Babad Tanah Djawi lan Tanah-Tanah ing Sakiwa-Tengenipoen/Bab 25


25 Pérangan Kang Katheloe Bab 5 Cultuurstelsel tahoen 1830 - +/- 1815 (1915)


Kaca iki lagi digarap
Pitulung aksara mawa tandha diakritis:

Diakritis: É é È è Ê ê ô

Aksara nglegana:

Aksara pasangan:꧀ꦲ ꧀ꦤ ꧀ꦟ ꧀ꦕ ꧀ꦖ ꧀ꦫ ꧀ꦬ ꧀ꦏ ꧀ꦑ ꧀ꦢ ꧀ꦣ ꧀ꦠ ꧀ꦡ ꧀ꦱ ꧀ꦯ ꧀ꦮ ꧀ꦭ ꧀ꦥ ꧀ꦦ ꧀ꦝ ꧀ꦞ ꧀ꦗ ꧀ꦙ ꧀ꦪ ꧀ꦚ ꧀ꦘ ꧀ꦩ ꧀ꦒ ꧀ꦓ ꧀ꦧ ꧀ꦨ ꧀ꦛ ꧀ꦜ ꧀ꦔ

Aksara swara: ꦿ

Angka & tanda baca:

Cultuurstelsel ikoe pranatan kang didhawoehaké GG. van den Bosch dhèk tahoen 1830. Soerasané pranatan cekaké namtokaké marang wong Priboemi nandoer tetandoeran kang kena didol menyang Europa, kayata: kopi, teboe, kapas lan tom, ana ing sapéranganing palemahané. Pametoené tatandoeran ikoe koedoe dilebokaké menyang Paréntah Goepermèn, soepaya Paréntah bisa bandjoer loewih kenceng enggoné gawé rahardjaning tanah.

Apa sababé déné Goepermèn teka nganakaké pranatan ikoe? Ing abad 17 lan 18 VOC. moeng ngoedi kaoentoengané dhéwé, dhasar saloegoené VOC. ikoe moeng pakoempoelan dagang. Ing abad 19 bareng tanah Indhiya toemiba pangoewasané Pradja Nederland, bab ngoedi kaoentoengané dhéwé wis ora toemindak. Nederland doewé wadjib agawé tentreming tanah lan rahardjaning kawoelané anyar, yaikoe bangsa priboemi. Lah kepriyé rékané bisané toemindak moerih beciking bab pangrèh pradja, bab sekolahan, bab tetanèn lan katentremaning oemoem? Ikoe kabèh bakal sepira wragadé. Mangka Paréntah Goepermèn ora nindakaké monopolie kaya déné VOC., woewoeh woewoeh pradja Nederland ing nalika ikoe akèh banget oetangé kang djalaran saka perang Napoléon, perang Dipanegara lan perang België.

Ing tahoen 1828 Pradja Nederland kepeksa ambayari kaboetoehan Indhiya kèhé 37.000.000, mangka Nederland dhéwé lagi rekasa rekasané. Olèhé dhoewit 37.000.000 ikoe saka enggoné oetang oetang marang kawoela ing Nederland. Dhèk samana kekarepané wong Nederland ing bab Pangrèh Pradja kena kapérang dadi rong golongan: 1. bangsa liberaal lan 2. bangsa Conservatief. Bangsa liberaal andjaloek toemraping Indhiya soepaya pedagangan lan panggaotan dimerdikakaké, goegoer goenoeng lan lebon woeloe wetoe kasoewak, moeng kebon kebon Goepermèn ikoe digadhèkna. Hogendorp, Daendels, Doe Boess, Elooet kekarepané iya mengkono ikoe. Malah ana kang nedya ngedjokaké wong priboemi enggoné tatanèn lan anggota. Déné golongan Conservatief kayata: Nederboerg, van der Cappellen ndjaloek balining pranatan tandoeran peksan, lebon woeloe wetoe lsp. Kang akèh wong ing Nederland ngroedjoeki panemoe liberaal maoe, éwadéné pranatané ana ing Indhiya ora ditindakaké, oetawa moeng sathithik kang ditindakaké, marga ora ana wragadé. Panemoening akèh bisané ngadjokaké kemadjoean ikoe koedoe ana dhoewit. Dhoewit ikoe wetoené saka tetandoeran kang pametoené pajoe larang, moelané Paréntah madjegna tanahé, kang doeroeng ana tandoerané, marang bangsa Europa, soepaya metoe kasilé; ing nalika ikoe ing tanah Jawa kang sineboet loh djinawi iki moeng sethithik banget pametoene: leboening barang ing tanah Jawa pangadjiné loewih gedhé tinimbang barang kang metoe saka tanah Jawa.

Bareng van den Bosch djoemeneng Gooeverneoer Generaal menggalih yèn kaboedi dayaning Walanda nenandoer ana ing tanah Jawa ikoe ora bakal bisa kadadéyan, yèn mengkono dadi ora bisa gawé karahardjaning tanah. GG. van den Bosch bandjoer ngadjokaké woeloe wetoene tanah Jawa, soepaya nenandoer tandoeran kang payoe ana ing Europa manèh, nanging adja nganti gawé sengsaraning wong Jawa kaya sing oewis oewis.

Panemoené van den Bosch kang mengkono ikoe ora nyimpang saka mesthiné, awit mitoeroet saka kaananing cara ing tanah Jawa, sapa kang nyekel pangoewasa nagara (ratoe oetawa Goepermèn) ikoe kang ndoewèni boemi saoewongé. Boemi ikoe diparingaké marang wong cilik soepaya digarap, lan sapérangan pametoené katoer marang ratoe (Goepermèn). Saka karepé GG. van den Bosch lebon sapérangan pametoe ikoe disalini sapralimaning lemah kang ditandoeri kopi, teboe, kapas oetawa tom, lan wongé kang ora doewé pandoeman boemi, ditamtokaké nglakoni goegoer goenoeng 66 dina ing dalem setahoen, lan manèh leboening woeloe wetoe ikoe isih bakal nganggo dibayar sethithik minangka gandjaran. Dadi leboening woeloe wetoe ikoe maoe sedjatiné minangka padjeg oetawa landrente. Petoengané ora loewih tinimbang leboening landrente pranatan Raffles.

Minister van Kolonien Toewan Elooet ora cocog karo panemoené GG. van den Bosch, nganti dilaboehi sèlèh enggoné dadi minister. Déné Ratoe Willem I ing Nederland, ngèngeti bangeting kekoeranganing dhoewit nagara, kepeksa cocog lan karepé van den Bosch:

  1. Wong Jawa dipeksa nandoer tetandoeran kang doeroeng diweroehi, lan bandjoer kètèr enggoné tetanèn dhéwé.
  2. Dhoewit kang minangka gandjaran enggoné nglebokaké woeloe wetoe moeng sethithik, loewih loewih toemraping kopi, mangka sadoeroengé teloeng tahoen kopi mono doeroeng kena dioendhoeh.
  3. Panggaraping tandoeran anyar ikoe akèh kang loewih abot tinimbang panggaraping tandoeran Jawa, oepama: pari.
  4. Tindaking para ambtenaar sok sawenang wenang; lemah kang ditandoeri tandoeran Goepermèn ikoe dipihaké sing apik, toer loewih saka sapralimaning palemahan lan liya liyané.
  5. Landrente djeboel iya isih ditindakaké.

Wong Jawa batiné moeng doemoenoeng moendhak kawroehé ing bab nenandoer lan bathi moendhak kasregepané. Toemraping Pradja Nederland akèh bathiné, awit pametoening Cultuurstelsel wiwit tahoen 1830 tekan tahoen 1878 ora koerang saka 800.000.000 roepiyah. Wong Jawa ora doewé wragad lan ora kober anggarap pasawahané, moelané dadi kamlaratané. Ing sawatara panggonan malah nganti kambah ing paceklik lan palilan, kayata: Cirebon, Demak lan Grobogan (tahoen 1818 - 1850). Kang mengkono ikoe sedjatiné iya ora diniyati déning para kang yasa Cultuurstelsel, lan wong ing negara Walanda akèh kang ora roedjoek yèn tindaking Cultuurstelsel bandjoer sawenang wenang mengkono. Sawisé tahoen 1854 akèh kang mboedidaya amrih soewaking Cultuurstelsel lan goegoer goenoeng. Ing tahoen 1865 tandoeran tom disoewak mengkono oega tèh, manis djangan lan cochenil (nopal). Mrica soewak tahoen 1860, tembako tahoen 1866, teboe tahoen 1870. Wet tahoen 1915 nyoewak tandoeran peksan kang isih kari, yaikoe kopi. Dadi wiwit ing tahoen 1915 ikoe Cultuurstelsel wis ilang babar pisan.

Ana ing negara Walanda kana kang banget enggoné ngemohi Cultuurstelsel yaikoe Toewan Pandhita van Hoevell. Ing tahoen 1848 mitoeroet owah owahaning Grondwet, Staten Generaal olèh pangoewasa niti priksa tindaking Préntah Loehoer toemrap Indhiya lan ngoelat oelataké leboe wetoening dhoewit negara, lan manèh Staten Generaal dipasrahi netepaké Reglement ophet beleid der Regeering in Nederlandsch Indie (Regeeringsreglement) lan pranatan liya liyané. Marga saka ikoe van Hoevell lan sagolongané bisa ngandaraké panemoené ana ing Tweede Kamer. Regeeringsreglement tahoen 1854 wis nyeboetaké yèn kaboetoehaning kawoela Indhiya koedoe diprelokaké dhisik lan kawoela Indhiya maoe sangkaning sathithik koedoe didadèkaké bangsa kang nyekel pamaréntah dhéwé (zelfbestoeoer). Regeeringsreglement iki toemekané saiki isih mengkono.

Bebarengan lan soewaking Coeltoerstelsel ana pranatan pranatan anyar, kang becik, kayata: Pasar wis ora dipadjegaké (marang Tjina). Ananing batoer toekon lan sapepadané diilangi (tahoen 1860) lan bab pangedolé candoe dikoewasani Goepermèn dhéwé (opioemregie). Ing tahoen 1864 ana Comptabiliteitswest, netepaké yèn begrooting Nederlandsche Indie ikoe kang gawé Paréntah Indhiya bebarengan lan Paréntah Nederland sarta disahaké srana angger angger déning Staten Generaal. Ing tahoen 1870 ana Agrarische Wet, soerasané: Goepermèn kena madjegaké boemi kang doeroeng taoe digarap marang wong Walanda soewéné ing dalem 75 tahoen. Palemahané wong Indhiya ora kena didol marang wong kang doedoe golonganing wong Priboemi, yèn ora srana lantaran Paréntah Goepermèn. Marga saka ikoe:

  1. bandjoer bisa ana kaboedidayan kaboedidayan gedhé.
  2. Palemahané wong Priboemi ora gampang bisané toemiba ing tangané
   wong liya lan wong Priboemi ora gampang kenané apoes.

Pedagangan lan pelayaran bisa madjoe banget. Ing tahoen 1870 anané pakoempoelan palayaran kang dhisik dhéwé djenengé Stoomvaart Maatschappij "Nederland". Ing tahoen 1872 nalika GG. Loudon rawoeh ing Indhiya wis prasasat kari nemoe kapénaké, prakara prakara kang ndadèkaké rekasané wong Priboemi wis prasasat ilang.