Dosa (Nabila Huda Utami)

Lintang Biru
[ 48 ]

NABILA HUDA UTAMI
SMP Negeri 1 Piyungan

Dosa

Kembang kang megar
Nyebarke arume
Kupu kang mobar-mabur
Uripku kaya wit ing taman kuwi
Kang wis gogrok godhonge
Ora bebas, sajake kupu-kupu
Amarga aku manungsa

[ 49 ]

Ora luput seka dosa
Saben dina amung nambahi dosa
Amung nuruti nafsune setan
Aben dina, urip neng donya saya suda
Nanging dosaku iki ora bisa kaitung
Aku wedi dosaku
Dosa marang Gusti Pangeran
Aku percaya Gusti Pangeran tansah maringi ampun
Menawa aku tobat kanthi tenanan
Mula, ayo kanca urip aja disia-sia
Mumpung isih urip
Akehana tumindak kabecikan kanggo sangu
akhirat