Tataran Anyar 2
C. Tembung sing ana njerone kurung wenehana seselan “um” !
Tuladha :
ING
TAMSIR.AS
DRS. SUPARDI.AS
V. SOEROTO
MUKONO.BA
CV FAJAR HARAPAN
KANWIL DEPDIKBJD PROPINSI JAWA TIMUR
No.
Kaca
- Atur Bebuka..................................................................... 1
- Kabar Saka Papan Transmigrasi.................................... 2
- Karnaval.......................................................................... 10
- Mak Sari........................................................................... 17
- Dina Natal........................................................................ 24
- Siskamling....................................................................... 32
- Taman Lalu Lintas........................................................... 41
- Kebon Empon-Empon.................................................... 50
- Nonton Wayang............................................................... 58
- Darmawisata.................................................................... 65
Nuwun.
Kanthi babaripun serat TATARAN ANYAR punika ateges tambah satunggal malih jinisipun serat wucalan basa Jawi kangge ing Sekolah Dasar tuwin sekolah-sekolah ingkang satataran. Tamtu kemawon badhe anyengkuyung lan saya angregengaken mekaripun basa Jawi ing kalanganipun para siswa.
Serat TATARAN ANYAR punika dumados saking sekawan buku, kangge ing pangkat 3 dumugi pangkat 6. Saben buku isi 9 wucalan, ateges saben caturwulan ing pamrih saged anyekapaken 3 wucalan. Saben wucalan kaperang dados 6 pantha, inggih punika: Waosan, kawruh basa, paramasastra, kasusastran, aksara Jawi lan ngarang. Ing pungkasan saben buku kalampiraken cathetan tembung-tembung ingkang mengku pangertosan mligi ing babagan basa lan sastra tuwin tembung-tembung ingkang perlu angsal kawigatosan.
Kintenipun perlu kaaturaken bilih serat wucalan basa Jawi TATARAN ANYAR punika dipun pepaki Kepek Cilik BASA JAWA, minangka buku bantu ingkang karaos kathah gina-paedahipun tumrap para Guru tuwin para Siswa.
Ing pungkasanipun atur, para pangrakit percados bilih kawicaksananipun para Guru sangat ageng pangaribawanipun tumrap sampurnanipun wucalan basa Jawi ing sekolahan. Pramila saking punika sanget agenging pangajeng-ajeng, para Guru tuwin para among pepetri basa Jawi kersaa paring panyaruwe dalah sumbang-surung pamanggih murih langkung sampurnanipun sarat punika.
Nuwun,
Pangrakit
A. Wacan.
Sawiji gambar kuduné katon ing pérangan iki. Yèn kowé bisa njangkepi, deleng Wikisumber:Paugeran gambar lan Pitulung:Nambah gambar kanggo panuntun. |
Pak Makmur, bapake Suminar, wis mulih saka sawah. Pancen srengenge wis manjer. Saka masjid keprungu bedhug ditabuh ndrendheng. Andaru kebungahan, dioleh-olehi welut karo kul gedhe-gedhe. Pak Makmur terus menyang kulah, reresik awak.
Saka ratan ana sepeda motor mlebu, banjur dijagang ing latar. Wong nganggo sandhangan klawu nyedhaki panggonane Andaru dolanan. Ibu metu mapagake ing emper.
“Pos” kandhane wong mau karo ngulungake amplop.
Ibu nampani nuli sumaure, “Matur Nuwun”.
Sedhela maneh motor pos mau ninggalake latare Pak Makmur. Ibu mlebu ngomah, ditutake Andaru. Nalika kuwi Suminar uga wis mulih saka sekolahan.
2
"Saka sapa Bu ?” takone Pak Makmur.
"Saka pak Jamain.”
"E, saka Pak Jamain? Pak Jamain sing lunga transmigrasi ?”
"Iya, la iki ta layange.” Sumaure ibu karo ngulungake amplop layang.
Bapak mbukak amplop layang. Banjur diwaca lirih, sawatara suwene. Suminar karo Andaru nyawangi bapake sing lagi maca.
"Apa isine Pak ?” takone Ibu.
"Hem, aku melu bungah Bu. Pak :Jamain sing biyen uripe kesrakat kae saiki wis urip kepenak. Tanduran ing kana apik-apik, lemahe isih loh. Pangan cukup, malah turah-turah, Pak Jamain sakulawargane wis ora kacingkrangan maneh, Omah wis disediyani, tegal dicepaki jembar. Malah nalika anyaran teka kana sandhang pangan nampa saka pamarentah, Nganti wong-wong duwe panenan. Ngono Bu, isine layange.”
"Alhamdulillah, aku melu muji syukur, Pak. Dene Pak Jamain sing ana ing kene kesrakat, nemu mulya ing Kalimantan, Satemene ing kana ing kene rak ya padha wae ta, kana-kene ya bumi Indonesia. Apa sing kudu diabotake yen budhal transmigrasi?”
B. Wangsulana pitakon-pitakon iki nganggo basa Krama !
- Pak Makmur mulih saka ngendi ?
- Kira-kira wektune wis jam 12 awan. Apa pratandhane ?
- Geneya Andaru kabungahan ?
- Sepedha motor dijagang ana ing ngendi ?
- Ibu mapag ing ngendi?
- Oleh kiriman layang saka sapa ?
- Sapa-sing mbukak amplop ?
- Biyen kepriye uripe pak Jamain ing tanah Jawa ?
- Kepriye lemah ing papan transmigrasi ?
- Kulawargane pak Jamain nemu mulya ing ngendi ?
II. Kawruh Basa. A. Goleka tembung liya sing padha utawa meh padha tegese ! [ 4 ]Tuladha :
Uripe kesrakat = uripe kacingkrangan. |
- Lemahe isih loh = ...............
- Omah wis disediyani = ...............
- Mbukak amplop layang = ...............
- Atine kalegan = ...............
- Pasedulurane congkrah = ...............
- Dioleh-olehi welut = ...............
- Suminar bocah sregep = ...............
B. Aranana apane sing pating . . . . . .?
Tuladha :
peleme pating .......... peleme pating grandhul. |
- Guyune pating ...............
- Gunemane pating ...............
- Awake krasa pating ...............
- Tandurane rubuh pating ...............
- Tulisane pating ...............
- Tangise pating ...............
- Swarane bedhil pating ...............
- Polahe pating ...............
Sawiji gambar kuduné katon ing pérangan iki. Yèn kowé bisa njangkepi, deleng Wikisumber:Paugeran gambar lan Pitulung:Nambah gambar kanggo panuntun. |
[ 5 ]C. Kepriye arane kewan iki yen muni ?
Tuladha :
Jaran beker. |
|
6. Asu . . . . . |
Sawiji gambar kuduné katon ing pérangan iki. Yèn kowé bisa njangkepi, deleng Wikisumber:Paugeran gambar lan Pitulung:Nambah gambar kanggo panuntun. |
III. PARAMASASTRA
A. Salinana nganggo basa sing bener !
Tuladha.
a. Jam sadasa kula sampun kondur saking sekolahan. b. Jam sadasa kula sampun wangsul saking sekolahan. |
- Sasampunipun nyinggahaken buku kula lajeng siram.
- Serat kula pundhut lajeng kula waos.
- Cekap kula waos, serat kula paringaken Bapak.
- Bapak kula dhawuhi yen serat punika saking Pak Jamalin.
- Bapak matur, bilih pak Jamain rumiyin gesangipun rekaos.
- Suminar kaliyan Andaru mirsani bapakipun ingkang saweg maos. [ 6 ]
- Kula badhe tindak, ndherek dhateng setasiun.
- Jam sekawan kula nembe rawuh.
- Sasampunipun gantos pangangge lajeng dhahar.
- Lawuhipun gereh peda, kula boten Kersa.
B. Tulisen aksarane murda!
Tuladha :
b. Pak Makmur, bapake Suminar mulih saka sawah.
- ing kana kene padha bae, kabeh bumi Indonesia.
- sulawesi, bali, irian jaya uga kalebu indonesia.
- pindhah panggonan saka pulo jawa menyang kalimantan diarani transmigrasi.
- tahun 1981 pak jamain sak kulawarga ninggalake pulo jawa.
- ana kana pak jamain ketemu pak jumadi lan pak sarmidi.
- sawise rong tahun ing kalimantan, kirim layang marang pak makmur.
- yen duwe dhuwit, suminar kepengin menyang surabaya.
- saben dina senin suminar nyelengi satus rupiyah.
- ana ing tanah jawa pak jamain mung rong dina.
- tanggal 5 april pak jamain bali menyang kalimantan. [ 7 ]C. Wenehana ater-ater "dak ” lan penambang “ake” !
Tuladha :
b. Amplop layang dakcaosake bapak.
- Sepeda ( jagang ) ana pinggir dalan.
- Yen menyang sawah ( golek ) welut.
- Bukune wis ( sediya ) ana meja.
- Yen arep maca wis ( gawa ) majalah.
- Rungokna, ( waca ) dongeng apik !
- ( Tembang ) lagu Mijil, mengko tirokna !
- Yen munggah kelas ( tuku ) tas anyar.
- Entenana ana kene, (atur) ibu dhisik.
- Bukumu gawanen mrene ( gambar ) kewan.
- ( Tulis ) banjur turunen sing apik !
IV. KASUSASTRAN.
A. Apa tegese bebasan iki !
Tuladha :
b. Kanggone mung gawe tambel butuh.
1. Kocak tandha lokak.
= .........
2. Kerot tanpe untu.
= .........
3. Ora uwur ora sembur.
= .........
4. Lanang kemangi.
= .........
5. Nututi layangan pedhot.
= .........
Sawiji gambar kuduné katon ing pérangan iki. Yèn kowé bisa njangkepi, deleng Wikisumber:Paugeran gambar lan Pitulung:Nambah gambar kanggo panuntun. |
[ 8 ]B. Dasanama
Golekana dasanamane tembung-tembung iki.
Tuladha:
- Sirah = .....,.....,.....,.....
- Gunung = .....,.....,.....,.....
- Geni = .....,.....,.....,.....
- Banyu = .....,.....,.....,.....
- Perang = .....,.....,.....,.....
C. Mara lagokna tembang iki!
Kawula pra murid sagung
Kedah amituhu maring.
Pituturing guru kula.
Kang sae kula lampahi.
Ingkang awon kula tilar.
Punika wajibing murid.
Sawiji gambar kuduné katon ing pérangan iki. Yèn kowé bisa njangkepi, deleng Wikisumber:Paugeran gambar lan Pitulung:Nambah gambar kanggo panuntun. |
V. A. Wacanen sing cetha lan bener!
ꦧ ꦛ ꦫ ꦤ ꦫ ꦢ
ꦱ ꦲ ꦥ ꦫ ꦗ ꦮ ꦠ
ꦲ ꦤ ꦲ ꦫ ꦲ ꦫ
ꦥ ꦣ ꦤ ꦠ ꦧ ꦭ
ꦱ ꦔ ꦱ ꦔ ꦱ ꦫ ꦠ
[ 9 ] B. Tulisen nganggo aksara Jawa !
baya |
yasa |
maha |
VI. Ngarang.
Apa bocah-bocah wis tau dolan menyang sawah ? Yen wis wangsulana pitakon-pitakon iki !
- Kapan kowe menyang sawah ?
- Sapa wae kanca-kancamu ?
- Ing sakubenge sawah katon apa ?
- Ing sawah kowe weruh kewan-kewan apa ?
- Mulihmu wis jam pira ?
Coba saiki critakna anggonmu dolan menyang sawah.
9
1. A. Wacan.
Sawiji gambar kuduné katon ing pérangan iki. Yèn kowé bisa njangkepi, deleng Wikisumber:Paugeran gambar lan Pitulung:Nambah gambar kanggo panuntun. |
Upacara Dina Proklamasi.
Sore iki ing dalan gedhe ana karnaval, iring-iring mubeng. Wiwit srengenge ngglewang wis ana wong teka, sing arep melu karnaval lan sing arep nonton. Sadurunge budhal padha ngumpul ing lapangan cedhak pasar. Warna-warna pacakane.
Suminar, Andaru lan bapak ibune uga wis ngadeg ing pinggir dalan. Golek papan ing ngisor wit waru ngarep toko. Supaya ora panas banget-banget. Tangane Andaru tansah digondheli Bapake, amarga sedhela-sedhela ungak-ungak menyang tengah dalan. Mangka dalane rame, akeh tetumpakan slira sliri.
"Suwe temen ya, Bu, karnavale ora liwat-liwat ?”" takone Andaru sing tansah goreh.
Mbakyune celathu, “Ah, Ndaru! Ora koksusu-susu mengko yen wis wayahe liwat, rak teka dhewe ta ? Risi kupingku !” [ 11 ]Ndaru meneng.
"Ssst, aja padha padu dhewe. Rungokna, kae wis keprungu gong wiwit ngungkung ing lapangan. Pratandha karnaval wiwit budhal.”
Saka lapangan pancen keprungu suwara gong ngungkung.
Sawatara suwe maneh, ketara iring-iringan karnaval. Sing ana ing ngarep barisan gendhera gedhe-gedhe. Ing mburine, peleton drum band sing sandhangane mramong gumebyar. Ing mburine maneh, paradhe Bhineka Tunggal Ika. Wong-wong sing manganggo sandhangan adat dhaerah. Ana saka Aceh, Sulawesi, Irian, Bali, Minangkabau, Kalimantan, Maluku, Jawa, Sundha, Madura lan liya-liyane. Ing mburine maneh disusul jaranan sing caplokane tansah sesirig. Banjur tontonan maneka-warna gilir-gumanti baris ing mburine.
Sing disenengi Andaru ndeleng wong perang-perangan. Ana wong putih gedhe-dhuwur dibanda tangane. Tentarane padha bengok bengok : “Merdeka, Merdeka ! Ayo berjuang terus, Merdeka atau mati !”
Ngadhepake surup pak Makmur mulih, Bareng karo wong wong liyane. Amarga karnaval wis bubar.
"Mbesuk yen wis gedhe aku dadi tentara, Pak!” kandhane Andaru nalika tekan latar.
"Bagus Ndaru, nanging kudu sekolah dhisik sing pinter,” wangsulane pak Makmur.
Kabeh banjur padha mlebu ngomah, sawise Ibu mbukak lawang ngarep.
B. Wangsulana pitakon-pitakon iki nganggo basa krama !
- Ing ngendi ana karnaval ?
- Sadurunge karnaval budhal padha ngumpul ing ngendi ?
- Geneya padha golek papan ing ngisor wit Waru ?
- Amarga apa tangane Ndaru tansah digondheli Bapak ?
- Gong muni ngungkung pratandhane apa ?
- Sing ana ngarep barisan apa ?
- Kepriye sandhangane peleton drumband ?
- Ing samburine paradhe Bhineka Tunggal Ika disusul apa ?
- Sing disenengi Ndaru ndeleng apa ?
- Andaru yen wis gedhe kepengin dadi apa ? [ 12 ]II. Kawruh Basa.
A. Apa kosok baline tembung iki !
Tuladha:
Srengenge wis ngglewang >< srengenge isih manjer. |
- Ing lapangan rame banget ><....................
- Pinggir dalan ><....................
- Karnaval wis budhal ><....................
- Andaru bocah wuragil ><....................
- Suminar ngrewangi reresik ><....................
- Omahe pak Makmur ngresepake ><....................
- Suminar mempeng sinau. ><....................
- Bocah-bocah kudu ngajeni wong tuwa ><....................
B. Aranana kepriye mathuke.
Tuladha :
Lungguh .................... Lungguh clenet. |
|
6. diphedot.................... |
Sawiji gambar kuduné katon ing pérangan iki. Yèn kowé bisa njangkepi, deleng Wikisumber:Paugeran gambar lan Pitulung:Nambah gambar kanggo panuntun. |
[ 13 ]C. Gandhengna tembung sing tegese mbangetake ! Tuladha :
|
6. asat .......... |
II. PARAMASASTRA A. Apa krama inggile ? Tuladha :
b. Gulu : jangga.
- Pundhak =..........
- Dhadha =..........
- Tangan =..........
- Sikil =..........
- Driji =..........
- Bangkekan =..........
- Weteng =..........
- Bokong =..........
- Pupu =..........
- Kentol =..........
Sawiji gambar kuduné katon ing pérangan iki. Yèn kowé bisa njangkepi, deleng Wikisumber:Paugeran gambar lan Pitulung:Nambah gambar kanggo panuntun. |
B. Wenehana pada (titik, penthung utawa pitakon) sing mathuk !
Tuladha : :
b. Tanggal 17 Agustus dianakake karnaval.
1. Wiwit jam pira wong-wong padha teka.
13
3. Sadurunge budhal, karnaval padha ngumpul ing ngendi
4. Ndaru, delengen kae karnavale wis budhal
5. Wong-wong padha menganggo adat dhaerah
6. He, kae ana sing macak tentara
7. Padha bengak-bengok, merdeka, merdeka
8. Kowe mbesuk yen wis gedhe kepengin dadi apa, Ndaru
9. Wis meh surup karnavale lagi bubar
10. Bocah-bocah banjur padha bali
C. Golekana tembunge "lingga"! Tuladha :
b. Sadurunge lingganipun durung.
- Tangane lingganipun ....................
- Dalane lingganipun ....................
- Digondheli lingganipun ....................
- Kupingku lingganipun ....................
- Mbakyune lingganipun ....................
- Keprungu lingganipun ....................
- Pratandha lingganipun ....................
- Disenengi lingganipun ....................
- Kandhane lingganipun ....................
- Mburine lingganipun ....................
IV, Kasusastran.
A. Tembung entar.
Apa tegese tembung entar iki !
Tuladha:
- Amba jangkahe : ....................
- Kegugah atine : ....................
14 [ 15 ] 3. Idu geni : ....................
4. Gedhe atine : ....................
5. Rupak jagade : ....................
6. Lunyu ilate : ....................
7. Gedhe endhase : ....................
8. Mateng rembuge : ....................
B. Paribasan.
Apa tegese paribasan iki !
Tuladha :
Ora kena nyepelekake marang wong.
- Kuncung nganti gelung = ....................
- Njajah desa milang kori = ....................
- Anak molah bapa kepradhah = ....................
- Sepi ing pamrih rame ing gawe = ....................
- Sing malang-malang putung, sing rawe-rawe rantas = ....................
C. Tembung Saroja.
Ganepana nganti dadi tembung Saroja.
Tuladha :
gagah Prakosa
|
6. subur .................... |
ꦲꦥ ꦧꦸꦏꦸꦩꦸ꧈ ꦠꦶ꧉
ꦢꦸꦢꦸ ꦲꦶꦏꦸ ꦢꦸꦢꦸ ꦧꦸꦏꦸꦏꦸ꧈ ꦪꦸ꧉
ꦧꦸꦏꦸꦩꦸ ꦥꦶꦫ ꦠ꧈ ꦠ꧉
B. Tulisen nganggo aksara jawa !
kukila kawula
gurami waluku
dhasimu diwungu
sumini carita
budi ditiru
VI. Ngarang.
Delengen gambar iki sing titi, nuli critakna !
Sawiji gambar kuduné katon ing pérangan iki. Yèn kowé bisa njangkepi, deleng Wikisumber:Paugeran gambar lan Pitulung:Nambah gambar kanggo panuntun. |
1. A. Wacan
Sawiji gambar kuduné katon ing pérangan iki. Yèn kowé bisa njangkepi, deleng Wikisumber:Paugeran gambar lan Pitulung:Nambah gambar kanggo panuntun. |
Dina Sabtu Bu Nastiti karo murid-murid kelas papat ninggalake sekolahan. Padha menyang omahe Mak Sari. Omahe Mak Sari cedhak kali gedhe.
"Kulanuwun, ” uluk salame Bu Nastiti satekane ing latar. Mak Sari sumaur karo mapagake tekane. Sajak gupuh lan grapyak. Bu Nastiti karo bocah-bocah diacarani mlebu omah.
"Wonten kersa punapa Bu Guru rawuh griya kula ?" takone Mak Sari.
"Badhe ningali Mak Sari nggarap sinjang bathik, Mak,” wangsulane Bu Nastiti.
Mak Sari sajak seneng banget. Bu Nastiti karo bocah-bocah diajak menyang omah mburi. Diterangake carane nggarap bathik. Wiwit saka mori putih polos, nganti dadi jarit.
Mori putih polos sajarik dijereng ing gawangan. Wiwitan digawe pola gambaran bathik sing arep digarap. Olehe nggambari nganggo [ 18 ]potlot, gambare manut corek bathik sing dikarepake. Bisa bathik kawung, parang klithik, udan riris, sekar jagad lan liya-liyane.
Sawise dipola, banjur wiwit dicorek malam nganggo canthing bathik. Pagaweyan iki kudu tlaten, kudu sabar. Amarga ya nyorekake canthing iki sing dadi ala utawa apike bathikan. Yen coreke ala, dadine ya jarit bathik kasar. Yen coreke apik lan ngrawit, dadine ya jarit bathik sing alus.
Bu Nastiti karo bocah-bocah banjur diajak menyang panyelupan. Mori sing wis rampung dibathik malam banjur dicelup wedel. Iki kanggo warna sing ireng. Kanggo warna abang dicelup ing banyu soga.
"Punapa ingkang dipun damel wedel, Mak ?” takone Manik.
"Wedel kuwi sing dienggo uwit lan godhong tom, diwenehi enjet sethiihak. Banjur dicencem. Dene soga kuwi saka klonthokan kayu soga.”
Srengenge wis dhuiyun, Bu Nastiti karo bocah-bocah pamitan. Bu Titi nelakake banget panuwune marang Mak Sari. Kabeh banjur padha bali menyang sekolahan.
B. Wangsulana pitakon-pitakon iki nganggo basa krama.
- Ing ngendi omahe Mak Sari ?
- Sapa sing uluk salam ing latar ?
- Bu Titi karo bocah-bocah arep padha ndeleng apa ?
- Anggone mbathik ana ing omah ngendi ?
- Mak Sari nerangake carane nggarap apa ?
- Mori putih polos dijereng ing apa ?
- Yen olehe nyorekake canthing malam ngrawit dadine bathik kepriye ?
- Wedel kuwi sing digawe apa ?
- Kanggo rupa abang kudu dicelup ing banyu apa ?
- Geneya Bu Nastiti nelakake panuwun marang Mak Sari ?
II. Kawruh Basa. A. Wit-witan.
Aranana jenenge apa ?- Wit krambil arane .................
- Wit pari arane ....................
- Wit jambe arane ...................
- Wit jagung arane ..................
- Wit aren arane ....................
- Wit mlinjo arane ..................
- Wit pring enom arane ..............
Sawiji gambar kuduné katon ing pérangan iki. Yèn kowé bisa njangkepi, deleng Wikisumber:Paugeran gambar lan Pitulung:Nambah gambar kanggo panuntun. |
B. Jenenge apa ?
Tuladha :
- Nyunyah nginang jenenge ..........
- Kebo giro jenenge ................
- Sabuk wala jenenge ...............
- Kadhal menek jenenge .............
- Mandaraka jenenge ................
- Nunggak semi jenenge..............
- Rujak senthe jenenge..............
- Klabang nyander jenenge...........
Sawiji gambar kuduné katon ing pérangan iki. Yèn kowé bisa njangkepi, deleng Wikisumber:Paugeran gambar lan Pitulung:Nambah gambar kanggo panuntun. |
C.Terangna panagan kanggo apa ?
Tuladha :
|
6. Kombong............ |
Sawiji gambar kuduné katon ing pérangan iki. Yèn kowé bisa njangkepi, deleng Wikisumber:Paugeran gambar lan Pitulung:Nambah gambar kanggo panuntun. |
[ 20 ]III. Paramasastra.
A. Tembung sing katulis miring salinana nganggo basa krama sing apik !
Tuladha :
b. Bu Nastiti dhateng griyanipun mak Sari.
- Kula ajeng ningali mak Sari mbathik.
- Ngga panjenengan mlebet.
- Inggih, mak Sari empun repot-repot.
- Mori niku dipun damel pola rumiyin.
- Padamelan niki kedah tlatos lan sabar.
- Sasampunipun ngeten lajeng dipun wedel.
- Cobi, samang pirsani rumiyin.
- Wedel nika ingkang dipun damel ron tom kaliyan enjet.
- Napa ingkang dipun damel soga?
- Ing ngriki mboten enten pabrik mori.
B. Gawenen ukara sing apik lan runtut !
Tuladha :
b. Omahe mak Sari cedhak kali gedhe.
Sawiji gambar kuduné katon ing pérangan iki. Yèn kowé bisa njangkepi, deleng Wikisumber:Paugeran gambar lan Pitulung:Nambah gambar kanggo panuntun. |
- digawe-mori-sadurunge-dhisik-dibathiki-pola.
- mbathik-canthing-sing-jenengen-iku-kanggo.
- dioserake-banjur-canthingdiiseni-ing-malam-mori.
- jarit-jenenge-parang klithik-iku.
- mbathik-bocah-bocah-mak Sari-ngatekake-padha.
- diwedel-mori-banjur-dibathiki-sawise.
- godhong tom-digawe-wedel-saka-enjet-dicampur.
- nggawe-mau-wedel-rupa-kanggo-ireng.
- digawe-soga-rupa-nganggo-abang.
- bu Nastiti-omahe-jam 11.00-kondur-mak Sari-saka. [ 21 ]
C. Wenehana panambang “ake” utawa “i” !
Tuladha :
b. Jam 11.00 Bu Nastiti ninggalake omahe mak Sari.
- Mak Sari ( terang ) carane mbathik.
- Bocah-bocah padha ( krungu ).
- Terkadhang mak Sari (conto ) mbathik.
- Uga carane ( corek ) canthing ing mori.
- Suminar (titi ) banjur njajal.
- Mak Sari ( celup ) bathik ing wedel.
- Sawise iku banjur (soga).
- Bu Nastiti ( pamit ) bocah-bocah: marang mak Sari.
- Uga (suwun ) pangapura mbokmanawa ana sing luput.
- Mak Sari ( salam ) bu Nastiti lan bocah-bocah.
IV. Kasusastran.
A. Kirata Basa.
Apa tegese kirata basa ing ngisor iki ?
Tuladha :
- Batur = ....................
- Cengkir = ....................
- Garwa = ....................
- Kursi = ....................
- Bapak = ....................
- Tuwa = ....................
Sawiji gambar kuduné katon ing pérangan iki. Yèn kowé bisa njangkepi, deleng Wikisumber:Paugeran gambar lan Pitulung:Nambah gambar kanggo panuntun. |
B. Purwakanthi
Jangkepana nganti dadi purwakanthi sing apik !
Tuladha :
21
- Kembang menur, tinandur pinggir .....
- Kembang mlathi, rupa putih merak .....
- Roning mlinjo, sampun sayah nyuwun .....
- Rujak nanas, pantes den wadhahi ......
- Wis suwe ora jamu, wis suwe ora .....
Sawiji gambar kuduné katon ing pérangan iki. Yèn kowé bisa njangkepi, deleng Wikisumber:Paugeran gambar lan Pitulung:Nambah gambar kanggo panuntun. |
C. Tembang dolanan.
Coba tembangna!
Swara suling kumandhang swarane
Thulat-thulit kepenak unine
U...... nine, mung nrenyuhake
Bareng lan kentrung ketipung suling
Sigrak kendhangane
V. Aksara Jawa.
1. A. Wacanen sing cetha lan bener!
ꦲꦤ ꦧꦪ ꦭꦺꦴ ꦫꦺꦴ꧉
ꦏꦫꦺꦴ ꦏꦼꦧꦺꦴ ꦠꦼꦭꦸ꧉
ꦧꦪꦤꦺ ꦭꦫ ꦩꦠ꧉
ꦥꦸꦥꦸꦤꦺ ꦏꦼꦧꦺꦴ ꦠꦠꦸ꧉
ꦥꦣ ꦣꦺꦣꦺ ꦲꦤ ꦲꦫ ꦲꦫ꧉
Sawiji gambar kuduné katon ing pérangan iki. Yèn kowé bisa njangkepi, deleng Wikisumber:Paugeran gambar lan Pitulung:Nambah gambar kanggo panuntun. |
B. Tulisen nganggo aksara Jawa !
duwe gawe |
mau bengi |
VI. Ngarang.
Apa kowe wis weruh reca?
Yen uwis wangsulana pitakon-pitakon iki !
- Ana ing ngendi kowe weruh reca ?
- Recane gambar apa ?
- Reca kuwi sing digawe saka apa ?
- Sapa sing gawe reca ?
- Apa kowe bisa gawe reca saka lemah ?
1. A. Wacan.
Sawiji gambar kuduné katon ing pérangan iki. Yèn kowé bisa njangkepi, deleng Wikisumber:Paugeran gambar lan Pitulung:Nambah gambar kanggo panuntun. |
Sawise umbah-umbah Suminar dolan karo Andaru. Bocah loro menyang omahe Arti. Wingi wis padha semayan arep rujakan. Olehe rujakan karo Manik, Lestari lan Maria, Maria kuwi kanca anyar sing teka saka liya kutha.
Satekane ing omahe Arti, Manik karo Lestari wis ana kono.
“Endi Maria ?” takone Suminar.
Arti mangsuli, “Maria isih menyang greja karo Bapak lan ibune. Dina iki rak dina Natal, ing greja jare ana kebaktian.”
“Dheweke ora bisa teka?”
“Bisa, nanging mengko rada awan. Mau isih esuk umun-umun wis mrene aweh kabar, Mulane dienteni sedhela, mesthine ora suwe maneh dheweke teka.”
Bocah-bocah banjur padha mlebu ngomah, padha maca buku kapustakan. Andaru mung ndelengi gambar-gambare wae, amarga [ 25 ]dheweke durung bisa maca. Isih lagi kelas siji anyar.
Ora suwe maneh Maria teka, ulate sumringah.
"Wis suwe ngenteni aku ?”
Manik sumaur, “Durung Maria. Lagi maca oleh patang kaca, kowe wis teka.”
“Arti, aku diutus Bapak, kowe kabeh wae supaya teka ing ngomahku. Anggone rujakan diwurungake wae, priye ?”
Bareng dipikir sedhela, kabeh sarujuk. Dina kuwi ora sida rujakan. Bocah-bocah padha menyang omahe Maria Kristanti. Ing kana padha disuguhi roti.
“Dina iki libur, kabeh rak bungah ta atimu ?” takone bapake Maria.
"Bingah, bingah pak, “sumaure Suminar,
“Pancen ya mesthi bungah, kajaba iku pancen dina iki dina gedhe. Dina wiyosane Gusti Yesus Kristus. Panjenengane miyos ing Betlehem, tanah Palestina, Miyos saka kandhutane Ibu Maria.”
Saka greja keprungu kidung Dalu Suci.
Bocah-bocah padha ngrungokake ngendikane Pak Yosef, bapake Maria Kristanti. Andaru sedhela-sedhela ngrogoh roti ing kaleng gedhe. Ora amelu dikedhep-kedhepi mbakyune.
B. Wangsulana pitakon-pitakon iki nganggo basa krama !
- Suminar karo Ndaru dolan menyang endi ?
- Bocah-bocah semayan arep nyangapa ?
- Maria kuwi kanca anyar teka saka ngendi ?
- Jarene Arti, Maria isih menyang endi ?
- Olehe maca Manik oleh pirang kaca nalika Maria teka ?
- Geneya Andaru mung ndelengi gambar-gambar ?
- Ing omahe Maria Kristanti disuguhi apa ?
- Dina Natal kuwi wiyosane sapa ?
- Saka greja keprungu lagu apa ?
- Apa agamane Maria ? [ 26 ]II. Kawruh Basa.
A. Arane kembang.
Isenana apa arane !
Tuladha :
- Kembang blimbing arane ....................
- Kembang duren arane ....................
- Kembang cengkeh arane ....................
- Kembang dhadhap arane ....................
- Kembang jambu arane ....................
- Kembang kacang arane ....................
- Kembang salak arane ....................
- Kembang gedhang arane ....................
B. Tembung wilangan.
Sawiji gambar kuduné katon ing pérangan iki. Yèn kowé bisa njangkepi, deleng Wikisumber:Paugeran gambar lan Pitulung:Nambah gambar kanggo panuntun. |
Tuladha :
- Jeruk sa ....................
- Bolah sa ....................
- Kencur sa ....................
- Bawang sa ....................
- Krambil sa ....................
- Sandhangan sa .....................
- Banyu sa....................
- Beras sa....................
C. Arane Wayah.
Aranana kira-kira jam pira ?
Tuladha :
1. Wayah lingsir wengi jam.....................
26 [ 27 ] 2. Wayah tengange jam ....................
3. Wayah surup jam ....................
4. Wayah Subuh jam ....................
5. Wayah byar jam ....................
6. Wayah Ngisak jam ....................
7. Wayah bang-bang wetan jam ....................
8. Wayah wisan gawe jam ....................
III. Paramasastra.
A. Salinana nganggo basa krama sing alus!
Tuladha :
b. Panjenenganipun miyos ing Betlehem.
- Bocah-bocah padha ngrungokake ngendikane pak Yosef.
- Pak Yosep dhawuh yen Betlehem iku kalebu tanah Palestina.
- Dina Natal , pengetan wiyosane Gusti Yesus Kristus.
- Pak Yosep arep tindak menyang greja.
- Kira-kira jam 12.00 lagi kondur saka greja.
- Dadi rawuh ndalem wis meh jam siji.
- Biasane, sawise salin banjur maos koran.
- Bubar iku lagi dhahar.
- Ngaso sedhela banjur sare.
- Wungune jam papat.
Sawiji gambar kuduné katon ing pérangan iki. Yèn kowé bisa njangkepi, deleng Wikisumber:Paugeran gambar lan Pitulung:Nambah gambar kanggo panuntun. |
27
Tuladha :
b. Ing ngendi panjenengane miyos ?
1. a. Bocah-bocah padha rujakan ing omahe Arti
b. ...............................
2. a. Wong-wong padha nganake kebaktianing greja
b. ...............................
3. a. Andru ndeleng gambar-gambar ing kamar ngarep
b. ...............................
4. a. Arti lan kancane maca buku kapustakaan ing ruang tamu
b. ...............................
5. a. Ibune Arti nggodhig unjukan ing pawon
b. ...............................
6. a. Maria lagi kebaktianing greja
b. ...............................
7. a. Suminar, Manik, Arti lan Lestari melu natalan ing omahe maria
b. ...............................
8. a. ing ruang Maria bocah-bocah disuguhi roti
b. ...............................
9. a. Rotine diwadhahi ing kaleng gedhe
b. ...............................
10. a. Sawise entek wadhahe disinggahake ing lemari
b. ...............................
C. Gawenen kaya ing ngisor iki !
Tuladha ;
1. Kebaktian = ........... |
6. Omahe = ........... |
A. Tembung Pepindhan. Tuladha :
Ayune pindha Dewi Ratih. |
- Galake pindha ..........
- Begjane pindha ..........
- Kesite pindha ..........
- Putih ngumpul putih pindha ..........
- Thingak-thinguk pindha ..........
- Beda banget pindha ..........
- Antenge pindha ..........
- Akehing pepati pindha ..........
Sawiji gambar kuduné katon ing pérangan iki. Yèn kowé bisa njangkepi, deleng Wikisumber:Paugeran gambar lan Pitulung:Nambah gambar kanggo panuntun. |
B. Yogyaswara
Isenana tembung kang mawa teges lanang wadon !
Tuladha :
Dewa — dewi |
Sawiji gambar kuduné katon ing pérangan iki. Yèn kowé bisa njangkepi, deleng Wikisumber:Paugeran gambar lan Pitulung:Nambah gambar kanggo panuntun. |
- Bathara — ...............
- Apsara — ...............
- Yaksa — ...............
- Pemudha — ...............
- Kadhana — ...............
29
7. Gandarwa ― ..............................
8. Gana ― ..............................
C. Tembung Camboran.
Tegesana tembung camboran iki!
Tuladha:
1. Jiro = ..............................
2. Dhegus = ..............................
3. Lunglit = ..............................
4. Dubang = ..............................
5. Kakkong = ..............................
6. Bangjo = ..............................
7. Bang cuk = ..............................
8. Tongji = ..............................
V. Aksara Jawa.
A. Turunen sing bener lan apik!
ꦲꦃ |
ꦤꦃ |
ꦕꦃ |
ꦫꦃ |
ꦏꦃ |
[ 31 ]B. Wacanen sing cetha lan bener !
ꦒꦗꦃ |
ꦲꦺꦮ |
VI. Ngarang.
Apa kowe wis tau gawe rujak? Yen uwis coba wangsulana pitakon iki!
- Kapan kowe gawe rujak?
- Ana ing ngendi anggonmu rujakan ?
- Sapa wae kanca-kancamu ?
- Apa sing padha kok rujak?
- Apa wae bumbu bumbune?
- Apa pirantine gawe rujak?
- Kepriye carane anggonmu gawe rujak?
- Kepriye rasane rujak gaweyanmu ?
Saiki banjur critakna sepisan maneh anggonmu rujakan sing urut !
I. A. Wacan.
Sawiji gambar kuduné katon ing pérangan iki. Yèn kowé bisa njangkepi, deleng Wikisumber:Paugeran gambar lan Pitulung:Nambah gambar kanggo panuntun. |
Suwara bedhug isak saka masjid keprungu. Suminar isih sinau, Andaru wis turu nglepus. Ibu isih setrika ing meja njero.
Pak Makmur metu saka kamar wis salin klambi putih kombor. Clanane ireng, ing gulune kalung sarung.
"Kenthese kayu kopi ana ing ngendi, Bu ?” takone karo milang miling sajak golek-golek.
Ibu leren anggone setrika. Sumaure : “Ing ngisor meja dawa, pak. Wengi iki wis teka giliran mubeng dhukuh maneh ta ?”
"Saiki rak malem Selasa Wage ! Mulane mengko gawea nyamikan, Bu. Tengah wengi mengko kanca-kanca dakajake mampir mrene”.
“Iya, pak. Wong uwi gembili ya ana wae kok !”
Pak Makmur banjur budhal. Jaga keamanan mubeng dhukun, nindakake jibanan siskamling. Sedhela maneh Suminar mapan turu, Ibu menyang pawon adang uwi. Ing njaba keprungu tlethik, sajake wiwit grimis.
Jam sepuluh olehe ibut ing pawon wis rampung. Ibune Suminar banjur mapan turu ing sisihe Andaru.
32 [ 33 ]Lagi turu angler, dumadakan kaget banjur tangi. Keprungu suwarane wong bengok-bengok. Suwarane wong akeh sajak ngoyak-oyek, Suminar karo Andaru banjur tangi, padha wedi.
"Ana apa, Bu ?” takone Andaru.
"Wangune ana maling, Ndaru," sumaure Ibu lirih.
Suminar ndhepipis ing cedhake ibune, dhadhane krasa dheg-dhegan. Suwarane wong oyak-oyakan saya adoh, banjur ilang ora keprungu. Atine padha rada tentrem.
Wayah lingsir wengi pak Makmur mulih, Mulihe bebarengan karo pak Musa, Pak Danu, Pak Dikin Pak Jamil lan Pak Kamituwa Jaidi. Kabeh padha nggawa gegaman.
"Ana apa kok rame-rame, pak ?” takone Ibu.
“Ana maling mlebu omahe Yu Lirik. Randha sugih cedhak sekolahan kae. Nanging malinge wis kecekel, saiki wis digawa menyang Kantor Polisi.”
“Tujune bisa kacekel, ya, Bu ?” sumaute Suminar lega.
Ibu manthuk, banjur menyat menyang pawon. Njupuk nyamikan.
Sedhela maneh wong-wong wis padha mangan uwi karo genibili. Ngombe wedang kopi. Bubar kuwi wong-wong mau padha metu, bali rondha mubeng dhukuh maneh.
Lawang ngarep nuli ditutup. Ibu, Suminar lan Andaru bali turu maneh.
B. Wangsulana pitakon-pitakon iki nganggo basa krama !
- Suwara bedhug isak keprungu saka ngendi ?
- Ing ngendi ibune Suminar anggone setrika ?
- Kepriye rupane clanane Pak Makmur ?
- Ana ing ngendi kenthes sing digoleki bapake Suminar ?
- Ing pawon ibune Suminar adang apa ?
- Kira-kira jam pira krungu suwarane wong bengok-bengok ?
- Wayah apa Pak Makmur mulih ubeng dhukuh ?
- Omahe sapa sing kelebon maling ?
- Malinge digawa menyang endi ?
- Apa nyamikane wong-wong rondha mau ?
33
A. Golekana tembung sing padha utawa memper tegese !
Tuladha :
- nggawa kenthes = nggawa ....................
- gawe nyamikan = gawe ....................
- ngoyak maling = ....................maling
- atine tentrem = atine ....................
Sawiji gambar kuduné katon ing pérangan iki. Yèn kowé bisa njangkepi, deleng Wikisumber:Paugeran gambar lan Pitulung:Nambah gambar kanggo panuntun. |
5. malinge kecekel = malinge ....................
6. njaga keamanan = njaga ....................
7. kudu waspada = Kudu ....................
8. prigel masak = .................... masak.
9. nyambut gawe
sengkut = nyambutgawe....................
10. aja dhemen maido = aja dhemen ....................
[ 35 ]B Arane isi.
Tuladha :
Sawiji gambar kuduné katon ing pérangan iki. Yèn kowé bisa njangkepi, deleng Wikisumber:Paugeran gambar lan Pitulung:Nambah gambar kanggo panuntun. |
- Isi duren arane ....................
- Isi nangka arane ....................
- Isi pelem arane ....................
- Isi semangka arane ....................
- Isi sawo arane ....................
- Isi salak arane ....................
- Isi randhu arane ....................
- Isi kluwih arane ....................
C. Cekakan saka tembung apa ?
Tuladha :
|
5. TABANAS = .................... |
III. Paramasastra
A. Salinana nganggo basa krama !
Tulada :
b. Swanten bedhug isak kepireng saking masjid.
- Suminar isih sinau, Andaru wis turu nglepus.
- Ibu isih setrika ing meja njero.
- Pak Makmur metu saka kamar. [ 36 ] 4. Klambine putih, clanane ireng
5. Pak Makmur milang-miling nggoleki kenthes.
6. Pak Makmur budhal, jaga keamanan.
7. Sedhela maneh Suminar mapan turu.
8. Ibu menyang pawon adang uwi karo nggodhog wedang.
9. Ing njaba udan grimis.
10. Dumadakan kaget, krungu swarane wong bengok-bengok.
Sawiji gambar kuduné katon ing pérangan iki. Yèn kowé bisa njangkepi, deleng Wikisumber:Paugeran gambar lan Pitulung:Nambah gambar kanggo panuntun. |
B. Ukara iki waliken.
Tuladha :
b. Kenthes digoleki pak Makmur.
1. a. Suminar lagi ngringkesi buku.
b. ...............................
2. a. Andaru nyulaki meja.
b. ...............................
3. a. Ibu makani pitik ing mburi.
b. ...............................
4. a. Bapak nggawa kethongan.
b. ...............................
5. a. Suminar lan Andaru mlayoni Arti.
b. ...............................
6. a. Arti mapag tekane Suminar dan Andaru.
b. ...............................
7. a. Ibu mundhut nyamikan.
b. ...............................
8. a. wong-wong padha mangan gembii karo uwi.
b. ...............................
9. a. Pak Musa lan Pak Danu njaga keamanan desa.
b. ...............................
10. a. Bapak ngaturi ibu nggodhog wedang.
b. ...............................
C. Apa tegese tembung-tembung sing ditulis miring ing ukara iki ?
Tuladha :
Kecekel : dicekel.
- Suwarane bedhug katabuh saka masjid.
- Uwi lan gembili kapangan kabeh dening wong jaga.
- Samono uga wedhange, entek kaombe.
- Kareben turu sing kateg, aja kagugah.
- Adhimu yen kajarag mesthi nangis.
- Pelem mau kabeh katuku dening Suminar.
- Tembung sing katulis kandel ini golekana tegese !
- Malinge karangket ana kelurahan.
- Saben gawangan omah kapasang lampu.
- Nyamikan kagawe saka tela.
IV. Kasusastran.
A. Tembung saroja.
Jangkepana nganti dadi tembung saroja sing bener !
Tuladha :
37
b. Edi peni.
- Dana...............
- Solah...............
- Suba...............
- Tepa...............
- Salah...............
- Bibit...............
- Sayuk...............
- Tumpuk...............
- Sato...............
- Girang...............
Sawiji gambar kuduné katon ing pérangan iki. Yèn kowé bisa njangkepi, deleng Wikisumber:Paugeran gambar lan Pitulung:Nambah gambar kanggo panuntun. |
B. Wangsulana!
Tuladha:
- Jenang gula ( glali ) = aja ...............
- Balung geni ( wawa ) = mbok...............
- Janur gunung ( aren ) =................kok tindak mrene
- Nlemah bengkah ( tela )= aja sok...............
- Balung sate ( sujen ) = Yen wani...............
- Jagung mudha ( janten ) = Aja kesusu dak...............
- Lonthong janur ( kupat )= menawi...............lepat nyuwun ngapura.
- Ngrokok cendhak ( tegesan ) = kok............... [ 39 ]C. Tembang dolanan iki coba lagokna!
Sawiji gambar kuduné katon ing pérangan iki. Yèn kowé bisa njangkepi, deleng Wikisumber:Paugeran gambar lan Pitulung:Nambah gambar kanggo panuntun. |
Menthog-menthog dak kandhani.
Mung solahmu angisin-isini.
Mbok aja ngetok, ana kandhang bae.
Enak-enak ngorok ora nyambut gawe
Menthog-menthog mung lakumu.
megal-megol gawe guyu.
V. Aksara Jawa.
A. Turunen sing bener lan apik!
ꦏꦂ |
ꦤꦂ |
ꦕꦂ |
ꦫꦂ |
ꦏꦂ |
[ 40 ]B. Wacanen sing cetha lan bener!
ꦭꦪꦂ |
ꦏꦺꦴꦥꦂ |
VI. Ngarang.
Critakna gambar loro ing ngisor iki, banjur tulisen ing bukumu!
Irah-irahane: KOJUR
Sawiji gambar kuduné katon ing pérangan iki. Yèn kowé bisa njangkepi, deleng Wikisumber:Paugeran gambar lan Pitulung:Nambah gambar kanggo panuntun. |
Sawiji gambar kuduné katon ing pérangan iki. Yèn kowé bisa njangkepi, deleng Wikisumber:Paugeran gambar lan Pitulung:Nambah gambar kanggo panuntun. |
I. A. Wacan.
Sawiji gambar kuduné katon ing pérangan iki. Yèn kowé bisa njangkepi, deleng Wikisumber:Paugeran gambar lan Pitulung:Nambah gambar kanggo panuntun. |
Dina Jumat sore bocah-bocah menyang sekolahan. Murid kelas papat, lima, lan enem. Bocah-bocah mau padha nggawa piranti nyambut gawe. Ana linggis, pacul, graji, pasah lan liya-liyane,
Pak Amar lan pak Ilham, guru kelas lima lan enem, wis rawuh. Bu Nastiti malah wis luwih dhisik. Pak Giyat ngetokake kothakan gedhe saka gudhang. Di gawa menyang latar mburi, Bocah-bocah kabeh didhawuhi melu pak Giyat.
Bu Nastiti nimbali Suminar karo Arti.
Ngendikane, ."Kowe kabeh, Minar karo Arti, gawanen kothak kerdhus iki menyang mburi. Iki isi komplong-komplong karo kuwas cet. Uga ana sawatara lembar perlas kayu."
"Inggih, Bu" sumaure Suminar.
Sore kuwi bocah-bocah nyambut gawe sengkut ing latar mburi. Ing kana digawe taman lalu lintas. Ana dalan lan prapatan-prapatan. Uga ana tikungan-tikungan, dalan munggah lan mudhun kaliwatan rel sepur lan kali-kali. Ana kreteg lan ana trowongan. [ 42 ] Kabeh digawe sarwa cilik.
Ing kana-kene dipasang tandha dalan. Tandha dalan mau wis digawe sadurunge dening pak Ilham karo pak Amar. Ana gambar sedhan menek garis, dipasang ing dalan munggah ndeder. Denegambar panah bengkong dipasang cedhak tikungan. Arep ngliwati rel sepur dipasang gambar lokomotip karo tulisan; AWAS KERETA API.
"Kuwi tandhane dalan sing nugel rel sepur sing ora ana lawangane, cah. Sing ana lawangane, tandhane kaya gambar andha iki !" ngendikane pak Ilham.
Ing cedhak dalan prapatan gedhe dipasang gambar uwong loro ireng-ireng, kanggo pratandhane papane wong-wong sing nyabrang ratan gedhe.
Jam lima luwih sethithik pagaweyan wis rampung. Barang-barang lan pirantine diringkesi. Kabeh banjur padha mulih.
B. Wangsulana pitakon-pitakon iki nganggo basa krama !
- Piranti apa wae sing digawa bocah-bocah ?
- Suminar karo Arti diutus Bu Nastiti nggawa apa ?
- Apa isine kerdhus sing digawa Minar karo Arti?
- Ing ngendi bocah-bocah nyambut gawe?
- Sapa sing gawe tandha-tandha dalan ?
- Gambar sedhan menek garis dipasang ing ngendi ?
- Ing dalan sing nugel rel sepur sing ora nganggo lawangan dipasang gambar apa?
- Ing dalan sing nugel rel sepur sing nganggo lawangan dipasang gambar apa?
- Apa zebra-cross kuwi?
- Jam pira pagaweyan mau rampung ?
III. Kawruh Basa.
- A. Golekana kosok baline tembung iki !
- Tuladha :
- dalan tikungan >< dalan .............
- gunung gundhul >< gunung .............
- banyune kali amber >< banyune kali .............
- dalane rame banget >< dalane .............
- dalane nugel rel sepur >< dalane ............. rel sepur
- pegaweyane wis rampung >< pegaweyane .............
- piranthine diringkesi >< pirantine .............
- bocah-bocah padha bali >< bocah-bocah lagi .............
Sawiji gambar kuduné katon ing pérangan iki. Yèn kowé bisa njangkepi, deleng Wikisumber:Paugeran gambar lan Pitulung:Nambah gambar kanggo panuntun. |
B. Tembung-tembung iki duwe teges panggonan kanggo apa ?
Tuladha :
b. Pamulangan : panggonan kanggo mulang.
- Pelabuhan =.............
- Pesanggrahan =.............
- Pinihan =.............
- Sanggar =.............
- Musholla =.............
- Stasiun =.............
- Kampus =............. [ 44 ] 8. Stadion =..........
9. Gudhang =..........
10. Kabupaten =..........
C. Aranana cacade perangan awak.
Tuladha :
b. Irunge gruwung
- Pundhake.............
- Pipine.............
- Mripate.............
- Untune.............
- Wetenge.............
- Rambute.............
- Sirahe.............
- Tangane.............
Sawiji gambar kuduné katon ing pérangan iki. Yèn kowé bisa njangkepi, deleng Wikisumber:Paugeran gambar lan Pitulung:Nambah gambar kanggo panuntun. |
III. Paramasastra.
A. Wacan ing ndhuwur salinana nganggo basa krama sing apik lan bener ! Bu Guru marang muride panggah ngoko.
B. Golekana jejere ukara iki !
Tuladha :
Pak Giyat : jejer.
1. Bu Nastiti nimbali Suminar.
2. Suminar nggawa kothak kardhus.
3. Bocah-bocah gawe taman lalu-lintas.
4. Pak Ilham ngasta rambu-rambu.
5. Pak Umar nggambar panah bengkong
6. Sedhan munggah gunung.
7. Sepur nugel dalan.
44 [ 45 ] 8. Wong nyabrang dalan.
9. Bocah lagi mlaku
10. Pak Guru ngringkesi piranti.
Sawiji gambar kuduné katon ing pérangan iki. Yèn kowé bisa njangkepi, deleng Wikisumber:Paugeran gambar lan Pitulung:Nambah gambar kanggo panuntun. |
C. Wenehana ater-ater ; pa,pi utawa pra !
Tuladha :
b. Ing kana-kene dipasang sambi wan minangka pituduh.
1. a. Sing ora bisa supayangajokake (takon).
b. ..............................
2. a. Sawengi watuh (sasat) ora bisa turu.
b. ..............................
3. a. Sing teka padha nggawa (sumbang).
b. ..............................
4. a. (tandha) yen padha guyub-rukun.
b. ..............................
5. a. Minah saiki dadi (momong) ing kutha.
b. ..............................
6. a. Minangka (andel) bukune ditinggal.
b. ..............................
7. a. Marga tumindakmu aku oleh (ala).
b. ..............................
8. a. (kara) iku wis ora susah dipikir.
b. ..............................
9. a. Aja (sambat) aku yen ana repotmuu.
b. ..............................
10. a. Buku Tataran Anyar ana gambare (jurit).
b. ..............................
IV. KASUSASTRAN
A. PARIBASAN
Sawiji gambar kuduné katon ing pérangan iki. Yèn kowé bisa njangkepi, deleng Wikisumber:Paugeran gambar lan Pitulung:Nambah gambar kanggo panuntun. |
Apa tegese paribasan iki ?
Tuladha :
- Cebol nggayuh lintang = .......
- Rebut balung tanpa isi =......
- Nucuk ngiberake = .........
- Kere munggah bale = ......
- Kebanjiran segara madu = ...... [ 47 ]B, Aranana candrane apa ?
Tuladha :
- ngulan-ulan.............
- nraju mas.............
- manggis karengat.............
- tumengeng tawang.............
- ngelar kombang.............
- mbata sarimbag.............
- lonjong mimis.............
- arum jamba.............
- pait madu.............
- peret beton.............
Sawiji gambar kuduné katon ing pérangan iki. Yèn kowé bisa njangkepi, deleng Wikisumber:Paugeran gambar lan Pitulung:Nambah gambar kanggo panuntun. |
C, Apa tegese saniki camboran iki ?
Tuladha :
- wulu-cumbu =.............
- tuwa tuwas =.............
- uba rampen =.............
- mas picis =.............
- gethok tular =.............
- sapu kawat =.............
- kerig lampit =.............
- pacak baris =.............
- tuna dungkap =.............
- saru siku =.............
47
A. Turunen sing bener lan apik!
ꦲꦁ |
ꦤꦁ |
ꦕꦁ |
ꦫꦁ |
ꦏꦁ |
B. Wacanen sing cetha lan bener!
ꦏ ꦕꦁ |
ꦮ ꦫꦁ |
[ 49 ]VI. NGARANG
Tamatna gambar papat iki sing titi, banjur critakna!
Sawiji gambar kuduné katon ing pérangan iki. Yèn kowé bisa njangkepi, deleng Wikisumber:Paugeran gambar lan Pitulung:Nambah gambar kanggo panuntun. |
Sawiji gambar kuduné katon ing pérangan iki. Yèn kowé bisa njangkepi, deleng Wikisumber:Paugeran gambar lan Pitulung:Nambah gambar kanggo panuntun. |
Sawiji gambar kuduné katon ing pérangan iki. Yèn kowé bisa njangkepi, deleng Wikisumber:Paugeran gambar lan Pitulung:Nambah gambar kanggo panuntun. |
Sawiji gambar kuduné katon ing pérangan iki. Yèn kowé bisa njangkepi, deleng Wikisumber:Paugeran gambar lan Pitulung:Nambah gambar kanggo panuntun. |
49
I. A. Wacan
Sawiji gambar kuduné katon ing pérangan iki. Yèn kowé bisa njangkepi, deleng Wikisumber:Paugeran gambar lan Pitulung:Nambah gambar kanggo panuntun. |
Ing mburi omahe pak Makmur ana lemah mluwa. Manggone cedhak blumbang iwak. Suminar karo Andaru katon lagi ibut ing kono. Lemah kuwi dipaculi nganggo pacul cilik.
"Minar, Minar !" Ibune undang-undang.
Nanging ora ana wangsulan. Ibu banjur ganti undang-undang Andaru. Uga ora ana wangsulan. Bocah loro lagi padha ketungkul nyambut gawe. Kringete nganti dleweran.
Ibu ngungak menyang mburi omah.
"We la, lagi padha nyangapa ta kuwi ?"
Suminar ndengengek karo ngusap-usap kringet ing gulune.
"Minar, lagi padha nyangapa ana ing kono ?" takone Ibu.
"Pacul-pacul, Bu, Lemah iki arep daktanduri empon-empon. Jahe, kencur, temu lawak, laos lan sapanunggalane. Ing kebon sekolahan mau uga ditanduri empon-empon".
Ibu mesem karo manggut-manggut. [ 51 ]Andaru sumaur, “Aku ya arep nandur kencur, Bu. Mbesuk arep gawe jamu beras kencur, Kaya jamu ideran sing digawe Bu Madi kae”.
"Hem, bagus tenan kowe, Ndaru”. pangaleme ibune.
"Ngendikane Bu Titi empon-empon ngono kuwi kena kanggo jamu-jamu lan tetamba, Bu.” kandhane Suminar.
“Bener, Nar. Ing kursus PKK bab kuwi uga dipratelakake. Kebon lombok, terong, bayem, kacang, brambang, kucai lan sapanunggalane diarani pasar hidup. Dene kebon empon-empon sing lagi kok garap kuwi diarani apotik hidup tegese kebon jamu lan tetamba. Kebon jamu lan tetamba kuwi perlu ana, sawayah-wayah katekan lara bisa gawe jamu lan tetamba dhewe”.
Ibu banjur maringi dhuwit rong atus seket rupiyah kanggo tuku winih jahe karo kencur. kunir, temu lawak dan liya-liyane njaluk saka kebone pak Dikin.
B. Wangsulana pitakon-pitakon iki nganggo basa krama !
- Ngendi ana lemah mluwa ?
- Ing cedhak blumbang Suminar karoAndaru lagi nyangapa ?
- Sapa sing undang-undang Minar lan Ndaru ?
- Lemah mluwa arep ditanduri apa ?
- Andaru arep nandur apa ?
- Sapa sing gawe jamu beras kencur ideran ?
- Empon-empon iku kena kanggo apa ?
- Apa sing diarani pasar hidup ?
- Apa sing diarani apotik hidup ?
- Ibu maringi dhuwit kanggo apa ?
II.Kawruh Basa
A. Golekana tembung liya sing padha utawa meh padha tegese!
Tuladha :
Lemah mluwa = lemah kosong (durung ditanduri). |
- Ketungkul nyambut gawe = ..........
- Kringete dleweran = .........
51
4. Apotik hidup = ..........
5. Awake waras = ..........
6. Tanduran empon-empon = ..........
7. Kursus PKK = ..........
8. Nggarap kebon = ..........
9. Ngreksa tanduran = ..........
10. Kaleksanan karepe = ..........
B. Apa tegese tembung kala iki ?
Tuladha :
Sawiji gambar kuduné katon ing pérangan iki. Yèn kowé bisa njangkepi, deleng Wikisumber:Paugeran gambar lan Pitulung:Nambah gambar kanggo panuntun. |
Kala-kala = terkadhang, sok-sok. |
- Kala mangsa = ..........
- Kala wingi = ..........
- Kala nadhah = ..........
- Kalanjana = ..........
- Bathara kala = ..........
- Murwa Kala = ..........
- Kala jengking = ..........
- Kala nganggur = ..........
C. Etungen nganggo tembung kawi !
Tuladha :
siji = eko |
loro = ..........
telu = ..........
papat = ..........
lima = ..........
nenem = ..........
pitu = ..........
wolu = ..........
sanga = ..........
sepuluh = ..........
52 [ 53 ]II. PARAMASASTRA
A. Isenana nganggo tembung didhawuhi utawa diaturi !
- Tuladha :
- a. Bocah-bocah ............... supaya nandur empon-empon.
b. Bocah-bocah didhawuhi supaya nandur empon-empon.
1 | Ibu |
kondur, ana tamu. |
2 | Bapak |
tindak daleme simbah saiki uga. |
3 | Suminar |
tuku winih jahe, kencur lan temu lawak. |
4 | Sawise tata-tata banjur |
bali. |
5 | Sing bisa |
nggarap menyang blabag. |
6 | Minar, bapak |
dhahar dhisik ! |
7 | Sapa bae sing |
rawuh mau bengi ? |
8 | Yen |
wong tuwa kudu manut. |
9 | Bocah-bocah |
yen mlaku ora pareng gojegan. |
10 | Suk dina Sabtu pak Lurah |
rawuh ing sekolahan. |
B. Ukara iki waliken!
Sawiji gambar kuduné katon ing pérangan iki. Yèn kowé bisa njangkepi, deleng Wikisumber:Paugeran gambar lan Pitulung:Nambah gambar kanggo panuntun. |
- Tuladha:
- a. Kebon mburi dipaculi dening Suminar lan Andaru.
b. Suminar lan Andaru maculi kebon mburi.
- a. Empon-empon ditandur dening Suminar.
b. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . - a. Oyod winih jahe diresiki dening Andaru.
b. . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . . [ 54 ]
3. a. Winih kencur mau dijupuki dening sapa ?
b. ..............................
4. a. winih kencur sing Ilang digolakeke ijol dening ibu.
b. ..............................
5. a. Kringete sing dleweran diusapi dening Andaru.
b. ..............................
6. a. Piranti-piranti sing kari diringkesi dening bapak.
b. ..............................
7. a. Bab PKK diterangake dening bu Nastiti.
b. ..............................
8. a. Matematika digarap dening bocah-bocah wadon.
b. ..............................
9. a. IPA lan IPS ditulis dening bocah-bocah lanang.
b. ..............................
10. a. Kewan sikil papat digambar dening Manik
b. ..............................
b. Andaru sumambung, "Aku ya arep nandur kencur, Bu".
1. Suwarane gludhug ( gleger ).
2. Truwelune wis (tangkar) dadi sepuluh.
3. Adhine Arti wis wiwit bisa (jangkah).
4. Atiku (kelap) weruh Honda meh nyrempet bocah.
5. Peleme lagi (rujak).
6. Degane isih (keruk) buntut.
7. Woh-wohan padha rontok (tiba) ing lemah.
8. Bathara Narada (turun) ing nagara Ngamarta.
9, Lelara thelo iku gampang banget (tular).
10. Suwarane apa sing (jeglur) mau?
[ 55 ]IV. Kasusastran.
A. Aranana dasa nama jenenge satriya iki!
Tuladha :
Janaka = Permadi = Margono = Arjuna, Kembang ali-ali. |
- Puntadewa =.....,.....,.....,.....,
- Werkudara =.....,.....,.....,.....,
- Anoman =.....,.....,.....,.....,
- Kresna =.....,.....,.....,.....,
- Gathotkaca =.....,.....,.....,.....,
B. Tembung Kawi.
Sawiji gambar kuduné katon ing pérangan iki. Yèn kowé bisa njangkepi, deleng Wikisumber:Paugeran gambar lan Pitulung:Nambah gambar kanggo panuntun. |
Tuladha :
Suta = anak. |
- Tirta =.....
- Diwangkara =.....
- Nendra =.....
- Wukir =.....
- Kisma =.....
C. Cangkriman, sinawung tembung pucung.
Tembangna dhisik nuli bedhenen !
Sawiji gambar kuduné katon ing pérangan iki. Yèn kowé bisa njangkepi, deleng Wikisumber:Paugeran gambar lan Pitulung:Nambah gambar kanggo panuntun. |
1. Bapak pucung.
Cangkemmu marep mandhuwun
Sabamu ing sendhang
Pencokanmu lambung kering
Prapting wisma
Si pucung mutah kuwaya
[ 56 ]
- Bapak pucung
Dudu watu dudu gunung
Sangkamu ing sabrang
Ngon-ingoning sang Bupati
Yen lumaku
Si pucung lembeyan grana
Sawiji gambar kuduné katon ing pérangan iki. Yèn kowé bisa njangkepi, deleng Wikisumber:Paugeran gambar lan Pitulung:Nambah gambar kanggo panuntun. |
V. Aksara Jawa
A. Turunen sing bener lan apik.
ꦲꦤ꧀ |
ꦤꦤ꧀ |
ꦕꦤ꧀ |
ꦫꦤ꧀ |
ꦏꦤ꧀ |
B. Wacanen sing cetha lan bener!
ꦥꦥꦤ꧀ |
ꦢꦺꦴꦭꦤ꧀ |
[ 57 ]VI. Ngarang.
Critakna gambar telu ing ngisor iki, banjur tulisen ing bukumu !
Sawiji gambar kuduné katon ing pérangan iki. Yèn kowé bisa njangkepi, deleng Wikisumber:Paugeran gambar lan Pitulung:Nambah gambar kanggo panuntun. |
Sawiji gambar kuduné katon ing pérangan iki. Yèn kowé bisa njangkepi, deleng Wikisumber:Paugeran gambar lan Pitulung:Nambah gambar kanggo panuntun. |
Sawiji gambar kuduné katon ing pérangan iki. Yèn kowé bisa njangkepi, deleng Wikisumber:Paugeran gambar lan Pitulung:Nambah gambar kanggo panuntun. |
57
[ 58 ]
1. A. Wacan.
Sawiji gambar kuduné katon ing pérangan iki. Yèn kowé bisa njangkepi, deleng Wikisumber:Paugeran gambar lan Pitulung:Nambah gambar kanggo panuntun. |
Mulih sekalah Suminar enggal-enggal mangan lan ganti sandhangan. Dheweke karo Andaru arep nonton wayang ing omahe pak Jaidi, kawituwa ing desa Sanggrahan kono.
Nalika bocah loro mudhun saka tlundhagan ngarep, Arti karo Manik wis ngenteni ing ratan. Bocah-bocah mau banjur budhal. Lakune ing pinggir kiwa, dalane rame akeh tetumpakan.
Tekan panggonan tontonan wong wis akeh, uyel-uyelan. Dhalange ngadhep kelir amba, wayange disimping ing kiwa tengen. Wayang sing gedhe-gedhe ana ing pinggir, Padha ngadeg ditancepake ing gedebog. Tabuhane ngungkung, kepyake kerep muni. Sedhela-sedhela dhalange nuthuk kothak nganggo cempala.
Sajake lakone pancen rame.
Ing crita, Yudhistira, Bima lan Arjuna isih enom. Malah Nakula lan Sadewa sing kembar kae, isih, cilik-cilik. Pandhawa lima kuwi nedya disirnakake dening para Kurawa sing cacahe satus. Amarga kuwatir yen Pandhawa njaluk balik nagara Astina. [ 59 ] Kurawa gawe reka, apus krama. Ing Waranawata digawe bale agung arane Bale Sigalagala.
Sawiji dina dewi kunthi karo putrane, para Pandhawa, diundang menyang Bale Sigala-gala. Lakune didherekake para panakawan, Semar, Gareng lan Petruk. Para Pandhawa diundang menyang bale agung ing Waranawata kuwi jarene Kurawa arep diajak suka parisuka.
Ing kana Pandhawa ditampa kanthi bungah. Banjur padha seneng-seneng, mangan lan ngombe enak-enak. Nganti ora ngerti manawa satemene Pandhawa kuwi kaya iwak mlebu wuwu. Padha kena apuse Kurawa.
Nalika padha suka-suka ing Bale Sigalagala, ndadak bale agung kuwi diobong. Kahanan dadi geger. Pandhawa ing njero bebaya geni, Kurawa suka-suka rumangsa klakon bisa nyirnakake mungsuhe. Nanging satemene kurawa kecelik, amarga Bima bisa nylametake ibune lan sedulur-sedulure saka bebaya. Luput saka geni sing ngalad-alad, bisa ninggalaké bale Sigalagala. Manut pituduhe garangan putih.
Jam lima wayange wis bubar. Suminar karo Andaru banjur mulih.
B. Wangsulana pitakon-pitakon iki nganggo basa krama !
- Omahe sapa sing nanggap wayang ?
- Bocah-bocah anggone lumaku ing pinggir endi ?
- Sing disimping ing pinggir. wayang sing kepriye ?
- Dhalange nuthuk kothak nganggo apa ?
- Kurawa kuwi cacahe pira ?
- Kurawa nedya nyirnakake Pandhawa. Nyangapa tumindak mengkono?
- Bale agung sing digawe IKurawa jenenge apa?
- Sapa sing ndherekake Dewi Kunthi lan para Pandhawa ?
- Manut pituduhe sapa Dewi Kunthi lan Pandhawa bisa slamet saka bebaya ?
- Jam pira wayange bubar ? [ 60 ]II. Kawruh Basa.
A. Ganepana nganggo tembung sing mathuk !
Tuladha :
1. Bedhuge ....... |
6. Pasugatane ....... |
B. Apa pegaweyane ?
Tuladha :
1. Srati =..........
2. Pekathik =..........
3. Kusir =..........
4. Cantrik =..........
5. Masinis =..........
6. Sopir =..........
7. Juru kunci =..........
8. Sekater =..........
9. Juru taman =..........
10. Niyaga =..........
Sawiji gambar kuduné katon ing pérangan iki. Yèn kowé bisa njangkepi, deleng Wikisumber:Paugeran gambar lan Pitulung:Nambah gambar kanggo panuntun. |
C. Sapa jenenge nalikane isih enom ?
Tuladha :
1. Janaka =..........
[ 61 ] 2. Puntadewa = .....
3. Kresna = .....
4. Baladewa = .....
5. Sembadra = .....
Sawiji gambar kuduné katon ing pérangan iki. Yèn kowé bisa njangkepi, deleng Wikisumber:Paugeran gambar lan Pitulung:Nambah gambar kanggo panuntun. |
III. Paramasastra.
A. Wacan ing dhuwur salinana nganggo basá krama sing apik lan bener !
B. Golekana : wasesa” ne ukara iki !
Tuladha :
Andaru nonton wayang Nonton = wasesa. |
Sawiji gambar kuduné katon ing pérangan iki. Yèn kowé bisa njangkepi, deleng Wikisumber:Paugeran gambar lan Pitulung:Nambah gambar kanggo panuntun. |
- Pak Yaidi nanggap wayang
- Arti ngenteni Suminar
- Dhalang ngadhep kelir.
- Niyaga nabuh gamelan.
- Pandhawa ndherek Dewi Kunthi.
- Dhalang nuthuk kothak.
- Pandhawa mlebu bale Sigalagala.
- Kurawa nyirnakake Pandhawa
- Kurawa ngobong bale Sigalagala.
- Garangan putih nulungi Pandhawa.
61
[ 62 ]C. Wenahana seselan "in"!
- Tuladha :
- Yudhistira sasedulure lan Dewi Kunthi (gendhong) dening Bima.
- Yudhistira sasedulure lan Dewi Kunthi ginendhong dening Bima.
- Tanpa (jarag) lakune tekan alas.
- Gulune (puntir) dening Raden Gathutkaca.
- Perange rame banget dugang (dugang).
- Wong tetanggan becike sanjan-(sanjan).
- Sokur yen tansah tulung - (tulung).
- Katone meneng, nanging yen (jarag) gampang muring.
- Bale Sigalagala (gawe) saka kayu sing gampang kobong.
- Sajrone suka-suka tansah (jaga) dening prajurit.
- Lakone Bale Sigalagala (tulis)) ing buku Mahabarata.
- Tanpa (pikir) Pandhawa nekani panjaluke Kurawa.
Sawiji gambar kuduné katon ing pérangan iki. Yèn kowé bisa njangkepi, deleng Wikisumber:Paugeran gambar lan Pitulung:Nambah gambar kanggo panuntun. |
IV. Kasusastran.
- A. Tembung ing ngisor iki ngemu surasa cilik banget utawa sedhela banget.
- Tuladha:
- Sagebyare thathit.
- Sarambut . . . . . . . . . . . . . . .
- Sasiliring . . . . . . . . . . . . . . . [ 63 ] 3. Saglugut................
4. Saendhog................
5. Sakedhep................
6. Disawang................
7. Saumure................
8. Yen nginanga................
B. Kepriye bebasane ?
Tuladha :
Bebasan : Kekudhung walulang macan.
1. Diwenehi kalonggaran wasana isih kurang.
Bebasan = .....................................
2. Wong nyemoni.
Bebasan = .....................................
3. Kari nemu kepenake, kabeh wis cumawis.
Bebasan = .....................................
4. Nindakake pakarti ala sarana kongkonan.
Bebasan = .....................................
C. Rurabasa utawa tembung kang salah kaprah.
Coba benerna kepriye sing samesthine !
Tuladha :
1. Nganam gedheg = .....................................
2. Menek krambil = .....................................
3. Mikul dhawet = .....................................
4. Adang sega = .....................................
5. Nguleg sambel = .....................................
[ 64 ]V. Aksara Jawa
A. Wacanen sing cetha lan bener!
- ꧋ꦱꦸꦩꦶꦤꦂꦏꦫꦺꦴꦲꦝꦶꦤꦺꦩꦼꦚꦁꦠꦺꦴꦏꦺꦴ
- ꧋ꦲꦠꦶꦤꦺꦥꦝꦱꦼꦤꦼꦁꦱꦼꦤꦼꦁ꧉
- ꧋ꦥꦝꦠꦸꦏꦸꦧꦫꦁꦧꦫꦁꦱꦶꦁꦉꦒꦩꦸꦩꦫꦃ꧉
- ꧋ꦲꦤꦧꦸꦏꦸ꧈ꦱꦥꦸ꧈ꦲꦤꦥꦼꦤꦶꦠꦶ꧉
B. Tulisen nganggo aksara Jawa !
|
6. Sepatu |
VI. Ngarang.
Iki gambare panakawan Semar, Gareng lan Petruk. Kabeh padha duwe ciri-ciri sing lucu. Coba critakna !
Sawiji gambar kuduné katon ing pérangan iki. Yèn kowé bisa njangkepi, deleng Wikisumber:Paugeran gambar lan Pitulung:Nambah gambar kanggo panuntun. |
[ 65 ]
1.A. Wacan.
Sawiji gambar kuduné katon ing pérangan iki. Yèn kowé bisa njangkepi, deleng Wikisumber:Paugeran gambar lan Pitulung:Nambah gambar kanggo panuntun. |
Ing dina libur dawa bocah-bocah padha seneng atine. Apamaneh sekolahan nganakake darmawisata. Arep padha ndeleng pesisir segara kidul.
Esuk umun-umun bis telu wis teka ing ngarep sekolahan. Bocah-bocah karo wong-wong sing padha arep melu darmawisata wis samapta. Andaru karo Suminar diterake bapake. Ora suwe maneh wong-wong wis padha munggah menyang tumpakan. Bis telu banjur budhal.
Andaru oleh panggonan cedhak cendhela. Sedhela-sedhela dheweke bengok-bengok amarga gumun. Weruh alas lan jurang-jurang Weruh watu-watu gedhe ing pegunungan kendheng. Kali-kali pating sreweh.
Desa-desa ketara lempar ing ngisor. Kodhokan pasawahan pating galur, kebak tanduran pari. Rupane selang-seling. Ana ijo lan ana sing kuning. pomahan lan pakarangan pating grembel. Blarak-blarak krambil katiyup angin kaya angawe-awe saka kadohan. [ 66 ] Sadurunge bedhug wis tekan segara. Kabeh padha mudhun saka bis. Ing kono angine banter, ing segara alune gedhe. Katon gulung-gumulung saka tengah, wekasan pecah lan ambyar ing pinggir. Suwarane gumebyur.
"Banyu segara kuwi rasane asin, Ndaru.” kandhane pak Makmur.
Suminar sumambung, “Uyah kuwi sing digawe rak ya saka banyu segara, ya, Pak ?”
Pak Makmur manthuk.
"Iya, mulane segara kuwi ya dadi kasugihane negara. Ana uyahe, ana iwake lan uga ana mutiarane sing regane larang. Liyane kuwi isih akeh maneh barang-barang sing pangaji ing njero segara.”
Bocah-bocah ana sing wani adus ing pinggir. Olehe adus ing cedhake pak Amar lan pak Ilham sing uga lelangen lan slulupan. Ing tengah segara katon prau-prau golek iwak nganggo jaring.
Suminar karo kanca-kancane padha golek kerang lan kingking segara. Kanggo dolanan lan-arep dironce-ronce.
B. Wangsulana pitakon-pitakon iki nganggo basa krama.
- Kapan bocah-bocah darmaswisata ndeleng pesisir ?
- Sapa sing ngeterake Suminar karo Andaru ?
- Andaru oleh panggonan lungguh ing ngendi ?
- Amarga apa sedhela-sedhela Ndaru bengok-bengok?
- Geneya rupane tanduran pari katon saelang-seling ijo lan kuning ?
- Blarak-blarak krambil katiyup angin kaya nyangapa ?
- Kira-kira jam pira wong-wong tekan segara ?
- Apa sing suwarane gumebyur ?
- Banyu segara kena digawe apa ?
- Kanggo apa bocah-bocah wadon golek karang lan king-king ?
II. Kawruh Basa.
A. Apa tegese tembung-tembung iki ? [ 67 ]Tuladha :
Sawiji gambar kuduné katon ing pérangan iki. Yèn kowé bisa njangkepi, deleng Wikisumber:Paugeran gambar lan Pitulung:Nambah gambar kanggo panuntun. |
Pesisir = papan urut pinggire segara. |
- darmawisata = ..........
- Samapta = ..........
- Selang-seling = ..........
- Barang pangaji = ..........
- Jaring = ..........
- Mina = ..........
- Boga = ..........
- Miyasamina = ..........
B. Arane-tukang apa ?
Tuladha :
Undhagi = tukang gawe bekakas saka kayu. |
- Empu = ..........
- Blandhong = ..........
- Kundhi = ..........
- Pandhe = ..........
- Jlagra = ..........
- Molang = ..........
- Koki = ..........
- Emban = ..........
C. Arane kembang.
Tuladha
Sawiji gambar kuduné katon ing pérangan iki. Yèn kowé bisa njangkepi, deleng Wikisumber:Paugeran gambar lan Pitulung:Nambah gambar kanggo panuntun. |
Maya kembang blimbing. |
- pudhak kembang ..........
- Kecelung kembang ..........
- polong kembang ..........
- gleges kembang ..........
- kecuwis kembang ..........
- jedhidhing kembang .......... [ 68 ]
7 | greneng kembang |
8 | pancal kembang |
III. Paramasastra.
A. Wacan ing. dhuwur salinana nganggo basa krama sing apik lan bener !
Wiwit saka ndhuwur tekan..........Suwarane gumebyur.
B. Golekana “lesan” e ukara iki !
Tuladha :
Bocah-bocah padha ndheleng pesisir.
pesisir = lesan. |
- Bocah-bocah numpak bis.
- Pak Makmur ngeterake Suminar.
- Suminar tuku semangka.
- Andaru nggambar kucing.
- Manik golek kerang.
- Arti luru kingking.
- Prau-prau golek iwak.
- Pak llham dhahar lonthong.
- Pak Amar ngunjuk wedang.
- Bu Nastiti ngasta kupat.
C. Apa tegese tembung sing katulis miring ?
Tuladha :
Suminar golek kerang-kerangan
Kerang-kerangan = tetironing kerang (dudu kerang tenan). |
- Sawahe dipasangi wong-wongan.
- Andaru dipundhutake montor-montoran.
- Bocah kelas papat padha gawe jam-jaman.
- Manuk-manukan iki dilakokake nganggo baterai.
- Arti nggawe omah-omahan ing mburi pawon, [ 69 ]
Sawiji gambar kuduné katon ing pérangan iki.
Yèn kowé bisa njangkepi, deleng Wikisumber:Paugeran gambar lan Pitulung:Nambah gambar kanggo panuntun.
- Lawuhe iwak dudu iwak-iwakan.
- Manik nyuwun dipundhutake anak-anakan.
- Padha dolanan sepur-sepuran ing latar.
IV. Kasusastran.
A. Arane dina tembung kawi iki salinana tembung padinan !
Tuladha :
Soma = Senin |
- Anggara = . . . . .
- Buda = . . . . .
- Respati = . . . . .
- Sukra = . . . . .
- Tumpak = . . . . .
- Dite = . . . . .
B. Maskumambang.
Tembangna sing becik !
Gereng-gereng Gathutkaca sruanangis.
Sambate mlas-arsa.
Luhnya marawayan mili.
Gung tinameng astanira.
69
[ 70 ]C. Apa tegese tembung-tembung iki?
1. Sruanangis | = | .............. |
2. Mlas-arsa | = | ............. |
3. Mara wayan mili | = | ............. |
4. Tinameng astanira | = | ............. |
V. Aksara Jawa.
A. Wacanen sing cetha lan bener !
- ꧋ꦲꦺꦴꦭꦺꦃ ꦲꦺꦴꦭꦺꦃ꧉
- ꧋ꦢꦶꦤꦤꦺ ꦉꦧꦺꦴ ꦊꦒꦶ꧉
- ꧋ꦱꦝꦺꦭ ꦩꦤꦺꦃ ꦫꦶꦪꦪ꧉
- ꧋ꦧꦺꦴꦕꦃ ꦱꦼꦏꦺꦴꦭꦃ ꦭꦶꦧꦸꦂ꧉
- ꧋ꦱꦸꦩꦶꦤꦂ ꦩꦼꦚꦁ ꦠꦺꦴꦏꦺꦴ꧉
- ꧋ꦠꦸꦏꦸ ꦲꦺꦴꦭꦺꦃ ꦲꦺꦴꦭꦺꦃ꧉
- ꧋ꦫꦺꦴꦫꦶ ꦧꦺꦴꦭꦸ ꦏꦫꦺꦴ ꦏꦕꦁ꧉
B. Tulisen nganggo aksara Jawa !
Sarman | Yahman | Langkan |
Darsan | Bahran | Sangkan |
Jirman | Sabhan | Rangkan |
Marlan | Rahman | Manggan |
Korban | Wahdan | Langgan |
[ 71 ]VI. Ngarang
71
[ 72 ]
sing tinemu ing buku iki.
1. Jejer = Paraga sing dadi punjere ukara. Ing basa Indonesia diarani = subyek.
Tuladhane :
Dheweke golek iwak. Dheweke = jejer. |
2. Krama = Basa padinan sing tumanduk marang wong sing luwih tuwa utawa wong sing diajeni. Basa krama iku kena ditrapake marang awake dhewe. Tuladhane :
— Sampeyan badhe dhateng pundi? — Kalawingi kula kesah. |
3. Krama inggil = Basa padinan sing tumanduk marang wong sing banget diajeni. Basa kramainggil iku ora kena ditrapake tumrap awake dhewe. Tuladhane :
— Panjenengan badhe tindak pundi ? — Kalawingi kula tindak. (iki salah !) |
4. Ngoko = Basa padinan sing tumanduk tumrap mitra sabarakan utawa sing luwih enom nanging sing rumaket sesrawungane.
5. Purwakanthi = Tembung-tembung sing aksara utawa suwarane padha.
Tuladhane :
Bibit, bobot, bebet. Ana rina, ana upa. |
6. Sinawung = Dirumpaka = diripta = dikarang.
Tuladhane :
— Sinawung ing sekar pucung = dikarang ing tembang pucung. |
[ 73 ]7. Wasesa = Ing basa Indonesia diarani : predikat.
Tuladhane :
Bapak mluku sawah.Mluku = wasesa Siti nutu pari.Nutu = wasesa |
8. Yogyaswara = Tembung loro sing digandheng mawa teges lanang — wadon.
Tuladhane :
kedhana — kedhini. dewa — dewi. |
[ Cover ]Cathetan Ringkes para pangrakit
Sawiji gambar kuduné katon ing pérangan iki. Yèn kowé bisa njangkepi, deleng Wikisumber:Paugeran gambar lan Pitulung:Nambah gambar kanggo panuntun. |
TAMSIR AS
Lair ing Tulungagung, katiti, tanggal 21 Juni 1936. Angudi kawruh ing pamulangan Guru A sacara tinulis saka BPG - Bandung nampa ijazah taun 1960. Nambah pasinaon.ing IKIP jurusan Civieck Hukum ing Kediri. Pakaryan guru ing dhaerah Tulungagung. Buku-buku wacan basa Jawa sing wis ditulis luwih saka sepuluh buku lan sawatara buku basa Indonesia. Ing organisasi pangarang, wektu iki dadi Ketua Komisariat Organisasi pengarang Sastra Jawa (OPSJ) Prop. Jawa Wetan.
Sawiji gambar kuduné katon ing pérangan iki. Yèn kowé bisa njangkepi, deleng Wikisumber:Paugeran gambar lan Pitulung:Nambah gambar kanggo panuntun. |
SUPARDI AS. Drs.
Lair ing Tulungagung katiti tanggal 5 April 1939. Angudi kawruh wiwitan ing SGB (1957), SGA (1964) lan nampa gelar kasarjanan ing babagan Civieck Hukum saka IKIP Malang ing taun 1976. Pakaryan sing baku dadi penilik TK/SD, nanging uga mulang Basa Jawa ing SPG Swasta.
Sawiji gambar kuduné katon ing pérangan iki. Yèn kowé bisa njangkepi, deleng Wikisumber:Paugeran gambar lan Pitulung:Nambah gambar kanggo panuntun. |
V. SOEROTO
Lair ing Blitar katiti tanggal 14 – 11 – 1928.
Angudi kawruh nganti tataran B-1 Basa Jawa ing taun 1956. Sawuse kuwi banjur mulang ing SGA Neg. Semarang, SGA Neg. Malang, wekasan bali ing kutha kalairane ing SPG Neg. Blitar wiwit taun 1961. Buku-buku basa sing wis ditulis antara liya. Rujak wuni, Nujuprana, Istilah-istilah Kasusastran Jawi, Unggah-ungguhing Basa lan Kamus Kecil Bahasa Kawi.
Sawiji gambar kuduné katon ing pérangan iki. Yèn kowé bisa njangkepi, deleng Wikisumber:Paugeran gambar lan Pitulung:Nambah gambar kanggo panuntun. |
MUKONO, BA
Lair ing Tulungagung katiti tanggal 6-3-1940.
Angudi kawruh ing Sekolah Guru A Kediri tamat taun 1964. Banjur kuliah ing IKIP oleh Sarjana Muda pendidikan taun 1977. Pakaryan saliyane dadi Kepala Kantor Dep. Dik.Bud. kecamatan ing dhaerah Tulungagung, uga dadi Kepala SMA-PGRI lan anggota pembina IKIP-PGRI ing Tulungagung.
Sawiji gambar kuduné katon ing pérangan iki. Yèn kowé bisa njangkepi, deleng Wikisumber:Paugeran gambar lan Pitulung:Nambah gambar kanggo panuntun. |
SURIPAN SADI HUTOMO, Drs.
Lair ing Blora katiti tanggal 5-2-1940.
Angudi kawruh ing FKSS IKIP Malang lan tau sinau ilmu filologifolklors ing Universitas Leiden, negara Walanda. Pakaryan, Ketua Jurusan Bahasa dan Sastra Jawa ing IKIP Neg. Surabaya lan dosen luar biasa ing Fakultas Sastra Universitas Negeri Jember, Wijayakusuma Surabaya lan sawatara pawiyatan luhur swasta liyane. Sawataara buku asil-karyane: Telaah Kesusasteraan Jawa Modern, Antologi puisi Jawa Modern lan Sosiologi Sastra Jawa. Ing organisasi pengarang jejer dadi pembina OPSJ tingkat pusat.