Lintang Biru
[ 32 ]

EVA MAULIDA

SMP Negeri 1 Imogiri

Kartini

Wanita kang arum gandane
Madhangi kabeh para wadon
Mbedhal pagering wewaton
Ngudi ngelmu ana ing pasinaon
Dadi wanita kang pinunjul
Kang tansah ngresepake

Kang bisa njembarake jagading wanita
Aku tansah eling
Aku tansah syukur
Aku tansah ndedonga
Muga - muga tumeka saiki
Isih ana kartini — kartini mudha
Kang bisa nggawa
Aruming bangsa lan negara