha diénak atimu! Iki Aku, aja wedi!"

Swarané cetha swarané Gusti Yésus! Dadi nalika padha rumangsa kijènen, satemené babar pisan ora kijènen, jalaran Gustiné wis ana ing sacedhaké. Panjenengané saka kadohan wis pirsa karépotané, mulané énggal tumedhak saka ing gunung, banjur njujul para sekabat ing segara perlu paring pitulungan. Gusti Yésus ngagem pangwasané tindak napak ing banyu segara kayadéné tindak ana ing dharatan.

Bareng Pétrus ngerti yèn sing ngandika iku Gustiné, banjur ènggal munjuk: "Dhuh Gusti, menawi èstu Tuwan, kawula mugi Tuwan dhawuhi murugi napak ing toya." Dhawuhé Gusti Yésus cekak aos: "Maraa!"

Pétrus, sing cukat tandang-grayangé lan ora tau duwé wedi, bareng ngrungu dhawuh mengkono mau, énggal banjur anjlog saka ing prau tumapak ana ing banyu lumaku marani Gusti Yésus. Gusti Yésus sing dhawuh, Pétrus mung saderma nglakoni, mulané atiné tatag, wani napak ing banyu kayadéné ana ing dharatan. Klawan bungah mripaté nyawang marang Gustiné. Senajan awaké kombak-kombul katut ing obahing banyu, senajan sikilé kasempyok ing ombak, éwadéné Pétrus terus mlaku marani Gustiné. Nanging bareng méngo sedhéla, ngingetaké ngiwa nengen, weruh angin gedhé lan alun gegulungan, banjur maras atiné. Kakendelané lan kapracayané marang maha-kwasané Guruné sirna sanalika pindha merkètèké geni klaras kobong, murub sedhéla banjur sirep. Bareng Pétrus léna ora ngawasaké Gustiné, jalaran méngo ngiwa nengen sumurup kaancam ing bebaya gedhé, ing sanalika iku uga Pétrus banjur maras atiné, lali marang maha-kwasané Gusti Yésus. Bareng karo sirnaning pangandelé Pétrus krasa sikilé ambles ing banyu, tumuli sambat: "Dhuh Gusti nyuwun tulung!" Pétrus énggal dicepeng déning Gusti sarta dipangandikani: "Èh wong cupet ing pangandel, yagéné teka uwas?"

Yagéné? .... Pétrus ora ngaturi wangsulan, jalaran rumangsa isin. Satemené Pétrus ora perlu maras lan wedi, jalaran wis ngerti, yèn Gustiné iku kang murba-misésa ombak lan prahara. Saiki Pétrus rada kisinan, jalaran pangirané duwé kakendelan lan kapracayan ngungkuli para sekabat liya-liyané, nganti wani tumapak ing segara, jebul saiki dipangandikani: "Èh wong cupet ing pangandel!" Pétrus rumangsa isin!

Bareng wis padha minggah ing prau, angin tumuli mendha. Para sekabat liya-liyané iya padha rumangsa kawirangan ana ing ngarsané Guruné awit padha kapirsan enggoné padha maras atiné lan cupet pangandelé bareng katempuh ing ombak lan prahara; Gusti Yésus iya pirsa enggoné padha nandhang was lan sumelang ana ing satengahing bebaya. Yagéné padha ora duwé pangandel marang Guru lan Gustiné? Senajana adoh, Panjenengané rak kwasa maringi pangayoman! Apa kaélokan bab roti lan iwak durung nyukupi kanggo nuwuhaké pangandel marang maha-kwasané Gusti Yésus?

Ing kono para sekabat kabèh banjur padha marek sujud marang Gusti Yésus, unjuké: "Saèstu Tuwan Putranipun Allah!"

Wayahé wis byar-ésuk; ing sisih wétan katon trontong-trontong plethèking srengéngé.