Babad Saka Kitab Suci/Wong Wadon Kang Duwé Kaantepan
DHUH Gusti, tedhakipun Dawud, kawula mugi Tuwan welasi. Anak kawula èstri memelas anggènipun keranjingan." Mengkono panguwuh-uwuhé wong wadon bangsa kapir, kang ngetut-buri tindaké Gusti Yésus lan para sekabaté. Wis sawetara suwé enggoné tut-buri karo nguwuh-uwuh nyuwun tulung, nanging semuné sing disuwuni tulung mau ora ngrèwès babar pisan. Senajana mengkono, wong wadon mau ora kandheg pangundiné. Panguwuhé diambali manèh: "Anak kawula èstri mugi Tuwan welasi, dhuh Gusti, .... Mugi Tuwan tulungi!" Menyanga endi baé tindaké Gusti Yésus, wong wadon mau tansah kekinthil ana ing sawingkingé.
KELAKONÉ iku mau ora ana ing tanahé bangsa Yahudi, nanging kepara adoh ing sajabaning wilayah, yaiku ing tanah Feniké, tanahé bangsa kapir. Wong wadon mau wis ngerti, sapa sing rawuh ana ing désané, awit wis kerep ngrungu pawarta bab sih kawelasan lan pangwasané Gusti Yésus. Pancèn wis suwé enggoné kepéngin sowan ana ing ngarsané, nanging marga sebab warna-warna pangarep-arepé mau durung bisa kaleksanan. Saiki tanpa kanyana-nyana Panjenengané wis rawuh ing désané, mulané wong wadon mau ora ketlompèn ngetut-buri tindaké Gusti Yésus. Mumpung Panjenengané kena dicelaki!
Ambal-ambalan panguwuhé: "Dhuh Gusti, Putranipun Dawud, kawula mugi Tuwan welasi!" Nanging Gusti Yésus maringi wangsulan sakecap baé ora! Éwadéné wong wadon mau ora kemba atiné. Wis mantep panemuné, yèn Gusti Yésus mesthi ora mentala nilar awake ing sajeroning karépotan lan kasusahané.
Mungguh Gusti Yésus piyambak kepriyé? Apa nganti kelakon Panjenengané ora miyarsakaké pasambat lan panguwuhé wong wadon kawelas-asih? Para sekabat sing ana ing sawingkingé Gusti Yésus wis ora betah ngrungokaké panguwuh-uwuhé wong mau, mulané banjur padha marek sarta munjuk marang Gusti: "Gusti, tiyang èstri punika mugi Tuwan lilani, supados boten kelajeng-lajeng anggènipun nututi kaliyan nguwuh-uwuh mekaten. Boten sandé mangké mesthi badhé kepireng déning tiyang kathah!"
"HÉ PAWONG SANAK, TEKA GEDHÉ PANGANDELMU ...."
Nanging Gusti Yésus mangsuli, pangandikané: "Enggonku kautus mung pinatah marani wedhusé Banisraèl kang padha ketriwal." Para sekabat énggal bisa nyandhak wigatining pangandika mau. Rawuhé Sang Mesih marang jagad iku mung tumuju kanggo mitulungi lan ngluwari bangsa Yahudi saka ing tangané mungsuh. Mengkono iku panemuné bangsa Yahudi kabèh, dalah para sekabat iya ora béda panemuné. Bangsa kapir iku dudu bangsa kagungané Allah, malah kerep diunèn-unèni kaya pepadhané asu. Pancèn ora kliru pangandikané Gusti Yésus mengkono iku!
Mungguh wong wadon mau kepriyé, bareng ngrungu pangandika mau? Senajan wis ngerti marang lèrèging pangandika mau, éwadéné ora cilik atiné. Batiné isih kebak pangarep-arep bakal olèh pitulungan, jalaran kukuh pangandelé: "Gusti iku maha welas. Sing bisa mitulungi anakku mung Panjenengané. Coba dak-udiné sepisan manèh!" Mulané wong wadon mau nerusaké enggoné ngetut-buri tindaké Gusti Yésus. Bareng padha mlebu ing omah, wong wadon mau iya mèlu mlebu, banjur marek sujud ing sampéyané Gusti Yésus, unjuké: "Dhuh Gusti, nyuwun tulung!"
Gusti Yésus banjur mirsani wong mau sarta ngandika: "Cikbèn para anak iku padha wareg dhisik, sebab ora arus njupuk rotiné anak-anak diuncalaké marang kirik."
Pangandikané Gusti Yésus mengkono mau awujud sanépa, lan wong wadon mau wis nyandhak karepé. Wong kapir pancèn kerep diunèkaké asu déning bangsa Yahudi. Mangka saiki ana pangandikané Gusti Yésus, yèn ora pantes njupuk roti cadhongé anak-anak, banjur diuncalaké marang kirik. Sing diupamakaké anak-anak yaiku bangsa Israèl, lan wong wadon mau karo bangsané iku kang diupamakaké kirik .... Wong iku ora kok banjur serik atiné, utawa susah, nanging malah ora mèngèng panyawangé marang Gusti Yésus .... Gagasaning atiné mengkéné: "Wong Yahudi cikbèn olèh panduman berkah sing gedhé, déné aku mung arep nyuwun kècèrané baé!
Wong wadon mau mangsuli, unjuké: "Kesinggihan, Gusti, semanten ugi kirik inggih sami nedha kekècèranipun para anak wonten ing ngandhap méja." Unjuké mau yèn dicetakaké mengkéné? "Gusti, rotinipun mugi Tuwan paringakan dhateng tiyang Yahudi, nanging kawula mugi Tuwan parengakan nedha cuwilanipun ingkang rentah saking méja."
Ing kono Gusti Yésus banjur ketara banget rena ing galih. Wong wadon mau ora banjur ditundhung saka ngarsané, lan Panjenengané babar pisan ora mengku duka. Enggoné Gusti Yésus kétoké ora ngrèwès marang pasambaté wong wadon mau, lan ora kersa énggal maringi pitulungan, iku mung kanggo nyoba kaantepané lan kanggo nedahaké marang para sekabat, yèn wong wadon bangsa kapir iku luwih gedé pangandelé marang Panjenengane katimbang wong Israèl sing akèh-akèh.
Ing kono dhawuh wangsulané Gusti Yésus: "Hé pawong sanak, teka gedhé pangandelmu, kowé ketekana kaya kang dadi karepmu."
Lega atiné ngrungu dhawuhé Gusti Yésus sing wis suwé dianti-anti, wong wadon mau banjur énggal mulih menyang omahé, lan anaké tinemu lagi teturon, wis kaoncatan dhemité, pulih waras kaya wingi uni, cocog karo pangandikané Gusti Yésus mengkéné: "Dhemité wis metu saka ing anakmu."
Anadéné para sekabat padha nyawang marang Guruné semu gumun. Akèh wong Israèl sing padha ora ngandel, malah nyatru marang Panjenengané, mulané klawan ati sedhih enggoné padha ninggal negarané, bidhal menyang ing tanahé bangsa kapir. Jebul saiki .... ana ing tengahé bangsa kapir para sekabat mau malah padha neksèni dhéwé pangandelé wong wadon sing semono gedhéné kaya sing durung tau diweruhi ana ing Israèl. Wong wadon mau ora kendhat-kendhat panguwuh lan panyuwuné, nganti wekasané panyuwuné mau kajurungan.
Gagasané para sekabat: "Pancèn nggumunaké temenan, déné Gusti kersa melasi wong kapir."
Para sekabat durung bisa mbobot sepira gedhéné katresnané Gusti Yésus, durung tutug enggoné padha nggegulang bab tumindaking katresnan.
BÉSUK ing tembé, samangsa Gusti Yésus wis séda, bésuk para sekabat lagi padha bisa ngerti klawan cetha sing saiki durung dingertèni.