Sandhal Goreng

[ 38 ]Jembretten

Iswandari Ekarini

TI

Turu luwih seka jam sepuluh bengi wis lumrah kanggo Asta- ri. Bendinane Astari ora tau mapan turu gasik, mesthi jam sepuluh punjul. Saben dina gaweyane sadurunge turu ya ming ndhelok tivi, nonton sinetron lan film barat, nganti apal yen di tekoni jad- wale sinetron lan apa filme sing apik dina iki.

Sajake mripate wis ana cagak kanggo melek, yen wis nang ngareptivi ora perduli menawa isuke mripate jembreten. Bapakne lan Ibune wae nganti judheg ngandhani Astari supaya anggone turu ora bengi-bengi, nanging dhasare Astari ki bocahe bandhel lan ngeyel, nggugu karepe dhewe.

Astari sekolah kelas siji SMA. Sajane dheweke bocahe pinter. Gandheng bocahe ngeyel lan nggugu karepe dhewe, ya ora gu- mun yen Astari kerep oleh biji sing elek. Apa maneh matematika. Jarene matematika ki marakke judeg, marakke uteke umob yen dianggo mikir. Ketambahan maneh gurune sing galak.

Sanajan Astari ki bocahengeplukan nanging dheweke sayang banget karo kulawargane dheweke uga bisa ndhagel gawe guyu sapa sing sedih, apa maneh karo ibune. Polahe sing isih kaya cah cilik, marake ngguyu kepingkel yen weruh Astari lagi ndhagel.

Astari dhuwe adhi lanang sing jenenge Arya. Arya bocahe ndhableg lan ngeyel, ana wae saurane yen diomongi. Bocah loro kuwi nek wis udur ramene kaya jago diadu.

“Kene, Mbak bantalku!” bengoke Arya karo ngathungke tangane.

ma 38 [ 39 ]

“Enak wae. Iki bantalku. Sing njupuk aku, kok!” semaure Asatri.

“Sapa sing omong,” pitakone Arya karo maido.

“Aku dhewe,” saurane Astari karo nyenthe.

“Raiso, kuwi nggon aku, kok,” eyelane Arya.

Oranganggo basa-basi, bantal sing ana sirahe Astari mau lang- sung di dudhut seka sirahe Astari.

“Jedhuggggg,” swarane sirahe Astari kejegluk jubin.

“Iyunggggg,” bengoke Astari karo nyekeli sirahe.

“Bocah, ki, rung tau tak lolohi sandhal, pa piye. Karo mbak- yune kok ra ngajeni,” grundelane Astari.

“Napa, Mbak?” pitakone Arya sajak nyepeleke.

“Karepmu kie, piyeeeeeeee?” semaure Astari karo nyenthe.

“Oh.......sori Mbak,tak sengaja,” wangsulane Arya sajak ngece.

“Kene ndhene,” bengoke Astari marang adhine.

“Tak sudi, la yau,” saurane Arya karo melet, banjur lunga klepat metu ninggalake Astari.

“Dhuasarrmrmr cah ra nggenah, kie. Minggat kana,” swarane Astari sajak nesu banget karo adhine.

Durung liya dina, liya perkara wis kedadeyan maneh. Ana wae saben dina sing diributke antarane mbakyu adhi mau. Dina kuwi, ibune Astari banjurrada duka amarga miring swara bocah loro sing bawe rame.

“Iki ki pada ngapa, ta. Kok ribut-ribut?” pitakonelIbune Astari.

“Kae Arya bantale di dudhut terus sirah ku oleh jubin,” se- maure Astari karo nyenthe.

“Oalah, tak kira ana apa,” ngendikane ibune Astari.

Dinaiki anafilm Hary Potter nang tivi. Bengi iki Astari bakal turu luwih saka jam sepuluh.

“Wah, engko bengi filme Hary Potterkudu ndhelok iki,” ujare Astari.

Bengi iku Astari nonton tivi saka jam setengah pitu bengi. Astari ora sinau babar blas. Dheweke luwih mentingke film hary potter sing mulaine jam sepuluh bengi.


m39 [ 40 ]

“Koe ki ora sinau apa piye, Mbak?” pitakone Arya.

“Koe ki napa, ta, takon-takon barang, Kana sinau pa piye!” semaure Astari karo nyenthe.

“Welha, wong di takoni apik-apik kok malah nyenthe, grun- dhelane Arya,banjur ninggal ake Astari mlebu ing kamare.

Astari ora tau nggagas apa sing di omongke Arya,pokoke kanggone Astari Arya ki ora ana benere. Wis jam sepuluh kliwat seprapat,mnanging film Hary Potterdurung wiwit. Astari selak ora kanti ngenteni wiwite film Hary Potter. Astari ora ngantuk babar blas, amarga wis bendinane Astari turu luwih saka jam sepuluh bengi.

“Wah. ..........endi ta, kok ra lek wiwit, ki.....,” sambate Astari karo nggujengi remot.

Ora let suwe filme wiwit. Astari banjur mrenahke anggone lungguh karo njupuk klethik-klethik ana ing meja ngarepe.

“Astari....mbok lek turu koe ki.....! bengoke bapakne Astari anaing jero kamar.

“Engkota ya...lha aku ki durung ngantuk,” semaure Astari karo mindah-mindah darnel tivi.

“Ya... .karepmu, sesuk nek kebyaran. Aku wegah kon ngeter- kesekolah,” sambunge bapakne Astari.

ka aa ,” semaure Astari radha kurang ajar.

Ora krasa anggone Astari ndhelok tivi wis nganti jam rolas tengah wengi. Nanging fileme durung rampung. Astari ora bakal turu yen filme durung rampung. Jam setengah siji filme agi ram- pung. Astari banjurmapan turu. Esuke Astari kebyaran, jam setengah pitu lagi tangi. Dheweke gage-gage adus. Anggone adus ora kaya biyasanesing mung kaya adus bebek. Astari ora kelingan yen esuk kuwi ana ulangan matematika, Kamangka Astari ora mudheng babar blas pelajaran matematika. Apa maneh mau bengi Astari ora sinau. Dheweke ora bisa nggarap babar blas. Amarga mau bengi ora sinau di tambah saiki mripate jembreten angel banget dinggo melek, Dadine Astari mung sedhakep, ndhungkluk, turu! Ora nggarap ulangan matematika. Dheweke pasrah karo gurune sing bakal duka.


me 40 =