Lintang Biru
[ 69 ]

SEPTIANA MUNDIARNATI

SMP Negeri 2 Bantul

Endhahe Wengi

Ing latari kang endah iki
Endahe tumekan ing jero ati
Nyawang lintang kang nari-nari
Nambahi ramene ratri iki

Duh, Gusti kang maha suci
Dadosna lastri kang endah iki
Agawe karukunan lan katentreman negari
Sarta santosane pratiwi