Sekar ing Atiku

Lintang Biru
[ 29 ]

ELSHA D. PUTRI

SMP Negeri 1 Sewon

Sekar ing Atiku

Sekar kang ana ing atiku,
dudu mawar,dudu lili
Sekar kang ana ing atiku,
ngluwihi warna kang ana ing pelangi

[ 30 ]

Sekar kang ana ing atiku,
dudu emas, dudu inten

Sekar kang ana ing atiku,
yaiku kabecikan lan rasa tresna asih
kabecikan sing mesti nggawe aku,
supaya aku terus tumindak apik
kanti aku bisa ngerti
nindakke kabecikan iku ora ana rugine