Babad Saka Kitab Suci/Para Pandhita Saka Tanah Wétan

PAWARTA bab wiyosé Gusti Yésus iya kadhawuhaké ana ing tanah, kang dunungé adoh saka tanah Kanaan ing bang wétan, yaiku ing tanah sing ing jaman biyèn dadi wewengkoné sang prabu Nebukadnézar, tanah padunungané Danièl lan Èster. Nanging tumimbalé pawarta mau nganggo patrap sing aèng banget. Ing tanah wétan mau ana golongané wong kang padha olah ngèlmu warna-warna: wong sing wis ahli lumrahé kasebut pandhita, utawa pujangga, utawa ahlinujum. Para pandhita mau ahli ngèlmu palintangan, bisa ngerti lelakon warna-warna kang bakal kelakon sarana métungi lakuné lintang-lintang kang saben bengi katon abyor ing langit. Kacarita ing sawijining dina ing wayah bengi katon ana lintang mencorong ing langit, ngalahaké soroté lintang liya-liyané, mangka lintang sing semomo gedhéné durung tau katon.

Bareng para pandhita nyumurupi lintang sing anyar katon mau, ora kira-kira bungahé. Awit miturut pétungané, lintang anyar mau awèh pituduh sing wigati banget, yaiku ana bayi lair sing ing tembé bakal dadi wong misuwur. Mangka lintang iku soroté gumebyar ngungkuli sakèhé lintang ing langit, mulané bayi sing lair nalika semono mesthi bakal dadi wong sing luwih déning kuwasa lan mulya, ngasoraké sakèhing panguwasa lan kamulyan ing saindenging jagad.

Para pandhita mau padha katuwuhan osik ing atiné, mengkéné: "Payo padha mangkat, nggolèki Ratu Agung kang mentas miyos, lan padha saos pisungsung lan sembah bekti marang Panjenengané, kaya sing kelumrah marang Ratu, sing kudu disujudi lan dibektèni."

Padha sanalika para pandhita mau padha budhal bebarengan, lakuné mengulon, ngungkuraké negarané, nurut pituduhé lintang. Saben bengi lintang mau katon, eneré saya suwé saya mengulon. Lan saben bengi para pandhita mau mbacutaké lakuné, mung manut pituduhé lintang, ora ngétung sayah lan rekasa, ora wedi bebaya lan pakéwuh ana ing dalan, jalaran padha kadereng déning manteping atiné, daya-daya bisaa tumuli sowan saos bekti ing ngarsané Ratu Agung sing dadi pelenging ciptané. Dalané kadhang-kala ngambah ara-ara samun, munggah gunung, mudun jurang, lakuné nasak alas wanawasa, panggonané kéwan galak lan pandhodhotané bégal. Nanging para pandhita mau padha ora duwé wedi lan miris, unta-unta tunggangane padha digelak supaya énggal tekan. Lakuné padha didhèrèkaké abdiné sing padha nunggang unta karo dimoti pèni-pèni rajapèni saka ing tanah wétan.

Para pandhita mau kalebu wong sugih singgih, wong kajèn kéringan ana ing tanah wétan, kamulyané undha-undhi karo para ratu ing jaman semono. Nanging bab kaanan tata-lair mau babar pisan wis ora kepikir, jalaran pelenging atiné mung menyang Sang Timur, calon Ratu Agung, sing mentas miyos, nanging sing durung dingertèni ana ing endi miyosé. Panganti-antining atiné endang bisaa ketemu karo Sang Timur lan saos bekti, wis mèh ora kena disabari manèh, mulané iya wis ora ngétung répot lan rekasaning lakuné.

Saben bengi lintangé katon mencorong manther cahyané tuduh dalan marang sing patha andon laku. Wekasan lakuné wis ngancik tlatahé tanah Yahudi. Lakuné diterusaké menyang ing kutha-krajané negara kono, yaiku kutha Yerusalèm. Wis mesthi Sang Timur enggoné miyos ana ing tanah Kanaan, lan mesthiné iya ana ing kutha-krajané tanah kono, malah kuduné ana ing kedhatoné ratu sing nglenggahi kaprabon.

Tekané para pandhita saka manca negara dalah pandhèrèké ana ing kutha Yerusalèm èmperé kayadéné arak-arakan, sadalan-dalan dadi tontonané wong akèh. Apa ta iki? Apa karepé para pandhita padha teka mréné tanpa wara-wara? Apa ta sing padha digolèki?

Suwé-suwé wong-wong Yahudi padha ngerti, yèn sing digolèki iku ratu sing mentas miyos. Para pandhita mau saben-saben pitakoné ajeg mengkéné: "Wonten ing pundi inggih Ratunipun tiyang Yahudi ingkang nembé miyos? Kula sampun sami sumerep lintangipun wonten ing tanah wétan, mila sami dadheng mriki badhé saos bekti."

Éman banget, ora ana wong Yahudi sing bisa mènèhi wangsulan, jalaran pancèn iya ora ana sing ngerti bab wiyosé ratu anyar.

Nanging ora mokal yèn enggoné miyos ana ing kedhatoné raja Hérodhès, awit ratu iku mesthiné miyos ana ing kraton. Nanging angger wong Yahudi padha ngrungu asmané raja Hérodhès Agung, mendhekel atiné, njontong, nginggit-inggit, nanging iya wedi, jalaran raja Hérodhès iku wis kondhang enggoné ambek siya. Nanging Hérodhès iku wis sepuh, lan putra-putrané sing bakal gumanti jumeneng raja, kabèh wis padha kaparingan pangkat. Dadi, para pandhita mau mesthiné ora nakokaké raja Hérodhès dalah putra-putrané.

Lah yèn ora, gèk sapa sing digolèki? Wong-wong mau padha ora ngerti.

Wusanané para pandhita mau iya sowan menyang kraton, nanging ing kono iya ora ana gotèké ratu anyar miyos. Para pandhita wis padha judheg lan semplah atiné. Lah menyang endi saiki olèhé nggolèki? Apa kliru olèhé padha narbukani wiriding palintangan? Ah selak mokal, jalaran lintang gedhé sing wis tuduh dalan seprana-sepréné mesthi ora bakal njlomprongaké. Lan wangsit sing wis dhiwedaraké ana ing atiné mesthi ora goroh.

Ana ing kedhatoné sang prabu ora ana Ratu anyar miyos.

Malah raja Hérodhès dadi kejot banget, bareng midanget unjuké para pandhita mau. Apa ana ratu anyar sing mentas miyos? Para pandhita sing wis misuwur dadi kedhunging ngèlmu, mesthi bisa sumurup yèn ana ratu anyar miyos. Nanging sapa ta sing disebut ratu mau? Mesthiné ratu mau saiki isih bocah cilik sing ing tembé bakal dadi wong pinunjul lan ngesur sang prabu dalah para putrané saka ing kaprabon. Sing kaya mengkono iku kudu dijaga aja nganti bisa kelakon. Yèn menggalih bab iku, tingalé sang prabu katon mancereng, nélakaké runtik galihé. Lah kepriyé enggoné arep ngilangi klilipé, awit papan dunungé si bayi mau durung kasumurupan?

Ing kono sang prabu banjur nimbali para pangarepé imam lan para ahli kitab, yaiku wong-wong sing padha pana marang Torèté nabi Musa lan kitabé para nabi utawa kitab-kitab liyané. Wong-wong mau mesthi luwih dhamang marang layang-layang babadé bangsané wiwit jaman kuna. Sang prabu ora kalebu darah Yahudi, nanging isih tedhak turuné Ésap, dadi kalebu bangsa Édom. Ewadéné sang prabu saiki ngerèhaké bangsa Yahudi, senajan enggoné nganti bisa jumeneng ratu mau nganggo patrap sing ora prayoga, yaiku sarana roda peksa lan kaniaya. Mangka kalenggahané saiki digondèli kenceng banget aja nganti mrucut saka ing astané.

Dadi para tuwa-tuwané bangsa Yahudi mau padha kadhawuhan sowan, jalaran arep dipundhuti pirsa apa bab wiyosé ratu anyar iya diweca ana ing kitab-kitab cekelané bangsa Yahudi.

Atur wangsulané para ahli kitab: "Kasinggihan dhawuh dalem, sang prabu. Sang Mesih ing tembé badhé miyos."

Klawan gupuh enggoné sang prabu ndangu: "Énggal matura, wiyosé ratu anyar iku pinasti ana ing ngendi?"

Aturé kang kadangu: "Wonten ing Bètlechèm tanah Yudéa kados ingkang sampun kaseratan pinten-pinten atus taun kepengker wonten ing kitab pamecanipun nabi Micha."

Nanging para pangarepé imam lan para ahli kitab mung padha nyawang raja Hérodhès karo mbatin mengkéné: "Sakarepmu, yèn kowé meksa arep ngandel ujaré wong-wong manca saka tanah wétan kuwi. Nanging sing mesthi luwih ngerti rak aku, para pangarepé bangsa Yahudi! .... Yèn nyata Sang Mesih rawuh, rak aku wis padha ngerti utawa ngrungu luwih dhisik. Yèn aku, suthik ngandel ujaré wong neneka kuwi!"

Kocapa, ing dina iku Hérodhès nimbali para pandhita mau dhedhemitan, padha kadangu genah-genahing waktu katoning lintangé. Satemené galihé Hérodhès wis krasa ora kepénak, nanging dauru lan was sumelanging galihé sinamun ora nganti ketara ana ing pasuryané. Klawan sarèh lan sumèh enggoné ngandikani para pandhita, piwelingé: "Padha budhala menyang Bètlechèm, awit ratu anyar sing padha kogolèki ora miyos ana ing Yerusalèm, kaya mengkono iku aturé para ahli kitab. Padha priksanen klawan nastiti mungguh dunungé Sang Timur, déné samangsa wis ketemu, padha ngunjukana uninga marang aku, supaya aku bisaa mrana uga sujud marang Panjenengané."

"Aku bisaa mrana sujud marang Panjenengané!" mengkono pangandikané Hérodhès, nanging osiking galihé mengkéné "Ya, mengko yèn padha bali mréné, lan ngaturi priksa ana ing ngendi panggonané ratu anyar iku, mesthi bakal gampang enggonku arep nyirnakaké klilipku, bebasan suwé mijet wohing ranti, sengara ratu anyar mau bisa ngesur aku saka ing kaprabonku. Saiki mesthiné isih bocah cilik, umuré durung nganti rong taun, jalaran lintangé durung suwé enggoné katon. Malah rong taun baé durung ana. Dakéling-élingé aja nganti lali!"

ING kono para pandhita banjur padha nerusaké lakuné. Ing benginé lintangé banjur katon manèh, mencorong ana ing langit, alon-alon tuduh dalan sing ngener menyang Bètlechèm. Bareng wis tekan ing kono, banjur mandheg. Sapungkuré iku lintang mau wis ora tau katon manèh. Nanging saiki para pandhita wis ora mbutuhaké sing tuduh dalan.

Ana ing kutha Bètlechèm kono ana omah cilik sing dienggoni Yusup lan Maryam karo Sang Timur. Para pandhita mau dalah pandhèrèké padha njujug ing kono, atiné wis ora mangu-mangu lan ora duwé gagasan maido: "Mangsa, Ratu Agung kok miyos ana ing kéné!" .... Ora, gagasan sing mengkono mau sarambut baé ora tinemu ana ing atiné. Klawan urmat lan pakéring para pandhita mau padha mlebu ing omah cilik panggonané Yusup lan Maryam. Bareng wis padha weruh Sang Timur ana ing pangkoné kang ibu, para pandhita mau banjur padha sujud jèngkèng lan saos bekti marang Panjenengané.

Iba begjané, déné saiki wis padha bisa ketemu karo Sang Jabang Bayi sing digolèki. Saking kencenging pangandelé, para pandhita mau padha ora ngétung bebaya lan pakéwuh ana ing dalan, ora ngétung asoring drajaté wong-wong lan rèmèhé omah kang padha ditekani. Swara sing dumeling ana ing atiné, yaiku pamisiké Rohé Pangéran piyambak, kang mbereg para pandhita mau padha sowan lan sujud saos bekti ana ing ngarsané Sang Timur.

Marga saka gedhéning pangandelé, para pandhita mau padha diparengaké nyumurupi kamulyan sing semono gedhéné, tur padha bisa ngrasakaké tentrem rahayu.

PANJENENGANÉ TUMULI DISAOSI PISUNGSUNG ARUPA MAS LAN MENYAN APADÉNÉ BLENDOK MUR

Minangka tandhaning pangaji-aji lan pakurmatané marang Sang Timur, para pandhita mau padha nyaosaké bulu-bekti awujud emas lan menyan apadéné blendok mur, kaunjukaké ana ing sangisoré padané Sang Jabang Bayi, kaya patrapé kawula enggoné padha soas bulu-bekti, guru-bakal guru-dadi, marang ratu pepundhèné.

Wusana para pandhita mau padha mulih menyang tanahé kanthi kabungahan gedhé. Senajana padha kalebu bangsa kapir, éwadéné padha olèh kanugrahan diparengaké nyumurupi Gusti Yésus, temah padha nemu karahayon. Kosokbaliné para pangarepé bangsa Yahudi sing padha kumlungkung lan ambek jubriya, padha ora sudi sowan ing ngarsané Sang Juru Slamet, mulané iya bakal koncatan karahayon kang sejati ....

Jalaran wong-wong Yahudi mau padha ora duwé pangandel.

KOCAPA raja Hérodhès isih tansah ngentèn-entèni ....

Para pandhita padha ora bali sowan ing kedhaton wis diantarakaké sawetara minggu, malah sawetara sasi, meksa ora ana pawarta apa-apa. Ing kono sang prabu duka yayah sinipi, pangunandikané: "Pandhita musibat kuwi padha mblénjani janji, padha mulih menyang negarané tanpa pamit, mesthiné metu dalan liya. Para pandhita kuwi mesthi wis ketemu karo ratu anyar, sing disebut Sang Mesih utawa Kristus déning wong Yahudi, malah banjur padha diajak sekuton, temah padha wani nilapaké aku .... Nanging, sengara ratu anyar iku bisa ngendhih aku saka ing kaprabonku. Umuré durung ganep rong taun, ora kliru pétunganku!"

Kocapa, ratu kang ambek niaya mau, nanging wedi banget karo Sang Jabang Bayi, énggal-énggal nimbali prajurité sawetara, banjur didhawuhi mengkéné: "Padha mangkata menyang Bètlechèm, kabèh bocah lanang sing umuré rong taun sapangisor, padha patènana. Poma-poma aja ana siji baé sing kliwatan!"

Mengkono dhawuhé raja Hérodhès, nanging osiking galihé mengkéné: "Wis mesthi Yésus, Sang Mesih iku, ora bisa oncat saka ing pati!"

Prajurit mau banjur ngleksanani dhawuhing ratuné.

Saben omah ing kutha Bètlechèm dileboni, saben bocah lanang umur rong taun sapangisor direbut saka tangané wong tuwané, banjur dipatèni klawan sawenang-wenang. Panjerit lan panangisé wong-wong wadon babar pisan ora dirèwès. Prajurit mau wataké kamitégan, jalaran ratuné iya ambek niaya kagawa saka angkara-murkané.

Sawisé padha nglakoni ayahan, prajurit mau padha sowan ratuné, ngaturaké lapuran, yèn ora ana bocah lanang siji baé sing kliwatan.

Sang prabu gumujeng, jalaran wis lega panggalihé, sedyané wis kaleksanan. Ratu anyar sing calon dadi klilipé, wis sirna. Saiki wis ora ana sing bisa ngancam kapraboné sang prabu dalah putra-putrané. Kasusahané wong sing padha kélangan anak-anaké ora dirèwès. Perduli apa ta karépotané wong liya? Butuhé dhéwé rak wis kecekel lan sedyané wis kaleksanan!

Apa nyata sedyané kaleksanan? Ora let suwé sapungkuré lelakon iku raja Hérodhès banjur séda.

Bocah-bocah ing Bètlechèm iya pada mati, nanging enggoné mati mau rak sumaos marang Gusti Yésus, senajan bocah-bocah mau pada ora ngerti prakara iku. Dadi bocah-bocah mau kena disebutaké wong mati sahid kang kawitan, nyawané padha katrima mlebu ing swarga, panggonan kang luwih éndah lan mulya katimbang karo jagad, lembahing luh lan bladheraning dosa lan piala. Bocah-bocah Bètlechèm mau wis dicawisi papan ana ing swarga déning Allah kang maha welas lan maha asih. Nanging Hérodhès, gapuraning kraton swarga ora bakal kawengakaké kanggo Hérodhès.

Apa nyata kaleksanan sedyané? .... Hérodhès tetep wong cupet nalar-budiné, Rawuhé Sang Mesih menyang ngalam donya ora kagungan sedya nggayuh marang kasugihan lan kawibawan, utawa mbangun karaton kadonyan. Hérodhès satemené ora perlu nguwatiraké bab iku mau. Sang Mesih kagungan kuwajiban lan ayahan liyané sing luwih permati katimbang karo neluk-nelukaké karaton kadonyan.

Lan yèn miturut akalé Hérodhès, kepriyé enggoné arep ngalang-alangi pakaryané Gusti Yésus ana ing jagad? Ceța, yèn Hérodhès iku pancèn wong kang tanpa budi. Ora ana wong sing bisa ngowahi apa sing wis tinakdir déning Allah.

Kacarita, nalika prajurité Hérodhès padha matèni bayi-bayi ing Bètlechèm, Gusti Yésus wis ora ana ing kono. Malaékaté Pangéran ngatingali Yusup sajroning pangimpèn, lan Yusup kadhawuhan ngungsèkaké Sang Timur lan saibuné menyang ing tanah Mesir. Ing wayah bengi iku uga, Yusup lan Maryam nambut Sang Timur kagawa metu saka Bètlechèm, oncat saka ing bebaya pati .... Dhawuhé Malaékat: "Awit Hérodhès bakal ngupaya marang Sang Timur, arep disédani." Mengkono uga para pandhita saka tanah wétan padha kaparingan wangsité Allah sajroning pangimpèn, supaya aja bali séba marang Hérodhès, mulané mulihé menyang tanahé padha nyimpang metu dalan liyané.

Yusup lan Maryam banjur padha budhal menyang tanah Mesir klawan ayem lan tentrem, jalaran wis padha yakin, yèn lakuné bakal rineksa déning Allah ing salawas-lawasé. Senajan ngambah ara-ara samun utawa segara wedi sing sepi nyenyet, atiné ora was sumelang, awit Allah tansah rumeksa. Atising wayah bengi lan panasing wayah awan ora ndayani apa-apa marang kang lagi padha andon laku, jalaran tansah kinemulan lan pinayungan déning para malaékaté Allah sing kadhawuhan njampangi lakuné.

Yusup lan Maryam saiki wis uwal saka ing kemlaratané, Maryam dadi ora kepeksa laku dharat manèh kaya nalika budhal saka Nasarèt biyèn. Sarèhné wis ana dhuwit sing dienggo tuku kuldi, mulané Maryam nunggang kuldi, lan Yusup sing nuntun kuldiné. Pamanggoné ing tanah Mesir, iya ora nganti padha nandhang karépotan. Pisungsungé para pandhita saiki kena ditanjakaké kanggo nyukupi kabutuhaning uripé.

Enggoné padha ngungsi ing tanah Mesir ora nganti tetaunan. Bareng Hérodhès wis séda, Malaékaté Pangéran banjur ngatingali Yusup sajroné pangimpèn sarta dhawuh: "Mangkata, Sang Timur lan saibuné padha gawanen mulih menyang ing tanah Israèl, marga wong kang ngarah nyawané Sang Timur wis padha mati."

Yusup tumuli nambut Sang Timur lan saibuné banjur mangkat saka tanah Mesir, lakuné njujug ing tanah Israèl.

SATEKANÉ ing désa Nasarèt, yaiku désa padunungané dhèk biyèn, banjur padha manggon ing tilas omahé. Yusup iya miwiti manèh pagawéané dadi tukang kayu, bawané dadi kepala-somah kudu nggolèkaké sandang pangan brayaté, kanggo Maryam lan Gusti Yésus, lan kanggo anak-anaké sing ing sapungkuré iku lair ing Nasarèt. Gusti Yésus, Putrané Allah piyambak, nalika isih timur, diopèni lan digedhèkaké ana ing brayaté wong sing kudu pethel nyambutgawé kanggo nyampeti kabutuhaning uripé.

Nalika isih timur, ora ana sing nyapa aruh Gusti Yésus, awit sapa sing nyana, yèn iku Putrané Allah?

Nanging para pangarepé bangsa Yahudi, wong-wong wicaksana lan kajèn kéringan, nanging sing padha awatak diri, padha ngunandika: "Kabèh iku mau mung apus krama lan dora cara." Kosokbaliné wong-wong sing andap-asor lan lembah manah, kayadéné para pangon, Simeon, lan Annah, lan para pandhita, lan bokmenawa ana manèh wong-wong liyané, iku mau kabèh padha ngandel, temah padha bisa olèh karahayon ing salawas-lawasé!