Gara-gara
11 GARA-GARA
Éka sawiji, bumi dununging titah. Dwi loro, sawah unggyan tetuwuhan. Tri telu, tirta pasabaning mina. Catur papat, akasa pasabaning iber-iberan. Panea lima, ardi pikukuhing jagad. Sad enem, janma pranataning buwana. Sapta pitu, ratu janma panutaning bumi. Hasta wolu, pandhita kang bentur tapané. Nawa sanga, déwa panutaning janma. Dasa sapuluh tetengering kasampurnan.
Gara-gara ing mangsa Katiga. Bumi gonjing, tan ana udan; lamun ana kepara salah mangsa, karya curesing tetuwuhan. Siti samya nela anjurang cerung isi gegremetan mawa wisa. Sato kéwan pating bilunglung tambuh-tambuh paraning marga. Pan as anggegirisi tan antuk pangéyuban, temahan pejah pating selebar sapara-para. Kathah tetanduran tanpa tuwuh, cures déning sepining tirta, tambuh-tambuh sinerang ing sato kang tan antuk tetedha. Curesing tetuwuhan anjalari sepining boga. Kathah janma kasangsaya. Culika angambra-ambra rebut gesang tan wigih tindak druhaka. Sato tirta, mina raksaka sapepadhané sami kasangsaya ingendi-endi, panas tan antuk panonoban. Kang alit-alit pejah dadya mangsa kang ageng-ageng, bebasan ana titah mangan rowang katemahan. Iber-iberan tambuh-tambuh paraning ngungsi pangayoman, memangsan saged pinangguh; temah samya pejah tumibèng bantala, pating slebar pating blesar saenggèn-enggèn. Gunung pepetoking jagad njomplang, kang bumi tan timbang, jugrug, karya sangsaya; lindhu ping selikur sadina, karya rusaking wewangunaning bumi. Janma kathah-kathah kasangsaya, pepati angambra-ambra, kang rosa mangsa kang ringkih, sirna pranataning madyapada.
Ratu tan kuwawa ngendhak kang gara-gara; jer muhung titah sawantah tan kantun kapanduk ing panca baya. Pandhita adreng memuja, meminta sih-nugrahaning Bathara sirepa kang gara-gara. Samya lumajeng mring pucuking arga, angudanaken sekar-sekar, lumrang kang banjaran sari, nanging tan kendhak gara-garaning bumi. Temah samya asrah ing jawata, pepuntoning nala sumarah mring Kang Mahakuwasa, yèn karsa anglebur buwana. Déwa kena lara tan kena ing pati, nandhang kasangsaya tan taha-taha. Sampurna wijiling gara-gara, ing buwana sintru, peteng ndhedhet, kilat-thathit sesondhèran, dhèdhèt érawati ngakak, kumitir [ 68 ]petité Hyang Anantaboga, sunguné lembu Andini, kawah Candradimuka pinçla kinebur, mblèbèr blegdaba lubèr mring bumi, tambah-tambah karya kasangsaya.
Énggar tyasé Kang Murbèng Titah, wus andadar kahananing madyapada, minangka pangènget-èngeting janma mring Kang Akarya Jagad, ya Kang Maha-Tunggal. Kayektèn pangwasané Kang Maha-Amasésa, tan linawan mring sagung dumadya. Nanging manungsa asipat kumawasa, tan ngrasa anampi coba.
Parandéné anatitah awujud bajang sakembaran. Siji anggawa pecut, karsanya anggiring maruta, sajuga anyangking batok bolu, sanggupé arsa nawu sagara. Kekaroné papagan ing dlanggung prapatan, sulayaning rembag dadya pancakara, dreg-udregan rebut unggul, wijining kang karya gara-gara.
Gangsa mungel Sarnpak pathet 9. Garèng kaliyan Pétruk sami kekerengan ramé, boten wonten ingkang kawon. Telas-telasing pancakara, sami tataban sarni sirah, buncur dhawah kantaka, gumlinting ing kisma. Bagong dhateng, tiyang kekalih lajeng kagéndhong wangsul, sowan ingkang rama (kaentas). Semar tancep ing palenggahan tengen majeng mangiwa. Gangsa suwuk tanpa pathet. Lajeng kacariyosaken:
— Wau ta, sasirnaning kang gara-gara, ing bang wétan ka'ton ana téja. Sasirnaning kang téja katon metutuk kaya gumuk. Mbegogok kaya ténggok. Sajatiné iku Bathara Ismaya kang tapa ngramé kinarya pamongé para satriya kang utama budiné. Tapa ngrarné arnémba kawula karan Kyai Lurah Semar, Badranaya, ya Nayantaka. Nalika samana Lurah Semar nuju kewangkungen déné pisah anaké tetelu. Wonten laré ngarit, lajeng tinakènan:
Semar: Tholé! Tholé! Bocah ngarit kang nyengkelit kranjang, nyunggi arit!
Laré ngarit: Klintu, kyai. Nyengkelit arit, nyunggi kranjang, boten nyengkelit kranjang nyunggi arit.
Semar: É, iya benerna dhéwé kono, aku wong wis tuwa, bléro tembungku. Apa kowé mau weruh dèn bagus dèn bagus anakku, hè?
Laré ngarit: Putra panjenengan ingkang pundi, kyai? Kula dèrèng dhamang
Semar: É, putraku endi manèh yèn ora wong tetelu. Kang tuwa dèn bagus Garingan, irungé kaya mondholan, tangané céko, [ 69 ] sikil gejig. Aḍiné geḍéḍuwur, irung bangir, polaJtan kaya wong nyebrot. Wuragilku sarwa amba, mripat amba, lésané ya amba.
Laré angèn:0, sumerep, kyai. Kala wau won ten kilèn ngriku, sami padudon aben kucing. Sulayaning rembag ingkang kalih sami kerengan, satunggilipun milah. Sarèhning sayah samangké sami aso ,tilem sanganḍaping papringan kakroyok laler.
Semar: É, ora genah anakku katik paḍa mainan. Mara undangna mréné, tolé.
Laré angèn: Mas lurah! Mas lurah! Mas lurooooooah! Sampéyan ditÏmbali rama sampéyan. É, é, ora nglilir. Bèn dak-balangé lungka ... (blug!).
Garèng: Athooooo! Sapa iki wani ganggu gawé?
Laré angèn: Sampéyan diundang rama sampéyan.
Garèng: Aku emoh mara nèk ora ditembangaké ... ḍanḍanggula.
Laré angèn: Punika boten purun, kyai, manawi boten katembangaken ḍanḍanggula.
Semar: É, katik isih tetep aleman temen bocah ki. Apa wong gerang ki ya kelakon klongkang-klongkong. É, ya ia, bebasan anak molah bapa kepraḍah, ya dak-Iakonané. (Semar nyekar ḍanḍanggula sléndro patet 9. :Qawahing gong katampèn la drang pangkur Iamba, kinten-kinten 3 gongan. Garèng lajeng ḍa:teng saking kiwa.)
Garèng: Waḍuh! Tuwa-tuwa kakèkné ki saya empuk suwarané. Wis wis, anggeré wis krungu tembangé ḍanḍanggula kakèkné, arepa ngaḍep ratu, dak-tinggal ngono baé.
Semar: Hèh, hèh, hèh, hèh ... ! Hé, olèhmu isih aleman kuwi. Jaré kowé mau kerengan karo Pétruk, apa hiya? Yèn bener, apa sababé?
Garèng: Açluh, ma, dadia banyu emoh nyuwèk, dadia goḍong emoh nyawuk, dadia suket emoh mangan aku, karo putramu siji kaé.
Semar: É, jalarané apa? Sadulur ka!ik nganti kaya ngono. Mara undangen!
Garèng: Emoh, ma. Aku saiki pe!i gung kang waḍah wayang, glepung munggwing citakan kok. Aku jo!akan 'tur satron.
Semar: Éee, hèh, hèh, hèh .. , ! Ora genah! Nganggo parikan barang. Ayo, gelem apa ora? Yèn ora gelem kelakon dak-gècèk ḍéwé kowé. [ 70 ]Kaca:Javanese Literature Since Independence.pdf/82 [ 71 ]
Semar: É, mangertia, iki bendaramu sajaké lagi sungkawa. Ayo paḍa sowan mbonḍèti, bèn énggal lejar.
Mungel genḍing Bonḍèt. Panakawan catur kaentas manengen.
Radèn Arjuna medal, taneep ing palenggahan tengen majeng mangiwa, tangan ngajeng siḍakep, sungkawa. Panakawan catur sami ngaḍep. Gangsa kasirep, lajeng kajantur:
- Ing madyaning wana. Sinten ingkang ketingal ingriku? Satriya bagus angemu kingkin. Sapa dasa-namané? Dasa sapuluh, nama kekasih. Kekasih Radèn Arjuna, Pamadi, Arya Parta, Margana, Kumbang Ali-ali, Panḍu-tanaya, Indra ...tanaya iya Jahnawi-suta. Mila kekasih Radèn Arjuna, toya wening ing waḍah; Pamadi, sanyata pamadyaning kadang Panḍawa; Arya Parta déné pinunḍut putra Sang Hyang Parta; Margana, bisa ngambah ing gegana; Kumbang Ali-ali, 'kumbang' wus ngarani, 'ali-ali' araning kumbang. Sanyata Satriya ing Madukara, unggyan sang darma memanis, wèh reseping saisining praja. Panḍu-tanaya, putrané Pra:bu Panḍu, nata ing Ngastina kang wus suwargi. Indra-tanaya, pinunḍut putra Sang Hyang Indra; ya Jahnawi-suta, putrané Dèwi Jahnawi ya Kunti Nalibranta.
Nalika samana sang binagus neḍeng ngénggar-énggar ing driya, ambebeḍag sato ing wana. Wus samadya candra lawasé, nanging tan antuk buron sajuga. Dahat sungkawèng driya, déné ing ratri, ing leyeping ngaluyup sang arya antuk supena wangsiting jawa:ta. Mila tansah anjegreg pinḍa tugu sinukarta, 'tan mobah tan mosik. Sanadyan para panakawan panḍèrèk wus sami sowan ing ngarsa, nanging sang binagus dèrèng kersa ngandika. Tandya kḍeng manahé para panakawan, mil a lajeng sami réka-daya nglelipur sungkawaning bendara. Mawarna-warni sol ah patrapé kenaa kanggo sarana renaning penggalihing bendara. Mulat sang arya Parta patrapé panakawan, gya ènget 'ḍateng lenggahing bendara lan sinatriya. Mila lajeng arsa imbal-pangandika.
Gangsa mantun sirepan. Sawatawis lajeng suwuk, dipunsuluki Suluk Patet 9 Ngelik. SateIasing suluk lajeng ginem (panakawan nglelejar panggalihing bendarané).
Semar: Hiii ... , bendara kula, radèèèn! Kula ingkang sowan. Kula ingkang pun Semar inggih Badranaya. Kula aturi paring pangandika, radèèn, punapa lepat kul a saanak kula. Punapa kirang [ 72 ] ngrenani panggalih patrap kula? Yèn makaten mugi kersaa paring pangaksama, lajeng kersaa paring ḍawuh, ndaraaa! Hiii, priyé, tolé, bendaramu katik kèndel baé. Mara lipuren, tolé, bèn lejar penggalihé, bèn énggal paring ḍawuh.
Bagong: Mung ḍawuh wé kok disuwun ta, maaa? Lumuh temen nganggur. Mengko yèn diḍawuhi rekasa ya nyebut.
Semar: Hiii, ora kaya kowé, Bagong. Bendarané susah malah cikrakcikrak, kaul ngaji pupung. Ora ngélingi jejermu dadi pamong, hé?
Bagong: Pamong iku gawéané rak momong. Momong angger sing dimong wis meneng arep apa manèh, hayo?
Semar: Hiii ... , saya ndluya! Ééé, tolé Garèng, mara lipuren bendaramu, tolé.
Garèng: U-huk ... , olèhku nglipur priyé ta, ma? Bisaku mung rengengrengeng.
Semar: É, rengeng-rengeng ya bèn, tolé, waton bisa lejar panggalihé bendaramu.
Garèng: Ya, coba dak rengeng-rengeng tembang kinanti. Wah, nanging larasé apa? Wis bèn, ana ngalas ora ana gamelan wé kok. Ndara, kula ingkang abdi pun Nalagarèng. Ndara, kula nyuwun ḍawuh. Ndara, kula nyuwun ... nyuwun ... nyuwun ...
Bagong: Maklumé waé, kang.
Garèng: Huus, waḍuh, ora genah, dianggep wong ngemis awakku. Bagong kaya ḍemit, oraaa?
Bagong: Jenèh, matur kok 'nyuwun ... nyuwun ... nyuwun' ora wis-wis.
Pétruk: 0, kang Garèng ora ngerti lagéyané ndara Janaka. Lha wong ndara Janaka kok ditembangaké kinanti. Karemané bendara kuwi tembang pangkur. Coba tak-tembangné, mengko rak lejar. (Pétruk nembang pangkur.)
Bagong: Rora pasah! Mangsa bénjoha! Ora. Ndara kuwi remenané ora tembang, nanging dongèng.
Pétruk: Lha kok kowé, Gong, ngerti?
Bagong: Lha yèn soré sok menyang nggonku njaluk didongèngaké kok. Malah kala mangsa turu nggonku ki.
Pétruk: Rupamu kaya lampor ngono, Gong. Ya wis, coba ndongènga!
Bagong: Apa kowé wis ngerti asal-usulé kang Garèng, kang Pétruk karo aku?
Pétruk: Durung. Yèn kowé ngerti mara dongèngna!
Bagong: Ngéné, ya. Nalika Semar sepisanan muḍun ing marcapada, tiba jleg ing Pasar Legi Sala. rng kono banjur ketemu karo kéré [ 73 ]Kaca:Javanese Literature Since Independence.pdf/85 [ 74 ]tangi turu terus bablas tanpa tabet. Kabèh iku ana mangsudé.
Garèng: Bener kaya kan~ané Pétruk kuwi, Gong.
Semar: Lajeng punapa ingkang paduka supenakaken, ndara?
Arjuna: Mangkéné, kakang. Ing kanané, kaya-kaya aku darbé ingoningon prekutut kang banget dak-tresnani. Mula banjur dakyasakaké kurungan kang éndah adi. Nanging, kakang, ngertingerti prekutut kang banget dak-tresnani iku ilang tan karuwan genahé. padi ju~eg penggalihku. Dak-Iari menyang ngendi-end i, bebasan dak-réwangi ngukur lurung milang kori naliti wana, nanging mek sa ora ketemu. Dumadakan, kakang, ana sawijining nom-noman ing sawijining dina mbalèkaké prekututku, isih waras-wiris. Mung ana ta:beté gogrog wuluné salamba. dadi su ka rena penggalihku, kakang, nanging kaya apa kagoling atiku, bareng aku wungu, awit rasa renaku kagol ing tengahing marga. Mangkono, kakang, supenaku mau bengi.
Semar: Ééé ... i, hèh, hèh, hèh! Priyé, tolé Garèng, apa kowé ngerti werdiné?
Garèng: Wah, rada ko~eng pamikirku, ma. Aku pamit çlisik. Lha, Pétruk kuwi mbokmanawa ngerti.
Pétruk: Lha nèk aku mesti ngerti. Manuk niku genah pawakan manungsa. Manungsa niku genah Semar. Lo, cocog ta. Semar niku rak inggih panjenengan asihi ta, ndara. Lha ical nik u tegesé sÎrna. Niki Semar ajeng diukum niki. Awit lajeng saged wangsul malih. Bénjang nèk empun telas paukumané, pulisi ba~é mangsulaken. Lo, mula ngati-ati 10, ma. Aja sok mbubuti pohungé wong padésan, mun~ak diukumaké.
Semar: Ééé, ora genah! Kapan aku ,tau nyolong duwèking liyan, hè?
Bagong: Kang Pétruk baé kok bisa. Kula ngertos, ndara. Rak prekutut niku ta. J;)èk soré-soré prekututé njaluk ngombé. Ombènana banyu sumur, nagari adillan makmur.
Semar: É, aja clumetan kowé, Bagong. Hiii! Laré-Iaré boten wonten ingkang sami mangertos, ndara.
Arjuna: Kakang, iya. Sawusé iku, kakang, aku banjur kadereng kepéngin bali marang praja, baya ana kahanan apa ing sajroning praja, kakang.
Semar: É, manawi makaten, kasinggihan karsa paduka.
Arjuna: Hiya, kakang. Supaya énggal tekaning parasdya, aku bakal nasak al as wilayah Sétra Gandamayit iki. Para anak-anakmu kinèn ngati-ati aywa adoh-adoh kalawan jeneng ingsun, udakara mung sarubuhing lançléyan kéwala.
Semar: Nuwun inggih, dhateng sendika, radèn. É, tholé, Garèng, Pétruk,
Bagong, aja adoh-adoh karo bendaramu. Bendaramu arsa kondur nrabas alas Sétra Gandamayit.
Dipunsuluki Ada-ada Wana Wasa. Radèn Pamadi kalampahaken mangiwa kaentas. Panakawan ugi kaentas mangiwa. Kayon kalampahaken geter.
Ki Kodiron, Serat Tuntunan Caking |
Pake1iran Ringgit Purwa, Lampahan |
Sembadra Larung, Sala, 1962. |