Babad Saka Kitab Suci/"Èffata"
KACARITA sawisé njajah pagunungan Libanon Gusti Yésus banjur wangsul ing laladané tanah Israèl, ing satengah-tengahé tanah Dékapolis, nglangkungi segara Galiléa ing sabrangé Kapernaum, dadi ing tanah panggonané wong kesurupan dhemit Legiyun, sing banjur padha manjing ing babi sapantha gedhé.
Lagi baé Gusti Yésus ndharat ana ing tanah kono, pawarta bab rawuhé wis sumebar ing endi-endi, temahan wong pirang-pirang padha ambyuk ana ing panggonan kang dirawuhi Gusti Yésus, kambi nyowanaké sanak seduluré sing padha nandang lelara warna-warna ....
Gusti Yésus nguningani tekané wong golongan mau. Iku kabèh wujuding sangsara panggawéné dosa, opahing piala kang njalari manusa padha kataman ing kasusahan lan karépotan ana ing donya, mangka ing nalika wiwitan manusa iku tinitahaké pinunjul lan sampurna ngungkuli sakabèhing dumadi. Trenyuh galihé Gusti Yésus mirsani kasangsarané manusa, mulané klawan legawaning penggalih Gusti paring pitulungan.
ING kono ana wong lara kairid marek ing ngarsané Gusti lan disuwunaké muga katumpangana asta. Wong mau budheg lan cédhal. Dadi wong mau ora tau bisa ngrungu apa kang didhawuhaké Gusti .Yésus lan iya rekasa yèn arep nglairaké rasaning atiné.
Wong mau banjur diajak misah saka ing tengahé wong golongan, menyang panggonan sing rada ndhéwé, dadi wong mau mung aben ajeng karo Gusti Yésus piyambak. Gusti ora paring pangandika apa-apa, nanging banjur tumandhang: kupingé wong mau banjur dilebeti drijiné, lan sawisé kecoh Gusti banjur ndumuk ilaté. Wong mau wis nyandhak apa sing dikersakaké Gusti sarana patrap mengkono iku. Kuping lan ilaté iku sing cacad, sing njalari cilakané wong mau. Bareng kuping lan ilaté diasta Gusti Yésus, sanalika wong mau nyandhak yèn Gusti kersa nyarasaké lelarané. Tindak mengkono iku luwih cetha tinimbang pangandika pirang-pirang.
Ing kono Gusti Yésus banjur tumenga marang langit kanthi ngesah. Kaya mengkono patrapé Gusti Yésus enggoné ngunjukaké panyuwun marang Sang Rama ing swarga, mung sarana dibatin baé, sarta enggoné ngesah mau nélakaké trenyuhing galihé mirsani akèhing panandhang lan sangsara kang ana ing jagad . Sawisé mengkono Gusti banjur ngandika: "Èffata!" tegesé: mengaa! Lan sanalika kupingé wong mau banjur menga, apadéné ilaté kaya-kaya banjur kaudharan, temahan tètèh pacelatoné. Iba begjané wong mau, jalaran wis ora budheg manèh; saiki bisa ngrungokaké apa kang nyuwara gumyah ing sakiwa tengené, luwih seneng manèh atiné déné saiki bisa mèlu ngrungokaké dhawuh pangandikané Gusti Yésus kayadéné wong-wong liyané .... Mengkono uga saiki wis bisa guneman cetha, bisa giyak-giyak nglairaké kabungahaning atiné lan muji sokur bebarengan karo wong akèh, sing padha kagawokan nyumurupi kaélokan mau sarta ngucap mengkéné: "Wong budheg dadi padha bisa ngrungu lan wong cédhal dadi padha bisa celathu! Pancèn pandamelé iku sarwa becik!" Wong akèh mau padha dipacuhi aja nganti kandha-kandha marang wong bab lelakon iku mau, nanging sepiraa enggoné dipacuhi, malah mundhak nemen enggoné martak-martakaké marang angger wong kang gelem ngrungu, jalaran wong mau padha kaéraman ndeleng mahakwasané Gusti Yésus.
Ing panggonan liya, isih nunggal wilayah karo telatahé tanah kono, tau ana babi sapantha gedhé padha ambyur ing segara nganti mati kabèh. Wong-wong ing kono padha nyuwun marang Gusti Yésus klawan adreng supaya kersaa tindak saka ing telatahé ....
Nanging lelakon saiki kosokbali blejed.