Indhahing Taman

Lintang Biru
[ 78 ]

VINNY RISTA WINURTIKA

SMP MATARAM

Indhahing Taman

Sesawangan kang nyengsemake
Gegodhongan kang ijo royo-royo
Ndadekake seger lan ayem
Swasana sinawang katon asri

Warna-warna rupa kembang
Sing lagi padha megar nambah
Wangi ing taman
Ndadekake rasa ati kang maune
Sungkawa dadi bundah

Kupu-kupu lan kumbang padha
Menclok
Nyesep sarining madu

[ 79 ]

Manawa kabeh mau nambahi
Gumbiraning ati
Taman kang endah, sing
Ndadekake rasa
Seneng sapa wae
Pancen kudu kita syukuri
Manawa
Kabeh mau ciptaning pangeran
Kang agung