Babad Saka Kitab Suci/Gusti Yésus Yuswa Rolas Taun Kasowanaké Ing Padaleman Suci
YUSWANÉ Gusti Yésus wis ganep rolas taun. Saiki kepareng ndhèrèk rama ibuné menyang Yerusalèm. Wis bola-bali saben taun, ngarepaké riyaya Paskah, Gusti Yésus pirsa yèn rama ibuné, bebarengan karo wong Nasarèt liya-liyané, padha budhal menyang ing negara suci. Saka kéblat papat wong-wong Yahudi padha ambyuk menyang Yerusalèm. Ana ing kana wong-wong sing éwon cacahé padha mlebu ing padaleman suci padha ngluhuraké Allah lan saos pamuji sukur apadéné pandonga; lan manèh enggoné padha ngriyayakaké dina gedhé Paskah iku minangka pangéling-éling Paskah kang kawitan, pirang-pirang atus taun kepungkur, nalika bangsa Israèl padha budhal metu saka ing tanah Mesir.
Saiki Gusti Yésus bareng wis yuswa rolas taun, kepareng ndhèrèk menyang riyaya Paskah, miturut adat kalumrahané wong Yahudi.
WONG-WONG sing padha arep ngriyayakaké Paskah ing Yerusalèm, lakuné ing sadalan-dalan anglur-selur ndlidir tanpa ana pedhoté, swara lan solah tingkahé wong-wong mau nélakaké gambiraning atiné. Sesawangan asri ing sakiwa-tengené dalan, karang-kitri kang mbiyet wohé, pategalan gandum kang katon ngombak-ombak katerak ing angin, punthuk-punthuk kang kebak tanem-tuwuh katon ijo riyo-riyo ngresepaké pandheleng, apadéné kali-kali kang bening banyuné pating srèwèh ngoncori sawah lan pategalan, kabèh mau muwuhi suka-gambiraning wong sing padha munggah menyang Yerusalèm. Nanging lakuné kadhang-kadhang iya ngliwati panggonan sing cengkar lan garing, kang tinemu ing kono mung brangkal lan parang curi.
Saka ing kadohan kutha Yerusalèm wis katon kethap-kethap kasorotan srengéngé, kutha suci lan kutha pepundhèné: bangsa Israèl.
Gusti Yésus iya mèlu ngrasakaké kabungahan. Iba ta éndahé tanah kagungané, iba ta bungahé wong-wong kang padha bareng mlaku, kaya apa kepénginé pirsa padaleman suci, dalemé Gusti Allah, iya dalemé Kang Rama piyambak. Kaya apa ta kepénginé mèlu ngriyayakaké riyaya kang suci mau, mèlu ngepung yèn padha mangan bebarengan, kayadéné bangsa Israèl biyèn nalika ngarepaké budhal ing wayah bengi saka tanah Mesir; déné sing padha dipangan yaiku: daging cempé sing wis dipanggang, roti tanpa ragi lan jangan kang pait. Lan manèh kaya apa ta kepénginé Gusti Yésus mèlu ngidungaké kekidungan pamuji konjuk marang Gusti Allah.
Enggoné padha bebarengan lumaku nganti sawetara dina. Ing sadalan-dalan sinambi ngidungaké kekidungan; swarané wong ngidung padha sesauran muwuhi gambiraning laku. Saya cedhak karo Yerusalèm, atiné wong-wong mau saya seneng. Wekasané—saka sadhuwuring punthuk omah-omah ing sajeroning kutha suci Yerusalèm wis katon putih-putih kasorotan srengéngé. Nanging sing saka kadohan wis katon apik dhéwé yaiku Padaleman Suci, katon munggur, gedhé njenggarang, nanging iya katon njenggereng ngengreng; pilar-pilaré ginawé saka watu marmer putih lan rerenggané saka emas katon pating glebyar.
Marga kapanduk déning daya prabawané Padaleman Suci sing katon wingit, wong-wong mau banjur padha sujud jèngkèng saos bekti marang Gusti Allah.
Saka kéblat papat wong golongan padha ambyuk ing kutha Yerusalèm, klawan padha ngidung kekidungané riyaya; ndledeg lakuné wong mlebu ing gapurané kuta.
Mengkono uga Gusti Yésus banget karenan galihé, déné saiki, senajan ngagem sarira manusa, bisa ngluhuraké Allah Kang Rama ing swarga, bebarengan karo umaté Allah ing Yerusalèm.
Riyaya Paskah mau enggoné diriyayakaké suwéné pitung dina. Yusup lan Maryam, kaya salumrahé wong sing padha ngibadah, enggoné padha ana ing Yerusalèm nganti sarampungé riyaya.
Salebaré riyaya, wong golongan mau banjur padha budhalan mulih menyang panggonané dhéwé-dhéwé. Wong-wong sing padha arep mlaku bebarengan, padha ngumpul ana ing gapura. Mengkono uga kafilah sing arep mlaku ngalor menyang ing laladan Nasarèt, wis padha nglumpuk ana ing kono, samekta ing laku, barang-barang gegawané, lan bocah-bocah sing padha melu wis padha cumepak, kéwan tunggangan dalah pengiridé wis padha miranti. Wong tuwa anom, sugih miskin padha sayuk sabaya-pati. Umyung swarané wong sing padha arep budal.
Bareng wis ana tengara budhal, kafilah mau banjur wiwit mlaku. Lakuné wong-wong mau akèh sing sinambi nolah-nolèh ngingetaké kutha Yerusalèm, ésthané kaya arep ngucapaké salam pamitan sing wekasan marang kutha Suci mau, sadurungé ilang saka ing sawangané kaaling-alingan ing punthuk-punthuk.
Yusup lan Maryam wis bola-bali mulat ngiwa nengen, awit krasa yèn isih ana sing kari. Wis rada suwé putrané durung katon, nanging bokmenawa awor karo bocah-bocah liyané, ana sisih buri kepara adoh. Wiwitané atiné ayem baé, awit pangirané sedéla manèh putrané mesthi nututi.
Nanging bareng wis ngarepaké wayah soré putrané durung ana katon, atiné wiwit sumelang. Putrané énggal digolèki mrana-mréné, kafilah mau diturut saka ngarep tekan buri, ditakokaké menyang wong-wong tunggal désané, bokmenawa ana sing weruh, nanging wong Song kèhé ora ana siji sing weruh Gusti Yésus. Yusup lan Maryam dadi kuwatir banget. Lah gèk ana ing ngendi putrané? Mangka sedhéla engkas srengéngéné wis surup, lan kafilah mau ora lèrèn nggolèki bocah ketriwal, saya manèh mung bocah saka désa Nasarèt, mesthi ora digapé.
Bareng wis tita yèn putrané ora katut ana ing kafilah kono, Yusup lan Maryam cengkélak bali menyang Yerusalèm; atiné ngandut samar lan sumelang. Wayahé wis bengi. Dalané peteng tur adoh lan ora sepi ing bebaya. Wong loro mau mung tansah nutuh awaké dhéwé, déné kurang waspada enggoné padha ngulataké putrané. Iku babar pisan dudu luputé Yésus, wiwit timur mula ora tau duwé kenakalan, anané mung tansah manut miturut marang wong tuwané. Yusup lan Maryam cetha yèn luput, jalaran sadurungé budhal saka Yerusalèm kuduné rak wis ngerti, yèn putrané durung mèlu ngumpul ana ing cedhaké gapura. Lah saiki banjur kepriyé?
Lah yèn bocahé kecilakan ana ing dalan, utawa kesasar, utawa katut kafilah liyané, banjur kepriyé? Lah yèn bocahé ngantia kepethuk karo kéwan galak, banjur ....! Dalané sepi nyenyet tur ora aman. Yusup lan Maryam mung tansah ketir-ketir atiné .... Lakuné diterusaké, nganti tekan Yerusalèm, nanging ana ing dalan ora kepethuk karo putrané. Sawengi natas enggoné nggolèki ora nganti lèrèn, ésuké kutha Yerusalèm diubres saka lor mengidul, saka wétan mengulon, saben wong ditakoni, saben omah dileboni, nanging putrané ora ketemu. Kaya mengkono mau enggoné padha nggolèki putrané rong dina rong bengi. Saben panggonan kang diampiri, diparani manèh karo takon-takon marang sapa baé sing diwanuhi. O, bok ya ana sing weruh utawa awèh weruh bab putrane! .... Nanging Yusup lan Maryam meksa durung ketemu karo putrané.
Bareng telung dinané, Yusup lan Maryam wis tekan ing padaleman suci. Ora ketemu ing nalar, yèn putrané isih ana ing kono, Yusup lan Maryam durung nganti nggolèki ana ing jero padaleman suci. Gèk apa perluné bocah cilik kayadéné putrané mlebu ing padaleman suci, panggonané wong tuwa-tuwa lan para ahli kitab? Ah, mesthi putrané ora ana ing kono. Nanging supaya aja ketanggungan enggoné kangèlan lan supaya lega atiné, Yusup lan Maryam iya banjur mlebu ing padaleman suci. Enggoné nggolèki wis mèh kemput, ing palataran, banjur ing kamar-kamar turut èmpèran, banjur .... wekasané tekan ing kamar panggonané para ulama lan para ahli kitab.
Lah kaé ....!
Dumadakan Maryam banjur maju ngesuk, sing dadi golèkan saiki wis ketemu.
Putrané tinemu lingguh ing tengah-tengahé para ulama lan ahli kitab. Maryam ora ngrungu sowal-jawabé para ahli mau karo putrané sing lagi umur rolas taun, iya ora ngingetaké ulaté wong-wong tuwa mau sing pada kagum nyawang putrané sing senajan isih bocah, wis kadunungan kawicaksanan sing ngéram-éramaké, ketitik saka enggoné nakokaké prakara warna-warna sing tumrapé para ahli mau isih awujud kekeran .... Kabèh mau sing sarwa élok lan aèng ora dirèwès, ora taha-taha putrané banjur dirangkul sarta diarasi kambi nangis; mbrebel wetuning eluhé, nanging eluhing kabungahan, jalaran putrané sing dinyana ilang, wis ketemu manèh!
Ujaré Maryam: "Enggèr, yagéné kowé teka mengkono marang aku? Lah bapakmu karo aku padha nggolèki kowé karo was-was." Maryam pancèn wis ngerti, yèn putrané enggoné tumindak mengkono mau ora kagawa saka pamurangsaraké.
Aturé Yésus marang rama ibuné: "Kadospundi déné sampéyan ngantos sami ngupadosi kula, sampéyan punapa boten sumerep bilih kula kuwajiban wonten ing dalemipun Rara kula?", kambi nyawang ibuné klawan welas asih, ésthané kaya arep ngélingaké: "Bu, punapa ibu sampun kesupèn bilih Gusti Allah punika sajatosipun Rama kula? O, ibu, taksih wonten pinten-pinten prakawis malih ingkang njalari trenyuhing galihipun ibu, margi saking anggèn kula kedah ngéstokaken kersanipun Rama kula."
Para ahli kitab mau mung padha kejudhegan. Kerep baé ana bocah lan wong nonoman padha meguru mrono, nanging durung tau mrangguli bocah sing kalantipan lan wangsulané ngèmperi Yésus. Apa tumon ana bocah sing lagi semono umuré wis duwé kalantipan ngungkuli para ahli? Mangka saiki, kepriyé wangsulané marang ibuné? Jaréné duwé kuwajiban ana ing padaleman suci, ana ing dalemé Ramané? Sapa ta Ramané bocah iku? Lan apa ta kuwajibané? Para ahli kitab mau mung padha gèdhèg-gèdhèg, awit pada ora nyandhak eliding pangandikané iku mau.
Lan Yusup lan Maryam? Padha dhéné enggoné ora nyandhak, senajan sakaroné wis padha ngerti sapa sing jumeneng Ramané, nanging iya durung ngerti Yésus mau ing tembé bakal dadi apa utawa bakal nindakaké apa ing sajeroning sugengé.
SAWISE mengkono Yusup lan Maryam banjur mulih menyang Nasarèt, lan Yésus tumuli tumut kang rama lan kang ibu, tansah sumuyud ing wong tuwané. Yésus saya mindhak-mindhak agengé, lan saya wuwuh olèh sihé para mitrạ karuhé. Pagawéané saben dina mbiyantu pagawéané wong tuwané, lan bokmenawa, sarèhné Yusup iku tukang kayu, iya diajari nukang.
Gusti Yésus mindhak-mindhak agengé nganti dadi wong diwasa kaya wong-wong liyané. Ora tau Panjenengané ngrèmèhaké sepepadhané wong.
Mung ana saprakara kang ora padha karo salumrahé wong, yaiku Panjenengané ora tau nindakaké piala.
Gusti Yésus iku ing sadéngaha prakara padha karo manusa liya-liyané, kejaba dosané.