Lintang Biru
[ 13 ]

ARI SRI HARYANTI

SMP Negeri 1 Jetis

Srakah

Nalika ana tikus ngrembah biyayah
nyrambah sawah apa dene omah
anane mung tansah gawe susah
nalika tandur ijo sumringah
di rencak lan dikemah-kemah
gabah jroning goni dibabah

Pancen tikus iku kewan srakah
mula prayoga enggal di brastha
aja nganti ngambra-ambra
supaya ora akeh kaya dhek semana
petani dadi makmur lan sentosa