Panguwasa Kang Ora Becik

Lintang Biru
[ 23 ]

EKA SUMARNI

SMP Negeri 1 Pajangan

Panguwasa Kang Ora Becik

Ojo dumeh panguwasa!
kang nduweni wewenang
endi sesorah kebak ing janji
pranata kang ngundang wigati

Apa dumeh wis oleh kasil?
lali marang janji kang digawe
digawe tanpa di peksa
kang metu saka getih kang nggumpal

[ 24 ]

Nanging apa buktine
tanggung jawab apa kang dibuktekake?
janji endi kang bener?
apa ana buktine?

Sebutan apa kang becik
kanggo panguwasa kang nyengsarakake
kanggo rakyat, bangsa lan negara
kapan indonesia maju?