Lintang Biru
[ 38 ]

Evi Hidayahwati
SMP Negeri 3 Jetis

Pati

Nalika sangkakala didamu
Marang malaikat Israfil
Ing sakedheping netra
Jagad iki bakal remuk
Kaya godhong garing
Sing disapu angin

Manungsa ing donya
Mung bisa pasrah
Ora bisa polah
Pasrah marang Gusti
Kang Maha Kuasa

[ 39 ]

Udan tangis sing ana ing donya iki
Nalika malaikat Izrail
Teka njabut nyawa
Kabeh manungsa
Bakal nekani patine

Pati kuwi,ora ana kang bisa ngerti
Mung dedonga lan nyenyuwun
Marang Gusti
Kang bisa nyelametke manungsa
Tekane alam suwarga