Babad Tanah Djawi lan Tanah-Tanah ing Sakiwa-Tengenipoen/Bab 26

Nalika Pamaréntah Walanda dikoewasakaké ngerèh tanah Inḍija manèh, tanah-tanah sadjabaning tanah Djawa, kang bandjoer ngakoni winengkoe ing Pamaréntah Walanda, jaikoe:


Kaca iki lagi digarap
Pitulung aksara mawa tandha diakritis:

Diakritis: É é È è Ê ê ô

Aksara nglegana:

Aksara pasangan:꧀ꦲ ꧀ꦤ ꧀ꦟ ꧀ꦕ ꧀ꦖ ꧀ꦫ ꧀ꦬ ꧀ꦏ ꧀ꦑ ꧀ꦢ ꧀ꦣ ꧀ꦠ ꧀ꦡ ꧀ꦱ ꧀ꦯ ꧀ꦮ ꧀ꦭ ꧀ꦥ ꧀ꦦ ꧀ꦝ ꧀ꦞ ꧀ꦗ ꧀ꦙ ꧀ꦪ ꧀ꦚ ꧀ꦘ ꧀ꦩ ꧀ꦒ ꧀ꦓ ꧀ꦧ ꧀ꦨ ꧀ꦛ ꧀ꦜ ꧀ꦔ

Aksara swara: ꦿ

Angka & tanda baca:


(27. Pérangan kang kateloe) Bab 6.
Tanah Inḍija salijané tanah Djawa wiwit saboebaring djaman Inggris toemeka sepréné.[1]
Lampoeng, Palémbang, Bangka lan Padang ing tanah Soematra,
Kasoeltanan Pontianak lan Bandjarmasin ing Bornéo,
Makasar lan Menaḍo ing Selebes.
Poelo-poelo ing Moloko.

Moenggoeh tradjané Goepermèn anggoné ngasta tanah Inḍija, owah-owah nganti teloeng rambahan, jaikoe: 10 taoen 1816 – 1850, 20 taoen 1850 – 1898, 30 taoen 1898 toemekané sapréné.

Pangwasaning Pamaréntah Walanda ana ing tanah-tanah ikoe maoe presasat moeng pengaran-aran, awit Goepermèn nganti wetara soewé kèndel baé, ora menggalih marang pepréntahaning tanah-tanah kaseboet ing ḍoewoer, marga saka ora ana wragadé. Kedjaba Soematra, Bangka lan Banḍa mèh ora ana kang metoe kasilé, dadi ija ora ana wragad kang kanggo nganakaké prenatan-prenatan moerih betjiking pepréntahan. Woewoeh-woewoeh ing nalika ikoe Pamaréntah lagi ngoedi banget bisané olèh baṭi kang akèh, awit pantjèn lagi boetoeh-boetoehé nganggo ḍoewit kaja kang woes katerangaké ing ngarep.

Soewéning-soewé Goepermèn sok kepeksa toemandang ngébaraké pangwasané, djalaran koewatir menawa kenḍih ing pangwasané bangsa lija.

Referensi

besut
  1. N.B. Moerih gampilipoen ingkang sami sinaoe, tjarijosing poelo-poelo sadjawining poelo Djawi dipoen-ladjengaken kémawon doemoegi ing wekdal samangké (1928), amoeng tjarijos perang Atjih ingkang kapiṭat dipoen-pijambakaken.