Babad Saka Kitab Suci/Yochanan Pambaptis

WIS telung puluh taun kepungkur, wiwit nalika Malaékat Jabraèl ndhawuhaké pawarta kabungahan, kang kapisan marang Zacharyah lan kang kapindo marang Maryam.

Nalika semono miturut dhawuhé Gusti Allah, Yochanan lair ana ing salah sawijining panggonan ing pagunungan ing tanah Yahuda, lan sawetara sasi manèh Gusti Yésus miyos ing kandang Bètlechèm.

Lelakon iku mau saiki wis ana telung puluh taun kepungkur. Sapa sing isih ngéling-éling lelakon mau? Sapa sing isih ngucap ngrasani garwané imam sepuh sing mbabar putra kakung? Utawa anaké tukang kayu ing Nasarèt?

Sing akèh-akèh wis padha lali lan sing biyèn kerep ngrasani, wis padha meneng karepé dhéwé; lelakon sing biyèn dadi pocapané wong akèh, saiki wis kesilep.

KOCAPA .... ana tembang rawat-rawat ujaré bakul sambiwara, miturut gotèké wong akèh: "Lah saiki ana wong madeg nabi, sing ngundhangaké patobat ana ing pinggiré kali Yardèn. Pangandikané bola-bali: Padha mratobata, marga kratoné swarga wus cedhak!"

Pawarta mau njalari wong pirang-pirang padha irid-iridan marani panggonané nabi anyar mau, perlu arep weruh lan arep ngrungokaké.

Ujaré sawenèh: Wong iku nabi!" Ana kang sumambung: "Bokmenawa nabi Éliyah sing rawuh manèh!" Critané sing padha weruh, nabi mau pangagemané pasaja banget, kang kagawé mung wula unta, sarta ing lambungé apaningset walulang. Déné kang kadhahar mung walang lan madu alas. Piwulang sing digelaraké mung nuju marang patobat, wong-wong sing ngrungokaké pada diélingaké mungguh ing dosané, padha dipituturi supaya mratobat lan ninggal sakèhing panggawéné kang ala. Yèn wis padha mratobat, banjur dibaptis ana ing kali Yardèn. Kayadéné reregeding awaké katut ing ilining banyu, mengkono uga nyawané iya karesikan saka ing kanajisané. Baptis iku mau, kang katindakaké sarana diselulupaké ing banyu, tumrapé wong sing padha nggetuni dosané lan mratobat, minangka tanda cap yèn Gusti Allah wis kepareng ngapunten dosané. Kejaba iku sing katon murgan ana ing piwulangé nalika semono, yaiku: nabi mau tansah ngundhangaké pawarta bab rawuhé Sang Mesih, kang tumuli bakal manggihi umat kagungané.

Ana sawenèh kang kandha yèn nabi anyar putrané imam Zacharyah karo kang garwa Élisabèt, namané Yochanan. Lan marga saka enggoné tansah mbaptisi wong, namané katelah Yochanan Pambaptis.

Lelakon iku mau pancèn kalebu élok. Wis 400 taun lawasé ing tanah Israèl ora ana nabi. Dumadakan saiki ana utusané Pangéran, timbulé saka ing ara-ara samun. Mangka sing digelaraké iku prakara sing banget nengsemaké: "Sang Mesih tumuli rawuh!"

Wah, méndahana yèn kelakon temenan kaya sing diwulangaké iku! Jaman semono kena diarani jaman sing peteng kanggoné bangsa Israèl. Sasurudé raja Hérodhès Agung, kang gumanti madeg nata putrané kang asma Archelaus, nanging dilungsur saka ing kaprabon déning kaisar ing Rum. Nanging saiki, kaanané negara saya mundak kisruh. Tanah Yahudi saiki dierèhaké déning para bupati Rum, sing padha ora disenengi déning kawulané, kayata: Pontius Pilatus, salah sijining bupati sing banget digetingi bangsa Yahudi ... Wah, kapinujon ing mangsané temenan, saupama saiki Sang Mesih rawuh, banjur ngluwari bangsané. Wis mesthi bangsa Yahudi bakal gumrégah sabaya-pati ndhèrèkaké tindaké Sang Mesih nggempur mungsuhé. Yèn mengkono bangsa lan tanah Israèl bakal merdika manèh, kaya ing nalika jaman kuna .... Wah, méndahana yèn kelakon temenan!

Ing sawrataning tanah sabangsa kabèh padha geter lan ngeres, bareng ngrungu panguwuh-uwuhé Yochanan Pambaptis ana ing sapinggiré kali Yardèn, mengkéné: "Padha mratobata, marga kratoné swarga wus cedhak!"

Saka ing kéblat papat lakuné wong-wong ndlidir marani panggonané Yochanan: wong tani saka ing laladan Yudéa, para pangon saka ing imbangé kali Yardèn, lan para wong misaya iwak saka tanah Galiléa, juru mupu béya, prajurit, para Farisi lan para Saduki, wong cilik dalah para panggédhé ....

DELENGEN ta Yochanan Pambaptis kaé, kaé, ing sapinggiré kali! Delengen kaé, tingalé mancereng mirsani wong golongan, astané diacungaké kaya arep élik-élik, lan rungokna swarané, sora lan adreng pangungsedé: "Mratobata, tobata saka ing pialamu! .. Wadungé wus tumèmpèl ing poké wit, lan saben wit kang ora metokaké woh kang becik, iku kategor lan kacemplungaké ing geni!"

"ÈH TETESANING ULA BEDHUDHAK!"

"Mratobata? Selak mokal!" mengkono panyanané wong akèh." Apa aku padha tukang gawé piala? Samangsa Sang Mesih rawuh, Ratu kang wis diprasetyakaké, aku mesthi padha saguh nglawan bangsa Rum. Nanging apa gunané padha keduwung lan mratobat? .... Apa ta sebabé? .... Apa ta karepé?

Nanging ana uga wong kang padha nyandhak pangandikané nabi Yochanan. Sing padha ngerti, mung padha tumungkul awit saka rumangsaning atiné. Wong-wong mau padha ora sélak, yèn pancèn padha dosa lan yèn pancèn kerep gawé trenyuhing galihé Pangéran marga saka pialané. Osiking atiné mengkéné: "Saupama aku padha dadi wit-witan kang padha ora metokaké woh kang becik, wis mesthi aku padha ditegor lan kacemplungaké ing geni." Mulané banjur padha nyuwun priksa marang nabi Yochanan: "Kula sami kédah nglampahi punapa?"

Yochanan mirsani wong-wong mau, ana kang sugih, ana kang mlarat, kang andhap-asor lan kang ambek sumakéyan. Yochanan iya pirsa sapa-sapa ing antarané wong golongan iku sing angkara-murka, ora tau ngélingi sapadha-padhané.

Wong-wong mau padha didhawuhi mengkéné: "Sapa kang duwé kotang loro, mènèhana kang ora duwé, kang duwé pangan, iya kaya mengkono uga." .... Pangandika kang mengkono mau ngemu rasa mengkéné: "Padha tresnaa marang sapepadhanira, lan wong miskin iku padha pandumana saka kalubèrané barang darbèkmu."

ANA uga juru mupu béya sing padha sowan. Wong mau iya kalebu bangsa Yahudi, nanging padha ngawula marang bangsa Rum. Wong-wong mau padha nyaosaké dhuwit marang para kang nyekel pangawasa, sumurup tebasaning dhuwit pajeg, mulané wong-wong mau padha diwenangaké mupu béya utawa pajeg saka kawula tunggal bangsané dhéwé. Mangka adaté pajegé mau banjur diundhakaké tikel tekuk. Mulané para juru mupu béya mau digethingi lan dianggep asor budiné déning bangsané. Ujaré wong akèh: "Juru mupu béya iku ora béda karo maling lan budhaké bangsa Rum. Wis ora pantes yèn disebuta wong Israèl."

Éwadéné juru mupu béya mau iya padha sowan ing ngarsané Yochanan. Klawan isin lan wedi padha matur: "Guru, kula sami kedah nglampahi punapa?" Wangsulané Yochanan: "Aja padha mupu luwih saka kang kapancèkaké marang kowé." Yochanan wis pirsa, apa dosané wong-wong mau sing gedhe dhéwé.

Para prajurit iya ana kang padha matur pitakon: "Menggah kula, kula kedah sami nglampahi punapa?" Yochanan iya ora kekilapan mungguh ing kaanané para prajurit Rum mau, enggoné padha seneng nganiaya lan njarah rayah. Wong-wong mau padha didhawuhi mengkéné: "Aju ngrubedi utawa nggegiri wong, nrimaa ing blanjamu.

Tanpa wilangan cacahé sing padha sowan. Mangka wong-wong mau padha dipangandikani bab gedhéning dosané, lan kabèh padha didhawuhi: "Mratobata!"

Lan sapa sing keduwung lan nyumurupi déwé bab dosané, apadéné sumeja ngabekti lan tresna marang Allah, banjur padha dibaptisi déning Yochanan. Gusti Allah piyambak kang ngosikaké atiné wong-wong mau, temah nganti padha bisa mratobat. Pancèn gedhé sih kadarmané Allah marang wong dosa, sepira-piraa gedhéning dosané manusa, Gusti Allah isih kagungan pangapura.

NANGING——bareng sing padha sowan iku golongané para Farisi, yaiku wong-wong Yahudi sing awatak angkuh lan gumeridhung, sing tekané mrono mung kagawa saka enggoné kepéngin weruh nabi anyar, lan gémbolaning atiné saupama ditembungaké, ujaré mengkéné: "Aku iki rak isih padha tedhak-turuné Abraham, aku padha wong becik, lan nglakoni kabèh sing kasebut ing angger-anggeré Musa, ora ana sing keliwatan siji-sijia, malah sadhuwuré iku. Apa perluné aku padha dikon mratobat?" .... lan nalika ing kono iya katon ana golongané para Saduki, yaiku wong-wong sing wataké ora perdulèn, ketara saka ènceping lambéné, — ing kono Yochanan banjur muntab dukané, lan sereng pangandikané: "Èh tetesaning ula bedhudhak! .. Yochanan wis pirsa lamising kamursidané, gumendhunging atiné lan wataké sing ora perdulèn, mangka Yochanan iya pirsa, yèn iku mau mung dadi pangéwan-éwan ana ing ngarsané Gusti Allah.

JELJEL riyel wong kang padha sowan marang ing ngarsané Yochanan; ana sing padha bisik-bisik rerasanan, bokmenawa Yochanan iku Kristus, iya Sang Mesih Piyambak.

Nanging bareng Yochanan midhanget rerasanan mengkono mau, banjur wiwit manèh nggelaraké bab kawontenané Ratu kang bakal rawuh, pangandikané: "Ora, dudu aku kang kasebut Sang Kristus, nanging kang rawuhé anungka aku iku kuwasané ngungkuli aku, yaiku kang jumeneng Sang Mesih. Aku? .... bok nguculi jangeting trumpahé baé aku ora patut. Panjenengané iku Mahaluhur lan Mahasuci. Aku? .... tekaku mung nglantaraké pawarta mau marang kowé."

Sing akèh-akèh wong-wong mau wis padha ngerti, yèn wis dadi adat lan kalumrahan, samangsa ratu arep rawuh, mesthi ana cecala kang lumaku ndhisiki tindaké ratuné, perlu ngrata dalan kang bakal diambah. mbukak dalan nratas alas. utawa rawa-rawa, ngunggahi gunung utawa ngedhuni jurang lan ngliwati kali. Dalan sing ménggak-ménggok lan mendhak mendhukul kudu digawé lempeng lan rata .... Lah kaya mengkono iku perluné Yochanan rawuh, rawuhé luwih dhisik kadhawuhan nyawisaké dalan, dadi cecala, ndhisiki rawuhé Sang Mesih, mulané pangandikané Yochanan ngumandang seru: "Padha nyawisna margi ambah-ambahané Pangéran! Sang Prabu tumuli rawuh!" ....

Nanging mung sethithik sing ngerti, yèn enggone padha kudu mbagèkaké rawuhé Sang Prabu samangsa rawuh, iku kudu nganggo ati kang lembah lan andhap-asor, nelangsa lan mbangun-turut. Lan manèh rawuhé Sang Prabu ora bakal ngagem kaluhuran lan kamulyan, apadéné kratoné iku dudu kraton kadonyan.

"Padha mratobata, marga kratoné swarga wus cedhak!" kaya mengkono enggoné Yochanan saben-saben miwiti wulangané. Éman, ora akèh sing padha ngerti, yèn nabi anyar mau nggelaraké wulangan bab pangapuraning dosa lan bab katentremaning ati, kang bakal diparingaké déning Sang Mesih marang angger wong kang pracaya marang Panjenengané.

KACARITA, ing nalika Yochanan lagi memulang lan mbaptisi wong, ana Priya nyelaki Yochanan. Sajaké durung ana wong sing wanuh marang Priya mau, mulané iya ora ana sing nggatèkaké.

Nanging nalika Yochanan maspadakaké Priya mau, banget ngungun galihé, saya manèh bareng Priya mau nglairaké kersané supaya kabaptisa. Yochanan ora uwis-uwis enggoné ngungun, awit prakara mau dianggep nglengkara kelakoné. Yochanan ketara banget enggoné hurmat lan éring marang Priya mau; apa saiki Yochanan kelakon mbaptis Panjenengané kaya déné enggoné wis mbaptisi wong-wong liyané? Yochanan mopo ngleksanani pamundhuté Priya mau. Unjuké marang Priya mau: "Kawula ingkang perlu Tuwan baptis, mangka Tuwan teka murugi ing kawula?" Nanging Priya mau puguh, pamundhuté kudu dileksanani. Ing kono Yochanan tumuli sumarah.

Priya mau banjur diaturi medhak ing kali Yardèn, nganti kelakon slulup ing banyu .... Sawisé kabaptis, banjur mentas saka ing banyu. Nalika semono tumuli ana prakara sing banget ngéram-éramaké: swarga katon kabuka, sarta Rohé Allah tumedhak pindha manuk dara, nedhaki sarirané Sang Priya mau. Ing kono banjur ana swara saka ing swarga, iya pangandikané Allah piyambak: "Iku Putraningsun, kekasihingsun, kang sinelir ana ing ngarsaningsun."

Yochanan banget ing pangunguné, nanging atiné ngrasakaké kabungahan kang tanpa upama gedhéné. Saiki wis yakin yèn Priya iku mau Yésus, Putrané Allah, Sang Mesih, Ratu kang pinasți rawuh! Saiki wis rawuh, malah jumeneng ana ing kali Yardèn! Lèjeming polatané Yochanan nélakaké kabungahan kang saka ing swarga pinangkané. Nanging Gusti Yésus ora terus amor karo wong akèh ing kono, amarga durung tekan wanciné! Kaya déné rawuhé ing kono mau tanpa sabawa, mengkono uga enggoné késah iya tanpa sabawa.

Yochanan iya maspadakaké tindaké Gusti Yésus nganti ora kasatmripat, kaaling-alingan ing pepunthuk, ana ing pasamunan, panggonan kang sepi.

SAIKI wis kelakon Sang Mesih uga kabaptis, ora béda karo wong-wong liyané. Sajatiné iku prakara kang anèh! Apa ta sebabé? Panjenengané iku Putrané Allah, rak mesthi tanpa dosa! .... Yèn wong liyané mèmper baé mbutuhaké baptis, kanggo mratandhani enggoné wis kakumbah resik utawa kasucèkaké saka ing dosané. Bareng Panjenengané, Kang Maha Suci, rak mesthi suci ta?

Ewadéné Gusti Yésus ngersakaké kang mengkono mau. Ing samubarang prakara Panjenengané kersa ngasoraké sarira. Wong-wong enggoné padha sowan marang ngarsané Allah klawan isin lan wedi, perlu nyuwun sih palimirma, kaya patrapé durjana yèn sowan marang ngarsané ratuné nyuwun pangapura. Lah kaya mengkono uga Gusti Yésus iya ngersakaké disamèkaké karo pura durjana. Mulané dhawuhé marang Yochanan: "Wis ta nuruta!"

Rawuhé Putrané Allah marang jagad perlu ngrembat sakèhing dosa, lan sakèhing pialané manusa. Lan wekasané bakal séda sinalib, sinangsara lan kapidana ngèmperi durjana.

Saiki, sawisé lelakon iku mau, Panjenengané tindak murugi ing pasamunan. Ana ing panggonan sing sepi Panjenengané arep ndedonga, supaya bisa tetunggilan karo Sang Rama kang ana ing swarga.

Anadéné Yochanan ajeg enggoné tansah memulang lan mbaptisi. Atiné saiki kebak kabungahan, lan swarané saiki ngumandang luwih sora: "Padha mratobata, mratobata! Sang Mesih sanyata wis rawuh!"