Lintang Biru
[ 45 ]

LUTFY LAKSITA PRANANDARI

SMP Negeri 1 Bantul

Walang Kadung

Rupamu kang ijo royo-royo
Nuwuhake ati tentrem, ayem
Wujudmu kang cilik menthik
Trima dadi pakan kewan-kewan giras
Uripmu ora tau kepenak
Di rusuhi jaman, kewan, kahanan sumpeg,
Saiki umurku entek ...gigis
Dipangan gilingane jaman edan