Lintang Biru
[ 60 ]

NURDIYANTO

SMP Negeri 1 Banguntapan

Indonesiaku

Gagah prakosa mrebawani
bawera njejak bawana
gemah ripah loh jinawi
kawula makmur, nir sambekala

bagaskara sumurup ing sisih wetan
ngawe-awe kadang tani
supaya ndaut lan matun hasil bumi
kanggo kawula tentreming jiwa raga

O.... Indonesia
bakal dak belani nganti tumekaning pati
saka tangan nistha
kanthi tumbal nyawa lan bandha
aku bombong, marang Indonesiaku