Kidung Megatruh

[ 83 ]DINA-DINA DINA Kinanti Oktavian Alif

Tanggal 13 Mei 2007 esuk. Ning ngarep gerbang sekolah sing arep ditutup. Aku tangi kawanan maneh. Rasane ya gela, ning piye maneh. Bola- bali telat, suwe-suwe dititeni karo puru piket nganti diparabi “tukang telat”. Esuk uwi, pancen gaweyanku neng sekolahan akeh banget, salah sijine kudu nyiyapake proposal kanggo pentas seni.

Tanggal 29 Mei 2007, wektu jam ngaso kapisan, ing ngisor wit klengkeng ngarep kelas IPS3, “Din, ransane ki kesel banget, ya! Ngerti ra. Ki, swaraku nganti entek mbengoki adik kelas sing melu latiyan baris- berbaris. Pisananeaku wegah dadi komandan peleton, ning kok ora ana sing gelem ngganteni. Ngono Iho! Mangkakna, sesuk aku, ya, kudu melu latiyan kepemimpinan ning Kaliurang bareng cah-cah karang taruna. Piye, ya? Mangkat ora, ya?"

Mangkono sipate Nilam, kanca akrabku wiwit kelas siji. Aku wiwit akrab karo dheweke nalika melu pelatiyan jurnalistik. Ing sekolahan, aku lan Nilam sok-sok rada regejegan amarga dheweke cemburu marang Mas Aziz, kanca ana ing OSIS.

Tanngal 30 Met 2007.

"Din, arep ngadep Pak Edi, kapan, ki proposale wis dadi. Graha sekertarisku, senenge. ya, nyusu-nyusu ngajokke proposal karo Pak Edi, guru wakil kepala kesiswaan, kanggo ngadani pentas seni. Nanging, aku wissiap-siap menawa proposal ditolak.

"Lha, iki lak neko-neko, ta? Ana ngendi pentas seni ing sasi Agustus, kuwi rak padha wae nganggu bocah anyar sing lagi mlebu karo para siswa sing padha ngurusi kalulusane, ta? Tur, ya, apa. kowe padha isa nganake acara sagedheiiku, wong kowe, ya, padha ngerti dhuwit sekolah ora mung gawe sesenengan macem ngono, ya, ra?", Pak. Edi ngendika karorada emosi.

Tenan, apa kang dadi kekuwatiranku kedadeyan. Aku isih ora mudheng, kaya-kaya Pak Edi ora nate seneng menawa bocah-bocah nganakeke pentas seni. Miturut dheweke, kabeh mau mung ngobral dhuwit. [ 84 ]Aku kerep ora ngerti ngapa, kok, sekolahku ki, ketoke ora pengen maju-maju. Ming gedhe omongane thok, endi sing sing arep ngembangake fasilitas teknologi informasi, ning lab komputere ora isa dienggo. Trus isih akeh guru kang ora niyatmulang. Luweh, atiku judheg.

Tangal 02 Juli 2007, ing ngarep tivi, wis neng dhuwur kasur ning isih krasa adhem. Sedilit maneh bakal ana ujian akhir semester, rasane pendhak dina tambah abot wae garapane. Tugas-tugas akhir semester, kaya gawe laporan wawancara, gawe presentasi seni rupa, gawe laporan koperasi, karangan basa jawa lan basa Inggris, lan tugas-tugas angel liyane sing kudu ditumpuk paling telat minggu iki, terus minggu ngarep ujian akhir semester dileksanake, durung maneh ana tes pertukaran pelajar ning Australia. Mula aku latiyan karawitan, sapa ngerti bisa tak anggo sangu menyang Australia, Wong tuwaku nyengkuyung banget program kuwi.

Tanggal 09 Agustus 2007, uian terakhir, Matematika sing angele ora jamak "Heh, sst, Dina! Sst, mrene, Din!" Bowo ngundang pengin golek contonan. Nanging, pancen dudu bejane Bowo. Dheweke konangan karo guru pengawas. Banjur, Bowodikon metu saka kelas.

13 Agustus 2007, ing ruang gawat darurat Omah Sakit Sardjito, lebar maghrib.

“Jantunge mundhak suwe mundhak alon, Piye, arep dipacu, ora?" pitakone salah perawat kanthi ngematke cardiograph sing garise mundhak alon lan lurus. "Pacu jantung," prentahing dhoktere, Dhokter wedok mau banjur mlaku ing sisih kiwa, siap-siap macu jantunge pasiene.

"Siap..;<65i Yak!!!" dhoktere maringi tanda. Awak pasien mau klojotan kaping telu. Tandha garis ijo ing cardiograph wis nuduhake menawa pasien mau isih urip. Ora ana sing kenal karo pasien mau. Cah wedok sing sajane ayu, ning awake wis ora rupa, balunge akeh kang tugel, kulite sing putih wis kebak getih. Umure udakara pitulas taun.bocah mau ketabrak trek confriner. Motore wis ora rupa. Handphone lan taseembuhana ngendhi.

Wektu iku, Nilam clingak-clinguk mlaku ngalor ngidul ing ngarep ruang gawat darurat. Ibune sing ditunggu ora njedul-njedul. Kepara, dheweke arep ana les tari susulan lan njaluk diterke. Nilam ora sabar. Dheweke mlebu ing ruang gawat darurat arep nggoleki ibune sing dadi dhokter. Nilam ngeri ndelok para pasien lan maneka jinis penyakite. [ 85 ]Bubar mubeng-mubeng sawetara, ing tempat tidur pojok, Nilam kaget banget. Ing kono dheweke weruh Dina sing wis ora rupa. Ora salah maneh, kuwi Dina. Akeh selang lan kabel temancep ing awake.

Nilam langsung nelpon omahe Dina.

"Halo, Niki dik Nilam dede, nggih?” Ibune Dina kethoke kuwatir. "Nggih. niki sinten, nggih?"

"Niki ibukipun Dina. Dik, Din... "swarane kepedhot.

Bu, samenika Dina wonten ing Sardjito. Kecelakaan, parah. Cepet tindak mriki, nggih, Bu!" "Oalah, Gusti 4” banjur telpon diselehake lan age-age menyang Sardjito.


Ibune Dina banjur ngeling-eling kedadeyan mau esuk. Kaya adat sabene, Dina mesthi kesusu menawa arep mangkat sekolah. Dheweke, dina iku uga arep ngurus pertukaran pelajarneng Australia.

Ing ndalan, Dina ngebut, wedi telat, “Pisan iki aku tenan-tenan ora enthuk telat,” batine Dina. Jam pitu bakal ana pengumuman lan daftar ulang kanggo para siswa sing melu pertukaran pelajar ing Australia. Aku mesthi bisa, mengkono pambatine Dina.

Ora, iki mesthi salah. Iki salah. Mesthine aku sing kapilih melu pertukaran pelajar ing Australia. Dudu Nilam lan Bowo. Aku sing enthuk biji paling dhuwur. Aku sing pinter ngarang nganggo basa Inggris. Ora bisa ngene. Aku kudu takon karo Bu Sri, guruku BK.

"Kowe pancen sing paling pinter lan bener, Dina. Nanging fotokopi sertifikat lan surat ijin wong tuwamu kang ora lengkap. Dadi, ya, piye maneh. Kowe ora duwe wektu ketemu aku konsultasi amarga kudu bola-bali mbenakke proposalmu, ta. Wedi ngganggu kowe, aku ora kepenak njaluk wong tuwamu nyepakke fotokopi sertifikat lan surat ijin. Wis ora papa. Isih ana liyane. Ditrima wae, ya. " Bu Sri, guru sing paling cedhak karo aku, sing kerep nulungi aku babagan sekolah. Ning ngapa, kok, saiki kaya ora nggatekkeaku maneh.

Dina iki pancen dina paling nyebahi. Sepisan, esuk mau Dina wis padu karo Ibu Kepindho Dina ora sida menyang Australia amarga telat numpuk foto kopi sertifikat lan surat ijin saka wong tuwa. Nanging, Bapak Tan ibu ora gelem ngrewangi. Ketelu, ngadhepi Pak Edi sing wis ora pelem manehana urusan karo sing jenenge proposal Pentas Seni. [ 86 ]Kabeh kedadeyan mau marakake Dina tambah judheg. Kuwi kabeh mau sing njalari Dina mutung lan nggeblas lunga saka ngomah numpak sepedha motor, ngebut. Wusana dhewekengalami kacilakan.

18 Agustus 2007. Ing rumah sakit, antaraning sadhar lan ora keprungu swarane Ibu kang nawani mangan Dina. Ora let suwe, Pak Edi teka tilik ngabari menawa ana sponsor kanggo kegiyatan pentas seni, lan sorene keprungu Nilam kang ora lila menawa aku lunga. Dheweke kepingin aku ngrungokake critane. Nanging, bengi iku, Dina ora ngerti kenapa kabeh waong padha nglumpuk. Dheweke wis ora krasa lara meneh awake, kabeh selang wis dilolosi saka awake. Dheweke krasa entheng, kaya neng awing-

awang.

Tanggal 19 Agustus 2007, ing sasana laya, bakdha dzuhur, langit mendhung. Dina sing nandhang kacilakan ora bisa ketulungan maneh. Kaya-kaya apa-apa kang digayuh wus muspra sakabehane. Nganti uripe uga ilang mbarengi aluming cayane kang gela marang dina-dinane. “ You'!| get nothing if you are not thanks to everything you have, even the smallest or the worst.” S'egarer tout, Precisementregretter......

Kinanti Octavian Alif, siswa SMAN 11,

Jalan: A.M. Sangaji no.50, Yogyakarta.

Lair 24 Oktober 1990. Alamat omah, Kromodangsan, Lumbungrejo, Tempel, Sleman, Yogyakarta. Telepon (0274) 7855263.

Hobi: maca, nonton filem.