Guru (Vinny Rista Winurtika)

Lintang Biru
[ 77 ]

VINNY RISTA WINURTIKA

SMP MATARAM

Guru

Becik bebudenmu
Aweh mring ngilmu
Gedhe lelabuhanmu
Marang sapa wae
Maringi pitutur mikolehi

Kebecikanmu kang tanpa winates
Dadi panuntun sapadha-padha
Aku bisa tresna lan sembada (kendel)
Amrih bisa nggayuh pamrihku (karep)

Murakabi banget piwulangmu
Ananging kena apa,
Budi luhurmu kang tanpa upama
Iku
Tanpa tanda jasa