Babad Saka Kitab Suci/"Mungguh Kowé, Aku Koarani Sapa?"

KACARITA ing sawijining dina Gusti Yésus kadhèrèkaké para sekabat rawuh ing laladané negara Késaréa Filippi, ora adoh saka pagunungan Libanon.

Nalika semono ana pandanguné Gusti Yésus marang para sekabat mengkéné: "Mungguh rasanané wong golongan, Aki ini diarani sapa?"

Kang kadangu padha mangsuli, unjuké: "Yochanan Pambaptis, sawenèh: Éliyah sawenèh malih: Yirmiyah utawi salah satunggaling para nabi."

Para sekabat wis kerep padha ngrungu ujaré wong golongan sing padha duwé pangira yèn Panjenengané iku mesthi sawijining nabi gedhé, ora béda karo nabi-nabi ing jaman kuna. Nanging saiki Gusti Yésus mirsani para sekabaté, sing ora kendhat ndhèrèkaké tindaké. Gusti Yésus iya kepéngin midhanget kepriyé panganggepé wong-wong mau marang Panjenengané. Pandanguné mengkéné: "Nanging mungguh kowé, Aku koarani sapa?" Ing kono Simon Pétrus banjur maju, prasasat makili kanca-kancané, sarta munjuk: "Tuwan punika Sang Kristus, Putranipun Allah ingkang asipat gesang." Unjuk wangsulane mengkono iku ora digawé-gawé, nanging pancén metu saka ing dhasaraning atiné sing wis mantep enggoné pracaya lan tresna, apadéné éring marang Gusti lan Guruné.

Gusti Yésus banjur paring wangsulan, pangandikané: "Rahayu kowé, Simon!" Gusti banget rena ing galih, déné mirsa kamantepaning atiné Pétrus lan déné para sekabat ora padha duwé pangira kayadéné wong golongan, malah wis padha kukuh pangandelé yèn Panjenengané iku kang jumeneng Sang Kristus. Satemené para sekabat mau enggoné padha duwé panganggep mengkono iku mung marga saka panuntuné Allah kang maha mirah.

NANGING nalika iku uga ana prakara kang gawé kagèt lan sedhihé para sekabat, jalaran wiwit nalika iku Gusti Yésus paring pitedah marang para sekabat yèn Panjenengané perlu tindak menyang ing Yerusalèm, lan nandhang sangsara akèh déning para pinituwa lan para pangarepé imam tuwin para ulama, lan wekasané disédani, nanging ing telung dinané kawungokaké.

Para sekabat padha diblakani prakara iku mau kabèh ing sadurungé kelakon, nanging ing atasé para sekabat pangandika iku mau dianggep nglengkara bisané kaleksanan. Jalaran para sekabat wis padha mantep pangandelé yèn Guruné iku kang jumeneng Kristus, lan isih padha duwé pangira, yèn samangsa Sang Mesih rawuh, Panjenengané bakal yasa kraton kang pinunjul kamulyan lan pangwasané. Déné para sekabat sing padha tansah ndhèrèkaké tindaké, bakal kinulawisudha kaparingan pangkat luruh lan pangwasa ....

Jebul saiki .... Gusti paring pirsa yèn Panjenengané kudu nandhang sangsara akèh, malah kudu ngalami séda. Wis ora klebu ing nalar, yèn Panjenengané kang linuwih kasektèn lan kwasané, kang tau-taté marasaké wong lara lan nguripaké wong mati, kang nyirep prahara lan ngendhakaké alun segara, Panjenengané kang jumeneng Putrané Allah, ngantia nandhang sangsara utawa ngalami séda! Iku kena diarani prakara sing nglengkara lan mokal!

Enggoné Gusti ngandikakaké yèn ing telung dinané arep wungu manèh saka ing padunungané wong mati, iku malah ora kepikir babar pisan déning para sekabat.

Sing banget karasa-rasa ing atiné para sekabat yaiku enggoné Gusti Yésus kudu ngalami séda. Apa kelakon yèn Gusti lan Guruné nganti ngalami séda? Para sekabat iya wis padha ngerti yèn para pinituwa, para pangarepé imam, para ulama lan wong Farisi padha gething marang Panjenengané, apadéné akèh wong bangsané dhéwé sing padha ora ngandel yèn Panjenengané iku kang jumeneng Sang Mesih. Nanging senajan mengkonoa, Gusti Yésus rak kagungan pangwasa nindakaké ing sakeparenging kersané piyambak!. Kepriyé déné Panjenengané isih ngandikakaké bab papa lan sangsara, bab lara lan pati? Ana ing endi kasektèn lan kwasané?

Kaya mengkono pangudarasané para sekabat. Pétrus babar pisan ora bisa nyandhak apa gunané ndadak ana prakara sing aèng lan nyedhihaké iku. Gusti Yésus banjur diaturi sumingkir sedhéla banjur dibisiki, unjuké: "Dhuh Gusti, punika mugi kasandèkna, sampun pisan-pisan Tuwan kedhatengan ingkang mekaten! Panjenengan saèstu sampun ginadhang-gadhang jumeneng ratu. Mila sampun ngantos Panjenengan ngalami sangsara lan séda!" ....

Nanging nalika semono Gusti Yésus malah mangku duka, padha kaya nalika Gusti Yésus duka jalaran kagodha déning Iblis ana ing pucaké gunung sarta diaturi ningali sakèhé kraton ing sajagad lan sakamulyané kabèh.

Gusti Yésus kang maha wikan, iya nguningani yèn unjuké Pétrus mengkono mau marga saka pangojok-ojoké Iblis. Mulané Pétrus banjur didukani, dhawuhé: "Èh sétan, kowé sumingkira menyang buriku, kowé dadi sandhunganku, amarga kowé ora mikir kang mungguh ing Allah, amung kang mungguh ing manusa!"

Pétrus kagèt, banjur mundur klawan banget wirangé. Ora nyana babar pisan yèn unjuké kang dianggep becik mau, malah dadi sandhungan lan kala jiret tumrapé Gusti lan Guruné sing dadi woding katresnané. Yèn mengkono, Pétrus ora arep munjuk apa-apa manèh, supaya aja nganti dadi pambengan tumrap Gustiné.

Ing kono para sekabat padha dijarwani klawan cetha, yèn Panjenengané pinesthi ngalami sakèhé prakara kang dianggep nglengkara mau kabèh. Panjenengané pinesthi nandhang sangsara lan séda, sumurup enggoné nyanggi paukuman sing mesthiné kudu dietrapaké marang manusa karana dosané. Lan enggoné kelakon mengkono mau marga saka kersané piyambak kagawa saka tresnané marang para manusa. Apa manèh Gusti Yésus iya mulangi para sekabat yèn wong sing nedya dadi muridé Gusti iku ora patut ngarep-arep olèh kaluhuran lan pakurmatan kadonyan. Pangandikané mengkéné: "Menawa ana wong kang arep ngetut-buri Aku, iku nyingkura marang awaké dhéwé, sarta sadina-dina ngangkata salibé dhéwé lan mèlua Aku."

Jalaran saben wong sing dadi muridé Gusti Yésus, iku iya bakal ngalami papa lan sangsara, malah lara lan pati. Nanging menawa bisa mbetahaké sakèhé panandhang klawan sabar mantep, kagawa saka enggoné kasok tresnané marang Gusti Yésus, iku kang bakal bisa dadi murid kang sejati.

PARA sekabat mau kabèh padha meneng karo nilingaké pangandikané Guruné, ing batin senajan durung bisa nyandhak kabèh apa wigatiné prakara sing aéng lan nyedhihaké mau, para sekabat wis bisa ngamini.

Saiki durung cetha pamawasé, nanging ing tembé samangsa nyumurupi Guruné kelakon kasédanan kaya patrapé wong durjana, nanging banjur kawungokaké saka ing antarané wong mati, ngampil pangwasa jumeneng Ratuning swarga lan bumi, ing kono para sekabat lagi padha damang ing sakabèhè.

Lan yèn wis tumeka ing wayahè, Gusti Yésus bakal yasa Kratoné kang langgeng, lan para sekabaté bakal padha dadi abdiné; dudu abdi kang kaampilan kaluhuran cara kadonyan, nanging dadi abdiné Allah, lan iku bakal dianggep dadi kanugrahan sing gedhé lan pakurmatan sing pinunjul.