Babad Saka Kitab Suci/Gusti Yésus Kamulyakaké

WAYAH bengi sepi nyenyet.

Gusti Yésus mbekta sekabat telu, yaiku Pétrus, Yakobus lan Yochanan, minggah ing gunung kang dhuwur piyambakan, kersané arep ndedonga; sekabat liyané padha kari ana ing ngisor.

Ing panggonan sing sepi Gusti Yésus ndedonga, ngunjukaké sakèhing karépotaning galihé marang Sang Rama kang ana ing swarga, nyuwun kaparingana kakuwatan ing sadurungé nyanggi sawernaning panandhang kang lair lan batin: enggoné bakal kasangsara, kapoyokan lan malah kasédanan. Apa Panjenengané ajrih katempuh ing lara lan pati? Satemené ora, jalaran Panjenengané bakal nyanggi sakèhing coba klawan legawaning galih; Panjenengané mung ngersakaké ndedonga lan celak karo Allah Sang Rama. Yèn tansah bisa celak karo Allah, galihé wis kalipur lan kasantosakaké .... Mulané asring baé Gusti Yésus minggah ing gunung perlu ndedonga ing panggonan sing sepi, adoh saka panggubelé wong golongan, adoh saka jagading karaméan.

Sajeroné Gusti Yésus ndedonga, sekabat telu mau keturon, bawané awak sayah lan lungkrah kasiliran angin samirana, ora kélingan babar pisan yèn enggoné padha kadhawuhan ndhèrèk munggah ing gunung iku perluné ngéwang-éwangi Guruné. Mangka sedina muput atiné èmeng ngrasakaké nasibé Guruné sing memelas. Mauné para sekabat padha nemtokaké yèn Guruné mesthi bakal jumeneng Ratu agung binathara, mukti wibawa anyakrawati. Jebul saiki .... Panjenengané padha baé karo wong ngulandara utawa wong klarahan, mangka wis ngarepaké nandhang sangsara lan wekasané mati. O, memelas temen nasibé Guruné!

Sekabat telu mau sing padha ndhèrèkaké Guruné minggah ing gunung, ing sadalan-dalan, ora padha guneman, marga saka èmeng atiné. Mulané bareng padha lèren ing pucak gunung, sedhéla baé wis keturon.

NANGING dumadakan .... sekabat telu mau padha kagèt banjur tangi, jalaran mripaté kataman ing sorot pepadhang sing mblerengi. Apa sing katon?

Peteng ndhedhet sing nglimputi pucaking gunung wis malih dadi padhang sumilak, lan Gusti Yésus katon jumeneng ana ing tengah-tengahing pepadhang. Malah pepadhang mau ora saka ing jaba pinangkane; Gusti piyambak sing dadi tuking pepadhang, wedanané mecorong kaya srengéngé lan pangagemané dadi putih gumilang mawa praba. Ing sajagad rat ora ana rerupan sing madhani éndah lan mulyané, malah para malaékat ing swarga padha kalah prabawa, lan kira-kira iya kaya mengkono kaanané Gusti Yésus, nalika isih ngagem kamulyan ana ing swarga.

Mangka ing sajeroning pepadhang kang ngasoraké cahyaning srengéngé, Gusti Yésus ora katingal piyambakan, ing kiwa tengené katon ana priya loro ngagem kamulyan, padha imbal pangandika karo Panjenengané, reraosan bab pungkasaning lelampahan kang bakal tumindak ....

Embuh kepriyé bakal kadadéyané, sing katon saiki wujudé banget nengsemaké ati!

Déné priya loro sing ngagem kamulyan mau, iku Musa lan Éliyah, utusan kang tumurun saka ing swarga, padha kautus déning Allah Sang Rama, ndikakaké nglipur lan nyantosakaké Gusti Yésus enggoné bakal ngayati pakaryan sing abot, apadéné padha kakersakaké mulyakaké Gusti Yésus ing samajadé enggoné jumeneng Putrané Allah kang Mahaluhur.

Sekabat telu mau padha nyawang lan ngrasakaké kaéndahan lan kamulyan sing ngasoraké sakèhing èdi pèni kadonyan, lan mesthiné kamulyan sing bakal tinemu ing swarga iya kaya mengkono iku katoné. O, bok iya lestaria kaya mengkéné kaanané ing donya, éndah lan mulya, sumisih saka sakèhing rerubed lan sangsara!

Ora kumecap enggoné sekabat telu mau nyawang Guru lan Gustiné ngagem kamulyan kaswargan .... Dumadakan Pétrus ora taha-taha ngunjukaké usul marang Gusti Yésus: "Guru, sampun prayogi sanget kawula sami wonten ing ngriki. Mugi kawula sami kelilana damel tarub tiga, setunggal kagem ing Tuwan, setunggalipun Musa, setunggalipun malih Éliyah!"

Pétrus enggoné duwé unjuk mengkono mau pancèn tanpa duga prayoga, jalaran duwé niyat ngedhunaké kamulyan ing swarga menyang jagad, lan kamulyan sing cetha katon kemata mau arep digondhèli, pamurihé aja nganti oncat saka ing panggonan kono.

Usul sing ngayawara mau diwangsuli baé ora; ing sanalika banjur ana méga ngayomi pucaké gunung, lan ing méga mau ana swara keprungu.

Sekabat telu mau padha gugup lan wedi banget. Priya tetelu sing mau katon padhang gumilang, ora katon babar pisan kalimputan ing keteling méga. Swara sing metu saka ing méga mau keprungu klawan cetha, lan swara mau mangku dhawuh tumuju marang wong telu sekabaté Gusti.

Mangka sing ngandika saka ing méga iku Allah piyambak ― padha kaya pangandikané Allah nalika Gusti Yésus kabaptis ana ing kali Yardèn mangkéné: "Iki Putraningsun kekasih, iku sira éstokna!"

Sekabat tetelu cetha las-lasan pangrunguné ana dhawuh: "Sira éstokna! Dhawuh sing ora kena dilirwakaké babar pisan!

Ing kono Gusti Yésus banjur nyelaki para sekabat, padha dijawili, jalaran isih padha sumungkem ana ing bumi marga saka wediné. Sarèh pangandikané Gusti: "Padha ngadega, aja wedi!" Bareng sekabat mau padha ngawasaké mubeng, wis ora ana manèh kang katingal kejaba mung Gusti Yésus piyambak, wis ora ngagem kamulyan kaswargan, nanging pulih manèh kaya adaté. Gusti Yésus banjur padha didhèrèkaké mudhun saka ing gunung.

Lelakon ing gunung iku kelakoné mung sedhéla, nanging senajan bebasan munga saclérétan, tumrapé para sekabat wis gedhé banget paédahé. Para sekabat mau wis padha neksèni lan nyipati dhéwé enggoné Gusti Yésus ngagem kamulyan kaswargan. Gegambaran sing wis cumithak ana ing atiné wong-wong mau ora bakal kena dibusek ing salawasé urip. Senajan caloné Gusti Yésus bakal nandhang disangsara, diwewada lan dipoyoki déning wong akèh, nanging para sekabat ora bakal suda panganggepé marang Gusti lan Guruné, yèn Panjenengané iku sanyata kang jumeneng Sang Mesih kang Mahakuwasa, iya Putrané Allah piyambak .....

NALIKA padha mudhun saka ing gunung, Gusti Yésus banjur dhawuh marang para sekabat mau, pangandikané: "Wahyu iku mau aja kokandhak-kandhakaké marang wong, kongsi bésuk Putrané manusa wus tangi saka ing antarané wong mati!"

Sekabat telu mau ora ana sing mangsuli, kabèh sing dirungu mau mung padha dirasak-rasakaké ing atiné. Kepriyé karepé pangandika: wungu saka ing antarané wong mati? Apa Gusti Yésus bakal kelakon séda, nanging banjur wungu manèh ....? Sekabat mau padha durung bisa nyandhak eliding pangandika mau.

Saiki padha didhawuhi nyidhem prakara mau, senajan cangkemé kumudu-kudu arep nyaritakaké marang pawong mitrané apa sing wis cumithak ana ing atiné. Nanging ing tembé samangsa wis tekan waktuné padha diparengaké, wis mesthi prakara sing padha dialami ana ing gunung bareng karo Gustiné bakal diwartak-wartakaké marang saben wong sing gelem ngrungu: Gusti Yésus, Putrané manusa, ngagem kamulyan kaswargan!