Dhedhemitan Mlebu Kutha
Sawisé Wiranta ngandharaké kabar kang digawa Nama bab gerahing ibuné lan karepé arep sowan ibuné bengi iku perlu nentremaké panggalihé, sakanca padha sarujuk bengi iku mlebu kutha. Cacahé kabèh ana telulas wong. Sanadyan gegamané ora pati lengkap, ora kabèh nduwèni karabèn utawa bedhil adoh liyané, nanging kabèh duwé cekelan, ora kétang pistul utawa granat.
Wektu iku mangsa ketiga, sasi Juli 1949. Wis suwé ora ana udan, dalan-dalan ing padésan bledugé muleg, sawah-sawah padha garing lan kalèn-kalèn padha asat. Kang kaya mengkono mau mung ndadèkaké bisané gegancangan mengko anggoné padha lumaku dhedhemitan mlebu kutha. Kebeneran mengko bengi rembulané ora katon, dadi rada longgar anggoné padha singidan, ora perlu ndhepis-ndhepis banget.
Wayah bangbang-surup Wiranta sakanca padha mangan bebarengan ing omahé pak lurah, diladèni Waginah, anaké Sadikrama, lan Kartini, putrané dèn Wira, pyayi Bromantakan sing ngungsi mrono, sarta ditunggoni para sepuh kaya ta pak lurah sekaliyan lan bu Danu, padha rerembugan sing lucu-Iucu. Mangan bebarengan mengkono iku dianakaké mung yèn arep mlebu kutha. Déné kaanan sadina-dinané mangan iku sakarepé bocahé dhéwé-dhéwé, ana sing wayah surup, ana sing wayah isa, nanging kabèh wis éntuk cadhongané dhéwé-dhéwé. Sanadyan mengkonoa ya isih ana bocah-bocah sing nakal, cadhongané kancané dikrowoki. Kang mengkono mau kadhangkala dadi geguyon, nanging sok dadi ladakan, marga bab mangan bocah-bocah mau lagi padha dremba-drembané, mangka cadhongan lumrahé cumpèn. Mula panganan sing tinemu saka njaban cadhongan, kaya ngundhuh katès, mancing érok-érok lau nawu iwak ing kali, mbakar pohung, dadi kareman lan kalegané bocah-bocah mau. Sok-sok ya mung dadi crita kang nengsemaké pengalaman-pengalaman kang anèh-anèh golèk sumbal pangan jaman perang ing padésan kuwi, kaya ta mbedhil derkuku nganggo karabèn.
Sawisé rampung mangan kabèh padha pamitan sing padhIa ditinggal, banjur budhalan. Lakuné ora liwat dalan, nanging nratas liwat galengan, marga yèn liwat dalan isih padha kuwatir yèn kepranggul patroli-patroli Landa sing nékad metu saka pos-pos penjagaan, saora-orané ya nyingkiri pangulaté mata-mata mungsuh. Déné bebayané liwat galengan kuwi [ 52 ]52
Javanese Literature since Independence
kejaba rada répot lakuné marga ciyut ora rata, kanggoné sing padha ora sepaton ya wedi Kyai Oyod, yaiku ula sing uga tlusuran liwat galengan. Mula, mumpung candhik-ala isih madhangi bumi, bocah-bocah padha gegancangan lakuné, mangulon parané.
'Kita liwat Puthat apa Beton, mas?' pitakoné salah sijiné kanca kang lumaku pernah ngarep. Kanca kuwi pèndhèk dedegé, lakuné ora patia rekasa merga gawané ora abot. Dhèwèké - Sukardiman jenengé - mung nggawa pistul otomatis karo granat telung iji digandhul-gandhulaké ing guluné kaya ketupat; dicencang ana gulu kuwi preluné yèn nyabrang Bengawan mengko bèn ora katut teles.
'Liwat Putat waé, sabrangané rada cètèk, terus Warungpelem mangulon,' wangsulané Wiranta sing mlaku kaprenah ana buriné.
'Mas! Sanadyan slamet ora ana kedadéyan apa-apa, mengko aja suwésuwé anggoné rangkul-rangkulan karo ibu lho,' celatuné Narna saka mburi. Yèn bisa jam-jam siji ngono awaké dhéwé wis padha bali.'
'lyah, kena apa ta, lèh kok kesusu 'temen kang Narna kuwi?' pitakoné kanca liya semu guyon.
'Wetengku durung kena ditata,' wangsulané Narna.
'Wingènané olèhé lotisan ana ndalem rada kakèhan yaké, lha wong ditunggoni sidhénok-dhèbleng,' sauté kanca liya manèh.
'Heh, wong saiki weteng rasané kaya diudhak ngéné jaré, wong lotisan disengguh dhemenan,' celatuné Narna glenak-glenik.
'Marija mau sida nganggo sepatu ora, ca? Awas lho, Kyainé lagi waé ndlosor mlayu ngidul iki mau, mentas waé tak-langkahi,' celatuné Sukardiman clemang-clemong.
'Tenan pa piyé kuwi lho? Wong ula jaré dienggo sembranan,' wangsulané sing ana tengah barisan. 'Alah, si Sukardiman kuwi, yèn isih yah méné waé kumrecek mbéda kancané ara wis-wis. Mengko rada bengi sitik yèn ora ngoplok golèk kanca merga wedi banaspati,' celatuné Wiranta ngelèhaké.
Sinambi guyon mengkono kuwi ora krasa yèn dedelengan wiwit ora ceta, lan sadhéla manèh bakal nyabrang Bengawan. Nyabrang Bengawan iku kudu ngati-ati, merga pemudha-pemudha iku kudu liwat panggonan kang sela. Déné kaanan sabrangé Bengawan ora ana sing weruh apa ana tèngé mungsuh sing nunggoni karo lampu sorot lan duabelas-koma-tujuh apa ora. Yèn ,lagi ana tengah Bengawan terus disoroti lampu mesti waé ora bisa obah apa-apa manèh.
Nalika Wiranta sakancané rundhak-rundhuk tekan sabrangan tepis-iringé Bengawan panjledhoré bedhil bocah-bocah gerilya panta liya wis ana sing keprungu.
[ 53 ]Dhedhemitan Mlebu Kutha
53
'É, wis ana sing ndhisiki bak dan merconan,' celatuné salah sijiné kanca isih tatag waé.
'Ssstt! ! Aja grusa-grusu manèh, cah!' bisiké pemudha liyané.
Saiki lakuné padha rerundhukan kaya kècu ndhedhepi, pating jruntul kaya bocah jélungan. Narna kaya adat saben ngudhuni pèrèngé Bengawan dhisik dhéwé. Kanca-kancané padha ana tangguling kali ngentèni sasmitané, padha ngempet ambegan. Sadhéla dientèni, ora ana banèké. Dientèni rada suwé, isih ora ana sasmita apa-apa. Wiranta banjur nyingsoti mitrané, takon apa dhèwèké slamet. Narna ora mangsuli. Kanca-kanca saya trataban atiné.
'Ayaké dhik Narna kielep,' celatuné Wiradi bisik-bisik.
'Ah, wong dhik Narna kok kleiep, wong sabané Tirtamaya. Karo manèh wong ketiga ngerak ngéné, banyuné Bengawan rak mung kaya kalèn waé,' wangsulané Wiranta. Atiné ora jenjem. Dhèwèké singsot-singsot manèh. Narna tetep ngilang meneng waé.
'Mas, jaré saiki Landa ya ngingu mata-mata sing wani gelut sesidheman, sumebar ana kampung-kampung. Mas Narna kuwi mengko gèk wis dirundhuk mata-mata Landa ... ?' celatuné Marija.
'Mas, iki tak-kira panggawéné peri kedhung kéné: mas Narna diumpetaké. Peri ki jaré nduwé kraton ana sangisoré banyu, mas. Yèn panggawéné jalma manungsa waé mesti ora ngilang sepi kaya ngéné iki ...' celatuné Sukardiman kang tansah mikir bab memedi.
'Ah, aja mikir néka-néka!' Mangsuli ngono mau Wiranta gremet-gremet maju, ngudhuni plèngsèngan. 'Aja padha mèlu dhisik yèn durung krungu suwarané manuk tuhu.'
Wiradi, sing kepiepek critané Marija, manti-manti banget marang adhiné: 'Sing prayitna lho, dhi. Yèn ana bebaya ndang sentilen waé karabènmu, bèn kéné padha ngreti.'
Wiranta ora mangsuli, ilang ambles menyang petengan. Dhèwèké grayang-grayang lemah kang bakal dipidak, gremetan cenunak-cenunuk, ing batin sumpeg atiné. Yèn ngantia kélangan Narna dhèwèké mesti bakal cotho, sebab Nama kejaba bocah kendel, graitané adoh lan mumpuni. Mula dhèwèké anyel banget déné petengé kok ndumuk irung. Wiranta selak kepéngin weruh kedadéyané mitrané, mungguh matia ya kepéngin nemoni batangé.
Saya suwé dhèwèké saya adoh anggoné nlusur dhasaré kali Sala mangsa ketiga. Dhasaré kali wedhi maléla kang wis pirang-pirang minggu ora kacak banyu, marga iliné banyu Bengawan mung prasasat kali cilik kang ora mingsra. rng mangsa aman kali kang mengkono mau dienggo adus, wedhi atos iku dikeruki digawé belik.
[ 54 ]54
Javanese Literature since Independence
Ing ndhuwur pinggir sabrangan bisa uga nalika iku ana tèng-tèngé Landa wis mangro nginceraké sorot lan bedhilé tumuju marang Wiranta sakanca kang bakal nyabrang kali. Ing kadohan, tar tor suwarané bedhil saya ramé keprungu. Déné ing kali kano dhéwé peteng ndhedhet lelimengan. Kemriciking banyu mili mbangun sepi, sepi kang saya nambah peteng: peteng ing kali, peteng ing atiné Wiranta.
Tekan tepis iliné kali, Wiranta uga durung nemu abané Narna. Kelawan ati nok-nik dhèwèké singsot alon-alon, nyasmitani mitrané yèn dhèwèké ana kono.
Wiranta krungu suwarané wong sajak abot: 'Heh!' Suwarané Narna ketaton mesthi! Utawa mungsuhé Narna! Wiranta nyiyapaké karabèné. 'Dhik Narna?' suwarané Wiranta bisik-bisik, diarah aja nganti keprungu liyan.
'Heh!'
'Ana ngendi kowé, dhik? Rak ora apa-apa ta?'
'Heh! Mas! Mas Ranta? Nuwun sèwu, mas. Aku lagi éwuh.'
'Éwuh apa?'
'Anu, mas. Wetengku nuntut, mumpung cedhak banyu jaré.'
'Oh! Gawédheg-dhegané atiné wong sak-kanca waé. Priyé kaanané?'
'Anu, aman kok. Aku wis nyabrang mrana kok mau. Aman.'
'Ngonoa kaé mbok ya mangsuli singsotku, dadi ora gawé tratabing ati.'
'Ah, lha aku rada isin kok. Karepku ltak-rampungaké dhlisik kaperluanku iki .. .'
Ora let suwé banjur keprungu suwarané manuk tuhu saka sasmitané Wiranta. Narna bener. Kaanan sabrang kali aman, ora ana mungsuh. Wong-wong padha énggal nyabrang kali lan terus pating jrunthul mlebu jroning kuta.
Saklébatan dalan-dalan ing kuta sajak sepi mamring, ora ana barang obah-mosik. Mung sliweré asu saba utawa kucing kerah sing gawé tenger yèn ing dalan-dalan mau isih ana sawenèhé barang urip. Déné suwarané bedhil pating jledhor lan suwara métraliyur kang sajak diempet-empet ngratani kuta ora mratélakaké yèn akèh wong tangi: sing muni kuwi sajak mung barang mati, mbledhos karepé dhéwé. Nanging yèn ditamat-tamataké kanggoné wong kang wis kulina, énggal padha weruh yèn sawetarané dalan sing sepi mamring iku padha ana wong pating jrunthul, wong obah-obah metu saka pangumpetan siji menyang pandhelikan sijiné.
Wiranta sakancané slamet ora nemu alangan sawiji apa nganti 'tekan Warungpelem. Nanging bareng wis arep nyabrang dalan Mesèn, ndadak padha krungu panggerengé tèng kang nganglang saka kidul. Wiranta énggal ngabani kanca-kancané dikon umpetan lan prayitna.
[ 55 ]'Ora susah ditanggulangi, kanca, gaman kita muspra!'Nanging durung suwé saka celathuné kuwi, ana suwarané pistul, ora ngerti sapa sing ngunèkaké. Tèng, sing isih cedhak panggonan kono, banjur mandheg. Sorot kang jembar lan padhang ungalé dipanjer madhangi saideré kono, tolah-tolèh kaya kéwan anèh kang nggegirisi. Kaanan dadi padhang njingglang kaya raina, lan bedhil pating jledhor campuh ing saindengé kono. Wiranta sabalané padha pating blesar mlayu ngétan sakarepé dhéwé-dhéwé, ora kena ditata lan ora kaber nata.
Wiranta, kangmasé Narna, Sukardiman lan Marija padha pating dhepipis nyilikaké awaké dhéwé-dhéwé ana ing sawenèhing pager urip, ambegané pating krenggos. Kabèh padha mikir pati-uripé dhéwé-dhéwé. Bareng disrantèkaké sadhéla, suwarané bedhil banjur rada mendha. Wong-wong lagi padha kèlingan kanca-kancané.
'Aku ora ngreti sapa sing ngunèkaké pistul mau,' swarané Wiranta bisik-bisik. 'Swarané kok saka mburiné awaké dhéwé.'
Wiradi krungu wong sesenggrukan nangis.
'Menenga, Ja! Iki mengko ora wurung kowé gawé cilakané wong seméné,' suwarané Sukardiman songol, nanging ora sora.
'Kita wis campuh ana daérahé mata-mata mungsuh iki, huh, huh,' wangsulané Marija sesenggrukan. 'Bedhilku kari ana njaban pager.' 'Dhik Narna, pupuku panas aku ora wani ngemèk-emèk,' celathuné Wiranta gugup.
Narna kosot-kosot nyedhaki mitrané. Swarané bedhil-bedhilan ndadra manèh, swarané mesin tèng ngeden mratandhani arep mlaku. Soroté lampu clorat-clorot madhangi daérahé sing padha ndhelik. Kucing asu sing kasorot padha pating blolong, matané melong-melong.
'Sing sisih endi sing panas, mas?' pitakoné Narna kang wis mengkureb ana sandhingé mrtrané.
Wiranta ora mangsuli apa-apa, mung nuduhaké tangané kang mentas ngemèk-emèk pupuné marang mitrané. Gluprut getih! Tinulung déning pentulané sorot, Narna weruh yèn mitrané pringisan nyakot lambéné ngisor. Kejaba miris weruh tangané dhéwé kang gluprut getih, Wiranta mesti mèh ora kuwat ngempet panasé pupuné.
'Kowé ketaton, mas,' celatuné Narna.
Wiranta mung mantuk-mantuk.
'Kira-kira kuwat ora mlaku dhéwé?'
Wiranta gèdhèg-gèdhèg ngempet perih.
Tèng budhalan mengalor parané. Sawisé tèng liwat, bedhil-bedhilan mendha manèh. Wong-wong rumangsa bisa longgar, crita klesak-klesik rada wani. Kanca-kanca padha ngrubung sing ketaton, nanging ya ora [ 56 ]tinggal kaprayitnan.
'Iki mesti panggawéné mata-mata mungsuh,' bisiké Marija.
'Piyé, mas? Apa kita mundur dhisik?' pitakoné Narna.
'Ora,' wangsulané Wiranta, 'kowé kudu ngeteraké kangmas tilik sibu. Sukardiman ajaken.'
'Ah, lha mas .. .' protèsé Narna.
'Tinggalen aku. Tinggalen kéné waé, karo Marija. Kanca-kanca liyané mengko rak ya mréné tulung aku. Ning kangmas Wiradi kudu ketemu sibu, wong wis diniyati saka ngomah.'
Wiranta yèn duwé karep pancèn angèl dieluk.
Sawisé padha usreg nata karep, akiré Narna manut usulé Wiranta. Dadi cah telu, Narna, Wiradi lan Sukardiman, nerusaké laku nyabrang dalan gedhé Mesèn. Lakuné gegancangan waé, slundap-slundup kaya bocah jélungan. Déné Wiranta lan Marija ngentèni kumpulé kanca-kanca kang bakal ngupakara Wiranta.
Ora kacarita lakuné prajurit telu mau ana ndalan. Kocapa bareng arep mlebu pekarangan dalemé pak Wiradad, Narna njarwani:
'Sadhéla waé, mas! Limalas menit utawa setengah jam suwé-suwéné, aja luwih. Aku nunggu kéné. Yèn ana bebaya aku ngunèkaké karabènku ping telu urut-urutan. Kardiman bèn ngeteraké tekan ngarep lawang.'
Wong loro manut, irid-iridan mlebu pekarangan. Wiradi nyasmitani supaya Sukardiman ngetutaké dhèwèké liwat ngiringané omah, ngisor uwit sawo kecik. Wong loro kuwi kanca wiwit cilik, dadi bab kaanané omah kono ya wis padha kulina.
Greg. Sukardiman nggondhèli Wiradi.
'Mas, awakku mrinding. Jaréné cah-cah wit sawoné iku ana wedhoné.'
'Ssstt !'
Karepé Wiradi ngélikaké supaya Sukardiman aja ngomong seru-seru. Nanging bareng ngerti sing dikarepaké Sukardiman wulu kalongé ya njegrik. Wiradi pancèn ya tau krungu critané bab wedhon ngisor wit sawoné kuwi, mulané nganti gedhé dhèwèké ora tau wani liwat cedhak kono ijèn bengi-bengi. Déné saiki bareng wis kebacut liwat lagi kèlingan, gitoké terus mengkirig. Lakuné banjur setengah mlayu digandhuli Sukardiman sing wis ngoplok. Lega atiné bareng bisa tekan lawang buri tanpa digilani wedhon.
Omah iku peteng, njenggereng kaya omah suwung panggonan sétan. Wiradi rada gojag-gajeg atiné, kuwatir mengko gèk wong tuwané wengi kuwi ora nyaré kono, nanging nyaré Njeronbètèng. Merga bisa waé ta jalaran gerah lan kijènan manggon dalem kono, banjur golèk réwang ngiras ngungsi ana Njeronbètèng. Lha yèn wong tuwané ora ana [ 57 ]ndalem, lha rak muspra anggoné kethayalan tekan kono!
Nalar sing kaya ngono mau, dilalah kok ya kecandhak saiki, bareng dhèwèké wis rekasa nyabrangi bebaya udan pélor, bareng adhiké wis nandhang ketaton, bareng kèlingan yèn ingisor wit sawo ana memediné. Upama kang mengkono mau kagraita mau ésuk, mbokmanawa ora kaya ngéné lelakoné wengi iki. Lha upama suwung, gèk mengko omah kuwi mung isi memedi thok? Wah, piyé ya?
'Énggal didhodhog, mas,' bisiké Sukardiman durung oncat mrindingé. Wiradi ndhodhog lawang, alon-alon. Sepisan. Ora ana banèké nyauti. Ping pindho ... sepi waé.
'Mas, sing rada banter, bèn kupingé manungsa ya krungu. Yèn lirih rak mung lelembut waé sing tangi iki mengko,' celathuné Sukardiman gemeter karo tolah-tolèh maspadakaké ngisor wit sawo.
Wiradi manut, pandhodhogé rada sora. Bareng didhodhog rada banter, Wiradi krungu suwarané krusek-krusek ing njero omah. Jès, ana wong nyumed damar. Lega atiné wong loro. Ora muspra anggoné padha ketayalan mrono, ana gawéné. Luwih manèh Wiradi, adreng anggoné selak kepéngin ketemu ibu-bapaké.
Wiradi ngudhunaké tommy-guné, diulungaké Sukardiman. Sukardiman nampani. Wiradi njaluk pistulé Sukardiman, iya banjur diulungaké. Wong loro padha ngentèni dibukakaké lawang. Suwarané wong dhèhèm-dhèhèm ing njero omah sajak njanjèkaké arep ngengani lawang.
Bareng lawang menga Wiradi agahan methukaké wong sing ngengani lawang nganggo tembung:
'Pak, kula ... eh!!!?'
Ora tutug ukarané. Kagèt, njenggirat! Klokap-klakep, gupuh! Sukardiman mengkono uga, njenggirat, cekèkèr-cekèkèr mlayu ketantingan ninggalaké panggonan kono. Playuné niba tangi ora idhep isin, lali samubarang, lali yèn lanang, lali yèn diwasa dadi prajurit, tinggal glanggang nilap kancané tanpa rikuh-rikuh. Wiradi dijaraké ijèn ngadhepi kagirisan.
Sing katon ing sela-selané lawang menga lan dicoloki damar iku dudu sabarang wong, nanging sirahé diblebed mori putih, mripaté mencereng ngawasi manungsa-manungsa sing padha ndhodhogi lawang. Ya kuwi wedhon!
Wiradi sumlengeren. Dhèngkèlen ora bisa oncat. Ora bisa mbengok. Embuh pirang sekon suwéné.
'Ènten napa, nak?' pitakoné memedi sing nggawa colok. Swarané serak, nambahi giris.
Embuh ping pira pitakonan kang mengkono mau keprungu Wiradi. Nanging bareng dhèwèké wis ngulu idu kaping-kaping, wis kedhèp bola-bali kanyatan yèn memedi mau uga manungsa. Dhèwèké banjur umak-umik mocap:
'Anu, bapak Wiradad punapa wonten ngriki?'
'O, enggih, nak. Ènten. Ibu enggih ènten, gerah. Mangga mlebet.'
- Suparto Brata, Lara-lapané Kaum Républik,
- Panyebar Semangat, 1958/Surabaya, 1966.