Lintang Biru
[ 44 ]

LUTFY LAKSITA PRANANDARI

SMP Negeri 1 Bantul

Kreweng

Nasibmu kang suwe dijur-jur dening kahanan
Mung kanggo dolanane jaman
Ndadeni urip saya abot
Kang nyangga sesanggan
Gawe butheke atiku

[ 45 ]

Kreweng....
Kowe kaidak-idak dening rodhane wektu
Bali maneh menyang dunungmu
Wis ora bisa ngiyupi sapadha-padha
Njalari donya iki dadi panas sumelet