Wangsulan Pitaken-Pitaken Kitab Suci
Wangsulan pitakenan-pitakenan Kitab Suci!
Sakmenika, kita mboten nampi pitakenan-pitakenan ingkang dipunajengaken dhumateng kita mawi basa Jawi. Menawi panjenengan saged nyerat lan maos basa Inggris, panjenengan saged ngintunaken pitaken panjenengan dhateng - https://www.gotquestions.org/Jawi/
Ing ngandap menika wonten lempakan pitakenan-pitakenan ingkang saged kita cawisaken mawi basa Jawi.
Kabar kabingahan
besutKados pundi kula pikantuk Gesang Langgeng?
besutKitab Suci sampun maringi margi ingkang cetha supados kita saged tumuju ing gesang langgeng.
Kapisan, kita kedah ngakeni bilih kita menika tiyang ingkang sampun tumindak dosa dhumateng Gusti:
“Marga kabeh wong wis padha gawe dosa sarta koncatan ing kamulyaning Allah.” (Rum 3:23).
Kita sampun nindakaken sadaya samukawis ingkang mboten dipun keparengaken dening Gusti, ingkang murugaken kita pantes nampi paukuman. Amargi sadaya dosa kita, wekasanipun kita lumawan dhumateng Gusti ingkang langgeng, mila namung paukuman langgeng ingkang pantes kita tampi.
“Awit pituwase dosa iku pati, balik sih-peparinge Gusti Allah iku urip langgeng ana ing Sang Kristus Yesus, Gusti kita.” (Rum 6:23)
Nanging, Yesus Kristus, ingkang tanpa dosa (1 Petrus 2:22), Putranipun Gusti ingkang langgeng sampun dados manungsa (Yokanan 1:1, 14) lan seda kangge ngruwat dosa kita.
“Nanging Gusti Allah wus ngatingalake sihe marang kita, awit Sang Kristus wus nglampahi seda kanggo kita, nalika kita isih padha kawengku ing dosa.” (Rum 5:8).
Yesus Kristus seda wonten ing kajeng salib (Yokanan 19:31-42), nanggel paukuman ingkang kedahipun kita tanggel (2 Korinta 5:21). Tigang dinten salajengipun, Panjenenganipun wungu saking sedanipun (1 Korinta 15:1-4), mbuktekaken kamenanganipun dhumateng dosa lan pati.
“Pinujia Gusti Allah Ramane Gusti kita Yesus Kristus, kang marga saka gunging sih palimirmane wis nglairake kita maneh tumuju marang urip kang kebak ing pangarep-arep lumantar wungune Gusti Yesus Kristus saka ing antarane wong mati.” (1 Petrus 1:3).
Lumantar kapitadosan, kita kedah nilaraken dosa lan wangsul dhumateng Sang Kristus supados kawilujengaken (Lelakone Para Rasul 3:19). Menawi kita masrahaken kapitadosan kita wonten ing Panjenenganipun, pitados bilih sedanipun wonten ing kajeng salib punika kangge ngruwat dosa kita, kita bade kaapunten lan nampi prajanjian gesang langgeng ing swarga.
“Awitdene Gusti Allah anggone ngasihi marang jagad iku nganti masrahake Kang Putra ontang-anting, supaya saben wong kang pracaya marang Panjenengane aja nganti nemu karusakan, nanging nduwenana urip langgeng.” (Yokanan 3:16).
“Sabab, manawa sarana tutukmu kowe ngakoni yen Gusti Yesus iku Gusti, lan atimu pracaya yen Gusti Allah wus mungokake Panjenegane saka ing antarane wong mati, kowe bakal kapitulungan rahayu.” (Rum 10:9).
Inggih namung kapitadosan wonten ing pakaryanipun Kristus, wonten ing kajeng salib, punika margining gesang langgeng!
“Sabab anggonmu padha kapitulungan rahayu iku saka sih-rahmat marga pracaya; lan iku dudu wohing pambudidayamu, nanging peparinge Gusti Allah, iku dudu wohing panggawemu: aja ana wong kang gumunggung.” (Efesus 2:8-9).
Menawi panjenengan kersa nampi Yesus Kristus dados Juruwilujeng panjenengan, punika wonten satunggaling conto pandonga. Panjenengan kedah ngengeti bilih pandonga punika utawi pandonga sanesipun mboten bade damel wilujenging panjenengan. Namung kapitadosan wonten ing Kristus ingkang saged milujengaken panjenengan saking dosa. Pandonga punika inggih namung satunggaling cara kangge mratelakaken kapitadosan panjenengan dhumateng Gusti lan pamatur nuwun tumprap kawilujengan peparingipun Gusti.
“Duh Gusti, kawula rumaos bilih kawula sampun tumindak dosa wonten ing ngarsa Paduka lan pantes nampi paukuman. Nanging Yesus Kristus sampun nanggel paukuman ingkang kedahipun kawula tanggel, saengga lumantar kapitadosan dhumateng Panjenenganipun kawula saged kaapunten. Kawula mratobat saking dosa kawula lan masrahaken kapitadosan kawula wonten ing Paduka supados kula wilujeng. Matur nuwun dene Paduka sampun maringi pangapunten lan kanugrahan saha sih rahmating gesang langgeng! Amin!”
Kados pundi kawula nampi pangapuntening Gusti?
besutLelakone Para Rasul 13:38 nyariosaken, “Milanipun ndadosna ing kauninganipun para saderek, margi saking Panjenenganipun punika panjenengan sedaya sami kawartosan bab pangapuntening dosa.”
Punapa pangapunten punika lan kenging punapa kula mbetahaken pangapunten?
Tembung “pangapunten” tegesipun mbusak ngantos resik, paring pangapunten, mbatalaken utang. Nalika kita lepat dhumateng satunggaling tiyang, kita nyuwun pangapunten saking panjengengane supados sesambetan kita saged kapulihaken malih. Pangapunten boten dipun sukakaken margi tiyang ingkang nyuwun pangapunten punika pantes diapunten. Boten wonten satunggal kemawon tiyang ingkang pantes kaapunten. Pangapunten punika pawujudan saking tresna, kamirahan uga sih rahmat. Pangapunten punika pancasan boten mendhem sengit tumrap samukawis ingkang katindakaken dening tiyang dhumateng panjenengan.
Kitab Suci martosaken dhumateng kita bilih kita sedaya mbetahaken pangapunten saking Gusti. Kita sedaya sampun dosa. Kohelet 7:20 nyariosaken, “Sanyatane ing bumi iki ora ana wong kang mursid: Kang nglakoni penggawe becik lan ora tau nglakoni dosa!” 1 Yokanan 1:8 nyariosaken, “Saupama kita sedaya padha ngaku ora nduweni dosa, dadi padha ngapusi awak kita dhewe lan ora kadunungan ing kayekten.” Sedaya dosa punika sajatosipun pambalila dhumateng Gusti (Jabur 51:6). Saengga, kita sanget mbetahaken pangapunten saking Gusti. Menawi dosa-dosa kita boten kaapunten, kita sedaya badhe nglampahi kasangsaran langgeng ingkang katempuhaken karana dosa-dosa kita (Mateus 25:46; Yokanan 3:36).
Pangapunten – Kados pundi anggen kula ngupados?
Kita ngaturaken panuwun, Gusti ingkang maha asih lan maha mirah, kepingin sanget paring pangapunten dhumateng dosa-dosa kita sedaya. Kitab 2 Petrus 3:9 nyariosaken, “Panjenengane nyabari kowe, sebab karsane aja nganti ana wong kang nemu bilai, nanging supaya kabeh wong padha bali sarta mratobat. Gusti kepingin paring pangapunten dhumateng kita, milanipun Panjenenganipun nyawisaken margi pangapuntenan kangge kita sedaya.
Namung satunggal paukuman ingkang adil tumrap dosa-dosa kita inggih punika pati. Bagian kapisan saking serat Rum 6:23, “Awit pituwase dosa iku pati ....” Pejah ingkang langgeng punika pituwas saking dosa-dosa kita. Gusti, wonten ing rancanganipun ingkang sampurna, rawuh dados manungsa, Yesus Kristus (Yokanan 1:1, 14). Yesus seda wonten ing kajeng salib nanggel paukuman ingkang kedahipun kita tanggel, inggih punika pati. 2 Korinta 5:21 mucal kita, “Panjenengane kang ora tepang karo dosa wus kadosakake marga saka kita, supaya ana ing Panjenengane kita kabenerake dening Gusti Allah.” Gusti Yesus seda wonten ing kajeng salib supados nggantosaken kita nampi paukuman ingkang kedahipun kita tampi! Minangka Gusti Allah, sedanipun Yesus nyawisaken pangapuntening dosa kangge manungsa ing jagad punika. 1 Yokanan 2:2 martosaken, “Lan Panjenengane iku kang dadi pangruwate dosa kita, lan ora ngemungake dosa kita bae, nanging malah iya dosane wong sajagad kabeh.” Wungunipun Yesus martosaken kaunggulanipun saking dosa lan pejah (1 Korinta 15:1-28). Pinujia Gusti, karana sedanipun lan wungunipun Yesus Kristus, bagian kapindo saking Rum 6:23 dados kasunyatan, “Awit pituwase dosa iku pati, balik sih peparinge Gusti Allah iku urip langgeng ana ing Sang Kristus Yesus Gusti kita.”
Punapa panjenengan sami kersa nampi pangapunten tumrap dosa-dosa panjenengan? Punapa panjenengan rumaos lepat ingkang boten saged ical ing salebeting manah? Pangapunten tumrap dosa-dosa panjenengan sumadia menawi panjenengan masrahaken manah lan kapitadosan panjenengan wonten ing Yesus Kristus. Serat Efesus 1:7 nyariosaken, “Sabab iya ana ing Panjenengane marga saka rahe, kita kaparingan tetebusan, yaiku pangapuraning dosa, manut gunging sih-rahmate.” Gusti Yesus ngluwari utang dosa kita supados kita saged kaapunten. Ingkang perlu panjenengan tindakaken inggih punika namung nyuwun pangapunten dhumateng Gusti wonten ing Putranipun, Gusti Yesus Kristus, pitados bilih Yesus sampun seda kangge ngruwat panjenengan, lan Gusti badhe paring pangapunten dhumateng panjenengan. Yokanan 3:16-17 nyerat pawartos endah punika, “Awit dene Gusti Allah anggone ngasihi marang jagad iku nganti masrahake Kang Putra ontang-anting supaya saben wong kang pracaya marang Panjenengane aja nganti nemu karusakan, nanging nduwenana urip langgeng. Sabab Gusti anggone ngutus Kang Putra ngrawuhi jagad iku ora supaya ngadili marang jagad, nanging supaya mitulungi rahayu marang jagad.”
Pangapunten – punapa gampil sanget?
Leres, pangapuntenan punika gampil sanget. Panjenengan boten saged nindakaken punapa-punapa kangge ngupados pangapuntenan. Panjenengan boten saged tumbas pangapuntenan saking Gusti Allah. Panjenengan namung saged nampeni kaliyan pangandel dhumateng Gusti, awit sih rahmat lan kamirahanipun Gusti. Menawi panjenengan sumadia nampi Yesus Kristus dados Juru Wilujeng uga nampeni pangapunten saking Gusti, sakmenika panjenengan saged ndedonga kaliyan pandonga punika. Pandonga punika, utawi pandonga sanesipun, boten badhe milujengaken panjenengan. Namung pitados dhumateng Yesus Kristus ingkang saged nyawisaken pangapuntening dosa. Pandonga punika namung salah satunggaling cara kangge mratelakaken pangandel panjenengan dhumateng Gusti uga kangge ngaturaken panuwun dhumateng Panjenenganipun karana pangapuntenan ingkang dipun paringaken panjenengan. “Duh Gusti, kawula rumaos bilih kawula sampun tumindak dosa wonten ing ngarsa Paduka lan pantes nampi paukuman. Nanging Yesus Kristus sampun nanggel paukuman ingkang kedahipun kawula tanggel, saengga lumantar kapitadosan dhumateng Panjenenganipun kawula saged kaapunten. Kawula mratobat saking dosa kawula lan masrahaken kapitadosan kawula wonten ing Paduka supados kula wilujeng. Matur nuwun dene Paduka sampun maringi pangapunten lan kanugrahan saha sih rahmating gesang langgeng! Amin!”
Kawula satunggaling Muslim, kenging punapa kawula kedah nimbang-nimbang dados tiyang Kristen?
besutMbok menawi, babagan ingkang ngremenaken sanget saking sesambetan antawisipun Muslim lan Kristen inggih punika punapa ingkang dipun cariyosaken Qur’an babagan Yesus. Qur’an mratelakaken bilih Gusti Allah ngintunaken Yesus lan nyengkuyung Panjenenganipun sarana Roh Suci (Sura 2:87), bilih Gusti Allah mulyakaken Yesus (Sura 2:253), bilih Yesus punika sae bebudenipun lan tanpa dosa (Sura 3:46; 6:85; 19:19), bilih Yesus punika kawungokaken saking seda (Sura 19:33-34), bilih Gusti Allah ngutus Yesus mbangun satunggaling agama (Sura 42:13), sarta bilih Yesus kaangkat dhateng Swarga (Sura 4:157-158). Mila, tiyang Muslim ingkang saestu, leresipun ngulinakaken kaliyan piwucalipun Yesus sarta mituruti (Sura 3:48-49; 5:46).
Piwucalipun Gusti Yesus kacathet dening para sakabatipun, ingkang rinci sanget, ing salebeting Kitab Injil. Sura 5:111 mratelakaken bilih para sakabat kaparingan wahyu dening Gusti Allah supados pitados ing Gusti Yesus lan piwucalipun. Sura 61:6, 14 nyumurupi kekalihipun Yesus lan para sakabatipun minangka ingkang mbiyantu Allah. Minangka abdinipun Gusti Allah, para sakabatipun Yesus gadhah cathetan ingkang leres uga rinci babagan piwucalipun Gusti Yesus. Qur’an njurungi para tiyang Muslim supados ngugemi lan miturut dhateng kekalihipun Torah lan Injil (Sura 5:44-48). Menawi Gusti Yesus punika tanpa dosa, sadaya prakawis ingkang dipun wucalaken punika saestu leres. Menawi para sakabatipun Gusti Yesus punika abdinipun Gusti Allah, para sakabat kalawau gadhah cathetan bab piwucalipun Gusti Yesus kanthi leres lan rinci.
Langkung-langkung Mohammad, Allah, ing salebeting Qur’an, njurungi tiyang Muslim supados sinau bab Injil. Allah mboten paring dhawuh menawi Injil punika awon. Mila saking punika, salinaning Injil ing jamanipun Mohammad saged dipun pitados uga leres. Wonten kathah salinan Injil ingkang dipunsalin langkung-langkung 450 tahun sakderengipun jaman Mohammad. Saktenanipun, wonten ewonan ayat saking Injil. Menawi kita mbandingaken salinan ingkang paling kina, salinan wonten ing jamaning Mohammad, lan salinan sasampunipun jamaning Mohammad -- katingal cetha sanget bilih sadaya salinan Injil punika cocok sanget babagan punapa ingkang dipun cariyosaken bab Gusti Yesus lan piwucalipun Gusti Yesus. Saestu mboten wonten bukti bilih Injil punika awon. Mila saking punika, kita saged mangertos kanthi yakin bilih sadaya ingkang dipun wucalaken dening Gusti Yesus punika leres, bilih piwucalipun kanthi rinci kacathet ing Injil, sarta bilih Allah sampun njagi kaleresaning Injil.
Punapa bab-bab ingkang kacathet ing Injil ngengingi Yesus? Ing Yokanan 14:6, Yesus ngandika, “Aku iki dalane sarta jatine kayekten lan kauripan. Ora ana wong siji-sijia kang bisa sowan marang Sang Bapa Rama, manawa ora etu ing Aku.” Gusti Yesus mucalaken bilih Panjenenganipun punika margi ingkang tumuju dhateng Gusti Allah. Ing Mateus 20:19, Yesus ngandika bilih Panjenenganipun badhe kasalib, kasedani, uga badhe wungu saking seda ing tigang dintenipun. Injil kanthi cetha nyathet punika wau minangka kadadosan saleresipun ingkang sampun kanyana dening Gusti Yesus (Mateus bab 27-28, Markus bab 15-16, Lukas bab 23-24, Yokanan bab 19-21). Kenging punapa Yesus, nabining Gusti Allah ingkang maha agung, marengaken sariranipun kasedani? Kenging punapa Gusti Allah marengaken punika? Gusti Yesus ngandika bilih mboten wonten katresnan ingkang langkung ageng katimbang ngurbanaken gesang panjenengan tumrap mitra panjenengan (Yokanan 15:13). Yokhanan 3:16 nyariosaken bilih Gusti Allah ngasihi kita ngantos maringaken Yesus dumados kurban tumrap kita.
Kenging punapa kita perlu Yesus ngurbanaken gesangipun tumrap kita? Punika kunci bentenipun antawisipun Muslim lan Kristen. Muslim mucal bilih Gusti Allah ngadili kita adedasar dhateng punapa tumindak sae kita langkung kathah saking tumindak awon kita. Kakristenan mucal bilih mboten wonten sok sintena ingkang saged nglintoni tumindak awonipun kaliyan tumindak ingkang sae. Sanadyan menawi saged nglintoni kathah tumindak awon kaliyan kathah tumindak sae, Gusti Allah punika mutlak lan sampurna kasucianipun satemah Panjenenganipun mboten saged marengaken sinten kemawon lumebet ing Kraton Swarga ingkang sampun tumindak sanadyan namung dosa tunggal. Gusti Allah, sampurna uga suci, mboten saged marengaken punapa kemawon ingkang kirang sampurna lumebet ing Swarga. Bab punika nilaraken kita sadaya wonten ing margi ingkang tumuju ing kalanggengan wonten ing neraka. Tuntutan kasucianipun Gusti Allah satunggaling paukuman ingkang langgeng tumrap dosa. Awit saking punika Yesus kedah dados kurban tumrap kita.
Kados dene Qur’an mucalaken, Gusti Yesus punika tanpa dosa. Kadospundi manungsa saged gesang tanpa tumindak dosa sanadyan namung sepisan? Punika mokal. Kados pundi salajengipun Gusti Yesus nyampurnakaken punika? Gusti Yesus punika langkung saking manungsa, Yesus piyambak ngandika bilih Panjenenganipun punika dados satunggal kaliyan Gusti Allah (Yokhayan 10:30). Gusti Yesus mratelakaken Sariranipun minangka Allahing Torah (Yokanan 8:58). Injil kanthi cetha mucalaken bilih Yesus punika Gusti Allah ingkang manjelma manungsa (Yokanan 1:1, 14). Gusti Allah pirsa bilih kita sadaya sampun dosa uga awit saking punika mboten saged lumebet ing Kratoning Swarga. Gusti Allah pirsa bilih margi satunggal-satunggalipun kita saged kaapunten inggih punika utang dosa kita karuwat. Gusti Allah pirsa bilih namung Panjenenganipun ingkang saged ngluwari tanpa wates. Gusti Allah manjelma dados manungsa “Yesus Kristus “ nilaraken gesang ingkang tanpa dosa (Sura 3:46; 6:85; 19:19), mucal bab-bab kasampurnan, uga seda tumrap kita, kangge ngluwari paukumaning dosa kita. Gusti Allah nindakaken punika awit Panjenenganipun ngasihi kita, awit Panjenenganipun ngersakaken nglampahi kalanggengan wonten ing Kratoning Swarga sesarengan Panejenganipun.
Lajeng, punapa tegesipun punika tumrap panjenengan? Gusti Yesus kurban ingkang sampurna tumrap dosa kita. Gusti Allah nawekaken dhumateng kita sadaya pangapunten uga karahayon menawi kita purun klayan gampil nampeni peparingipun tumrap kita (Yokanan 1:12), pitados Gusti Yesus dados Juruwilujeng ingkang masrahaken gesangipun tumrap kita -- para mitranipun. Menawi panjenengan masrahaken kapitadosan panjenengan ing Gusti Yesus minangka Juru Wilujeng panjenengan, panjenengan badhe pikantuk jaminan sakwetahipun saking gesang langgeng ing Kratoning Swarga. Gusti Allah badhe peparing pangapuntening dosa panjenengan, nyucekaken manah panjenengan, ngenggalaken ruh panjenengan, maringi gesang kaluberan ing jagad, uga gesang langgeng ing jagad ing wekdal ngajeng. Kados pundi kita saged nolak kanugrahan ingkang endah punika? Kados pundi kita saged nyingkur Gusti Allah ingkang sampun ngasihi kita ngantos ngurbanaken Sasiranipun tumrap kita?
Menawi panjenengan mboten yakin kaliyan punapa ingkang panjenengan pitadosi, kita ngaturi panjenengan ngucapaken pandonga dhumateng Gusti Allah punika;
“Dhuh Gusti, mugi mitulungi kawula supados mangertos punapa ingkang leres. Mugi mitulungi kawula ningali ingkang lepat. Mugi mitulungi kawula supados mangertos pundi margi ingkang leres tumuju karahayon.” Gusti Allah badhe tansah nampeni pandonga.
Menawi panjenengan kepengin nampeni Gusti Yesus dados Juruwilujeng, matur kanthi prasaja dhumateng Gusti Allah, sacara lisan utawi sacara batos, sarta matur Panjenenganipun bilih panjenengan nampeni kanugrahan karahayon lumantar Gusti Yesus. Menawi panjenengan kepengin ngaturaken pandonga, punika contonipun: “Duh Gusti Allah, maturnuwun awit sampun ngasihi kawula. Maturnuwun sampun ngurbanaken sarira Paduka tumrap kawula. Maturnuwun sampun sumadya paring pangapunten lan karahayon. Kawula nampeni kanugrahan karahayon lumantar Gusti Yesus. Kawula pitados Gusti Yesus minangka Juruwilujeng kawula. Kawula ngasihi Paduka Gusti sarta masrahaken badan kawula dhumateng Paduka. Amin!”
Punapa tegesipun nampi Gusti Yesus dados Juru Wilujeng pribadi punika?
besutPunapa panjenengan sampun nate nampi Gusti Yesus Kristus dados Juru Wilujeng panjenengan? Saderengipun panjenengan mangsuli, kaparengna kula nerangaken pitaken kala wau. Kangge mangertosi babagan pitaken punika, ingkang utami panjenengan kedah mangertosi rumiyin babagan “Yesus Kristus,” “pribadi”, lan “Juru Wilujeng.”
Sinten ta Gusti Yesus Kristus punika? Kathah tiyang ingkang sumerep bilih Gusti Yesus Kristus punika tiyang sae, guru Agung, utawi malah nabining Gusti Allah. Mesthi kemawon sedaya wau leres sanget kaunjukaken dhumateng Gusti Yesus, nanging tiyang-tiyang kala wau boten negesaken sinten ta sejatinipun Gusti Yesus punika. Kitab Suci nyariosaken dhumateng kita bilih Yesus punika Gusti Allah ingkang manjilma ing kadagingan, Gusti Allah dados manungsa (Yokanan 1:1,14). Putera Gusti ingkang rawuh wonten ing donya memucal kita, mulyakaken kita, ngleresaken kita, paring pangapunten dhumateng kita, uga seda kangge kita sedaya! Gusti Yesus Kristus punika Gusti ingkang nitahaken sedaya samukawis, Gusti ingkang Maha kuwaos. Punapa panjenengan sampun nampeni Gusti Yesus ing wekdal punika?
Punapa Juru Wilujeng punika? Kenging punapa kita mbetahaken Juru Wilujeng? Kitab Suci nyariosaken bilih sedaya manungsa menika boten wonteng kang bener, kita sedaya sampun tumindak dosa (Rum 3:10-18). Amargi dosa kita punika, kita pantes nampi duka lan pangadilaning Gusti. Namung paukuman ingkang tanpa wates ingkang pantes tumrap dosa ingkang sampun kalampahan lumawan dhumateng Gusti ingkang Maha Kuwaos lan Langgeng (Rum 6:23; Wahyu 20:11-15). Mila saka punika kita mbetahaken Sang Juru Wilujeng!
Gusti Yesus Kristus rawuh wonten ing donya lan seda wonten ing panggenan kita. Sedanipun Gusti Yesus, inggih Sang Yehuwah Allah ingkang manjilma ing kadagingan, dados satunggaling pangruwat ingkang tanpa wates tumrap dosa-dosa kita (2 Korinta 5:21). Gusti Yesus seda supados nanggel paukumaning dosa kita (Rum 5:8). Yesus sampun nglunasi regining dosa kita saengga kita boten kedah nglunasi malih. Wungunipun Gusti Yesus saking seda ngayektosaken bilih sedanipun sampun cekap kangge ngruwat paukumaning dosa kita. Amarga punika inggih namung Yesus satunggaling Juru Wilujeng (Yokanan 14:6; Lelakone Para Rasul 4:12)! Punapa panjenengan pitados bilih Gusti Yesus punika Juru Wilujeng panjenengan?
Punapa ingkang dipunwastani bilih Gusti Yesus punika Juru Wilujeng “pribadi” panjenengan? Kathah tiyang nyipati Kekristenan punika namung saking wujuding gereja, upacara agami ingkang katingal, lan boten nglampahi dosa. Punika sanes Kekristenan. Kekristenan ingkang sajatos inggih punika sesambetan sacara pribadi kaliyan Gusti Sang Yehuwah. Nampeni Gusti Yesus dumados Juru Wilujeng panjenengan pribadi tegesipun masrahaken diri panjenengan piyambak wonten ing kapitadosan uga kayakinan dhumateng Panjenenganipun. Boten wonten satunggal kemawon tiyang ingkang bade wilujeng wonten ing kapitadosan sanes. Boten wonten satunggal kemawon tiyang ingkang bade kaapunten amargi nindakaken tumindak ingkang katemtokaken. Namung wonten satunggal cara kawilujengaken inggih punika nampeni Gusti Yesus sacara pribadi dados Juru Wilujeng panjenengan, ngyakini bilih sedanipun Gusti Yesus punika dados sarana pangruwating dosa panjenengan, uga wungunipun Gusti Yesus dados tanggelan gesang langgeng (Yokanan 3:16). Punapa Yesus saestu dados Juru Wilujeng pribadi panjenengan?
Menawi panjenengan kersa nampi Yesus Kristus dados Juruwilujeng panjenengan, punika wonten satunggaling conto pandonga.
Panjenengan kedah ngengeti bilih pandonga punika utawi pandonga sanesipun mboten bade damel wilujenging panjenengan. Namung kapitadosan wonten ing Kristus ingkang saged milujengaken panjenengan saking dosa. Pandonga punika inggih namung satunggaling cara kangge mratelakaken kapitadosan panjenengan dhumateng Gusti lan pamatur nuwun tumprap kawilujengan peparingipun Gusti.
“Duh Gusti, kawula rumaos bilih kawula sampun tumindak dosa wonten ing ngarsa Paduka lan pantes nampi paukuman. Nanging Yesus Kristus sampun nanggel paukuman ingkang kedahipun kawula tanggel, saengga lumantar kapitadosan dhumateng Panjenenganipun kawula saged kaapunten. Kawula mratobat saking dosa kawula lan masrahaken kapitadosan kawula wonten ing Paduka supados kula wilujeng. Matur nuwun dene Paduka sampun maringi pangapunten lan kanugrahan saha sih rahmating gesang langgeng! Amin!”
Punapa ingkang dipunwastani “margining Rum tumuju ing kawilujengan” punika?
besutMargining Rum tumuju ing kawilujengan inggih punika tembung kangge nyebat migunakaken Injil kawilujengan sarana ayat-ayat saking serat Rum wonten ing Kitab Suci. Cara punika ingkang prasaja sarta kiyat sanget kangge jlentrehaken; kenging punapa kita perlu kawilujengan? Kados pundi Gusti paring kawilujengan? Kados pundi kita saged nampi kawilujengan? sarta punapa dasaripun kawilujengan?
Wawasan kaping pisan saking “margining Rum tumuju ing kawilujengan” inggih punika wonten ing serat Rum 3:23, “Marga kabeh wong wus padha gawe dosa sarta koncatan ing kamulyaning Gusti Allah.” Kita sedaya sampun nglampahi dosa. Kita sedaya sampun nindakaken samukawis ingkang boten diparengaken dening Gusti Allah. Boten wonten setunggal tiyang ingkang tanpa dosa. Rum 3:10-18 maringi gambaran ingkang jlimet babagan kados punapa dosa katingal wonten ing gesang kita.
Wawasan kaping kalih saking “margining Rum tumuju ing kawilujengan”, kapendhet saking Rum 6:23 ingkang mucal dhumateng kita sedaya bab pituwasing dosa –“Awit pituwase dosa iku pati, balik sih-peparinge Gusti Allah iku urip langgeng ana ing Sang Kristus Yesus, Gusti kita.” Paukuman ingkang kita tampi karana dosa kita inggih punika pejah, mbonten namung pejah sacara badaniah, nanging pejah langgeng!
Wawasan kaping tiga wonten saking “margining Rum tumuju ing kawilujengan” kelajengan saking serat Rum 6:23 pethilan wingking, “balik sih-peparinge Gusti Allah iku urip langgeng ana ing Sang Kristus Yesus, Gusti kita.” Rum 5:8 nyuraosaken, “Nanging Gusti Allah wus ngatingalake sihe marang kita, awit Sang Kristus wus nglampahi seda kanggo kita, nalika kita isih pada kawengku ing dosa.” Yesus Kristus seda kangge kita! Sedanipun Gusti Yesus dados pangruwating dosa kita. Wungunipun Gusti Yesus nelakaken bilih Gusti Allah marengaken sedanipun Gusti Yesus dados pangruwating dosa kita sedaya.
Wawasan kaping sekawan ngendelaken “margining Rum tumuju ing kawilujengan” wonten ing serat Rum 10:9, “Sabab, manawa sarana tutukmu kowe ngakoni yen Gusti Yesus iku Gusti, lan atimu pracaya yen Gusti Allah wus mungokaken Panjenengane saka ing antarane wong mati, kowe bakal kapitulungan rahayu.” Sabab sedanipun Yesus punika karana kita, sedaya ingkang kedah kita tindakaken inggih punika namung pitados dhumateng Panjenenganipun, pitados bilih sedanipun dados pangruwating dosa kita, mila kita badhe kawilujengaken! Rum 10:13 nyuraosaken malih, “Awitdene sapa kang nyebut Asmaning Pangeran bakal kapitulungan rahayu.” Gusti Yesus seda dados pangruwating paukumaning dosa kita sedaya uga nulungi kita saking kalanggenganing pejah. Kawilujengan, pangapuntening dosa, kasadiakaken tumrap sok sintena ingkang purun pitados ing Gusti Yesus Kristus minangka Gusti sarta Juru Wilujeng.
Wawasan kaping gangsal saking “margining Rum tumuju ing kawilujengan” kapendhet saking Rum 5:1 ingkang ngandhut warta endah makaten, “Mulane kita kang wus padha kabenerake awit saka pracaya, kita padha urip kalawan rukun karo Gusti Allah marga dening Gusti kita, Gusti Yesus Kristus.” Lantaran Gusti Yesus Kristus kita saged gadah sesambetan kang rahayu kaliyan Gusti Allah. Rum 8:1 mucal kita, “Kang iku, saiki wis ora ana paukuman maneh tumrap wong kang padha ana ing Sang Kristus Yesus.” Amargi sedanipun Yesus karana kita, kita boten nate kaukum karana dosa kita. Wekasanipun, kita kaparingan prajanjian ing Gusti Allah punika saking serat Rum 8:38-39, “Sabab aku mesthekake, sanadyan pati utawa urip, para malaekat apa para panguwasa, kang saiki ana utawa kang bakal ana, apa para panguwasa kang ana ing dhuwur utawa ing ngisor, lan sadhengah titah liyane, ora bakal bisa megatake kita saka ing sihe Gusti Allah, kang ana ing Sang Kristus Yesus, Gusti kita.”
Punapa panjenengan purun ndherek “margining Rum tumuju ing kawilujengan”? Manawi panjenengan kepengin nampeni Gusti Yesus Kristus dados Juru Wilujeng panjenengan uga nampi pangapunten saking Gusti Allah, punika wonten pandonga ingkang supados panjenengan saged ndedonga.
Panjenengan kedah ngengeti bilih ngucapaken pandonga punika utawi pandonga sanesipun boten badhe milujengaken panjenengan. Namung pitados ing Gusti Yesus Kristus ingkang saged nyawisaken pangapuntening dosa.
Pandonga punika namung cara prasaja kangge matur dhumateng Gusti Allah menggahing kapitadosan wonten ing Panjenenganipun lan pamaturnuwun tumrap kawilujengan ingkang kacawisaken kangge kita.
“Duh Gusti, kawula rumaos bilih kawula sampun dosa wonten ing ngarsa Paduka lan pantes kaukum. Nanging Yesus Kristus sampun nanggel paukuman yang kedahipun kawula tanggel satemah lumantar kapitadosan wonten ing Panjenenganipun kawula saged kaapunten. Kawula wangsul malih saking dosa kawula lan masrahaken kapitadosan kawula dhumateng Paduka tumrap kawilujengan kawula. Maturnuwun duh Gusti dene Paduka sampun paring sih-rahmat lan pangapunten inggih paring gesang langgeng! Amin!”
Punapa ingkang dipunwastani dados tiyang Kristen ingkang lair enggal punika?
besutKitab Yokanan 3:1-21 maringi piwulang babagan pitakenan punika. Gusti Yesus Kristus ngandika dhumateng Nikodemus, salah satunggaling pangajenging Farisi ugi warganing Sanhedrin (panguwaos tiyang Yahudi). Nikodemus manggihi Gusti Yesus ing wanci dalu lan ngaturaken pitakenan dhumatheng Panjenenganipun.
Nalika Gusti Yesus ngandikan kaliyan Nikodemus, Panjenenganipun mangsuli, “Satemen-temene pututurKu ing kowe: Wong manawa ora kalairake maneh mesthi ora bisa weruh Kratoning Allah.” Unjuke Nikodhemus: “Tiyang sampun sepuh makaten anggenipun saged lair kadospundi? Punapa saged lumebet malih dhateng guwa-garbaning biyungipun, lajeng kalairaken malih?” Paring wangsulane Gusti Yesus: “Satemen-temene pituturKu ing kowe: Wong manawa ora kalairake saka banyu lan Roh, mesthi ora bisa lumebu marang Kratoning Allah. Apa kang lair saka ing daging iku daging lan kang lair saka ing Roh, iku roh. Aja gumun, dene Aku pitutur ing kowe: Kowe kudu padha kalairake maneh.” (Yokanan 3:3-7).
Patrapan “kalairake maneh” punika saestunipun inggih “lair saking nginggil.” Nikodemus gadah kabetahan ingkang nyata. Piyambakipun betah gantosing manah – gantosing karohanen. Lair anyar, kalairaken malih, punika pakaryanipun Sang Yehuwah Allah supados sakabehing tiyang ingkang pracaya saged kaparingan gesang langgeng (2 Korinta 5:17; Titus 3:5; 1 Petrus 1:3; 1 Yokanan 2:29; 3:9; 4:7; 5:1-4, 18). Yokanan 1:12,13 nelakaken bilih “kalairake maneh” ugi nuwuhaken gagasan “dados putraning Gusti” lumantar kapitadosan wonten ing asmanipun Gusti Yesus Kristus.
Pitaken ingkang pinanggih ing nalar inggih punika, “Kenging punapa kita perlu kalairaken malih?” Rasul Paulus wonten ing Efesus 2:1 ngandika, “Kowe biyen pada mati marga saka panerak-panerak lan dosa-dosamu.” Tumuju dhateng tiyang Rum piyambakipun nyerat, “Marga kabeh wong wis padha gawe dosa sarta koncatan ing kamulyaning Allah.” (Rum 3:23). Tiyang dosa punika sejatosipun “pejah” sacara rohani. Nalika manungsa nampi gesang karohanen uga pracaya marang Kristus, Kitab Suci ngandika bilih punika sami kaliyan kalairaken malih. Mila saka punika, manungsa betah kalairaken malih supados dosanipun kaapunten lan nggadahi sesambetan kaliyan Gusti.
Kados pundi bab punika saged dumados? Efesus 2:8,9 mratelakaken, “Sabab anggonmu padha kapitulungan rahayu iku saka sih-rahmat marga pracaya; lan iku dudu wohing pambudidayamu, nanging peparinge Gusti Allah, iku dudu wohing panggawemu: aja ana wong kang gumunggung.” Nalika kita sampun kapitulungan rahayu, piyambakipun kalairaken malih, dipunanyari sacara karohanen, uga dados putraning Gusti miturut hak kalairan enggal. Pitados wonten ing Yesus Kristus bilih Panjenenganipun ingkang sampun nyaur paukuman dosa nalika Panjenenganipun seda wonten ing kajeng salib, punika pirantos katur "kalairaken malih." "Dadi sapa kang ana ing Sang Kristus, iku dadi titah anyar: kang lawas wus sirna, lan kang anyar pranyata wus teka." (2 Korinta 5:17).
Menawi panjenengan dereng pitados bilih Gusti Yesus Kristus punika Juru Wilujeng panjenengan, punapa panjenengan purun nenimbang tuwuhipun Roh Suci ingkang wawan sabda ing salebeting manah panjenengan? Panjenengan perlu kalairaken malih. Punapa panjenengan purun ndedonga pandonganing pratobatan lan dados manungsa enggal wonten ing Kristus dinten punika? “Nanging sapa bae kang nampani Panjenengane iku diparingi wewenang dadi para putraning Allah iya iku kang padha pracaya marang asmane, kang laire ora saka ing getih, iya ora saka pakaremaning daging utawa saka karepe wong lanang, nanging saka ing Allah.” (Yokanan 1:12-13).
Menawi panjenengan kersa nampi Yesus Kristus dados Juruwilujeng panjenengan, punika wonten satunggaling conto pandonga.
Panjenengan kedah ngengeti bilih pandonga punika utawi pandonga sanesipun mboten bade damel wilujenging panjenengan. Namung kapitadosan wonten ing Kristus ingkang saged milujengaken panjenengan saking dosa. Pandonga punika inggih namung satunggaling cara kangge mratelakaken kapitadosan panjenengan dhumateng Gusti lan pamatur nuwun tumprap kawilujengan peparingipun Gusti.
“Duh Gusti, kawula rumaos bilih kawula sampun tumindak dosa wonten ing ngarsa Paduka lan pantes nampi paukuman. Nanging Yesus Kristus sampun nanggel paukuman ingkang kedahipun kawula tanggel, saengga lumantar kapitadosan dhumateng Panjenenganipun kawula saged kaapunten. Kawula mratobat saking dosa kawula lan masrahaken kapitadosan kawula wonten ing Paduka supados kula wilujeng. Matur nuwun dene Paduka sampun maringi pangapunten lan kanugrahan saha sih rahmating gesang langgeng! Amin!”
Punapa ingkang dipunwastani rancangan kawilujengan punika?
besutPunapa panjenengan luwe? Sanes luwe sacara badaniah, nanging punapa panjenengan ngraosaken luwe bab langkung ingkang wonten ing gesang panjenengan? Punapa bab ing salebeting manah panjenengan ingkang dereng nate damel marem punika? Menawi makaten, Yesus punika marginipun! Pangandikane Gusti Yesus, “Aku iki roti panguripan; sing sapa marani Aku, iku ora bakal luwe maneh, sarta sing sapa pracaya marang Aku, iku ora bakal ngelak maneh” (Yokanan 6:35).
Panjenengan bingung? Panjenengan dereng nate manggih margi utawi tujuan wonten ing salebeting gesang? Punapa pajenengan katingalipun kados dene tiyang ingkang kapejahan lampu lan mboten saged manggih gantosipun? Menawi makaten, namung Yesus punika marginipun. Yesus paring dhawuh, “Aku iki pepadhanging jagad; sing sapa ngetut-buri Aku, ora bakal lumaku ana ing pepeteng, nanging bakal nduweni padhanging urip” (Yokanan 8:12).
Panjenengan nate ngraosaken kados kakuncen saking gesang? Punapa panjenengan sampun nyobi sawetawis kori, uga namung manggih kakosongan ing sawingkinging kori lan mboten migunani? Punapa panjenengan ngupados margi tumuju satunggaling gesang ingkang migunani? Menawi makaten, Gusti Yesus punika marginipun! Yesus ngandika,”Aku iki lawange; sapa kang lumebune metu ing Aku, iku bakal kapitulungan rahayu, sarta bakal lumebu lan metu, apadene bakal nemu pangonan” (Yokanan 10:9).
Punapa tiyang sanes sami ngendelaken panjenengan wonten ing kasisahan? Punapa pasrawungan panjenengan kraos cethek lan kosong? Punapa raosipun sadaya tiyang namung nyobi mendhet kauntungan saking panjenengan? Menawi makaten, Gusti Yesus punika marginipun! Gusti Yesus ngandika, “Iya Aku ini pangon kang utama. Pangon kang utama iku ngetohake nyawane kanggo wedhus-wedhuse.... Aku ini pangon yang utama sarta Aku niteni kang dadi wedhus-wedhusKu lan wedhus-wedhusKu pada wanuh marang Aku” (Yokanan 10:11, 14).
Panjenengan kwatos kaliyan punapa ingkang badhe kadadosan sasampunipun gesang punika? Panjenengan jeleh wonten ing salebeting gesang panjenengan tumrap bab-bab ingkang namung kebak ing sesakit lan karisakan? Punapa kadang kala panjenengan rumaos gojag-gajeg punapa gesang punika migunani? Punapa panjenengan kepingin gesang sasampunipun panjenengan pejah? Menawi makaten, Gusti Yesus punika marginipun! Gusti Yesus ngandika, “Iya Aku iki patangen lan kauripan. Sing sapa pracaya marang Aku bakal urip, sanadyan wus mati. Lak sok wonga kang urip sarta pracaya marang Aku, iku ora bakal mati ing salawas-lawase. Kowe apa pracaya marang iku?” (Yokanan 11:25-26).
Punapa margi punika? Punapa kaleresan punika? Punapa gesang punika? Gusti Yesus paring wangsulan, “Aku iki dalane sarta jatine kayekten lan kauripan. Ora ana wong siji-sijia kang bisa sowan marang Sang Rama, manawa ora metu ing Aku” (Yokanan 14:6).
Luwe ingkang panjenengan raosaken punika luwe ing karohanen, lan namung saged kaisi dening Gusti Yesus. Inggih namung Gusti Yesus kemawon ingkang saged ngusir pepeteng. Gusti Yesus punika gapura tumuju kamaremaning gesang. Gusti Yesus punika kanca lan pangen ingkang panjenengan padosi. Gust Yesus punika gesang -- ing jagad punika lan ing wekdal ngajeng. Yesus punika margining kawilujengan!
Dasaripun panjenengan kraos luwe, dasaripun panjenengan rumaos ical ing satengahing pepeteng, dasaripun panjenengan mboten saged manggih piguna salebeting gesang, punika karana panjenengan tebih saking Gusti Allah. Kitab Suci nyariosaken dhumateng kita bilih kita sedaya sampun dosa, uga lajeng tebih saking Gusti (Kidung Pangadhuh 7:20; Rum 3:23). Kakosongan ingkang panjenengan raosaken ing manah panjenengan punika raosing kecalan Gusti saking gesang panjenengan. Kita katitahaken supados nggadahi sesambetan kaliyan Gusti. Nanging karana dosa kita, kita kapisahaken saking sesambetan punika. Malahan langkung awon malih, dosa kita badhe murugaken kita kapisahaken saking Gusti tumprap sadaya kalanggengan, gesang punika lan ing wekdal ngajeng (Rum 6:23; Yokanan 3:36).
Kadospundi bab punika saged kapecahaken? Gusti Yesus punika marginipun! Gusti Yesus piyambak nanggel dosa kita (2 Korinta 5:21). Gusti Yesus seda nggantosaken kita (Rum 5:8), nanggel paukuman ingkang pantesipun kangge kita. Tigang dintenipun, Gusti Yesus wungu saking seda, mbuktekaken kamenanganipun saking dosa lan pejah (Rum 6:4-5). Kangge punapa Panjenenganipun nindakaken punika? Gusti Yesus piyambak sampun paring wangsulan tumprap pitaken punika, “Ora ana katresnan kang gedhene ngluwihi katresnaning wong kang ngetohake nyawane kanggo nglabuhi mitra-mitrane” (Yokanan 15:13). Gusti Yesus seda supados kita saged kagesangaken. Menawi kita masrahaken kapitadosan wonten ing Yesus, pitados bilih sedanipun kangge ngruwat dosa kita -- sedaya dosa kita kaapunten lan kaimbah resik. Salajengipun raos luwe karohanen kita kamaremaken. Pepadang badhe kagesangaken. Kita badhe lumebet ing gesang ingkang migunani. Kita badhe mangertosi kanca sejatos ingkang leres lan pangen ingkang sae. Kita badhe mangertosi bilih kita badhe nggadahi gesang sasampunipun kita pejah -- gesang katangekaken wonten ing swarga sarta kalanggengan kaliyan Yesus!
“Awitdene Gusti Allah anggone ngasihi marang jagad iku nganti masrahake Kang Putra ontang-anting, supaya saben wong kang pracaya marang Panjenengane aja nganti nemu karusakan, nanging nduwenana urip langgeng” (Yokanan 3:16).
Sinten ingkang dipunwastani tiyang Kristen punika?
besutKamus Webster mitulis bilih tiyang Kristen punika “tiyang ingkang ngakeni pitados dhumateng Yesus dados Sang Kristus, utawi pitados dhumateng agama ingkang miturut piwulang Gusti Yesus.”
Sinaosa teges punika mbiyantu kita mengertos sinten tiyang Kristen punika ingkang sami kaliyan pangertosan tiyang kathah, bentenipun, pangertosan punika kirang migenahaken punapa tegesipun dados satunggaling tiyang kristen miturut kitab suci.
Tembung “Kristen” dipunginakaken kaping telu wonten ing Prajanjian Anyar (Lelakone Para Rasul 11:26; 26:28; 1 Petrus 4:16).
Dipuncariosken wonten ing Lelakone Para Rasul 11:26, para pandherekipun Yesus Kristus ingkang kaping setunggal kasebut “Kristen” ing Antiokhia amargi pandamel, tindak tanduk saben dintenipun, lan swantenipun sedaya kados dene Sang Kristus.
Purwakanipun, tembung punika kaunjuk dening tiyang-tiyang ingkang boten pitados wonten ing Antiokhia dados poyokan uga bab ingkang nyakitaken majeng tiyang-tiyang Kristen. Tembung ‘Kristen’ punika nggadhahi artos “dados kunjukan saking kelompok Kristus” utawi “pandherekipun Kristus,” ingkang mirip tegesipun kaliyan teges wonten ing kamus Webster.
Namung, sairing lumampahipun wekdal punika, tembung “Kristen” sampun kecalan sakunjukan ageng jarwinipun uga asring dipunagem namung katur nedahaken satunggal tiyang ingkang gadhah agami utawi ingkang gadhah aos-aos moral, boten kaunjuk dhumateng pandherekipun Yesus Kristus ingkang saestu sampun kalairaken malih.
Kathah tiyang ingkang boten endel dhumateng Gusti Yesus Kristus nganggep menawi tiyang Kristen inggih punika sedaya tiyang ingkang kesah dhateng gereja utawi ingkang manggen wonten ing negari “Kristen.”
Tindak dhateng gereja, mbiyantu tiyang-tiyang ingkang kekirangan, dados tiyang sae; sedaya punika boten dadosaken satiyang prayogi kanaman tiyang Kristen. Kados dipunginemaken dening satunggaling penginjil, “Tindak dhateng gereja punika boten lajeng ndamel setunggal tiyang dados Kristen, sami kaliyan mlebet garasi boten ndamel setunggal tiyang dados mobil.”
Dados anggota gereja, sregep tumut ngabekti mangibadah, uga nyumbang katur gereja boten ndamel panjenengan dados tiyang Kristen. Kitab Suci maringi piwucal dhumateng kita sedaya menawi pandamel-pandamel kita ingkang becik, sedayanipun boten saged ndamel kita ketampi dening Gusti. Wonten ing kitab Titus 3:5, Rasul Paulus paring piwulang, “ora marga saka panggawe becik kang wis kita lakoni, nanging marga saka sih-rahmate sarana padusan kalairan kapindho lan marga saka kaanyarake dening Sang Roh Suci”.
Dados, tiyang Kristen inggih punika setunggal tiyang ingkang sampun dipunlairaken malih dening Gusti (Yokanan 3:3,7; 1 Petrus 1:23), uga ingkang sampun gadhah kapitadosan dhumateng Yesus Kristus. Wonten ing kitab Efesus 2:8, Rasul Paulus ngandika, “Sebab anggonmu padha kapitulungan rahayu iku saka sih-rahmat marga pracaya; lan iku dudu wohing pambudidayamu, nanging peparinge Gusti Allah”.
Tiyang Kristen ingkang sajatos inggih punika tiyang ingkang sampun masrahaken kapitadosan lan kayanikanipun dhumateng Yesus Kristus; bilih Panjenenganipun sampun seda wonten ing kajeng salib dados panebusing dosa, wungu malih ing tigangdintenipun supados ngangsalaken kamenangan dening pati, lan paring gesang langgeng dhumateng sadaya tiyang ingkang pitados dhumateng Panjenenganipun.
Saking Yokanan 1:12 kita sedaya nyumerepi, “Nanging sapa bae kang nampani Panjenengane iku diparingi wewenang dadi para putraning Allah iya iku kang padha pracaya marang asmane”. Amargi punika, tiyang Kristen ingkang sajatos inggih dados putraning Gusti, anggota saking kaluwarganipun Gusti, lan tiyang ingkang sampun kaparingan gesang enggal wonten ing Sang Kristus.
Pratanda saking tiyang Kristen sajatos inggih punika asihipun dhateng sesaminipun lan netepi dhateng sabdaning Gusti (1 Yokanan 2:4,10).
Punapa “Pandonganing Tiyang Dosa” Punika?
besutTembung “pandonganing tiyang dosa” inggih punika pandonganing setunggal tiyang ingkang ndedonga dhumateng Gusti nalika tiyang wau mangertos bilih piyambakipun punika tiyang dosa lan mbetahaken Juru Wilujeng. Ngucapaken “pandonganing tiyang dosa” boten badhe ngrampungaken prakawis ingkang sampun kalampahan. Pandonganing tiyang dosa namung saged ngasilaken manawi saestu ngunjukaken punapa ingkang dipun sumerepi, mangertosi, lan dipun pitados bab karisakanipun lan mbetahaken kawilujengan.
Wawasan kaping pisan saking “pandonganing tiyang dosa” inggih punika pangertosan bilih kita sedaya tiyang dosa. Serat Rum 3:10 nyuraosaken, “iya kaya kang wus katulisan, wiraose: Ora ana wong kang bener, siji bae ora ana.” Kitab Suci sampun medharaken kanthi cetha bilih kita sedaya punika tiyang dosa. Kita sedaya tiyang dosa ingkang perlu sih-rahmat uga pangapunten saking Gusti Allah (Titus 3:5-7). Karana dosa kita, kita pantes nampi paukuman langgeng (Mateus 25:46). Pandonganing tiyang dosa punika nyuwun piwelas kangge gantosing pangadilan. Panyuwun sih-rahmat kangge gantosing duka.
Wawasan kaping alih saking “pandonganing tiyang dosa” punika seserepan tumrap punapa ingkang sampun katindakaken Gusti Allah satemah mulyakaken kita saking kawontenan ingkang kebak ing dosa lan nyasar. Gusti Allah manjelma kadagingan lan dados manungsa wonten ing Pribadi Yesus Kristus (Yokanan 1:1, 14). Yesus mucal kita bab kayektosaning Gusti Allah lan gesang wonten ing margining kayektosan sacara sampurna sarta gesang tanpa dosa (Yokanan 8:46; 2 Korinta 5:21). Yesus lajeng seda wonten ing kajeng salib nggantosaken kita, nanggel paukuman ingkang pantesipun kita tanggel (Rum 5:8). Wungunipun Gusti Yesus saking seda mbuktekaken kamenanganipun saking dosa, pejah, sarta neraka (Kolose 2:15; 1 Korinta 15). Karana sedaya punika wau, kita saged nampeni pangapuntening dosa sarta kaparingan prajanji gesang langgeng wonten ing Swarga -- menawi kita sami purun masrahaken kapitadosan kita dhumateng Gusti Yesus Kristus. Kita sedaya kedah pitados bilih sedanipun sarta wungunipun Gusti Yesus punika kangge nggantosi kita sedaya (Rum 10:9-10). Kita saged kawilujengaken lumantar sih-rahmat piyambak, lumantar kapitadosan piyambak, wonten ing Yesus Kristus piyambak. Efesus 2:8 nyuraosaken, “Sebab anggonmu padha kapitulungan rahayu iki saka sih-rahmat marga pracaya; lan iku dudu wohing pambudidayamu, nanging peparinge Gusti Allah.”
Ngucapaken pandonganing tiyang dosa punika cara ingkang prasaja matur dhumateng Gusti Allah bilih panjenengan sumende wonten ing Yesus Kristus ingkang dados Juru Wilujeng panjenengan. Boten wonten tembung ingkang “gaib” ingkang dados dasaring kawilujengan. Namung kapitadosan dhumateng sedanipun Gusti Yesus sarta wungunipun ingkang saged milujengaken kita.
Menawi panjenengan mangertos bilih panjenengan punika tiyang dosa lan perlu kawilujengaken lantaran Gusti Yesus Kristus, punika conto pandonganing tiyang dosa ingkang saged panjenengan aturaken dhumateng Gusti Allah: “Duh Gusti, kawula rumaos bilih kawula sampun tumindak dosa wonten ing ngarsa Paduka lan pantes nampi paukuman. Nanging Yesus Kristus sampun nanggel paukuman ingkang kedahipun kawula tanggel, saengga lumantar kapitadosan dhumateng Panjenenganipun kawula saged kaapunten. Kawula mratobat saking dosa kawula lan masrahaken kapitadosan kawula wonten ing Paduka supados kula wilujeng. Matur nuwun dene Paduka sampun maringi pangapunten lan kanugrahan saha sih rahmating gesang langgeng! Amin!”
Punapa punika agami ingkang leres tumrap kawula?
besutWarung ingkang nyajekaken dhaharan instan nyengsemaken kita sarana nyukani palilah dhumateng kita kangge pesen dhaharan ingkang trep kaliyan punapa ingkang kita pengini. Sawetawis warung kopi nggumedhe kanthi nawaraken satus raos ingkang benten lan kopi maneka warni. Malah manawi tumbas griya lan montor, kita saged pados kanthi pilihan uga kautamen ingkang kita pengini. Gesang kita boten namung wonten donyaning coklat, vanili, lan strawberry kemawon, pilihan punika penting sanget! Panjenengan saged manggih bab-bab ingkang panjenengan kepengini miturut punapa kemawon ingkang panjenengan senengi sarta betahaken piyambak.
Lajeng kados pundi kaliyan agami ingkang trep tumrap panjenengan? Kados pundi kaliyan agami ingkang boten nyeneni menawi lepat, boten gadah panyuwun, sarta boten ngawrataken lantaran kathahing rerepot kangge nindakaken aturan agami? Punapa dene agami kados mekaten punika wonten, punapa kita saged milih agami kados dene milih raos es ingkang dipunremeni?
Kathah suwanten-suwanten ingkang lelomban narik kawigatosan kita; lajeng kenging punapa saben tiyang kedah nimbang-nimbang Gusti Yesus ing sanginggiling, kados dene, Muhammad utawi Konfusius, Budda, utawi Charles Taze Russell, utawi Joseph Smith?
Punapa sadaya margi kalawau boten nuntun manungsa dhumateng swarga? Sejatinipun inggih punika: boten sedaya agami nuntun kita dhumateng swarga, sami kemawon kados boten sedaya margi badhe nuntun kita dumugi Jakarta.
Gusti Yesus piyambak ngandika sarana wibawaning Gusti Allah amargi Gusti Yesus piyambak sampun menang saking pati. Muhammad, Konfusius, lan sanesipun tetep wonten ing pasareanipun piyambak-piyambak, nanging Gusti Yesus, sarana kuasa Panjenenganipun piyambak, tindak medal saking teleng palimengan tigang dinten sasampunipun seda wonten kajeng salib ingkang kejem saking Rum. Sadengah tiyang ingkang gadhah kakiyatan ngungguli pati pantes kita gatosaken. Sadengah tiyang ingkang gadhah kakiyatan ngungguli pati pantes kita mirengaken.
Katerangan ingkang ngiyataken wungunipun Gusti Yesus kathah sanget. Kaping pisan, langkung saking gangsalatus mripat dados seksi wungunipun Kristus! Kathah sanget mripat ingkang nyeksekaken. Gangsalatus suwanten boten saged kalirwakaken. Punika ugi ingkang dados jalaranipun kuburan ingkang kosong; mungsuhipun Gusti Yesus saged kanthi gampil nglerenaken sedaya wicantenan bab wungunipun kanthi nuduhaken layonipun Yesus ingkang sampun risak, nanging boten wonten layon ingkang saged dados bukti kangge nyebaraken kabar dhumateng tiyang-tiyang wau! Sarean sampun kosong! Punapa para sakabad sampun nyolong sariraning Panjenenganipun? Mokal. Kangge ngalang-alangi sedaya ingkang saged kadadosan, pakuburanipun Gusti Yesus kajagi kanthi kiyat dening serdadu. Kanthi nimbang bilih para sekabatipun ingkang paling raket sampun mlajeng karana ajrih nalika Panjenenganipun kacepeng uga kasalib, mesthi kemawon mokal manawi sapantha juru amek iwak ingkang sami ajrih punika satunggal mbaka satunggal aben ajeng nglawan prajurit ingkang sampun kalatih lan winucal punika. Kayektosan bilih wungunipun Yesus boten saged dipunbantah!
Sepisan malih, sinten kemawon ingkang gadhah kakiyatan ngungguli pati pantes kapirengaken. Yesus sampun mbuktekaken kakiyatanipun ngungguli pati, mila saking punika, kita perlu mirengaken punapa ingkang dados Sabdanipun. Yesus nelakaken bilih namung Panjenenganipun punika margining kawilujengan (Yokanan 14:6). Panjenenganipun sanes satunggaling margi, Panjenenganipun sanes satunggal saking antawisipun kathah margi, nanging Yesus punika marginipun.
Yesus ugi maringi pawartos, “He, para wong kang kesayahan lan kamomotan, padha mrenea, Aku bakal gawe ayemmu.” (Mateus 11:28). Jagad punika awrat lan gesang punika angel. Kathah ing antaraning kita ingkang gampil sanget kawutahaken rahipun, ketaton, lan ajrih ing perang, leres? Lajeng punapa ingkang panjenengan kersakaken? Pamulihan utawi namung agami? Juru Wilujeng ingkang gesang utawi satunggaling para “nabi” ingkang sampung pejah? Sesambetan ingkang sayektos utawi uparaca ingkang kosong? Yesus sanes satunggaling pilihan – inggih namun Panjenenganipun pilihan punika!
Yesus punika “agami” ingkang trep manawi panjenengan ngupados pangapuntening dosa (Lelakone Para Rasul 10:43). Yesus punika “agami” ingkang trep manawi panjenengan ngupados sesambetan ingkang sayektos kaliyan Gusti Allah (Yokanan 10:10). Yesus punika “agami” ingkang trep manawi panjenengan ngupados griya ingkang langgeng wonten ing swarga (Yokanan 3:16). Sumangga masrahaken kapitadosan panjenengan wonten ing Yesus Kristus ingkang Juru Wilujeng panjenengan -- panjenengan boten badhe getun! Pitadosa bilih Panjenenganipun paring pangapunten tumrap dosa panjenengan -- panjenengan boten badhe kakuciwakaken.
Manawi panjenengan kepengin gadhah “sesambetan ingkang sae” kaliyan Gusti Allah, punika wonten conto pandonga.
Panjenengan kedah ngengeti bilih pandonga punika utawi pandonga sanesipun mboten bade damel wilujenging panjenengan. Namung kapitadosan wonten ing Kristus ingkang saged milujengaken panjenengan saking dosa. Pandonga punika inggih namung satunggaling cara kangge mratelakaken kapitadosan panjenengan dhumateng Gusti lan pamatur nuwun tumprap kawilujengan peparingipun Gusti.
“Duh Gusti, kawula rumaos bilih kawula sampun tumindak dosa wonten ing ngarsa Paduka lan pantes nampi paukuman. Nanging Yesus Kristus sampun nanggel paukuman ingkang kedahipun kawula tanggel, saengga lumantar kapitadosan dhumateng Panjenenganipun kawula saged kaapunten. Kawula mratobat saking dosa kawula lan masrahaken kapitadosan kawula wonten ing Paduka supados kula wilujeng. Matur nuwun dene Paduka sampun maringi pangapunten lan kanugrahan saha sih rahmating gesang langgeng! Amin!”
Punapa panjenengan sampun damel pancasan tumprap Kristus sarana punapa ingkang sampun panjenengan waos? Menawi sampun, sumangga klik wonten ing seratan “Kula sampun nampi Kristus dinten punika” wonten ing ngandhap punika.
Punapa gesang sasampunipun pejah punika wonten?
besutKitab Suci nyuraosi kita wonten ing Ayub 14:1-2,14 mekaten, “Manungsa ingkang lair saking tiyang estri, celak umuripun, tuwuk ing kasisahan, mekar kadosdene sekar lajeng alum, icalipun kados wewayangan, boten saged lestantun. Manungsa manawi sampun pejah, punapa saged gesang malih? Manawi makaten kawula gadhah pangajeng-ajeng salaminipun kawula nglampahi kangelan, ngantos dumugi ing giliran kawula.”
Kados dene Ayub, kathah ingkang sampun katantang dening pitaken punika. Saktenanipun, kawontenan kados punapa ingkang kita lampahi sasampunipun pejah? Punapa kita saged ngendelaken gesang kita kanthi gampil? Punapa gesang punika kados dene kori ingkang mubeng, tiyang sami dhateng lan kesah wonten ing jagad supados saged nggayuh karahayon? Punapa sadaya tiyang badhe tumuju wonteng ing panggenan ingkang sami, punapa tumuju ing panggenan ingkang benten? Punapa swarga lan neraka punika saestu wonten, utawi namung wonten ing pikiran kita?
Kitab Suci ngandika dhumateng kita sedaya bilih boten namung wonten gesang sasampunipun pejah, nanging uga gesang langgeng ingkang mulya inggih punika, “Kang ora tau kadeleng ing mripat, lan ora tau rinungu ing kuping, sarta kang ora tau tuwuh ing atining manungsa: kabeh kang wus kacawisake dening Gusti Allah marang kang padha nresnani Panjenengane iku” (1 Korinta 2:9).
Yesus Kristus, Gusti ingkang sampun dados manungsa, kersa rawuh ing jagad lan maringi kita gesang langgeng punika. “Mangka Panjenengane iku sinudukan marga saka anggon kita padha mbalela, Panjenengane karemuk marga saka piala kita; ganjaran paukuman kang nekakake karahayon tumrap kita iku kadhawahake ing Panjenengane, sarta marga saka bilur-bilure kita banjur padha dadi waras.” (Yesaya 53:5).
Yesus nanggel paukuman kita sedaya uga ngurbanaken nyawanipun dados tebusan dhumateng kita sedaya. Tigang dinten sasampunipun, Panjenenganipun nelakaken kamenanganipun saking pati sarana wungu saking antaranipun tiyang pejah, ing salebeting Roh lan kadagingan. Panjenenganipun netep wonten ing jagad sekawandasa dinten lan kaseksen dening ewon tiyang, saderengipun miyos dhateng dalemipun ingkang langgeng wonten ing swarga. Rum 4:25 nyariosaken, “yaiku Gusti Yesus kang wus kaulungake awit saka panerak kita, sarta kawungokake awit saka anggon kita padha kabenerake” (Rum 4:25).
Wungunipun Sang Kristus punika perkawis ingkang kacathet kanthi sae sanget. Rasul Paulus nantang para tiyang sarana maringi pitaken bab para seksi tumrap kaleresanipun, lan boten wonten satunggal kemawon ingkang saged nelakaken kapitadosanipun. Wungunipun Gusti Yesus punika inggih landesan kapitadosanipun tiyang Kristen; amargi Kristus sampun wungu saking pati, kita saged gadhah kapitadosan bilih kita, ugi, badhe katangekaken. Wungunipun Sang Kristus dumados bukti ingkang utami bilih wonten kagesangan saksampunipun manungsa pejah. Kristus dados wiwitaning asiling panen ingkang agung ing antawisipun tiyang ingkang badhe katangekaken supados gesang malih. Pejah sacara badaniah dhateng langkung satunggal tiyang, Adam, saking sinten kita sadaya kasambetan. Nanging ingkang murugaken sadaya sampun kapundhut dados kulawarganing Gusti Allah lumantar kapitadosan ing Yesus Kristus badhe kaparingan gesang enggal (1 Korinta 15:20-22). Sami kados Rama wonten ing swarga mungokaken saliranipun Gusti Yesus, makaten ugi badan kita sedaya dipuntangekaken manawi Gusti Yesus wangsul malih datheng ndonya (1 Korinta 6:14).
Sanajan wekasanipun kita sadaya badhe katangekaken, nanging boten saben tiyang saged sesarengan lumebet wonten ing swarga. Pilihan tetep kedah katetapaken dening pribadi kita piyambak ing salebeting gesang punika kangge nemtokaken ing pundi mangke kita badhe nampi gesang kalanggengan. Kitab Suci nyuraosaken bilih sampun katetepaken tumrap kita sedaya bilih badhe pejah namung kaping sapisan, lan sasampunipun punika badhe wonten pangadilan (Ibrani 9:27). Sok sintena ingkang sampun nindakaken kaluhuraning budi badhe lumebet ing kalanggenganing gesang ing swarga, nanging tiyang ingkang boten pitados badhe lumebet wonten ing kalanggenganing paukuman, utawi neraka (Mateus 25:46).
Sami kaliyan swarga, neraka boten namung wonten ing pratelan kemawon, nanging kasunyatan, lan saestu-saestu panggenan nyata. Panggenan ing pundi kasangsaran badhe kaalami tanpa kendhat, dukaning Gusti Allah kang langgeng. Para tiyang wau badhe nahan pangraos, mental, lan panyiksaning badan, ngraosaken kasangsaran saking raos isin, getun, lan jijik. Neraka katerangaken kadosdene luweng ingkang tanpa dasar (Lukas 8:31, Wahyu 9:1), lan segantening latu, mbakar mawi welirang, ing pundi warganing jagad badhe nglampahi dinten panyiksan sarta dalu salami-laminipun (Wahyu 20:10). Wonten ing salebeting neraka, badhe wontenipun panangis lan keroting untu, dados pratanda kasusahan lan murka ingkang sanget (Mateus 13:42).
Gusti Allah boten rena kaliyan kapejahan tiyang lamis, nanging Panjenenganipun ngersakaken para tiyang lamis saged mratobat saking tumindakipun ingkang awon satemah saged nampi gesang (Yeheskiel 33:11). Nanging Panjenenganipun boten badhe meksa kita supados miturut; manawi kita milih nolak Panjenenganipun, Panjenenganipun nampeni keputusan kita sedaya katur gesang langgeng sapih saking Panjenengane. Gesang ing jagad punika satunggaling ujian cecawisan kangge ing wekdal ngajeng. Tumrap tiyang pitados, gesang langgeng punika wonten ing sacelakipun Gusti Allah.
Lajeng kados pundi kita kaleresaken uga saged nampeni gesang langgeng punika? Namung wonten satunggal margi lumantar kapitadosan sarta kayakinan wonten ing Putraning Gusti, Yesus Kristus. Gusti Yesus tumuli ngandika, “Iya Aku ini patangen lan kauripan, sing sapa pracaya marang Aku bakal urip, sanadyan wus mati. Lan sok wonga kang urip sarta pracaya marang Aku, iku ora bakal mati ing salawas-lawase. Kowe apa pracaya marang iku?” (Yokanan 11:25-26).
Peparing gesang langgeng punika kasadiyakaken kangge sadaya tiyang, “Sing sapa pracaya marang Sang Putra, iya nduweni urip langgeng, nanging sing sapa ora mituhu marang Sang Putra, iku bakal ora weruh ing urip, nanging malah langgeng anggone kataman ing bebenduning Allah” (Yokanan 3:36).
Kita boten badhe kaparingan wekdal kangge mratobat saking dosa kita sasampunipun seda. Kawontenan kita sasampunipun pejah ditetepaken nalika kita gesang wonten ing jagad dening pracaya punapa boten dhumateng Gusti Yesus Kristus. “Satemen-temene, iya wektu iki wektu kang ngremenake iku; iya dina iki dinane karahayon iku.” (2 Korinta 6:2).
Menawi kita sedaya mitadosi bilih sedanipun Gusti Yesus Kristus saged mbayar dosa kita sedaya, kita boten namung badhe nglampahi gesang ingkang nggadahi artos ing donya, nanging ugi gesang langgeng saksampunipun pejah wonten ing ngarsanipun Sang Kristus ingkang Maha Agung.
Menawi panjenengan kersa nampi Yesus Kristus dados Juruwilujeng panjenengan, punika wonten satunggaling conto pandonga. Panjenengan kedah ngengeti bilih pandonga punika utawi pandonga sanesipun mboten bade damel wilujenging panjenengan. Namung kapitadosan wonten ing Kristus ingkang saged milujengaken panjenengan saking dosa. Pandonga punika inggih namung satunggaling cara kangge mratelakaken kapitadosan panjenengan dhumateng Gusti lan pamatur nuwun tumprap kawilujengan peparingipun Gusti.
“Duh Gusti, kawula rumaos bilih kawula sampun tumindak dosa wonten ing ngarsa Paduka lan pantes nampi paukuman. Nanging Yesus Kristus sampun nanggel paukuman ingkang kedahipun kawula tanggel, saengga lumantar kapitadosan dhumateng Panjenenganipun kawula saged kaapunten. Kawula mratobat saking dosa kawula lan masrahaken kapitadosan kawula wonten ing Paduka supados kula wilujeng. Matur nuwun dene Paduka sampun maringi pangapunten lan kanugrahan saha sih rahmating gesang langgeng! Amin!”
Punapa namung Gusti Yesus margi tumuju ing Swarga?
besut“Kula saestu tiyang sae, saengga kula saged lumebet Kratoning Swarga.”
“Inggih, kula nindakaken bab ingkang awon, nanging kula nggih nindakaken langkung kathah bab ingkang sae, uga kula kepengin lumebet Kratoning Swarga.”
“Gusti Allah boten kepengin ngintunaken kula lumebet neraka namung amargi kula boten gesang sarana dedasar Kitab Suci.”
Zaman punika sampun berubah! “Namung tiyang ingkang saestu awon kadosdene nyiksa lare-lare uga mejahi ingkang kalebetaken dhateng neraka.”
Punika sedaya alesan-alesan ingkang umum ing antawisipun tiyang kathah, nanging kasunyatanipun, sedaya wau palsu. Iblis, panguasa donya, nandur gagasan-gagasan punika ing pikiran kita. Iblis, lan sok sintena ingkang ngetut wingking ing marginipun, dados mengsahipun Gusti Allah (1 Petrus 5:8). Iblis tansah nyamar dados pribadi ingkang sae (2 Korinta 11:14), nanging iblis ngendalekake sedaya pikiran ingkang boten nderek Gusti Allah. “Yaiku wong kang ora pracaya, kang angen-angene wus dipicakake dening allahe jaman iki, temahan wong mau ora padha ndeleng cahyaning injile kamulyane Sang Kristus, kang dadi citrane Gusti Allah.” (2 Korinta 4:4).
Goroh menawi pitados bilih Gusti Allah boten praduli tumrap dosa-dosa ingkang alit, lan bilih neraka punika kacadangaken tumrap “tiyang awon.” Sedaya dosa misahaken kita saking Gusti Allah, sanadyan namung “goroh alit tumrap samukawis ingkang sae”. Saben tiyang sampun nglampahi dosa, lan boten wonten satunggal kemawon ingkang cekap sae kangge nggayuh kratoning swarga piyambak (Rum 3:23). Mlebet wonten ing swarga boten adedasar punapa kasaenan kita langkung kathah tinimbang karisakan kita, menawi punika ukuranipun mila sedaya manungsa badhe mokal lumebet swarga.
“Nanging manawa bab iku kalakone awit saka sih-rahmat, dadine wus ora marga saka panggawe maneh, sabab yen ora mangkono, kang diarani sih-rahmat iku wus dudu sih-rahmat maneh” (Rum 11:6). Boten wonten pendamel sae ingkang sangguh ngenerna manungsa lumebet Kratoning Swarga (Titus 3:5).
“Padha lumebua metu ing lawang kang ciyut, awit amba lawange lan jembar dalane kang anjog ing karusakan, mangka akeh wong kang padha metu ing kono” (Mateus 7:13). Sanadyan menawi saben tiyang gesang wonten ing salebeting dosa, uga botan kathah ingkang pitados dhumateng Gusti Allah, Gusti Allah boten badhe nampi alesan punika. “Kowe biyen padha dumunung ana ing kono, awit kowe ngenut lakuning donya iki, lan mbangun-miturut marang panguasane Karajan awang-awang, yaiku roh kang saiki lagi nandukake dayane ana ing satengahe para wong duraka” (Efesus 2:2).
Nalika Gusti Allah nitahaken jagad, jagad punika sampurna. Sedaya sae sanget. Lajeng Panjenenganipun nitahaken Adam uga Hawa, sarta paring kamardikan kangge nemtokaken piyambak punapa ingkang dipunpengini, satemah saged milih punapa badhe ndherek lan ngabekti dhumateng Gusti Allah punapa boten. Nanging Adam uga Hawa, ingkang wiwitan katitahaken dening Gusti Allah, sampun kagodha satan supados boten mituhu dhumateng Gusti Allah, uga sami nglampahi dosa. Punika ingkang misahaken Adam lan Hawa (lan sadaya tiyang ingkang gesang sasampunipun Adam lan Hawa, ugi kalebet kita) saking kawontenan ingkang saged nutup sesambetan kaliyan Gusti Allah. Panjenenganipun sampurna lan boten saged kendel wonten satengahipun dosa. Dene kita, tiyang dosa, boten saged nebihaken patrapan dosa punika saking kita piyambak. Satemah, Gusti Allah ingkang mbucal saengga kita saged manunggil kaliyan Panjenenganipun ing swarga. “Awitdene Gusti Allah anggone ngasihi marang jagad iku nganti masrahake Kang Putra ontang-anting, supaya saben wong kang pracaya marang Panjenengane aja nganti nemu karusakan, nanging nduwenana urip langgeng” (Yokanan 3:16). “Awitdene pituwase dosa iku pati, balik sih-peparinge Gusti Allah iku urip langgeng ana ing Sang Kristus Yesus, Gusti kita” (Rum 6:23).
Gusti Yesus sampun miyos wonten ing donya satemah Panjenenganipun saged mucal kita bab margi punika uga seda karana dosa kita satemah kita boten kedah nglampahi pejah. Tigang dinten sasampunipun seda, Panjenenganipun wungu saking antawisipun tiyang pejah, nelakaken bilih Panjenenganipun piyambak sampun menang saking pati. (Rum 4:25), Panjenenganipun dados lantaran saking juranging pamisah antawisipun Gusti Allah uga manungsa satemah kita saged nggadhahi sesambetan pribadi kaliyan Panjenenganipun menawi kita pitados namung dhumateng Panjenenganipun.
“Wodene menggah gesang langgeng punika manawi tiyang sami wanuh kaliyan Paduka, Allah ingkang sejati piyambak, sarga dhateng Yesus Kristus utusan Paduka” (Yokanan 17:3). Kathah sanget tiyang ingkang pitados dhumateng Gusti Allah, malah Iblis ugi pitados. Nanging kangge nampeni kawilujengan, kita kedah mratobat dhumateng Gusti Allah, damel sesambetan pribadi, nilar sedaya dosa kita uga ndherek Panjenenganipun.
Kita kedah pitados dhumateng Gusti Yesus kaliyan sedaya ingkang kita gadahi uga kita tindakaken. “Yaiku kabeneraning Allah kang awit saya pracaya marang Gusti Yesus Kristus tumrap kabeh wong kang padha pracaya, awit ora ana beda-bedane” (Rum 3;22). Kitab Suci mucalaken bilih boten wonten margi ingkang milujengaken kajawi nglangkungi Kristus. Gusti Yesus ngandika wonten ing Yokanan 14:6, “Aku iki dalane sarta jatine kayekten lan kauripan. Ora ana wong siji-sijia kang bisa sowan marang Sang Rama, manawa ora metu ing Aku.”
Inggih namung Gusti Yesus margining kawilujengan sabab namung Panjenenganipun ingkang saged ngruwat paukumaning dosa kita (Rum 6:23). Boten wonten kapitadosan sanes ingkang mucal lebeting utawi agenging dosa lan pituwasipun. Boten wonten kapitadosan sanes ingkang nawekaken pangruwat ingkang tanpa wates tumrap dosa ingkang saged kasadiyakaken dening Gusti Yesus. Boten wonten “pamanggih kapitadosan” sanes dene Gusti Allah manjilma manungsa (Yokanan 1:1, 14) -- namung satunggaling margi kangge nebus utang ingkang tanpa wates. Gusti Yesus kedah dados Gusti supados Panjenenganipun saged ngruwat utang kita. Gusti Yesus kedah dados manungsa supados Panjenenganipun saged seda. Kawilujengan namung kasadiyakaken lumantar kapitadosan dhumateng Gusti Yesus Kristus! “Kaliyan malih boten wonten karahayon wonten ing sintena kemawon, kajawi wonten ing Panjenenganipun, amargi ing sakurebing langit punika boten wonten asma sanesipun ingkang kaparingaken dhateng manungsa, ingkang dados margining karahayon kita” (Lelakone Para Rasul 4:12).
Kados pundi kawula saged pikantuk kayektosaning Gusti?
besutSupados saged pikantuk “kayektosan” saking Gusti Allah, ingkang kapisan kita kedah mangertos punapa punika “lepat”. Wangsulanipun inggih punika dosa. “Wus padha nyimpang kabeh, kabeh wus bejad ora ana kang gawe becik, sijia bae ora ana” (Jabur 14:3). Kita sampun mbalela lumawan dhateng dhawuhipun Gusti Allah; kita sampun “padha nglambrang kaya wedhus” (Yesaya 53:6).
awartos ingkang awon inggih punika bilih pituwasing dosa punika pejah. “Dene wong kang nglakoni dosa, iku kang kudu mati” (Yeheskiel 18:4). Kabar kabingahanipun inggih punika bilih sihipun Gusti sampun ngetutaken kita satemah mbekta kawilujengan tumrap kita. Gusti Yesus ngandika bilih pakaryaning Panjenenganipun inggih punika, “nggoleki lan mitulungi rahayu marang wong kang katriwal” (Lukas 19:10), uga Panjenenganipun ngandika bilih pandamelipun karampungaken nalika Panjenenganipun seda wonten kajeng salib mawi tembung, “Wus rampung!” (Yokanan 19:30).
Gadah sesambetan ingkang sae kaliyan Gusti Allah kawiwitan sarana ngakeni dosa panjenengan. Lajeng sowan dhumateng Gusti Allah kanthi ngasoraken manah uga ngakeni dosa (Yesaya 57:15), netepaken manah nilaraken dosa. “Kalawan tutuk wong anggone ngakoni pracaya, sarta kapitulungan rahayu” (Rum 10:10).
Pamratobat punika kedah dipunsarengi kaliyan kapitadosan. Utaminipun, kanthi kapitadosan bilih pangurbanan sedanipun Gusti Yesus uga wungunipun ingkang ngeramaken punika, sampun samesthinipun Panjenenganipun dados Juru Wilujeng panjenengan. “Sebab, manawa sarana tutukmu kowe ngakoni yen Gusti Yesus iku Gusti, lan atimu pracaya yen Gusti Allah wus mungokake Panjenengane saka ing antarane wong mati, kowe bakal kapitulungan rahayu” (Rum 10:9). Kathah malih peranganipun Kitab Suci ingkang mucal babagan kabetahaning kapitadosan, kados dene Yokanan 20:27; Lelakone Para Rasul 16:31; Galati 2:16; 3:11, 26; sarta Efesus 2:8.
Kayektosan ing ngarsanipun Gusti Allah punika bab ingkang kedah dados tanggapan panjenengan ing atasipun punapa ingkang sampun katindakaken dening Gusti Allah tumrap panjenengan. Panjenenganipun maringi Juru Wilujeng, Panjenenganipun nyawisaken kurban supados ngrembat dosa kita (Yokanan 1:29), lan Panjenenganipun paring prajanji dhateng panjenengan, “Anadene saben wong kang nyebut asmane Pangeran iku bakal kepitulungan rahayu” (Lelakone Para Rasul 2:21).
Gegambaran ingkang endah babagan pamratobat uga pangapunten inggih punika pasemon bab lare ingkang royal (Lukas 15:11-32). Putra ingkang langkung enem ngawut-awut peparingipun bapakipun kanthi tumindak dosa ingkang ngisin-isinaken (ayat 13). Nalika piyambakipun ngrumaosi tumindakipun ingkang lepat, piyambakipun lajeng netepaken kangge wangsul dhateng griyanipun (ayat 18). Piyambakipun nerima bilih boten badhe nimbang-nimbang langkung dangu malih dados anak (ayat 19), nanging piyambakipun lepat. Bapakipun suka ing manah dene anakipun wangsul saking pambalelanipun (ayat 20). Sedaya lepat kaapunten, lan kawontenaken bujana (ayat 24).
Gusti Allah tansah netepi prajanjinipun, kalebet ugi prajanji paring pangapunten. “Manawa para wong mursid sesambat marang Pangeran Yehuwah, banjur dipiyarsakake, sarta padha diluwari saka ing sakehing rerubede” (Jabur 34:18).
Manawi panjenengan kepengin nampeni Gusti Yesus Kristus dados Juru Wilujeng panjenengan uga nampi pangapunten saking Gusti Allah, punika wonten pandonga ingkang supados panjenengan saged ndedonga.
Panjenengan kedah ngengeti bilih pandonga punika utawi pandonga sanesipun mboten bade damel wilujenging panjenengan. Namung kapitadosan wonten ing Kristus ingkang saged milujengaken panjenengan saking dosa.
Pandonga punika inggih namung satunggaling cara kangge mratelakaken kapitadosan panjenengan dhumateng Gusti lan pamatur nuwun tumprap kawilujengan peparingipun Gusti.
“Duh Gusti, kawula rumaos bilih kawula sampun tumindak dosa wonten ing ngarsa Paduka lan pantes nampi paukuman. Nanging Yesus Kristus sampun nanggel paukuman ingkang kedahipun kawula tanggel, saengga lumantar kapitadosan dhumateng Panjenenganipun kawula saged kaapunten. Kawula mratobat saking dosa kawula lan masrahaken kapitadosan kawula wonten ing Paduka supados kula wilujeng. Matur nuwun dene Paduka sampun maringi pangapunten lan kanugrahan saha sih rahmating gesang langgeng! Amin!”
Punapa sekawan angger-anggering karohanen punika?
besutSekawan Angger-anggering Karohanen inggih punika salah satunggaling cara ngrembag kabar kabingahan bab kawilujengan ingkang kasadiyakaken lumantar kapitadosan ing Gusti Yesus Kristus. Punika cara ingkang prasaja kangge ngrembag babagan ingkang wigati wonten ing salebeting Injil, ingkang dipunpratelakaken dados sekawan bab.
Ingkang kaping pisan saking Sekawan Angger-anggering Karohanen inggih punika, “Gusti Allah ngasihi panjenengan lan kagungan rancangan ingkang endah tumrap gesang panjenengan.”
Yokanan 3:16 mratelakaken dhumateng kita, “Awitdene Gusti Allah anggone ngasihi marang jagad iku nganti masrahake Kang Putra ontang-anting, supaya saben wong kang pracaya marang Panjenengane aja nganti nemu karusakan, nanging nduwenana urip langgeng.” Yokanan 10:10 maringi dedasar bab rawuhipun Gusti Yesus, “Aku iki teka supaya wedhus-wedhus padha duwea urip, kanthi kaluberan.” Punapa ingkang ngalang-alangi kita saking sihipun Gusti Allah? Punapa ingkang menggak kita saking gesang ingkang kaluberan?
Ingkang kaping kalih saking Sekawan Angger-anggering Karohanen inggih punika, “Manungsa punika karisak dening dosa lan awit saking punika kapisahaken saking Gusti Allah. Dene pituwasipun, kita boten saged mangertosi rancanganipun Gusti Allah kang endah tumrap urip kita.” Rum. 3:23 nerangaken bab punika, “Marga kabeh wong wus padha gawe dosa sarta koncatan ing kamulyaning Allah.” Rum. 6:23 maringi pitedah bab pituwasing dosa dhumateng kita makaten, “awit pituwase dosa iku pati.” Gusti Allah nitahaken kita supados kita nggadahi sesambetan kaliyan Panjenenganipun. Nanging, manungsa sampun nglampahi dosa wonten ing jagad punika, lan kapisahaken saking Gusti Allah. Kita sampun ngrisak sesambetan kaliyan Panjenenganipun, pramila punika Gusti Allah kepengin kita nggadhahi sesambetan ingkang sae malih. Kados pundi caranipun?
Ingkang kaping tiga saking Sekawan Angger-anggering Karohanen inggih punika, “Inggih namung Gusti Yesus punika katetepaning Gusti Allah tumrap dosa kita. Lumantar Gusti Yesus Kristus, kita saged nampi pangapuntening dosa kita lan sesambetan kita ingkang sae kaliyan Gusti Allah saged dipundandosi.” Rum. 5:8 nyariosaken dhumateng kita, “Nanging Gusti Allah wus ngatingalake sihe marang kita, awit Sang Kristus wus nglampahi seda kanggo kita, nalika kita isih padha kawengku ing dosa.” 1 Korinta 15:3-4 maringi pitedah dhumateng kita bab punapa kemawon ingkang kedah kita lampahi uga dipunpitadosi supados kawilujengaken, “…yaiku yen Sang Kristus wus nglampahi seda marga saka dosa-dosa kita, nyondhongi surasaning Kitab Suci, manawa Panjenengane wus kasarekake, sarta ing telung dinane wus kawungokake, cundhuk karo surasaning Kitab Suci...” Yesus piyambak ngandika bilih namung Panjenenganipun punika margining kawilujengan wonten Yokanan 14:6, “Aku iki dalane, sarta jatine kayekten lan kauripan. Ora ana wong siji-sijia kang bisa sowan marang Sang Rama, manawa ora metu ing Aku.” Kados pundi kita saged nampeni peparing rahmat kawilujengan ingkang endah punika?
Ingkang kaping sekawan saking Sekawan Angger-anggering Karohanen inggih punika, “Kita kedah masrahaken kapitadosan kita dhumateng Gusti Yesus Kristus kang jumeneng Juru Wilujeng supados kita nampi peparing kawilujengan lan mangertos rancangan endah saking Gusti Allah tumrap gesang kita.” Yokanan 1:12 nerangaken bab punika tumrap kita, “Nanging sapa bae kang nampani Panjenengane iku diparingi wewenang dadi para putraning Allah iya iku kang padha pracaya marang asmane…”. Lelakone Para Rasul 16:31 kanthi cetha nyuraosaken bab punika, “Kula aturi pitados dhateng Gusti Yesus Kristus, temah panjenengan badhe wilujeng, panjenengan dalah brayat panjenengan.” Kita saged kawilujengaken sarana sih-rahmat piyambak, mung lantaran pangandele wonten ing Gusti Yesus Kristus piyambak (Efesus 2;8-9).
Manawi panjenengan kepengin pitados ing Gusti Yesus Kristus ingkang dados Juru Wilujeng, panjenengan saged ngucapaken tembung ing ngandhap punika dhumateng Gusti Allah.
Ngucapaken tembung-tembung punika boten saged milujengaken, namung pitados dhumateng Sang Kristus piyambak ingkang saged milujengaken!
Pandonga punika namung satunggaling cara ingkang prasaja kangge matur dhumateng Gusti Allah menggahing kapitadosan wonten ing Panjenenganipun lan pamaturnuwun tumrap kawilujengan ingkang kacawisaken kangge kita.
“Duh Gusti, kawula rumaos bilih kawula sampun tumindak dosa wonten ing ngarsa Paduka lan pantes nampi paukuman. Nanging Yesus Kristus sampun nanggel paukuman ingkang kedahipun kawula tanggel, saengga lumantar kapitadosan dhumateng Panjenenganipun kawula saged kaapunten. Kawula mratobat saking dosa kawula lan masrahaken kapitadosan kawula wonten ing Paduka supados kula wilujeng. Matur nuwun dene Paduka sampun maringi pangapunten lan kanugrahan saha sih rahmating gesang langgeng! Amin!”
Kado pundi kawula mangertos kanthi leres bilih kawula badhe lumebet wonten ing kratoning swarga manawi kawula pejah?
besutPunapa panjenengan saestu mangertos bilih panjenengan kagungan gesang langgeng lan bilih panjenengan badhe lumebet ing Swarga manawi panjenengan pejah? Gusti Allah kepengin panjenengan ngendel! Kitab Suci nyuraosaken: “Anggonku nulis prakara iki mau kabeh marang kowe iku, supaya kowe kang padha pracaya marang asmane Putraning Allah padha sumurupa, yen kowe kabeh iku padha nduweni urip langgeng” (1 Yokanan 5:13). Saumpama panjenengan ngadeg sacelakipun Gusti Allah sapunika lan Panjenenganipun ndangu panjenengan, “Ana apa dene Aku marengake kowe lumebu ing Kratoning Swarga?” Panjenengan badhe matur punapa? Menawi panjenengan boten mangertos badhe atur wangsulan punapa, punapa ingkang panjenengan perlu mangertos inggih punika bilih Gusti Allah ngasihi kita lan sampun nyawisaken margi ingkang saged kita mangertosi kanthi saestu ing pundi kita badhe nglampahi kalanggengan. Kitab Suci nelakaken margi punika: “Awitdene Gusti Allah anggone ngasihi marang jagad iku nganti masrahake Kang Putra ontang-anting, supaya saben wong kang pracaya marang Panjenengane aja nganti nemu karusakan, nanging nduwenana urip langgeng” (Yokanan 3:16).
Ingkang kapisan kita kedah mangertos bab ingkang nahan kita lumebet wonten ing Kratoning Swarga. Sababipun inggih punika sipating dosa kita ingkang ngalang-alangi sesambetan kita kaliyan Gusti Allah. Kita punika tiyang dosa karana sipat lan karana pilihan. “Marga kabeh wong wus padha gawe dosa sarta koncatan ing kamulyaning Allah” (Rum 3:23). Kita boten saged milujengaken diri kita piyambak. “Sabab anggonmu padha kapitulungan rahayu iki saka sih-rahmat marga pracaya; lan iku dudu wohing pambudidayamu, nanging peparinge Gusti Allah, iku dudu wohing panggawemu: aja ana wong kang gumunggung” (Efesus 2:8-9). Kita pantes pejah lan kacemplungaken ing neraka. “Awit pituwase dosa iku pati” (Rum 6:23).
Gusti Allah punika suci, namung Panjenenganipun uga kedah ngukum dosa. Ananging Panjenenganipun ngasihi kita sedaya uga paring pangapunten tumrap dosa kita. Pangandikane Gusti Yesus: “Aku iki dalane sarta jatine kayekten lan kauripan. Ora ana wing siji-sijia kang bisa sowan marang Sang Rama, manawa ora metu ing Aku” (Yokanan 14:6). Gusti Yesus seda ing kajeng salib karana kita: “Sabab Gusti Yesus Kristus uga wus nglampahi seda sapisan marga dosa kita kabeh, Panjenengane kang tanpa kaluputan kanggo wong-wong kang kaluputan, supaya kita padha bisa kasowanake marang ing ngarsane Allah: Panjenengane kasedanan mungguh ing kadagingan, nanging kagesangake mungguh ing Roh” (1 Petrus 3:18). Gusti Yesus sampun kawungokaken saking sedanipun: “Yaiku Gusti Yesus kang wus kaulungake awit saka panerak kita, sarta kawungokake awit saka anggon kita padha kabenerake” (Rum 4:25).
Mila, wangsul malih dhateng pitaken wiwitan, “kados pundi kawula saestu mangertos bilih kula badhe lumebet wonten ing kratoning swarga nalika kula pejah?” Wangsulanipun kados makaten, “pitados ing Gusti Yesus Kristus lan panjenengan badhe wilujeng” (Lelakune Para Rasul 16:31). “Nanging sapa bae kang nampani Panjenengane iku diparingi wewenang dadi para putraning Allah iya iku kang padha pracaya marang asmane” (Yokanan 1:12). Panjenengan saged nampi gesang langgeng kadosdene sih-rahmat. “balik sih-peparinge Gusti Allah iku gesang langgeng ana ing Sang Kristus Yesus, Gusti kita” (Rum 6:23). Panjenengan saged nglampahi gesang ingkang migunani. Gusti Yesus ngandika: “Aku iki teka supaya wedhus-wedhus padha duwea urip kanthi kaluberan” (Yokanan 10:10). Panjenengan saged nglampahi kalanggengan wonten ing Swarga kaliyan Gusti Yesus, karana Panjenenganipun sampun janji: “Dene manawa Aku wus mrana lan wus nyawisake papan kanggo kowe, tumuli Aku bakal bali lan ngajak kowe menyang ing papan padunungan-Ku, supaya ing ngendi padunungan-Ku, kowe iya padha ana ing kono uga” (Yokanan 14:3).
Menawi panjenengan kersa nampi Yesus Kristus dados Juruwilujeng panjenengan, uga nampeni pangapuntening Gusti, punika wonten satunggaling conto pandonga.
Panjenengan kedah ngengeti bilih pandonga punika utawi pandonga sanesipun mboten bade damel wilujenging panjenengan. Namung kapitadosan wonten ing Kristus ingkang saged milujengaken panjenengan saking dosa.
Pandonga punika inggih namung satunggaling cara kangge mratelakaken kapitadosan panjenengan dhumateng Gusti lan pamatur nuwun tumprap kawilujengan peparingipun Gusti.
“Duh Gusti, kawula rumaos bilih kawula sampun tumindak dosa wonten ing ngarsa Paduka lan pantes nampi paukuman. Nanging Yesus Kristus sampun nanggel paukuman ingkang kedahipun kawula tanggel, saengga lumantar kapitadosan dhumateng Panjenenganipun kawula saged kaapunten. Kawula mratobat saking dosa kawula lan masrahaken kapitadosan kawula wonten ing Paduka supados kula wilujeng. Matur nuwun dene Paduka sampun maringi pangapunten lan kanugrahan saha sih rahmating gesang langgeng! Amin!”
Kawula nembe kemawon pracaya umatheng Gusti Yesus... kados pundi kalajengipun?
besutSugeng rahayu! Panjenengan sampun damel satunggaling pancasan ingkang ngewahi gesang panjenangan! Mbok menawi panjenengan gadhah pitaken, “Kados pundi saklajengipun? Kados pundi anggen kawula miwiti lelampahan kawula kaliyan Gusti?” Wonten gangsal langkah ingkang kajlentrehaken ing ngandap punika ingkang kaparingaken dhumateng panjenengan, langsung saking Kitab Suci. Menawi panjenengan gadah pitaken wonten ing lelampahan panjenengan, mugi panjenengan kersa nuweni dhateng situs Got Questions wonten ing alamat punika: https://www.gotquestions.org/Jawi.
1. Panjengengan kedah pitados, bilih panjenengan saestu mangertos babagan kawilujengan
1 Yokanan 5:13 nyariosaken dhumateng kita, “Anggonku nulis prakara iki mau kabeh marang kowe iku, supaya kowe kang padha pracaya marang asmane Putraning Allah padha sumurupa, yen kowe kabeh iku padha nduweni urip langgeng”. Gusti Allah ngersakaken kita mangertos bab kawilujengan uga ngersakaken kita gadhah kapitadosan tumrap pangertosan ingkang mitadosaken, bilih kita punika sampun kawilujengaken dening Gusti. Cekakipun, sumangga kita sami ningali babagan ingkang pokok saking kawilujengan:
(a) Kita sedaya sampun nglampahi dosa. Kita sedaya sampun nindakaken samukawis ingkang boten ngremenaken Gusti (Rum 3:23).
(b) Amargi dosa kita, kita pantes kaukum uga dipunbucal, kapisahaken saking Gusti (Rum 6:23).
(c) Gusti Yesus seda wonten ing kajeng salib dumados tebusan kangge dosa kita (Rum 5:8; 2 Korinta 5:21). Gusti Yesus seda nggantosi kita sedaya, nanggel paukuman ingkang pantes kangge kita. Wungunipun mbuktekaken bilih sedanipun Gusti Yesus punika cekap sanget kangge ngruwat dosa kita sedaya.
(d) Gusti Allah maringi pangapunten uga kawilujengan dhumateng sadaya tiyang ingkang masrahaken kapitadosanipun wonten ing Yesus -- pitados bilih sedanipun Yesus kangge ngruwat dosa kita (Yokanan 3:16; Rum 5:1; Rum 8:1).
Punika pawarta bab kawilujengan! Menawi panjenengan masrahaken kapitadosan wonten ing Gusti Yesus Kristus ingkang dados Juru Wilujengipun panjenengan, panjenengan kawilujengaken! Sedaya dosa panjenengan kaapunten, janjinipun Gusti punika Penjenengane boten nate nilaraken panjenengan utawi nyupekaken panjenengan (Rum 8:38-39; Mateus 28:20). Panjenengan kedah ngengeti bilih kawilujengan panjenengan aman wonten ing Gusti Yesus Kristus (Yokanan 10: 28-29). Menawi panjenengan pitados bilih Gusti Yesus punika Juru Wilujengipun panjenengan, pramila panjenengan saged pikantuk teteping manah bilih panjenengan badhe sesarengan kaliyan Gusti wonten kalanggengan wonten ing kratoning swarga!
2. Ngupados Gereja ingkang sagah mucalaken bab Kitab Suci
Panjenengan kedah mangertosi bilih Gereja punika boten namung satungaling panggenan utawi gedhung, nanging ingkang kasebat Gereja inggih punika tiyang-tiyangipun piyambak. Penting sanget bilih tiyang ingkang pitados dhumateng Gusti Yesus Kristus punika sesrawungan satunggal marang satunggalipun. Bab punika salah satunggaling tujuan utami Gereja. Sapunika menawi panjenengan masrahaken kapitadosan wonten ing Gusti Yesus Kristus, kita saestu kasurung manggih satunggaling Gereja ingkang pitados dhumateng Kitab Suci ing sacelaking panjenengan uga ngandika kaliyan panditanipun. Supados piyambakipun sumerep bilih panjenengan punika nembe kemawon pitados dhumateng Gusti Yesus Kristus.
Tujuan ingkang kaping kalih saking Gereja inggih punika mucalaken bab Kitab Suci. Panjenengan saged sinau kados pundi migunakaken pepakening Gusti Allah wonten ing gesangipun panjenengan. Kitab Suci punika ngawrat werdining gesang Kristen ingkang rahayu miwah santoso. 2 Timoteus 3:16-17 nyariosaken, “Sakehing tulisan kang diwangsitake dening Gusti Allah iku pancen migunani kanggo memulang, kanggo melehake, kanggo mbangun wewatekan tuwin kanggo nggulawenthah ing sajroning kayekten. Marga saka mangkono saben wong kagungane Gusti Allah iku disamektani kanggo nindakake samubarang kang becik.”
Tujuan ingkang kaping tiga saking Gereja inggih punika pangibadah. Pangibadah punika wujuding pamaturnuwun dhumateng Gusti Allah tumrap sedaya ingkang sampun katindakaken dening Gusti! Gusti sampun milujengaken kita. Gusti nresnani kita sedaya. Gusti nyawisaken Saliranipun kangge kita sedaya. Gusti nuntun uga mimpin kita. Kados pundi dene kita boten ngaturaken panuwun dhumateng Panjenenganipun? Gusti Allah punika suci, adil, maha asih, maha mirah, uga kebak ing sih rahmat. Wahyu 4:11 nyariosaken, “Duh Pangeran saha Gusti Allah kawula, Paduka ingkang sayogya tampi pamuji sarta kaurmatan sarta panguwaos, amargi Paduka sampun nitahaken samukawis, sarta amargi saking karsa Paduka, samukawis punika wonten lan dumados.”
3. Cawisaken wekdal saben dinten sumaos ing Gusti Allah
Migunani sanget tumrap kita nyawisaken wekdal saben dinten sumaos ing ngarsanipun Gusti Allah. Sawenehing tiyang nyebat “wekdal hening”. Sanesipun nyebataken “kewajiban” amargi punika satunggaling wekdal kita nyawisaken diri kita namung tumuju dhumateng Gusti. Sawetawis tiyang langkung remen nyawisaken wekdal ing wanci enjing, dene sawetawis tiyang langkung remen ing wanci sonten. Punika boten dados prakawis, wanci punapa kemawon panjenengan nyebataken wekdal punika utawi kala punapa panjenengan nindakaken. Prakawisipun inggih punika bilih panjenengan sacara tetep nyawisaken wekdal kagem Gusti. Kawontenan ingkang kados pundi ingkang damel kita nyawisaken wekdal kagem Gusti?
(a) Pandonga. Pandonga punika sarana ingkang prasaja matur dhumateng Gusti. Matur dhumateng Gusti bab kaprihatinan uga peperangan batin panjenengan. Nyenyuwun supados Gusti paring kawicaksanan lan panuntun dhumateng panjenengan. Nyenyuwun supados Gusti kersa nyekapi kabetahan panjenengan. Matur dhumateng Gusti sapinten agenging panjenengan ngasihi Panjenenganipun lan sapinten agenging pangurmatan panjenengan ing atasipun sedaya ingkang sampun Panjenenganipun tindakaken tumrap panjenengan. Punika sedaya prakawis isining pandonga.
(b) Maos Kitab Suci. Kajawi nampi piwucal bab Kitab Suci wonten ing Gereja, Sekolah Minggu, lan/utawi pasinaon Kitab Suci, panjenengan perlu maos Kitab Suci piyambak. Kitab Suci gadah samukawis ingkang panjenengan betahaken kangge seserepan supados rahayu ing gesang kakristenan. Kitab Suci ngandung panuntuning Gusti Allah babagan kados pundi mendhet pancasan ingkang wicaksana, kados pundi nyumurupi kersaning Gusti, kados pundi ngladosi sesami, lan kados pundi ngindakaken sacara karohanen. Kitab Suci punika Sabdanipun Gusti tumrap kita. Kitab Suci punika saestunipun buku piwucaling Gusti Allah babagan kados pundi kita gesang ngremenaken Panjenenganipun lan ndadosaken kabingahan tumraping tiyang pitados.
4. Mbangun sesambetan kaliyan sesami ingkang saged nulungi karohanen panjenengan
1 Korinta 15:33 nyariosaken dhumateng kita, “Kowe aja padha kesasar: Sesrawungan kang ala iku ngrusak padatan kang becik.” Kitab Suci punika kebak ing pepenget babagan pangaribawa awon ingkang saged katularaken sesami dhumateng kita. Nelasaken wekdal kaliyan tiyang ingkang tumindak dosa bade murugaken kita kagoda nindakaken padamelan dosa ugi. Sipat makaten ingkang wonten ing sacelak kita badhe “nular” saking kita. Punika marginipun wigati sanget kunjuk kita sedaya katur lempak kaliyan sesami ingkang ngasihi Allah uga gadhah komitmen inggil dumatheng Panjenengane.
Sumangga panjenengan manggihi satunggal punapa kalih tiyang, mbok menawi saking Gereja panjenengan, ingkang saged nulungi panjenengan uga ngagengaken manah panjenengan (Ibrani 3:13; 10:24). Nyuwun supados rencang panjenengan ngurmati lan njaga tanggungjawab ing “wekdal hening” panjenengan, paladosan panjenengan, uga lampahipun panjenengan kaliyan Gusti. Panjenengan saged tanglet menawi panjenengan ugi saged nindakaken bab ingkang sami dhumateng rencang-rencang panjenengan. Tegesipun boten kok lajeng panjenengan kedah ngladosi sedaya rencangpanjenengan ingkang boten/dereng tepang bilih Gusti Yesus punika Juru Wilujengipun. Sumangga lajengaken sesrawungan lan ngasihi rencang wau.
Sumangga panjenengan nyariosaken dumatheng prakanca wau bilih sakmenika Gusti Yesus sampun ngewahi gesang panjenengan uga gesangipun panjenengan sakmenika sampun sanes gesang ingkang kala rumiyin. Panjenengan saged nyenyuwun dhumateng Gusti supados maringi wekdal tumrap rencang panjenengan supados piyambakipun saged katepangaken kaliyan Gusti Yesus.
5. Kabaptis
Kathah tiyang nggadhahi pamanggih ingkang klentu tumprap baptis. Tembung “baptis” artosipun kacemplungaken ing njero toya. Baptis punika nelakaken ing ngajeng tiyang kathah sacara Kitab Suci, kapitadosan enggal panjenengan wonten ing Sang Kristus uga prasetya panjenengan nderek Panjenenganipun. Padamelan nyemplungaken ing njero toya nggambaraken kakuburaken sesarengan kaliyan Sang Kristus. Padamelan ngentasaken saking toya gambaran wungunipun Kristus. Kabaptis punika nepangaken panjenengan kaliyan sedanipun Gusti Yesus, kakubur, uga wungu malih (Rum 6:3-4).
Baptis boten milujengaken panjenengan. Baptis boten ngruwat dosa penjenengan. Baptis punika satunggaling langkah mituhu ingkang prasaja/gampil nelakaken ing ngajenging tiyang kathah kapitadosan panjenengan dumatheng Sang Kristus piyambak tumrap kawilujengan. Baptis punika penting amargi nelakaken pamituhu -- nerangaken ing ngajenging tiyang kathah kapitadosan wonten ing Sang Kristus uga prasetya panjenengan dhumateng Panjenenganipun. Menawi panjenengan sumadiya kabaptis, panjenengan kedah matur dhateng pandita.
Pitaken ingkang wigatos sanget
besutSinten ta Yesus Kristus punika?
besutBenten kaliyan pitaken, “Punapa Gusti Punika Wonten?”, sakedhik sanget tiyang ingkang mratelakaken pitaken punika. Sacara umum, tiyang kathah nampi bilih Yesus saestu satunggaling manungsa ingkang nglampahi gesang wonten ing Israel 2000an tahun kapengker. Wicantenan punika kawiwitan nalika tiyang sami ngrembag babagan jati-dirinipun Gusti Yesus. Meh saben agami mucal bilih Yesus punika satunggaling nabi, utawi guru ingkang pinter, utawi satunggaling tiyang ingkang saleh. Prakawisipun, Kitab Suci nyuraosaken dhateng kita bilih Yesus punika langkung katimbang nabi, guru ingkang pinter, utawi tiyang ingkang saleh.
C.S. Lewis nyerat wonten ing bukunipun Mere Christianity, “Wonten ing mriki kula nyobi ngalang-alangi sok sintena saking pangucap bab ingkang saestu bodho bilih tiyang asring ngucapaken bab Panjenenganipun [Yesus Kristus]: “Kula wantun nampeni Yesus dados guruning kasusilan, nanging kula boten saged nampi panegesanipun bilih Panjenenganipun punika Gusti Allah.” Menawi satunggaling tiyang (manungsa biasa) nyariosaken babagan warna-warni ingkang dipungendikakaken dening Gusti Yesus, tiyang punika mboten saged dados guru kasusilan ingkang agung. Piyambakipun sok edan –ingkang sami kemawon kaliyan tiyang ingkang cariyos bilih piyambak-ipun punika tigan ingkang kagodog, utawi sanesipun piyambakipun inggih iblising neraka. Panjenengan kedah milih. Punapa Panjenenganipun inggih Sang Putranipun Gusti Allah, tiyang edan, utawi ingkang langkung awon... Panjenengan saged nutup kuping, ngganggep Panjenenganipun tiyang bodho, ngidoni Panjenenganipun lan mejahi karana nganggep Panjenenganipun iblis; utawi panjenengan saged sujud lan ngakeni Panjenenganipun punika Gusti. Ananging sumangga kita boten sami mendhet pancasan punapa kemawon kanthi panyengkuyung ingkang sajatosipun namung kosong, babagan Panjenenganipun punika satunggaling guru manungsa ingkang agung.”
Piyambakipun boten nyukani pilihan punika tumrap kita. Piyambakipun boten gadhah tujuan kados makaten.
Lajeng, sinten Gusti Yesus punika? Punapa ingkang dipun ngendikakaken dening Kitab Suci?
Ingkang kapisan, sumangga kita sami nyimak pangandikanipun Gusti Yesus ing Yokanan 10:30, “Aku lan Sang Rama iku siji.” Punika katingalipun kados boten mratelakaken bilih Panjenenganipun Gusti Allah. Ewa semanten, sumangga mirsani tanggapanipun tiyang Yahudi tumrap pangandikanipun Gusti Yesus punika, “Anggonku arep mbenturi Kowe iku ora marga panggawe kang utama, nanging marga anggonMu nyenyamah marang Gusti Allah, iya iku amarga Kowe iku manungsa kok madhakake awakMu karo Gusti Allah” (Yokanan 10:33). Tiyang Yahudi mangertosi pangandikanipun Yesus ingkang mratelakaken bilih Panjenenganipun punika Gusti Allah. Wonten ing ayat salajengipun Yesus boten nate ngleresaken utawi nyangkal punapa ingkang dipun cariyosaken dening tiyang Yahudi, “Aku ora nerangake manawa Aku iki Allah.” Punika nedahaken bilih Yesus saestu ngandika Panjenenganipun punika Gusti Allah sarana katerangan, “Aku lan Sang Rama iku siji” (Yokanan 10:30). Yokanan 8:58 maringi satunggaling conto sanesipun.
Paring wangsulane Gusti Yesus: “Satemen-temene pituturKu marang kowe: Sadurunge Rama Abraham dumadi, Aku wus ana!” Ing kono wong-wong banjur padha njupuki watu, arep mbenturi Panjenengane; nanging Panjenengane ngoncati, sarta nilar Padaleman Suci (Yokanan 8:59). Yesus mratelakaken jatidhirinipun kanthi “Aku iki” ingkang kapatrapaken saking Prajanjian Lawas ingkang nyebutaken Gusti Allah (Pangentasan 3:14). Kenging punapa tiyang Yahudi badhe sami mbenturi Gusti Yesus kaliyan watu manawi Panjenenganipun boten ngandika babagan ingkang dipun pitadosi dening tiyang Yahudi nyenyamah, nyamekaken, mratelakaken bilih Panjenenganipun punika Gusti Allah?
Yokanan 1:1 nyariosaken makaten, “Sang Sabda iku Gusti Allah.” Yokanan 1:14 nyariosaken bilih “Sang Sabda wus dadi daging.” Ayat-ayat punika mratelakaken kanthi cetha bilih Gusti Yesus punika Gusti ingkang manjilma manungsa. Tomas, sakabatipun ngaturi Gusti Yesus, “Gusti sarta Allah kawula” (Yokanan 20:28). Yesus boten ngleresaken piyambakipun. Rasul Paul mratelakaken Panjenenganipun makaten, “.... Allah kang Mahaagung sarta Pamarta kita Gusti Yesus Kristus” (Titus 2:13). Rasul Petrus nyuraosaken ingkang sami, “..Gusti Allah sarta Pamarta kita Gusti Yesus Kristus” (2 Petrus 1:1). Gusti Allah Sang Rama ugi nyeksekaken bab jatining Sariranipun Gusti Yesus, “Nanging tumrap Sang Putra Panjenengane ngandika: “Dhuh, Allah, dhampar Paduka punika langgeng salaminipun, lantaran kaprabon Paduka punika lantaraning kaleresan.”” Prajanjian Lawas mratelakaken bab kaalahane Sang Kristus, “Amarga ana bayi kang wus miyos kanggo kita ana putra kang wus kaparingake marang kita, lambanging pamrentahan ana ing pamidhangane, lan asmane sinebut: Penasehat Elok, Gusti Allah kang prakosa, Rama kang Langgeng, Ratuning Katentreman.”
C.S. Lewis nyeksekaken bilih pitados dene Gusti Yesus punika guru ingkang sae sanes pilihan. Yesus saestu lan boten saged dipun sangkal malih bilih Panjenenganipun punika Gusti Allah. Manawi Panjenenganipun punika sanes Gusti Allah, mila Panjenenganipun punika ngapusi, makaten ugi sanes nabi, guru ingkang sae, utawi tiyang ingkang saleh. Ing salebeting nyobi mratelakaken pangandikanipun Gusti Yesus, para sarjana jaman samangke mastani kayektosan bab sejarahipun Yesus boten kathah ingkang nyariosaken bab-bab sipatipun Gusti Yesus ing Kitab Suci. Sinten ta kita punika dene bebantahan kaliyan Sabdaning Gusti Allah bab punapa ingkang kapangandikakaken punapa boten dening Gusti Yesus? Kados pundi sarjana ingkang jarakipun kalihewu tahun saking Gusti Yesus gadhah pangerten ingkang langkung sae ngantos dumugi punapa ingkang kapangandikakaken lan boten kapangandikakaken dening Yesus tinimbang tiyang ingkang gesang, ngladosi, lan dipun wucal dening Yesus piyambak (Yokanan 14:26)?
Kenging punapa pitaken bab kayektosan jatining Sariranipun Gusti Yesus wigatos sanget? Kenging punapa dene bab punapa Yesus punika Gusti Allah dados kawigatosan dhumateng kathah tiyang? Alesan ingkang paling wigati bilih Yesus kedah dados Gusti Allah inggih punika manawi Panjenenganipun sanes Gusti Allah, sedanipun boten badhe saged ngluwari dosaning jagad (1 Yokanan 2:2). Namung Gusti Allah ingkang saged ngluwari paukuman tanpa wates (Rum 5:8; 2 Korinta 5:21). Yesus kedah dados Gusti Allah supados Panjenenganipun saged nglunasi utang kita. Yesus kedah dados manungsa supados Panjenenganipun saged seda. Karahayon kacawisaken namun langkung pitados ing Gusti Yesus Kristus! Sipat kaalahanipun Gusti Yesus inggih punika bilih namung Panjenenganipun punika margining karahayon. Sipat kaalahanipun Gusti Yesus inggih punika bilih Panjenenganipun ngandika, “Aku ini dalane sarta jatine kayekten lan kauripan. Ora ana wong siji-sijia kang bisa sowan marang Sang Rama, manawa ora metu ing Aku” (Yokanan 14:6).
Punapa Gusti Allah punika wonten? Punapa wonten buktinipun bab wontenipun Gusti Allah?
besutKawontenanipun Gusti boten saged dipunbuktikaken. Kitab Suci mulang bilih kita sedaya kedah nampi fakta kawontenanipun Gusti kanthi pracaya, “Nanging manawa tanpa pracaya mokal yen ndadekake keparenging Allah. Jalaran sing sapa sowan marang ngarsane Gusti Allah iku kudu pracaya manawa Gusti Allah iku ana, sarta maringi ganjaran marang wong kang padha temen-temen ngupaya marang Panjenengane” (Ibrani 11:6). Manawi Gusti Allah ngersakaken, Panjenenganipun saged miyos kanthi gampil sarta mbuktekaken dhateng salumahing jagad bilih Panjenenganipun saestu wonten. Nanging manawi makaten, kapitadosan punika boten badhe kabetahaken malih. “Pangandilane Gusti Yesus: ‘Amarga kowe wus ndeleng Aku, temah kowe kumandel. Rahayu wong kang padha ora ndeleng nanging kumandel’” (Yokanan 20:29).
Nanging, bab punika boten ateges, menawi boten wonten bukti babagan kawontenanipun Gusti. Kitab Suci nyariosaken, “Langit nyaritakake kamulyaning Allah, sarta akasa mratelakake yeyasaning astane; rina ngluberake pawarta iku ganti-gumanti, lan wayah bengi medharake kawruh ganti-gumanti. Ora ana pawarta lan ora ana tembung, ora keprungu swarane” (Jabur 19:1-4). Sumangga panjenengan mirsani lintang-lintang, mangertosi bab jembaring jaga punika, ngamat-amati endahing jagad, ningali endahing suruping surya -- sedaya punika mratelakaken kawontenanipun Gusti Kang Nitahake. Manawi punika dereng cekap, ugi cetha wontenipun Gusti Allah ing salebeting manah kita piyambak. Kohelet 3:11 nyariosaken dhateng kita, "... malah atine padha kaparingan kalanggengan..." Ing diri kita piyambak wonten pengaken wontenipun samubarang ingkang nglangkungi gesang uga pribadi ingkang nglangkungi jagad punika. Kita saged mbantah seserepan punika kanthi intelektual, nanging kawontenanipun Gusti wonten ing nglebet lan sakiwa-tengen kita, langkung cetha. Senadyan makoten, Kitab Suci mulang bilih taksih badhe wonten tiyang ingkang mbantah kawontenanipun Gusti Allah: “wong punggung mosik ing sajroning atine, ‘ora ana Allah’.” (Jabur 14: 1). Awit mayoritas tiyang ing saindenging sajarah, ing sedaya kabudhayan, uga ing saindengin donya pitados dhateng kawontenanipun Gusti Allah, sakmesthinipun wonten samubarang ingkang nyebabaken kapitadosan punika.
Kajawi pamanah alkitabiah babagan kewontenanipun Gusti, wonten pamanah logis. Kaping pisan, pamanah ontologis (yektos) babagan filsafat kawontenan lan kasunyatan ingkang kedah ditimbang. Wujud paling umum saking pamanah ontologis punika ngginakaken konsep Gusti kangge mbuktikaken kewontenanipun Gusti. Punika dipurwakani kaliyan pangertosan bilih Gusti punika “pribadi ingkang paling ageng ingkang boten wonten tandinganipun." Lajeng dipunginemaken menawi kawontenan punika langkung ageng tinimbang boten wonten, pramila pribadi ingkang paling ageng punika kedah wonten. Menawi Gusti boten wonten, mila Gusti boten badhe dados pribadi paling ageng ingkang sanguh dipunbayanganken, uga punika badhe nglawan kaliyan definisi Gusti.
Ingkang kaping kalih inggih punika pamanah teleologis, inggih punika piwucal babagan sipatipun samubarang miturut tujuan utawi titahipun. Pamanah teleologis nyariosaken bilih jagad punika saking wiwitanipun ngatingalaken satunggaling rancangan ingkang endah pramila mesthi wonten satunggaling Perancang ingkang ilahi. Contonipun, manawi bumi punika langkung celak utawi langkung tebih saking srengenge, punika boten badhe saged nyanggi kathahipun gesanging kados dene sakmenika. Manawi kawontenan ing atmosfir punika benten sakedhik kemawon, pramila meh sedaya mahluk ingkang gesang wonten ing jagad punika badhe nemu ing pati. Kira-kira saking molekul protein tunggal kabentuk sacara acak inggih punika 1:10243 (punika 1 dipun kantheni dening 243 angka ‘nol’). Setunggaling sel tunggal punika awujud saking mayuta-yuta molekul protein.
Pamanah ingkang kaping telu tumrap wontenipun Gusti inggih punika kasebat pamanah kosmologis. Saben pituwas mesthi wonten sebabipun. Pramila kedah wonten sebab ingkang ngasilaken kawontenaning samubarang punika. Inggih kedah wontening faktor ingkang “tanpa-sebab”, inggih ingkang ngasilaken samubarang kalawau. Bab ingkang “tanpa-sebab” inggih punika Gusti Allah.
Pamanah ingkang kaping sekawan inggih punika pamanah kasusilan. Saben kabudayan nglangkungi sejarah nggadhahi bentuki hukum piyambak-piyambak. Saben tiyang gadhah pangraos bab leres lan lepat. Mejahi, ngapusi, nyolong, sarta tumindak tanpa kasusilan sacara umum badhe dipunsingkiri. Saking pundi pangraos leres lan lepat punika manawi boten saking Gusti ingkang Maha Suci?
Kitab Suci ugi nyariosaken dhumateng kita sedaya menawi manungsa badhe mbucal seserepan bab Gusti Allah ingkang boten saged kaselaki lan malah nglironi kayektosipun Gusti kalawan barang pulasa. Rum 1:25 mratelakaken, “Awitdene iya padha nglironi kayektene Gusti Allah kalawan barang pulasan, padha ngluhurake sarta ngabekti marang pepadhanging tumitah, nglalekaken marang kang nitahake, kang mesthine padha pinuji puji ing salawas-lawase. Amin.” Kitab suci ugi mratelakaken bilih manungsa boten gadhah dasar anggenipun boten pitados ing Gusti, “Awitdene kang ora katingal ana ing Gusti Allah, iya iku kakiyatane kang langgeng lan kaallahane, iku wiwit dumadine jagad bisa kasumurupan saka ing pakaryane, satemah wong-wong padha ora bisa diarani tanpa kaluputan” (Rum 1:20).
Manungsa ngugemi bilih panjenenganipun boten pitados ing Gusti Allah amargi “boten ilmiah” utawi “amargi boten wonten buktinipun.” Naning ingkang leres nalika manungsa ngakeni kawontenaning Gusti, piyambakipun inggih kedah ngakeni bilih piyambakipun gadhah tanggung jawab dhumateng Gusti Allah lan mbetahaken pangapuntenan saking Gusti Allah (Rum 3:23; 6:23). Manawi Gusti Allah punika wonten, lajeng kita kedah maringi tanggung jawab dhumateng samubarang ingkang sampun kita tindakaken dhumateng Panjenenganipun. Manawi Gusti Allah boten wonten, lajeng kita saged tumindak punapa kemawon ingkang kita kepengini tanpa kuwatos bab paukumaning Gusti Allah dhumateng kita. Pramila kathah ingkang boten pitados bilih Gusti punika wonten, nyepeng pamanah evolusi natural, amargi pamanah punikanyukani manungsa pilihan bab kapitadosan tumrap Gusti Allah ingkang nitahaken samubarang. Gusti Allah wonten lan wekasanipun sadaya tiyang sumerep bilih Panjenenganipun punika wonten. Kasunyatanipun bilih sawetawis tiyang ingkang nyelaki wontenipun Gusti Allah punika saleresipun arupi satunggaling tanggapan tumrap wontenipun Gusti Allah.
Keparenga kula ngaturi satunggal tanggapan ingkang pungkasan tumrap wontenipun Gusti Allah. Kados pundi kita sumerep bilih Gusti Allah punika wonten? Kita sumerep bilih Gusti Allah punika wonten awit kita matur dhumateng Panjenenganipun saben dinten. Kita boten mirengaken suwantenipun Gusti paring wangsulan dhateng kita, nanging kita saged ngraosaken peparingipun, kita ngraosaken panuntunipun, kita ngraosaken sihipun Gusti dhumateng kita, kita kepengin pikantuk panglipuranipun. Bab-bab ingkang sampun kelampahan ing gesang kita boten badhe pikantuk katerangan sanes kajawi saking Gusti Allah. Gusti Allah sampun sacara endah sanget anggenipun paring karahayon lan nulungi gesang kita satemah kita namung saged ngakeni lan memuji kawontenanipung Gusti. Boten wonten satunggal pamanah punika ingkang saged ngunjuk-unjuki manungsa ingkang boten ngakeni samubarang ingkang sampun cetha. Pungkasanipun, wontenipun Gusti Allah kedah katampi sarana kapitadosan (Ibrani 11:6). Kapitadosan ing Gusti punika sanes untung-untungan ingkang ngawur, nanging punika inggih minangka langkah ingkang aman kangge mlebet dhumateng panggenan ingkang terang, ing pundi kathah tiyang sampun makempal.
Punapa Yesus punika Gusti Allah? Punapa Yesus nate nelakaken bilih Panjenenganipun punika Gusti Allah?
besutKitab Suci boten nyerat bilih Yesus kanthi cetha ngendika, “Aku iki Gusti.” Ananing punika boten ateges Gusti Yesus boten nerangaken bilih Panjenenganipun punika Gusti Allah, Sang Yehuwah. Kita saged maos wonten ing Yokanan 10:30, “Aku lan Sang Rama iku siji.” Pratelan punika katingalipun kados boten nerangaken bilih Panjenenganipun Gusti Allah. Ewa semanten, sumangga kita mirsani tanggapanipun tiyang Yahudi tumrap pangandikanipun Gusti Yesus punika, “Anggonku arep mbenturi Kowe iku ora marga panggawe kang utama, nanging marga anggonMu nyenyamah marang Gusti Allah, iya iku amarga Kowe iku manungsa kok madhakake awakMu karo Gusti Allah” (Yokanan 10:33). Tiyang Yahudi mangertosi pangandikanipun Yesus ingkang nerangaken bilih Panjenenganipun punika Gusti Allah. Wonten ing ayat salajengipun Yesus boten nate ngleresaken utawi nyangkal punapa ingkang dipun cariyosaken dening tiyang Yahudi, “Aku ora nerangake manawa Aku iki Allah.” Punika nedahaken bilih Yesus saestu ngandika Panjenenganipun punika Gusti Allah sarana katerangan, “Aku lan Sang Rama iku siji” (Yokanan 10:30). Yokanan 8:58 maringi satunggaling conto sanesipun.
Paring wangsulane Gusti Yesus: “Satemen-temene pituturKu marang kowe: Sadurunge Rama Abraham dumadi, Aku wus ana!” Ing kono wong-wong banjur padha njupuki watu, arep mbenturi Panjenengane; nanging Panjenengane ngoncati, sarta nilar Padaleman Suci (Yokanan 8:59).
Kenging punapa tiyang Yahudi badhe sami mbenturi Gusti Yesus kaliyan watu manawi Panjenenganipun boten ngandika babagan ingkang dipun pitadosi dening tiyang Yahudi nyenyamah, nyamekaken, nerangaken bilih Panjenenganipun punika Gusti Allah?
Yokanan 1:1 nyariosaken makaten, “Sang Sabda iku Gusti Allah.” Yokanan 1:14 nyariosaken bilih “Sang Sabda wus dadi daging.” Ayat-ayat punika nerangaken kanthi cetha bilih Gusti Yesus punika Gusti ingkang manjilma manungsa. Lelakone Para Rasul 20:28 nyariosaken dhateng kita, “Mulane padha reksanen awakmu sarta pepanthan kabeh, amarga kowe kang pada dipiji dening Sang Roh Suci dadi pamong kang kakarsakake ngengon pasamuwaning Allah kang kadarbe sarana rahe kang Putra piyambak.” Sinten ingkang ndarbeni pasamuwan kanthi rahipun piyambak? Gusti Yesus Kristus. Lelakone Para Rasul 20:28 nerangaken bilih Gusti mundhut pasamuwan kanthi rahipun piyambak. Awit saking punika, Yesus punika Gusti Allah!
Tomas, sakabatipun ngaturi Gusti Yesus, “Gusti sarta Allah kawula” (Yokanan 20:28). Yesus boten ngleresaken piyambakipun. Titus 2:13 njurungi kita supados nengga rawuhipun Gusti lan Pamarta kita, Yesus Kristus (sumangga ugi mirsani 2 Petrus 1:1). Wonten ing Ibrani 1:8, Sang Rama ngandika bab Gusti Yesus, “Nanging tumrap Sang Putra Panjenengane ngandika: “Dhuh, Allah, dhampar Paduka punika langgeng salaminipun, lan kaprabon Paduka punika lantaraning kaleresan.””
Ing kitab Wahyu, satunggaling malaekat paring dhawuh dhateng Rasul Yokanan supados namung nyembah dhumateng Gusti (Wahyu 19:10). Ing sawetawis ayat Kitab Suci, Gusti Yesus nampi panyembah (Matius 2:11; 14:33; 28:9, 17; Lukas 24:52; Yokanan 9:38). Panjenenganipun boten nate ngutus tiyang supados nyembah Panjenenganipun. Manawi Yesus sanes Gusti, Panjenenganipun mesthi ngandika dhateng para tiyang wau supados sampun nyembah Panjenenganipun, kados dene malaekat ing Wahyu. Wonten kathah ayat sanesipun lan peranganipun Kitab Suci ingkang nerangaken bab ka-Tuhan-anipun Yesus.
Dasar ingkang paling wigatos bilih Gusti Yesus kedah dados Gusti Allah inggih punika manawi Panjenenganipun sanes Gusti Allah, sedanipun boten badhe nyekapi ngruwat paukuman dosaning jagad punika (1 Yokanan 2:2). Namung Gusti Allah ingkang saged ngluwari paukuman tanpa wates. Namung Gusti ingkang saged ngluwari dosaning jagad (2 Korinta 5:21), pejah, lan kawungokaken, mbuktekaken kamenanganipun saking dosa lan pati.
Punapa Gusti Punika Nyata? Kados Pundi Kula Saged Sumerep Supados Yakin Bilih Gusti Punika Nyata?
besutKita sumerep bilih Gusti punika nyata awit Panjenenganipun sampun ngatingalaken Sariranipun dhumateng kita kaliyan tiga cara: ing samubarang ingkang dipuntitahaken Sabdanipun, sarta Putranipun Yesus Kristus.
Bukti ingkang paling dasar babagan wontenipun Gusti inggih punika saking samubarang ingkang sampun Panjenenganipun titahaken. “Awitdene kang ora katingal ana ing Gusti Allah, iya iku kakiyatane kang langgeng lan kaallahane, iku wiwit dumadine jagad bisa kasumurupan saka ing pakaryane, satemah wong-wong padha ora bisa diarani tanpa kaluputan.” (Rum 1:20).
“Langit nyaritakake kamulyaning Gusti, sarta akasa mratelakake yeyasaning astane.” (Jabur 19:1).
Menawi kula manggihi jam tangan ing satengahing lapangan, kula boten badhe nganggep bilih punika “ujug-ujug medal” utawi sampun tansah wonten. Adedasar rancanganing jam punika, kula badhe nganggep bilih jam punika mesthi gadhah pangrancang.
Nanging kula sumerep wonten ing rancangan ingkang langkung sae uga teliti wonten ing jagad punika. Ukuraning wekdal kita boten kadasaraken ing jam tangan, nanging wonten ing pakaryaning astanipun Gusti -- teteping puteraning jagad (sarta sedian radioaktif saking Cesium-133 atom).
Jagad punika inggih pameranipun rancangan ingkang sae sangte, ugi mratelakaken kawontenanipun Sang Pangrancang punika piyambak.
Menawi kula manggih satunggaling pesen mawi sandi, kula badhe pados ahlining pamaos sandi kangge mitulungi mecahaken sandinipun. Panganggep kuala inggih punika bilih wonten satunggaling tiyang pinter ingkang ngintunaken pesen punika, ingkang nyiptakaken sandi kala wau.
Kados pundi ruwetipun sandi DNA ingkang kita beta ing saben sel ing salebeting badan kita? Punapa karuwetan lan tujuaning DNA punika boten mratelakaken kapinteraning Panyerating sandi punika?
Gusti boten namung sampun nitahaken jagad ingkang kawontenanipun ruwet lan ketata, Panjenenganipun ugi sampun nanem raosing kalanggengan ing salebeting manah kita (Kohelet 3:11). Manungsa nggadhahi sipat tanggap ingkang langkung bilih gesang punika boten namung punapa ingkang katingal ing mripat; naning wonten kawotenan ingkang langkung inggih tinimbang samubarang ing donya punikaing.
Pangraos kalanggengan wonten ing manungsa mujudaken sakirang-kirangipun wonten ing kalih prakawis: tatanan hukum lan panembahan.
Saben peradaban kabudayan manungsa wonten ing sejarah sacara nggumunaken gadhah tatanan hukum ingkang mirip saking satunggal kabudayan tumuju kabudayan salajengipun. Contonipun, katresnan punika kajunjung ing pundi kemawon, dene pakaryaning panggoroh punika kacacad ing jagad punika. Punika inggih minangka kasusilan ingkang umum dipunmangertosi, “pangertosan bab leres lan lepat”, pangertosan punika tumuju dhateng Panjenenganipun, Pribadi ingkang Maha Kuwaos ingkang maringi kita kawratan ingkang makaten.
Ing prakawis ingkang sami, manungsa sajagad, tanpa nyimak kabudayanipun, tansah ngolah cara pangibadah. Tujuaning pangibadah mbok menawi benten-benten, nanging pangraos ing “kuwaos ingkang langkung inggil” punika bagean ingkang boten saged kaselaki saking manungsa. Kacondongan kita bab pangibadah cocok kalian kasunyatan bilih Gusti nitahaken kita “miturut gambar lan pasemone Piyambak” (Purwaning Dumadi 1:27).
Gusti ugi ngatingalaken Sariranipun piyambak dhumateng kita lumantar Sabdanipun, Kitab Suci. Kawontenanipun Gusti punika kasunyatan ingkang gamblang dipunwicantenaken ing Kitab Suci, (Purwaning Dumadi 1:1; Pangentasan 3:14).
Nalika Benjamin Franklin nyerat Autobiografinipun (lelampahaning gesangipun), piyambakipun boten mbucal wekdal kangge nyobi mbuktekaken bilih piyambakipun punika wonten punapa boten. Makaten ugi, Gusti boten nelasaken wekdal kangge mbuktekaken bilih Panjejenganipun punika wonten ing kitabipun (Kitab Suci). Ewahing gesang saking Kitab Suci, integritas, sarta mujizat ingkang nyarengi seratan punika kedahipun sampun cekap kangge kita sedaya nggatosaken Kitab Suci.
Cara ingkang kaping tiga ing pundi Gusti ngatingalaken Sariranipun lumantar Sang Putra, Yesus Kristus (Yokanan 14:6-11). “Ing kala purwa Sang Sabda iku ana, dene Sang Sabda iku nunggil karo Gusti Allah sarta Sang Sabda iku Gusti Allah. ... Anadene Sang Sabda wus dadi daging sarta makuwon ana ing antara kita” (Yokanan 1:1, 14). Ing Yesus Kristus “kadunungan Kaallahan sawetahe kang kasarira” (Kolose 2:9).
Ing gesangipun Gusti Yesus ingkang nakjubaken, Panjenenganipun ngugemi sadaya angger-anggering Prajanjian Lawas kanthi sampurna sarta menuhi paweca bab Sang Mesias (Mateus 5:17). Panjenenganipun nindakaken pakaryan ingkang kebak welas asih tanpa etangan sarta mujizat ing ngajenging tiyang kathah kangge mbuktekaken pangandikanipun uga ngandhut paseksi tumrap Kaillahianipun (Yokanan 21:24-25). Lajeng, tigang dinten sasampunipun Panjenenganipun kasalib, wungunipun saking pati, kategesaken kanthi nyata dening atusan mripat ingkang nyeksekaken (1 Korinta 15:6).
Cathetan sejarah kebak dening “bukti” bab sinten ta Yesus punika. Kados ingkang dipungendikakaken dening Rasul Paulus, “Sang Prabu ugi nguningani prakawis punika sadaya, awit saking punika kawula kalawan tatag saha tanpa tedheng aling-aling matur wonten ing ngarsanipun. Kawula yakin, bilih sadaya punika boten wonten satunggal kemawon ingkang dereng nate kapirengaken, awit prakawis punika boten kalampahan wonten ing panggenan ingkang kiwa” (Lelakone Para Rasul 26:26).
Kita mangertos bilih badhe tansah wonten tiyang ingkang gojag-gajeg, ingkang gadhah pamanggih piyambak bab Gusti sarta badhe nafsiraken bukti sakremenipun. Lan badhe wonten sawetawis tiyang ingkang boten pracaya sanajan wonten kathah bukti (Jabur 14:1).
Ing wusananipun inggih punika kapitadosan (Ibrani 11:6).
Punapa tegesipun gesang punika?
besutPunapa tegesipun gesang punika? Kadospundi kula saged manggih tujuan, kasampurnan, lan marem ing salebeting gesang? Punapa kula badhe nggadhahi kasagedan mrantasi babagan ingkang wigatos ing salaminipun?
Kathah tiyang ingkang boten saged mandheg anggenipun nimbang-nimbang punapa tegesipun gesang punika. Para tiyang wau kerep ningali tahun-tahun kepungkur lan gumun, kenging punapa sesambetanipun risak lan kenging punapa tasih rumaos kosong sinaosa mbok manawi sampun nggayuh punapa ingkang karancang. Satunggaling pemain baseball ingkang asmanipun kacatet wonten ing Baseball Hall of Fame, dipuntangleti, punapa ingkang dipun ajeng-ajeng saking satunggaling tiyang ingkang cariyos dhateng piyambakipun nalika piyambakipun nembe wiwitan main baseball. Piyambakipun mangsuli, “Ingkang kula ajeng-ajeng inggih punika tiyang badhe cariyos dhateng kula bilih manawi panjenengan saged nggayuh katenaran, ing mrika boten wonten punapa-punapa.”
Kathah tujuan ingkang namung awujud kakosongan sasampunipun tahun-tahun ingkang sampun kalampahan ing salebeting ngupados gegayuhan kalawau.
Ing salebeting masyarakat kita, tiyang sami nggayuh lan ngupadi kathah tujuan, mikiraken bilih ing salebeting punapa ingkang dipuntuju saged manggih tegesing gesangipun. Ing antawisipun kalebet ngoyak: kasuksesaning padamelan, kasugihan, sesambetan ingkang sae, seks, kasenengan, nindakaken bab ingkang sae tumrap sesami, lan sanesipun. Tiyang sami neksekaken bilih sanadyan tiyang-tiyang wau sampun nggayuh tujuanipun ing bab kasugihan, sesrawungan, lan kasenengan, taksih wonten kakosongan ingkang lebet ing batinipun –inggih satunggaling raos kakosongan ingkang boten katingal supados dipun isi.
Panyerat kitab Kohelet mecakaken pangraos punika nalika piyambakipun wicanten, “Banget anggone tanpa guna! Banget anggone tanpa guna, mangkono pangandikane Sang Kohelet, banget anggone tanpa guna, samubarang kabeh iku tanpa guna!” Panyerat punika sampun gadhah kasugihan ingkang sakalangkung kathah, kawicaksanan nglangkungi tiyang sanes ing jamanipun ugi ing jaman kita, atusan wanita, kraton lan patamanan inggih punika kaprabon ingkang nimbulaken meri, tetedhahan lan anggur ingkang paling sae, sarta gadhah sadaya warni kasenengan ingkang cumawis. Panjenenganipun ngandika ing satunggaling bab, bilih sadaya ingkang dipun kepengini manahipun, sampun kagayuh. Panjenenganipun nyimpulaken “kagesangan ing sangandaping surya” (kawontenaning gesang punika gesang kados-kados sadaya cumawis ing mrika. Gesang punika punapa ingkang saged kita tingali sarana mripat kita lan kita alami sarana pangraos kita) punika tanpa guna! Kenging punapa ingkang makaten punika tanpa guna? Awit Sang Yehuwah nitahaken kita tumrap bab ingkang nglangkungi punapa ingkang kita alami ing mriki lan sapunika. Salomo wicanten bab Gusti, “Samubarang kabeh katitahake endah ing wayah kang wus kapesthekake malah atine padha kaparingan kalanggengan, nanging manungsa ora bisa nyumurupi pakaryaning Allah wiwit wiwitan nganti kalanggengan.” Ing manah kita, kita rumaos bilih donya punika boten sedayanipun ingkang kita perlu.
Ing Purwaning Dumadi, kitab kapisan saking Kitab Suci, kita manggihi bilih Gusti Yehuwah nitahake manungsa miturut gambaranipun Gusti (Purwaning Dumadi 1:26). Punika tegesipun bilih kita langkung memper kaliyan Gusti Yehuwah katimbang kita memper kaliyan titah sanesipun (bentuk gesang sanesipun). Kita ugi manggih bilih saderengipun manungsa dhumawah ing dosa sarta kadhawahan ipat-ipat kapapanaken ing jagad, bab-bab ing salajengipun punika saleresipun: (1) Gusti Yehuwah ndadosaken manungsa makhluk sosial (Purwaning Dumadi 2:18-25); (2) Gusti Yehuwah maringi manungsa padamelan (Purwaning Dumadi 2:15); (3) Gusti Yehuwah kagungan sesambetan kaliyan manungsa (Purwaning Dumadi 3:8); lan (4) Gusti Yehuwah maringi manungsa panguwaos tumrap saisining jagad (Purwaning Dumadi 1:26). Punapa ingkang dipun kajengaken saking pokok-pokok punika? Kula pitados bilih Gusti Yehuwah ngersakaken saking saben pokok punika nambahi kapenuhan ing salebeting gesang kita, nanging sadaya saking punika (utaminipun sesambetaning manungsa kaliyan Gusti Yehuwah) tingkah polah ingkang namung lamis karana manungsa dhumawah ing dosa lan pituwasipun nampi ipat-ipat kapapanaken ing jagad (Purwaning Dumadi 3).
Ing kitab Wahyu, pungkasaning Kitab Suci, ing wekdal ingkang pungkasan saking pungkasaning kadadosan-kadadosan sanesipun, Sang Yehuwah ngandika bilih Panjenenganipun badhe ngremuk jagad ingkang sapunika sarta swarga kados ingkang kita sumerepi jagad lan swarga sarta palados ing salebeting kawontenan ing kalanggengan sarana nitahaken swarga enggal lan jagad enggal. Ing wekdal punika, Panjenenganipun badhe mulihaken sesambetan ingkang sayektos sarana milujengaken manungsa. Kathah manungsa ingkang badhe kaadili miturut pandamelipun sarta kacemplungaken ing Segara Geni (Wahyu 20:11-15). Lan sarana punika ipat-ipating dosa badhe kasingkiraken; satemah boten badhe wonten dosa malih, kasisahan, sesakit, pejah, kasangsaran, lan sanesipun (Wahyu 21:4). Sarta para tiyang pitados badhe marisi sadayanipun; Gusti badhe pinarak ing satengahing tiyang pracaya, lan para tiyang pracaya badhe dados para putraning Allah (Wahyu 21:7). Makaten, kita nglangkungi sadaya ingkang Gusti Allah titahaken tumrap kita supados kita tansah sesambetan kaliyan Panjenenganipun; dosaning manungsa, ngrisak sesambetan punika; Gusti Yehuwah mulihaken sacara sampurna sesambetan punika ing kawontenaning kalanggeng-an sarana tetimbangan ingkang pantes dining Panjenenganipun. Sapunika, nglangkungi gesang kangge nggayuh punapa kemawon lan sadaya kemawon namung mejahi pepisahan saking Gusti Yehuwah tumrap kalanggengan badhe dados langkung awon lan muspra! Nanging Gusti sampun nyawisaken margi ingkang boten namung tumuju karahayon ingkang langgeng (Lukas 23:43), nanging ugi gesang punika damel marem lan migunani tumrap kasaenan. Sapunika, karahayon ingkang langgeng lan “swarga ing jagad” punika kagayuh?
GESANG INGKANG MIGUNANI, KAPULIHAKEN LUMANTAR YESUS KRISTUS
Minangka pitedah wonten ing inggil punika, ateges kekalihipun kala wau saged kapanggihaken ing satunggaling pamulihan sesambetan kaliyan Gusti. Sesambetan ingkang sae punika sampun risak rikala Adam lan Hawa nglampahi dosa. Sesambetan kaliyan Gusti namung saged dipunpulihaken lumantar Putranipun Gusti, Yesus Kristus (Lelakune Para Rasul 4:12; Yokanan 14:6; Yokanan 1:12). Gesang langgeng saged dipungadhahi manawi manungsa nggetuni dosanipun (boten badhe nglajengaken malih tumindak dosa nanging kepengin Kristus ngewahi sarta ndadosaken panjenenganipun pribadi ingkang enggal) lan wiwit sumendhe ing Yesus Kristus minangka Juru Wilujeng (kula aturi mirsani “Punapa ingkang Dipunwastani Rancangan Kawilujengan Punika?”) (https://www.gotquestions.org/Jawi/Rancangan-kawilujengan.html) minangka pitedah salajengipun wonten ing wedalan ingkang paling wigatos).
Tegesing gesang boten badhe dipun panggihi namung kanthi manggihi Gusti Yesus minangka Juru Wilujeng, (senajan babagan punika endah sanget). Langkung saking punika, tegesing gesang badhe dipunpanggihi rikala panjenengan wiwit ndherek Kristus minangka sakabatipun, nyinani babagan Panjenenganipun, nelasaken wekdal kaliyan Panjenenganipun sarana Sabdanipun, Kitab Suci, sesambetan kaliyan Panjenenganipun sarana pandonga, sarta lumampah kaliyan Panjenenganipun lumantar setya ing angger-anggeripun.
Manawi panjenengan dereng pitados (utawi mbok menawi nembe pitados) mbok menawi panjenengan ngudarasa tumrap dhiri panjenengan piyambak, “Kui dudu babagan kang nyenengake utawa maremake atiku!” Nanging sumangga maos langkung dangu sakedik. Yesus ngandika kados ing ngandap punika: “He para wong kang kesayahan lan kamomotan, padha mrenea, Aku bakal gawe ayemmu. PasanganKu padha tampanana ing pundhakmu lan padha nggegurua marang Aku, awit Aku iki alur lan lembah ing budi, temahan kowe bakal padha oleh ayeming nyawamu. Amarga pasanganKu iku kepenak lan momotanKu iku entheng” (Mateus 11:28-30). “Aku iki teka supaya wedhus-wedhus padha duwea urip, kanthi kaluberan” (Yokanan 10:10b). “Manawa ana wong kang arep ngetut buri Aku, iku kudu nyingkur awake dhewe sarta manggula salibe lan melua Aku. Amarga sing sapa kumudu-kudu nylametake nyawane, iku bakal kelangan nyawane, nanging kang kelangan nyawane marga saka Aku, iku bakal nemu” (Mateus 16:24-25). “Lan bungaha marga saka Sang Yehuwah, dadi kowe mesthi diparingi pepenginaning atimu” (Jabur 37:4).
Punapa ingkang dipun cariyosaken dening sadaya ayat kalawau inggih punika kita gadhah pilihan. Kita saged nglajengaken ngupados panuntun tumrap gesang kita piyambak (kanthi asil gesang ing kakosongan) utawi kita saged milih ngupados Gusti Allah sarta ingkang Panjenenganipun kersakaken tumrap gesang kita kanthi gumolonging manah (ing pundi badhe ngangsalaken gesang ingkang kaluberan, ngangsalaken pepenginaning manah, sarta manggih kabingahan lan kamareman). Sadaya punika wau amargi ingkang Nitahaken kita ngasihi kita sarta ngersakaken sadaya ingkang paling sae tumrap kita (boten cekap namung gesang ingkang gampil, nanging sanget migunani).
Minangka panutup, kula kepengin sesarengan ngrembag babagan pasemon ingkang kaampil saking satunggaling kanca pandhita. Manawi panjenengan tiyang ingkang remen olah raga sarta netepaken badhe ningali tanding olah raga profesional, panjenengan saged mbayar sawetawis dolar lan panjenengan badhe pikantuk palenggahan ing barisan wingking ing inggil saking stadion punika utawi panjenengan saged ngrogoh sak lan nelasaken atusan dolar sarta panjenengan badhe pikantuk kursi ingkang sipatipun pribadi lan celak kaliyan lapangan tanding punika. Punika kados dene gesang Kakristenan. Migatosaken yeyasaning Astanipun Gusti Allah punika sanes kangge Kakristenan ing dinten Minggu. Tiyang-tiyang wau boten mbayar reginipun. Migatosaken yeyasaning Astanipun Gusti Allah punika kanthi gumolonging manah sakabatipun Kristus ingkang saestu mandheg anggenipun ngupados pepenginanipun piyambak ing salebeting gesang satemah sami saged ngupados tujuaning Gusti Allah ing salebeting gesang. Tiyang-tiyang wau sampun mbayar reginipun (saestu sumendhe dhumateng Sang Kristus lan kersanipun); tiyang-tiyang punika wau ngalami gesang ingkang kaluberan; sarta sami badhe kapanggih piyambak kaliyan sesamining manungsa, sarta ingkang Yeyasa kalayan tanpa getun! Punapa panjenengan sampun nglunasi? Punapa panjenengan badhe nglunasi? Manawi makaten, panjenengan boten badhe kaluwen bab gunaning lan tujuaning gesang malih.
Punapa tiyang Kristen lan tiyang Muslim nyembah Gusti ingkang sami?
besutWangsulan saking pitaken punika gumantung kaliyan punapa tegesipun “Gusti ingkang sami.”
Boten wonten ingkang nyelaki bilih kathah babagan panyawanging Muslim bab Gusti Allah lan panyawanging Kristen bab Gusti ingkang sami. Kekalihipun mangertosi bilih Gusti punika minangka Panguwaos ingkang saleresipun, mahakuwaos, suci, adil, wicaksana. Kekalihipun, tiyang Islam lan tiyang Kristen, pitados dhumateng satunggal Gusti ingkang nitahaken sedaya samukawis ing jagad. Mila, inggih, ing pangertosan punika, Kristen & Muslim nyembah Gusti ingkang sami.
Ananing ugi wonten benten ingkang wigatos antawisipun panyawanging Kristen lan Muslim babagan Gusti, sesembahanipun. Tiyang Muslim ningali Gusti punika minangka ingkang kagungan kawicaksananing katresnan, sih-rahmat, uga kabingahan; Gusti boten nedahaken kawicaksanan punika mawi cara ingkang sami minangka Gustinipun tiyang Kristen.
Pambeda ingkang paling wigatos, langkung rumiyin, antawis panyawanging tiyang Muslim lan tiyang Kristen inggih punika bab pangertosan panjilmanipun.
Tiyang Kristen pitados bilih Gusti dados manungsa ing Pribadinipun Sang Yesus Kristus. Tiyang Muslim pitados pangertosan punika dados pokoking panyawiyah. Tiyang Muslim boten nate saged nampi pangerten bilih Gusti badhe dados manungsa supados seda tumrap dosaning jagad.
Kapitadosan ing panjilmaning Gusti wonten ing Pribadinipun Yesus Kristus punika saestu perlu tumrap tiyang Kristen supados mangertos babagan sinten ta Gusti punika. Gusti kedah dados manungsa satemah Panjenenganipun saged sesrawungan kaliyan kita, sarta ingkang langkung witagos malih, satemah Panjenenganipun saged maringi karahayon, pangapuntening dosa.
Pramila saking punika, punapa tiyang Kristen lan tiyang Muslim nyembah dhumateng Gusti ingkang sami? Inggih lan boten.
Mbok menawi pitaken ingkang langkung sae inggih punika, “Punapa tiyang Kristen lan tiyang Muslim, kekalihipun gadhah pangertosan ingkang leres bab kados punapa ta Gusti Allah punika?” Wangsulanipun mesthi kemawon boten.
Wonten sawetawis pambeda ingkang wigatos ing antawisipun pangertosaning tiyang Kristen lan tiyang Muslim bab Gusti punika. Kapitadosan kekalihipun boten saged kaleresaken. Kita pitados bilih Kakristenan gadhah panyawang ingkang leres bab Gusti awit boten badhe wonten kawilujengan tanpa pangluwaring dosa. Namung Gusti ingkang saged ngluwari. Namung sarana dados manungsa Gusti saged seda tumrap kita, ngrembat paukumaning dosa kita (Rum 5:8; 2 Korinta 5:21).
Punapa Kakristenan Punika Lan Punapa Kapitadosan Kristen punika?
besut1 Korinta 15:1-4 nyariosaken, “Para sadulur, ing saikine aku arep ngelingake bab Injil kang wus dakwartakake marang kowe, kang iya wus padha koktampani, lan uga kokantepi. Iya Injil iku kang dadi margane kowe padha kapitulungan rahayu, anggere kowe padha mantep anggonmu ngugemi, kaya kang wus dakwartakake marang kowe -- kajaba ta yen anggonmu padha manjing pracaya iku mung nglaha bae. Sabab kang wigati dhewe wus dakluntakake marang kowe, iya kaya kang wus daktampani dhewe, yaiku yen Sang Kristus wus nglampahi seda marga saka dosa-dosa kita, nyondhongi surasaning Kitab Suci, manawa Panjenengane wus kasarekake, sarta ing telung dinane wus kawungokake, cundhuk karo surasaning Kitab Suci”.
Cekakipun, punika kapitadosan ing Kakristenan. Kakristenan punika gadhah ciri piyambak ing antawisipun sedaya kapitadosan sanes, awit Kakristenan punika langkung saking sesambetan, langkung (sae) katimbang kasunyataning agama. Minangka gantosing kasetyan tumrap daftaring “nindakaken punapa ingkang dipuntitahaken lan nebihi laranganipun,” tujuaning tiyang Kristen inggih punika ngupados nggadhahi sesambetan ingkang raket kaliyan Sang Rama. Sesambetan punika kadamel saged awit pakaryaning Gusti Yesus Kristus, sarta paladosan ing salebeting gesangipun tiyang Kristen saking Roh Suci.
Tiyang Kristen pitados bilih manungsa katitahaken sacara khusus nggadhahi sesambetan kaliyan Gusti, nanging dosa punika misahaken sedaya tiyang saking Gusti (Rum 5:12, Rum 3:23). Kakristenan mucal bilih Gusti Yesus Kristus sampun rawuh ing jagad punika, Gusti ingkang sajatos, lan ugi manungsa sajatos (Filipi 2:6-11), sarta seda wonten ing kajeng salib. Tiyang Kristen pitados bilih saksampunipun Pajenenganipun seda ing kajeng salib, Panjenenganipun kasarekaken, wungu malih saking pati, uga sapunika pinarak ing tengenipun Sang Rama, dados lantaran tumrap tiyang pitados ing salaminipun (Ibrani 7:25). Kakristenan mratelakaken bilih sedanipun Gusti Yesus wonten ing kajeng salib sampun cekap kangge ngluwari utanging sedaya manungsa sarta punika kangge mbangun malih sesambetan antawisipun Gusti lan manungsa ingkang sampun risak (Ibrani 9:11-14, Ibrani 10:10, Rum 6:23, Rum 5:8).
Supados wilujeng, saben tiyang kedah masrahaken sedaya kapitadosanipun wonten ing pakaryanipun Sang Kristus ing kajeng salib. Menawi satunggaling tiyang pitados bilih Kristus seda amarga kawontenanipun uga kangge ngluwari dosanipun tiyang kala wau, sarta wungu malih, mila tiyang kala wau kawilujengaken. Boten wonten samukawis ingkang saged nggayuh kawilujengan. Boten wonten tiyang ingkang “cekap sae” kangge ngremenaken Gusti, awit sedaya saking kita punika sampun nglampahi dosa (Yesaya 64:6-7, Yesaya 53:6).
Ingkang kaping kalih, boten wonten samukawis ingkang saged katindakaken malih, awit Sang Kristus sampun ngrampungaken sedaya pakaryan! Nalika Panjenenganipun wonten ing salib, Gusti Yesus ngandika, “Wus rampung” (Yokanan 19:30).
Awit boten wonten satunggal samukawis kemawon ingkang saged katindakaken kangge nggayuh kawilujengan, sepisan malih tiyang kedah masrahaken kapitadosanipun ing pakaryanipun Sang Kristus ing kajeng salib, ugi boten wonten samukawis ingkang saged katindakaken kangge ngicalaken kawilujenganipun.
Kita kedah ngengeti bilih pakaryan sampun katindakaken lan kalunasi dening Sang Kristus! Boten wonten samukawis bab kawilujengan ingkang katanggelaken ing atasipun tiyang ingkang nampeni!
Yokanan 10:27-29 nyuraosaken “Wedhus-wedhusKu padha nilingake swaraKu, sarta Aku wanuh marang wedhus-wedhusKu, lan wedhus-wedhusKu padha ngetut-buri Aku, apadene padha Dakwenehi urip langgeng, lan dheweke mesthi ora bakal padha nemu karusakan salawas-lawase lan ora bakal ana wong kang ngrebut wedhus-wedhus iku saka ing tanganKu. RamaKu kang maringake wedhus-wedhus iki marang tanganKu, iku kaluhurane ngungkuli samubarang kabeh, lan ora ana kang bisa ngrebut wedhus-wedhus mau saka ing astane RamaKu.”
Sawetawis tiyang mbok menawi gadhah pamanggih, “Iki becik yen aku wis dislametake, aku bisa tumindak apa sing dak senengi, lan ora kelangan kaslametanku!”
Boten makaten. Kawilujengan punika sanes kamardikan kangge tumindak saksenengipun. Kawilujengan ndadosaken kamardikan saking tumindak dosa ingkang rumiyin, sarta ndadosaken kamardikan kangge nggayuh sesambetan ingkang sae kaliyan Gusti.
Salaminipun tiyang pitados gesang wonten jagad punika ing salebeting badanipun ingkang kebak dosa, badhe wonten perjuangan ingkang terus-menerus kangge dosa. Gesang ing salebeting dosa punika ngalang-alangi sesambetan ingkang Gusti padosi kaliyan manungsa, sarta salaminipun tiyang gesang ing salebeting dosa minangka tiyang pitados, piyambakipun boten badhe ngraosaken sesambetan ingkang dipun kersakaken Gusti kaliyan manungsa.
Mila tiyang Kristen punika saged nggadhahi kamenangan saking perjuangan lumawan dosa awit saking nyinaoni lan migunakaken Pangandikaning Gusti (Kitab Suci) ing salebeting gesangipun, sarta dipun tuntun dening Roh Suci miturut ing Pangandikanipun Gusti.
Mila sanadyan agami sanes mucal babagan ingkang kedah dipuntindakaken utawi dipuntebihi, Kakristenan inggih punika bab nggadhahi sesambetan kaliyan Gusti.
Kakristenan punika bab kapitadosan bilih Sang Kristus sampun seda ing kajeng salib kangge ngluwari dosa panjenengan piyambak, lan wungu malih. Utang dosa panjenengan kabayar lan panjenengan saged nggadhahi sesambetan kaliyan Gusti Allah.
Panjenengan saged gadhah kamenangan ing atasipun dosa katurunan lan lumampah ing salebeting sesambetan sarta manut miturut ing Gusti. Punika Kakristenan ingkang leres miturut Kitab Suci.
Punapa sawetara Atribut-Atributing Gusti punika?
besutKabar ingkang mbingahaken, kunjuk mangsul pitakenan punika, kita saged ngertos langkung kathah babagan Gusti!
Panjenengan ingkang maos artikel punika langkung sae kunjuk maos sedaya piwucal punika pisanan lajeng badhe dipunwaos kutipan Kitab Suci ingkang kasebut, supados saged ngertosi utuhin piwucal.
Rujukaning ayat-ayat Kitab Suci kedah dipunagem, awit tanpa panguwaosing Kitab Suci, kempalan tembung-tembung punika boten badhe langkung sae katimbang pikiraning manungsa; ing pundi lantaran tembung-tembung punika manungsa piyambak awis-awis klintu ing mangertosi bab Gusti Allah (Ayub 42:7). Manungsa boten badhe saged mratelakaken piyambak kados pundi pentingipun mangertosi sinten Gusti punika.
Kesanden mangertosi sinten Gusti punika badhe murugaken kita sedaya nggadhahi, ndhereki, uga nyembah ilah sanes ingkang klintu, ingkang malah mengsah kaliyan karsanipun Gusti (Pangentasan 20:3-5).
Kita namung saged mangertos punapa ingkang Panjenenganipun kepengin kita mangertosi. Salah satunggaling atribut utawi kuwalitas saking Gusti yaiku "papadhang", ingkang tegesipun bilih Panjenenganipun ngatingalaken Sariranipun saking Pribadinipun piyambak (Yesaya 60:19, Yakobus 1:17).
Kasunyatan bilih Gusti sampun mratelakaken seserepan dhumateng piyambakipun, kedah dados dipungatosaken, “supaya aja nganti ana wong ing antaramu kang kaanggep keri, sanadyan prasetya bab lumebu ing paleremane isih tumindak.” (Ibrani 4: 1).
Sedaya titahan ing jagad, Kitab Suci, uga Sabdaning Gusti ingkang manjilma daging (Yesus Kristus) badhe mbiantu kita sedaya mangertos sinten ta Gusti Allah punika.
Sumangga kita miwiti sarana pangertosan bilih Gusti Allah punika ingkang nitahaken kita sarta bilih kita punika satunggaling titahipun (Purwaning Dumadi 1:1; Jabur 24:1). Gusti ngendika bilih manungsa katitahaken miturut gambaring Panjenenganipun. Manungsa punika titah ingkang inggil saking sedaya titah sarta kaparingan panguwaos tumrap sedaya titah kala wau (Purwaning Dumadi 1:26-28).
Sedaya ingkang tumitah risak karana manungsa dhawah wonten ing dosa nanging taksih ngatingalaken sesawangan sawetawis saking pakaryaning Gusti (Purwaning Dumadi 3:17-18; Rum 1:19-20). Sarana ngengeti jembaring tumitah, karuwetan, kaendahan, sarta tatananipun kita saged gadhah raos kasengsem dhumateng Gusti Allah.
Maos sawetawis asmanipun Gusti punika saged mitulungi kita ngupados punapa ingkang dipunkersakaken Gusti. Inggih punika kados ingkang kaserat ing ngandhap:
- Elohim : Ingkang kiyat, kaallahan (Purwaning Dumadi 1:1)
- Adonai : Gusti, ngatingalaken sesambetan antawisipun Tuan tumrap abdi (Pangentasan 4: 10, 13)
- El Elyon : Ingkang Maha Inggil, ingkang paling kiyat (Purwaning Dumadi 14:20)
- El Roy : Ingkang kuwaos, ingkang mirsani (Purwaning Dumadi 16:13)
- El Shaddai : Gusti ingkang Maha Kuwaos (Purwaning Dumadi 17:1)
- El Olam : Gusti kang langgeng (Yesaya 40:28)
- Yehuwah (YHWH) : “INGSUN ANA KANG ANA”, tegesipun Gusti ingkang langgeng (Pangentasan 3:13, 14).
Sumangga kita nglajengaken kanthi nitipriksa saking atribut-ttributing utawi kwalitas Gusti saklajengipun.
Gusti punika langgeng, tegesipun Panjejenganipun boten wonten wiwitanipun sarta bilih Panjenenganipun punika wonten ing salami-laminipun. Panjenenganipun punika langgeng, tanpa wates ( Pangandharing Toret 33:27; Jabur 90:2; 1 Timoteus 1:17).
Gusti punika mboten ewah; punika tegesipun bilih Gusti punika saestu saged dipun gondheli sarta dipun pitados (Maleakhi 3:6; Wilangan 23:19; Jabur 102:26, 27).
Gusti punika boten wonten tandhinganipun, tegesipun boten wonten sok sintena kemawon ingkang kados Panjenenganipun ing pakaryanipun punapa dene kawontenanipun; Panjejenganipun punika tanpa tandhing sarta sampurna (2 Samuel 7:22; Jabur 86:8; Yesaya 40:25; Mateus 5:48).
Gusti punika boten saged kanyana, tegesipun Panjenenganipun punika boten saged dipun kinten-kinten, boten saged katlisik, pamanah bab Panjenenganipun sadaya boten saged dipun silemi.
Gusti punika adil, tegesipun Panjenenganipun sanes pribadi ingkang remen mbedakaken tiyang (Pangandharing Toret 32:4; Jabur 18:30).
Gusti punika Maha Kuwaos, tegesipun Panjenenganipun nguwaosi sedaya; Panjenenganipun saged nindakaken punapa kemawon ingkang dipun kersakaken, nanging punapa ingkang dipun tindakaken Gusti tansah condhong kaliyan sipatipun (Wahyu 19:6; Yeremia 32:17, 27).
Gusti punika wonten ing pundi-pundi, tegesipun Panjenenganipun tansah wonten ing pundia panggenan; punika boten ateges bilih Gusti Allah punika sedaya ingkang pinanggih (Jabur 139:7-13; Yeremia 23:23).
Gusti punika Maha Mirsani, tegesipun Panjenenganipun pirsa bab ingkang kapengker, sapunika, sarta wekdal saklajengipun, malah punapa ingkang kita batos ing saben wekdal ingkang kaparingaken; awit Panjenenganipun pirsa sedaya samukawis pangadilanipun badhe tansah katindakaken sacara adil (Jabur 139:1-5; Wulang Bebasan 5:21).
Gusti punika Esa, tegesipun boten namung bilih boten wonten sanesipun, nanging ugi bilih Panjenenganipun piyambak ingkang saged nyembadani pepenginan uga kabetahan ingkang paling jero saking manah kita, sarta Panjenenganipun piyambak ingkang pantes nampi panyembah uga pangabekti kita (Pangandaring Toret 6:4).
Gusti punika Maha Luhur, tegesipun bilih Gusti boten saged uga boten badhe nindakaken bab ingkang lepat; punika awit kawicaksanan lan kaadilanipun satemah supados dosa-dosa kita kaapunten, Yesus kedah ngalami pangadilanipun Gusti nalika dosa kita katanggelaken dhumateng Panjenenganipun (Pangentasan 9:27; Mateus 27:45-46; Rum 3:21-26).
Gusti Maha Kuwaos, tegesipun Panjenenganipun punika ingkang pinunjul; sadaya titahipun samya, sengaja punapa dene boten sengaja, boten saged ngalang-alangi kersanipun (Jabur 93:1; 95:3; Yeremia 23:20).
Gusti punika Roh, tegesipun Panjenenganipun punika boten saged katingali dening paningal (Yokanan 1:18; 4:24).
Gusti punika Tritunggal, tegesipun Panjenenganipun punika tiga ingkang nunggil dados satunggal, hakekatipun sami, sami ing kakiyatan uga kamulyanipun. Ngengetaken bilih ing ayat Kitab Suci ingkang kawitan kasebut bilih “asmanipun” tunggal sanadyan punika ngengingi tiga Pribadi ingkang cetha- “Sang Rama, Sang Putra, Sang Roh Suci” (Mateus 28:19; Markus 1:9-11).
Gusti punika kaleresan, tegesipun bilih Panjenenganipun nyocoki kaliyan sadaya Panjenenganipun kalawau, Panjenenganipun boten badhe saged kasogok uga boten saged goroh (Jabur 117:2; 1 Samuel 15:29).
Gusti punika Maha Suci, tegesipun bilih Panjenenganipun kapisah saking sadaya kasusilan ingkang nistha sarta memengsahan tumraping kanisthan. Gusti punika mirsani sadaya kajahatan ingkang damel Panjenenganipun duka.
Asring kasebut ing ayat Kitab Suci bilih geni punika sesarengan kaliyan kasucian. Gusti dipun sumurupi kados dene geni (Yesaya 6:3; Habakuk 1:13; Keluaran 3:2,4,5; Ibrani 12:29).
Gusti Allah punika welas asih “ingkang kalebet kabecikan, kamirahan, welas asih, uga katresnan” ingkang arupi pangandika ingkang maringi gambaran saking tegesing welas asihipun Gusti.
Menawi sanes karana sih rahmatipun Gusti mila sipating Gusti punika badhe damel kita kapisah kaliyan Panjenenganipun. Puji syukur dene karana boten kados makaten kawontenanipun, awit Panjenenganipun ngersakaken mangertosi kita satunggal lan satunggalipun sacara pribadi (Pangentasan 34:6; Jabur 31:19; 1 Petrus 1:3; Yokanan 3:16; Yokanan 17:3).
Punika namung awit gumolonging manah ingkang ngupados wangsulan saking pitaken ukuraning Gusti. Mugi ndadosna panyurung ingkang ageng kangge nglajengaken pangupados bab Gusti (Yeremia 29:13).
Punapa Kitab Suci punika saestu Pangandikanipun Gusti?
besutWangsulan kita tumrap pitaken punika boten badhe namung kendel ing kados pundi kita ningali Kitab Suci lan punika wigatos tumrap gesang kita, nanging ugi pungkasanipun badhe dados pangaribawa ingkang langgeng tumrap kita. Menawi Kitab Suci punika saestu Pangandikanipun Gusti Sang Yehuwah, lajeng kita ngajeni, sinau, mituhu, sarta pungkasanipun mitadosi. Menawi Kitab Suci punika Pangandikanipun Gusti Allah mila migatosaken Kitab Suci punika sami kaliyan migatosaken Sang Yehuwah piyambak.
Kasunyatanipun bilih Gusti maringi kita Kitab Suci punika satunggaling pitedah lan gambaraning katresnanipun Gusti dhumateng kita. Sesambetan “wahyu” sacara prasaja tegesipun bilih Gusti ngandika dhumateng manungsa punapa ingkang dipun kersakaken sarta kados pundi kita saged gadhah sesambetan ingkang sae kaliyan Gusti. Punika bab-bab ingkang boten saged kita sumurupi menawi Gusti boten medharaken sacara kaillahianipun dhumateng kita ing salebeting Kitab Suci. Senadyan wahyu bab Gusti piyambak ing Kitab Suci kaparingaken sacara terus-terusan kinten-kinten langkung saking 1500 tahun kepengker, punika tansah kaisi kaliyan sedaya samukawis ingkang kabetahaken dening manungsa supados nyumurupi bab Gusti Allah satemah saged gadhah sesambetan ingkang sae kaliyan Panjenenganipun. Menawi Kitab Suci punika saestu Pangandikanipun Gusti, mila punika kuwaosan ingkang pungkasan tumrap sedaya prakawising kapitadosan, praktik agama, lan kasusilan.
Pitaken ingkang kedah kita tangletaken tumrap diri kita piyambak inggih punika kados pundi kita saged mangertos bilih Kitab Suci punika Pangandikanipun Gusti sarta boten namung satunggaling buku ingkang sae? Punapa ingkang renik bab Kitab Suci ingkang ndadosaken benten saking buku-buku agami sanesipun ingkang nate kaserat? Punapa wonten bukti bilih Kitab Suci punika saestu Sabdanipun Gusti? Sedaya punika wau warna-warni pitaken ingkang kedah dipuntingali menawi kita leres-leres nguji pratelaning Kitab Suci, bilih Kitab Suci punika pancen leres Sabdanipun Gusti, kawangsitaken sacara ilahi uga cekap sampurna tumrap sedaya bab ingkang sesambetan kaliyan kapitadosan lan kanyataning gesang.
Boten wonten raos mangu-mangu bab kanyatan bilih Kitab Suci nerangaken saestu Pangandikanipun Gusti. Punika cetha katingalan ing ayat-ayat kados dene 2 Timoteus 3:15-17, ingkang suraosipun, “Elinga uga, yen wiwit cilik kowe wus wanuh karo Kitab Suci, kang bisa ngolehake kawicaksanan marang kowe lan nuntun kowe marang karahayon marga saka pracaya marang Gusti Kristus. Sakehing tulisan kang diwangsitake dening Gusti Allah iku pancen migunani kanggo memulang, kanggo melehake, kanggo mbangun wewatekan tuwin kanggo nggulawenthah ing sajroning kayekten. Marga saka mangkono saben wong kagungane Gusti Allah iku disamektani kanggo nindakake samubarang kang becik.”
Kangge mangsuli pitaken-pitaken punika kita kedah ningali kekalihipun bukti-bukti saking lebet lan saking jawi bilih Kitab Suci punika saestu Pangandikanipun Gusti. Bukti saking lebet inggih punika bab-bab saking lebeting Kitab Suci piyambak ingkang nyeksekaken kamurnianing kaillahianipun.
Satunggal saking bukti saking lebet ingkang kapisan bilih Kitab Suci saestu Sabdanipun Gusti Allah katingal ing patunggilanipun. Sanadyan punika saleresipun arupi sewidak enem buku piyambak-piyambak, kaserat ing tiga daratan, ing tiga basa ingkang benten, nglangkungi wekdal sawetawis 1500 tahun, dening langkung saking 40 (sekawan dasa) panyerat (ingkang dateng saking kathah lelampahaning gesang), Kitab Suci ngengetaken satunggal patunggilaning buku saking wiwitan dumugi pungkasan tanpa bebantahan. Patunggilan punika gadhah ciri kabandhing kaliyan sedaya buku-buku sanesipun lan dados bukti saking mula bukaning ingkang ilahi saking tembung-tembung punika awit Gusti ingkang damel manungsa kados makaten satemah manungsa nyerat Sabdanipun Gusti.
Bukti saking nglebet ingkang mratelakaken Kitab Suci punika saestu Pangandikanipun Gusti katingal ing pamedar wangsit ingkang rinci ingkang kamomot wonten ing lembaran-lembaranipun. Kitab Suci isinipun atusan pamedar wangsit sacara rinci ingkang sesambetan kaliyan wekdal ing ngajeng saking saben bangsa kalebet Israel, kaliyan wekdal ing ngajeng bab kitha-kitha ingkang katemtokaken, kaliyang wekdal ing ngajenging manungsa, sarta kaliyan rawuhipun satunggaling tiyang ingkang badhe dados Mesias, Juru wilujeng ingkang boten namung tumrap Israel, nanging sedaya ingkang badhe pitados dhateng Panjenenganipun. Pamedaring wangsit ingkang boten sami kaliyan ingkang dipun panggihi ing kitab-kitab agama sanes utawi punika dipun tindakaken dening Notradamus, pamedaring wangsit saking kitab suci karinci sacara nyolok uga boten nate lepat dados kasunyatan. Wonten langkung saking 300 pamedaring wangsit ngengingi Yesus Kristus ing Prajanjian Lawas piyambak. Boten namung dipun cariyosaken saderengipun Panjenenganipun badhe miyos sarta Panjenenganipun badhe rawuh saking kulawarga ingkang kados punapa, nanging ugi kados pundi Panjenenganipun badhe seda lan bilih Panjenenganipun badhe wungu malih ing tigang dintenipun. Boten wonten cara ingkang mokal kangge nerangaken pamedharing wangsit ingkang kadadosan ing Kitab Suci kajawi saking asal-usulipun ingkang ilahi.
Bukti saking nglebet ingkang kaping tiga saking kailahianing Kitab Suci katingal ing pangaribowo lan kakiyatanipun ingkang unik. Sanadyan bukti-bukti punika langkung adhedhasar ing bukti saking lebet nomer kalih ingkang langkung rumiyin, boten ngirangi kakiyatan paseksi kailahianipun Kitab Suci. Kitab Suci kagungan pangaribowo khusus ingkang boten sami kaliyan buku-buku sanes ingkang nate kaserat. Pangaribawa uga kuwaos punika katingal cetha sanget ing salebeting tiyang-tiyang ingkang kaewahi ingkang boten saged kaetang kathahipun lumantar pamaosing Kitab Suci. Panyandu obat bius kawaluyakaken, homoseksual (pepadha jenise) kamardikakaken, gelandangan uga tiyang kesed kaewahi, tiyang jahat sami kaenggalaken, tiyang dosa kaengetaken, sarta sengit kadadosaken tresna amarga maos Kitab Suci. Kitab Suci gadhah semangat uga ngewahi kakiyatan ingkang namung saged kadadosan amargi saestu Sabdanipun Gusti Allah.
Kajawi saking punika, bukti saking nglebet bilih Kitab Suci punika saestu Pangandikanipun Gusti Allah, wonten ugi bukti-bukti saking jawi ingkang mratelakaken bilih Kitab Suci punika saestu Pangandikanipun Gusti Allah.
Satunggal saking bukti-bukti kalawau inggih punika sejarahing Kitab Suci. Awit prastawa sejarah ingkang rinci ing Kitab Suci, kaleresan uga ketelitianipun punika manut kaliyan pambukten kados dene cathetan sejarah sanesipun. Langkung kekalihipun bukti-bukti kapurbakalan uga dokumen seratan sanes, cacahing seratan sejarah Kitab Suci sampun kabuktekaken makaping-kaping malih bilih rinci uga kaleresanipun. Kasunyatanipun sedaya kapurbakalan lan ayat-ayat Kitab Suci mbuktekaken panyengkuyunging Kitab Suci ndadosaken punika buku ingkang kacathet kanthi sampurna saking jaman kino. Kasunyatan bilih Kitab Suci kanthi kanthi tepat uga nyathet cathetan sajarah, ingkang leres saged dites, minangka bukti ingkang leres babagan topik agami uga doktrin-doktrin religius, ingkang langkung nguatake klaim menawi Kitab Suci minangka leres Sabdaning Sang Yehuwah.
Bukti sanes saking njawi bilih Kitab Suci leres Sabdanipun Gusti Yehuwah inggih punika kajujuraning panyeratipun. Kados ingkang kasebat ing ngajeng, Gusti Yehuwah migunakaken manungsa saking kathah lelampahan gesang kangge nyathet Pangandikanipun tumrap kita. Wonten ing salebeting nyinaoni bab gesang saking tiyang-tiyang kala wau, boten wonten dhasar ingkang mesthi kangge pitados bilih tiyang-tiyang kala wau boten jujur sarta tulus wonten ing manah. Niti priksa gesangipun tiyang-tiyang kala wau uga kasunyatan bilih tiyang-tiyang kala wau bakale pejah (asring pejahipun karana panyiksa) tumrap punapa ingkang dipun pitadosi, punika sacara cepet dados cetha bilih kalumrahanipun tiyang-tiyang jujur ingkang saestu pitados bilih Yehuwah sampun ngandika dhumateng tiyang-tiyang kala wau. Tiyang ingkang nyerat Prajanjian Anyar uga atusan tiyang pitados sanesipun (1 Korinta 15:6) sumerep kaleresaning wartanipun awit tiyang-tiyang kala wau sampun ningali uga nelasaken wekdal kaliyan Gusti Yesus Kristus sesampunipun Panjenenganipun wungu saking seda. Ewah-ewahaning tetingalan bab Wungunipun Kristus gadhah pangaribawa ingkang ageng sanget tumrap tiyang-tiyang punika. Tiyang-tiyang wau sami medal saking anggenipun umpetan amargi ajrih, lajeng dados sumadya pejah amarga wangsiting Yehuwah ingkang sampun kapratelakaken. Gesang uga pejahipun kangge nyeksekaken kanyatan bilih Kitab Suci punika saestu Sabdanipun Gusti.
Bukti saking jawi ingkang pungkasan bilih Kitab Suci punika saestu Sabdanipun Gusti inggih punika kawontenaning Kitab Suci ingkang boten saged karisak. Awit saking wigatosipun uga pratelanipun bab pangandikanipun Gusti, Kitab Suci kasangsarakaken dening serangan ingkang sakalangkung jahat uga upados kangge ngrisak Kitab Suci katimbang buku-buku sejarah sanesipun. Saking Kaisar Rum kados dene Diocletian, lumantar panguwaos komunis sarta dumugi jaman ateis lan kasangsaran moderen, Kitab Suci tetep wonten uga gesang langkung dangu saking sedaya panyerangipun sarta tasih kasebaraken wonten ing donya ngantos dumugining dinten punika.
Salaminipun, tiyang ingkang mangu-mangu nganggep Kitab Suci kados dene mitologi, nanging ilmu purbakala sampun netepaken minangka sejarah. Mengsah-mengsahipun sampun nyerang piwucalipun kados dene samukawis ingkang prasaja sanget sarta katilaran jaman, nanging pangertosan kasusilan uga ukum sarta piwucalipun ngandhut pangaribawa ingkang sae ing satengahing masyarakat uga kabudayan ing saindenging jagad. Kitab Suci badhe terus kaserang dening ilmu kawruh, psikologi (ilmu jiwa), sarta gerakan politik, nanging Kitab Suci badhe tetep leres bakoh uga sesambetan kaliyan jaman punika kados dene saestu sesambetan nalika wiwitan kaserat. Punika satunggaling kitab ingkang sampun ngewahi gesang uga kabudayan ingkang boten saged kaetung sadangunipun 2000 tahun kapengker. Boten dados prakawis kados pundi mengsah-mengsahipun nyobi nyerang, ngrisak, utawi boten pitados, Kitab Suci tetep saestu kiyat uga sesambetan kados dene saderengipun sasampunipun ngalami serangan-serangan punika. Katelitianipun ingkang tansah karimat sanadyan saben panyobi kangge ngrisak, nyerang, utawi nyirnakaken, cetha sanget nyeksekaken kasunyatan bilih Kitab Suci saestu Sabdaning Gusti. Bab punika saleresipun boten ngagetaken kita bilih boten dados prakawis kados pundi Kitab Suci kaserang, punika tansah medal tanpa ewah lan tanpa tatu. Sesampunipun sedaya wau, Gusti Yesus mangandika, “Langit lan bumi bakal sirna, nanging tembungKu ora bakal sirna” (Markus 13:31). Sesampunipun nyumurupi bukti punika tiyang saged cariyos tanpa mangu-mangu bilih “Ya Kitab Suci iku bener Sabdaning Gusti Sang Yehuwah.”
Punapa kaillahianipun Kristus punika alkitabiah?
besutKajawi pangandikanipun Gusti Yesus ingkang teges bab Sariranipun, para sakabat ugi ngakeni kaillahianipun Sang Kristus.
Para sakabat mratelakaken bilih Yesus kagungan panguwaos kangge paring pangapunten tumrap dosa; satunggaling bab ingkang namung saged katindakaken dening Gusti Sang Yehuwah, ngelingi dosa punika pandamel nglawan Gusti (Lelakone Para Rasul 5:31; Kolose 3:13, bandingaken kaliyan Jabur 130:4; Yeremia 31:34).
Sesambetan raket sanget kaliyan pratelan punika, Yesus ugi ngandika badhe “ngadili sedaya ingkang gesang miwah ingkang pejah” (2 Timoteus 4:1). Tomas mangsuli makaten: “dhuh Pangeran kawula, Gusti kawula!” (Yokanan 20:28). Paulus ngaturi Gusti Yesus “Gusti kang Maha Agung sarta Pamarta” (Titus 2:13), sarta mratelakaken bilih saderengipun Gusti Yesus manjilma, Panjenenganipun gesang “ngagem sipating Allah” (Filipi 2:5-8).
Panyerat Kitab Ibrani nyariosaken bab Gusti Yesus bilih “Dhuh, Allah, dhampar Paduka punika langgeng salaminipun” (Ibrani 1:8).
Yokanan nyariosaken bilih, “Ing kala purwa Sang Sabda iku ana, dene Sang Sabda iku nunggil karo Gusti Allah sarta Sang Sabda iku Gusti Allah” (Yokanan 1:1).
Conto-conto ayat Kitab Suci ingkang mucal bab kaillahianipun Sang Kristus punika kathah sanget (sumangga ningali Kitab Wahyu 1:17; 2:8; 22:13; 1 Korinta 10:4; 1 Petrus 2:6-8; bandhingaken kaliyan Jabur 18:2; 95:1; 1 Petrus 5:4; Ibrani 13:20), ayat punika sampun cekap kangge nedahaken bilih Kristus punika dipuntingali kaillahianipun dening para pandherekipun.
Gusti Yesus inggih kaaturan gelar ingkang unik YHWH (kawaos “Yehuwah”-- asma ingkang resmi saking Gusti Allah) ing Prajanjian Lawas. Gelar ing Prajanjian Lawas “Panebus” (Jabur 130:7; Hosea 13:14) kaagem dening Gusti Yesus wonten ing Prajanjian Anyar (Titus 2:13; Wahyu 5:9).
Yesus kasebat Immanuel (“Gusti nunggil kalawan kita" ing Mateus 1). Ing Zakharia 12:10, Yehuwah ingkang ngandika, “Satemah iku bakal padha mandeng marang kang wus katuwek dhewe.” Nanging Prajanjian Anyar matrapaken punika tumrap pangurbananipun Gusti Yesus (Yokanan 19:37; Wahyu 1:7). Manawi punika Yehuwah ingkang kasuduk uga kapandeng, lan Yesus punika inggih tiyang ingkang kasuduk uga kapandeng, mila Yesus punika Yehuwah.
Paulus napsiraken Yesaya 45:22-23 kangge nyebat Yesus wonten ing Filipi 2:10-11. Langkung tebih, asmanipun Yesus kasandhing kaliyan asman Yehuwah ing salebeting pandonga “Sih-rahmat ana ing kowe lan tentrem rahayu saka Gusti Allah, Rama kita, lan saka Gusti Yesus Kristus” (Galati 1:3; Efesus 1:2).
Punika badhe dados panyenyamah bilih Kristus punika sanes Gusti. Asmaipun Yesus kasandhingaken kaliyan Yehuwah nalika Yesus nitahaken supados mbaptis “wonten ing asmanipun (tunggal) Sang Rama lan Sang Putra lan Sang Roh Suci” (Mateus 28:19; sumangga ugi mirsani 2 Korinta 13:14). Wonten Ing kitab Wahyu Yokanan ngandika sadaya tumitah memuji Sang Kristus (Cempening Allah) -- mila Yesus boten kalebet ing antawisipun ingkang tumitah (5:13).
Pakaryan ingkang namung saged kasampurnakaken dening Gusti dipun pitadosaken dhumateng Gusti Yesus. Gusti Yesus boten namung wungu saking pati (Yokanan 5:21; 11:38-44), sarta paring pangapuntening dosa (Lelakone Para Rasul 5:31; 13:38), Panjenenganipun ingkang ngasta lan nyanggi jagad (Yokanan 1:2; Kolose 1:16-17)!
Bab punika malah damel langkung kiyat tumraping satunggal tetimbangan bilih Yehuwah ngandika Panjenenganipun piyambakan sadangunipun nitahaken (Yesaya 44:24). Langkung malih, Kristus kagungan kawicaksanan ingkang namung saged dipungadhahi dening sipating kaillahian: kalanggengan (Yokanan 8:58), wonten ing pundia papan (Mateus 18:20, 28:20), maha mirsani (Mateus 16:21), maha kuwaos (Yokanan 11:38-44).
Ngakeni bilih panjenenganipun punika Gusti Allah lan ngapusi manungsa supados pitados bilih panjenenganipun punika Gusti, punika benten sanget kaliyan mbuktekaken bilih panjenenganipun punika Gusti.
Kristus mratelakaken bukti tumrap punapa ingkang katerangaken bab kaillahianipun mawi kathah mukjijat uga malah wungu saking pati. Conto mukjijatipun Gusti Yesus kaleblet ngewahi toya dados anggur (Yokanan 2:7), mlampah ing sanginggiling toya (Mateus 14:25), nikelaken barang-barang (Yokanan 6:11), maluyakaken tiyang wuta (Yokanan 9:7), tiyang pincang (Markus 2:3), sarta tiyang ingkang gerah (Mateus 9:35; Markus 1:40-42), malah ugi nggesangaken tiyang pejah (Yokanan 11:43-44; Lukas 7:11-15; Markus 5:35).
Malah, Kristus piyambak inggih wungu saking pati. Tebih sanget saking mitos babagan pati, wungunipun dewa ingkang dipun akeni dening agami sanes, boten wonten kapitadosan babagan wungu saking pati ing agami sanes, lan boten wonten pangaken sanes ingkang gadhah panegesan kathah kados dene ing Kitab Suci.
Miturut Dr. Gary Habermas, sakirang-kirangipun wonten kalihwelas (12) bukti sejarah ingkang kedah dipunakeni, malah para sarjana sanes-Kristen ingkang ngakeni:
- Yesus seda kasalib.
- Panjenenganipun kakubur.
- Sedanipun nyebabaken para sakabat nglokro sarta kecalan pangajeng-ajeng.
- Pasareanipun Gusti Yesus ingkang katutup (utawi dipun cariosaken katutup) dados kosong ing sawetawis dinten sasampunipun.
- Para sakabat pitados bilih sami ngalami nyumurupi wungunipun Yesus.
- Sasampunipun punika para sakabat sami ewah saking anggenipun mangu-mangu lan dados sami pitados kanthi mantep.
- Pawartos punika ingkang dados pusating piwucal ing wiwitaning Pasamuwan.
- Pawartos punika kawucalaken ing Yerusalem.
- Minangka asiling piwucal punika, Pasamuwan lair uga mindhak ageng.
- Dinten wungunipun, Minggu, kagantos Sabat (Setu) dinten ingkang utami minangka pangabekti.
- Yakobus, ingkang mangu-mangu, gantos agami nalika piyambakipun ugi pitados bilih piyambakipun nyumurupi wungunipun Yesus.
- Paulus, mengsahipun tiyang Kristen, mratobat lumantar anggenipun ngalami ingkang dipun pitadosi nyumurupi wungunipun Yesus.
Malah manawi sok sintena ingkang dados tokoh ing deretan ingkang mangu-mangu, namung sakedhik ingkang betah bukti bab pawungon sarta bukti bab piwucal: Sedanipun Yesus, kakubur, pawungon, sarta seserepan (1 Korinta 15:1-5).
Sanadyan mbok menawi wonten kathah teori ingkang nerangaken satunggal utawi kalih bukti ing nginggil, namung naning wungu saking pati ingkang nerangaken sarta nyariosaken tumrap sadaya tiyang. Para pangritik ngakeni bilih para sakabat nyariosaken sami nyumerepi wungunipun Yesus. Boten wonten ingkang goroh punapa dene impen saged ngewahi tiyang nindakaken caraning patangen.
Ingkang kaping pisan, kauntungan punapa ingkang badhe sami dipun gayuh? Kakristenan punika boten kondang sarta mesthi boten ngasilaken bandha tumrap tiyang.
Ingkang kaping kalih, tiyang ingkang goroh boten purun dados martir. Boten wonten katerangan ingkang langkung sae katimbang patangen tumrap pepenginanipun para sakabat nglampahi pati ingkang nggegirisi awit kapitadosanipun. Mila, kathah tiyang pejah awit saking goroh bilih ingkang kapikiraken punika leres, nanging boten wonten tiyang ingkang pejah awit punapa ingkang dipun sumurupi punika boten leres.
Wusananipun: Kristus ngandika bilih Panjenenganipun punika Yehuwah, Panjenenganipun asipat Gusti (boten namung “salah satunggaling gusti, nanging Gusti ingkang sejatos), para pandherekipun (tiyang Yahudi ingkang sampun nyembah brahala ingkang nggegirisi) pitados dhumateng Panjenenganipun sarta pasrah bongkokan dhumateng Panjenenganipun. Sang Kristus mbuktekaken pangandikanipun bab sipating kaillahianipun mawi mukjijat-mukjijat kalebet wungu saking pati ingkang ngewahi jagad.
Boten wonten pamanah sanesipun ingkang saged nerangaken kanyatan punika.
Punapa kawilujengan punika namung amargi kapitadosan, utawi amargi kapitadosan lan pandamel?
besutMbok menawi pitakenan punika ingkang paling wigatos wonten ing babagan teologi Kristen. Pitakenan punika ingkang njalari wontenipun Reformasi (nata malih); wontenipun pecahan ing antawisipun gereja Protestan lan gereja Katolik. Pitakenan punika kunci ingkang mbentenaken antawisipun Kakristenan sacara Kitab Suci lan saperangan ageng piwulang ingkang lepat.
Punapa kawilujengan punika namung karana kapitadosan, utawi karana kapitadosan lan pandamel? Punapa kula kawilujengaken namung awit pitados ing Gusti Yesus, utawi punapa kula kedah pitados ing Gusti Yesus uga nindakaken bab-bab ingkang sampun katemtokaken?
Pitaken bab namung kapitadosan utawi kapitadosan lan pandamel punika tumrap sawetawis tiyang kraos awrat kangge damel karahayon nampeni Kitab Suci. Mugi dipunbandingaken kaliyan serat Rum 3:28, 5:1 lan Galati 3:24 kaliyan Yakobus 2:24. Sawetawis tiyang ningali bentenipun antawisipun Paulus (karahayon punika namung awit saking kapitadosan) lan Yakobus (karahayon punika awit saking kapitadosan lan pandamel).
Kasunyatanipun, Paulus lan Yakobus boten nyelaki kekalihipun. Panyelak ingkang dipunwicantenaken sejatinipun inggih babagan kapitadosan lan pandamel. Paulus mratelakaken bilih dasaring kita kaleresaken punika namung saking kapitadosan (Efesus 2:8-9) dene Yakobus mratelakaken bilih dasaring kita kaleresaken punika saking kapitadosan lan pakaryan.
Bab ingkang katingal kosokbalen punika saged dipunmangertosi kanthi nitipriksa punapa sajatosipun ingkang dipunwicantenaken dening Yakobus. Yakobus mratelakaken kalepatan anggenipun kapitadosan bilih sok sintena kemawon saged gadhah kapitadosan tanpa ngasilaken pakaryan ingkang sae (Yakobus 2:17-18). Yakobus negesaken bab punika bilih kapitadosan dhumateng Sang Kristus ingkang sayektos badhe ngangsalaken ewah-ewahaning gesang lan pakaryan ingkang sae (Yakobus 2:20-26).
Yakobus boten mratelakaken bilih kaleresan punika saking kapitadosan sarta pakaryan, nanging cekap bilih tiyang ingkang saestu leres awit saking kapitadosan badhe nggadhahi pakaryan ingkang sae ing gesangipun. Manawi tiyang mratelakaken bilih panjenenganipun tiyang pitados, nanging boten nindakaken pakaryan ingkang sae ing gesangipun, sami kemawon kaliyan boten gadhah kapitadosan ingkang sayektos wonten ing Sang Kristus (Yakobus 2:14, 17, 20, 26).
Paulus mratelakaken babagan ingkang sami wonten ing seratanipun. Woh ingkang sae saking tiyang pitados ingkang badhe kapanggih ing gesangipun inggih kados punapa ingkang kaserat ing Galati 5:22-23. Mila saksampunipun paring dhawuh dhateng kita bilih kita sampun kawilujengaken awit saking kapitadosan, sanes karana pakaryan (Efesus 2:8-9), Paulus paring dhawuh dhateng kita bilih kita katitahaken supados nindakaken pakaryan ingkang sae (Efesus 2:10).
Paulus gadhah pangajeng-ajeng kangge ngewahi gesang sami kaliyan ingkang katindakaken dening Yakobus, “Dadi, sapa kang ana ing Sang Kristus, iku dadi titah anyar; kang lawas wus sirna, lan kang anyar pranyata wus teka” (2 Korinta 5:17)! Yakobus lan Paulus boten nyelaki bab piwucalipun tumrap kawilujengan. Piyambakipun nyaketi pokok ingkang sami saking panyawang ingkang benten. Paulus negesaken sacara prasaja bilih kita kaleresaken punika awit saking kapitadosan kemawon dene Yakobus negesaken kasunyatan bilih kapitadosan wonten ing Sang Kristus punika badhe ngangsalaken pakaryan ingkang sae.
Punapa tiyang Kristen kedah netepi paugeraning toret lan paugeran ing Prajanjian Lawas?
besutKunci kangge mangertosi perangan punika inggih punika nyumurupi bilih angger-angger wonten ing Prajanjian Lawas kaparingaken dhateng bangsa Israel, sanes kangge tiyang Kristen. Angger-angger kalawau kaparingaken supados tiyang Israel sumerep kadospundi netepi angger-anggering Gusti (contonipun inggih punika angger-angger sedasa titah), kangge nedahaken kadospundi bangsa Israel kedah ngabekti/nyembah dhumateng Gusti (contonipun tatacara ngaturaken kurban), lan kangge mangertosi bilih bangsa Israel punika benten saking bangsa sanesipun (contonipun tatanan babagan tetedhahan lan ageman). Boten wonten satunggaling Angger-angger Toret lan Prajanjian Lawas ingkang kapatrapaken dhateng kita ing wekdal punika. Nalika Gusti Yesus seda wonten ing kajeng salib, Panjenenganipun mungkasi angger-anggering Prajanjian Lawas (Rum 10:4; Galati 3:23-25; Efesus 2:15).
Minangka gantosing angger-angger Prajanjian Lawas, kita nglampahi gesang wonten ing wewengkoning pepakenipun Sang Kristus (Galati 6:2) ingkang surasoipun : “Sira tresnaa marang Pangeran Allahira kalawan gumolonging atinira, lan gumolonging nyawanira, sarta gumolonging budinira. Yaiku angger-angger kang gedhe lan luhur dhewe. Dene angger-angger kang kapindho kang padha karo iku, yaiku: Sira tresnaa ing sapepadhanira dikaya marang awakira dhewe. Kabeh isining Toret lan kitabe para nabi iku gumantung karo angger-angger loro mau” (Mateus 22:37-40). Manawi kita nglampahi kalih bab punika, kasunyatanipun kita nindakaken punapa ingkang dipunkersakaken dening Sang Kristus, “Amarga katresnan marang Gusti Alah iku wujude yaiku, yen kita padha netepi ing pepakone. Pepakon-pepakone iku ora abot” (1 Yokanan 5:3). Sejatinipun, angger-angger sedasa titah punika boten namung kaangge tumrap tiyang Israel kemawon. Kadospundia, sanga (9) saking sedasa (10) angger-angger punika kawangsuli malih wonten ing Prajanjian Anyar (sedaya pepaken kajawi pepaken babagan nglampahi dinten Sabat). Manawi kita ngasihi Gusti Yehuwah kita temtu boten badhe nyembah allah-allah sanes utawi nyembah brahala. Manawi kita ngasihi sesami kita, kita temtu boten badhe mejahi, nyidrani, tumindak sedheng dhateng sesami kita, utawi meri kaliyang punapa ingkang dipun darbeni sesami kita. Dados, gesang kita boten wonten ing sangandhaping sarat-sarat, angger-angger ing Prajanjian Lawas. Kita ngasihi Gusti Yehuwah sarta ngasihi sesami kita. Manawi kita nindakaken kalih bab kalawau kanthi kebak ing kapitadosan, sedaya bab sanesipun badhe kawuwuhaken.
Sinten ta Roh Suci Punika?
besutKathah pangerten ingkang boten trep nyumurupi babagan Roh Suci. Sawetawis tiyang pitados bilih Roh Suci punika sawijining kakiyatan gaib. Tiyang sanes pitados bilih Roh Suci punika kados dene kuwaosipun pribadining Allah ingkang kasadiyakaken tumrap para pandherekipun Kristus.
Lajeng, punapa ingkang kasebat wonteng ing Kitab Suci bab jatidirinipun Roh Suci? Kitab Suci mratelakaken bilih Roh Suci punika Gusti. Kitab Suci ugi nyariosaken dhumateng kita bilih Roh Suci punika satunggaling Pribadi, satunggaling Badan kaliyan pikiran, pangraos, sarta karsa.
Kasunyatanipun bilih Roh Suci punika Gusti, kasebat wonten ing kathah ayat Kitab Suci kalebet Lelakone Para Rasul 5:3-4. Ing ayat punika Petrus negur Ananias ingkang sampun goroh dhumateng Roh Suci sarta matur dhateng Petrus bilih piyambakipun “boten goroh dhateng manungsa nanging dhumateng Gusti.”
Punika pratelan ingkang gamblang bilih goroh dhumateng Roh Suci punika goroh dhumateng Gusti. Kita ugi saged sumerep bilih Roh Suci punika Gusti Allah awit Panjenenganipun kagungan kawicaksanan utawi sipating Allah.
Contonipun kanyatan bilih Roh Suci punika wonten ing pundi kemawon saged kasumurupi ing Jabur 139:7-8 “Dhateng pundi anggen kula kesah nebihi roh Paduka, dhateng pundi anggen kula mlajeng nilar pangayunan Paduka? Manawi kula sumengka dhateng langit, Paduka wonten ing mrika, manawi kawula nggelar patileman kawula wonten ing jagadipun tiyang pejah, Paduka inggih wonten ing ngriku”.
Lajeng ing 1 Korinta 2:10 kita ningali Roh Suci punika ingkang nitipriksa punapa kemawon, “Awit Gusti Allah wus nglairake bab iku marang kita sarana Sang Roh, sabab Sang Roh iku nitipriksa samubarang kabeh dalah bab wewadine Gusti Allah.”
Kita saged sumerep bilih Roh Suci punika saestu satunggaling Pribadi awit Panjenenganipun kagungan pikiran, pangraos, sarta karsa. Roh Suci punika mikir lan nyumurupi (1 Korinta 2:10). Roh Suci saged sedih (Efesus 4:30). Roh Suci paring pangapunten tumrap kita (Rum 8:26-27). Roh Suci mendhet pancasan miturut ing karsanipun (1 Korinta 12:7-11). Roh Suci punika Gusti, Pribadi ingkang kaping tiga saking Trinitas. Kados dene Gusti Allah, Roh Suci saestu saged tumindak minangka Panglipur sarta Panggulawenthah kados ingkang dipun prajanjekaken dening Gusti Yesus (Yokanan 14:16,26; 15:26).
Kados pundi kawula saged mangertos karsanipun Gusti tumrap gesang kawula?
besutWonten kalih prakawis supados manungsa saged nyumurupi karsanipun Gusti tumrap kawontenan ingkang kaparingaken:
(1) Kita kedah mangertosi bilih punapa ingkang panjenengan pengini utawi dipuntindakaken punika sanes bab ingkang boten kaparengaken dening Kitab Suci.
(2) Kita kedah mangertosi punapa ingkang panjenengan pengini utawi dipuntindakaken punika bab ingkang badhe ngluhuraken Gusti Allah sarta mitulungi panjenengan supados saged dewasa sacara rohani.
Manawi kalih bab punika leres sarta Gusti taksih dereng maringi punapa ingkang panjenengan suwun punika mungkin kemawon sanes kersanipun Gusti tumrap panjenengan. Utawi, mbok menawi panjenengan namung kedah nengga sawetawis wekdal malih. Mangertosi karsanipun Gusti punika sok-sok nggih angel. Manungsa kepengin mirengaken dhawuhipun Gusti sacara cetha; kita nyambut damel ing pundi, omah-omahan ing pundi, jodonipun sinten, uga sakpiturutipun. Rum 12:2 mratelakaken dhumateng kita sedaya, “Lan kowe aja madha rupa kaya jagad iki, nanging padha salina marga saka budimu kaanyarake, satemah kowe bisa niteni apa kang dadi karsane Gusti Allah,apa kang becik, kang ndadekake keparenge Gusti lan kang sampurna.”
Gusti awis-awis maringi dhawuh/pitedah sacara langsung lan teges dhumateng manungsa. Gusti marengaken kita milih ngengingi bab-bab kala wau. Namung pancasanipun Gusti ingkang boten kakarsakaken tumrap kita inggih punika pancasan tumrap dosa utawi lumawan ing karsanipun Panjenengane. Gusti ngersakaken kita damel pilihan ingkang nyondhongi ing kersanipun.
Mila, kados pundi panjenengan mangertos punapa ingkang dipunkersakaken dening Gusti tumrap panjenengan? Menawi panjenengan mlampah celak kaliyan Gusti uga saestu ngladosi karsanipun Gusti wonten ing gesang panjenengan, Gusti mesthi badhe paring dhawuh punapa ingkang dados kersanipun wonten ing manah kita.
Kuncinipun inggih punika ngupados karsanipun Gusti, sanes pikajeng kita piyambak. “Lan bungaha marga saka Sang Yehuwah, dadi kowe mesthi diparingi pepenginaning atimu” (Jabur 37:4). Manawi Kitab Suci boten ngandika ingkang kosokwangsul kaliyan punika, sarta punika saestu saged migunani tumrap panjenengan sacara batin, lajeng Kitab Suci maringi “palilah” panjenengan damel pancasan sarta nuruti manah panjenengan.
Kados pundi kawula saged ngungguli dosa ing salebeting gesang Kekristenan kawula?
besutKitab Suci maringaken kathah sumber kangge mbiyantu kita ing upaya ngatasi dosa. Ing salebeting gesang punika, kita boten badhe saged unggul ing dosa (1 Yokanan 1: 8), nanging punika mesthi dados tujuaning kita. Kanthi pitulung saking Gusti, kita saged ngatasi dosa uga saged dados kados Kristus, ateges nggadhahi sipatipun Kristus.
(1) Roh Suci
Satunggaling peparing ingkang sampun kaparingaken Gusti dhateng kita sedaya (gerejanipun Gusti Yehuwah) satemah saged nggayuh kaunggulan ing gesangipun tiyang Kristen inggih punika Roh Suci. Gusti mbedakaken antawisipun kedagingan sarta wohing Roh wonten ing Galati 5:16-25. Ing perangan punika kita katimbalan supados lumampah ing salebeting Roh. “Sedaya tiyang pitados punika sampun sami kadunungan Roh Suci, nanging perangan ayat punika mratelakaken dhateng kita bilih kita kedah lumampah salebeting Roh, pasrah dhateng panuntuning Roh. Punika tegesipun milih langkung pasrah dhateng panyurunging Roh Suci ingkang makarya ing salebeting gesang katimbang nuruti pepenginaning kadagingan kita”.
Bentenipun bilih Roh Suci saged damel gesanging tiyang pitados kados dene ingkang kapratelakaken ing gesangipun Petrus, ingkang saderengipun kapenuhan Roh Suci nyelaki Gusti Yesus kaping tiga, sarta sesampunipun punika piyambakipun mratelakaken bilih badhe ndherek Sang Kristus ngantos dumugining pati. Sesampunipun kapenuhan, piyambakipun wicanten sacara blak-blakan uga saestu leres dhumateng tiyang Yahudi nalika Pentakosta.
Tiyang ingkang lumampah ing salebeting Roh Suci boten gampang pasrah dhateng bab ingkang ngalang-alangi panyurunging Roh (“Aja nyirep Sang Roh” kados ingkang kacariosaken ing 1 Tesalonika 5:19) nanging kosok wangsulipun piyambakipun badhe kapenuhan Roh Suci (Efesus 5:18-21). Kados pundi kapenuhan dening Roh Suci punika? Wiwitanipun, Gusti ingkang milih prastawa kados dene ing Prajanjian Lawas. Panjenenganipun milih pribadi sarta kadadosan ingkang katemtokaken ing Prajanjian Lawas kangge maringi pribadi kala wau. Panjenenganipun milih kangge nyampurnakaken pakaryan ingkang dipunkersakaken supados katindakaken (Purwaning Dumadi 41:38; Pangentasan 31:3; Wilangan 24:2; 1 Samuel 10:10; lsp.). Kula pitados bilih wonten katerangan ing Efesus 5:18-21 lan Kolose 3:16 bilih Gusti milih menuhi tiyang ingkang ngraosaken piyambak Pangandikanipun Gusti minangka bukti saking kasunyatan bilih akibating saben pangraos ing ayat-ayat punika sami kemawon. Lajeng, punika badhe mbeta kita dhateng sumber ingkang salajengipun.
(2) Sabdanipun Gusti Yehuwah, Kitab Suci
2 Timoteus 3:16-17 mratelakaken bilih Gusti sampun maringi kita Sabdanipun supados njangkepi anggen kita nindakaken bab ingkang sae. Mucal kados pundi kita nglampahi gesang lan pitados dhateng punapa, punika saestu nyata tumrap kita menawi kita sampun milih margi ingkang lepat, punika mitulungi kita wangsul dhateng margi ingkang leres, sarta mitulungi kita gesang wonten ing margi punika. Kados dene ingkang kapratelakaken ing Ibrani 4:12, gesang kanthi kakiyatan ingkang ageng sarta saged rumerep ing manah kita kangge mbasmi bab-bab ingkang paling lebet ingkang pawicantenan sacara manungsa boten saged nglangkungi. Panyerat kitab Jabur carios bab ewah-ewahan kakiyataning gesangipun wonten ing Jabur 119:9, 11, 105 sarta ayat-ayat sanesipun. Yosua inggih ngandika bilih kuncining kamenanganipun ngatasi mengsah-mengsahipun (satunggaling pasemon tumrap paperanganing karohanen kita) punika boten nyupekaken sumber punika nanging nggilut-gilut rina wengi. Yosua netepi prajanji kala wau satemah piyambakipun saged menang ing paperanganipun tumrap lemah prajanjian.
Sumber punika biasanipun kita sepelekaken. Kita ngatingalaken pakurmatan kita sarana mbeta Kitab Suci kita ing gereja utawi maos renungan padintenan utawi maos satunggal bab saben dinten, nanging kita gagal ngapalaken utawi nggegilut sarta matrapaken ing salebeting gesang kita, ngakeni dosa kita kados ingkang dipunpratelakaken ing pamaos kita kala wau. Kita asring kados tiyang boten purun nedha utawi kemaruk nalika kita ngadhepi Kitab Suci. Kita namung nggegilut sauntawis cekap kangge gesang karohanen kita lumantar “nedha saking Sabdaning Gusti” mawi cara kesah dhateng gereja (nanging boten nate nggegilut kanthi cekap supados karohanen kita kiyat/sehat, sansaya tumindhak sae minangka tiyang Kristen). Utawi kita asring “nedha” Sabdaning Gusti punika nanging boten nate nggegilut kanthi dangu supados ngangsalaken gisi karohanen ingkang cekap saking anggen kita nggegilut Pangandikaning Gusti punika.
Punika wigatos menawi panjenengan dereng nyinaoni Pangandikanipun Gusti kanthi saestu ing gesang saben dinten, sarta dereng ndadosaken ing padintenan panjenengan ngapalaken ayat-ayat ingkang gumathok ing manah ingkang katindakaken dening Roh Suci, mila panjenengan kedah miwiti ndadosaken bab punika minangka satunggaling bab ingkang kedah katindakaken ing padintenan panjenengan. Ugi kausulaken supados miwiti damel cathetan (punapa ing komputer menawi panjenengan ngetik langkung cepet katimbang nyerat mawi tangan) utawi ing satunggaling buku cathetan, uga sapanunggalanipun. Punika dadosa satunggaling padamelan padintenan lan sampun nilaraken Pangandikanipun Gusti ngantos panjenengan nyerat bab ingkang panjenengan pethik saking ayat-ayat punika. Kula asring nyathet pandonga-pandonga dhumateng Gusti supados Panjenenganipun ngewahi kula ing bab-bab kados ingkang kapangandikakaken dhateng kula langkung Sabdanipun. Kitab Suci punika alat ingkang dipun agem dening Roh Suci ing salebeting gesang kita sarta gesanging tiyang sanes (Efesus 6:17), bab ingkang dasar lan wigatos sanget minangka tameng ingkang kaparingaken Gusti dhumateng kita supados kita ginakaken ing paperangan karohanen kita (Efesus 6:12-18).
(3) Pandonga
Punika bab sumber saklajengipun ingkang perlu, ingkang sampun kaparingaken dening Gusti. Kaliyan malih, punika sumber ingkang asring kaucapaken dening tiyang Kristen nanging awis-awis katindakaken. Kita gadhah kempalan pandonga, wekdal kangge ndedonga, lan sapanunggalanipun, nanging kita boten manggih punika kaginakaken kados dene ingkang katuladakaken dening gereja wiwitan (Lelakone Para Rasul 3:1; 4:31; 6:4; 13:1-3, lan sapanunggalanipun). Paulus makaping-kaping nyebut kados pundi piyambakipun ndedonga kangge paladosanipun. Makaten ugi ingkang kedah kita tindakaken, menawi kita piyambak, migunakaken sumber agung ingkang sumadiya tumrap kita. Awit Gusti sampun maringi kita prajanji ingkang endah bab pandonga (Mateus 7:7-11; Lukas 18:1-8; Yokanan 6:23-27; 1 Yokanan 5:14-15, lan sapanunggalanipun). Kaliyan malih, Paulus nglebetaken punika wonten ing bagianipun kangge nyiapaken paperangan karohanen (Efesus 6:18)!
Sapinten wigatosipun? Menawi panjenengan ningali malih dhateng Petrus, panjenengan enget pangandikanipun Kristus dhumateng piyambakipun wonten ing Taman Getsemani saderengipun panyelakipun Petrus. Wonten ing mrika, nalika Gusti Yesus ndedonga, Petrus tilem. Gusti Yesus nggugah piyambakipun sarta ngandika, “Padha meleka lan ndedonga, supaya kowe aja tumiba ing panggodha. Roh iku pancen cumadhang, nanging daging iku ringkih” (Mateus 26:41). Panjenengan, kados dene Petrus, kepengin nindakaken punapa ingkang sae nanging boten gadhah kakiyatan. Kita perlu tetep ndherek lan ngupados pepengetipun Gusti Allah, tetep nothok kori, tetep nyenyuwun -- dene Panjenenganipun badhe maringi kita kakiyatan ingkang kita perlokaken (Mateus 7:7). Nanging kita perlu ngaturi boten namung saking pangucaping tutuk ingkang prasaja tumrap sumber punika kemawon.
Kula boten mratelakaken bilih pandonga punika gaib. Boten. Gusti punika ngeram-eramaken. Pandonga punika pangaken ingkang prasaja saking kawontenan kita ingkang pas-pasan dene panguwaosing Gusti punika tanpa wates sarta ndherek Panjenenganipun punika kangge nampeni kakiyatan supados nindakaken punapa ingkang Panjenenganipun kersakaken tumrap kita (sanes punapa ingkang kita kepengini) (1 Yokanan 5:14-15).
(4) Gereja
Sumber ingkang pungkasan punika satunggal malih ingkang kita upakara nanging lajeng kita supekaken. Nalika Gusti Yesus ngintun para sakabatipun, Panjenenganipun ngutus para sakabat kalih-kalih (Mateus 10:1). Nalika kita maos bab lelampahan para rasul wonten Lelakone Para Rasul, para sakabat kala wau boten kesah piyambakan ing satunggal wekdal, nanging rombongan ingkang dumados saking kalih utawi langkung. Gusti Yesus ngandika bilih ing pundi kalih utawi tiga tiyang makempal wonten ing Asmanipun, Panjenenganipun inggih wonten ing satengahipun (Mateus 18:20). Panjenenganipun ngutus kita supados boten mundur saking pasadherekan kados ingkang katindakaken dening sawetawis tiyang nanging migunakaken wekdal punika supados sami ngiyataken ing salebeting sih katresnan sarta pandamel ingkang sae (Ibrani 10:24-25). Panjenenganipun dhawuh supados kita ngakeni kalepatan kita dhateng sesami (Yakobus 5:16). Wonten ing waosan ingkang wicaksana ing Prajanjian Lawas, kita dipun pangandikani bilih tosan nglandepaken tosan, tiyang nglandepaken sesaminipun (Wulang Bebasan 27:17). “Tapi telu ora gampang dipedhot.” Wonten kakiyatan ing cacah ingkang kathah (Kohelet 4:11-12).
Panjenengan saged manggihi sadherek jaler utawi sadherek estri wonten ing Sang Kristus (menawi panjenengan estri) saged mawi telepon utawi pepanggihan lan rerembagan sesarengan kados pundi anggenipun sami tumindak ing salebeting lelampahaning Kakristenanipun, kados pundi menawi sami gadhah sesanggen, uga sapanunggalanipun sarta sami ndongakaken satunggal uga satunggalipun lan tanggeljawab salebeting nindakaken Pangandikanipun Gusti tumrap pasadherekan, lan sapanunggalanipun.
Rikala ewah-ewahaning gesang punika cepet sanget. Kala-kala, uga wonten ing laladan sanes, dhateng langkung alon. Nanging Gusti sampun prasetya dhateng kita bilih menawi kita migunakaken sumber saking Panjenenganipun, Panjenenganipun badhe ngewahi gesang kita.
Menawi kula mlebet Kristen, kaluwarga kula boten ngakeni kula uga kula badhe kasiksa sanget ing kabudayan kula. Lajeng punapa ingkang kedah kula tindakaken?
besutPancen awrat tumrap tiyang pitados ingkang gesang ing satengahipun bangsa ing pundi kamardikaning agama dados satunggaling dasar kabudayan, kangge mangertos sacara cetha pangurbanan ingkang kedah kabayar awit ndherek Sang Kristus ing perangan sanes saking jagad punika. Kitab Suci, kados pundi kemawon punika Sabdanipun Gusti lan, makaten, kalebet ing mriku pangertosan tumrap sedaya pancobaning gesang sarta panggodha, tanpa migatosaken wekdal lan papan.
Gusti Yesus ndadosaken bab punika cetha bilih ingkang dherek Panjenenganipun punika mila awis sarta ngandhut resiko. Kanyatanipun punika sedaya babagan ingkang kedah dipunadepi.
Ingkang kapisan punika diri kita piyambak. Gusti Yesus tumuli nimbali wong akeh karo para sakabate sarta padha dipangandikani mangkene: "Saben wong kang arep ngetut buri Aku, iku nyingkura marang awake dhewe, ngangkata salibe lan melua Aku” (Markus 8:34). Salib punika satunggaling pirantining pepejah lan Gusti Yesus sampun damel piwulang bilih saben tiyang ingkang ngetut wingking Panjenenganipun tegesipun mejahi dhiri pribadinipun piyambak. Sedaya pepenginaning kadonyan uga pangangen-angen kita kedah kasalibaken satemah kita saged nggayuh gesang enggal wonten ing Panjenenganipun, awit boten wonten tiyang ingkang saged ngabdi dhateng kalih bendara (Lukas 16:13). Nanging gesang enggal punika langkung agung lan langkung aji katimbang sedaya samukawis ingkang saged kita gayuh ing jagad punika.
Kaping kalih punika saged mundhati kulawarga lan mitra kita. Gusti Yesus mratelakaken ing Mateus 10:32-39 bilih Panjenenganipun badhe rawuh ngasta pedhang ing antawisipun para pandherekipun uga kulawarganipun, awit wonten tiyang ingkang boten sengit, (tegesipun kirang nresnani) kulawarganipun punika boten pantes dados pandherekipun. Menawi kita nampik Sang Kristus kangge njagi katentreman ing satengahipun kulawarga sacara kadonyan, Panjenenganipun badi nampik kita ing swarga, sarta manawi Gusti Yesus nampik kita, kita badhe kawedalaken saking swarga. Nanging menawi kita ngakeni saderengipun tiyang, tanpa nuwuhaken apresiasi pribadhi, kita badhe micanten dhateng Sang Rama, “tiyang punika pandherek kula, keparengna piyambakipun lumebet ing kraton Paduka.” Gesang langgeng punika “mutiara ingkang adi sanget” wonten ing Mateus 13:44-45 ingkang aosipun damel ndarbeni sedaya samukawis. Boten sae nggegem prakawis ing salebeting gesang ingkang cekak lan enggal kapengkeraken sarta kecalan kalanggengan.
“Apa gunane wong oleh jagad iki kabeh, nanging kelangan nyawane?” (Markus 8:36).
Kadosdene Jim Elliot, satunggaling pakabar Injil ingkang kapejahi awit martosaken Sang Kristus dhateng suku Indian Huaorani ing Ecuador, nyariosaken, “Piyambakipun sanes tiyang bodho ingkang nyukani punapa ingkang boten saged dipun gayuh terus-terusan ingkang boten saged dipun culaken.”
Gusti Yesus ugi mratelakaken bilih panyiksan karana Sariranipun boten saged kaselaki. Panjenenganipun ngagengaken manah kita supados nganggep sedaya punika minangka perangan ingkang lumrah tumrap para sakabatipun Gusti, sarta nyawisaken manah tumrap panyiksan punika. Panjenenganipun malah nyebat panyiksan punika “kaberkahan” uga mangandika dhumateng kita supados “bebingah lan asukarena awit ganjaran ing swarga ingkang ageng” (Mateus 5:10-12). Panjenenganipun ngengetaken kita bilih para pandherekipun mesthi kasiksa. Para nabi ing Prajanjian Lawas sampun kasiksa, kacamah, kapejahi lan ing satunggaling prastawa kageraji dados kalih! (Ibrani 11:37) Sedaya Rasul (kajawi Yokanan ingkang kabucal ing Pulau Patmos) kaukum pejah awit martosaken Sang Kristus.
Tradisi nyebataken bilih Petrus nuntut supados kasalib kaliyan sirah ing ngandap awit piyambakipun rumaos boten pantes menawi seda mawi cara ingkang sami kaliyan Gustinipun. Nanging Petrus nyerat ing seratipun ingkang kapisan “Rahayu kowe, manawa kowe padha diwewada marga saka asmane Gusti Kristus, amarga Rohing kamulyan yaiku Rohing Allah dumunung ana ing kowe” (1 Petrus 4:14).
Rasul Paulus dipunkunjara, kagebagi, uga kabenturi sela makaping-kaping awit martosaken Sang Kristus, nanging piyambakipun nenimbang kasangsaranipun malah boten wonten ajinipun manawi kabandhingaken kaliyan kabingahan ingkang sampun kasumurupi badhe nengga piyambakipun (Rum 8:18).
Sauntawis panyaur minangka murid katingalipun mbok menawi awis, wonten ganjaran kadonyan kados dene ganjaran kaswargan, Gusti Yesus sampun prasetya badhe tansah nganthi kita, malah ngantos pungkasaning gesang kita (Mateus 28:20); Panjenenganipun badhe boten nate nilar kita utawi nyupekaken kita (Ibrani 13:5); Panjenenganipun pirsa kasedhihan lan kasangsaran kita, panandhang sangsaranipun Gusti Yesus karana kita (1Petrus 2:21); katresnanipun dhumateng kita boten ngantos telas, sarta Panjenenganipun boten badhe maringi ujian tumrap kita ngungkuli kakiyatan kita sarta badhe tansah maringi margi supados kita saged medal saking karubedan (1 Korinta 10:13).
Menawi kita ngajengaken pangrangkuling Sang Kristus ing salebeting kulawarga utawi kabudayan kita, kita dados kulawarganipun Gusti Yehuwah lan kita lajeng dados dutaning Gusti tumrap tiyang-tiyang ingkang kita kasihi ing jagad.
Makaten ugi, kita mugi dadosa sarananing Gusti ingkang sae ingkang kaginakaken kangge narik tiyang sanes dhumateng Gusti Allah, maringi kita kabingahan nglangkungi sedaya prakawis ingkang saged kita gambaraken.
Kenging punapa kita sedaya boten dipunkaparengaken nglalu?
besutManah kita sedaya trenyuh dumatheng tiyang ingkang badhe mungkasi gesangipun sarana nglalu.
Mbok bilih tiyang ingkang kasebat punika panjenengan, wekdal punika mbok menawa panjenengan rumaos semplah uga boten wonten pangarep-arep malih. Mbok bilih panjenengan nembe wonten ing luweng ingkang jero uga mangu-mangu punapa wonten sekhedik pangajeng-ajeng bilih kawontenaning gesang badhe lumampah tumuju kahanan ingkang langkung sae. Raosipun boten wonten soksintena kang mangertosi gesang kita.
Gesang punika sampun boten wonten ajinipun malih.
Ngirangi pangraosing batos punika dipunraosaken dening tiyang kathah ing wekdal ingkang sami utawi sanesipun. Pitaken-pitaken ingkang kabekta ing batos kula nalika kula wonten ing luwenging batos inggih punika, “Punapa punika karsanipun Gusti, ingkang nitahaken kula?” ...“Punapa Gusti punika boten saged mitulungi kula?”... “Punapa prakawis kula sakalangkung ageng tumrap Panjenenganipun?”
Kula remen nyariosaken dhumateng panjenengan bilih menawi panjenengan purun mendhet sawetawis wekdal kangge nenimbang uga ngengkenaken supados Gusti Sang Yehuwah saestu leres dados Gusti wonten ing gesang panjenengan sapunika, Panjenenganipun badhe mbuktekaken kados pundi saleresipun agenging Panjenenganipun punika! “Amarga tumraping Allah ora ana barang kang mokal” (Lukas 1:37).
Mbok menawi cacating tatu kapungkur sampun ngangsalaken sakalangkung ageng tumrap raos panolak utawi katilaraken. Bab punika saged mbekta raos mesakaken dhateng badan piyambak, kanepson, kasengitan, pikiran-pikiran utawi raos mendhem sengit, raos kuwatir ingkang boten sehat, lan sapanunggalanipun, ingkang nyebabaken prakawis-prakawis wonten ing salebeting sesambetan panjenengan ingkang paling wigatos.
Kados pundi kemawon, nglalu punika namung badhe mbekta dhateng karisakan tumrap tiyang sanes ingkang panjenengan tresnani, inggih tiyang ingkang boten pengin panjenengan larani. Nglalu namung badhe maringi tatu ing ati, ingkang kedah dipuntanggel piyambakipun saklampahing gesang.
Kenging punapa panjenengan boten perlu tumindak nglalu? Sedherek, sanajan kathah bab-bab ingkang awon ing salebeting gesang panjenengan, mugi ngengeti bilih wonten Gusti ingkang Maha Asih ingkang nembe nengga penjenengan dumugi purun kabimbing kaliyan Panjenenganipun nglangkungi kawontenan semplahing manah panjenengan, uga medal dhateng pepadhanging Gusti Sang Yehuwah ingkang endah sanget. Panjenenganipun punika pangajeng-ajengipun panjenengan ingkang saleresipun. Asmanipun Gusti Yesus.
Gusti Yesus punika, Putranipun Yehuwah ingkang tanpa dosa, uga tepang panjenengan ingkang wonten ing panolakan lan pangina ing salebeting wekdal panjenengan. Nabi Yesaya, nyerat babagan Panjenenganipun, “Panjenengane iku thukul kaya trubusan ana ing ngarsaning Yehuwah, tuwin kaya semen saka ing lembah garing. Ora bagus ing warna lan ora kagungan kaendahan kang njalari kita banjur padha nyawang, sarta ora kagungan rupi, kang menginake kita. Panjenengane dianggep asor lan disingkiri ing wong, sawijining priya kang sugenge kebak kasangsaran sarta kulina nandhang gerah; banget anggone karemehake, nganti wong padha nutupi raine ana ing ngarsane tuwin sanadyan tumrap kita Panjenengane iku iya ora klebu etungan. Mangka sanyatane lelara kita kang disanggi lan kasangsaran kita kang dirembat, ewasamono kita padha ngira Panjenengae iku kena ing ipat-ipat, kagebag tuwin katindhes dening Gusti Allah. Mangka Panjenengane iku sinudukan marga saka anggon kita padha mbalela, Panjenengane karemuk marga saka piala kita; ganjaran paukuman kang nekakake karahayon tumrap kita iku kadhawahake ing Panjenengane, sarta marga saka bilur-bilure kita banjur padha dadi waras. Kita padha nglambrang kayya wedhus, dhewe-dhewe kang kita ener, ewadene Pangeran Yehuwah nempahake sakehing duraka kita marang Panjenengane.” (Yesaya 53:2-6).
Sedherek, sedaya punika kapikul dening Gusti Yesus Kristus supados panjenengan pikantuk pangapuntening sedaya dosa panjenengan! Sapinten kemawon awrating kalepatan ingkang panjenengan sanggi wonten ing gesang panjenengan, mangertosa bilih Panjenenganipun badhe paring pangapunten dhateng panjenengan manawi panjenengan sumlondhoh ing manah nggetuni dosa (wangsul saking dosa panjenengan, tumuju dhateng Gusti).
“Ing dina karubedan sira padha nyebuta marang Ingsun, nuli Ingsun bakal mitulungi sira lan sira bakal ngluhurake Ingsun” (Jabur 50:15).
Boten wonten prakawis ingkang sampun nate panjenengan tindakaken ingkang sakalangkung awon tumrap Gusti Yesus kangge paring pangapunten. Sawetawis abdi pilihan ing Kitab Suci nate nindakaken dosa ageng, kadosdene, mejahi (Musa), zinah (Prabu Dawud), sarta panyiksan badan uga batin (Rasul Paulus). Nanging, sedaya sami angsal pangapunten uga sami nampi kaluberaning gesang enggal wonten ing Gusti. “Mugi Paduka resiki babar pisan saking sakathahing dosa kawula, sarta dosa kawula mugi Paduka ruwat” (Jabur 51:4). “Dadi sapa kang ana ing Sang Kristus, iku dadi titah anyar; kang lawas wus sirna, lan kang anyar pranyata wus teka” (2 Korinta 5:17).
Kenging punapa panjenengan boten perlu tumindak nglalu? Sedherek, Gusti jumeneng cumawis ndandosi punapa ingkang “risak” ... inggih punika, gesang panjenengan punika, ingkang kepengin panjenengan pungkasi sarana nglalu.
Nabi Yesaya nyerat: “Rohe Pangeran Allah ana ing Ingsun, awit Sang Yehuwah wus njebadi Ingsun; Ingsun kautus martakake kabar kabungahan marang para wong kang nandhang sangsara, tuwin rumeksa marang wong-wong kang padha remuk atine, ngundhangake lepasing para tawanan, sarta pangluwaran saka ing pakunjaran marang wong kang pada kaukum, ngundhangake taun sih-rahmating Sang Yehuwah lan dina tumibane piwalesing Allah kita, nglipur sakehing wong kang nandhang susah, ngganjar marang wong-wong mau rerenggan sirah minangka gegentining awu, lenga-pesta minangka liruning bagor, kidung pangalembana minangka gegentining jiwa kang nglentrih, supaya wong-wong mau padha kaaranan ‘wit elah ing bab kabeneran’, ‘tanemaning Pangeran Yehuwah’ kanggo ngatonake kaluhurane” (Yesaya 61: 1-3).
Sumangga marek dhumateng Gusti Yesus, lan nyumanggakaken Panjenenganipun ndandosi kabingahan panjenengan sarta pigunanipun awit panjenengan pitados dhumateng Gusti Yesus kangge miwiti pakaryan enggal wonten ing gesang panjenengan.
“Dhuh Gusti, Paduka mugi karsaa damel resiking manah kawula, sarta batos kawula mugi Paduka enggalaken klayan roh ingkang santosa. Temahan kawula badhe mulangaken margi Paduka dhateng para tiyang ingkang lampahipun nasar, supados tiyang dosa sami mratobata dhuumateng Paduka. Dhuh Gusti, Allahipun karahayon kawula, Paduka mugi karsaa nguwalaken kawula saking anggen kawula kasambutan rah, temah ilat kawula badhe surak-surak martosaken kaadilan Paduka. Dhuh Pangeran, Paduka mugi karsaa mbikak lambe kawula, supados cangkem kawula martosaken kidung pamuji konjuk dhumateng Paduka!” (Jabur 51:12, 15-17).
Punapa panjenengan badhe nampi Gusti Yesus minangka Juruwilujeng sarta Pangen panjenengan? Panjenenganipun badhe nuntun pikiran sarta langkah panjenengan, satunggaling dinten mangke, langkung Pangandikanipun, Kitab Suci. “Aku arep mulang marang kowe, dak weruhake dalan kang wajib kok ambah; aku arep mituturi kowe, mripatku tumuju marang kowe” (Jabur 32:8). “Jaman tentrem bakal nekani kowe; kasugihan kang marakake slamet iku kawicaksanan lan kawruh; wedi asih marang Sang Yehuwah, iku kang dadi rajabranane Sion” (Yesaya 33:6).
Wonten ing Sang Kristus, panjenengan tetep badhe gadhah sesanggen, nanging samangke panjenengan kagungan PANGAJENG-AJENG. Panjenenganipun punika “mitra kang rumakete ngungkuli sadulur” (Wulang Bebasan 18:24). Mugi sih-rahmatipun Gusti Sang Yehuwah wontena ing wekdal panjenengan mendhet pancasan.
Manawi panjenengan kepengin pitados Gusti Yesus dados Juruwilujeng panjenengan, sumangga ngucapaken tembung-tembung punika dhumateng Gusti Yesus ing salebeting manah panjenengan.
“Dhuh Gusti, kawula perlu Paduka ing gesang kawula. Mugi paring pangapunten dhumateng kawula tumrap sadaya ingkang sampung kawula tindakaken. Kawula masrahaken kapitadosan kawula wonten ing Gusti Yesus Kristus sarta pitados bilih Panjenenganipun punika Juruwilujeng kawula. Mugi ngresiki kawula, maluyakaken kawula, sarta ndandosi kabingahaning gesang kawula. Maturnuwun Paduka ngasihi kawula sarta Gusti Yesus sampun seda tumrap kawula.”
Pitaken-pitaken ingkang paling sering dipun takekaken
besutSepisan kawilujengaken punapa badhe tansah kawilujengaken?
besutSepisan satunggaling pribadi kawilujengaken punapa badhe tansah kawilujengaken? Menawi tiyang ngupados Kristus minangka Juru Wilujengipun, tiyang kala wau badhe kabekta dhateng sesambetan kaliyan Gusti Allah awit jaminan kawilujenganipun punika kawilujengan ingkang langgeng. Kathah peranganing ayat-ayat Kitab Suci ingkang mratelakaken kanyatan punika.
(a) Rum 8:30 mratelakaken, “Sarta wong kang padha katamtokake wiwit ing saka wit iku iya padha katimbalan. Lan kang wus padha ditimbali, iku iya padha kabenerake. Apadene kang wus kabenerake, iku iya padha dimulyakake.” Ayat punika mucal dhumateng kita bilih saking prastawa punika Gusti milih kita, kados dene menawi kita kamulyakaken wonten ing Panjenenganipun ing swarga. Boten wonten ingkang saged ngalang-alangi tiyang pitados sadinten kemawon memuji awit Gusti sampun nyawisi punapa ingkang katuju ing swarga. Sepisan satunggaling pribadi dipun leresaken, kawilujenganipun sampun dipun jamin, tiyang kala wau aman kados menawi piyambakipun kamulyakaken ing swarga.
(b) Paulus pitaken kalih pitakenan ingkang wigatos ing Rum 8:33-34 “Sapa kang bakal nggugat para pepilihanane Gusti Allah? Apa Gusti Allah kang mbenerake wong-wong mau? Sapa kang bakal matrapi paukuman? Apa Sang Kristus Yesus kang wus seda? Malah luwih saka iku, apa kang wus kawungokake, kang lenggah ana ing satengene Gusti Allah, kang dadi pangemban kita?” Sinten ingkang badhe nggugat pilihanipun Gusti? Boten wonten, awit Kristus ingkang ngemban kita. Sinten ingkang badhe ngukum kita? Boten wonten, awit Kristus, satunggal-satunggalipun ingkang seda tumrap kita, inggih satunggal-satunggalipun ingkang ngleresaken. Kita ndarbeni kekalihipun inggih punika pangemban lan hakim minangka Juru Eilujeng kita.
(c) Tiyang pitados lair malih (kaenggalaken) nalika sami pitados (Yokanan 3:3; Titus 3:5). Tumrap tiyang Kristen supados kecalan kawilujenganipun, mila kedah tetep boten lair malih. Kitab Suci boten maringi katerangan bilih gesang enggal ingkang sampun kaparingaken saged kapundhut malih.
(d) Roh Suci wonten ing sadaya tiyang pitados (Yokanan 14:17; Rum 8:9) sarta mbaptisaken sedaya tiyang pitados wonten ing salebeting Sariranipun Sang Kristus (1 Korinta 12:13). Bilih setunggal tiyang pitados boten kawilujengaken, piyambakipun kedah medal sarta misah saking Sariranipun Sang Kristus.
(e) Yokanan 3:15 mratelakaken bilih sinten kemawon ingkang pitados ing Gusti Yesus Kristus badhe ndarbeni gesang langgeng. Menawi panjenengan pitados dhumateng Kristus ing dinten punika sarta ndarbeni gesang langgeng, nanging kecalan ing mbenjang, punika boten saged kasebat langgeng. Mila saking punika manawi panjenengan kecalan kawilujengan, prajanji bab gesang langgeng ing Kitab Suci punika ateges lepat.
(f) Awit dasar ingkang paling nemtokaken punika, miturut kula ingkang dipun cariosaken ayat-ayat Kitab Suci punika ingkang paling sae piyambak, “Sabab aku mesthekake, sanadyan pati utawa urip, para malaekat apa para panguwasa, kang saiki ana utawa kang bakal ana apa para panguwasa kang ana ing dhuwur utawa ing ngisor, lan sadhengah titah liyane, ora bakal bisa megatake kita saka ing sihe Gusti Allah, kang ana ing Sang Kristus Yesus, Gusti kita” (Rum 8:38-39).
Kita kedah ngengeti bilih Gusti ingkang sampun milujengaken panjenengan ugi Gusti ingkang sami ingkang badhe ngayomi panjenengan. Sepisan kita kawilujengaken kita tansah kawilujengaken. Kawilujengan kita punika inggih nggadhahi gesang lan wilujeng ingkang langgeng!
Punapa Ingkang Badhe Kadadosan Sasampunipun Pejah?
besutPitaken babagan punapa ingkang badhe kadadosan sasampunipun pejah mbok manawi mbingungaken. Kitab Suci boten sacara teges nyethakaken babagan benjang punapa tiyang badhe nggayuh pungkasaning tujuanipun ingkang langgeng. Kitab Suci mratelakaken dhateng kita bilih sasampunipun pejah, tiyang kabekta dhateng Swarga utawi Neraka alambaran punapa tiyang kalawau sampun nampeni Kristus minangka Juru Wilujengipun. Tumrap tiyang pitados, sasampunipun pejah badhe nilaraken badanipun lan makempal kaliyan Gusti Allah (2 Korinta 5:6-8; Filipi 1:23). Tumrap tiyang boten pitados, sasampunipun pejah ateges paukuman ingkang tanpa kendhat wonten ing Neraka (Lukas 16:22-23).
Babagan punapa ingkang badhe kadadosan sasampunipun pejah punika perkawis ingkang saged damel bingung. Wahyu 20:11-15 nerangaken sadaya ingkang wonten ing Neraka badhe kabucal ing segara latu. Wahyu babagan 21-22 nerangaken babagan Langit Anyar lan Bumi Anyar. Mila saking punika, katingalipun bilih ngantos pungkasaning patangen, sasampunipun pejah tiyang dipun panggenaken wonten ing Swarga lan Neraka sauntawis wekdal. Tujuan ingkang langgeng saking tiyang punika boten badhe kalintu, nanging “panggenan” ingkang leres saking tujuan ingkang langgeng tiyang punika ingkang badhe kalintoni. Ing wekdal ingkang katemtokaken sasampunipun pejah, tiyang pitados badhe kakintun dhateng Swarga Anyar sarta Bumi Anyar (Wahyu 21:1). Ing wekdal ingkang katemtokaken sasampunipun pejah, tiyang boten pitados badhe kauncalaken wonten ing segantening geni (Wahyu 20:11-15). Punika pungkasanipun, tujuan kalanggenganing sadaya tiyang. Sadayanipun kadasaraken dhateng punapa tiyang punika sampun pitados dhumateng Yesus Kristus piyambak minangka pangrembating dosanipun.
Punapa katentreman ingkang langgeng punika nyondhongi ing Kitab Suci?
besutMenawi tiyang ngupadosi Kristus minangka Pamartanipun, tiyang punika anggadhahi sesambetan kaliyan Gusti ingkang ngreksa katentremanipun ingkang langgeng. Yudas 24 mratelakaken, “Panjenengane kang kuwasa ngreksa marang kowe kabeh, supaya padha ora kasandhung sarta mrenahake kowe kalawan tanpa cacat ana ing ngarsaning kamulyane kanthi sukarena.” Gusti kagungan panguwaos njagi tiyang pitados supados boten dhumawah ing dosa. Katentreman ingkang langgeng ingkang kaparingaken Gusti dhumateng kita minangka sih rahmat.
Gusti Yesus Kristus mratelakaken, “Apa dene padha Dakwenehi urip langgeng, lan dheweke mesthi ora bakal padha nemu karusakan salawas-lawase lan ora bakal ana wong kang ngrebut wedhus-wedhus iku saka ing tanganKu. RamaKu kang maringake wedhus-wedhus iki kaluhurane ngungkuli samubarang kabeh, lan ora ana kang bisa ngrebut wedhus-wedhus mau saka ing astane RamaKu.” (Yokanan 10:28-29b).
Dados Gusti Yesus kaliyan Sang Rama saestu ngayomi kita ing astanipun. Sinten ingkang saged misahaken kita saking panganthining astanipun Sang Rama lan Sang Putra?
Efesus 4:30 mratelakaken dhateng kita bilih tiyang pitados punika “dipun cap kangge dinten pangentasan.” Menawi tiyang pitados boten nggadhahi katentreman ingkang langgeng, cap punika boten saged ngantos ing dinten pangentasan, ananging namung dumugi wedal nalikanipun tiyang tumindak dosa, murtad, utawi kecalan kapitadosan. Yokanan 3: 15-16 mratelakaken dhateng kita bilih sok sintena ingkang pitados ing Yesus Kristus badhe ndarbeni gesang langgeng. Menawi tiyang dipun paringi prajanji gesang langgeng, nanging lajeng dipun tarik, punika boten badhe nate miwiti kalanggengan. Menawi katentreman ingkang langgeng punika boten leres, prajanji bab gesang langgeng ing Kitab Suci punika lepat.
Lambaran ingkang kiyat sanget tumrap katentreman ingkang langgeng inggih punika Rum 8:38-39, “Sabab aku mesthekake, sanadyan pati utawa urip, para malaekat apa para panguwasa, kang saiki ana utawa kang bakal ana, apa para panguwasa kang ana ing dhuwur utawa ing ngisor, lan sadhengah titah liyane, ora bakal bisa megatake kita saka ing sihe Gusti Allah, kang ana ing Sang Kristus Yesus, Gusti kita.” Katentreman kita ingkang langgeng kalambaraken wonten ing sihipun Gusti ingkang sampun nebus kita. Katentreman kita ingkang langgeng tinumbas dening Sang Kristus, dipun janjekaken Sang Rama, sarta dipun cap dening Roh Suci.
Punapa wigatosipun babtisan Kristen punika?
besutBaptisan Kristen, miturut Kitab Suci, inggih punika paseksi sacara lair bab punapa ingkang sampun dumados ing salebeting batos tumrap gesangipun tiyang pitados. Baptisan Kristen nggambaraken pitepangan tiyang pitados kaliyan sedanipun, pamakaman, sarta wungunipun Sang Kristus. Kitab Suci mratelakaken, “Apa kowe padha ora sumurup, yen kita kang wus kabaptis ana ing Sang Kristus iku ateges wus padha kabaptis ana ing sedane? Dadi kita wus padha ndherek kakubur kalawan panjenengane, sarana baptis ing pati mau, supaya padha kaya dene Sang Kristus wus kawungokake saka ing antarane wong mati dening kamulyaning Sang Rama, mangkono uga kita bakal urip ana ing sajroning urip kang anyar.” (Rum 6:3-4 Babagan Anyar). Ing baptisan Kristen, tumindak kasilemaken dhateng toya nggambaraken kakubur kaliyan Sang Kristus. Tumindak ngentasaken saking toya nggambaraken wungunipun Sang Kristus.
Wonten baptisan Kristen, mesthi wonten kalih sarat saderengipun tiyang kabaptis: (1) tiyang ingkang badhe kabaptis kedah pitados ing Yesus Kristus minangka Juruwilujengipun, lan (2) tiyang punika kedah mangertos punapa tegesipun baptisan. Menawi tiyang sumurup bab Gusti Yesus minangka Juruwilujeng, mangertos bilih baptisan Kristen punika satunggaling langkah ingkang mratelakaken kapitadosanipun dhumateng Sang Kristus ing sangajenging tiyang kathah, lan pepenginan kabaptis. Satemah boten wonten alasan kangge ngalang-alangi tiyang pitados saking anggenipun kabaptis. Miturut Kitab Suci, baptisan Kristen punika langkah ingkang saestu manut miturut, mratelakaken ing sangajenging tiyang kathah saking kapitadosaning tiyang ing Sang Kristus piyambak tumrap kawilujenganipun. Baptisan Kristen punika wigatos, awit punika satunggaling langkah pangabekti. Mratelakaken ing ngajenging tiyang kathah bab kapitadosan ing Sang Kristus lan prajanji dhumateng Panjenenganipun, sarta pitepangan kaliyan sedanipun, pakamanipun, sarta wungunipun Sang Kristus.
Punapa Kitab Suci Nerangaken Babagan Trinitas?
besutBabagan Trinitas punika awrat dipunmagertosi amargi boten wonten satunggaling cara ingkang pas utawa trep kangge nerangaken. Trinitas punika mokal saged dipunmangerteni setunggal tiyang kanthi gamblang. Awit Gusti punika Maha Agung katimbang kita, pramila kita boten saged ngerteni babagan Panjenenganipun. Kitab Suci nerangaken menawi Sang Rama punika Gusti, Gusti Yesus punika Gusti, lan Sang Roh Suci punika Gusti. Kitab Suci ugi nerangaken menawa namung wonten setunggal Gusti. Sanadyan kita mangerteni kasunyatan bab sesambunganipun ing antawisipun pribadi-pribadi Trinitas, wekasanipun pangerten kala wau boten saged dipunmangerteni kanthi cara pikiraning manungsa. Ewa semanten, boten ateges pangerten kalau wau kleru utawi boten adhedhasar pangandikanipun Gusti.
Menawi kita nyinau babagan punika, tembung “Trinitas” boten katulis ing ayat Kitab Suci. Trinitas dipunginakaken kangge nerangaken tigang pribadi saking Gusti, kasunyatanipun wonten tigang pribadi ingkang langgeng inggih punika Sang Yehuwah, nanging prakawis punika boten ateges menawi Gusti punika tiga. Trinitas punika Gusti ingkang awujud tigang pribadi. Boten klentu menawa migunakaken tembung “Trinitas”, sanadyan tembung punika boten wonten ing Kitab Suci, kita langkung cekak ngucapaken tembung “Trinitas” tinimbang tembung “Tigang pribadi ingkang gesang, pribadi ingkang langgeng kang awujud satunggal Gusti.” Menawi babagan punika dados perkara tumprap panjenengan, saged ngagem cara ingkang makaten: ngendikane mbah kakung ora katulis ing Kitab Suci. Nanging mbah kakung ana ing Kitab Suci. Abraham iku mbah kakunge Yakub. Mulane aja gumantung ing tembung “Trinitas”. Sing luwih wigati yaiku babagan pangerten sing dijarwakake saka tembung “Trinitas” iku ana ing Kitab Suci. Kanthi cara kala wau, babagan Trinitas bisa diterangaken Kitab Suci.
1) Gusti, Sang Yehuwah, punika setunggal: Pangandharing Toret 6:4; 1 Korinta 8:4; Galati 3:20; 1 Timoteus 2:5.
2) Trinitas punika tigang pribadi: Purwaning Dumadi 1:1; 1:26; 3:22; 11:7; Yesaya 6:8; 48:16; 61:1; Mateus 3:16-17; 2 Korinta 13:14.
Wonten ing peranganing Prajanjian Lawas, kawruh babagan Ibrani punika mbiyantu sanget. Ing Purwaning Dumadi 1:1, dipunginakaken tembung jamak “Elohim”. Ing Purwaning Dumadi 1:26; 3:22; 11:7 lan Yesaya 6:8, dipunginakaken tembung ganti jamak kangge “kita”. “Elohim” lan “kita” nuduhaken luwih saking kalih. Wonten ing basa Inggris, wonten kalih jenis tembung, yaiku tunggal lan jamak. Wonten ing basa Ibrani, wonten tiga inggih punika: tunggal, dual, lan jamak. Dual dipunginakaken tumrap kalih. Tembung dual ing basa Ibrani, dipunginakaken kangge samubarang ingkang pepasangan kados dene mripat, kuping sarta tangan. Tembung “Elohim” lan “kita” punika tembung jamak, mestinipun dipuntegesaken “luwih saka loro” lan nuduhaken tiga utawa luwih (Sang Rama, Sang Putra lan Sang Roh Suci).
Ing Yesaya 48:16 lan 61:1, Sang Putra ngandika kanthi nuduhaken Sang Rama lan Sang Roh Suci. Bisa dipunbandingaken kaliyan Yesaya 61:1 lan Lukas 4:14-19 kangge mangerteni menawi Sang Putra ingkang ngendika. Mateus 3:16-17 mratelakaken kedadeyan nalika Gusti Yesus dipunbaptis. Gusti, Sang Roh Suci, tumedhak wonten ing Gusti Sang Putra nalika Sang Rama mratelakaken renaning penggalihipun marang Sang Putra. Mateus 28:19 lan 2 Korinta 13:14 punika conto-conto saking tigang pribadi ingkang nyata wonten ing Trinitas.
3) Pribadi wonten ing Trinitas dipunbentenaken setunggal lan setunggalipun wonten ing: ing Prajanjian Lawas, “YAHUWAH” dipunbedakaken kaliyan “Yahuwah” (Purwaning Dumadi 19:24; Hosea 1:4). “YAHUWAH” kagungan “Putra” (Zabur 2:7, 12; Wulang Bebasan 30:2-4). Sang Roh Suci dipunbedakaken kaliyan “YAHUWAH” (Wilangan 27:18) lan saking “Gusti Allah” (Zabur 51:10-12). Allah Sang Putra dipunbedakaken saking Allah Sang Rama (Zabur 45:6-7; Ibrani 1:8-9). Ing Prajanjian Anyar, ing Yokanan 14:16-17 Gusti Yesus ngendika marang Sang Rama babagan maringi panulung, Sang Roh Suci. Punika nuduhaken bilih Gusti Yesus boten mratelakake Panjengenganipun dados Sang Rama utawa Sang Roh Suci. Semanten ugi wonten ing wektu-wektu sanesipun ing kitab Injil, Gusti Yesus ngendika marang Sang Rama. Punapa Panjenenganipun ngendika marang Panjenenganipun piyambak? Boten. Panjenenganipun ngendika marang pribadi liya saking Trinitas, “Sang Rama”.
4) Saben pribadinipun Trinitas punika Gusti: Sang Rama punika Gusti: Yokanan 6:27; Rum 1:7; 1 Petrus 1:2. Sang Putra punika Gusti: Yokanan 1:1, 14; Rum 9:5; Kolose 2:9; Ibrani 1:8; 1 Yokanan 5:20. Sang Roh Suci punika Gusti Allah: Lelakone Para Rasul 5:3-4; 1 Korinta 3:16 (Setunggaling pribadi ingkang dedalem yaiku Sang Roh Suci: Rum 8:9; Yokanan 14:16-17; Lelakone Para Rasul 2:1-4).
5) Sesambunga kaliyan Trinitas: ayat-ayat Kitab Suci mratelakaken menawa Sang Roh Suci dipunsambungaken kalih Sang Rama lan Sang Putra, Sang Putra dipunsambungaken kalih Sang Rama. Punika sesambetan ingkang jero lan boten nyangkal ketuhananipun sedaya pribadi ing Trinitas. Punika perangan ingkang prasaja saking pikiranipun kita ingkang cupet kang boten bisa mangerteni babagan Gusti Allah ingkang tanpa wates. Babagan Sang Putra bisa dipunwaos ana ing: Lukas 22:42; Yokanan 5:36; Yokanan 20:21; 1 Yokanan 4:14. Babagan Sang Roh Suci bisa dipunwaos ana ing: Yokanan 14:16; 14:26; 15:26; 16:7 lan mliginipun Yokanan 16:13-14.
6) Kewajiban secara pribadi saking perangane Trinitas: Sang Rama punika sumber pokok utawi dhasaripun : 1) jagad (1 Korinta 8:6; Wahyu 4:11); 2) medhar wangsit (Wahyu 1:1); 3) keslametan (Yokanan 3:16-17); sarta 4) pakaryane Yesus minangka manungsa (Yokanan 5:17; 14:10). Sang Rama MRAKARSANI kabeh wau.
Sang Putra punika wakilipun Sang Rama nindakaken pakaryan-pakaryan: 1) nitahaken sarta ngupakara jagad (1 Korinta 8:6; Yokanan 1:3; Kolose 1:16-17); 2) medhar wangsit (Yokanan 1:1; Mateus 11:27; Wahyu 1:1); sarta 3) kawilujengan (2 Korinta 5:19; Mateus 1:21; Yokanan 4:42). Sang Rama nindakaken sedaya punika lumantar Sang Putra, minangka wakilipun Sang Rama.
Sang Roh Suci punika sarananipun Sang Rama nindakaken pakaryan-pakaryan: 1) nitahaken sarta ngupakara jagad (Purwaning Dumadi 1:2; Ajub 26:13; Zabur 104:30); 2) medhar wangsit (Yokanan 16:12-15; Efesus 3:5; 2 Petrus 1:21); 3) kawilujengan (Yokanan 3:6; Titus 3:5; 1 Petrus 1:2); sarta 4) pakaryanipun Yesus (Yesaya 61:1; Lelakone Para Rasul 10:38). Sang Rama nindakaken sedaya wau kanthi panguwaosipun Roh Suci.
Boten wonten gambaran ingkang trep kangge nerangaken bab Trinitas. Tigan (utawi apel) mesthi wonten ing salebeting kulitipun, pethak, lan kuning punika perangan saking tigan, sanes tiganipun piyambak. Sang Rama, Sang Putra tuwin Sang Roh Suci punika sanes peranganing Sang Yehuwah, Gusti, saben perangan punika wau inggih Gusti. Gegambaran toya punika sakedhik langkung sae nanging taksih kesupen nyekapi katerangan bab Trinitas. Barang encer, kukus, sarta es punika kadadosaken saking toya. Sang Rama, Sang Putra, tuwin Sang Roh Suci sanes peranganing Gusti, saben perangan punika wau inggih Gusti piyambak. Pramila, sanadyan gegambaran punika saged nggambaraken babagan Trinitas, ananging tetep boten pas utawa trep. Kamangka agunging Gusti Yehuwah boten cekap dipunterangaken kanthi gambaran ingkang cupet. Minangka gantinipun pangerten babagan Trinitas, coba kanthi migatosaken kanyatan kaagunganipun Gusti Yehuwah lan tanpa watesipun alam ingkang luwih inggil kaliyan ingkang kita gadhahi. “Wah, saiba agunging kasugihan, kawicaksanan sarta kawaskithane Gusti Allah! Kabeh putusane pranyata ora kena jinajagan, sarta kabeh tindake ora kena katlusur. Ujer sapa ta kang nyumurupi panggalihane Pangeran? Utawa, sapa ta kang wis tau dadi juru pirembuge?” (Rum 11:33-34).
Kados pundi panyawanganipun tiyang Kristen bab tumindak nglalu? Kados pundi pangandikanipun Gusti bab nglalu?
besutMiturut Kitab Suci, tiyang ingkang tumindak nglalu punika boten nemtokaken menapa panjenenganipun mlebet swarga napa boten. Menawi tiyang ingkang boten pitados tumindak nglalu, kahanan punika badhe “nglancaraken” lakunipun tumuju ing neraka utawi segara geni. Tiyang ingkang tumindak nglalu wekasanipun mlebet neraka, boten amargi tumindak nglalu ananging amargi boten nampi keslametan wonteng ing Sang Kristus. Kitab Suci mratelakaken kanthi cetha babagan tiyang sekawan ingkang tumindak nglalu, inggih punika Saul (1 Samuel 31:4), Ahithophel (2 Samuel 17:23), Zimri (1 Para Raja 16:18), sarta Yudas (Mateus 27:5). Saben tiyang wau awon, kebak dosa. Miturut Kitab Suci tumindak nglalu punika sami kaliyan mateni dhirinipun pribadi. Gusti ingkang kagungan panguwaos nemtokaken kapan wektunipun lan kanthi cara ingkang kados pundi manungsa badhe nemoni pati. Menawa manungsa ndamel keputusan piyambak kanthi mateni dhirinipun pribadi, tumindak punika ateges nyenyamah Gusti.
Kados pundi pangandikanipun Gusti menawa tiyang Kristen nglalu? Kitab Suci mratelakaken menawi tiyang ingkang pitados dhumateng Sang Kristus kanthi gumolonging manah badhe nggadhahi gesang langgeng (Yokanan 3:16). Miturut Kitab Suci, tiyang Kristen boten perlu mangu-mangu awit nggadhahi gesang langgeng. “Anggonku nulis prakara iki mau kabeh marang kowe iku, supaya kowe kang padha pracaya marang asmane Putraning Allah padha sumurupa, yen kowe kabeh iku padha nduweni urip langgeng”(1 Yokanan 5:13). Boten wonten ingkang saged misahaken tiyang Kristen saking sihing Gusti. “Sabab aku mesthekake, sanadyan pati utawa urip, para malaekat utawa para panguwasa, kang saiki utawa kang bakal ana, apa para panguwasa ing dhuwur utawa ing ngisor, lan sadhengah titah liyane, ora bakal bisa megatake kita saka ing sihe Gusti Allah, kang ana ing sang Kristus Yesus Gusti kita” (Rum 8:38-39). Menawi boten wonten “mitah” ingkang saged megataken tiyang Kristen saking sihipun Gusti Sang Yehuwah, tiyang Kristen ingkang tumindak nglalu punika inggih satunggalipun “mitah”, pramila nglalu boten saged megataken tiyang Kristen saking sihipun Gusti. Gusti Yesus seda tumrap sedaya dosa kita. Menawa tiyang Kristen manahipun nembe nglentrih katumpuh ing prakara lajeng tumindak nglalu, tumindak punika dosa awit Gusti Yesus sampun seda tumrap dosa punika.
Boten dipuncariosaken bilih nglalu punika sanes dosa ingkang nglawan Gusti Allah. Kitab Suci mratelakaken menawa nglalu punika memateni lan punika tumindak dosa. Bilih satunggal tiyang ingkang pitados dhumateng Gusti Yesus tumindak nglalu, ateges kapercayanipun dereng temenan. Boten wonten kahanan ingkang mbeneraken menawi tiyang Kristen nemtokaken gesangipun piyambak. Tiyang Kristen katimbalan supados gesangipun kagem Gustinipun. Bilih benjang badhe nemoni pati punika kersanipun Gusti. Mbok menawi kagem nggambaraken tiyang Kristen ingkang tumindak nglalu, saged kapethik saking kitab Ester. Wonten ing Persia wonten angger-angger bilih tiyang ingkang sowan dhumateng Sang Prabu nanging boten ditimbali, tiyang punika saged kaukum pati kajaba Sang Prabu piyambak ingkang ngacungaken tongkat lambang kuwaosipun dhumateng tiyang kala wau minangka sih piwelasipun. Nglalu tumrapipun tiyang Kristen sami kemawon kaliyan meksa supados saged pinanggih Sang Prabu, kamangka kedahipun ngentosi Panjenenganipun nimbali kita. Panjenenganipun badhe ngacungaken tongkat lambang panguwasanipun tumrap tiyang Kristen, nglestarikaken keslametan ingkang sampun diparingaken, nanging boten ateges menawi Panjenengane sarujuk ing sadhengah gesang kita. Ayat Kitab Suci ing 1 Korinta 3:15 mbok menawi uga saged nerangaken bab nglalu, “Menawa garapane kobong, wong iku bakal kapitunan, nanging awake dhewe bakal kapitulungan rahayu, mung bae patrape kaya mentas saka geni.”
Punapa pangandikanipun Kitab Suci babaganagan seks saderengipun nenikahan?
besutSesarengan kaliyan sedaya warnining seks ingkang nerak kasusilan, seks saderengipun nenikahan punika wongsal-wangsul dipun supatani wonten ing ayat Kitab Suci (Lelakone Para Rasul 15:20; Rum 1:29; 1 Korinta 5:1; 6:13, 18; 7:2; 10:8; 2 Korinta 12:21; Galati 5:19; Efesus 5:3; Kolose 3:5; 1 Tesalonika 4:3; Yudas 7). Kitab Suci martosaken pantanganipun saderengipun nenikahan. Seks saderengipun nenikahan punika sami lepatipun kaliyan jina utawi rupining panerak kasusilan sanes, awit sedaya kalebet sesambetan seks kaliyan tiyang ingkang dereng dipun nikahi. Namung seks antawisipun semah lan pawestrinipun punika ingkang dipun keparengaken dening Gusti (Ibrani 13:4).
Seks saderengipun nikah sampun dados babagan ingkang limrah adhehasan sawetawis alesan. Kita asring sakalangkung tebih nujokaken dhateng pakaremanipun seks tanpa ngajeni babagan nitahaken malih. Saestu, seks punika ngremenaken. Gusti sampun ngrancang babagan punika. Panjenenganipun kepengin pria lan wanita ngraosaken seks (ing salebeting wates nenikahan). Ewa samanten, tujuan utami saking seks punika sanes pakareman, nanging supados tangkar-tumangkar. Gusti boten ngayomi saking paukuman tumrap seks saderengipun nenikahan punika boten kangge ngrampas pakareman kita, nanging ngayomi kita saking ngandhut ingkang boten kita kepengini lan lare-lare lair saking tiyang sepuh ingkang boten kepengin lare punika lair utawi boten cumawis dados tiyang sepuh tumrap para lare kala wau. Cobi panjenengan gambaraken sapinten langkung saenipun jagad kita menawi tataranipun Gusti babagan seks dipun turuti: langkung sakedhik nularaken penyakit lumantar seks, langkung sakedhik Ibu ing sajawining nenikahan, langkung sakedhik ngandhut ingkang boten dipun kepengini, langkung sakedhik tiyang ngguguraken kandhutan, lan sapanunggalanipun. Babagan pantangan punika satunggal-satunggalipun kawicaksananipun Gusti menawi babagan punika kasambetaken kaliyan seks saderengipun nenikahan. Babagan pantangan milujengaken gesang, ngayomi para lare, maringi sesambetan seksual tumrap aji ingkang samesthinipun, sarta ingkang paling wigatos inggih punika kangge mulyakaken Gusti.
Punapa pangandikanipun Kitab Suci bab dedana saprasadasa?
besutDedana punika satunggaling bab ingkang dipun geluti tiyang Kristen. Ing kathah gereja dedana saprasadasa punika sakalangkung dipun tegesaken. Ing wekdal ingkang sami, kathah tiyang Kristen ingkang nolak sumarah dhumateng panggulawenthahing Kitab Suci ing piwucal bab pisungsung dhumateng Gusti Allah. Dedana/pisungsung punika dipun pikajengaken dados sesukan berkah. Emanipun, punika bab ingkang awis-awis sanget pinanggih ing gereja ing wekdal samangke.
Dedana saprasadasa punika pangertosan ing Prajanjian Lawas. Dedana punika kewajibaning angger-angger ing pundi sadaya tiyang Israel nyukakaken 10% saking punapa kemawon ingkang sami dipun angsalaken lan dipun tanem dhateng Tabernakel / Bait Suci (Kaimaman 27:30; Wilangan 18:26; Pangandharing Toret 14:24; 2 Babad 31:5). Sawetawis pangertosan pisungsung ing Prajanjian Lawas kados dene pajek kangge nyawisi kaperluan upacara kurban tumrap para pandhita lan Imam. Ing Prajanjian Anyar boten wonten dhawuh, utawi malah piwucal bilih tiyang Kristen pasrah dhumateng cara pisungsung ingkang cocok kaliyan angger-angger. Paulus ngandika bilih tiyang pitados kedah nyisihaken saperangan pangasilanipun supados nyengkuyung kaperluaning gereja (1 Korinta 16:1-2).
Ing Prajanjian Anyar boten wonten aturan ingkang tetep bab peranganing pangasilan ingkang kasisihaken, nanging namung kacariosaken jumbuh kaliyan pametunipun (1 Korinta 16:2). Gereja Kristen dasaripun mendhet angka pisungsung 10% saking Prajanjian Lawas sarta matrapaken punika minangka satunggaling anjuran minimal pisungsungipun tiyang Kristen. Nanging, tiyang Kristen boten kedah rumaos kawajibaken tansah ngaturaken pisungsung. Tiyang Kristen sedahipun ngaturaken pisungsung sasagedipun, jumbuh kaliyan pamedalipun, napa dene berkahipun. Kadang kala punika ateges pisungsung langkung kathah saking saprasadasa. Sadaya gumantung kasagedanipun tiyang punika sarta kabetahaning gereja. Piyambak-piyambak lan saben tiyang Kristen kedahipun sregep ndedonga lan nyuwun kawicaksananipun Gusti Allah bab punapa kemawon kangge nyengkuyung bab pisungsung saprasadasa lan/utawi kangge sapinten kathahipun tiyang Kristen jaler utawi estri kedahipun ngaturi pisungsung (Yakobus 1:5). “Saben wong pawewehe dikaya kang dadi rilaning atine, aja kanthi sedhih utawa marga kapeksa, awit Gusti Allah iku ngasihi wong kang pawewehe kanthi suka-rila” (2 Korinta 9:7).
Kados pundi pangandikanipun Kitab Suci babagan jejodhoan wonten ing antaranipun bangsa-bangsa?
besutAngger-angger Prajanjian Lawas mucal supados bangsa Israel boten jejodhoan kalih bangsa-bangsa sanesipun (Pangandaring Toret 7:3-4), amargi bangsa Israel saged badhe nyimpang saking Gusti, ngabekti dhumateng ilah sanes. Ing Prajanjian Anyar, angger-angger punika uga katulis nanging nggadhahi tataran ingkang benten. “Aja nganti kowe padha dadi rakitan kang ora timbang karo wong kang ora pracaya. Sabab kabeneran iku ana gegayutane apa karo duraka? Utawa kepriye bisane pepadhang tetunggalan karo pepeteng?” (2 Korinta 6:14). Bangsa Israel dipundhawuhi supados boten jejodhoan kaliyan bangsa sanesipun ingkang boten nyembah dhumateng Sang Yehuwah, sesembahanipun Israel, semono ugi tiyang ingkang pracaya dhumateng Gusti Yesus (tiyang Kristen) dipundhawuhi supados boten jejodhoan kaliyan tiyang ingkang dereng pracaya.
Pramila, wangsulanipun pitaken wonten ing inggil wau cetha sanget, Kitab Suci boten mratelakaken menawi jejodhoan ing antaranipun bangsa-bangsa punika klentu.
Sinten sejatosipun manungsa punika bisa dipunmangertosi saking watakipun, sanes saking warna kulitipun. Pramila kedah ngatos-atos menawi badhe mbiji tiyang sanes. (Yakobus 2:1-10, luwih-luwih/mirunggan ing ayat 1 uga 9). Pathokanipun tiyang Kristen milih rencang ingkang bahde dipunpek dados bojo inggih punika menawi tiyang kala wau tiyang Kristen (2 Korinta 6:14), tiyang ingkang sampun kalairaken malih wonten ing sang Kristus (Yokanan 3:3-5). Dados, pracaya dhumateng Gusti Yesus punika patokanipun, kangge milih jodho, sanes warna kulitipun. Jejodhoan wonten ing antaranipun bangsa-bangsa punika sanes perkawis bener utawi salah, ananging kita kedah nggadhahi kawicaksanan, kalantipan, lumantar pandonga kita wonten ing ngarsanipun Gusti Yesus.
Menawa badhe jejodhoan kaliyan bangsa sanes ingkang nggadhahi ras benten (warna kulitipun mbok bilih benten) kedah ditimbang kanthi mateng, awit mbok menawi sedulur-sedulur sanes sami kabotan anggenipun nampi. Kathah ingkang sami padha mbedakaken lan ngremehaken (nyepelekaken), langkung-langkung saged nggih kulawarganipun piyambak. Wonten ugi ingkang jejodhoan kaliyan bangsa ingkang benten warna kulitipun ngalami rubeda nalika larenipun nggadhahi kulit ingkang benten kaliyan tiyang sepuhipun utawi sedulur tunggal bapa-biyung / rama-ibu, pramila kedah dipuntimbang malih. Prakawis ingkang langkung baku malih, angger-anggering Kitab Suci sampun kaparingaken dhumateng kita: punapa tiyang ingkang badhe kita pilih punika dados sariranipun Sang Kristus?
Kadospundi pangandikanipun Kitab Suci babagan pegatan lan nenikahan malih?
besutPurwakanipun, punapa kemawon ingkang dipunterangaken babagan pegatan, kita kedah mengeti punapa ingkang dipun wucal wonten ing Maleakhi 2:16a: “Awit Ingsun sengit marang pegatan, mangkono pangandikane Pangeran Yahuwah, Gusti Allahe Israel.” Miturut Kitab Suci, Gusti ngrancang bilih nenikahan punika dados prasetya salamining gesang. “Mulane wus mari dadi loro, mung siji. Awit soko iku, apa kang wus katunggalake dening Allah, ora kena kapisah dening manungsa” (Mateus 19:6). Gusti pirsa bilih pegatan saged kadadosan, awit jejodhoan punika nggathukaken kalih manungsa ingkang kebak dosa. Ing Prajanjian Lawas, Panjenenganipun maringi sawetawis angger-angger supados ngayomi wewenangipun tiyang ingkang dipun pegat, mliginipun wanita (Pangandharing Toret 24:1-4). Gusti Yesus nerangaken bilih angger-angger punika kaparingaken awit wangkoting manahipun manungsa, boten awit kersanipun Gusti (Mateus 19:8).
Bebantahan babagan pegatan lan nenikahan malih dipun dasaraken miturut ayat ing Mateus 5:32 lan 19:9. Tembung “kajaba menawa bojone laku jina” punika namung satunggal-satunggalipun perkawis ingkang dipuncariosaken Kitab Suci ingkang dipunijinaken nglampahi pegatan/pepisahan lan nenikahan malih. Kathah penapsir ingkang mangertosi babagan “pangecualian” kala wau namung dipuntujukaken dhumateng laku jina wonten ing mangsa pacangan. Wonten ing adat Yahudi, pria lan wanita dipunanggep nikah malah samangsa taksih tunangan. Laku jina wonten ing mangsa tunangan punika ingkang dados satunggal-satunggalipun dhasar kangge pepisahan.
Ananing, tembung Yunani ingkang kategesaken laku jina punika tembung ingkang saged ateges sawetawis bentuk panerak wewalering seksual. Tembung punika saged ateges jina, sundel, lan sapanunggalanipun. Gusti Yesus mbok menawi ngandika bilih pegatan dipunijinaken menawi panerak wewalering seksual punika dipun tindakaken. Sesambetan seksual punika perangan ingkang lumrah wonten ing babagan sesemahan “loro-lorone padha dadi daging siji” (Purwaning Dumadi 2:24; Mateus 19:5; Efesus 5:31). Mila saking punika, medhot sesambetan awit sesambetan seksual ingkang kalampahan boten ing sajroning sesemahan saged dados dedhasar tumrap pegatan.
Menawi makaten, Gusti Yesus ugi sampun mratelakaken babagan nenikahan malih. Tembung “banjur rabi karo wong wadon liyane” (Mateus 19:9) nedahaken bilih pegatan lan nenikahan malih dipunijini ing salebeting “prakawis pengecualian”. Kedah dipun mangertosi bilih namung tiyang ingkang boten lepat ingkang dipunijinaken nenikahan malih. Sanadyan punika boten kapratelakaken wonten seratan, kalonggaran tumrap nenikahan malih sasampunipun pegatan punika awit kamirahanipun Gusti tumrap tiyang ingkang sampun nglampahi dosa, sanes karana tiyang punika sampun nerak wewalering seksual. Mbok menawi wonten contoh sanesipun babagan “pihak ingkang lepat” punika kaijinaken nenikahan malih, ananging sanes makaten pangertosan ingkang dipun wucalaken ing seratan punika.
Sawetawis tiyang nganggep 1 Korinta 7:15 minangka “prakawis pengecualian” sanesipun ingkang ngijinaken nenikahan malih menawi semah ingkang dereng pitados dhumateng Gusti megat tiyang ingkang sampun pitados. Ananing sejatinipun seratan punika boten nyebutaken nenikahan malih, inggih namung mucal bilih tiyang pitados boten kaiket dening angger-anggeripun nenikahan menawi semahipun ingkang dereng pitados kepengin nilaraken. Pratelan sanesipun bilih tumindak wengis (dhumateng semah utawi lare) punika dhasar ingkang sah kangge pegatan, namung babagan punika boten kacathet ing Kitab Suci.
Prakawis ingkang asring dipunlalekaken wonten ing bebantahan babagan “prakawis pengecualian” wau inggih bilih punapa kemawon perkawis ingkang kedadean, punika namung ijin kangge pepisahan, sanes sarat pepisahan punika piyambak. Malah nalika jina dipun tindakaken dening pasangan, karana kamirahanipun Gusti, pasangan wau saged maringi pangapunten lan mbangun malih anggenipun sesemahan. Gusti sampun paring pangapunten dhateng kita sakalangkung kathah. Kedahipun kita saged nuladani contonipun sarta malah ngapunten dosa jina (Efesus 4:32). Nanging, ing kathah prakawis, pasangan ingkang sampun tumindak nyeleweng boten ngakeni dosanipun malah nglajengaken panerak wewaler seksual. Karana saking punika Mateus 19:9 mbok manawi saged dipun ginakaken. Kathah tiyang ingkang sakalangkung cepet nenikahan malih sasampunipun pegatan, ananing Gusti marengaken panjenenganipun tetep piyambakan. Gusti kadang kala nimbali tiyang gesang piyambakan satemah pamigatosipun boten kabagi-bagi (1 Korinta 7:32-35). Nenikahan malih sasampunipun pegatan mbok menawi pilihan ing salebeting sawetawis kawontenan, nanging punika boten ateges satunggal-satunggalipun pilihan.
Punika kawontenan ingkang awrat bilih angka pegatan ing antawisipun tiyang ingkang ngakeni Kristen meh sami inggilipun kaliyan tiyang ingkang boten pitados. Kitab Suci nyerat kanthi cetha sanget bilih Gusti sengit dhateng pegatan (Maleakhi 2:16) lan bilih rujuk sarta pangapunten kedah dados ciri gesangipun tiyang pitados (Lukas 11:4; Efesus 4:32). Ewa samanten, Gusti ngakeni bilih pegatan punika badhe kadadosan, malah ing antawisipun para putranipun Sang Yehuwah Gusti. Tiyang pitados ingkang pegatan lan/utawi nenikahan malih kedahipun boten rumaos kirang dipun tresnani dening Gusti, malah menawi sami pegatan lan/utawi nenikahan malih boten dipun ayomi ing sangandhaping perangan kawontenan ingkang dipun bentenaken ingkang pinanggih ing nalar saking Mateus 19:9. Gusti asring migunakaken malah tiyang Kristen ingkang dosa boten miturut kangge nyampurnakaken kasaenan ingkang mulya.
Punapa wanita pikantuk dados pandhita? Punapa ingkang kapangandikakaken dening Kitab Suci babagan wanita ing paladosan?
besutMbok menawi boten kathah bab ingkang dipun wicantenaken ing gereja sapunika katimbang bab wanita ingkang ngladosi minangka pandhita wonten ing paladosan. Minangka angsal-angsalipun, punika wigatos sanget kangge boten ningali bab punika kadosdene pria lawan wanita. Kathah wanita ingkang pitados bilih wanita boten samesthinipun ngladosi minangka pandhita, bilih Kitab Suci paring watesan-watesan wonten ing paladosaning wanita, lan wonten para pria ingkang pitados bilih wanita saged ngladosi kadosdene pandhita lan bilih bonten wonten watesan-watesan wanita wonten ing paladosan. Punika sanes bab sovinisme/sifat patriot ingkang kalangkung-langkung utawi mbentenaken. Punika bab tafsiraning Kitab Suci.
1 Timoteus 2:11-12 mratelakaken, “Wong wadon iku kudune jatmika lan nampanana piwulang kalawan mbangun-turut. Wong wadon ora dakwenangake memulang sarta mengku marang kang lanang, nanging sing jatmika.” Wonten ing gereja, Gusti Allah maringi dhapukan ingkang benten dhumateng tiyang jaler (pria) kaliyan tiyang estri (wanita). Punika angsal-angsalipun caraning manungsa katitahaken (1 Timoteus 2:13) lan cara ing pundi dosa lumebet ing jagad (2 Timoteus 2:14). Sang Yehuwah, lumantar seratanipun Rasul Paulus, matesi wanita saking paladosan ing bab pangaribawa ngungkuli pria memucal bab karohanen. Punika ngalang-alangi wanita saking paladosan minangka pandhita, ing pundi mesthi kalebet khotbah, memucal, lan pangaribawa karohanen ngungkuli para pria.
Kathah kawratan tumrap pamanggih bab wanita ing paladosan/pandhita wanita. Satunggal ingkang limrah inggih punika bilih Paulus matesi wanita saking memucal sabab ing abad kapisan, wanita sami boten sekolah (sinau bab seserepan). Amargi, 1 Timoteus 2:11-14 ing pundia papan nyebataken kawontenan seserepan. Menawi seserepan dados satunggaling watesan ing paladosan, saperangan ageng para sakabatipun Gusti Yesus sami boten saged nyocogi sarat punika.
Kawratan kaping kalih ingkang limrah kadadosan inggih punika bilih Paulus namung matesi para wanita Efesus saking memucal (1 Timoteus kaserat kangge Timoteus, ingkang dados pandhita ing Efesus). Kitab Efesus kawentar karana dados papaning Artemis, salah satunggaling dewi Yunani/Rum ingkang palsu. Wanita ingkang gadhah panguwaos nindakaken panyembahan tumrap Artemis. Ewa samanten, kitab 1 Timoteus ing pundi kemawon nyebutaken Artemis, ugi Paulus boten nyebutaken manembah dhumateng Artemis minangka alasan kangge matesi wonten 1 Timoteus 2:11-12.
Kawratan ingkang limrah ingkang kaping tiga inggih punika bilih Paulus namung nyarujuk dhateng pria lan wanita ingkang sesemahan, sanes pria lan wanita umumipun. Tembung Yunani ing 1 Timoteus 2:11-14 saged nyarujuk dhateng pria lan wanita ingkang sesemahan. Nanging, teges ingkang dhasar saking tembung punika pria lan wanita. Langkung tebih, tembung Yunani ingkang sami kaginakaken ing ayat-ayat 8-10. Punapa namung pria ingkang emah-emah ingkang kedah ngulungaken tanganipun ingkang suci wonten ing pandonga tanpa kanepson lan padudon (ayat 8)? Punapa namung pawestri ingkang kedah mangangge ingkang pantes, tumindak sae, sarta ngabekti dhumateng Gusti (ayat 9-10)? Temtu kemawon boten. Ayat 8-10 kanthi cetha nyarujuk dhateng pria lan wanita sacara umum, boten namung semah lan pawestri. Boten wonten sesambetanipun bilih badhe nyarujuk nggantosi semah lan pawestri ing ayat 11-14.
Ewa samanten asring kawratan sanesipun tumrap pamanggih bab pandhita /juru kotbah wanita ing sesambetanipun kaliyan Miriam, Deborah, Huldah, Priskila, Febe, lan sapanunggalanipun, wanita ingkang nyepeng kalenggahan mandhegani ing Kitab Suci. Kawratan punika kesupen nyathet kathah bab-bab ingkang wigatos. Ing sesambetanipun kaliyan Deborah, piyambakipun namung satunggal-satunggalipun hakim wanita ing antawisipun 13 hakim pria. Ing sesambetanipun kaliyan Huldah, piyambakipun satunggal-satunggalipun nabi wanita ing antawisipun lusinan nabi pria ingkang kasebat ing Kitab Suci. Sesambetanipun Miriam kaliyan bab mandhegani namung karana piyambakipun punika sadherekipun Nabi Musa lan Imam Harun.
Ing Kitab Lelakone Para Rasul, bab 18, Priskila kaliyan Akwila katepangaken minangka abdi ingkang setya dhumateng Kristus. Asmanipun Priskila ingkang kasebut wiwitan, kadosipun nyarujuk bilih piyambakipun langkung onjo ing paladosan katimbang semahipun. Nanging, Priskila boten katerangaken ing pundi-pundi tumut wonten salebeting paladosan ingkang kosok wangsul kaliyan 1 Timoteus 2:11-14. Priskila kaliyan Akwila mbeta Apolos dhateng dalemipun lan kekalihipun sami mucal Apolos, nerangaken Pangandikanipun Sang Yehuwah dhateng Apolos sacara langkung cetha lan teliti (Lelakone Para Rasul 18:26).
Ing Rum 16:1, malah menawi Febe dipun etang kados dene juru pamulasara minangka gantosing palados. Punika boten lajeng nedahaken bilih Febe punika guru wonten ing gereja. Saged mucal punika kaparingaken minangka watesan tumrap pinisepuh nanging sanes juru pamulasara (1 Timoteus 3:1-13; Titus 1:6-9). Pinisepuh/bishop/juru pamulasara katerangaken kados dene semah saking satunggal pawestri, satunggaling pria ingkang dipun pitados dening anak-anakipun, sarta pria ingkang pantes kinurmatan. Kaliyan malih, ing Timoteus 3:1-13 lan Titus 1:6-9, minangka tembung gantosing sipating jaler kaginakaken sacara tunggal kangge mratelakaken pinisepuh/bishop/juru pamulasara.
Tatanan basa ing 1 Timoteus 2:11-14 damel alesan ingkang cetha sanget. Ayat 13 dipun wiwiti mawi awit lan ngwuwuhi amarga bab punapa ingkang dipun pratelakaken Paulus ing ayat 11-12. Kenging punapa para wanita boten mucal utawi gadhah kuwaos nglangkungi pria? Awit Adam katitahaken rumiyin, nembe Hawa. Adam sanes tiyang ingkang tumindak cidra; wanita ingkang sampun cidra. Punika alesanipun. Gusti Sang Yehuwah nitahaken Adam rumiyin lan salajengipun nitahaken Hawa supados dados panulung tumrap Adam. Urutan tumitah punika gadhah panerapan ingkang nyakup sedayanipun tumrap manungsa sae ing salebeting kulawarga (Efesus 5:22-23) punapa dene ing salebeting gereja. Kasunyatanipun bilih Hawa sampun tumindak cidra ugi dados alasan tumrap wanita boten ngladosi kados dene pandhita utawi ndabeni kuwaos bab karohanen nglangkungi pria. Punika nedahaken dhumateng tiyang kathah supados pitados bilih wanita kedahipun boten mucal awit para wanita langkung gampil cidra. Pangertosan punika dereng tamtu mekaten... nanging menawi wanita langkung gampil cidra, kenging punapa sami kaparingan palilah nggulawenthan lare-lare (ingkang gampil cidra) lan wanita sanes (ingkang miturut pamanggih langkung gampil cidra)? Punika sanes punapa ingkang kacarios ing seratan punika. Wanita boten mucal utawi gadhah kuwaos karohanen nglangkungi pria awit Hawa sampung cidra. Minangka akibatipun, Gusti sampun maringaken dhateng pria panguwaos mucal ingkang utami ing gereja.
Wanita unggul ing bab sumanak, welas-asih, nggulawenthah lan mitulungi. Kathah saking paladosan gereja gumantung kaliyan wanita. Wanita ing gereja boten kawatesi kangge ndedonga tumrap tiyang kathah utawi medhar wangsit (1 Korinta 11:5), namung gadhah kuwaos memucal bab karohanen nglangkungi pria ingkang kawatesi. Kitab Suci boten matesi wanita saking anggenipun migunakaken peparinging Roh Suci (1 Korinta bab 12). Wanita, kados dene pria, katimbalan lumados tumrap tiyang sanes, supados mratelakaken wohing Roh (Galati 5:22-23), lan martosaken Injil tumrap tiyang ingkang katriwal (Mateus 28:18-20; Lelakone Para Rasul 1:8; 1 Petrus 3:15).
Gusti Allah sampun katahbisaken bilih namung pria ingkang lumados wonten ing bab kuwaos mucal karohanen ing gereja. Punika boten awit pria perlu guru ingkang langkung sae, utawi awit wanita kirang cerdas utawi kirang pinter (ing bab sanes). Kanthi prasaja caranipun Gusti Allah ngrancang gunanipun gereja. Pria nuladani bab mimpin karohanen ing salebeting gesang lan lumantar wicantenanipun. Wanita mendhet dhapukan ngirangi kawenangan. Wanita kasengkuyung mucal wanita sanes (Titus 2:3-5). Kitab Suci ugi boten matesi wanita saking nggulawenthah para lare. Satunggaling pandamel ingkang kawatesi saking wanita inggih punika memucal sarta mendhet kawenangan karohanen nglangkungi pria. Punika sacara limrah badhe ngliputi wanita ingkang lumados minangka pandhita. Punika boten damel wanita dados kirang wigatos, mawi cara punapa kemawon, nanging langkung maringi para wanita supados paladosanipun langkung tumuju ing bab ingkang nyondhongi ing kanugrahaning Sang Yehuwah ingkang kaparingaken tumrap para wanita kala wau.
Punapa ingkang dipunwastani kanugrahan wicanten ngangge basa roh punika?
besutKadadosan ingkang wiwitan babagan wicanten ngangge basa roh kalampahan ing Dinten Pentakosta (Lelakone Para Rasul 2:1-4). Para rasul sami medal lan sami bangge-binage Injil kaliyan tiyang kathah, wicanten dhumateng tiyang kathah mawi basanipun piyambak, “Kita krungu wong-wong iku padha calathu nganggo basa kita dhewe-dhewe bab pakaryan-pakaryan agung kang katindakake dening Gusti Allah!” (Lelakone Para Rasul 2:11).
Tembung Yunani, ingkang dipun terjemahaken mawi jilat wonten ing basa Inggris, tegesipun inggih punika “basa”. Mila saking punika, kanugrahan wicanten ngangge basa roh punika wicanten ing salebeting basa ingkang boten dipun mangertosi dening tiyang ingkang celathu supados lumados dhateng sok sintena ingkang saged wicanten mawi basa punika wau.
Ing 1 Korinta bab 12-14, ing pundi Paulus ngrembag bab kanugrahan ingkang nggumunaken, piyambakipun nerangaken bilih, “Kang iku para sadulur,saupama aku nekani kowe lan ngucap nganggo basa roh, iku apa paedahe tumraping kowe, manawa aku ora mratelakake bab wedharaning Allah, apa kawruh, utawa pamedhar wangsit apa piwulang?” (1 Korinta 14:6).
Miturutipun Rasul Paulus, sarta miturut dhateng katerangan bab basa ing kitab Lelakone Para Rasul, wicanten ngangge basa roh punika begja tumrap tiyang ingkang mirengaken pangandikanipun Gusti kados ing basanipun piyambak, nanging punika tanpa guna tumrap tiyang sanes, kajawi menawi saged dipun jarwakaken/dipun tegesaken.
Tiyang ingkang kaparingan kanugrahan njarwakaken basa roh (1 Korinta 12:30) saged mangertos punapa ingkang dipun ucapaken dening tiyang ingkang wicanten mawi basa roh malah sanadyan tiyang punika boten mangertos basa ingkang sampun dipun ucapaken. Panjarwa punika lajeng badhe nyariosaken pitutur saking pamicara basa roh dhateng tiyang sanes, satemah sedaya saged mangertos. “Mulane sing sapa ngucapake basa-roh, nyenyuwuna supaya bisa njarwakake” (1 Korinta 14:13).
Miturut wusananing pamanggihipun Paulus ingkang kiyat sanget bab basa-roh ingkang boten saged kajarwakaken, “Nanging ana ing pasamuwan aku luwih seneng ngucapake limang tembung kang bisa dimangerteni kanggo mulang wong liya, katimbang tembung pirang-pirang ewu ing basa-roh” (1 Korinta 14:19).
Punapa taksih wonten kanugrahan wicanten mawi basa-roh ing wekdal punika? 1 Korinta 13:8 nyebutaken mandegipun kanugrahan basa-roh, saleresipun punika sesambetan kaliyan dhatengipun kasampurnan ing 1 Korinta 13:10. Wonten ing wekdal ingkang sampun katemtokaken ingkang sesambetan kaliyan bentenipun pamedhar wangsit kaliyan kawruh sigeg kaliyan basa-roh nembe kasigeg minangka bukti saking sigegipun basa-roh saderengipun dhateng kasampurnan punika.
Sanadyan mbok menawi, punika boten sacara gamblang katingal saking ayat punika. Wonten ugi ing perangan saking Yesaya 28:11 lan Yoel 2:28-29 minangka bukti bilih wicanten mawi basa-roh punika satunggaling tandha saking pangadilaning Gusti Allah ingkang langkung celak.
1 Korinta 14:22 nerangaken basa-roh minangka “tandha tumrap tiyang ingkang boten pitados”. Sesambetan kaliyan pamanggih punika, kanugrahan basa-roh punika pangenget tumrap tiyang Yahudi bilih Gusti Allah badhe ngadili Israel awit panolakipun dhumateng Yesus Kristus minangka Mesias. Mila saking punika, nalika Gusti Allah ngadili Israel (kaliyan ngrisakaken Yerusalem lumantar tiyang Rumawi ing tahun 70 sasampunipun Gusti Yesus miyos), kanugrahan basa-roh boten dangu malih lajeng boten dipun gunakaken miturut tujuan ingkang saleresipun.
Sanadyan pamanggih punika saged ugi leres, tujuan ingkang utami saking basa roh ingkang dipun penuhi boten perlu nuntut bab panyigeg basa-roh punika.
Ayat Kitab Suci boten kanthi yakin negesaken bilih kanugrahan wicanten mawi basa roh sampun sigeg/mandheg. Ing wekdal ingkang sami, menawi kanugrahan wicanten ing salebeting basa roh ingkang kangge ing gereja samangke, punika badhe dipun wotenaken ing salebeting pasarujukan kaliyan ayat Kitab Suci.
Punika badhe dados basa ingkang nyata sarta kapireng cetha (1 Korinta 14:10). Punika badhe dados tujuan saking sesambetaning Pangandikanipun Gusti Allah kaliyan tiyang saking basa ingkang benten (Lelakone Para Rasul 2:6-23).
Punika badhe dados pasarujukan kaliyan panjurung bilih Gusti Allah sampun maringi lumantar Rasul Paulus, “Dene manawa ana kang ngucap nganggo basa roh, becike wong loro utawa keh-kehe wong telu bae, giliran, lan ana siji kang njarwakake. Nanging menawa ora ana wong kang bisa njarwakake, becike wong-wong mau ana ing pasamuwan padha menenga bae, mung mosika ana ing atine dhewe. Lan munjuk ana ing ngarsaning Gusti Allah” (1 Korinta 14:27-28).
Punika ugi dados pamituhu tumrap 1 Korinta 14:33, “Awit kang dadi keparenge Gusti Allah iku ora ngersakake kahanan kang kisruh, nanging kang tatarukun.”
Sang Yehuwah mesthi saged maringi kanugrahan dhateng tiyang kangge wicanten ing basa roh supados sami saged rembagan kaliyan tiyang ingkang wicanten salebeting basa ingkang benten. Roh Suci kuwaos nyebaraken kanugrahan roh (1 Korinta 12:11).
Mugi sami mbayangaken sapinten langkung kathahipun pakaryaning para pawartos Injil saged dumados menawi sami boten kedah sinau basa rumiyin, lan enggal-enggal saged rembagan dhateng tiyang-tiyang ing salebeting basanipun piyambak. Nanging, katingalipun Gusti boten makarya kados punika.
Katingalipun basa-roh ingkang wonten ing wekdal punika boten kados basa-roh ingkang dumados ing Prajanjian Anyar sanadyan kanyatanipun bilih basa roh punika mbok menawi sanget migunani.
Saperangan ageng tiyang pitados ingkang ngakeni migunakaken kanugrahan wicanten mawi basa-roh ugi boten nindakaken kanthi pasarujukan kaliyan ayat-ayat Kitab Suci kasebat ing nginggil.
Kanyatan punika mbekta dhateng wekasaning pamanggih bilih kanugrahan basa roh sampun kasigeg, utawi sakirang-kirangipun bab ingkang awis-awis sanget kadadosan wonten ing rancanganipun Gusti tumrap pasamuwanipun ing wekdal samangke.
Sinten ingkang pitados kanugrahan basa roh minangka “basa pandonga” kangge kagunan rohaninipun piyambak, pikantuk gegambaranipun saking 1 Korinta 14:4 lan/utawi 14:28, “Sing sapa calathu nganggo basa roh iku mbangun awake dhewe, balik sapa kang medhar wangsit iku mbangun pasamuwan.”
Ing sadaya bab 14, Paulus negesaken wigatosipun basa roh ingkang dipun wedharaken (dipun jarwakaken), pirsani bab 14:5-12. Punapa pangandikanipun Paulus ing ayat 4 inggih punika, “Menawi panjenengan wicanten mawi basa roh tanpa wonten ingkang saged njarwakaken, panjenengan boten nindakaken punapa-punapa kajawi mbangun panjenengan piyambak, damel panjenengan pinunjul ing karohanen katimbang tiyang sanes. Menawi panjenengan wicanten mawi basa roh lan saged kajarwakaken, panjenengan mbangun sadaya tiyang.”
Prajanjian Anyar babar pisan boten maringi pitedah babagan “pandonga ing salebeting basa roh.” Prajanjian Anyar babar pisan boten maringi tujuan “pandonga ing salebeting basa roh,” utawi sacara rinci nerangaken tiyang ingkang “ndedonga ing salebeting basa roh.”
Langkung malih, menawi “ndedonga mawi basa roh” kangge mbangun dirinipun piyambak, punapa punika badhe boten adil tumrap tiyang ingkang boten gadhah kanugrahan basa roh lan sinten ingkang boten saged mbangun dirinipun piyambak?
1 Korinta 12:29-30 sacara cetha nedahaken bilih boten sadaya tiyang kaparingan kanugrahan wicanten ing salebeting basa roh.
Kados pundi pangandikanipun Kitab Suci babagan ngunjuk alkohol/anggur?
besutSawetara ayat mratelakaken supados kita boten ngunjuk anggur (Kaimaman 10:9; Wilangan 6:3; Pandharaning Toret 14:26; 29:6; Para Hakim 13:4,7,14; 1 Samuel 1:15; Wulang Bebasan 20:1; 31:4,6; Yesaya 5:11,22; 24:9; 28:7; 29:9; 56:12; Mikha 2:11; Lukas 1:15). Ewa semanten, Kitab Suci boten nglarang tiyang Kristen ngunjuk bir, anggur, utawi unjukan sanesipun ingkang mawi alkohol. Tiyang Kristen boten kepareng mendem-mendeman (Efesus 5:18). Kitab Suci ngandaraken babagan mabuk-mabukan lan akibatipun (Wulang Bebasan 23:29-35). Tiyang Kristen uga kedhawuhan supados boten masesa badanipun marang samubarang menapa kemawon (1 Korinta 6:12; 2 Petrus 2:19). Kitab Suci uga nglarang tiyang Kristen tumindak ingkang njalari natoni atinipun pepadhane ananing supados mekak/nglawan dosa ingkang wonten ing sajroning ati (1 Korinta 8:9-13). Tiyang Kristen boten saged nyebataken menawi ngunjuk anggur punika ngluhuraken asmanipun Gusti (1 Korinta 10:31).
Gusti Yesus ndamel mukjijat toya dados anggur, punika ateges kala-kala Gusti Yesus nggih ngunjuk anggur (Yokanan 2:1-11; Mateus 26:29). Sakmenika (wonten ing saperangan ageng negara donya katelu), toya ingkang resik utawi sehat menika awis menari boten diupakara dening alat kesehatan, kathah toya ingkang sampun kacampur kaliyan virus, bakteri, lan rereged sanesipun. Pramila tiyang pada ngunjuk anggur (utawi jus woh anggur) awit punika resik uga sehat. Ing 1 Timoteus 5:23, Paulus ndawuhi Timotius supados boten namung ngunjuk toya ananging dipuncampur kaliyan anggur supados padharanipun boten sakit. Tembung anggur wonten ing basa Yunani ing Kitab Suci minangka anggur ingkang dipunangge ngunjuk saben dinten. Dipuncampur kaliyan ragi ananging namung sekedik. Sanes jus woh anggur lan sanes anggur kados ingkang dipununjuk sakmenika. Kitab Suci boten nglarang tiyang Kristen ngunjuk bir, anggur utawi unjukan sanesipun ingkang mawi alkohol. Ananging tiyang Kristen boten pareng ngantos ketagihan lan mendem (Efesus 5:18; 1 Korinta 6:12).
Punapa pangandikanipun Kitab Suci ngengingi botoh? Punapa botoh punika dosa?
besutBotoh saged dipuntegesaken minangka notohaken arta kangge nyobi nikelaken arta kanthi totohan. Kitab Suci boten sacara rinci nyupatani botoh, totohan, utawi lotere. Kitab Suci ngengetaken kita, awit saking punika, supados nebih saking nresnani arta (1 Timoteus 6:10; Ibrani 13:5). Ayat Kitab Suci ugi njurungi kita supados nebih saking ngupados kasugihan kanthi cepet (Wulang Bebasan 13:11; 23:5; Kohelet 5:10). Botoh saperangan ageng mesthi tujuanipun karana remen dhateng arta lan boten saged kaselaki nggodha tiyang mawi janji cepet lan gampil sugih.
Punapa ingkang lepat kaliyan botoh? Botoh punika bab ingkang awrat awit manawi katindakaken sacara limrah lan namung menawi wonten wekdal, punika mbucal arta, nanging punika boten mbetahaken kajahatan. Manungsa nelasaken arta ing sadaya prakawis. Botoh boten langkung utawi kirang saking nelasaken arta katimbang ningali bioskop (ing kathah bab), nedha tetedhan abis-awisan, utawi tumbas barang ingkang boten aji.
Ing wekdal ingkang sami, kasunyatanipun bilih arta katelasaken kangge bab-bab sanes punika nggih boten badhe ngleresaken botoh. Arta boten samesthinipun katelasaken. Kakathahan arta kedahipun kasimpen kangge kabetahan pakaryanipun Gusti Sang Yehuwah ing dinten wingking, boten katelasaken kanthi botoh.
Botoh ing Kitab Suci: Sanadyan Kitab Suci boten sacara cetha nyebut botoh, nanging Kitab Suci mratelakaken babagan dolanan kanthi kauntungan. Minangka contonipun, mbucal undi kados ingkang dipungunakaken ing Kaimaman kangge milih antawisipun ngurbanaken mendha lan kurban tiyang. Yusak mbucal undhi kangge nemtokaken bagian siti tumrap warni-warni suku bangsa. Nehemia mbucal undhi kangge nemtokaken sinten ingkang badhe mapan ing sajawining tembok Yerusalem lan sinten ingkang boten. Para rasul mbucal undhi kangge nemtokaken gantosipun Yudas. Wulang Bebasan 16:33 mratelakaken, “Undhi kabuang ing pangkon, nanging sakehing putusane iku saka Sang Yehuwah.”
Kitab Suci boten mratelakaken botoh ingkang kaginakaken kangge seneng-seneng utawi dipun paringaken minangka satunggaling sesambetan ingkang pinanggih ing nalar tumrap para pandherekipun Gusti.
Kasino lan lotere: Kasino migunakaken sadaya cara sesadean kangge narik kawigatosaning tiyang ingkang remen botoh supados notohaken artanipun sakathah-kathahipun. Tiyang punika asring nawekaken alkohol kanthi mirah utawi malah boten mbayar, ing pundi njurungi para tiyang ingkang remen mabuk, sarta mawi cara punika dipun kirangi kawasisanipun kangge damel pancasan ingkang wicaksana.
Sadaya samukawis ing kasino punika dipun tata sacara sampurna supados ndhatengaken arta ingkang kathah cacahipun lan boten badhe nyukani punapa-punapa, kajawi kangge kakareman ingkang muspra.
Lotere nggambaraken bilih piyambakipun punika satunggaling cara kangge nyekapi kabetahan pasinaon lan utawi kabetahan sosial. Awit saking punika, paniti priksa mratelakaken bilih tiyang ingkang nyengkuyung lotere biasanipun tiyang ingkang sakirang-kirangipun saged gadhah pamedal supados migunakaken artanipun kangge tumbas karcis lotere. Pamikut saking ndhatengaken arta kanthi cepet punika ugi panggodha ageng kangge nglawan tiyang ingkang semplah.
Wekdal kangge mimpangaken lotere alit sanget, ing pundi gesangipun tiyang kathah badhe dados risak.
Kenging punapa pamedal saking lotere boten ngremenaken penggalihipun Gusti Allah? Kathah tiyang mratelakaken bilih panjenenganipun dolanan lotere utawi botoh supados saged ndanakaken artanipun kangge gereja, utawi kangge bab-bab ingkang sae sanesipun. Sanadyan punika mbok menawi alesan ingkang becik, kasunyatanipun namung sawetawis tiyang ingkang migunakaken kamenangan saking botoh kangge tujuan ingkang becik.
Paniti priksa nedahaken bilih kathah sanget tiyang ingkang mimpang lotere malah kawontenan artanipun langkung awon ing sawetawis tahun sasampunipun mimpang jekpot katimbang saderengipun. Sawetawis manawi wonten, saestu nyukakaken artanipun kangge bab-bab ingkang becik. Langkung tebih, Gusti boten betah arta kita kangge wragad pakaryanipun ing jagad. Wulang Bebasan 13:11 ngandika, “Bandha kang gampang olehe, mesthi bakal suda, nanging wong kang tlaten nglumpukake saka sathithik, bakal dadi sugih.”
1 Timoteus 6:10 mratelakaken dhateng kita, “Amarga kang dadi witing sakehing piala iku ambek karem bandha. Sabab marga saka anggone mburu dhuwit sawenehing wong padha nyimpang saka ing pracaya sarta nyiksa awake dhewe kalawan kasusahan warna-warna.”
Ibrani 13:5 mratelakaken, “Kowe aja padha karem bandha sarta padha marema ing saanane. Awit Gusti Allah wus ngandika: “Ingsun ora bakal negakake sira lan sira ora pisan-pisan bakal Suntilar”.
Matius 6:24 mratelakaken, “Ora ana wong kang bisa ngrangkep pangawulan, awit ora wurung bendarane kang siji bakal disengiti, sijine dtresnani, utawa bakal setya marang kang siji lan nyepelekake marang sijine. Kowe ora bisa ngawula marang Gusti lan marang mamon”.
Punapa pangandikanipun Kitab Suci babagan nggaret badan (tato)?
besutAngger-angger wonten ing Prajanjian Lawas paring dhawuh dhateng tiyang Israel, “Sira aja nggaret-nggareti awakira marga kepaten lan sira aja gawe ciri-ciri ana ing badanira; Ingsun ini Yahuwah” (Kaimaman 19:28). Mila, sanadyan tiyang pitados ing wekdal punika boten wonten ing sangandhaping angger-angger ing Prajanjian Lawas (Rum 10:4; Galati 3:23-25; Efesus 2:15), kasunyatanipun bilih wonten dhawuh ingskang nglawan dhumateng tato satemah ndadosaken pitaken kita. Prajanjian Anyar boten ngandika punapa-punapa bab punapa tiyang pitados kedahipun punapa kedahipun boten damel tato.
Sesambetan kaliyan tato lan nggareti badan, panguji ingkang sae kangge nemtokaken inggih punika punapa kita saged kanthi jujur, ing salebeting manah ingkang tulus, nyuwun dhumateng Gusti Sang Yehuwah supados mberkahi sarta migunakaken padamelan ingkang mligi kangge tujuanipun Gusti piyambak ingkang sae. “Wangsulanku mangkene: Dadia kowe mangan, dadia kowe ngombe, dadia kowe nglakoni apa bae liyane, kabeh iku mau lakonana kagem kaluhurane Gusti Allah” (1 Korinta 10:31). Kitab Suci boten ngandika ingkang nglawan tato utawi nggareti badan, nanging ugi boten maringi dasar tumrap kita kangge pitados bilih Gusti marengaken kita damel tato utawi nggareti badan.
Babagan sanesipun kangge nimbang-nimbang inggih punika kasusilan. Kitab Suci paring dhawuh dhumateng kita supados mangangge ingkang susila (1 Timoteus 2:9). Satunggal pamanggih mangangge ingkang susila inggih punika ngyakinaken sadayanipun ingkang kedah katutupi dening rasukan cekap katutupi. Nanging, teges ingkang dhasar saking kasusilan inggih punika boten narik kawigatosan dhateng panjenengan. Tiyang ingkang ngangge panggangge ingkang susila kados makaten satemah boten narik kawitagosan tumrap tiyang kalawau. Tato sarta nggareti badan kathah-kathahipun mesthi narik kawigatosan. Ing pangertosan punika, tato lan nggareti badan boten susila.
Paugeran sacara Kitab Suci ingkang wigatos ing bab-bab ingkang boten katuju sacara rinci wonten ing Kitab Suci inggih punika bilih menawi wonten panggenan tumrap raos mangu-mangu bab punapa punika kaparengaken dening Gusti Allah, mila punika ingkang paling sae menawi boten migunakaken ing salebeting pandamel. “Mangka samubarang kang ora kalambaran pracaya iku dosa” (Rum 14:23). Kita perlu ngengeti bilih badan kita, punapa dene nyawa kita, sampun katebus lan dados kagunganipun Gusti. Sanadyan 1 Korinta 6:19-20 boten sacara cetha migunakaken tato utawi nggareti badan, punika maringi kita satunggaling paugeran, “Apa kowe padha ora sumurup, yen badanmu iku dadi padalemane Sang Roh Suci kang ana ing kowe, Sang Roh Suci kang kaparingake marang kowe dening Gusti Allah, sarta yen awakmu iku dudu awakmu dhewe? Sabab kowe wus padha tinuku lan wus kabayar lunas: Mulane padha ngluhurna Gusti Allah srana badanmu.”
Kaleresan ingkang ageng punika badhe mbekta sesambetan ingkang nyata tumrap punapa ingkang kita tindakaken lan dhateng pundi kita nglampahaken badan kita. Menawi badan kita punika kagunganipun Gusti Allah, kita kedahipun ngyakinaken kita ndarbeni palilahipun Sang Yehuwah ingkang cetha saderengipun kita damel tandha mawi tato lan nggareti badan.
Punapa sato-kewan saged lumebet ing Swarga? Punapa sato-kewan gadhah roh?
besutKitab Suci boten maringi piwucal ingkang rinci bab punapa sato-kewan gadhah roh utawi punapa sato-kewan badhe mlebet ing swarga. Nanging kita saged mendhet sawetawis dhasar saking Kitab Suci ingkang umum lan paring tandha ing babagan ingkang pokok. Kitab Suci mratelakaken bilih kekalihipun manungsa (Purwaning Dumadi 2:7) lan sato-kewan (Purwaning Dumadi 1:30; 6:17; 7:15, 22) ndarbeni napasing gesang. Bentenipun ingkang utami antawisipun manungsa lan kewan inggih punika bilih manungsa katitahaken mirip gambar lan pasemonipun Sang Yehuwah (Purwaning Dumadi 1:26-27). Sato-kewan boten dipun damel mirip gambar lan pasemonipun Gusti. Dipun yasa mirip gambar lan pasemonipun Gusti tegesipun bilih manungsa punika dipunciptakaken kadosdene Sang Yehuwah, ndarbeni kaunggulan karohanen, dalah pikiran, pangraos, lan pepenginan sarta ndarbeni satunggaling kawontenaning lajengan sasampunipun pejah. Menawi sato-kewan saestu gadhah roh utawi kasawang sanes kados rajabrana, mila mesthi benten sarta langkung andhap mutunipun. Benten punika mbok menawi tegesipun bilih roh sato-kewan boten wonten lajenganipun sasampunipun pejah.
Babagan sanes kangge nenimbang ing pitakenan punika inggih punika bilih Gusti sampun nitahaken sato-kewan minangka bagian saking lelampahaning pakaryanipun wonten ing Purwaning Dumadi. Gusti nitahaken sato-kewan sarta ngandika sedayanipun sampun prayogi (Purwaning Dumadi 1:25). Ewa semanten, boten wonten alasanipun kenging punapa boten wonten malih sato-kewan wonten ing bumi enggal (Wahyu 21:1). Mesthi badhe wonten sato-kewan sadangunipun pamarintahan sewu tahun (Yesaya 11:6; 65:25). Mokal menawi nyariosaken bab ingkang mesthi punapa sawetawis saking sato-kewan punika mbok bilih ingon-ingon ingkang saged kita darbeni ing bumi mriki. Kita mangertos bilih Gusti punika adil sarta bilih manawi kita lumebet ing Swarga kita badhe manggihi diri kita wonten ing salebeting prajanji ingkang sampurna kaliyan pancasanipun Gusti ing bab punika, punapa kemawon ingkang badhe kadadosan.
Wonten ing pundi Gusti Yesus sadangunipun tigang dinten sasampunipun seda ngantos wungunipun?
besut1 Petrus 3:18-19 mratelakaken, “Sabab Gusti Yesus uga wus nglampahi seda sapisan marga dosa kita kabeh, Panjenengane kang tanpa kaluputan kanggo wong-wong kang kaluputan, supaya kita pada bisa kasowanake marang ing ngarsaning Allah: Panjenengane kasedanan mungguh ing kadagingan, nanging kagesangake mungguh ing Roh, sarta ing sajroning Roh iku uga, Panjenengane tedhak ngundhangake Injil marang para roh ana ing pakunjaran.”
Perangan tembung “mungguh ing Roh”, ing ayat 18 sejatosipun sami kaliyan “mungguh ing kadagingan”. Daging lan roh ingkang dipun kajengaken inggih punika kadaginganipun Sang Kristus saha rohipun Sang Kristus. Tembung “kagesangake mungguh ing Roh”, nelakaken bilih Gusti Yesus nglampahi seda kangge nanggel dosa misahaken rohing kamanungsanipun saking Sang Rama (Mateus 27:46). Benten kaliyan daging lan roh kados ing Mateus 27:41 lan Rum 1:3-4, inggih benten kaliyan kedaginganipun Sang Kristus lan Roh Suci. Nalika panebusipun Sang Kristus tumrap dosa sampun kalampahan, Roh Suci makarya ndandosi sesambetan antawisipun manungsa lan Gusti ingkang sampun risak.
1 Petrus 3:18-22 mratelakaken sesambetan atawisipun kasangsaran (ayat 18) kaliyan kamulyanipun (ayat 22) sang Kristus. Petrus nerangaken bilih “ngundangake” ing ayat 19 punika sanes tembung ingkang asring dipunginakaken ing Prajanjian Anyar kangge mratelakaken babagan Injil, ananging pawartos. Gusti Yesus nandang sangsara lan seda ing kajeng Salib, awit Panjenenganipun kadamel dosa, ananging Rohipun kagesangaken lan Panjenenganipun masrahaken dhumateng Sang Rama. Ingkang dipuncariosaken dening Petrus inggih punika bilih Gusti Yesus sasampunipun seda lan saderengipun wungu, martosaken pawartos dhumateng “roh ing pakunjaran” bilih Gusti Yesus sampun menang saking pati.
Petrus nedahaken dhateng tiyang-tiyang minangka “jiwa” lan sanes “roh” (3:20). Ing Prajanjian Anyar, tembung “roh” dipunginakaken kangge nerangaken malaekat utawi iblis, sanes manungsa; lan ayat 22 katingalipun nyengkuyung teges punika. Kitab Suci ugi boten nyariosaken bilih Gusti Yesus tindak neraka. Lelakone Para Rasul 2:31 mratelakaken bilih Panjenenganipun tumedhak ing “Teleng palimengan” (New American Standard Bible/Kitab Suci pathokan enggal Amerika), nanging “teleng palimengan” punika sanes neraka, ananging alaming pepejah, inggih punika panggenan kangge sauntawis wekdal ing pundi tiyang sami nengga patangen. Wahyu 20:11-15 ing NASB (New American Standard Bible/Kitab Suci pathokan enggal Amerika) utawi New International Version/terjemahan enggal Internasional maringi benten ingkang cetha antawisipun bab kekalih punika. Neraka punika panggenan ingkang langgeng tumrap paukuman. Teleng palimengan punika panggenan ingkang namung kangge sauntawis wekdal.
Gusti Yesus seda, masrahaken nyawanipun dhateng Sang Rama umedhak ing teleng palimengan maringi pawartos dhateng roh-roh, (mbok menawi malaekat ingkang dhawah; waos Yudas 1:6) roh-roh punika gadhah sesambetan kaliyan wedal saderengipun banjir ing jamanipun nabi Nuh (1 Petrus 3:20). Petrus boten nyariosaken dhateng kita punapa Panjenenganipun dhateng roh-roh ingkang dipun kunjara, ananging pawartos punika sanes pawartos panebusan awit malaekat-malaekat boten saged kawilujengaken (Ibrani 2:16). Mbok menawi punika satunggaling pratelan kamenangan dhateng Setan lan rombonganipun (1 Petrus 3:22; Kolose 2:15). Serat Efesus 4:8-10 ugi nedahaken bilih Kristus tindak dhateng “swarga” (Lukas 16:20; 23:43) sarta nyawisaken papan ing swarga kangge sedaya tiyang ingkang pitados dhateng Panjenenganipun saderengipun Panjenenganipun seda. Ing perangan punika mboten nate nyariosaken kanthi cetha punapa ingkang kedadosan, ananging kathah ahli teologi sarujuk bilih punika ingkang dipun tegesaken kaliyan “kajengipun pakunjaran nyepeng sok sintena ingkang purun dipun cepeng”.
Dados, Kitab Suci boten nyariosaken kanthi cetha punapa ingkang kantindakaken Sang Kristus sesampunipun seda sakderengipun wungu. Ketingalipun Panjenenganipun mratelakaken kamenanganipun dhateng iblis lan maringi pawartos dhumateng tiyang percaya ingkang sampun pejah. Ingkang saged kita sumurupi babagan kapitadosan inggih bilih Yesus boten maringi manungsa wekdal ingkang kaping kalih kangge kawilujengan. Kitab Suci nyariosaken dhateng kita bilih kita ngadhepi pangadilanipun Gusti sesampunipun kita pejah lah boten wonten malih wewengan kangge mratobat saksampunipun pejah (Ibrani 9:27). Gusti Yesus inggih boten nglampahi siksa wonten ing neraka. Pakaryanipun Sang Kristus sampun sampurna wonten ing kajeng salib (Yokanan 19:30).
Punapa pangandikanipun Kitab Suci bab dinosaurus? Punapa dinosaurus wonten ing Kitab Suci?
besutPokok wicantenan babagan Dinosaurus ing Kitab Suci punika perangan saking bebantahan ingkang langkung ageng ingkang nembe lumampah ing salebeting masyarakat Kristen ing sadangunipun umuring jagad. Wicantenan punika babagan tapsiran ingkang trep kaliyan purwaning dumadi, lan kados pundi napsiraken pitedah sacara badaniah ingkang kita panggihi ing sacelak kita. Sadaya tiyang ingkang pitados ing jaman purwakaning dumadi condhong mathuk bilih Kitab Suci boten mratelakaken babagan Dinosaurus. Awit miturut tapsiran tiyang punika, Dinosaurus pejah langkung saking mayuta-yuta tahun saderengipun manungsa kawitan wonten ing bumi. Tiyang ingkang nyerat Kitab Suci boten saged ningali bilih Dinosaurus punika gesang.
Sadaya tiyang ingkang pitados ing sasampunipun jaman purwakaning dumadi condhong mathuk bilih Kitab Suci mratelakaken Dinosaurus sanadyan punika boten migunakaken tembung “Dinosaurus”. Minangka gantosipun, migunakaken tembung Ibrani tanniyn. Tanniyn dipun tapsiraken kanthi sawetawis cara ingkang benten ing Kitab Suci basa Inggris; kala-kala arupa “kewan aneh ing segara”, utawa raseksa, Naga. Tanniyn dipunsebat dados sawetawis warni kewan reptil raseksa. Tembung punika kasebataken nyelaki kaping tigang dasa ing Prajanjian Lawas lan pinanggih kekalihipun ing dharatan lan ing salebeting toya.
Kajawi nyebutaken kewan raseksa punika, Kitab Suci mratelakaken sakperanganipun kewan, satemah sawetawis sarjana pitados bilih panyerat punika mbok menawi badhe mratelakaken babagan Dinosaurus. Behemoth kacariosaken ingkang paling kiat saking sadaya ingkang dipuntitahaken dening Gusti, raseksa ingkang buntutipun dipunbandhingaken kaliyan uwit Cedar (Ayub 40:15). Sawetawis sarjana ingkang sampun nyobi niti priksa babagan Behemoth nganggep bilih kewan punika salah satunggalipun kados dene Gajah utawi Badhak lepen. Sanesipun nyebutaken bilih Gajah lan Badhak lepen gadhah buntut ingkang alit, boten sebandhing kaliyan uwit Cedar. Dinosaurus kados Brachiosaurus lan Diplodocus ingkang sanesipun gadhah buntut ingkang ageng sanget ingkang saged kabandhingaken kaliyan uwit Cedar.
Meh saben kabudayan kina gadhah sawetawis warni seni nggambar kewan reptil raseksa. Petroglyphs, artifak (barang ingkang kadamel awit kapinteraning manungsa) lan malah reca alit saking lempung ingkang dipunpanggihaken ing Amerika Ler memper kaliyan gambaraning Dinosaurus. Ukiran ‘selo’ ing Amerika Kidul nggambaraken pria ingkang numpak kewan kados Diplodokus sarta, anehipun, Beruang asring dipungambaraken kados Triseratop, Pterodaktil, lan Ti-Rex. Lempengan selo/mosaik Roma, grabah Maya lan tembok kitha Babilonia sadaya mbuktekaken daya tarik kabudayan ingkang boten wonten tadhinganipun saking kewan punika. Cathetan sawontenipun saking Marco Polo Il Millione punika kacampur kaliyan dongeng-dongeng ingkang boten pinanggih ing nalar bab pendeman barang saking kewan-kewan. Lapuran paniti-priksa ing jaman samangke tetep katindakaken sanadyan tiyang-tiyang biasanipun dipun segahi kaliyan raos mangu-mangu ingkang sakalangkung ageng.
Kajawi cacahing anthropic ingkang kathah sanget sarta bukti-bukti sejarah tumrap gesang sesarengan antawisipun Dinosaurus lan manungsa, wonten bukti alamiah sanesipun, kados dene fosil tapak suku manungsa lan Dinosaurus ingkang kapanggihaken sesarengan ing panggenan-panggenan ing Amerika Ler lan ing Asia perangan Timur-Tengah.
Dados, punapa Dinosaurus punika wonten ing Kitab Suci? Prakawisipun babarpisan boten katetepaken. Punika gumantung dhateng kados pundi panjenengan napsiraken bukti-bukti ingkang sumadiya lan kados pundi panjenengan mirsani jagad ing sacelak panjenengan. Ing mriki, ing GotQuestion.org kita pitados dhumateng tapsiraning sarta nampi bilih Dinosaurus lan manungsa gesang sesarengan. Kita pitados bilih Dinosaurus musna sawetawis wekdal sasampunipun banjir patopan awit saking bab ingkang gegandhengan kaliyan ewah-ewahaning bumi lan kanyatan bilih Dinosaurus sami dipun buru tanpa raos welas supados musna dening manungsa.
Sinten semahipun Kain? Punapa semahipun Kain punika rayi estrinipun?
besutKitab Suci boten mratelakaken kanthi cetha sinten semahipun Kain punika. Wangsulan ingkang boten mokal bilih semahipun Kain inggih punika rayinipun utawi kepenakanipun utawi wayah-kepenakanipun, lan sapanunggilanipun. Kitab Suci boten nyerat pinten yuswanipun Kain nalika piyambakipun mejahi Abil (Purwaning Dumadi 4:8). Kain kaliyan Abil kekalihipun punika tani, mbok menawi sampun diwasa, mbok menawi ugi kaliyan kulawarganipun. Adam kaliyan Hawa temtunipun sampun gadhah lare malih kejawi Kain lan Abil ing wekdal Abil dipunpejahi. (Purwaning Dumadi 5:4). Kasunyatan bilih Kain rumaos ajrih bab gesangipun sasampunipun mejahi Abil (Purwaning Dumadi 4:14) mratandhani bilih mbok menawi wonten kathah lare sanes lan mbok menawi malah putu utawi buyutipun Adam lan Hawa ing wekdal punika. Semahipun Kain (Purwaning Dumadi 4:17) inggih punika lare utawi putu estrinipun Adam lan Hawa.
Awit (namung) Adam lan Hawa manungsa ingkang wiwitan, para larenipun boten gadhah pilihan sanes kajawi jejodhoan ing salebeting kulawarga. Gusti boten ngawisi jejodhoan ing salebeting kulawarga ngantos mangke menawi sampun cekap kathah tiyang satemah nenikahan ing salebeting kulawarga boten perlu malih (Kaimaman 18: 6-18). Dasaripun nenikahan ing salebeting kulawarga asring nuwuhaken keturunan ingkang cacat tumrap lare-lare punika menawi tiyang kalih saking keturunan ingkang sami (contonipun sadherek jaler lan estri) gadhah turunan. Cacating keturunanipun mbok menawi langkung kathah awit kekalih tiyang sepuhipun gadhah cacat piyambak-piyambak. Menawi tiyang saking kulawarga ingkang benten gadhah turun, sanget mokal bilih kekalih tiyang sepuhipun badhe gadhah cacat turunan ingkang sami. Paugeran keturunan manungsa sampun sansaya mindhak “dipun regedi” nglangkungi abad minangka cacat turunan ingkang makaping-kaping, katambahan, sarta kawarisaken mangandhap saking keturunan dhateng keturunan salajengipun. Adam kaliyan Hawa boten gadhah cacat turunan satemah Adam kaliyan Hawa sarta turunipun ingkang sepisan nggadhahi kawontenan langkung sae ing bab kesehatan katimbang ingkang kita alami ing wekdal punika. Mbok menawi inggih wonten sawetawis cacat turunan, ananging taksih sae tumrap jejodhoan ing salebeting kulawarga. Ketingalipun aneh menawi kamanah bilih semahipun Kain punika rayinipun piyambak. Gusti ingkang miwiti mbangun kulawarga Adam (satunggaling tiyang jaler) kaliyan Hawa (satunggaling tiyang estri), pramila turunipun (keturunan ingkang kaping kalih) boten gadhah pilihan kajawi jejodhoan ing antawisipun tiyang-tiyang kala wau piyambak.
Punapa pangandikanipun Kitab Suci bab tumindak jindik? Punapa jindik punika dosa?
besutKitab Suci kanthi ajeg mratelakaken bilih tumindak jindik punika dosa (Purwaning Dumadi 19:1-13; Kaimaman 18:22; Rum 1:26-27; 1 Korinta 6:9). Rum 1:26-27 mucal bilih jindik punika dosa lantaran nyelaki sarta nyidrani Gusti. Manawi tiyang nglajengaken tumindak dosa lan boten pitados, Kitab Suci nyariosaken dhumateng kita bilih Sang Yehuwah “masrahaken dhateng tiyang kalawau” badhe tetep wonten ing salebeting dosa ingkang langkung jahat lan risak supados nedahaken dhateng tiyang-tiyang kalawau tanpa guna sarta boten gadhah pangajeng-ajeng dhateng Gusti Allah ing gesangipun. 1 Korinta 6:9 mratelakaken bilih “tiyang dosa” awit jindik boten badhe marisi kratoning Sang Yehuwah.
Gusti boten nitahaken tiyang kanthi pepenginan tumindak jindik. Kitab Suci mratelakaken dhateng kita bilih tiyang dados jindik karana dosa (Rum 1:24-27), sarta wekasanipun awit saking pilihanipun piyambak. Kathah tiyang ingkang nyariosaken, bilih mbok manawi panjenenganipun kalairaken kanthi nggadhahi kaapesan ingkang langkung ageng ing bab jindik, kadosdene tiyang-tiyang ingkang lair kanthi nyondhongi tumindak ambek siya sarta dosa-dosa sanesipun. Punika sanes alasan kenging punapa tiyang milih nglampahi dosa sarana pasrah dhateng pepenginan tumindak dosa.
Manawi tiyang lair kanthi kakirangan ing bab kanepson/kamurkan ingkang langkung ageng, punapa punika badhe damel sadayanipun sae manawi lajeng pasrah dhateng pepenginan punika? Mesti kemawon boten! Makaten ugi tumrap jindik.
Sanadyan makaten, Kitab Suci boten nerangaken bilih jindik punika dosa ingkang langkung ageng katimbang dosa sanesipun. Sadaya dosa punika saestu natoni panggalihipun Sang Yehuwah. Jindik punika namung salah satunggaling prakawis ingkang kasebat ing 1 Korinta 6:9-10 ingkang badhe ngalang-alangi tiyang saking Kratoning Swarga. Miturut Kitab Suci, pangapunten saking Gusti kados ingkang kacawisaken tumrap para jindik punika ugi kaparingaken tumrap tiyang ingkang tumindak jina, panyembah brahala, tiyang ingkang mejahi, maling, lan sapanunggalanipun. Gusti ugi paring prajanji maringi kakiyatan supados kita mimpang saking dosa, kalebet jindik, tumrap sok sintena ingkang pitados ing Yesus Kristus minangka Juru Wilujengipun (1 Korinta 6:11; 2 Korinta 5:17).
Punapa parancapan punika dosa miturut Kitab Suci?
besutKitab Suci boten nate nyebataken kanthi cetha bilih parancapan punika dosa. Ugi boten wonten pitakenan kados punapa tumindak ingkang tumuju dhateng parancapan punika dosa. Parancapan punika dipun wiwiti saking pikiran ingkang kebak ing napsu/birahi, rangsangane seks, sarta wewayanganing cecabulan. Punika sebabipun dipun sambetaken kaliyan dosa. Manawi dosa karana birahi sarta cecabulan dipun lirwakaken sarta dipun tanggulangi bab parancapan badhe boten dados prakawis.
Kitab Suci mratelakaken supados kita nebihi thukulipun tumindak jina ingkang nerak kasusilan (Efesus 5:3). Menawi kita badhe mangertos punapa ingkang kita tindakaken punika satunggaling dosa napa boten, kita saged mangertos kanthi ndadar manah kita piyambak, menapa kita rumaos mongkok menawi kita nyariosaken dhumateng tiyang sanes bab punapa kemawon ingkang sampun kita tindakaken. Manawi prakawis punika damel wirang/isin menawi konangan (kangertosan tiyang sanes), mbok bilih tumindak punika dosa. Kosak wangsulipun menawi kita kanthi jujur (gumolong ing manah) nyuwun dhumateng Gusti supados mberkahi sarta migunakaken bab ingkang kasengker kangge tujuan ingkang sae tumrapipun Gusti, punika ateges boten dosa. Parancapan punika boten pantes damel manah kita mongkok utawi atur panuwun dhumateng Gusti.
Kitab Suci mucal dhumateng kita, “Wangsulanku mangkene: Dadia kowe mangan, dadia kowe ngombe, dadia nglakoni apa bae liyane, kabeh iku mau lakonana kagem kaluhurane Gusti Allah” (1 Korinta 10:31). Manawi ing manah kita wonten raos mangu-mangu babagan parancapan, punika kedah dipunaturaken dhumateng Gusti. “Nanging sing sapa mangan kanthi mangu-mangu, iku ateges wis kaukum, awit anggone nindakake iku ora dilambari pracaya. Mangka samubarang kang ora kalambaran pracaya iku dosa” (Rum 14:23). Kula boten ningali kenging punapa, miturut Kitab Suci, parancapan saestu saged kanimbang ngluhuraken Gusti Allah.
Langkung tebih, kita perlu ngenget-engeti bilih badan kita, makaten ugi roh kita, sampun katebus lan dados kagunganipun Gusti Allah. “Apa kowe padha ora sumurup, yen badanmu iku dadi padalemane Sang Roh Suci kang ana ing kowe, Sang Roh Suci kang kaparingake marang kowe dening Gusti Allah, sarta yen awakmu iku dudu awakmu dhewe? Sabab kowe wus padha tinuku lan wus kabayar lunas: Mulane padha ngluhurna Gusti Allah sarana badanmu” (1 Korinta 6:19-20).
Manawi mekaten, punapa ingkang badhe kita tindakaken? Kula pitados bilih parancapan punika tumindak ingkang dosa miturut Kitab Suci. Kula ugi pitados bilih parancapan punika boten ngremenaken Gusti, pramila kita kedah nyingkiri tumindak ingkang nerak kasusilan punika.