Lintang Biru
[ 4 ]

FAHMI AHMADA
SMP negeri 1 Imogiri

Kanca Urip

Cahyamu ngganteni srengenge.
Yen peteng,
kowe sing ngancani aku,
kowe sing njaga aku,
sliramu sing ngawasi aku.
Coba...
upama kowe ora ana,
wong-wong ora bakal bisa urip
wong-wong ora bakal bisa nyambut gawe.
Esuk.awan,bengi...
Kowe ngancani aku.
Nanging wong-wong padha milih kokkancani ing
wayah bengi.
Kowe ngancani aku sinau,
ngancani aku nggarap PR, ngancani aku gawe
geguritan.
Udan,banjir,lindhu...
Kowe ngancni aku.
Kowe pancen kanca uripe manungsa.