Buku Meditasi
BUKU
MEDITASI
warga-warga
KONGGREGASI DALEM
kang wis kaemot ing buku
Manungsa sing kepéngin dadi ne iku ical sinau nglimbang-nglimbang.
Gusti Jesus pijambak paring tulada nglimbang-nglimbang : „Gusti minggah manèh menjang gunung pijambak, perlu sembahjang” (Mt. 14 : 23).
Dèwi Marijah uga paring tulada: „Déwi Marijah njatet kabeh mau (jaiku aturé para pangon), kalimbang- limbang sadjroning galih” (Lk. 2: 19).
Para Sutji uga pada sabe nglimbang, adjeg saben dina.
Mulané uga Konggregasi Déwi Marijah, kang tudjuné mbangun para warga supaja pada dadi sutji, iku pranatané n. 33 uniné mangkéné: „Kudu nglimbang-nglimbang (saben dina) kanti semédi apesé seprapat djam”.
Pantjén njata : wong iku jèn ora tau nganggokaké budiné pikirané kotong, ora ana isiné. Déné wong kang nglimbang-nglimbung iku pikirané mundak terang lan wasis, — bandjur wiwit mangerti bab kaluhuran lan kasaénan Dalem Gusti Allah, — wiwit mangerti bab tudjuning uripé manungsa, — suwé-suwé mangerti uga bab kaanané wong lija, dadiné gampang bisa ngapura luputing lijan, — suwé- suwé bandjur bisa tresna karo lijan.
Enggone nglimbang-nglimbang iku bab apa?
Sing kudu taklimbang-limbang disiké iku lelampahan Dalem Gusti Jesus.
[ 4 ]Jén aku nglimbang-nglimbang bab piwulang Dalem Gusti, pikiranku bakal wasis lan sutji.
Jén aku nglimbang-nglimbang bab tindak Dalam Gusti, kang lembah ing penggalih saha andap-asor, atiku suwé-suwé bakal kaèmperaké karo Tyas Dalem: bakal dadi andap-asor, mbangun miturut, murni, tresna marang pepada.
Mulané ajo pada njandak buku „Sri Jésus Sang Pamarta” Ian limbang-limbangen!
Buku „Sri Jesus Sang Pamarta” paring piwulang apik bah tjarané nglimbang-nglimbang, j.i. katja 7 - 12. Watjanen!
Buku iki (sing kokwatja saiki iki) kepéngin mènèhi pitulungan, awèh katerangan tjekak bab piwulang Dalem Gusti, supaja enggonmu nglimbang-nglimbang iku luwih gampang manèh. (Nanging ngertia nglimbang-nglimbang iku tansah rada angèl !)
Déné tjarané mangkéné:
1. Tjawisna disik, jaiku: lungguha ana ing grédja utawa ana ing panggonan kang sepi, lha saiki miliha apa sing arep koklimbang-limbang.
2. Sowana Gusti! tegesé ngertia jèn kowé ana ing ngarsa Dalem Gusti, Gusti Jesus mriksani kowé kanti rena, tjaosna sembah sudjudmu marang Gusti, matura marang Gusti nganggo tembung-tembungmu déwé, njuwuna pitulungan Dalem, supaja bisa nglimbang-nglimbang kanti betjik.
3. Watjanen nomeré ing buku,,Sri Jesus Sang Pamarta (alon-alon! prajoga diwatja ping pindo !), bandjur watjanen katerangané ing buku iki.
4. Nglimbang-nglimbang, j.i. apa sing wis kokwatja, gagas-gagasen déwé. [ 5 ] matura jen kowé wis pitaja temenanan ing Gusti;
matura nuwun;
njuwuna pitulungan Dalem;
matura jén kowé pantjén tresna marang Gusti.
- Duwéa. nijat betjik, upamané: arep niru tulada Dalem Gusti; utawa: uripmu bakal kokbeneraké manut piwulang Dalem.
- Njuwuna pitulungan Dalem Gusti supaja nijatmu bisa kaleksanan temenan,
- Minangka pungkasan: njuwuna pamit marang Gusti.
N.B. Jen wis nganggo buku meditasi iku setaun suwéné, bandjur tjoba nganggo buku panglimbang-nglimbang lija, kang luwih angel nanging ija apik, j.i. "Sugeng Dalem Sri Jesus, Gesang kita". [ 7 ]
No. 2. Purwakané S. Lukas.
Watjanen kanti premati purwakane Djuru Indjil S. Lukas. S. Lukas wis niti priksa sakabehe bab Sugeng Dalem Sri Jesus wiwit mula bukane. Bisa dipitaja banget, amarga uga kerep njuwun priksa marang Ibu Dewi Marijah pribadi. Mulane Indjile S. Lukas nerangake akeh bab Sugeng Dalem Sri Jesus nalika isih Timur. Sing priksa iki kabeh mung Ibu Dewi Marijah. Iku kabeh diwulangake supaja aku uga bisa ngerti njataning piwulange.
No. 2. Sang Sabda dados manungsa.
Jen aku kepengin ngerti Sri Jesus iku sapa, aku perlu banget matja wiwitane Indjil S. Johanes iki. Kang diterangake S. Johanes ana ing kene, mung ngenani Sri Jesus Pribadi. Rak djumeneng Allah Hjang Putra utawa Allah Sang Sabda, kang mijos saka ing Allah Hjang Rama. Barang kabeh kang dititahake, dumadine dening Hjang Putra. Allah Hjang Putra iki djumeneng Uripe samubarang.
Urip iki: Hjang Putra Pribadi djumeneng pepadanging manungsa, kang urip ing pepeteng, kang ora gelem nampa pepadang iki. S. Johanes Pambaptis diutus ing Allah, supaja mulang bab pepadanging Allah Hjang Putra marang manungsa kabeh.
S. Johanes Pambaptis mung seksi. Pepadang sedjati: Allah Hjang Putra, kang ngrawuhi kagungan Dalem bangsa manungsa, aku kang kerep ora nampani Pandjenengane. Gela Gusti! Aku keprije ? [ 8 ]No. 2. Sang Sabda dados manungsa.
No. 3. Malaekat kautus medarake mijose S. Johanes.
No. 3 (teruse). Sakarijas ora ngandel.
No. 4. Pandjalma Dalem.
No. 4 (teruse). Ibu Dewi Marijah ngandika: sandika sadawuh Dalem.
Terang saka Indjil iki: Ibu Dewi Marijah wis priksa marang timbalan Dalem, j.i. ora karsa idjab, supaja bisa raket karo Gusti Allah, saja tresna karo Allah, saja ngabdi. Mulane, sawise Ibu Dewi Marijah midanget menawa bisa terus netepi prasetya Dalem, j.i. sugeng wadat, bandjur uga kersa djumeneng Ibune Putraning Allah. Iku dikarsakake Allah Pribadi, bandjur Ibu Dewi Marijah mung bisa matur: sandika.
Tembung iki ndemenakake banget kanggo wong Katulik kabeh, amarga aku kabeh uga kudu kerep wani matur karo Gusti, luwih jen Gusti mundut kurbanku: kawula abdining Pangeran, sandika sadawuh Dalem.
Tjetjawis rijaja 8 Desember.
Ajo pada tjetjawis rijajane Ibu Dewi Marijah pinurba mulus tanpa tjiri. Wigati banget kanggo warga Konggregasi kabeh.
Di-angen sedela bab dosa asal. Dosa asal iku kaanan ing sadjroning dosa, utawa kaananing sadjroning satron karo Gusti Allah, kang diwarisake menjang manungsa kabeh. Aku dek bijen uga kedunungan dosa asal, sadurunge dibaptis. Dosa asal ilang saka sukmaku, amarga Gusti Jesus nebus aku! Wong akeh isih kadunungan dosa asal. Ing sakiwa-tengenku! Kantjaku! Sadulurku! Aku wis ora!
Gusti mundut supaja aku mitulungi wong lija iki, supaja uga
bisa dibaptis! Wong lija iku isih kelangan Sih kasusantan! Mesakake banget! Apa aku merduli ? [ 11 ]Tjetjawis rijaja 8 Desember.
Hjang Putra supaja djumeneng Ibu Dalem. Mulane Ibu Dewi Marijah tansah menggalih, kanti prihatos, manungsa kabeh kang isih kadunungan dosa asal, kelangan Sih kasusantan. Penggalih Dalem Ibu Dewi Marijah tansah tjotjog karo Gusti Allah Pribadi, kang kersa melasi manungsa sarana ngutus Sang Panebus lumantar Ibu Dewi Marijah. Di-angen2 sedela piwulangé S. Johanes Rasul: „Samono katresnan Dalem Gusti Allah marang donja, nganti kersa maringake Putra Dalem ontang-anting, supaja sing sapa ngandel ing Pandjenengane ora bakal tiwas, nanging bakal urip langgeng”. Aku ngandel iku? Uga kanggo kantjaku ? Sedulurku?
Rijaja Ibu Marijah pinurba mulus tanpa tjiri.
No. 5. Ibu Dewi Marijah mertuwi ing daleme Elisabet.
No. 6, Kekidungan Dalem Dewi Marijah.
No. 6 (teruse). Magnificat maneh.
No. 6 (teruse). Magnificat maneh.
No. 6 (teruse). Magnificat maneh.
No. 7. Mijose S. Johanes Pambaptis.
Dalem Sri Jesus, kraton Dalem S. Kristus. Aku golek apa?
No. 8. Kidungane Sakarijas.
No. 8 (teruse). „Dene kowe djabang baji bakal sinebut aabining Hjang Maha Luhur”.
No. 8 (teruse). Kidungane Sakarijas maneh.
No. 8. (teruse). S. Johanes Pambaptis ing ara² samun.
No. 9. S. Jusup sumelang.
No. 9 (teruse). S. Jusup midanget wewadining Pandjalma Dalem.
No. 9 (teruse).
No. 11. Tjatjah djiwa ing saindenging djagad.
No. 11 (teruse). S. Jusup uga tindak menjang Betlehem.
No. 11 (teruse). Ibu Dewi Marijah ora angsal papan ana ing panginepan.
No. 11 (teruse). Mijos Dalem Sang Kristus.
No. 12. Malaekat ngatingali para pangon.
No. 12 (teruse). Malaekat² ngluhurake Allah.
No. 12. Botjah² Betlehem dipateni.
No. 13. Para pangon sowan ngabekti.
No. 13 (teruse). Para pangon.
No. 13 (teruse). Dene Dewi Marijah njatet kabeh mau, ginagas sadjroning galih.
No. 14 Supit Dalem.
Bab timbalan.
Bab timbalan maneh.
Bab timbalan maneh.
mirunggan, j.i. saja tjedak karo Gusti Jesus serana prasetya wadat, mlarat, mbangun miturut. Aku wedi? Ora wani mikir² kaja ngono? Iku lumrah! Iku kodratku kang mlorod, kang kesed, kang wegah. Nanging iku uga dudu soale! Gusti karsa nimbali aku kaja ngono apa ora? Aku ketarik? Aku rumangsa ana ing atiku, menawa Gusti Jesus karsa nimbali aku, luwih raket? Sing blaka karo Gustimu, Sang Timur ing pamakanan.
Bab timbalan maneh.
No. 19 Sardjana saka tanah Wetan.
No. 20. Ngungsi menjang Mesir.
No. 22. Kondur menjang Nasaret.
No. 23. Ana: ing satengah-tengahe para guru.
No. 23. (teruse).
No. 23. (teruse). Pandjenengane mbangun miturut karo Rama-Ibu
No. 24. S. Johanes Pambaptis menjang kali Jordan.
No. 25. S. Johanes nenangi amrih mertobat.
No. 27. S. Johanes ngandikani bab Sang Kristus.
No. 28. S. Johanes mbaptis Gusti Jesus.
miturut kaja ngono marang Karsa Dalem Hjang Rama, bandjur kawedarake kekeran kang gede dewe: Trinidji Sutji: Hjang Rama, Hjang Putra, Hjang Roh Sutji. Anjarna pangandelmu!
No. 29. Gusti sijam lan kagoda.
No. 31. Paseksene S. Johanes Pambaptis.
No. 32. Murid Dalem kang wiwitan.
Watjanen temenan iki! Sing wis miwiti nggoleki Sri Jesus, sing wis kepengin luwih ngerti bab Sri Jesus, iku ditimbali Gusti Mara, pada delengen. Aku kepengin luwih ngerti bab Gusti Jesus? Aku wis kepengin meditasi? Aku uga wis nggoleki Sri Jesus menjang Gredja? Menjang Komuni Sutji? Apa aku uga wis seneng nututi Gusti?
No. 33. Andrejas njowanake Petrus ing ngarsane Gusti.
Murid Dalem Sri Jesus mesti terus kepengin supaja wong lija uga ngerti marang Sri Jesus. Jen ora, aku durung ngerti tenan Sri Jesus iku sapa ? Gusti karsa nebus manungsa kabeh. Apa aku wis tau njowanake kantjaku ing ngarsane Gusti? Sedulurku? Wedi? Isin? Kiraku ora perlu? Perlu banget! Sok gampang banget mangrasul kaja ngono, amarga wong akeh satemene wis kepengin tepung karo Gusti.
No. 34. Philippus karo Natanael ditimbali.
Gilo, ana tulada maneh mangrasul iku sok gampang,sanadjan wong lija sok maido, etok² ora gelem tepung.
Natanael gumun banget dene Gusti Jesus wis priksa marang kang ndelik ing atine Natanael. Gusti uga priksa apa sing dak delikake ing atiku. Ija kang betjik, ija kang ala. Jen aku bisa ngandel kaja Natanael: Pandjenengan punika Putraning [ 32 ]
Allah, aku bandjur uga bakal njipati sing luwih gede maneh. Bukaken atimu kagem Gusti!
No. 35. Panganten ing Kana.
Di-limbang² temenanan mukdjidjad Dalem kang kapisan iki, amarga ditindakake Gusti atas panjuwune Ibu Dewi Marijah Jen Ibu Dewi Marijah njuwun, mesti dikabulake Gusti, Mulane aku uga, tansah kudu njuwun marang Ibu Dewi Marijah supaja karsaa nglantarake panjuwunku marang Sri Jesus. Bingungku, susahku, sangsaraku, bungahku, dakaturake Ibu Dewi Marijah. Nanging bandjur sumarah bae marang karsa lan katresnan Dalem Ibu, apa karsa nglantarake apa ora, amarga aku sok ora ngerti njuwun sing betjik kanggo aku. Lha, Ibu mesti ora karsa njuwunake aku kang ora prajoga kanggo aku. Nanging, sanadjan sing dak suwun ora prajoga kanggo aku, Ibu mesti karsa nglipur, nentremake, maringake Sih, kekuwatan, pangapura. Matur nuwun, Ibu.
No. 37. Gusti Jesus nundungi wong dodol saka Padaleman Sutji.
Gusti Jesus duka Padaleman Sutji kok dianggo pasar. Prajoga banget Gusti duka, amarga iku ketemu ing nalar, perlu, betjik. Keprije sikapku ana ing gredja? Patut didukani Gusti, amarga gegujon? Pamer? Ora sowan Gusti tenan, nanging donge kepengin weruh wong lija, kantja, pemuda, pemudi? Aku golek apa ana ing Gredja? Apa golek Gusti? Gusti Jesus uga wis metja bab wungu Dalem, supaja aku saja ngandel. [ 33 ]No. 38. Tipising pangandele wong² kang ngandel marang Gusti Jesus.
Watjanen nomer iki kanti tliti banget. Wong akeh kang njipati dewe pangeram-eram Dalem, isih tipis pangandele. Gusti Jesus priksa Pribadi, priksa marang djeroning atine manungsa. Uga priksa atiku. Pangandelku keprije. Ija bener aku ora weruh dewe pangeram-eram Dalem, nanging aku bisa luwih ngandel,luwih rahaju, sanadjan ora weruh dewe. Tur aku ngalami Katresnan Dalem ing saben dinane. Apa aku jakin menawa Gusti priksa atiku ? Njuwuna tambahing pangandel !
No. 42. Wong wadon Samarijah.
Maha Sae Gusti Jesus karo wong wadon dosa iki. Gatekna piwulang Dalem Sri Jesus bab banju kang bakal diparingake Gusti. Banju iku: Sih Dalem, Sugeng Dalem Sri Jesus. Aku wis nampa Sih iku, Katresnan Dalem. Jen aku bandjur isih ngelak barang donja, mburu kesenenganku, banju iki, Sih Dalem, ora bisa dadi tuking banju kang mantjurat agawe urip langgeng. Dosa endi, kesenengan endi kang ngengel-engeli Sih Dalem urip ing atiku ?
No. 43 Wong² Samarijah akeh kang ngandel marang Gusti Jesus.
Rungokna Pangandika Dalem Gusti Jesus: Sing dadi panganku jaiku: nindakake karsaning kang ngutus Aku, lan nandangi pakarjan Dalem (Hjang Rama). Ja, mung iku bisa nentremake atiku, menuhi idam-idamanku kabeh; nindakake Karsa Dalem. [ 34 ]Nindakake Karsa Dalem, j.i.: netepi kuwadjibanku, mbangun miturut karo wong kang makili Gusti tumrap ing aku (wong tuwa, guru, Imam, panggede), netepi pranatan² Konggregasi: tasbeh, meditasi, Rama Bih kang baku, kerep nderek Mis Sutji. Jen nulad Gusti Jesus kaja ngono bisa nentremake atiku sapenuh-penuhe.
No. 45. Gusti marasake anake abdi kraton.
Gusti Jesus ngarsakake supaja wong kabeh bisa ngandel marang Pandjenengane tanpa njipati pratanda lan pangeram-eram. Iku mesti bisa, jen ana karepku kaja ngono, amarga karepku kang betjik iku saka Gusti, j.i. aku tansah diparingi Sih akeh supaja ngandel. Nanging Gusti uga karsa nampik panjuwune abdi mau, malah karsa marasake anake sanadjan adoh.
Gusti Jesus iku Maha-Kuwasa-Allah Hjang Putra.
Gusti uga karsa marasake aku, luwih-luwih saka patiku. j.i. jen kelangan Sih kasusantan amarga dosa gede. Gusti uga karsa marasake kantjaku kang durung dibaptis! Njuwuna waras, uga kanggo kantjamu.
No. 47. Pangeram-eram amek iwak kang kapisan.
Weruha pengandele Simon, Santo Petrus. Sanadjan wis sawengi natas enggone amek iwak, ora oleh apa². Pengandele terus ginandjar Gusti, nganti Santo Petrus gumun, saja ngandel marang Sri Jesus, saja ngrasakake menawa awake dewe dadi wong dosa.
Adja lali, jen aku ditimbali Gusti dadi warga Konggregasi, aku bandjur uga sok bakal saja ngrasakake dosaku, amarga di[ 35 ]tarik Sri Jesus kang Maha-Sutji. Adja gumun dene bandjur uga didawuhi Gusti kudu misaja wong. Aku wedi? Jen aku mung ndjagakake kesekenganku tok, mesti aku bandjur wedi. Nanging, kanggo misaja wong, aku kudu ndjagakake Maha Kuwasa lan Maha Tresna Dalem Sri Jesus!
No. 48. Gusti Jesus nundung setan.
Setan iku ana. Malaekat kang umuk, kang tiba, kang sengit karo Gusti Allah, kang ana ing neraka, nanging kang uga klambrangan ngrusak sukma².
Aku ora usah wedi. Gusti Jesus wis rawuh, wis menang. Ija ben, si setan iku sok nggoda marang aku, serana pikiran utawa hawa nepsu, utawa lumantar wong ala, nanging Gusti Jesus wis ngalahake setan, lan aku uga tansah bisa menang karo setan amarga aku kepareng ndjagakake Kuwasa Dalem Sri Jesus. Aku ora kena wedi karo setan. Aku, saja jen digoda, kudu kerep njuwun pitulungan Dalem Sri Jesus. Bandjur mesti menang.
No. 50. Wong² lijane sapirang-pirang pada diwarasake.
Tenan: Gusti Jesus karsa njanggi kasekenganku lan manggul lara-sukerku, j.i. Gusti djumeneng manungsa sajekti, kang tresna banget marang bangsa manungsa, kang priksa banget marang kasekengane bangsa manungsa, larane, dosane, tjatjade bangsa manungsa. Supaja dibuktekake tenan menawa Gusti Jesus djumeneng Allah Hjang Putra uga, mulane karsa marasake wong akeh, nundungi setan akeh. Terang banget: Gusti Jesus [ 36 ]Maha-Tresna lan Maha-Kuwasa. Sebab apa aku isih wedi? Aku sekeng? Gusti priksa! Karsa mitulungi aku. Matur nuwun Gusti.
No. 51. Gusti tindak menjang panggonan sepi, sembahjang.
Gusti uga karsa nuladani sembahjang.
Esuk umun², sadurunge bjar, wis wungu. Kanggo aku ugaprajoga tangi esuk, supaja bisa meditasi disik.
Gusti tindak menjang panggonan sepi. Aku uga kudu menjang panggonan sepi, Gredja upamane, utawa kamarku.
Sawise sembahjang Gusti mesti mangrasul maneh. Aku keprije? Sembahjang lan mangrasul?
No. 54. Gusti marasake wong lumpuh.
Gumunana pengandele wong lumpuh iki lan wong papat sing nggotong lintjake.
Mulane wong lumpuh iki diparingi kang perlu dewe disik: dosane kaapura. Adja lali mung iku dadi sebabe Gusti rawuh: nebus, ngapura, mbirat, mbuwang dosane manungsa. Wong Parisi grundelan.
Gusti bandjur karsa mbuktekake menawa djumeneng Allah sajekti. Iku uga perlu kanggo aku, supaja aku luwih ngandel, luwih² marang pangapuraning dosa. Jen aku ngaku dosa, keprije? Keduwung tenan? Ngandel?
No. 55. Santo Matejus ditimbali.
S. Matejus iki dek bijen dadi djuru mupu beja. Wong dosa. [ 37 ]Ewasemono ditimbali. Aku uga: wong dosa. Ewasemono uga ditimbali dadi wong Katulik, warga Konggregasi. Jen aku rumangsa sukmaku wis sutji, aku bandjur dadi kaja wong Parisi, kang ora butuh Sang Panebus, ajake. Muga aku tansah jakin bab dosaku. Mulane uga kerep ngaku dosa, pendak rong minggu upamane, amarga aku butuh banget Sri Jesus, Sang Panebus, doktering sukma. Gusti ora nimbali wong kang ngumukake utamane dewe, nanging Gusti nimbali wong dosa kang ngudi kasutjian serana Sih pitulungan Dalem.
No. 15. Sang Dewi nutjekake salira. Gusti Jesus katjaosake.
Dina iki rijaja Dewi Marijah nutjekake Salira; 40 dina sawise babaran wong wadon Jahudi didawuhi sowan menjang Padaleman Sutji. Ibu Dewi Marijah mesti karsa mbangun-miturut karo angger²-ing Nabi Musa.
Sang Timur uga katjaosake marang Gusti. Allah Hjang Putra kang mandjalma bandjur katjaosake kanti resmi marang Allah Hjang Rama dening Ibu Dewi Marijah. Lan Ibu pribadi banget marang tegese: Gusti bandjur bakal djumeneng kurban kondjuk Allah Hjang Rama kanggo nebus aku: bakal seda ing salib Ibu Dewi Marijah ora wedi. Kendel! Aku wedi kurban?
No. 57. Gusti Jesus marasake wong lumpuh ana ing padusan.
Watjanen temenanan no. 57 iki!
Wong² Jahudi wis kepengin njedani Gusti amarga Gusti [ 38 ]Jesus njamekake Salira Dalem karo Gusti Allah. Apa wong² iku bandjur lali marang buktine, j.i.: Pangeram-eram Dalem? Ora b.sa. Malah nj'pati dewe.
Wong Jahudi, luwih ² para Parisi ora gelem ngandel, amarga jen ngandel kudu nderek Sri Jesus, ngurbanake umuke, kesenengane, tjetile. Para Parisi kepengin terus diurmati dening bangsa Jahudi kaja dene penuntune. Ora gelem ngalah karo Sri Jesus.
Sing nderek Sri Jesus kudu ngurbanake kesenengane kang ala lan umuke, ora amarga Gusti sengit karo wonge, nanging amarga Gusti sengit karo dosa. Lha dosa kabeh mau tukul saka umuk manungsa.
No. 59. Para murid pada njetuti wulen gandum.
Wong Parisi tansah golek lupute lan dosane Gusti Jesus. Kaja² Gusti tansah nerak angger-anggere dina Sabbat. Nanging, sing njiplakake angger² iku: Allah Pribadi. Lha Gusti Jesus iku sapa ?
Tur, para Parisi iku kebangeten enggone ngakoni netepi dina Sabbat, nganti wis ora bisa ditahan wong lumrah. Mulane Gusti ngandika: Dina Sabbat mono anggone dianakake krana manungsa, lan ora kok manungsa krana Sabbat. Apa aku uga kaja wong Parisi? Tansah ngrasani wong lija? Ngadili wong lija, sanadjan ora ngerti karepe ?
No. 60. Ing dina Sabbat lija Gusti marasake wong apus tangane.
Gusti Jesus djumeneng Pangeraning Sabbat, j.i, Gusti Jesus, [ 39 ]Allah Hjang Putra, dawuh supaja wong kabeh ngluhurake Gusti Allah kanti mirunggan ing dina Sabbat. Nanging, ngluhurake Allah, iku mokal, jen ora gelem mitulungi wong tjilaka, sanadjan dina Sabbat, Mulane wong Parisi kleru banget dene serik amarga Gusti marasake wong tjilaka iki kang apus tangane. Atos, kedjem, sepi ing katresnan atine wong Parisi, wong lamis. Atiku keprije? Apa aku uga sok wani sembahjang, tanpa tresna marang pepadaku ?
No. 62. Gusti Jesus marasake wong lara akeh banget.
No. 63. Pamilihe rasul rolas.
No. 64. Sabda ana ing gunung.
No. 65. Sabda rahaju I
No. 65. Sabda rahaju II.
lija kang uga ditresnani Sri Jesus. Wong kang andap-asor, kang ora ngumukake kepinterane lan keprigelane dewe, nanging kang mung migunakake kepinterane lan keprigelane kanggo srana ngabdi Gusti lan mitulungi wong lija. Wong kaja ngono bakal pada nduweni Bumi, j.i. Bumi kang didjandjekake Gusti wiwit Seda Dalem, j.i. Pirdus, Swarga.
No. 65. Sabda rahaju IIL
No. 65. Sabda rahaju IV.
nanan, kang manunggal Sri Jesus serana Sakramen Maha-Sutji.
No. 65. Sabda rahaju V.
No. 65. Sabda rahaju VI.
No. 65. Sabda rahaju VII.
No. 65. Sabda rahaju VIII.
No. 66. Ujahing djagad.
No. 66. Pepadanging djagad.
No. 67. Sang Kristus lan angger².
No. 68. Radja pati lan kanepson.
No. 73. Tresna marang mungsuh.
No. 44. Esti murni sadjrone aweh dana.
No. 75. Esti murni sadjrone sembahjang.
No. 76. Sembahjangan Dalem Gusti.
No. 76. Sembahjangan Dalem Gusti.
No. 76. Sembahjangan Dalem Gusti.
supaja aku serana merangi panggoda saja bisa mbuktekake katresnanku marang Sri Jesus. Terang uga: aku ora kena golek panggoda. Saha tinebihna saking piawon. Amin. Njuwuna supaja aku tansah gelem adoh karo setan, karo dosa, karo neraka!
No.81. Kabutuhanmu njandang-mangan pasrahna Allah.
No. 82. Adja memantjasi.
ing mripatmu.
No. 83. Kapitajan sadjroning sembahjang.
No. 84 & 85. Mustikaning angger² katresnan.
No. 86. Diweweka ana nabi gadungan.
No. 87. Dudu tembung.....
No. 88. Omah ana ing padas.............
No. 89, Warase abdine Penatus.
No. 90. Djedjaka anake weranda ing Naim
Elinga manungsa jen kowe iku lebu, lan bakal dadi lebu maneh.
No. 269. Judas tjidra
No. 270 — 271. Tata2 pista Paskahan.
No. 272. Dredahe para rasul.
No. 273. Gusti Jesus midjiki sikile para Rasul
No. 274. Wong sing njidrani didumuk.
No. 275. Jasane Sakramen Maha Sutji.
No. 277. Gusti metja anggone Petrus bakal selak.
No. 278 & 279. "Aku iki dalan".
No. 282. Kowe ora bakal dak tinggal kaja dene botjah lola.
No. 284. Pralambang wit anggur karo pange.
No. 285. Angger² bab katresnan marang sapada-pada.
No. 286. Donja sengit marang para murid Dalem Gusti.
No. 294. Gusti Jesus sembahjang ing Patamanan Djaetun.
No. 296—297, Si tjidra nutjup.
No. 298. Kamuljan Dalem Gusti Jesus mrabawani para mungsuh.
No. 299. Petrus nangkis Malchus.
manungsa kabeh, amarga dikersakake Allah Hjang Rama. Nggumunake banget katresnan Dalem iki. Mung katresnan bisa ngurbanake awake dewe.
No. 300 & 301. Gusti Jesus kabesta. Para murid bubar.
Saiki dadi kuwasaning pepeteng, j.i, si setan. Sawatara waktu si setan bakal bisa njiksa Sri Jesus. Bakal terang saiki: sing njiksa Sri Jesus: si setan utawa manungsa - lan aku kang sok dadi kaki-tangane si setan serana dosaku. Asta Dalem Sri Jesus kabesta. Asta Dalem kang tansah mung mberkahi lan mbetjiki manungsa.
Dosaku uga mbesta Asta Dalem, nganti Gusti ora bisa mberkahi aku maneh, amarga serana dosaku aku ora gelem diberkahi, Murid mlaju-ngungsi. Aku keprije?
No. 302. Gusti Jesus ana ing ngareping Annas.
Gusti Jesus ora karsa mangsuli marang Annas, amarga Annas ora duwe hak takon marang Sri Jesus. Tur Sri Jesus iki tansah mulang ing ngarepe wong akeh. Wong kabeh ngerti menawa Sri Jesus ora salah. Nanging karepe wong Parisi lan imam² Jahudi wis ala, sengit marang Sri Jesus, amarga Gusti Jesus, Allah Hjang Putra, ora ngersakake menawa rakjat Jahudi diperes lan diapusi dening wong Parisi iku.
Bandjur ana sawidjining saradadu sing napuk wadana Dalem. Sri Jesus, Panebusku, ditapuki. Gusti Jesus disepelekake banget. Wangsulan Dalem Sri Jesus penuh ing sabar. Jen aku disepelekake setitik, aku keprije? Bandjur lali marang Tulada
Dalem iki ? [ 59 ]No. 303. Ana ing ngarsane Kaiphas.
Kabeh golek paseksen goroh perlu kanggo njedani Gusti Jesus. Nanging, seksi² kang goroh ora bisa tjotjog. Mulane, ing ngarepe imam Agung Kaiphas, dibuktekake maneh menewa Sri Jesus djumeneng Sang Kristus, Putraning Allah. Bandjur Gusti Jesus mangsuli terus terang: Inggih, kula punika Sang Kristus. Lan Kaiphas ora kleru tampa, ngendika menawa Sri Jesus njamah Gusti Allah. Ija, aku uga ngandel menawa Sri Jesus iku Putraning Allah, sanadjan bakal disedani dening wong dosa.
No. 304. Gusti diwirangake.
Watjanen tembung sidji-sidjine saka nomer iki. Rasakna kewirangan kang dirasakake Sri Jesus, Panebusku. Sri Jesus kang tresna marang aku; Sri Jesus kang nebus aku; Sri Jesus tresna marang aku nganti karsa diwirangake ngono, Umukku.........!
No. 305. Njelaki kang kapisan.
Di-limbang² tenanan bab Petrus kang njelaki Gusti, amarga aku uga kerep wedi lan djirih banget jang aku diarani warna dening wong lija. Ora perlu aku ngluputake Petrus kang njelaki Gusti, amarga wedi karo abdi wadon.
Prajoga awakku dewe kang dakluputake, prajoga dakakon wae menawa aku wedi lan djirih banget, jen aku dirasani setitik. Wah, umukku iki tansah ndjalari aku wedi diwirangake wong lija. Aku malah kerep isin ngakoni ing ngarepe kantjaku me[ 60 ]nawa Sri Jesus iku djumeneng Mitraku, Panebusku, kabegdjanku. Apa iku patut kanggo warga Konggregasi?
No. 306 & 307. Selak kang kapindo lan kang katelu
No. 308, Pantjasan katetepake.
No. 309 & 310. Patine Judas
No. 311 Santolane Gupermen.
No. 313. Dipriksa. pijambakan.
No. 314 Pandakwa anjar saka Sanhedrin.
No. 315. Prabu Herodes.
No. 317—320. Jesus apa Barabas.
kaja ngono. Pambengoke oleh gawe...
No. 323, ,,Delengen, gilo wonge.”
„tijang punika kedah pedjah, awit pijambakipun ngaken Putraning Allah,” Mulane Sri Jesus, Putraning Allah, seda, amarga mesti kudu ngandika miturut kenjataan. Gusti, kawula pitados, Sampejan Dalem djumeneng Putraning Allah, i.p. Allah Hjang Putra.
No. 324. Putraning Allah?
Djirihe Pilatus saiki katara maneh. Gusti Jesus kang isih ngagem makuta eri, kang isih gerah amarga disapu, didjak rembugan maneh. Gusti Jesus mung karsa paring wangsulan marang Pilatus, supaja Pilatus luwih ngerti, menawa kuwasane Pilatus iku saka Allah. Pilatus ora duwe kuwasa, supaja Sri Jesus bandjur mentang utawa ngluwari sakarep-karepe. Sri Jesus mulang, sanadjan gerah banget. Aku? Jen kudu mulang, njambut gawe, terus wegah bae?
No. 325. Gupernur njoba kang wekasan.
Prajoga dilimbang-limbang setitik maneh bab Pilatus lan Sri Jesus, amarga aku uga sok ngemperi Pilatus serana umukku lan djirihku. Wah, kerep banget, Pilatusku menang karo Gustiku, ing sadjroning atiku. Pilatus iku ora tau terus terang. Satemene kepengin ngluwari Sri Jesus, amarga Gusti ora salah. Nanging iku wis ora diterangake marang wong Jahudi, amarga
djirih. Mulane kepengin nggugah welase wong Jahudi, Nanging iku wis mokal. Mesakake Pilatus iku. Mesakake aku, jen aku wedi, djirih, nganti uga ora wani blaka lan terus terang. [ 65 ]No. 326. Putusan.
No. 327. Simon wong Sirene.
No. 328. Wong² wadon ing Jerusalem.
No. 329. Rijajaning Ibu Sungkawa
No. 330, Tulisan sanduwuring salib.
No. 332, Panguman-uman marang Gusti Jesus ngarepake' seda,
No. 333, Mertobate begal utama.
No. 334. Ibu Dalem Gusti Jesus lan Ibuning para Manungsa.
dake Salib Dalem Sri Jesus, Kendel banget Ibu Mesti bae Ibu nandang sangsara kang gede banget. Nanging Ibu uga kuwat banget amarga tresna karo Sri Jesus. Ibu kang tresna banget, kang kuwat banget, diparingake Gusti Jesus marang manungsa kabeh, luwih² marang wong Katulik, luwih² maneh marang Warga Konggregasi. S. Johannes Rasul dadi wakile bangsa manungsa, dadi wakilku enggone nampa Ibu Dewi Marijah. Mulane: Ibuning Allah — Ibuku.
No. 335. Sabda kang wekasan.
No. 275. Dinane Gusti Jesus jasa Sakramen Maha Sutji.
karsa ana ing donja iki, arupa roti, amarga Gusti tresna. Karsa manunggal aku kabeh — amarga manungsa butuh Sri Jesus. Aku kang wis ngandel ing S. Kristus rak wis ora bisa begdja, ora bisa tentrem lan bungah, tanpa Sri Jesus ing Sakramen Maha-Sutji. Gusti Jesus tansah ana, tansah karsa mitulungi aku, tansah karsa nglipur aku, tansah bisa disowani. Mung bae, aku iki kurang enggonku matur nuwun. Mulane Gusti Jesus uga ana ing Sakramen Maha-Sutji, supaja aku bisaa matur nuwun karo Sri Jesus, matur nuwun dene Gusti Allah tansah karsa maringake Katresnan Dalem marang aku. Dina iki perlu kerep sowan Sri Jesus lan matur — „Matur nuwun”.
No. 336 — 339. Gusti Jesus seda.
„Wus kaleksanan”. Kang didawuhake dening Allah Hjang Rama, supaja ditindakake dening Sri Jesus, saiki wis rampung kabeh. Sangsara Dalem, Kurban Dalem wis rampung, Gusti ngandika Pribadi. Kurban kanggo aku, Gusti Jesus masrahake Djiwa Dalem ing Asta Dalem Hjang Rama. Gusti Jesus kondur menjang Allah Hjang Rama. Sangsara kang gede dewe, kang abot dewe, kang penuh dewe ing katresnan, saiki rampung. Mulane patut menawa dina iki aku kerep nglimbang-nglimbang bab Seda Dalem Sri Jesus, amarga aku uga ditebus serana Salib iki. Gusti Jesus, kawula matur nuwun!
No. 340 — 344. Gusti Jesus kasarekake.
Sawise Gusti Jesus seda, bandjur Tyas Dalem kabukak, j.i. lambung Dalem ditumbak, Tyas Dalem Sri Jesus saiki isih kabukak kanggo aku uga. [ 70 ]No. 345 + 346. Wong² wadon lan murid² menjang pesarejan.
gede dewe. Tanpa mukdjidjad iki pangandelku muspra!
No. 347 + 348. Petrus lan Johannes menjang pesarejan.
No. 349. Gusti Jesus ngatingali Marijah Magdalenah.
No. 349 (teruse).
No. 349 (teruse).
Mulane aku uga ditresnani. Aku uga bandjur diutus ngandakake marang sedulur² Dalem S. Kristus, menawa Sri Jesus wis wungu, wis sugeng maneh, Luwih² menjang sedulur² kang durung ngerti marang Sri Jesus.
No. 350. Gusti Jesus ngatingali wong wadon loro.
Pakarjan Dalem Sri Jesus, sawise wungu saka seda, mung nentremake wong kabeh kang wis ngandel ing Pandjenengane. Gusti Jesus ngandika marang wong wadon loro iku: „Pada bageja".,,Adja pada wedi". Amarga wis babar pisan ora perlu wedi maneh. Gusti Jesus sajekti wis wungu wis ngalahake pati, sugeng ing salanggenge lan ngarsakake menawa aku uga ngandel, jakin bungah, tentrem. Njuwuna tambahing pengandel.
No. 350 (teruse)
Gusti Jesus milih wong wadon loro iki, supaja kandaa marang sedulur² Dalem Sri Jesus, j.i. para Rasul lan murid Dalem dikon njawang Gusti ing Galilejah. Nanging para murid Dalem ora ngandel. Tembunge wong wadon mau dirasa ngajawara. Ewa semono wong wadon iki bungah banget. mung bisa tjelatu: ,,Aku wis pada weruh Gusti lan malaekat". Aku ke- pengin ngemperi sapa? Para murid Dalem kang isih susah, amarga ora ngandel? Apa wong wadon loro iki, kang prasadja, kang ngandel, lan kang wis ditentremake dening Sri Jesus Pribadi? Aku wadjib ngandel, amarga Sri Jesus wis maringake bukti²-ning Katresnan Dalem marang aku: Baptis — Sakr Maha Sutji l.l.l. [ 73 ]No. 351. Kang ndjaga pasarejan dibeseli
Prajoga banget ngelingi mungsuh² Dalem Sri Jesus. Isih tetep sengit. Nanging: wedi. Wedi menawa bangsa Jahudi bakal ngandel menawa Sri Jesus 'wis wungu tenan, Goroh! Sara-dadu-saradadu diwenehi duwit akeh, supaja goroh uga. Terang banget nalikane Sri Jesus seda ing salib, mungsuh-mungsuh iki wis kalah. Saiki saja kalah, amarga Sri Jesus wungu, Lan sanadjan ana gorohan kaja ngono, senadjan iku disebarake menjang ngendi² — Sri Jesus wungu —lan ing salumahing djagad bakal ana wong akeh kang ngandel. Njuwuna marang Sri Jesus supaja kowe ngandel tenan — ora mungsuh² iki.
No. 352. Gusti Jesus ngatingali murid loro
Ing meditasi iki Gusti Jesus karsa nerangake maneh tjara Dalem nglipur murid-murid iku lan aku. Murid loro iku susah. Tresna banget marang Sri Jesus, nanging gela. Kok Gusti seda. Nanging Gusti Jesus priksa marang susah lan gelane. Kaja ngono uga Gusti tansah priksa marang susahku, gelaku, mangkelku, sengitku, dosaku kabeh. Gusti bandjur karsa ngapura dosaku disik. Mulane nggigah atiku supaja aku keduwung, bandjur aku dilipur.
No. 352 (teruse).
Murid loro iku ora ngerti menawa sing mbarengi lakune iku Sri Jesus, Aku uga, kerep, wiwitane ora bakal ngerti menawa Sri Jesus njarengi aku, sadjroning atiku, Allah Hjang [ 74 ]Putra, tansah ana ing atiku. Kanti tjara mirunggan ana ing atiku, jen aku kadunungan sih Kasusantan. Bandjur Gusti maringake pepadang lan sih marang aku, supaja aku kerep ngelingi lan ndjagakake Katresnan Dalem. Nanging, jen aku kedunungan dosa gede kelangan sih kasusantan (muga ora tau kelakona) bandjur Allah Hjang Putra uga ana ing atiku lan nggigah atiku, supaja aku keduwung lan ngaku dosa. Muga² aku tansah ngerti, menawa Sri Jesus tansah djumeneng kantjaku.
No. 352 (teruse).
Di-limbang² sedela bab sing ditjritakake dening para murid iku marang Sri Jesus. Tembung²e, sidji²-ne nerangake katresnane murid iki marang Sri Jesus. Lan uga terang gelane. ,,Mangka saking pangadjeng-adjeng kula ambok inggih Pandjenenganipun punika ingkang bade ngluwari Israel, nanging djebul sapunika sampun tigang dintenipun, sabakdaning lelampahan wau". Adja lali: Gusti Jesus Pribadi midangetake tembunge. Apa kiramu Sri Jesus ora mesem? Kok wonge durung ngandel, djebul Sri Jesus wis tjedak banget. Apa Sri Jesus sok ara kumudu-kudu mesem amarga bodoku, j.i. kurang ngandel?
No. 352 (teruse).
Apa ora patut banget murid² iki didukani setitik dening Sri Jesus? Gusti ngandika: ,,Punapa Sang Kristus mboten kedah nandang sedaja punika? Ingkang supados ladjeng mlebet ing Kamuljan Dalem". Murid2 iki lali menawa Sri Jesus rawuh ing donja iki perlu nebus bangsa manungsa. Lha Gusti mung [ 75 ]karsa nebus, serana Sangsara lan Seda Dalem, amarga dosane manungsa njepelekake Gusti Allah. Seda Dalem Sri Jesus ngluhurake Gusti Allah, amarga Gusti karsa nandang iku kabeh metu saka Tyas Dalem kang karsa mbangun miturut.
'No. 352 (teruse).
Weruha Gusti Jesus dahar karo murid loro iku. Raket banget. Mripate bandjur binuka, Amarga murid iku bandjur mari pangling — wis ngerti menawa sing dahar ana ing omahe iku Sri Jesus Pribadi — weruh dewe menawa Sri Jesus sugeng, wungu, wis ora sangsara maneh. Bungah banget, murid² iku — lan iku tjukup kagem Gusti — mulane: musna saka pandelenge. Adja lali maneh marang tjara Dalem Gusti enggone nglipur. Murub atine, terus menjat — arep njritakake anggone pada ngonangi Gusti nalika njuwil roti. Nanging iki uga ora diandel — Murid lijane durung gelem ngandel, Aku uga sok kudu luwih sabar banget, jen dong kepengin nerangake ma- rang wong lija menawa Gusti Jesus ana, sugeng, wungu, lan tresna.
No. 353, Gusti ngatingali para Rasul sing lagi ngumpul.
,,.........dumadakan Gusti djumeneng ana ing tengah²-e". Gusti tansah karsa nerangake, mbuktekake, njatakake, menawa Gusti sugeng, wungu tenan, ora bakal seda maneh. Gusti sawektu² bisa rawuh menjang ngendi-endi, bisa nglipur nentremake, maringake sih, Weruha para murid lan rasul, kang ngandel, kang isih bebantahan karo murid loro iku kang wis ngandel
— lan dumadakan: Gusti Jesus ana! Gusti ngandika: ,,Dipada tentrem! Aku Gustimu! Adja pada wedi!" Gusti Jesus, kawula pitados! Kawula njuwun, supados sampejan Dalem [ 76 ]ugi kersaa ngandika wonten ing salebeting manah kaula, jen kawula dong adjrih, bingung: Sing tentrem! Aku Gustimu! Adja wedi!"
No. 353 (teruse).
Ananging para murid saka wedine pada ngira weruh roh. Isih wedi para murid iku, Gusti bandjur saja nentremake — karsa digrajangi — supaja para murid adja maido maneh. malah ngandika: ,,Roh mono ora duwe daging lan balung kaja Aku iki". — lan ...... nedahake asta, sampejan lan lambung Dalem. Bok menawa aku gumun dene para murid iku meksa durung ngandel. Ora perlu gumun aku! Aku uga isih kerep tjilik atiku, kerep ora ngandel, utawa lali marang Sri Jesus, jen tukul bingungku utawa hawanepsuku. Aku bandjur uga patut didukani amarga mbrengkeloku.
No. 353 (teruse).
Gusti Jesus, sanadjan Salira Dalem wis dimuljakake, sanadjan wis babar pisan ora betah dahar, bandjur karsa dahar iwak gorengan.
Para murid bandjur ngandel! Bungah. Gusti Jesus uga bungah dene kang ditresnani banget iku saiki suwe² ngandel. Para Rasul lan para murid bandjur diutus Sri Jesus, j.i. ngemperi Sri Jesus kang wus diutus dening Hjang Rama, j.i. kanggo nglantarake Sih Dalem Allah marang manungsa kabeh, kanggo mulang bab Trinidji Sutji, bab Sri Jesus Allah Hjang Putra kang mandjalma, kang karsa nebus bangsa manungsa. Para Rasul diutus. Warga Konggregasi uga diutus diutus dening Sri Jesus gawe bungahe wong lija, gawe sutjine wong [ 77 ]
No. 353. (teruse).
No. 354 Gusti ngatingali para Rasul maneh, Rasul Thomas.
Thomas malah wami tjelatu: Jen aku ora weruh dewe tabete paku ing astane, lan ora nglebokake dridjiku ing tabet paku, apa maneh ora nglebokake tanganku ing lambung Dalem, aku ora arep ngandel". Iku Rasul Thomas. Babar pisan ora gelem ngandel. Isih nglokro. Isih sutik ngandel. Mesakake banget Rasul Thomas iku kang isih rumangsa tjilaka banget ing satengahing [ 78 ]Rasul lan murid lijane kang wis bungah, Muga aku adja tau nuruti rasa susah lan bingung maneh, amarga Gusti wis wungu.
No. 345 (teruse). Gusti Jesus lan Rasul Thomas.
Sadjrone lawange dikantjing, Gusti Jesus rawuh lan djumeneng ana ing se-tengah²-ing para murid. Amarga Salira Dalem Sri Jesus wis dimuljakake, wis luwih ngemperi Roh, mulane Gusti wis ora perlu mbikak kori. Dumadakan ana ing satjedake murid2 Dalem kang ditresnani. Watjanen maneh kang dipangandikakake Gusti Jesus: „Dipada tentrem”. Lan Rasul Thomas kepareng nglebokake tangane ing lambung Dalem Sri Jesus. Nanging iku wis ora perlu. Thomas tjaos wangsulan: „Gusti kawula lan Allah kawula”. Iku prajoga kerep dakbaleni jen aku njawang Hosti Sutji lan Tuwung sadjroning konsekrasi. Kanggo nentremake wong kabeh kang urip sawise Gusti Jesus mekrad menjang swarga, kanggo nglipur atiku kabeh, Gusti karsa ngandika: „Rahaju wong kang ora njipati dewe, ewasemono ngandel”. Aku bisa luwih rahaju tinimbang Rasul Thomas, jen aku ngandel menawa Sri Jesus sugeng.
No. 355, Gusti Jesus ngatingali ana ing pasisire tlaga Tiberias.
Setemene aku ora tau bisa nglimbang-nglimbang kanti tjukup bab Wungu Dalem Sri Jesus, amarga Wungu Dalem dadi bukti lan mukdjidjad Dalem Sri Jesus kang gede dewe, menawa Sri Jesus djumeneng Allah Hjang Putra tenan.
Para Rasul dek bijen akeh sing dadi djuru amek iwak.
Amarga ana wektu, bandjur kepengin golek iwak maneh. Murid² lijane uga seneng melu. [ 79 ]Sanadjan Gusti Jesus wus wungu saka seda, uripe para murid, wong Katulik, warga Konggregasi isih terus lumrah wae. Terus wadjib golek panguripan, wadjib netepi karsa Dalem. Sawise Gusti Jesus wungu, iku malah luwih enteng, amarga Gusti Jesus sugeng, tresna, tansah tjedak karo aku, karsa nglipur, maringake sih l.l.l.
No. 355 (teruse).
Para Rasul lan murid lagi ribut enggone golek iwak, bandjur Gusti Jesus rawuh. Dene para murid pada ora mangerti, jen iku Gusti Jesus. Gusti Jesus tansah kaja ngono. Aku lali, aku ora ngerti menawa Sri Jesus sa-Katresnan Dalem, tjedak banget, priksa marang aku, tresna. Saiki uga Gusti karsa mitulungi para Rasul, Lan sawise djalane ditibakake miturut pangandika Dalem Sri Jesus, para murid iku oleh iwak akeh. Aku kudu ngandel, menawa Sri Jesus tansah karsa mitulungi aku, uga serana mukdjidjading Sih Dalem.
No. 355 (teruse),
Murid kang ditresnani Gusti Jesus, tjelatu marang Petrus: ,,Kae rak Gusti!" Murid iki S. Johannes Rasul kang isih muda, murni. Sing murni mesti gampang enggone ngerti Gusti Jesus tjedak, menawa Gusti Jesus ana, menawa Gusti gelem Jesus tresna, amarga ora ana dosane kang gede, ora nuruti kesenengane, nganti swaraning ati, Swara Dalem Sri Jesus gampang kaprungu ana ing atine.
Aku uga kudu ngudi kamurnen, nijat urip murni, njingkiri kang bisa ndjenesi atiku: film, buku, kantja, supaja atiku tansah kabukaka kanggo nampa Katresnan Dalem Sri Jesus. [ 80 ]No. 355 (teruse).
Nalika Simon Petrus krungu, jen iku Gusti, bandjur nganggo djubah lan sabuke, awit nalika semana tjutjul terus ambjur ing banju.
Tansah ndemenakake banget patrape S. Petrus tumrap ing Gusti Jesus. Rasul Petrus tresna banget marang Gusti. Weruha Sri Paus kang kapisan enggone nglangi menjang Sri Jesus. Ora merduli menawa bokmenawa bakal dinjek dening kantjane, ora merduli menawa, jen tekan tjedak Gusti, bandjur teles banget. Mung kepengin tjedak karo Sri Jesus kang ana ing daratan. Mung weruh Sri Jesus, Mung mikir² Sri Jesus. Aku keprije? Isin tresna? Wedi dinjek? Wedi marang panemune wong lija kang bokmenawa ngira menawa kelakuane aneh?
No. 355 (teruse).
,,Pada mrenea sarapan". Iku Gusti Jesus! Priksa marang butuhe djuru amek iwak, kang ndjala sawengi natas. Abot iku. Gusti priksa. Malah njediakake sarapan. Kaja ngono uga Gusti priksa marang butuhku kabeh.
Para murid iku seneng banget. Ora mung seneng amarga sarapan iki, nanging amarga katresnan Dalem Sri Jesus kang menggalihake banget marang para murid Dalem. Wus pada ngerti jen pandjenengane iku Gusti Jesus. Iku uga bakal ngajemake banget atiku j.i. ngerti menawa Gusti Jesus tjedak ana ing atiku lan ing Sakramen Maha-Sutji. [ 81 ]No. 356. Gusti Jesus maringake panguwasa marang Petrus.
No. 356 (teruse).
No. 356 (teruse).
Petrus mundjuk : ,,Gusti priksa, bilih kula tresna ing Sampejan Dalem." Apa aku uga bisa mundjuk kaja ngono? Apa Gusti priksa marang katresnanku, j.i. apa ana katresnanku marang Sri Jesus?
Buktine apa? Apa aku gelem ngurbanake kesenenganku dewe amarga aku tresna ? Apa aku bisa sabar jen lagi nandang sangsara? Apa aku ora mangkel jen disepelekake? Apa aku kepengin mbangun miturut karo Wali Dalem Sri Jesus? Lan iku kabeh daklakoni amarga aku tresna? Kokpikir djero.
No. 356 (teruse).
Sri Jesus ngandika marang Petrus: ,,Jen kowe wis tuwa, kowe mulungake tanganmu, lan wong lija bakal njabuki kowe, lan nuntun kowe menjang panggonan kang ora kok karepake." Gusti Jesus metja menawa Petrus uga bakal mati sinalib kaja Pangerane kang kinasih. Lan wong kabeh kang kepengin tresna marang Sri Jesus, wong kabeh kang wis mbuktekake katresnan iku serana urip kang sutji miturut dawuh Dalem, wong iku kabeh bakal nandang sangsara setitik utawa akeh, supaja saja bisaditjoba katresnane, supaja saja bisa dibuktekake katresnane. Apa aku wedi? Nanging Sri Jesus tresna marang aku!
No. 356 (teruse).
Bandjur Gusti ngandikani Petrus: ,,Meluwa Aku". Petrus mengo, ndeleng Rasul Johannes kang tinresnan ing Gusti Jesus [ 83 ]
No. 357.
No. 357 (teruse).
No.357 (teruse)
No.357 (teruse)
No. 357 (teruse).
No. 357 (teruse).
serana mukdjidjad-mukdjidjad kaja ngono. Nanging, sanadjan aku dewe durung njipati dewe mukdjidjad-mukdjidjad iki, aku isih kudu ngandel, amarga Sri Jesus wis wungu.
No. 357 (teruse).
No. 358.
No. 163.
menjang swarga.
No. 278 Panglipur: Aku bali maneh.