[ Cover ]

꧋ꦮ꧀ꦢꦁꦏ 26꧈​ ꧇꧒꧘꧇​ ꦨꦼꦱꦂ꧈​ ꦠꦲꦸꦤ꧀ꦮꦮꦸ꧇ ꧑꧘꧕꧗꧇​꧉​ 30 ꦗꦸꦟꦶ꧈​ 1927꧉​ ꦠꦲꦸꦤ꧀ II.


ꦏꦗꦮꦺꦤ꧀



ꦏꦮꦼꦢꦭ꧀ꦭꦏꦼꦤ꧀ꦱꦧꦼꦤ꧀ꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦼꦩꦶꦱ꧀꧉​



꧋ꦉꦒꦶꦤꦶꦁꦱꦼꦫꦠ꧀ꦏꦧꦂꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦶꦁꦢꦊꦩ꧀ꦠꦶꦒꦁꦮꦸꦭꦤ꧀ f. 150 ​

ꦧꦪꦫꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦱꦸꦮꦸꦤ꧀ꦫꦸꦩꦶꦪꦶꦤ꧀꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦺꦔꦶꦁꦭꦁꦒꦤꦤ꧀ꦏꦶꦫꦁꦱꦏꦶꦁ 3 ꦮꦸꦭꦤ꧀꧉

꧋ꦗꦸꦫꦸꦔꦫꦁ​ꦲꦢ꧀ꦩꦶꦤꦶꦱ꧀ꦠꦿꦱꦶ ꦧꦭꦺꦥꦸꦱ꧀ꦠꦏ꧈​ꦲꦶꦁꦱꦮꦶꦁꦏꦶꦔꦶꦁꦏꦤ꧀ꦠꦺꦴꦂꦥꦭꦶꦱ꧀꧈​

ꦠꦶꦭ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦤꦺꦴꦩꦼꦂ 2791 ꦮꦺꦭ꧀ꦠꦼꦦ꦳ꦿꦺꦝꦼꦤ꧀꧉​


꧋ꦠꦤꦃꦄꦫꦧ꧀꧈​

꧋ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦲꦶꦁꦔꦶꦁꦒꦶꦭ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦥꦱꦮꦔꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦶꦛCana'a'ꦠꦤꦃꦪꦩꦤ꧀꧉​ꦏꦶꦛꦮꦲꦸꦏꦶꦤꦱꦔꦼꦠ꧀꧈​ꦢꦸꦤꦸꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦼꦚ꧀ꦕꦶꦭ꧀꧈​ꦏꦼꦱ꧀ꦭꦼꦩ꧀ꦥꦶꦠ꧀ꦲꦶꦁꦉꦢꦶ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦶꦁꦒꦶꦭ꧀ꦭꦶꦥꦸꦤ꧀ 2200 M. ꦠꦶꦪꦁꦱꦒꦼꦢ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦲꦶꦁꦔꦿꦶꦏꦸꦉꦏꦲꦺꦴꦱ꧀꧈​ꦢꦺꦤꦶꦁꦫꦸꦩ꧀ꦥꦶꦭ꧀ꦭꦶꦁꦩꦂꦒꦶ꧉​ꦲꦶꦁꦔꦿꦶꦏꦸꦥꦸꦤꦶꦏꦥꦱꦶꦠꦺꦤ꧀ꦭꦺꦴꦃꦗꦶꦤꦮꦶ꧉​ꦱꦤꦢꦾꦤ꧀ꦲꦶꦁꦠꦤꦃ ꦄꦫꦧ꧀꧈​ꦤꦔꦶꦁꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦗꦮꦃ꧉​

Ăngka 26, 28 Bêsar Taun Wawu 1857, 30 Juni 1927, Taun II.

Kajawèn

Kawêdalakên Sabên Dintên Kêmis.

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Tanah Arab.

[Grafik]

Kados ing nginggil punika pasawanganipun kitha Cana'a' tanah Yaman. Kitha wau kina sangêt, dunungipun Mêncil, kêslêmpit ing rêdi, ingkang inggilipun 2200 M. Tiyang sagêdipun dumugi ing ngriku rêkaos, dening rumpiling margi. Ing ngriku punika pasitèn loh jinawi. Sanadyan ing tanah Arab, nanging wontên jawah.

[ 422 ]

꧋ꦲꦂꦠꦏꦼꦂꦠꦱ꧀ꦲꦺꦁꦒꦭ꧀꧈​

꧋[ꦒꦿꦥ꦳ꦶꦏ꧀] foto

꧋ꦲꦂꦠꦏꦼꦂꦠꦱ꧀ꦲꦺꦁꦒꦭ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦉꦒꦶ f 5,-

꧋[ꦒꦿꦥ꦳ꦶꦏ꧀] foto

꧋ꦲꦂꦠꦏꦼꦂꦠꦱ꧀ꦲꦺꦁꦒꦭ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦉꦒꦶ f 10,-

꧋[ꦒꦿꦥ꦳ꦶꦏ꧀] foto

꧋ꦲꦂꦠꦏꦼꦂꦠꦱ꧀ꦲꦺꦁꦒꦭ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦉꦒꦶ f 25,-

꧋ꦲꦶꦁꦱꦶꦱꦶꦃꦥꦸꦤꦶꦏꦒꦩ꧀ꦧꦂꦲꦂꦠꦏꦼꦂꦠꦱ꧀ꦲꦺꦁꦒꦭ꧀ꦮꦂꦤꦶꦠꦶꦒ꧈​ꦉꦒꦶ f 5,-꧈​ f 10,-꧈​ ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ f 25,-꧉​ ꦲꦶꦁꦔꦿꦶꦏꦶꦏꦗꦮꦺꦤ꧀ꦥꦽꦭꦸꦲꦁꦔꦼꦮꦿꦠ꧀ꦒꦩ꧀ꦧꦂꦫꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦂꦠꦏꦼꦂꦠꦱ꧀ꦲꦺꦁꦒꦭ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏ꧈​ꦱꦸꦥꦢꦺꦴꦱ꧀ꦠꦶꦪꦁꦏꦛꦃꦱꦒꦼꦢ꧀ꦱꦸꦩꦼꦉꦥ꧀ꦱꦪꦼꦏ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦩꦼꦁꦒꦃꦮꦂꦤꦶꦱꦲꦉꦒꦶꦤꦶꦁꦲꦂꦠꦏꦼꦂꦠꦱ꧀ꦮꦲꦸ꧉​ꦲꦩꦂꦒꦶꦱꦏꦛꦃꦲꦶꦁꦠꦶꦪꦁꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦱꦢꦪꦱꦒꦼꦢ꧀ꦩꦲꦺꦴꦱ꧀꧈​ꦲꦩꦶꦭꦩꦤꦮꦶꦏꦶꦫꦁꦥꦔꦠꦺꦴꦯꦠꦺꦴꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦱꦺꦴꦏ꧀ꦭꦗꦼꦁꦒꦩ꧀ꦥꦶꦭ꧀ꦲꦁꦒꦺꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦥꦸꦱ꧀ꦱꦤ꧀꧉​ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦥꦫꦩꦲꦺꦴꦱ꧀ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦲꦱꦿꦶꦁꦩꦲꦺꦴꦱ꧀ꦲꦶꦁꦱꦼꦫꦠ꧀ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦏꦧꦂ꧈​ꦲꦸꦠꦮꦶꦩꦶꦉꦁꦥꦮꦂꦠꦺꦴꦱ꧀꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁꦲꦩ꧀ꦧꦭꦸꦧꦸꦏ꧀ꦏꦏꦼꦤ꧀ꦲꦂꦠꦏꦼꦂꦠꦱ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦭꦸꦒꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦥꦗꦼꦁꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦠꦤꦃꦆꦤ꧀ꦝꦶꦪꦔꦿꦶꦏꦶ꧉​ꦩꦭꦃꦢꦺꦫꦺꦁꦢꦔꦸꦥꦸꦤꦶꦏꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦧꦂꦫꦩꦺꦲꦶꦁꦏꦁꦚꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦱꦏꦼꦤ꧀꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃꦏꦛꦃꦠꦶꦪꦁꦏꦥꦸꦱ꧀ꦱꦤ꧀ꦩꦮꦶꦲꦂꦠꦏꦼꦂꦠꦱ꧀ f 50,- ꦩꦼꦁꦒꦃꦩꦸꦭꦧꦸꦏꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦏꦠꦼꦤ꧀꧇​ꦏꦭꦥꦸꦤꦶꦏꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁꦲꦩ꧀ꦧꦼꦏ꧀ꦠꦥꦏꦧꦂꦫꦤ꧀꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃꦲꦂꦠꦏꦼꦂꦠꦱ꧀ꦚꦺꦏꦼꦠ꧀ꦫꦸꦥꦶꦪꦃꦥꦸꦤꦶꦏꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦥꦗꦼꦁꦩꦭꦶꦃ꧈​ꦲꦺꦮꦱꦩꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁꦮꦲꦸꦱꦒꦃꦲꦤꦸꦭꦸꦁꦝꦠꦼꦁꦠꦶꦪꦁꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦠꦏ꧀ꦱꦶꦃꦒꦝꦃꦲꦂꦠ

Arta Kêrtas Enggal

besut

[Grafik]

Arta kêrtas enggal ingkang rêgi f 5.-

[Grafik]

Arta kêrtas enggal ingkang rêgi f 10.-

[Grafik]

Arta kêrtas enggal ingkang rêgi f 25.-

Ing sisih punika gambar arta kêrtas enggal warni tiga, rêgi f 5.-, f 10.-, tuwin f 25.-. Ing ngriki Kajawèn prêlu angêwrat gambaripun arta kêrtas enggal punika, supados tiyang kathah sagêd sumêrêp sayêktos mênggah warni saha rêgining arta kêrtas wau. Amargi sakathahing tiyang botên sadaya sagêd maos, amila manawi kirang pangatos-atosipun, sok lajêng gampil anggènipun kapusan. Kados para maos inggih asring maos ing sêrat-sêrat kabar, utawi mirêng pawartos, bilih wontên tiyang ambalubukakên arta kêrtas ingkang lugunipun botên pajêng wontên ing tanah Indhiya ngriki. Malah dèrèng dangu punika wontên kabar rame ingkang nyariyosakên, bilih kathah tiyang kapusan mawi arta kêrtas f 50.- mênggah mula-bukanipun makatên: kala punika wontên tiyang ambêkta pakabaran, bilih arta kêrtas nyèkêt rupiyah punika sampun botên pajêng malih, ewasamantên tiyang wau sagah anulung dhatêng tiyang-tiyang ingkang taksih gadhah arta kêrtas nyèkêt rupiyah wau, inggih punika nglintoni artanipun wau, kanthi kacêngklong sawatawis, ing wusana arta kêrtas f 50.- lajêng katukar mawi arta f 30.- utawi f 35.-. Dene têtiyang ingkang dipun apusi wau botên rumaos manawi kapusan, malah angalêmbana dhatêng tiyang ingkang kakabarakên rêmên têtulung wau. Tujunipun prakawis punika lajêng enggal kasumêrêpan ing pulisi, upami botêna, tamtunipun langkung kathah malih têtiyang ingkang kenging kaapusan, ing măngka sajatosipun arta kêrtas wau taksih pajêng, upami dipun lintokakên ing kantor-kantor gupêrmèn, tamtunipun inggih sagêd angsal lintu arta sarêginipun, inggih punika f 50.-.

Amila benjing malih manawi wontên pawartos ingkang sagêd adamêl rugining badan kados ing nginggil punika, mugi anêrangna rumiyin dhatêng lurah, kapalaning dhistrik utawi ondhêr dhistrik ingkang kinintên sumêrêp lêrês utawi botênipun pawartos ingkang sinêbar wau.

Kajawi arta kêrtas ingkang gambaripun kaêwrat ing nginggil punika, watawis dintên malih ugi badhe kawêdalakên arta-arta kêrtas enggal malih ingkang rêgi f 20.-, f 30.- saha f 40.-.

[ 423 ]ꦏꦼꦂꦠꦱ꧀ꦚꦺꦏꦼꦠ꧀ꦫꦸꦥꦶꦪꦃꦮꦲꦸ꧈​ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦥꦸꦤꦶꦏꦔ꧀ꦭꦶꦤ꧀ꦠꦺꦴꦤꦶꦲꦂꦠꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦲꦸ꧈​ꦏꦤ꧀ꦛꦶꦏꦕꦼꦁꦏ꧀ꦭꦺꦴꦁꦱꦮꦠꦮꦶꦱ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦮꦸꦱꦤꦲꦂꦠꦏꦼꦂꦠꦱ꧀ f 50,-꧉​​ꦭꦗꦼꦁꦏꦠꦸꦏꦂꦩꦮꦶꦲꦂꦠ f 30,-꧉​​ꦲꦸꦠꦮꦶ f 35,-​​꧉​ꦢꦺꦤꦺꦠꦼꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦥꦸꦱ꧀ꦱꦶꦮꦲꦸꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦫꦸꦩꦲꦺꦴꦱ꧀ꦩꦤꦮꦶꦏꦥꦸꦱ꧀ꦱꦤ꧀꧈​ꦩꦭꦃꦲꦔꦊꦩ꧀ꦧꦤꦝꦠꦼꦁꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦏꦧꦂꦫꦏꦼꦤ꧀ꦉꦩꦼꦤ꧀ꦠꦼꦠꦸꦭꦸꦁꦮꦲꦸ꧉​ꦠꦸꦗꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦿꦏꦮꦶꦱ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦭꦗꦼꦁꦲꦺꦁꦒꦭ꧀ꦏꦱꦸꦩꦼꦉꦥ꧀ꦥꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦸꦭꦶꦱꦶ꧈​ꦲꦸꦥꦩꦶꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦤ꧈​ꦠꦩ꧀ꦠꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦭꦁꦏꦸꦁꦏꦛꦃꦩꦭꦶꦃꦠꦼꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦺꦁꦔꦶꦁꦏꦲꦥꦸꦱ꧀ꦱꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦩꦁꦏꦱꦗꦠꦺꦴꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦂꦠꦏꦼꦂꦠꦱ꧀ꦮꦲꦸꦠꦏ꧀ꦱꦶꦃꦥꦗꦼꦁ꧈​ꦲꦸꦥꦩꦶꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦭꦶꦤ꧀ꦠꦺꦴꦏ꧀ꦏꦏꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦤ꧀ꦠꦺꦴꦂꦏꦤ꧀ꦠꦺꦴꦂꦒꦸꦥꦼꦂꦩꦺꦤ꧀꧈​ꦠꦩ꧀ꦠꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦱꦒꦼꦢ꧀ꦲꦁꦱꦭ꧀ꦭꦶꦤ꧀ꦠꦸꦲꦂꦠꦱꦉꦒꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦥꦸꦤꦶꦏ f 50,-꧉​​

꧋ꦲꦩꦶꦭꦧꦺꦚ꧀ꦗꦶꦁꦩꦭꦶꦃꦩꦤꦮꦶꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦥꦮꦂꦠꦺꦴꦱ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦒꦼꦢ꧀ꦲꦢꦩꦼꦭ꧀ꦫꦸꦒꦶꦤꦶꦁꦧꦢꦤ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦲꦶꦁꦔꦶꦁꦒꦶꦭ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏ꧈​ꦩꦸꦒꦶꦲꦤꦼꦫꦁꦤꦫꦸꦩꦶꦪꦶꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦭꦸꦫꦃ꧈​ꦏꦥꦭꦤꦶꦁꦝꦶꦱ꧀ꦠꦿꦶꦏ꧀ꦲꦸꦠꦮꦶꦲꦺꦴꦤ꧀ꦝꦼꦂꦝꦶꦱ꧀ꦠꦿꦶꦏ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦶꦤꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦸꦩꦼꦉꦥ꧀ꦊꦉꦱ꧀ꦲꦸꦠꦮꦶꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦮꦂꦠꦺꦴꦱ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦶꦤꦼꦧꦂꦮꦲꦸ꧉​

꧋ꦏꦗꦮꦶꦲꦂꦠꦏꦼꦂꦠꦱ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦒꦩ꧀ꦧꦂꦫꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦲꦼꦮꦿꦠ꧀ꦲꦶꦁꦔꦶꦁꦒꦶꦭ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏ꧈​ꦮꦠꦮꦶꦱ꧀ꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦩꦭꦶꦃꦲꦸꦒꦶꦧꦝꦺꦏꦮꦼꦢꦭ꧀ꦭꦏꦼꦤ꧀ꦲꦂꦠꦲꦂꦠꦏꦼꦂꦠꦱ꧀ꦲꦺꦁꦒꦭ꧀ꦩꦭꦶꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦉꦒꦶ f 2o,-​꧈​ f 30,- ꦱꦲ f 40,-꧉​

꧋ꦠꦶꦪꦁꦭꦭꦤꦩꦢꦺꦴꦱ꧀ꦱꦶꦠꦼꦊꦁꦔꦶꦁꦥꦁꦒꦪꦸꦃ꧈​꧈​

꧄ ꦢꦸꦏ꧀ꦲꦶꦁꦢꦔꦸꦏꦮꦂꦤꦲꦶꦁꦠꦸꦭꦶꦱ꧀꧈​ ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦮꦼꦤꦺꦃꦲꦶꦁꦗꦤ꧀ꦩꦭꦭꦤ꧈​ꦏꦺꦴꦁꦱꦶꦱꦶꦂꦤꦩꦼꦩꦤꦶꦱ꧀ꦱꦺ꧈​ꦭꦩ꧀ꦥꦃꦲꦶꦫꦔꦼꦭꦔꦸꦠ꧀꧈​ꦭꦶꦂꦏꦺꦴꦚ꧀ꦕꦠꦤ꧀ꦫꦱꦺꦁꦥꦩ꧀ꦧꦸꦢꦶ꧈​ꦲꦁꦒꦏꦫꦱꦊꦱꦃ꧈​ꦭꦸꦩ꧀ꦥꦸꦃꦠꦤ꧀ꦥꦧꦪꦸ꧈​ꦭꦧꦼꦠ꧀ꦭꦏꦸꦤꦺꦱꦸꦩꦼꦁꦏ꧈​ꦔꦩ꧀ꦧꦃꦲꦤꦺꦁꦱꦼꦱꦼꦁꦏꦤ꧀ꦥꦺꦫꦺꦔꦶꦁꦮꦸꦏꦶꦂ꧈​ꦪꦪꦃꦠꦤ꧀ꦥꦮꦱꦤ꧈​꧈​ ꧄ ꦥꦸꦤꦁꦲꦂꦒꦏꦠꦺꦴꦤ꧀ꦲꦶꦁꦒꦶꦭ꧀ꦩꦼꦚ꧀ꦕꦶꦠ꧀꧈​ꦩꦸꦁꦕꦠ꧀ꦕꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦥꦸꦕꦏ꧀ꦏꦺꦱꦸꦩꦩꦂ꧈​ꦧꦼꦧ꧀ꦭꦼꦱ꧀ꦭꦶꦂꦕꦏꦼꦠ꧀ꦱꦽꦔꦺꦔꦺ꧈​ꦥꦼꦠꦼꦁꦠꦶꦤꦸꦠꦸꦥ꧀ꦥꦼꦝꦸꦠ꧀꧈​ꦥꦫꦤ꧀ꦢꦺꦤꦺꦠꦤ꧀ꦫꦱꦩꦶꦫꦶꦱ꧀꧈​ꦠꦤ꧀ꦥꦶꦱꦤ꧀ꦔꦸꦤ꧀ꦢꦸꦂꦫꦤ꧈​ꦠꦼꦠꦼꦥ꧀ꦧꦏꦸꦃꦏꦸꦏꦸꦃ꧈​ꦤꦼꦢꦾꦩꦔꦿꦁꦱꦁꦲꦭ꧀ꦢꦏ꧈​ꦏꦁꦲꦶꦁꦥꦸꦕꦏ꧀ꦏꦮꦸꦂꦪꦤ꧀ꦩꦼꦱ꧀ꦗꦶꦢ꧀ꦒꦼꦁꦩꦽꦒꦶꦭ꧀꧈​ꦱꦸꦩꦺꦴꦫꦺꦴꦠ꧀ꦮꦺꦃꦥꦶꦉꦤ꧈​꧈꧄ ꦥꦤ꧀ꦏꦮꦼꦝꦂꦥꦿꦱꦼꦠꦾꦤꦶꦁꦲꦠꦶ꧇​꧈​ꦤꦺꦴꦫꦥꦶꦱꦤ꧀ꦭꦩꦸꦤ꧀ꦔꦸꦤ꧀ꦢꦸꦂꦫꦤ꧈​ꦩꦫꦶꦁꦏꦼꦚ꧀ꦕꦼꦁꦔꦶꦁꦕꦶꦥ꧀ꦠꦤꦺ꧈​ꦏꦭꦩꦸꦤ꧀ꦩꦏ꧀ꦱꦶꦃꦲꦶꦝꦸꦥ꧀꧈​ꦲꦥꦤ꧀ꦤꦼꦢꦾꦠꦼꦠꦼꦥ꧀ꦔꦤ꧀ꦠꦼꦥ꧀ꦥꦶ꧈​ꦱꦸꦩꦼꦁꦏꦥꦿꦥ꧀ꦠꦺꦁꦥꦸꦕꦏ꧀꧈​ꦲꦪ꧀ꦮꦠꦁꦒꦸꦁꦠꦁꦒꦸꦁ꧈​ꦩꦁꦏꦤꦱꦺꦴꦠꦤꦶꦁꦢꦿꦶꦪ꧈​ꦠꦤ꧀ꦲꦸꦩꦺꦔꦼꦠ꧀ꦫꦱꦉꦏꦱꦤꦶꦁꦝꦶꦫꦶ꧈​ꦩꦸꦁꦠꦼꦠꦼꦥ꧀ꦩꦤ꧀ꦠꦼꦥ꧀ꦲꦶꦁꦠꦾꦱ꧀꧈꧈​ ꧄ ꦲꦥꦤ꧀ꦏꦫꦤ꧀ꦲꦫꦤ꧀ꦤꦶꦫꦺꦁꦮꦸꦏꦶꦂ꧈​ꦥꦤ꧀ꦠꦼꦱ꧀ꦤꦩꦥꦉꦢꦺꦤ꧀ꦥꦔꦗꦥ꧀꧈​ꦢꦺꦤꦶꦁꦩꦺꦠ꧀ꦱꦏꦶꦁꦤꦩꦤꦺ꧈​ꦠꦼꦩꦃꦩꦮꦺꦃꦏꦪꦸꦔꦾꦸꦤ꧀꧈​ꦱꦔ꧀ꦒꦾꦤꦶꦫꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦶꦪꦂꦱꦶ꧈​ꦥꦏ꧀ꦱꦏꦸꦩꦸꦢꦸꦔꦩ꧀ꦧꦃ꧈​ꦥꦔꦗꦥ꧀ꦥꦶꦁꦏꦭ꧀ꦧꦸ꧈​ꦩꦂꦩꦏꦁꦲꦤ꧀ꦢꦺꦴꦤ꧀ꦭꦭꦤ꧈​ꦱꦿꦸꦤꦶꦁꦕꦶꦥ꧀ꦠꦏꦸꦩꦸꦢꦸꦏꦸꦏꦸꦃꦔꦤ꧀ꦠꦼꦥ꧀ꦥꦶ꧈​ꦠꦤ꧀ꦱꦸꦫꦸꦠ꧀ꦢꦽꦁꦔꦶꦁꦱꦼꦢꦾ꧈​꧈​ ꧅ ꦢꦾꦤ꧀ꦩꦁꦏꦤꦥꦔ꧀ꦭꦺꦴꦕꦶꦠꦺꦁꦲꦠꦶ꧇​꧈​ꦤꦢꦾꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦤꦼꦩꦃꦲꦶꦱꦁꦱꦫ꧈​ꦭꦤ꧀ꦠꦤ꧀ꦠꦸꦩꦼꦏꦺꦁꦥꦸꦕꦏ꧀ꦏꦺ꧈​ꦤꦔꦶꦁꦲꦫꦤ꧀ꦮꦸꦱ꧀ꦮꦼꦫꦸꦃ꧈​ꦭꦤ꧀ꦠꦸꦩꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦠꦼꦠꦼꦥ꧀ꦔꦶꦢꦏ꧀ꦏꦶ꧈​ꦥꦔꦗꦥ꧀ꦢꦼꦉꦁꦔꦶꦁꦠꦾꦱ꧀꧈​ꦢꦺꦤꦺꦏꦗꦼꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦮꦼꦝꦫꦶꦁꦲꦸꦕꦥ꧀ꦩꦁꦏꦤ꧈​ꦩꦸꦁꦩꦶꦤꦁꦏꦥꦔ꧀ꦭꦶꦥꦸꦂꦉꦤ꧀ꦠꦼꦁꦔꦶꦁꦥꦶꦏꦶꦂ꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦏꦱꦺꦴꦏ꧀ꦏꦱꦪꦃꦲꦤ꧀꧈​ ꧄ ꦩꦸꦁꦗꦠꦶꦤꦺꦲꦶꦁꦱꦭꦩꦶꦭꦩꦶ꧈​ꦠꦤ꧀ꦥꦏꦼꦩ꧀ꦧꦩꦾꦠ꧀ꦔꦼꦤ꧀ꦝꦺꦴꦤ꧀ꦤꦶꦱꦼꦢꦾ꧈​ꦏꦁꦩꦿꦶꦃꦩꦼꦩꦸꦫꦸꦁꦭꦏꦸꦤꦺ꧈​ꦩꦂꦩꦲꦪꦼꦩ꧀ꦩꦶꦁꦏꦭ꧀ꦧꦸ꧈​ꦩꦁꦒꦸꦁꦠꦼꦠꦼꦥ꧀ꦫꦱꦱꦸꦩꦤ꧀ꦝꦶꦁ꧈​꧈​ [ 424 ]ꦱꦩꦤꦏꦕꦫꦶꦠ꧈​ꦭꦩ꧀ꦥꦃꦲꦺꦮꦸꦱ꧀ꦠꦸꦠꦸꦒ꧀꧈​ꦲꦤꦺꦁꦥꦸꦕꦏ꧀ꦏꦶꦁꦲꦭ꧀ꦢꦏ꧈​ꦏꦁꦲꦸꦩꦺꦱ꧀ꦱꦶꦩꦱ꧀ꦗꦶꦢ꧀ꦒꦼꦁꦫꦫꦱꦺꦲꦱꦿꦶ꧈​ꦤꦸꦭꦾꦝꦺꦲꦺꦩ꧀ꦚꦧꦮ꧈​꧈​​ ꧄ ꦠꦤ꧀ꦲꦤ꧀ꦠꦫꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦏꦶꦏꦏꦶ꧈​ꦲꦗꦼꦗꦺꦁꦒꦺꦴꦠ꧀ꦥꦼꦛꦏ꧀ꦭꦶꦂꦱꦭꦏ꧈​ꦒꦸꦩꦼꦫꦺꦴꦠ꧀ꦧꦸꦏꦏꦺꦴꦫꦶꦤꦺ꧈​ꦮꦲꦸꦠꦏꦏꦶꦱꦼꦥꦸꦃ꧈​ꦢꦸꦥꦶꦲꦸꦤꦶꦁꦩꦫꦁꦏꦁꦥꦿꦥ꧀ꦠꦶ꧈​ꦏꦠꦮꦶꦱ꧀ꦱꦼꦩꦸꦤꦶꦫ꧈​ꦠꦸꦁꦠꦸꦁꦠꦸꦁꦠꦸꦁꦒꦸꦪꦸ꧈​ꦤꦔꦶꦁꦲꦫꦫꦱ꧀ꦢꦸꦃꦏꦶꦠ꧈​ꦤꦸꦭꦾꦔꦸꦕꦥ꧀ꦲꦱꦫꦺꦃꦱ꧀ꦮꦫꦚꦫꦶꦫꦶꦃ꧈​ꦢꦸꦩꦼꦭ꧀ꦭꦶꦁꦏꦥꦶꦪꦂꦱ꧈​꧈​ ꧄ ꦢꦲꦠ꧀ꦩꦮꦺꦃꦏꦫꦱꦤ꧀ꦤꦶꦁꦲꦠꦶ꧈​ꦲꦤꦧꦲꦺꦲꦶꦁꦏꦁꦤꦼꦢꦾꦠꦼꦏ꧈​ꦏꦁꦠꦤ꧀ꦲꦤꦥꦏꦤ꧀ꦠꦸꦏ꧀ꦏꦺ꧈​ꦲꦥꦏꦉꦥ꧀ꦥꦺꦲꦶꦏꦸ꧈​ꦢꦸꦏ꧀ꦱꦩꦤꦏꦁꦏꦮ꧀ꦭꦯꦱꦶꦃ꧈​ꦥꦩꦶꦉꦁꦔꦺꦠꦼꦠꦺꦭ꧈​ꦥꦔꦸꦕꦥ꧀ꦥꦺꦲꦶꦏꦸ꧈​ꦤꦸꦭꦾꦲꦤꦮꦸꦁꦥꦠꦚꦤ꧀꧇​꧈​ꦲꦩꦶꦛꦩꦶꦠ꧀ꦲꦶꦁꦱꦶꦃꦮꦶꦭꦱꦤ꧀ꦠꦏꦏꦶ꧈​ꦢꦶꦊꦒꦮꦱꦗꦂꦮ꧈​꧈​ ꧄ ꦮꦿꦸꦲꦤ꧀ꦤꦶꦫꦲꦸꦭꦸꦤ꧀ꦮꦸꦱ꧀ꦤꦼꦏꦤꦶ꧈​ꦥꦿꦥ꧀ꦠꦲꦤꦺꦁꦠꦼꦊꦁꦏꦱꦸꦚꦠꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦥꦽꦤꦃꦢꦸꦤꦸꦁꦢꦸꦤꦸꦔꦺ꧈​ꦩꦢꦾꦤ꧀ꦤꦶꦁꦩꦱ꧀ꦗꦶꦢ꧀ꦲꦒꦸꦁ꧈​ꦤꦔꦶꦁꦔꦿꦲꦺꦴꦱ꧀ꦲꦮꦿꦠ꧀ꦏꦥꦠꦶ꧈​ꦱꦸꦩꦼꦁꦏꦩꦶꦁꦒꦃꦲꦂꦒ꧈​ꦭꦶꦤꦏꦾꦤ꧀ꦮꦸꦱ꧀ꦢꦔꦸ꧈​ꦱꦢꦪꦪꦼꦏ꧀ꦠꦶꦏꦝꦝ꧈​ꦔꦿꦸꦩꦱꦤ꧀ꦤꦶꦢꦲꦠ꧀ꦉꦏꦱꦏꦥꦠꦶ꧈​ꦩꦶꦁꦒꦃꦉꦢꦶꦥꦔꦗꦥ꧀꧈​꧈​ ꧄ ꦏꦏꦶꦮꦽꦝꦲꦤꦸꦭꦾꦩꦽꦥꦼꦏ꧀ꦏꦶ꧈​ꦚꦤ꧀ꦝꦏ꧀ꦲꦱ꧀ꦠꦫꦶꦫꦶꦃꦩꦶꦮꦃꦔꦸꦕꦥ꧀꧈​ꦝꦸꦃꦲꦁꦒꦺꦂꦩꦼꦁꦒꦃꦚꦠꦤꦺ꧈​ꦥꦾꦂꦱꦏ꧀ꦤꦏꦸꦭꦠꦸꦠꦸꦂ꧈​ꦪꦼꦏ꧀ꦠꦶꦲꦁꦒꦺꦂꦏꦼꦭꦶꦫꦸꦠꦩ꧀ꦥꦶ꧈​ꦔꦼꦔꦶꦫꦲꦶꦁꦏꦁꦤꦺꦴꦫ꧈​ꦱꦶꦤꦼꦁꦒꦸꦃꦱꦠꦸꦲꦸ꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦔꦿꦶꦏꦶꦒꦼꦝꦺꦴꦁꦏꦚꦠꦤ꧀꧈​ꦏꦁꦲꦸꦩꦺꦱ꧀ꦱꦶꦱꦗꦠꦶꦗꦠꦶꦤꦶꦁꦔꦺꦭ꧀ꦩꦶ꧈​ꦲꦶꦏꦸꦱꦺꦮꦸꦲꦭꦁꦏ꧈​꧈​ ꧄ ꦭꦤ꧀ꦮꦿꦸꦲꦤ꧀ꦠꦲꦫꦤ꧀ꦤꦶꦁꦏꦁꦮꦸꦏꦶꦂ꧈​ꦏꦁꦮꦸꦱ꧀ꦏꦥꦿꦃꦲꦫꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦔꦗꦧ꧀꧈​ꦥꦤ꧀ꦲꦶꦏꦸꦢꦸꦢꦸꦲꦫꦤꦺ꧈​ꦢꦺꦤꦺꦔꦺꦭ꧀ꦩꦸꦲꦶꦁꦏꦁꦠꦸꦱ꧀꧈​ꦢꦠꦤ꧀ꦲꦤꦺꦁꦱꦗꦿꦺꦴꦤꦶꦁꦩꦱ꧀ꦗꦶꦢ꧀꧈​ꦤꦼꦁꦒꦶꦃꦏꦚꦠꦤ꧀ꦤꦶꦫ꧈​ꦤꦺꦁꦥꦥꦤ꧀ꦔꦱꦩꦸꦤ꧀꧈​ꦏꦁꦮꦿꦢꦶꦤ꧀ꦠꦤ꧀ꦥꦥꦤ꧀ꦠꦫ꧈​ꦲꦶꦁꦠꦼꦊꦁꦔꦶꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴꦢꦸꦤꦸꦁꦔꦶꦁꦱꦗꦠꦶ꧈​ꦱꦪꦺꦴꦒꦾꦲꦸꦭꦠ꧀ꦠꦤ꧈​꧈​ ꧄ ꦲꦝꦸꦃꦲꦁꦒꦺꦂꦠꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦏꦶꦫꦪꦼꦏ꧀ꦠꦶ꧈​ꦮꦸꦱ꧀ꦏꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦲꦫꦤꦺꦏꦱꦱꦂ꧈​ꦲꦺꦩꦤ꧀ꦠꦼꦩꦼꦤ꧀ꦊꦭꦏꦺꦴꦤ꧀ꦤꦺ꧈​ꦱꦏꦭꦠꦶꦝꦼꦩ꧀ꦠꦼꦝꦸꦃ꧈​ꦩꦸꦏꦤ꧀ꦤꦶꦫꦏꦁꦤꦼꦩ꧀ꦧꦺꦥꦿꦥ꧀ꦠꦶ꧈​ꦉꦩꦏ꧀ꦲꦶꦁꦠꦾꦱ꧀ꦱꦏꦭ꧈​ꦏꦁꦲꦁꦒꦔꦭꦸꦩ꧀ꦥꦿꦸꦏ꧀꧈​ꦏꦺꦴꦚ꧀ꦕꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦧꦪꦸꦠꦤ꧀ꦢꦪ꧈​ꦠꦼꦩꦃꦫꦺꦫꦺꦃꦭꦺꦪꦁꦔꦤ꧀ꦠꦼꦏꦼꦤ꧀ꦚꦒꦏ꧀ꦏꦶ꧈​ꦱꦶꦂꦤꦫꦲꦺꦴꦱꦶꦁꦢꦿꦶꦪ꧈​꧈​ ꧅ ꦥꦼꦒꦠ꧀ꦥꦼꦒꦠ꧀ꦲꦸꦕꦥ꧀ꦥꦶꦫꦫꦶꦫꦶꦃ꧈​ꦝꦸꦃꦱꦁꦮꦽꦝꦥꦸꦤꦥꦏꦭꦶꦭꦤ꧀꧈​ꦏꦸꦭꦔꦱꦺꦴꦲꦤꦺꦁꦏꦺꦤꦺ꧈​ꦏꦶꦱꦼꦥꦸꦃꦔꦸꦕꦥ꧀ꦲꦱꦿꦸ꧇​꧈​ꦥꦺꦴꦩꦥꦺꦴꦩꦲꦁꦒꦺꦂꦠꦤ꧀ꦏꦺꦔꦶꦁ꧈​ꦱꦶꦫꦪꦺꦤ꧀ꦏꦺꦴꦁꦱꦶꦫꦂꦪꦤ꧀꧈​ꦤꦢꦾꦤ꧀ꦩꦸꦁꦱꦥꦔꦸ꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦔꦠꦼꦤ꧀ꦏꦗꦠꦺꦤ꧀ꦤꦤ꧈​ꦭꦃꦥꦸꦤꦥꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦩꦂꦒꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦭꦶꦃ꧈​ꦏꦁꦥꦿꦥ꧀ꦠꦺꦁꦒꦺꦴꦤ꧀ꦭꦾꦤꦶꦫ꧈​꧈​ ꧄ ꦏꦏꦶꦱꦼꦥꦸꦃꦒꦺꦝꦺꦒ꧀ꦔꦸꦕꦥ꧀ꦫꦶꦫꦶꦃ꧇​꧈​ꦢꦠꦤ꧀ꦲꦤꦭꦶꦪꦤꦺꦥꦸꦤꦶꦏ꧈​ꦝꦸꦃꦏꦏꦶꦤꦸꦮꦸꦤ꧀ꦮꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦱꦺ꧈​ꦥꦫꦤ꧀ꦲꦫꦤꦶꦁꦒꦸꦤꦸꦁ꧈​ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦸꦭꦝꦠꦼꦁꦔꦶ꧈​ꦮꦿꦸꦲꦤꦶꦫꦮꦺꦴꦁꦩꦸꦝ꧈​ꦲꦶꦁꦱꦗꦠꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦥꦤ꧀ꦢꦠꦤ꧀ꦢꦂꦧꦺꦲꦫꦤ꧀꧈​ꦮꦺꦴꦁꦤꦺꦴꦤꦺꦴꦩꦤ꧀ꦩꦼꦏ꧀ꦱꦔꦁꦱꦼꦒ꧀ꦠꦚꦠꦶꦠꦶꦃ꧈​ꦢꦺꦤꦶꦫꦩꦿꦶꦃꦗꦶꦤꦂꦮꦤ꧀꧈​꧈​ ꧄ ꦝꦸꦃꦱꦁꦲꦩ꧀ꦧꦼꦒ꧀ꦊꦒꦮꦲꦶꦁꦧꦸꦢꦶ꧈​ꦭꦃꦏꦁꦪꦼꦏ꧀ꦠꦶꦲꦫꦤꦺꦥꦸꦤꦥ꧈​ꦤꦼꦁꦒꦶꦃꦩꦱ꧀ꦗꦶꦢ꧀ꦲꦒꦸꦁꦏꦶꦪꦺ꧈​ꦏꦶꦱꦼꦥꦸꦃꦲꦭꦺꦴꦤ꧀ꦩꦸꦮꦸꦱ꧀꧇​꧈​ꦲꦶꦁꦱꦠꦸꦲꦸꦠꦤ꧀ꦢꦂꦧꦺꦤꦩꦶ꧈​ꦮꦺꦴꦁꦲꦤꦺꦴꦩ꧀ꦩꦼꦁꦒꦏ꧀ꦲꦸꦱ꧀ꦮ꧈​ꦥꦼꦒꦠ꧀ꦥꦼꦒꦠ꧀ꦩꦸꦮꦸꦱ꧀꧈​ꦏꦭꦩꦸꦤ꧀ꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦪꦺꦴꦒꦾ꧈​ꦩꦿꦶꦃꦥꦼꦥꦺꦔꦼꦠ꧀ꦤꦼꦁꦒꦶꦃꦲꦫꦤꦶꦫꦺꦁꦮꦸꦏꦶꦂ꧈​ꦏꦫꦤꦮꦸꦏꦶꦂꦧꦿꦱ꧀ꦛ꧈​꧈​

꧋(ꦧꦝꦺꦏꦱꦩ꧀ꦧꦺꦠ꧀ꦠꦤ꧀)

Tiyang Lêlana Madosi Têlênging Panggayuh

besut

[Dhandhanggula]

[Dhandhanggula]

duk ing dangu kawarna ing tulis / wontên wênèhing janma lêlana / kongsi sirna mêmanise / lampahira ngêlangut / lir koncatan rasèng pambudi / angga karasa lêsah / lumpuh tanpa bayu / labêt lakune sumêngka / ngambah anèng sêsêngkan pèrènging wukir / yayah tanpa wasana //

punang arga katon inggil mêncit / mung cat-catan pucake sumamar / bêblês lir cakêt srêngenge / pêtêng tinutup pêdhut / parandene tan rasa miris / tan pisan ngundurana / têtêp bakuh kukuh / nêdya mangrangsang aldaka / kang ing pucak kawuryan mêsjid gêng mrêgil / sumorot wèh pirêna //

pan kawêdhar prasêtyaning ati: / nora pisan lamun ngundurana / maring kêncênging ciptane / kalamun maksih idhup / apan nêdya têtêp ngantêpi / sumêngka praptèng pucak / aywa tanggung-tanggung / mangkana sotaning driya / tan umèngêt rasa rêkasaning dhiri / mung têtêp mantêp ing tyas//

apan karan aranirèng wukir / pantês nama parêdèn pangajap / dening mèt saking namane / têmah mawèh kayungyun / sanggyanira ingkang miyarsi / paksa kumudu ngambah / pangajaping kalbu / marma kang andon lêlana / sruning cipta kumudu kukuh ngantêpi / tan surut drênging sêdya//

dyan mangkana panglocitèng ati: / nadyan ingsun nêmahi sangsara / lan tan tumêkèng pucake / nanging aran wus wêruh / lan tumindak têtêp ngidaki / pangajap dêrênging tyas / dene kajêngipun / wêdharing ucap mangkana / mung minăngka panglipur rêntênging pikir / yèn kasok kasayahan //

mung jatine ing salami-lami / tanpa kêmba myat ngêndhoni sêdya / kang mrih mêmurung lakune / marma ayêming kalbu / manggung têtêp rasa sumandhing / samana kacarita / lampahe wus tutug / anèng pucaking aldaka / kang umèsi masjid gêng rarase asri / nulya dhèhèm nyabawa //

tan antara wontên kaki-kaki / ajêjenggot pêthak lir salaka / gumêrot buka korine / wau ta kaki sêpuh / dupi uning marang kang prapti / katawis sêmunira / tungtung-tungtung guyu / nanging araras duhkita / nulya ngucap asarèh swaranya ririh / dumêling kapiyarsa//

dahat mawèh karasaning ati / ana bae ingkang nêdya têka / kang tan ana pakantuke / apa karêpe iku / duk samana kang kawlasasih / pamirênge têtela / pangucape iku / nulya anawung patanyan: / amit-amit ing sih wilasanta kaki / dilêgawa sajarwa//

wruhanira ulun wus nêkani / prapta anèng têlêng kasunyatan / ing prênah dunung-dununge / madyaning masjid agung / nanging ngraos awrat kapati / sumêngka minggah arga / linakyan wus dangu / sadaya yêkti kadhadha / ngrumasani dahat rêkasa kapati / minggah rêdi pangajap //

kaki wrêdha anulya mrêpêki / nyandhak asta ririh miwah ngucap / dhuh anggèr mênggah nyatane / pyarsakna kula tutur / yêkti anggèr kêliru tampi / ngêngira ingkang nora / sinêngguh satuhu / yèn ngriki gêdhong kanyatan / kang umèsi sajati-jatining ngèlmi / iku sèwu alăngka //

lan wruhanta araning kang wukir / kang wus kaprah aran ing pangajab / pan iku dudu arane / dene ngèlmu ingkang tus / datan anèng sajroning masjid / nênggih kanyatanira / nèng papan ngasamun / kang wradin tanpa pantara / ing têlênging kono dununging sajati / sayogya ulatana //

adhuh anggèr tindakira yêkti / wus kabanjur arane kasasar / eman têmên lêlakone / sakala tidhêm têdhuh / mukanira kang nêmbe prapti / rêmak ing tyas sakala / kang angga ngalumpruk / koncatan bayu tan daya / têmah rèrèh leyangan têkên nyagaki / sirna raosing driya //

pêgat-pêgat ucapira ririh / dhuh sang wrêdha punapa kalilan / kula ngaso anèng kene / ki sêpuh ngucap asru: / poma-poma anggèr tan kenging / sira yèn kongsi raryan / nadyan mung sapangu / yèn ngatên kajatènana / lah punapa wontên marginipun malih / kang praptèng gon lyanira //

kaki sêpuh gèdhèg ngucap ririh: / datan ana liyane punika / dhuh kaki nuwun wiyose / paran araning gunung / inggih ingkang kula dhatêngi / wruhanira wong mudha / ing sajatinipun / apan datan darbe aran / wong nonoman mêksa ngangsêg tanya titih / dènira mrih jinarwan //

dhuh sang ambêg lêgawa ing budi / lah kang yêkti arane punapa / nênggih masjid agung kiye / ki sêpuh alon muwus: / ing satuhu tan darbe nami / wong anom mênggak uswa / pêgat-pêgat muwus / kalamun makatên yogya / mrih pêpèngêt nênggih aranirèng wukir / karana wukir brastha //

(Badhe kasambêtan)

[ 425 ]

꧋ꦭꦭꦩ꧀ꦥꦃꦲꦤ꧀ꦫꦶꦁꦒꦶꦠ꧀ꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦨꦭꦶ꧈​꧈​

꧋ꦱꦮꦼꦤꦺꦃꦲꦶꦁꦧꦁꦱꦲꦶꦁꦠꦤꦃꦮꦺꦠꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩꦶꦲꦁꦒꦝꦃꦲꦶꦠꦼꦠꦶꦔꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦫꦶꦁꦒꦶꦠ꧀ꦠꦶꦪꦁꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦠ꧇​ꦧꦁꦱꦡꦶꦪꦺꦴꦁꦲ꧀ꦮ꧈​ꦧꦁꦱꦯꦶꦪꦼꦩ꧀꧈​ꦗꦮꦶ꧈​ꦨꦭꦶ꧈​ꦭꦤ꧀ꦱꦱꦩꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧉​ꦩꦼꦁꦒꦃꦭꦭꦩ꧀ꦥꦃꦲꦤ꧀ꦭꦭꦩ꧀ꦥꦃꦲꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦲꦁꦒꦺꦲꦶꦁꦫꦶꦁꦒꦶꦠ꧀ꦠꦶꦪꦁꦮꦲꦸ꧈​ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦩꦶꦠꦸꦫꦸꦠ꧀ꦏꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀ꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀꧈​ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦠꦫꦶꦁꦒꦶꦠ꧀ꦠꦶꦪꦁꦧꦁꦱꦡꦶꦪꦺꦴꦁꦲ꧀ꦮ꧈​ꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦥꦼꦤ꧀ꦝꦼꦠ꧀ꦏꦁꦒꦺꦭꦩ꧀ꦥꦃꦲꦤ꧀ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦕꦕꦿꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦱꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦊꦭꦸꦲꦸꦂꦫꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀꧈​ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦢꦺꦤꦺꦭꦭꦩ꧀ꦥꦃꦲꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦿꦧꦸꦏꦺꦴꦁꦪꦸꦕꦸꦱꦱꦩꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦢꦺꦤꦺꦭꦭꦩ꧀ꦥꦃꦲꦤ꧀ꦫꦶꦁꦒꦶꦠ꧀ꦠꦶꦪꦁꦗꦮꦶ꧈​ꦲꦶꦁꦔꦿꦶꦏꦶꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦥꦽꦭꦸꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦱꦏꦼꦤ꧀ꦩꦭꦶꦃ꧈​ꦲꦩꦂꦒꦶꦥꦫꦩꦲꦺꦴꦱ꧀ꦠꦩ꧀ꦠꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦲꦔꦸꦤꦶꦁꦔꦤꦶꦱꦢꦪ꧈​ꦲꦺꦮꦢꦺꦤꦺꦲꦶꦁꦔꦿꦶꦏꦶꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦮꦺꦴꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦔꦼꦩꦺꦴꦠ꧀ꦒꦩ꧀ꦧꦂꦫꦶꦁꦒꦶꦠ꧀ꦠꦶꦪꦁꦗꦮꦶ꧈​ꦱꦸꦥꦢꦺꦴꦱ꧀ꦥꦫꦩꦲꦺꦴꦱ꧀ꦱꦒꦼꦢꦲꦢꦩꦼꦭ꧀ꦥꦼꦥꦤ꧀ꦝꦶꦁꦔꦤ꧀ꦩꦼꦁꦒꦲꦶꦁꦏꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦫꦶꦁꦒꦶꦠ꧀ꦠꦶꦪꦁꦗꦮꦶꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦫꦶꦁꦒꦶꦠ꧀ꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦨꦭꦶ꧉​

꧋ꦩꦼꦁꦒꦃꦭꦩ꧀ꦥꦃꦲꦤ꧀ꦭꦩ꧀ꦥꦃꦲꦤ꧀ꦲꦶꦁꦫꦶꦁꦒꦶꦠ꧀ꦠꦶꦪꦁꦨꦭꦶ꧈​ꦥꦸꦤꦶꦏꦱꦗꦠꦺꦴꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦼꦤ꧀ꦝꦼꦠ꧀ꦱꦏꦶꦁꦕꦕꦿꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦱꦤ꧀ꦗꦮꦶꦱꦢꦺꦫꦺꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦒꦩꦶꦆꦱ꧀ꦭꦩ꧀꧉​ꦲꦶꦁꦔꦤ꧀ꦝꦥ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦱꦭꦃꦱꦠꦸꦁꦒꦭ꧀ꦭꦶꦁꦭꦩ꧀ꦥꦃꦲꦤ꧀ꦫꦶꦁꦒꦶꦠ꧀ꦠꦶꦪꦁꦨꦭꦶꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦱꦿꦶꦁꦏꦥꦶꦠꦺꦴꦤ꧀ꦠꦺꦴꦤ꧀ꦤꦏꦼꦤ꧀꧉​

꧋ꦤꦭꦶꦏꦱꦁꦦꦿꦧꦸꦌꦂꦭꦁꦓꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦤꦠꦲꦶꦁꦏꦝꦶꦫꦶ꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦠꦸꦁꦒꦭ꧀ꦭꦶꦁꦥꦤ꧀ꦝꦶꦠꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦭꦺꦴꦏꦥꦸꦠꦸꦱ꧀ꦱꦏꦶꦁꦏꦮꦿꦸꦃꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦧꦠꦺꦴꦱ꧀ꦱꦤ꧀꧉​ꦒꦂꦮꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦁꦥꦤ꧀ꦝꦶꦠꦤꦩꦫꦁꦫꦺꦁꦢꦶꦫꦃ꧈​ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦏꦺꦔꦶꦁꦏꦮꦱ꧀ꦠꦤꦤ꧀ꦭꦶꦤꦁꦏꦸꦁ꧈​ꦲꦤꦔꦶꦁꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦔꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦲꦸꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦠꦸꦩꦸꦗꦸꦝꦠꦼꦁꦏꦱꦩ꧀ꦥꦸꦂꦤꦤ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦢꦺꦤꦺꦠꦺꦏꦢ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦏꦱꦁꦥꦤ꧀ꦝꦶꦠ꧉​ꦲꦤꦔꦶꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦭꦩ꧀ꦥꦃꦲꦏꦼꦤ꧀ꦧꦧ꧀ꦥꦔꦤꦶꦪꦪꦲꦸꦠꦮꦶꦥꦶꦠ꧀ꦤꦃꦝꦠꦼꦁꦭꦶꦪꦤ꧀꧈​ꦕꦼꦏꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦸꦢꦶꦮꦲꦸꦱꦢꦪꦥꦤ꧀ꦢꦩꦼꦭ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦱꦂ꧉​ꦱꦫꦺꦃꦤꦶꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦏꦱꦁꦥꦤ꧀ꦝꦶꦠꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦱꦫꦸꦗꦸꦏ꧀ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦠꦺꦏꦢ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦪꦶ꧈​ꦢꦔꦸꦢꦔꦸꦱꦁꦥꦤ꧀ꦝꦶꦠꦭꦗꦼꦁꦲꦔꦿꦸꦩꦶꦪꦶꦤꦶꦮꦁꦱꦸꦭ꧀ꦝꦠꦼꦁꦗꦩꦤ꧀ꦏꦭꦁꦒꦼꦁꦔꦤ꧀꧉​ꦱꦱꦺꦢꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦏ꧈​ꦫꦁꦫꦺꦁꦢꦶꦫꦃꦱꦪꦲ [ 426 ]꧋ꦩꦠꦼꦁꦔꦏꦼꦤ꧀ꦏꦮꦿꦸꦃꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦧ꧀ꦥꦠꦼꦤꦸꦁꦔꦤ꧀ꦮꦲꦸ꧈​ꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦏꦭꦩ꧀ꦥꦃꦲꦤ꧀ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦥꦶꦤꦁꦒꦶꦃꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦧꦛꦫꦶꦢꦸꦂꦓ꧈​ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦔꦶꦢꦶꦤ꧀ꦤꦶꦲꦸꦠꦮꦶꦲꦔꦸꦧꦾꦸꦁꦔꦶꦝꦠꦼꦁꦱꦼꦢꦾꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦫꦁꦫꦺꦁꦢꦶꦫꦃꦮꦲꦸ꧈​ꦲꦶꦁꦮꦸꦱꦤꦱꦏꦶꦁꦏꦠꦫꦶꦩꦃꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦒꦸꦫꦸꦭꦺꦪꦏ꧀꧈​ꦩꦼꦁꦒꦃꦠꦼꦒꦼꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦭꦺꦪꦏ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏ꧈​ꦔꦺꦭ꧀ꦩꦸꦲꦶꦁꦏꦁꦤꦩꦸꦁꦧꦝꦺꦲꦢꦩꦼꦭ꧀ꦱꦁꦱꦫꦤꦶꦁꦭꦶꦪꦤ꧀ꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀꧉​ꦩꦸꦫꦶꦢ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦫꦁꦫꦺꦁꦢꦶꦫꦃꦮꦲꦸꦱꦢꦪꦱꦩꦶꦧꦁꦱꦤꦶꦁꦮꦤꦶꦠ꧉​

꧋[ꦒꦿꦥ꦳ꦶꦏ꧀] foto

꧋ꦲꦶꦁꦔꦶꦁꦒꦶꦭ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦶꦁꦏꦁꦠꦼꦔꦼꦤ꧀ꦒꦩ꧀ꦧꦂꦫꦶꦥꦸꦤ꧀ꦫꦁꦫꦺꦁꦢꦶꦫꦃ꧈​ꦏꦭꦠꦶꦮꦶꦏꦿꦩꦲꦔꦶꦩ꧀ꦧꦧꦸꦠ꧈​ꦏꦺꦱꦃꦏꦝꦺꦫꦺꦏ꧀ꦏꦏꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦩꦸꦫꦶꦢ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦮꦤꦱꦺꦠꦿꦒꦺꦴꦤ꧀ꦢꦩꦪꦸ꧉​

꧋ꦫꦁꦫꦺꦁꦢꦶꦫꦃꦒꦝꦃꦲꦤꦏ꧀ꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶꦱꦠꦸꦁꦒꦭ꧀ꦤꦩꦫꦼꦠ꧀ꦤꦩꦼꦁꦒꦭꦶ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦭꦥꦸꦤꦶꦏꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦥꦕꦁꦔꦏꦼꦤ꧀ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦥꦸꦠꦿꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦩꦤ꧀ꦄꦼꦩ꧀ꦥꦸꦧꦫꦝꦃ꧈​ꦲꦮꦱ꧀ꦠꦄꦼꦩ꧀ꦥꦸꦧꦮꦸꦭ꧉​

꧋ꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀꧈​ꦱꦪꦢꦔꦸꦱꦏꦛꦃꦲꦶꦁꦮꦤꦶꦠꦲꦶꦁꦤꦒꦫꦶꦏꦼꦝꦶꦫꦶꦫꦕꦏꦿꦕꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦔꦿꦱꦸꦏ꧀ꦝꦠꦼꦁꦔꦺꦭ꧀ꦩꦸꦭꦺꦪꦏ꧀ꦮꦲꦸ꧈​ꦲꦶꦁꦮꦸꦱꦤꦭꦗꦼꦁꦏꦛꦃꦠꦼꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦔꦿꦶꦏꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩꦶꦏꦺꦁꦔꦶꦁꦠꦼꦭꦸꦃ꧈​ꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦱꦁꦥꦿꦧꦸꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦭꦗꦼꦁꦏꦠꦩꦤ꧀ꦲꦶꦁꦠꦼꦭꦸꦃ꧉​ꦱꦁꦤꦠꦭꦗꦼꦁꦲꦸꦠꦸꦱꦤ꧀ꦲꦤꦶꦩ꧀ꦧꦭꦶꦄꦼꦩ꧀ꦥꦸꦧꦫꦝꦃꦏꦝꦮꦸꦲꦤ꧀ꦚꦶꦂꦤꦏꦏꦼꦤꦿꦔꦿꦺꦁꦢꦶꦫꦃ꧉​ꦱꦤꦗꦤ꧀ꦱꦗꦠꦺꦴꦱꦶꦥꦸꦤꦿꦔꦿꦺꦁꦢꦶꦫꦃꦥꦸꦤꦶꦏꦠꦏ꧀ꦱꦶꦃꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦒꦼꦒꦪꦸꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦝꦺꦫꦺꦏ꧀꧈​ꦲꦤꦔꦶꦁꦱꦏꦶꦁꦱꦸꦕꦶꦤꦶꦁꦩꦤꦃꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦄꦼꦩ꧀ꦥꦸꦧꦫꦝꦃ꧈​ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦭꦗꦼꦁꦚꦼꦤ꧀ꦢꦶꦏꦤꦶꦥꦸꦤꦥꦝꦮꦸꦃꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦁꦤꦠꦮꦲꦸ꧉​ꦥꦸꦠꦿꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦄꦼꦩ꧀ꦥꦸꦧꦮꦸꦭꦭꦗꦼꦁꦏꦲꦸꦠꦸꦱ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦩꦱꦸꦥꦢꦺꦴꦱ꧀ꦥꦁꦏꦠ꧀ꦝꦠꦼꦁꦒꦿꦶꦪꦤꦶꦁꦧꦝꦺꦩꦫꦱꦼꦥꦸꦃꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦤ꧀ꦝꦸꦱ꧀ꦛꦫꦗꦃꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦗꦶꦩꦠ꧀ꦗꦶꦩꦠ꧀ꦠꦶꦥꦸꦤ꧀꧉​ꦱꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦿꦶꦏ꧈​ꦫꦔꦿꦺꦁꦢꦶꦫꦃꦱꦗꦠꦺꦴꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦸꦩꦼꦉꦥ꧀꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃꦏꦥꦺꦤꦏ꧀ꦏꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦲꦸꦱꦸꦩꦼꦢꦾꦲꦚꦶꦢꦿꦤꦶꦝꦠꦼꦁꦱꦫꦶꦫꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦺꦮꦢꦺꦤꦺꦱꦏꦶꦁꦠꦽꦱ꧀ꦤꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦸꦠꦿ꧈​ꦲꦥꦶꦲꦥꦶꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦱꦸꦩꦼꦉꦥ꧀ꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀꧉​ꦱꦉꦁꦲꦶꦁꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦼꦤꦺꦤ꧀ꦏ꧀ꦭꦶꦮꦺꦴꦤ꧀ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦥꦸꦤꦶꦏꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦸꦠꦩꦶꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀ꦠꦸꦩꦿꦥ꧀ꦲꦤꦼꦤꦸꦮꦸꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦱꦁꦧꦛꦫꦶꦢꦸꦂꦓ꧈​ꦱꦢꦪꦥꦫꦩꦸꦫꦶꦢ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤꦿꦔꦿꦺꦁꦢꦶꦫꦃꦱꦩꦶꦏꦲꦶꦫꦶꦠ꧀ꦭꦸꦩꦼꦧꦼꦠ꧀ꦲꦶꦁꦮꦤꦱꦺꦠꦿꦒꦺꦴꦤ꧀ꦢꦩꦪꦸꦱꦲꦱꦩꦶꦱꦼꦱꦸꦕꦶꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦒꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦶꦢꦸꦭ꧀꧉​ꦢꦺꦤꦺꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦠꦶꦭꦂꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦒꦿꦶꦪꦤꦩꦸꦁꦲꦤꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶ

Lêlampahan Ringgit Tiyang ing Bali

besut

Sawênèhing băngsa ing tanah wetanan punika wontên ingkang sami anggadhahi têtingalan ringgit tiyang kados ta: băngsa Tionghwa, băngsa Siyêm, Jawi, Bali, lan sasaminipun. Mênggah lêlampahan-lêlampahan ingkang kaangge ing ringgit tiyang wau, inggih miturut kawontênanipun piyambak-piyambak, kados ta ringgit tiyang băngsa Tionghwa, punika ingkang kapêndhêt kangge lampahan inggih cacriyosanipun lêluhuripun piyambak, kadosdene lêlampahanipun Prabu Kongyucu sasaminipun, dene lêlêampahan ringgit tiyang Jawi, ing ngriki botên prêlu kacariyosakên malih, amargi para maos tamtunipun sami anguningani sadaya, ewadene ing ngriki kados botên wontên awonipun angêmot gambar ringgit tiyang Jawi, supados para maos sagêda adamêl pêpandhingan mênggahing kawontênanipun ringgit tiyang Jawi kalihan ringgit tiyang ing Bali.

Mênggah lêlampahan-lêlampahan ing ringgit tiyang Bali, punika sajatosipun mêndhêt saking cacriyosan Jawi sadèrèngipun agami Islam. Ing ngandhap punika salah satunggaling lêlampahan ringgit tiyang Bali ingkang asring kapitontonakên.

Nalika Sang Prabu Erlangga jumênêng nata ing Kadhiri, wontên satunggaling pandhita ingkang sampun kaloka putus saking kawruhipun kabatosan. Garwanipun sang pandhita nama Rarèng Dirah, inggih kenging kawastanan linangkung, ananging kalangkunganipun wau botên tumuju dhatêng kasampurnan kadosdene tekadipun ingkang raka sang pandhita. ananging ingkang dipun lampahjakên bab panganiaya utawi pitnah dhatêng liyan, cêkakipun ingkang dipun udi wau sadaya pandamêl ingkang sasar. Sarèhning ingkang raka sang pandhita botên sarujuk kalihan tekadipun ingkang rayi, dangu-dangu sang pandhita lajêng angrumiyini wangsul dhatêng jaman kalanggêngan. Sasedanipun ingkang raka, Rarèng Dilah saya amatêngakên kawruhipun bab patênungan wau, ngantos kalampahan sagêd pinanggih kalihan Bathari Durga, inggih punika ingkang angidini utawi angubyungi dhatêng sêdyanipun Rarèngdirah wau, ing wusana saking katarimahipun ngantos dados guru leyak, mênggah têgêsipun leyak punika, ngèlmu ingkang namung badhe adamêl sangsaraning liyan kemawon. Muridipun Rarèngdirah wau sadaya sami bangsaning wanita.

[Grafik]

Ing nginggil punika ingkang têngên gambaripun Rarèngdirah, kala tiwikrama angimba buta, kesah kadhèrèkakên ing muridipun dhatêng wana Setragăndamayu.

Rarèngdirah gadhah anak èstri satunggal nama Rêtna Mênggali, ingkang kala punika sampun kapacangakên kalihan putranipun ingkang paman Êmpu Baradhah, awasta Êmpu Bawula.

Kacariyos, saya dangu sakathahing wanita ing nagari Kêdhiri racak-racakipun sami ngrasuk dhatêng ngèlmu leyak wau, ing wusana lajêng kathah têtiyang ing ngrika ingkang sami kenging têluh, ngantos sang prabu piyambak inggih lajêng kataman ing têluh. Sang nata lajêng utusan animbali Êmpu Baradhah kadhawuhan nyirnakakên Rarèngdirah. Sanajan sajatosipun Rarèngdirah punika taksih wontên gêgayutanipun sadhèrèk, ananging saking sucining manahipun Êmpu Baradhah, inggih lajêng nyêndikani punapa dhawuhipun sang nata wau. Putranipun pun Êmpu Bawula lajêng kautus dening ingkang rama supados pangkat dhatêng griyaning badhe marasêpuhipun andhustha rajah tuwin jimat-jimatipun. Sadumuginipun ing ngrika, Rarèngdirah sajatosipun sumêrêp, bilih kapenakanipun wau sumêdya anyidrani dhatêng sariranipun, ewadene saking trêsnanipun dhatêng ingkang putra, api-api botên sumêrêp kemawon. Sarêng ing dintên Sênèn Kliwon inggih punika dintên ingkang utami piyambak tumrap anênuwun dhatêng Sang Bathari Durga, sadaya para muridipun Rarèngdirah sami kairit lumêbêt ing wana Setra Găndamayu saha sami sêsuci wontên ing sagantên kidul. Dene ingkang katilar wontên ing griya namung anakipun èstri kalihan badhe mantunipun. Kala punika Rêtna Mênggali kautus dening Êmpu Bawula mêndhêt toya wontên ing sumbêr, salêbêtipun Rêtna Mênggali kesah, Êmpu Bawula lajêng lumêbêt ing kamaripun Rarèngdirah saha andhustha sadaya rajah tuwin jimat-jimatipun. Sarêng Rêtna Mênggali wangsul anggène mêndhêt toya, pandhusthanipun wau sampun rampung, pun Rêtna Mênggali lajêng kaajak kesah dening Êmpu Bawula saking ngriku, pun rêtna inggih anyagahi.

Kacariyos, sawangsulipun Rarèngdirah saha para muridipun, saklangkung sungkawa anyumêrêpi, dene anak saha badhe mantunipun sami miruda saking ngriku, punapa malih saklangkung kagètipun Rarèngdirah, sarêng anyumêrêpi bilih sadaya rajah tuwin jimat-jimatipun musna botên kantênan, Rarèngdirah saha muridipun sadaya lajêng sami atawan tangis, ing ngriku kasaru dhatêngipun Êmpu Baradhah ingkang kautus ing nata anyidrani dhatêng Rarèngdirah samuridipun sadaya, kalêksanan Rarèngdirah samuridipun sami pêjah dening Êmpu Baradhah.

Makatên mênggah lêlampahan ingkang asring dipun pitontonakên ing ringgit tiyang ing Bali. Wondene pikajênging lêlampahan makatên punika, kintên-kintên dados prasêmon,supados kula sadaya sampun ngantos anêngênakên dhatêng ngèlmu ingkang sasar.

[ 427 ]ꦩꦺꦴꦁꦒꦥꦸꦤꦥꦥꦸꦤꦶꦏꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦤꦩꦲꦮꦺꦴꦤ꧀ꦩꦤꦃꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦲꦢꦽꦁꦏꦶ꧈​ꦥꦸꦤꦥꦩꦭꦶꦃꦩꦤꦃꦱꦼꦠꦾꦏ ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦧꦝꦺꦩꦤ꧀ꦠꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧉​ꦏꦭꦥꦸꦤꦶꦏꦫꦼꦠ꧀ꦤꦩꦼꦁꦒꦭꦶꦏꦲꦸꦠꦸꦱ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦄꦼꦩ꧀ꦥꦸꦧꦮꦸꦭꦩꦼꦤ꧀ꦝꦼꦠ꧀ꦠꦺꦴꦪꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦸꦩ꧀ꦧꦼꦂ꧈​ꦱꦊꦧꦼꦠ꧀ꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦫꦼꦠ꧀ꦤꦩꦼꦁꦒꦭꦶꦏꦺꦱꦃ꧈​ꦄꦼꦩ꧀ꦥꦸꦧꦮꦸꦭꦭꦗꦼꦁꦭꦸꦩꦼꦧꦼꦠ꧀ꦲꦶꦁꦏꦩꦂꦫꦶꦥꦸꦤꦿꦔꦿꦺꦁꦢꦶꦫꦃꦱꦲꦲꦤ꧀ꦝꦸꦱ꧀ꦛꦱꦢꦪꦫꦗꦃꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦗꦶꦩꦠ꧀ꦗꦶꦩꦠ꧀ꦠꦶꦥꦸꦤ꧀꧉​ꦱꦉꦁꦫꦼꦠ꧀ꦤꦩꦼꦁꦒꦭꦶꦮꦁꦱꦸꦭ꧀ꦲꦁꦒꦺꦤ꧀ꦤꦺꦩꦼꦤ꧀ꦝꦼꦠ꧀ꦠꦺꦴꦪ꧈​ꦥꦤ꧀ꦝꦸꦱ꧀ꦛꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦲꦸꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦫꦩ꧀ꦥꦸꦁ꧈​ꦥꦸꦤ꧀ꦫꦼꦠ꧀ꦤꦩꦼꦁꦒꦭꦶꦭꦗꦼꦁꦏꦲꦗꦏ꧀ꦏꦺꦱꦃꦢꦺꦤꦶꦁꦄꦼꦩ꧀ꦥꦸꦧꦮꦸꦭꦱꦏꦶꦁꦔꦿꦶꦏꦸ꧈​ꦥꦸꦤ꧀ꦉꦠ꧀ꦤꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦲꦚꦒꦃꦲꦶ꧉​

꧋ꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀꧈​ꦱꦮꦁꦱꦸꦭ꧀ꦭꦶꦥꦸꦤꦿꦔꦿꦺꦁꦢꦶꦫꦃꦱꦲꦥꦫꦩꦸꦫꦶꦢ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦱꦏ꧀ꦭꦁꦏꦸꦁꦱꦸꦁꦏꦮꦲꦚꦸꦩꦼꦉꦥ꧀ꦥꦶ꧈​ꦢꦺꦤꦺꦲꦤꦏ꧀ꦱꦲꦧꦝꦺꦩꦤ꧀ꦠꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦩꦶꦫꦸꦢꦱꦏꦶꦁꦔꦿꦶꦏꦸ꧈​ꦥꦸꦤꦥꦩꦭꦶꦃꦱꦏ꧀ꦭꦁꦏꦸꦁꦏꦒꦺꦠ꧀ꦠꦶꦥꦸꦤꦿꦔꦿꦺꦁꦢꦶꦫꦃ꧈​ꦱꦉꦁꦲꦚꦸꦩꦼꦉꦥ꧀ꦥꦶꦧꦶꦭꦶꦃꦱꦢꦪꦫꦗꦃꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦗꦶꦩꦠ꧀ꦗꦶꦩꦠ꧀ꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦸꦱ꧀ꦤꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦤ꧀꧈​ꦫꦔꦿꦺꦁꦢꦶꦫꦃꦱꦲꦩꦸꦫꦶꦢ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦢꦪꦭꦗꦼꦁꦱꦩꦶꦲꦠꦮꦤ꧀ꦠꦔꦶꦱ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦔꦿꦶꦏꦸꦏꦱꦫꦸꦝꦠꦼꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦄꦼꦩ꧀ꦥꦸꦧꦫꦝꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦲꦸꦠꦸꦱ꧀ꦲꦶꦁꦤꦠꦲꦚꦶꦢꦿꦤ꧀ꦤꦶꦝꦠꦼꦁꦫꦔꦿꦺꦁꦢꦶꦫꦃꦱꦩꦸꦫꦶꦢ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦢꦪ꧈​ꦏꦊꦏ꧀ꦱꦤꦤꦿꦔꦿꦺꦁꦢꦶꦫꦃꦱꦩꦸꦫꦶꦢ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦥꦼꦗꦃꦢꦺꦤꦶꦁꦄꦼꦩ꧀ꦥꦸꦧꦫꦝꦃ꧉​

꧋ꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦩꦼꦁꦒꦃꦭꦭꦩ꧀ꦥꦃꦲꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦱꦿꦶꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦶꦠꦺꦴꦤ꧀ꦠꦺꦴꦤ꧀ꦤꦏꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦫꦶꦁꦒꦶꦠ꧀ꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦨꦭꦶ꧉​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺꦤꦺꦥꦶꦏꦗꦼꦁꦔꦶꦁꦭꦭꦩ꧀ꦥꦲꦤ꧀ꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏ꧈​ꦏꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦥꦿꦱꦼꦩꦺꦴꦤ꧀꧈​ [1]

ꦱꦸꦥꦢꦺꦴꦱ꧀ꦏꦸꦭꦱꦢꦪꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦲꦤꦼꦁꦔꦼꦤ꧀ꦤꦏꦼꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦔꦺꦭ꧀ꦩꦸꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦱꦂ꧉​

꧋ ꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦲꦱ꧀ꦭꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦤꦼꦁꦒꦭꦭꦤ꧀ꦲꦭꦸꦒꦺꦴꦫ꧉​

꧋ꦩꦶꦠꦸꦫꦸꦠ꧀ꦕꦼꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦱꦤ꧀ꦲꦶꦁꦩꦢꦸꦫ꧉​

꧋(ꦕꦤ꧀ꦝꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦗꦮꦺꦤ꧀꧈​ꦮ꧀ꦢꦁꦏ 25)

꧋ꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀꧈​ꦱꦉꦁꦏꦾꦤꦥꦠꦶꦃꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦺꦴꦮꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦂꦱꦤꦠ꧈​ꦝꦮꦸꦃꦥꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦁꦥꦿꦧꦸ꧇​ꦩꦂꦩꦤꦺꦱꦶꦫꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦠꦶꦩ꧀ꦧꦭ꧀ꦭꦶꦲꦤꦲꦶꦁꦔꦂꦱꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦗꦥꦶꦱꦤ꧀ꦢꦢꦶꦏꦒꦺꦠ꧀ꦠꦶꦁꦥꦶꦏꦶꦂꦫꦶꦫ꧈​ꦱꦶꦫꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦸꦠꦸꦱ꧀ꦲꦔ꧀ꦭꦸꦤꦱ꧀ꦱꦤꦥꦸꦠꦿꦶꦤꦶꦁꦱꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦩꦂꦒꦲꦁꦒꦂꦧꦶꦤꦶꦲꦺꦴꦫꦏꦫꦸꦮꦤ꧀ꦊꦭꦮꦤ꧀ꦤꦤꦺ꧈​ꦭꦤ꧀ꦱꦶꦫꦲꦺꦴꦫꦏꦼꦤꦧꦭꦶꦪꦺꦤ꧀ꦲꦺꦴꦫꦲꦁꦒꦮꦕꦶꦃꦤꦩꦸꦂꦢꦤꦺꦱꦶꦤꦶꦤꦶꦥꦸꦠꦿꦶ꧈​ꦥꦺꦴꦩꦥꦠꦶꦃꦲꦺꦁꦒꦭ꧀ꦊꦏ꧀ꦱꦤꦤ꧀ꦤꦤ꧉​

꧋ꦩꦶꦉꦁꦝꦮꦸꦃꦥꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦁꦤꦠꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦮꦲꦸ꧈​ꦏꦾꦤꦥꦠꦶꦃꦱꦏ꧀ꦭꦁꦏꦸꦁꦏꦒꦺꦠ꧀꧈​ꦲꦺꦮꦱꦩꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦧꦝꦺꦱꦸꦮꦭꦱꦂꦠꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦧꦝꦺꦚꦼꦤ꧀ꦢꦶꦏꦤ꧀ꦤꦶ꧉​ꦯꦁꦥꦸꦠꦿꦶꦭꦗꦼꦁꦏꦲꦶꦫꦶꦠ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦏꦾꦤꦥꦠꦶꦃꦩꦼꦢꦭ꧀ꦱꦏꦶꦁꦏꦫꦠꦺꦴꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦥꦱꦶꦱꦶꦂꦫꦶꦁꦱꦒꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀꧉​ꦱꦤꦢꦾꦤ꧀ꦏꦾꦤꦥꦠꦶꦃꦲꦶꦁꦧꦠꦺꦴꦱ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦥꦶꦠꦢꦺꦴꦱ꧀ꦧꦶꦭꦶꦃꦯꦁꦥꦸꦠꦿꦶꦲꦁꦒꦝꦃꦲꦶꦢꦺꦴꦱ꧈​ꦲꦤꦔꦶꦁꦱꦏꦶꦁꦲꦮꦿꦠ꧀ꦠꦶꦁꦝꦮꦃꦥꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦁꦤꦠ꧈​ꦲꦩꦶꦭꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦧꦝꦺꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦊꦏ꧀ꦱꦤꦤ꧀ꦤꦶ꧈​ꦲꦩꦂꦒꦶꦩꦤꦮꦶꦝꦮꦸꦃꦲꦶꦁꦤꦠꦮꦲꦸꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦏꦏꦼꦤ꧀꧈​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦠꦩ꧀ꦠꦸꦲꦶꦁꦠꦼꦩ꧀ꦧꦺꦗꦁꦒꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦒꦼꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀꧉​ꦱꦉꦁꦭꦩ꧀ꦥꦃꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦲꦸꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦲꦶꦁꦥꦱꦶꦱꦶꦂꦱꦒꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀꧈​ꦏꦾꦤꦥꦠꦶꦃꦲꦺꦁꦒꦭ꧀ꦲꦤꦫꦶꦏ꧀ꦥꦼꦝꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦸꦩꦼꦢꦾꦲꦩꦽꦗꦪꦝꦠꦼꦁꦯꦁꦥꦸꦠꦿꦶ꧈​ꦧꦪꦏꦂꦱꦤꦶꦁꦦꦔꦺꦫꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦸꦮꦱ꧈​ꦥꦼꦝꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦕꦼꦥꦼꦁꦔꦶꦏꦾꦤꦥꦠꦶꦃꦮꦲꦸꦲꦸꦗꦸꦒ꧀ꦲꦸꦗꦸꦒ꧀ꦭꦗꦼꦁꦝꦮꦃꦠꦤ꧀ꦥꦏꦫꦤ꧉​ꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦮꦲꦸꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦫꦩ꧀ꦧꦃꦏꦥꦶꦁꦠꦶꦒ꧈​ꦱꦧꦼꦤ꧀ꦏꦾꦤꦥꦠꦶꦃꦧꦝꦺꦤꦩꦏ꧀ꦲꦏꦼꦤ꧀ꦥꦼꦝꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦱꦁꦥꦸꦠꦿꦶ꧈​ꦢꦸꦩꦢꦏ꧀ꦏꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁꦝꦮꦃꦲꦶꦁꦱꦶꦠꦶ꧉​ꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦸꦤꦶꦏꦏꦾꦤꦥꦠꦶꦃ [ 428 ]ꦭꦗꦼꦁꦪꦏꦶꦤ꧀ꦱꦪꦼꦏ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃꦱꦁꦥꦸꦠꦿꦶꦥꦸꦤꦶꦏꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦲꦤꦤ꧀ꦝꦁꦢꦺꦴꦱ꧉​ꦏꦭꦥꦸꦤꦶꦏꦏꦾꦤꦥꦠꦶꦃꦭꦗꦼꦁꦚꦼꦩ꧀ꦧꦃꦱꦂꦮꦶꦩꦠꦸꦂ꧇​ꦝꦸꦃꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶ꧈​ꦩꦸꦒꦶꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦏꦂꦱꦲꦥꦫꦶꦁꦒꦼꦁꦔꦶꦁꦥꦔꦏ꧀ꦱꦩꦝꦠꦼꦁꦧꦢꦤ꧀ꦏꦸꦭ꧈​ꦢꦺꦤꦺꦏꦸꦭꦏꦸꦩꦮꦤꦶꦧꦝꦺꦚꦶꦢꦿꦝꦠꦼꦁꦥꦢꦸꦏ꧈​ꦏꦸꦭꦤꦩꦸꦁꦢꦽꦩꦶꦲꦔ꧀ꦭꦩ꧀ꦥꦃꦲꦶ꧈​ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦩꦤꦮꦶꦏꦸꦭꦕꦶꦢꦿꦝꦠꦼꦁꦝꦮꦸꦃꦲꦶꦥꦸꦁꦤꦠ꧈​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦠꦩ꧀ꦠꦸꦠꦸꦒꦼꦭ꧀ꦭꦶꦁꦗꦺꦴꦁꦒꦏꦸꦭꦩꦶꦤꦺꦴꦁꦏꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦒꦼꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀꧉​ꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦸꦤꦶꦏꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦁꦥꦸꦠꦿꦶꦩꦸꦒꦶꦩꦸꦒꦶꦱꦩꦁꦏꦺꦏꦼꦂꦱꦲꦲꦤ꧀ꦝꦲꦂꦝꦠꦼꦁꦲꦠꦸꦂꦏꦸꦭ꧈​ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦥꦸꦤꦶꦏꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦏꦸꦭꦝꦺꦫꦺꦏ꧀ꦏꦏꦼꦤ꧀ꦠꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦝꦠꦼꦁꦥꦸꦭꦺꦴꦲꦭꦶꦠ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦠꦶꦔꦭ꧀ꦱꦏꦶꦁꦔꦿꦶꦏꦶꦥꦸꦤꦶꦏ꧈​ꦱꦂꦠꦱꦭꦗꦼꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦂꦱꦲꦢꦼꦢꦊꦩ꧀ꦲꦶꦁꦔꦿꦶꦏ꧈​ꦢꦺꦤꦺꦏꦸꦭꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦧꦝꦺꦮꦁꦱꦸꦭ꧀ꦝꦠꦼꦁꦤꦒꦫꦶꦩꦭꦶꦃ꧈​ꦲꦤꦔꦶꦁꦠꦤ꧀ꦱꦃꦧꦝꦺꦔꦮꦛꦮꦠꦶꦝꦠꦼꦁꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦁꦥꦸꦠꦿꦶ꧉​ꦩꦼꦁꦒꦃꦥꦤꦸꦮꦸꦤ꧀ꦏꦸꦭ꧈​ꦩꦤꦮꦶꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦁꦥꦸꦠꦿꦶꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦩꦁꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦩ꧀ꦧꦧꦂ꧈​ꦏꦸꦭꦲꦠꦸꦫꦶꦲꦚ꧀ꦗꦼꦗꦏ꧀ꦱꦶꦠꦶꦏꦥꦶꦁꦠꦶꦒ꧈​ꦲꦶꦁꦩꦁꦏꦺꦏꦸꦭꦠꦩ꧀ꦠꦸꦭꦗꦼꦁꦱꦺꦴꦮꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦂꦱꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦔꦤ꧀꧉​

꧋ꦱꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦾꦤꦥꦠꦶꦃꦲꦸꦩꦠꦸꦂꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦲꦶꦁꦔꦶꦁꦒꦶꦭ꧀ꦮꦲꦸ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦭꦸꦏꦂꦧꦸꦱꦤꦱꦂꦠꦭꦗꦼꦁꦲꦔꦿꦱꦸꦏ꧀ꦧꦸꦱꦤ꧈​ꦕ꧀ꦭꦤꦱꦲꦫꦱꦸꦏꦤ꧀ꦕꦼꦩꦼꦁꦠꦼꦤꦸꦤꦤ꧀꧉​ꦩꦼꦁꦒꦃꦧꦝꦺꦠꦼꦤꦸꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏ꧈​ꦠꦼꦠꦶꦪꦁꦩꦢꦸꦫꦲꦩꦱ꧀ꦠꦤ꧀ꦤꦶꦥꦺꦴꦭꦺꦁ꧈​ꦲꦩꦶꦭꦏꦾꦤꦥꦠꦶꦃꦮꦶꦮꦶꦠ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦭꦗꦼꦁꦏꦤꦩꦺꦏ꧀ꦏꦏꦼꦤ꧀꧇​ꦏꦾꦲꦶꦦꦺꦴꦭꦺꦁ꧈​ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦥꦸꦤꦶꦏꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦱꦤꦺꦱ꧀ꦗꦭꦂꦫꦤ꧀ꦥꦔꦁꦒꦺꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦝꦺꦥꦺꦴꦭꦺꦁꦮꦲꦸ꧉​ꦱꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦾꦲꦶꦦꦺꦴꦭꦺꦁꦭꦗꦼꦁꦩꦸꦱ꧀ꦤꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦩꦼꦁꦒꦃꦥꦸꦫꦸꦒ꧀ꦒꦶꦥꦸꦤ꧀꧉​ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦢꦶꦤꦭꦁꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦁꦥꦸꦠꦿꦶꦱꦢꦔꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦸꦭꦺꦴꦮꦲꦸ꧈​ꦲꦶꦁꦔꦿꦶꦏꦶꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦥꦽꦭꦸꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦱꦏꦼꦤ꧀ꦩꦭꦶꦃ꧉​

꧋ꦏꦭꦲꦶꦁꦮꦼꦏ꧀ꦢꦭ꧀ꦱꦩꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦭꦩ꧀ꦥꦃꦲꦶꦁꦊꦭꦪꦂꦫꦤ꧀ꦲꦤ꧀ꦠꦮꦶꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦦꦭꦺꦩ꧀ꦧꦁꦭꦤ꧀ꦩꦏꦱꦂꦱꦏ꧀ꦭꦁꦏꦸꦁꦫꦩꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧉​ꦱꦢꦪꦧꦲꦶꦠꦮꦲꦸꦱꦩꦶꦲꦔ꧀ꦭꦁꦏꦸꦁꦔꦶꦲꦶꦁꦥꦸꦭꦺꦴꦔꦿꦶꦏꦸ꧉​ꦧꦲꦶꦠꦧꦲꦶꦠꦲꦶꦁꦏꦁꦭꦁꦏꦸꦁꦲꦶꦁꦥꦸꦭꦺꦴꦔꦿꦶꦏꦸꦏꦊꦉꦱ꧀ꦲꦶꦁꦮꦚ꧀ꦕꦶꦢꦭꦸ꧈​ꦲꦱꦿꦶꦁꦱꦸꦩꦼꦉꦥ꧀ꦠꦺꦗꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦤ꧀ꦛꦼꦂꦱꦱꦢꦭꦤꦁ꧈​ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦥꦸꦤꦶꦏꦠꦺꦗꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦗꦧꦁꦧꦪꦶꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦤ꧀ꦝꦸꦠ꧀ꦠꦤ꧀꧉​

꧋(ꦧꦝꦺꦏꦱꦩ꧀ꦧꦼꦠꦤ꧀)

꧋[ꦒꦿꦥ꦳ꦶꦏ꧀] foto

꧋ꦱꦮꦼꦒ꧀ꦩꦁꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦂꦮꦲꦤꦺꦃ꧈​ꦢꦭꦃꦤꦤꦱ꧀ꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀ꦲꦮꦺꦴꦃꦲꦁꦒꦼꦩ꧀ꦧꦸꦊꦁꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦏꦼꦥꦼꦠ꧀꧉​

Cariyos Aslinipun Nênggala lan Alugora

besut

Miturut cêcariyosan ing Madura.

(Candhakipun Kajawèn ăngka 25)

Kacariyos, sarêng kyana patih sampun sowan ing ngarsa nata, dhawuh pangandikanipun sang prabu: Marmane sira ingsun timbali ana ing ngarsaningsun, aja pisan dadi kagèting pikirira, sira ingsun utus anglunasana putriningsun, amarga anggarbini ora karuwan lêlawanane, lan sira ora kêna bali yèn ora anggawa cihna murdane si nini putri, poma patih enggal lêksananana.

Mirêng dhawuh pangandikanipun sang nata ingkang makatên wau, kyana patih saklangkung kagèt, ewasamantên inggih botên badhe suwala sarta inggih badhe nyêndikani. Sang putri lajêng kairit dening kyana patih mêdal saking karaton dhatêng pasisiring sagantên. Sanadyan kyana patih ing batos botên pitados bilih sang putri anggadhahi dosa, ananging saking awrating dhawah pangandikanipun sang nata, amila inggih badhe dipun lêksanani, amargi manawi dhawuhing nata wau botên dipun tindakakên, sampun tamtu ing têmbe jangganipun piyambak ingkang dados gêntosipun. Sarêng lampahipun wau sampun dumugi ing pasisir sagantên, kyana patih enggal anarik pêdhangipun sumêdya amrêjaya dhatêng sang putri, baya karsaning Pangeran ingkang Kuwasa, pêdhang ingkang dipun cêpêngi kyana patih wau ujug-ujug lajêng dhawah tanpa karana. Ingkang makatên wau ngantos rambah kaping tiga, sabên kyana patih badhe namakakên pêdhangipun dhatêng sang putri, dumadakan lajêng dhawah ing siti. Ingkang punika kyana patih lajêng yakin sayêktos, bilih sang putri punika botên anandhang dosa. Kala punika kyana patih lajêng nyêmbah sarwi matur: Dhuh gusti, mugi panjênêngan karsaa paring gênging pangaksama dhatêng badan kula, dene kula kumawani badhe nyidra dhatêng paduka, kula namung drêmi anglampahi, awit manawi kula cidra dhatêng dhawuhipung nata, sampun tamtu tugêling jăngga kula minăngka dados gêntosipun. Ingkang punika panjênênganipun sang putri mugi-mugi samangke kêrsaa andhahar dhatêng atur kula, inggih punika panjênêngan kula dhèrèkakên tindak dhatêng pulo alit ingkang katingal saking ngriki punika, sarta salajêngipun karsaa dêdalêm ing ngrika, dene kula piyambak botên badhe wangsul dhatêng nagari malih, ananging tansah badhe ngawat-awati dhatêng panjênênganipun sang putri. Mênggah panuwun kula, manawi panjênênganipun sang putri sampun dumugi mangsanipun ambabar, kula aturi anjêjak siti kaping tiga, ing mangke kula tamtu lajêng sowan wontên ing ngarsa panjênêngan.

Sasampunipun kyana patih umatur kados ing nginggil wau, lajêng lukar busana sarta lajêng angrasuk busana, clana saha rasukan cêmêng tênunan. Mênggah badhe tênunan punika, têtiyang Madura amastani polèng, amila kyana patih wiwit punika lajêng kanamèkakên: Kyai Polèng, inggih punika botên sanès jalaran panganggenipun badhe polèng wau. Sasampunipun Kyai Polèng lajêng musna botên kantênan mênggah purugipun. Kadospundi nalangsanipun sang putri sadangunipun wontên ing pulo wau, ing ngriki botên prêlu kacariyosakên malih.

Kala ing wêkdal samantên lampahing lêlayaran antawisipun Palembang lan Makasar saklangkung ramenipun. Sadaya baita wau sami anglangkungi ing pulo ngriku. Baita-baita ingkang langkung ing pulo ngriku kalêrês ing wanci dalu, asring sumêrêp teja ingkang manthêr sasada lanang, inggih punika tejanipun jabang bayi ingkang wontên ing kandhutan. (Badhe Kasambêtan)

[Grafik]

Sawêg mangsanipun sarwa anèh, dalah nanas kemawon awoh anggêmbulêng kados kêpêt.

[ 429 ]

꧋ꦗꦒꦢ꧀ꦢꦶꦁꦱꦠꦺꦴꦏꦺꦮꦤ꧀꧈

꧋ꦚꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦱꦏꦼꦤ꧀ꦧꦧ꧀ꦏꦼꦛꦺꦏ꧀꧈

꧋ꦲꦶꦁꦥꦫꦶꦧꦱꦤ꧀ꦗꦮꦶꦏꦼꦛꦺꦏ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦱꦏꦶꦁꦢꦽꦁꦏꦶꦤꦶꦁꦩꦤꦃꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦫꦶꦧꦱꦑꦏꦼꦤ꧀꧈​ꦔꦿꦩ꧀ꦥꦺꦏ꧀ꦤꦩ꧀ꦥꦺꦏ꧀ꦏꦼꦛꦺꦏ꧀꧈​ꦏꦗꦼꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀꧇​ꦏꦼꦛꦺꦏ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦁꦒꦺꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦔꦿꦩ꧀ꦥꦺꦏ꧀ꦤꦩ꧀ꦥꦺꦏ꧀ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦲꦁꦒꦺꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦝꦺꦚꦛꦺꦏ꧀꧈​ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦠꦶꦪꦁꦏꦼꦢꦃꦠꦤ꧀ꦱꦃꦥꦿꦪꦶꦠ꧀ꦤ꧉​ꦲꦶꦁꦢꦼꦢꦺꦴꦔꦺꦁꦔꦤ꧀ꦗꦮꦶꦏꦛꦃꦱꦔꦼꦠ꧀ꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦚꦼꦧꦸꦠ꧀ꦠꦏꦼꦤ꧀ꦲꦮꦺꦴꦤ꧀ꦱꦲꦢꦽꦁꦏꦶꦤꦶꦁꦩꦤꦃꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦼꦛꦺꦏ꧀꧈​ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦠꦲꦶꦁꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦏꦚ꧀ꦕꦶꦭ꧀ꦲꦶꦁꦔꦿꦶꦏꦸꦏꦼꦛꦺꦏ꧀ꦏꦒꦩ꧀ꦧꦂꦫꦏꦼꦤ꧀ꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭꦶꦁꦠꦶꦠꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦉꦩꦼꦤ꧀ꦱꦔꦼꦠ꧀ꦲꦢꦸꦲꦢꦸ꧈​ꦱꦩꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦤꦭꦶꦏꦏꦼꦛꦺꦏ꧀ꦲꦔꦧꦼꦤ꧀ꦩꦲꦺꦱꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦱꦶꦩ꧉​ꦩꦼꦁꦒꦃꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦕꦼꦏꦏ꧀ꦏꦤ꧀ꦩꦏꦠꦼꦤ꧀꧇​ꦲꦶꦁꦗꦩꦤ꧀ꦏꦶꦤꦏꦭꦱꦶꦩꦢꦺꦫꦺꦁꦤꦼꦝꦱꦠꦺꦴꦏꦺꦮꦤ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦱꦩꦁꦏꦺ꧈​ꦔꦼꦩꦸꦁꦔꦏꦼꦤ꧀ꦤꦼꦝꦭꦊꦂꦱꦲꦮꦭꦁ꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦭꦶꦁꦱꦶꦩꦩꦼꦩꦶꦠꦿꦤ꧀ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦩꦲꦺꦱꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦱꦮꦠꦮꦶꦱ꧀ꦭꦩꦶ꧈​ꦢꦶꦭꦭꦃꦭꦗꦼꦁꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦼꦛꦺꦏ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦚꦺꦠꦤ꧀ꦤꦶꦝꦠꦼꦁꦱꦶꦩꦮꦲꦸ꧈​ꦮꦶꦕꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧇​ꦕꦤ꧀꧈​ꦕꦤ꧀꧈​ꦏꦺꦴꦮꦺꦏꦸꦮꦶꦧꦺꦴꦝꦺꦴꦠꦼꦩꦼꦤ꧀ꦩꦼꦩꦶꦠꦿꦤ꧀ꦏꦫꦺꦴꦏꦼꦧꦺꦴ꧈​ꦥꦲꦺꦢꦃꦩꦸꦲꦥ꧈​ꦏꦺꦴꦮꦺꦱꦠꦺꦴꦒꦭꦏ꧀ꦏꦁꦏꦗꦺꦤ꧀ꦏꦺꦫꦶꦁꦔꦤ꧀꧈​ꦏꦺꦮꦤ꧀ꦱꦗꦿꦺꦴꦤꦶꦁꦲꦭꦱ꧀ꦥꦝꦏꦼꦏꦼꦱ꧀ꦮꦶꦔ꧀ꦮꦤ꧀ꦩꦫꦁꦏꦺꦴꦮꦺ꧈​ꦥꦿꦱꦱꦠ꧀ꦏꦺꦴꦮꦺꦫꦠꦸꦤꦶꦁꦧꦸꦫꦺꦴꦤ꧀ꦲꦭꦱ꧀ꦏꦧꦺꦃ꧈​ꦗꦼꦧꦸꦭ꧀ꦢꦺꦴꦪꦤ꧀ꦤꦩꦸꦭꦊꦂꦲꦸꦠꦮꦮꦭꦁꦏꦁꦭꦸꦮꦶꦃꦫꦺꦩꦺꦃ꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦧꦼꦔꦶꦕꦺꦴꦥ꧀ꦭꦏ꧀ꦕꦥ꧀ꦭꦸꦏ꧀ꦩꦔꦤꦶꦊꦩꦸꦠ꧀꧈​ꦩꦺꦴꦁꦱꦮꦉꦒ꧀ꦮꦉꦒ꧀ꦒꦏꦺꦴꦮꦺ꧈​ꦲꦥꦲꦺꦴꦫꦧꦼꦕꦶꦏ꧀ꦩꦔꦤ꧀ꦱꦶꦁꦮꦶꦱ꧀ꦕꦸꦩꦼꦥꦏ꧀꧈​ꦏꦼꦧꦺꦴꦏꦸꦮꦶꦥꦔꦤ꧀ꦤꦼꦤ꧀꧈​ꦢꦒꦶꦔꦺꦲꦼꦩ꧀ꦥꦸꦏ꧀ꦲꦁꦒꦗꦶꦃ꧈​ꦥꦸꦤꦸꦏ꧀ꦏꦺꦩꦺꦴꦩꦺꦴꦭ꧀꧈​ꦧꦶꦱꦔ꧀ꦭꦼꦩꦺꦴꦏ꧀ꦏꦺꦲꦮꦏ꧀ꦩꦸꦠꦩ꧀ꦧꦃꦏꦸꦮꦠ꧀꧉​

꧋[ꦒꦿꦥ꦳ꦶꦏ꧀] foto

꧋ꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦩꦼꦁꦒꦃꦮꦶꦕꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦼꦛꦺꦏ꧀꧈​ꦢꦔꦸꦤꦶꦁꦢꦔꦸꦥꦸꦤ꧀ꦱꦶꦩꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦭꦗꦼꦁꦲꦁꦒꦼꦒꦝꦠꦼꦁꦥꦔꦺꦴꦗꦺꦴꦑꦺꦴꦗꦺꦴꦏ꧀ꦏꦶꦁꦏꦼꦛꦺꦏ꧀ꦮꦲꦸ꧈​ꦮꦸꦱꦤꦭꦗꦼꦁꦒꦝꦃꦱꦼꦢꦾꦩꦺꦴꦁꦱꦩꦶꦠꦿꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦲꦺꦱꦥꦸꦤꦶꦏ꧉​

꧋ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦩꦭꦶꦃꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦗꦮꦶ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦤꦺꦭꦏ꧀ꦏꦏꦼꦤ꧀ꦲꦮꦺꦴꦤ꧀ꦤꦶꦁꦩꦤꦃꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦼꦛꦺꦏ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦥꦸꦤꦶꦏꦏꦭꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦼꦛꦺꦏ꧀ꦧꦝꦺꦏꦱꦶꦊꦩ꧀ꦲꦶꦁꦧꦼꦔꦮꦤ꧀ꦲꦶꦁꦮꦸꦱꦤꦭꦗꦼꦁꦏꦱꦧꦿꦁꦔꦏꦼꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦏꦸꦫ꧈​ꦱꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦼꦛꦺꦏ꧀ꦮꦲꦸꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦺꦴꦭꦗꦼꦁꦲꦒꦼꦁꦥꦤꦫꦶꦩꦃꦲꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦤꦔꦶꦁꦩꦭꦃꦏꦼꦥꦺꦔꦶꦤ꧀ꦲꦁꦒꦝꦺꦴꦩꦤꦃꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦸꦫꦮꦲꦸ꧉​

꧋ꦩꦺꦴꦁꦒꦥꦸꦤꦥꦥꦸꦤꦶꦏꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦤꦩꦲꦮꦺꦴꦤ꧀ꦩꦤꦃꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦲꦢꦽꦁꦏꦶ꧈​ꦥꦸꦤꦥꦩꦭꦶꦃꦩꦤꦃꦱꦼꦠꦾꦏ [ 430 ]ꦢꦺꦴꦱ꧀ꦢꦺꦤꦺꦱꦒꦮꦺꦴꦤ꧀ꦲꦸꦥꦩꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦏꦼꦛꦺꦏ꧀ꦧꦧꦂꦥꦶꦱꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦲꦁꦒꦝꦃꦲꦶ꧉​ꦱꦭꦃꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦭꦶꦁꦥꦫꦩꦲꦺꦴꦱ꧀ꦠꦩ꧀ꦠꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦲꦶꦧꦼꦤ꧀ꦱꦲꦭꦗꦼꦁꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦩꦏꦠꦼꦤ꧀꧇​ꦭ꧈​ꦥꦸꦤꦥꦲꦟꦺꦴꦩꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦺꦁꦔꦶꦁꦏꦮꦱ꧀ꦠꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦏꦼꦛꦺꦏ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦼꦠꦾꦱꦲꦱꦲꦺꦩꦤꦃꦲꦶꦥꦸꦤ꧀꧉​ꦎ꧈​ꦏꦮꦸꦤꦶꦁꦔꦤ꧀ꦤꦧꦶꦭꦶꦃꦯꦁꦲꦟꦺꦴꦩꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦱꦪꦼꦏ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦤꦺꦱ꧀ꦏꦼꦛꦺꦏ꧀ꦱꦗꦠꦶ꧈​ꦲꦩꦶꦭꦲꦁꦒꦝꦃꦲꦶꦗꦼꦗꦸꦭꦸꦏ꧀꧇​ꦲꦚ꧀ꦗꦤꦶꦥꦸꦠꦿ꧈​ꦠꦼꦒꦼꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦟꦺꦴꦩꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦥꦸꦠꦿꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦛꦫꦓꦸꦫꦸꦥꦠꦸꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦢꦺꦮꦶꦲꦚ꧀ꦗꦤꦶ꧌ꦩꦶꦠꦸꦫꦸꦠ꧀ꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦥꦝꦭꦁꦔꦤ꧀꧍​ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦒꦼꦒꦸꦗꦼꦁꦔꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦟꦺꦴꦩꦤ꧀ꦮꦲꦸ 1/4 ꦢꦺꦮ꧈​ 1/2 ꦩꦤꦸꦱ꧈​ꦏꦼꦛꦺꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦤꦩꦸꦁꦱꦥꦿꦥꦠ꧀ꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀꧉

꧋[ꦒꦿꦥ꦳ꦶꦏ꧀] foto

꧋ꦲꦔ꧀ꦭꦗꦼꦁꦔꦏꦼꦤ꧀ꦧꦧ꧀ꦏꦼꦛꦺꦏ꧀꧈​ꦏꦺꦮꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦧꦸꦢꦶꦥꦏꦂꦠꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦕꦼꦭꦏ꧀ꦱꦔꦼꦠ꧀ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦧꦸꦢꦶꦥꦏꦂꦠꦶꦤꦶꦁꦩꦤꦸꦱ꧈​ꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦤꦩꦸꦁꦏꦼꦛꦺꦏ꧀꧈​ꦲꦩꦶꦭꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦭꦶꦁꦱꦂꦗꦤꦭꦶꦤꦁꦏꦸꦁꦤꦩꦠꦸꦮꦤ꧀꧈​ Darwin ꦲꦤꦼꦫꦁꦔꦏꦼꦤ꧀꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃꦩꦤꦸꦱꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦏꦼꦛꦺꦏ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦤꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦲꦱꦭ꧀꧉​ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦱꦢꦪ꧈​

꧋[ꦒꦿꦥ꦳ꦶꦏ꧀] foto [ 431 ]ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦠꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦏꦤ꧀ꦚꦸꦩꦼꦉꦥ꧀ꦥꦶꦱꦮꦼꦤꦺꦃꦲꦶꦁꦥꦁꦒꦺꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦢꦸꦤꦸꦁꦤꦲꦶꦁꦏꦼꦛꦺꦏ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦔꦿꦶꦏꦸꦩꦤꦮꦶꦏꦊꦉꦱ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦼꦛꦺꦏ꧀ꦒꦝꦃꦲꦤꦏ꧀꧈​ꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦠꦩ꧀ꦠꦸꦭꦗꦼꦁꦲꦺꦔꦼꦠ꧀ꦝꦠꦼꦁꦠꦶꦪꦁꦒꦝꦃꦲꦤꦏ꧀꧉​ꦠꦶꦪꦁꦒꦝꦃꦲꦤꦏ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦩꦮꦶꦝꦸꦏꦸꦤ꧀꧈​ꦩꦮꦶꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦕꦼꦏꦺꦴꦏ꧀ꦏꦶ꧈​ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦶꦗꦼꦠ꧀ꦭꦤ꧀ꦱꦱꦩꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦩꦼꦁꦒꦃꦠꦸꦩꦿꦥ꧀ꦥꦶꦁꦏꦼꦛꦺꦏ꧀ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦲꦸꦒꦶꦕꦫꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧉​ꦧꦺꦴꦏ꧀ꦩꦤꦮꦶꦗꦭꦂꦫꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦭꦶꦁꦥꦸꦗꦺꦴꦁꦒꦌꦫꦺꦴꦥꦃꦲꦔꦁꦒꦶꦠ꧀ꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦭꦶꦁꦭꦫꦺꦲꦤꦏꦶꦁꦧꦺꦴꦁꦱꦭꦸꦲꦸꦂꦆꦁꦒꦿꦶꦱ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦠꦼꦔꦃꦲꦶꦁꦮꦤ꧈​ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦥꦸꦤꦶꦏꦤꦭꦶꦏꦧꦺꦴꦁꦱꦭꦸꦲꦸꦂꦮꦲꦸꦏꦊꦉꦱ꧀ꦊꦭꦤ꧉​ꦮꦸꦱꦤꦥꦸꦠꦿꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦕꦺꦴꦭꦺꦴꦁꦲꦶꦁꦏꦼꦛꦺꦏ꧀ꦱꦲꦭꦗꦼꦁꦏꦥꦸꦭꦱꦫꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦢꦺꦤꦺꦕꦫꦤꦶꦁꦏꦼꦛꦺꦏ꧀꧈​ꦲꦩꦶꦂꦱꦤꦤꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦠꦂꦱꦤ꧀꧉​ꦲꦶꦁꦔꦿꦶꦏꦸꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦱꦏꦼꦤ꧀꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦔꦸꦥꦏꦫꦮꦲꦸꦏꦼꦛꦺꦏ꧀ꦧꦁꦏꦺꦴꦏ꧀ꦏꦤ꧀꧈​ꦧꦺꦴꦏ꧀ꦩꦤꦮꦶꦧꦁꦱꦤꦶꦁꦒꦺꦴꦫꦶꦭꦃꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦕꦼꦛꦲꦶꦁꦒꦩ꧀ꦧꦂꦥꦸꦤꦶꦏ꧉​

꧋[ꦒꦿꦥ꦳ꦶꦏ꧀] foto

꧋ꦏꦂꦱꦤꦶꦁꦲꦸꦫꦶꦥ꧀꧈​

꧋ꦩꦤꦸꦱꦧꦶꦱꦤꦺꦮꦼꦫꦸꦃꦭꦤ꧀ꦧꦶꦱꦤꦺꦲꦩ꧀ꦧꦺꦢꦏ꧀ꦏꦏꦺꦲꦭꦭꦤ꧀ꦧꦼꦕꦶꦏ꧀꧈​ꦲꦶꦏꦸꦩꦤꦮꦲꦶꦱꦶꦃꦲꦸꦫꦶꦥ꧀꧉​

꧋ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦏꦁꦩꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴꦲꦶꦏꦸ꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦱꦶꦫꦥꦝꦤꦤ꧀ꦝꦁꦢꦺꦴꦱꦠꦸꦩꦸꦭꦶꦧꦲꦺꦩꦂꦠꦺꦴꦧꦠ꧈​ꦗꦭꦫꦤ꧀ꦱꦩꦺꦴꦁꦱꦱꦶꦫꦲꦺꦴꦫꦒꦼꦊꦩ꧀ꦠꦺꦴꦧꦠ꧀ꦤꦭꦶꦏꦲꦸꦫꦶꦥ꧀ꦥꦶꦫ꧈​ꦱꦶꦫꦲꦶꦏꦸꦥꦝꦧꦲꦺꦏꦫꦺꦴꦮꦺꦴꦁꦩꦠꦶ꧉​

Jagading Sato Kewan

besut

Nyariyosakên Bab Kêthèk.

Ing paribasan Jawi kêthèk punika saking drêngkining manahipun ngantos dipun paribasaakên, ngrampèk-ngrampèk kêthèk, kajêngipun: kêthèk punika anggènipun ngrampèk-ngrampèk inggih anggènipun badhe nyathèk, dados tiyang kêdah tansah prayitna. Ing dêdongengan Jawi kathah sangêt cariyos-cariyos ingkang nyêbutakên awon saha drêngkining manahipun kêthèk, kados ta ing ngriku kêthèk kagambarakên satunggiling titah ingkang rêmên sangêt adu-adu, saminipun nalika kêthèk angabên maesa kalihan sima. Mênggah cariyosipun cêkakan makatên: ing jaman kina kala sima dèrèng nêdha sato kewan kados samangke, ngêmungakên nêdha lalêr saha walang, wontên satunggiling sima mêmitran kalihan maesa ngantos sawatawis lami, dilalah lajêng wontên kêthèk ingkang nyetani dhatêng sima wau, wicantênipun: can, can, kowe kuwi bodho têmên mêmitran karo kêbo, paedahmu apa, kowe sato galak kang kajèn keringan, kewan sajroning alas padha kêkês wingwrin marang kowe, prasasat kowe ratuning buron alas kabèh, jêbul doyanamu lalêr utawa walang kang luwih rèmèh, yèn bêngi coplak-capluk mangani lêmut, măngsa warêg-warêga kowe, apa ora bêcik mangan sing wis cumêpak, kêbo kuwi panganên, daginge êmpuk anggajih, punuke momol, bisa nglêmokke awakmu tambah kuat.

[Grafik]

Makatên mênggah wicantênipun kêthèk, danguning dangu pun sima inggih lajêng anggêga dhatêng pangojok-ojoking kêthèk wau, wusana lajêng gadhah sêdya măngsa mitranipun maesa punika.

Wontên malih cariyos Jawi, ingkang anelakakên awoning manahipun kêthèk, inggih punika kala wontên kêthèk badhe kasilêm ing bêngawan ing wusana lajêng kasabrangakên dening kura, sasampunipun kêthèk wau botên ko lajêng agêng panarimahipun, ananging malah kêpengin anggadho manahipun kura wau.

Măngga punapa punika botên nama awon manahipun saha drêngki, punapa malih manah sêtya kadosdene sagawon upaminipun, kêthèk babar pisan botên anggadhahi. Salah satunggiling para maos tamtunipun wontên ingkang maibên saha lajêng ngandika makatên: lha, punapa Anoman punika botên kenging kawastanan kêthèk ingkang sêtya saha sae manahipun. O, kawuningana bilih Sang Anoman punika sayêktosipun sanès kêthèk sajati, amila anggadhahi jêjuluk: Anjaniputra, têgêsipun, Anoman punika putranipun Bathara Guru patutan kalihan Dèwi Anjani (miturut cariyos padhalangan) dados gêgujênganipun Anoman wau 1/4 dewa, 1/2 manusa, kêthèkipun namung saprapat kemawon.

[Grafik]

Anglajêngakên bab kêthèk, kewan ingkang budi pakartinipun cêlak sangêt kalihan budi pakartining manusa, punika inggih namung kêthèk, amila wontên satunggiling sarjana linangkung nama Tuwan Darwin anêrangakên, bilih manusa kalihan kêthèk punika nunggil asal. Kados panjênêngan sadaya,

[Grafik]

ingkang sampun sami tindakan nyumêrêpi sawênèhing panggenan ingkang dipun dunungi ing kêthèk, ing ngriku manawi kalêrês wontên kêthèk gadhah anak, panjênêngan tamtu lajêng èngêt dhatêng tiyang gadhah anak. Tiyang gadhah anak punika mawi dhukun, mawi dipun cêkoki, dipun pijêt lan sasaminipun, mênggah tumraping kêthèk inggih makatên ugi caranipun. Bokmanawi jalaran saking makatên punika, lajêng wontên satunggiling pujăngga Eropah anganggit cariyos satunggiling lare anaking băngsa luhur Inggris ingkang miyosipun wontên ing satêngahing wana, inggih punika nalika băngsa luhur wau kalêrês lêlana. Wusana putranipun kacolong ing kêthèk saha lajêng kapulasara kadosdene caraning kêthèk, amirsanana cariyos Tarsan. Ing ngriku kacariyosakên, bilih ingkang ngupakara wau kêthèk bangkokan, bokmanawi bangsaning gorilah kados ingkang kacêtha ing gambar punika.

[Grafik]

Karsaning Urip

besut

Manusa bisane wêruh lan bisane ambedakake ala lan bêcik, iku manawa isih urip.

Awit kang mangkono iku, yèn sira padha nandhang dosa tumuli bae martobata, jalaran samăngsa sira ora gêlêm tobat nalika uripira, sira iku padha bae karo wong mati.

[ 431 ]ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦠꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦏꦤ꧀ꦚꦸꦩꦼꦉꦥ꧀ꦥꦶꦱꦮꦼꦤꦺꦃꦲꦶꦁꦥꦁꦒꦺꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦢꦸꦤꦸꦁꦤꦲꦶꦁꦏꦼꦛꦺꦏ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦔꦿꦶꦏꦸꦩꦤꦮꦶꦏꦊꦉꦱ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦼꦛꦺꦏ꧀ꦒꦝꦃꦲꦤꦏ꧀꧈​ꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦠꦩ꧀ꦠꦸꦭꦗꦼꦁꦲꦺꦔꦼꦠ꧀ꦝꦠꦼꦁꦠꦶꦪꦁꦒꦝꦃꦲꦤꦏ꧀꧉​ꦠꦶꦪꦁꦒꦝꦃꦲꦤꦏ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦩꦮꦶꦝꦸꦏꦸꦤ꧀꧈​ꦩꦮꦶꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦕꦼꦏꦺꦴꦏ꧀ꦏꦶ꧈​ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦶꦗꦼꦠ꧀ꦭꦤ꧀ꦱꦱꦩꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦩꦼꦁꦒꦃꦠꦸꦩꦿꦥ꧀ꦥꦶꦁꦏꦼꦛꦺꦏ꧀ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦲꦸꦒꦶꦕꦫꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧉​ꦧꦺꦴꦏ꧀ꦩꦤꦮꦶꦗꦭꦂꦫꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦭꦶꦁꦥꦸꦗꦺꦴꦁꦒꦌꦫꦺꦴꦥꦃꦲꦔꦁꦒꦶꦠ꧀ꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦭꦶꦁꦭꦫꦺꦲꦤꦏꦶꦁꦧꦺꦴꦁꦱꦭꦸꦲꦸꦂꦆꦁꦒꦿꦶꦱ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦠꦼꦔꦃꦲꦶꦁꦮꦤ꧈​ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦥꦸꦤꦶꦏꦤꦭꦶꦏꦧꦺꦴꦁꦱꦭꦸꦲꦸꦂꦮꦲꦸꦏꦊꦉꦱ꧀ꦊꦭꦤ꧉​ꦮꦸꦱꦤꦥꦸꦠꦿꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦕꦺꦴꦭꦺꦴꦁꦲꦶꦁꦏꦼꦛꦺꦏ꧀ꦱꦲꦭꦗꦼꦁꦏꦥꦸꦭꦱꦫꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦢꦺꦤꦺꦕꦫꦤꦶꦁꦏꦼꦛꦺꦏ꧀꧈​ꦲꦩꦶꦂꦱꦤꦤꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦠꦂꦱꦤ꧀꧉​ꦲꦶꦁꦔꦿꦶꦏꦸꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦱꦏꦼꦤ꧀꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦔꦸꦥꦏꦫꦮꦲꦸꦏꦼꦛꦺꦏ꧀ꦧꦁꦏꦺꦴꦏ꧀ꦏꦤ꧀꧈​ꦧꦺꦴꦏ꧀ꦩꦤꦮꦶꦧꦁꦱꦤꦶꦁꦒꦺꦴꦫꦶꦭꦃꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦕꦼꦛꦲꦶꦁꦒꦩ꧀ꦧꦂꦥꦸꦤꦶꦏ꧉​

꧋[ꦒꦿꦥ꦳ꦶꦏ꧀] foto

꧋ꦏꦂꦱꦤꦶꦁꦲꦸꦫꦶꦥ꧀꧈​

꧋ꦩꦤꦸꦱꦧꦶꦱꦤꦺꦮꦼꦫꦸꦃꦭꦤ꧀ꦧꦶꦱꦤꦺꦲꦩ꧀ꦧꦺꦢꦏ꧀ꦏꦏꦺꦲꦭꦭꦤ꧀ꦧꦼꦕꦶꦏ꧀꧈​ꦲꦶꦏꦸꦩꦤꦮꦲꦶꦱꦶꦃꦲꦸꦫꦶꦥ꧀꧉​

꧋ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦏꦁꦩꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴꦲꦶꦏꦸ꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦱꦶꦫꦥꦝꦤꦤ꧀ꦝꦁꦢꦺꦴꦱꦠꦸꦩꦸꦭꦶꦧꦲꦺꦩꦂꦠꦺꦴꦧꦠ꧈​ꦗꦭꦫꦤ꧀ꦱꦩꦺꦴꦁꦱꦱꦶꦫꦲꦺꦴꦫꦒꦼꦊꦩ꧀ꦠꦺꦴꦧꦠ꧀ꦤꦭꦶꦏꦲꦸꦫꦶꦥ꧀ꦥꦶꦫ꧈​ꦱꦶꦫꦲꦶꦏꦸꦥꦝꦧꦲꦺꦏꦫꦺꦴꦮꦺꦴꦁꦩꦠꦶ꧉​

Pantês Sinudarsana

besut

Sêsorahipun Tuwan Pringgasantika dhatêng Para Waris ingkang Sami Atur Wilujêng Kala Badhe Bidhalipun Sujarah Dhatêng ing Tanah Mêkah.

(Sambêtipun Kajawèn ăngka 25)

Anglajêngakên sêsorahipun Tuwan Pringgasantika, juru sabda anyariyosakên, bilih saking babagan tiga kasêbut nginggil, punika sadaya sami ngêmu raos: kêdah ngangge cara lan bahasanipun piyambak, kados ta: cara-caraning sato kewan, manusa, kêkajêngan, padamêlan lan sapanunggilanipun, punika sadaya sami ngangge cara lan bahasanipun piyambak-piyambak, têgêsipun botên ngangge parentahing sanès, ingkang makatên wau sami kemawon kukumipun angêmban dhawuhing Gusti Allah lan badhe tampi ganjaranipun. Sarta malih ing dalêm Kitab Kikam wontên ingkang nyêbutakên: Sing sapa nuduhake swarganing liyan, satêmêne nuduhake narakane dhewe. Saking sakawan bab kados ingkang kasbut nginggil wau, kados-kados sampun kenging kangge ular-ular sangunipun ngagêsang, namung kantun gumantung dhatêng ingkang sami nampi, têgêsipun namung sumarah dhatêng para ingkang sami wontên ing ngriku sadaya. Jalaran wahananipun ingkang ăngka 1 wau lajêng rêmên kêmpal dhatêng sasami, migunakakên akal warni-warni, murih saya angrakêtakên anggèning pawong mitran, mênggah wahananipun ingkang ăngka 2 wau, lajêng sagêd kasinungan watak srêgêp ing damêl ingkang anjalari untunging badan saha kiyating raga. Dene ingkang ăngka 3 mahanani makatên: salêbêtipun tinitah dados tiyang mlarat, têmbung mlarat wau katampia ngantos mangêrtos sayêktos, inggih punika, rèhning têmbung mlarat wau raosipun ambêkta raos sajak sarwi kirang dados lajêng samia tumindak angirit-irit, kados ta: manawi enjing botên nêdha sarapan, wanci dalu botên masang lampu ananging narimah sênthir kemawon, makatên ugi botên nêdha, manawi dèrèng karaos ngêlih, botên ngombe, yèn dèrèng karaos ngêlak, makatên sapiturutipun, ngantos sagêda karaos kadosdene tiyang sugih tur kanthi wilujêng. Dene ăngka 4 anêdahakên kautamanipun têtiyang Jawi ingkang taksih anglêluri kalungidan, kalukitan, lan kagunan sanèsipun ingkang gêgayutan kalihan tata caraning kabangsan Jawi. Sarampungipun anggèning sêsorah lajêng kawaosakên donga: slamêt. Bibaran.

Warasutina ing Gowag.

Kaparênga tumuntên mundhut - namung kantun sakêdhik.

Gambar Dalêm Ingkang Wicaksana Gupêrnur Jendral Jhr. Mr. A.C.D. de Graeff

Dalancangipun kandêl, garapanipun adi. Rêginipun salêmbar namung f 0.10, nanging sakêdhik-sakêdhikipun kêdah mundhut 25 lêmbar.

[ 432 ]꧋ꦥꦤ꧀ꦠꦼꦱ꧀ꦱꦶꦤꦸꦢꦂꦱꦤ

꧋ꦱꦺꦴꦱꦺꦴꦫꦃꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ ꦠꦸꦮꦤ꧀ ꦦꦿꦶꦁꦒꦱꦤ꧀ꦠꦶꦏꦝꦠꦼꦁꦥꦫꦮꦫꦶꦱ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩꦶꦲꦠꦸꦂꦮꦶꦭꦸꦗꦼꦁꦏꦭꦧꦝꦺꦧꦶꦝꦭ꧀ꦭꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦸꦗꦫꦃꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦠꦤꦃꦩꦼꦏꦃ꧉​

(ꦱꦩ꧀ꦧꦼꦠ꧀ꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ ꦏꦗꦮꦺꦤ꧀ꦮ꧀ꦢꦁꦏ 25)

꧋ꦲꦔ꧀ꦭꦗꦼꦁꦔꦏꦼꦤ꧀ꦱꦺꦴꦱꦺꦴꦫꦃꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦸꦮꦤ꧀ꦥꦿꦶꦁꦒꦱꦤ꧀ꦠꦶꦏ꧈​ꦗꦸꦫꦸꦱꦧ꧀ꦢꦲꦚꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦱꦏꦼꦤ꧀꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃꦱꦏꦶꦁꦧꦧꦒꦤ꧀ꦠꦶꦒꦏꦱꦼꦧꦸꦠ꧀ꦔꦶꦁꦒꦶꦭ꧀꧈​ꦥꦸꦤꦶꦏꦱꦢꦪꦱꦩꦶꦔꦼꦩꦸꦫꦲꦺꦴꦱ꧀꧇​ꦏꦼꦢꦃꦔꦁꦒꦺꦕꦫꦭꦤ꧀ꦧꦲꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀꧈​ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦠ꧇​ꦕꦫꦕꦫꦤꦶꦁꦱꦠꦺꦴꦏꦺꦮꦤ꧀꧈​ꦩꦤꦸꦱ꧈​ꦏꦏꦗꦼꦔꦤ꧀꧈​ꦥꦢꦩꦼꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦭꦤ꧀ꦱꦥꦤꦸꦁꦒꦶꦭꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦥꦸꦤꦶꦏꦱꦢꦪꦱꦩꦶꦔꦁꦒꦺꦕꦫꦭꦤ꧀ꦧꦲꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀ꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀꧈​ꦠꦼꦒꦼꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦔꦁꦒꦺꦥꦫꦺꦤ꧀ꦠꦃꦲꦶꦁꦱꦤꦺꦱ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦮꦲꦸꦱꦩꦶꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀ꦏꦸꦏꦸꦩ꧀ꦩꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦔꦼꦩ꧀ꦧꦤ꧀ꦝꦮꦸꦃꦲꦶꦁꦓꦸꦱ꧀ꦠꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃꦭꦤ꧀ꦧꦝꦺꦠꦩ꧀ꦥꦶꦒꦚ꧀ꦗꦂꦫꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧉​ꦱꦂꦠꦩꦭꦶꦃꦲꦶꦁꦢꦊꦩ꧀ꦏꦶꦠꦧ꧀ꦏꦶꦏꦩ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦚꦼꦧꦸꦠ꧀ꦠꦏꦼꦤ꧀꧇​ꦱꦶꦁꦱꦥꦤꦸꦢꦸꦃꦲꦏꦺꦱ꧀ꦮꦂꦒꦤꦶꦁꦭꦶꦪꦤ꧀꧈​ꦱꦠꦼꦩꦼꦤꦺꦤꦸꦢꦸꦃꦲꦏꦺꦤꦫꦏꦤꦺꦝꦺꦮꦺ꧉​ꦱꦏꦶꦁꦱꦏꦮꦤ꧀ꦧꦧ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦱ꧀ꦧꦸꦠ꧀ꦔꦶꦁꦒꦶꦭ꧀ꦮꦲꦸ꧈​ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦺꦁꦔꦶꦁꦏꦁꦒꦺꦲꦸꦭꦂꦲꦸꦭꦂꦱꦔꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦔꦒꦼꦱꦁ꧈​ꦤꦩꦸꦁꦏꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦒꦸꦩꦤ꧀ꦠꦸꦁꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩꦶꦤꦩ꧀ꦥꦶ꧈​ꦠꦼꦒꦼꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦤꦩꦸꦁꦱꦸꦩꦫꦃꦝꦠꦼꦁꦥꦫꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩꦶꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦿꦶꦏꦸꦱꦢꦪ꧉​ꦗꦭꦫꦤ꧀ꦮꦃꦲꦤꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦮ꧀ꦢꦁꦏ 1 ꦮꦲꦸꦭꦗꦼꦁꦉꦩꦼꦤ꧀ꦏꦼꦩ꧀ꦥꦭ꧀ꦝꦠꦼꦁꦱꦱꦩꦶ꧈​ꦩꦶꦒꦸꦤꦏ꧀ꦏꦏꦼꦤ꧀ꦲꦏꦭ꧀ꦮꦂꦤꦶꦮꦂꦤꦶ꧈​ꦩꦸꦫꦶꦃꦱꦪꦲꦔꦿꦏꦼꦠ꧀ꦠꦏꦼꦤ꧀ꦲꦁꦒꦺꦤ꧀ꦤꦶꦁꦥꦮꦺꦴꦁꦩꦶꦠꦿꦤ꧀꧈​ꦩꦼꦁꦒꦃꦮꦃꦲꦤꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦮ꧀ꦢꦁꦏ 2 ꦮꦲꦸ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦱꦒꦼꦢ꧀ꦏꦱꦶꦤꦸꦁꦔꦤ꧀ꦮꦠꦏ꧀ꦱꦽꦒꦼꦥ꧀ꦲꦶꦁꦢꦩꦼꦭ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦚ꧀ꦗꦭꦫꦶꦲꦸꦤ꧀ꦠꦸꦁꦔꦶꦁꦧꦢꦤ꧀ꦱꦲꦏꦶꦪꦠ꧀ꦠꦶꦁꦫꦒ꧉​ꦢꦺꦤꦺꦲꦶꦁꦏꦁꦮ꧀ꦢꦁꦏ 3 ꦩꦃꦲꦤꦤꦶꦩꦏꦠꦼꦤ꧀꧇​ꦱꦊꦧꦼꦠ꧀ꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦤꦶꦠꦃꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦠꦶꦪꦁꦩ꧀ꦭꦫꦠ꧀꧈​ꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁꦩ꧀ꦭꦫꦠ꧀ꦮꦲꦸꦏꦠꦩ꧀ꦥꦶꦪꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦩꦔꦼꦂꦠꦺꦴꦱ꧀ꦱꦪꦼꦏ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦥꦸꦤꦶꦏ꧈​ꦫꦺꦃꦤꦶꦁꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁꦩ꧀ꦭꦫꦠ꧀ꦮꦲꦸꦫꦲꦺꦴꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦩ꧀ꦧꦼꦏ꧀ꦠꦫꦲꦺꦴꦱ꧀ꦱꦗꦏ꧀ꦱꦂꦮꦶꦏꦶꦫꦁꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦭꦗꦼꦁꦱꦩꦶꦪꦠꦸꦩꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦲꦔꦶꦫꦶꦛꦶꦫꦶꦠ꧀꧈​ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦠ꧇​ꦩꦤꦮꦶꦲꦺꦚ꧀ꦗꦶꦁꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦤꦼꦝꦱꦫꦥꦤ꧀꧈​ꦮꦚ꧀ꦕꦶꦢꦭꦸꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦩꦱꦁꦭꦩ꧀ꦥꦸꦲꦤꦁꦔꦶꦁꦤꦫꦶꦩꦃꦱꦼꦤ꧀ꦛꦶꦂꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦲꦸꦒꦶꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦤꦼꦝ꧈​ꦩꦤꦮꦶꦢꦺꦫꦺꦁꦏꦫꦲꦺꦴꦱ꧀ꦔꦼꦭꦶꦃ꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦔꦺꦴꦩ꧀ꦧꦺ꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦢꦺꦫꦺꦁꦏꦫꦲꦺꦴꦱ꧀ꦔꦼꦭꦏ꧀꧈​ꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦱꦥꦶꦠꦸꦫꦸꦠ꧀ꦠꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦱꦒꦼꦢꦏꦫꦲꦺꦴꦱ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦢꦺꦤꦺꦠꦶꦪꦁꦱꦸꦒꦶꦃꦠꦸꦂꦏꦤ꧀ꦛꦶꦮꦶꦭꦸꦗꦼꦁ꧉​ꦢꦺꦤꦺꦮ꧀ꦢꦁꦏ 4 ꦲꦤꦼꦢꦃꦲꦏꦼꦤ꧀ꦏꦲꦸꦠꦩꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦠꦶꦪꦁꦗꦮꦶꦲꦶꦁꦏꦁꦠꦏ꧀ꦱꦶꦃꦲꦁꦔꦲꦸ꧀ꦭꦸꦫꦶꦏꦭꦸꦔꦶꦢ꧀ꦢꦤ꧀꧈​ꦏꦭꦸꦏꦶꦠꦤ꧀꧈​ꦭꦤ꧀ꦏꦒꦸꦤꦤ꧀ꦱꦤꦺꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦒꦒꦪꦸꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦠꦠꦕꦫꦤꦶꦁꦏꦧꦁꦱꦤ꧀ꦗꦮꦶ꧉​ꦱꦫꦩ꧀ꦥꦸꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦁꦒꦺꦤ꧀ꦤꦶꦁꦱꦼꦱꦺꦴꦫꦃꦭꦗꦼꦁꦏꦮꦲꦺꦴꦱ꧀ꦱꦏꦼꦤ꧀ꦢꦺꦴꦔ꧇​ꦱ꧀ꦭꦩꦼꦠ꧀꧉​ꦧꦶꦧꦂꦫꦤ꧀꧉​

꧋ꦮꦫꦯꦸꦠꦶꦤꦲꦶꦁꦒꦺꦴꦮꦒ꧀꧈​​

꧋ꦏꦥꦉꦁꦔꦠꦸꦩꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦩꦸꦤ꧀ꦝꦸꦠ꧀꧈​ꦤꦩꦸꦁꦏꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦱꦏꦼꦝꦶꦏ꧀

꧋ꦒꦩ꧀ꦧꦂꦢꦊꦩ꧀ꦆꦁꦏꦁꦮꦶꦕꦏ꧀ꦱꦤꦒꦸꦥꦼꦂꦤꦸꦂꦗꦺꦤ꧀ꦢꦿꦭ꧀ Jhr. Mr. A.C.D. de Graeff

꧋ꦢꦭꦚ꧀ꦕꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀꧈​ꦒꦫꦥꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦢꦶ꧉​ꦫꦼꦒꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦊꦩ꧀ꦧꦂꦤꦩꦸꦁ f 0.10꧈​ ꦤꦔꦶꦁꦱꦏꦼꦝꦶꦏ꧀ꦱꦏꦼꦝꦶꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦼꦢꦃꦩꦸꦤ꧀ꦝꦸꦠ꧀ 25 ꦊꦩ꧀ꦧꦂ꧉

Ulahraga

besut

[Grafik]

Ulahraga main putbal, punika mèh ing pundi-pundi wontên, punika anandhakakên bilih manjing dados kasênênganing ngakathah. Sabên nuju têtandhingan, ingkang aningali kathah sangêt, saya manawi ingkang têtandhingan wau sami golongan misuwur utawi mêmêngsahan nagari sanès, wah, ing ngriku untaping tiyang ngantos anggêgirisi. Dèrèng watawis dangu nagari Walandi mêntas tandhingan kalihan Bèlgi wontên ing Amsêtêrdham. Lah ing ngriku para maos sagêd ngintên piyambak dhatêng ombyakipun têtiyang ingkang sami ningali, papan ingkang wiyar sangêt ngantos bêntêt, sasat alun ngêlêbi dharatan.

[Iklan]

[ 433 ]꧋ꦲꦸꦭꦃꦫꦒ꧉​

꧋ꦲꦸꦭꦃꦫꦒꦩꦲꦶꦤ꧀ꦥꦸꦠ꧀ꦧꦭ꧀꧈​ꦥꦸꦤꦶꦏꦩꦺꦃꦲꦶꦁꦥꦸꦤ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦢꦶꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀꧈​ꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦤꦤ꧀ꦝꦏ꧀ꦏꦏꦼꦤ꧀ꦧꦶꦭꦶꦃꦩꦚ꧀ꦗꦶꦁꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦏꦱꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦤꦶꦁꦔꦏꦛꦃ꧉​ꦱꦧꦼꦤ꧀ꦤꦸꦗꦸꦠꦼꦠꦤ꧀ꦝꦶꦁꦔꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦤꦶꦁꦔꦭ꧀ꦭꦶꦏꦛꦃꦱꦔꦼꦠ꧀꧈​ꦱꦪꦩꦤꦮꦶꦲꦶꦁꦏꦁꦠꦠꦤ꧀ꦝꦶꦁꦔꦤ꧀ꦮꦲꦸꦱꦩꦶꦒꦺꦴꦭꦺꦴꦁꦔꦤ꧀ꦩꦶꦱꦸꦮꦸꦂꦲꦸꦠꦮꦶꦩꦼꦩꦼꦁꦱꦃꦲꦤ꧀ꦤꦒꦫꦶꦱꦤꦺꦱ꧀꧈​ꦮꦃ꧈​ꦲꦶꦁꦔꦿꦶꦏꦸꦲꦸꦤ꧀ꦠꦥ꧀ꦥꦶꦁꦠꦶꦪꦁꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦲꦁꦒꦶꦒꦶꦫꦶꦱ꧀ꦱꦶ꧉​ꦢꦺꦫꦺꦁꦮꦠꦮꦶꦱ꧀ꦢꦔꦸꦤꦒꦫꦶꦮꦭꦤ꧀ꦢꦶꦩꦼꦤ꧀ꦠꦱ꧀ꦠꦤ꧀ꦝꦶꦁꦔꦤ꧀ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦧꦺꦭ꧀ꦒꦶꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁ ꦄꦩ꧀ꦱꦼꦠꦼꦂꦝꦩ꧀꧉​ ꦭꦃꦲꦶꦁꦔꦿꦶꦏꦸꦥꦫꦩꦲꦺꦴꦱ꧀ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦔꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀ꦝꦠꦼꦁꦲꦺꦴꦩ꧀ꦧꦾꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩꦶꦤꦶꦔꦭ꧀ꦭꦶ꧈​ꦥꦥꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦶꦪꦂꦱꦔꦼꦠ꧀ꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦧꦼꦤ꧀ꦠꦼꦠ꧀꧈​ꦱꦱꦠ꧀ꦲꦭꦸꦤ꧀ꦔꦼꦊꦧꦶꦝꦫꦠ꧀ꦠꦤ꧀꧉​ [ 434 ]

꧋ꦉꦩ꧀ꦧꦒ꧀ꦒꦶꦥꦸꦤ꧀ ꦦꦺꦠꦿꦸꦏ꧀ ꦭꦤ꧀ ꦓꦫꦺꦁ꧈
ꦧꦧ꧀ꦮꦶꦱꦲꦶꦁꦱꦊꦧꦼꦠ꧀ꦠꦶꦁꦱꦠ꧉​

꧋ꦦꦺꦠꦿꦸꦏ꧀꧇​(ꦲꦤ꧀ꦝꦤ꧀ꦝꦁꦒꦸꦭ) ꧄ ꦲꦥꦲꦤꦲꦺꦏ꧀ꦏꦺꦮꦺꦴꦁꦲꦸꦫꦶꦥ꧀꧈​ꦲꦺꦱꦸꦏ꧀ꦲꦺꦱꦸꦏ꧀ꦲꦚꦁꦏꦶꦁꦠꦼꦒꦼꦱ꧀ꦱꦤ꧀꧈​ꦠꦼꦒꦼꦱ꧀ꦱꦤ꧀ꦏ꧀ꦭꦺꦴꦧꦺꦴꦠ꧀ꦮꦸꦱ꧀ꦔꦼꦤ꧀ꦝꦺꦴꦒ꧀꧈​ꦕꦶꦤꦁꦏꦶꦁꦏꦩ꧀ꦧꦶꦩ꧀ꦭꦏꦸ꧈​ꦥꦔꦸꦢꦸꦠ꧀ꦠꦺꦩꦼꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦏ꧀ꦤꦁꦏꦿꦶꦁ꧈​ꦩꦼꦛꦺꦴꦁꦏꦿꦺꦴꦁꦫꦺꦪꦥꦿꦺꦪꦥ꧀꧈​ꦩꦼꦤ꧀ꦢꦺꦴꦔꦺꦴꦏ꧀ꦩꦤ꧀ꦝꦸꦮꦸꦂ꧈​ꦱꦸꦥꦪꦲꦩ꧀ꦧꦸꦤꦺꦱꦸꦢ꧈​ꦕꦶꦭꦏꦤꦺꦩꦤꦮꦲꦸꦢꦸꦠ꧀ꦠꦺꦩꦠꦶ꧈​ꦒꦼꦭꦱꦏ꧀ꦱꦪꦃꦲꦶꦫ꧈​꧈​ ꧄ ꧈​

꧋ꦓꦫꦺꦁ: ꦮꦶꦱ꧀ꦥꦚ꧀ꦕꦺꦤ꧀ꦮꦶꦱ꧀ꦲꦺꦴꦫꦲꦸꦫꦸꦱ꧀ꦠꦼꦩꦼꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦏꦺꦴꦮꦺꦏꦸꦮꦶ꧈​ꦠꦿꦸꦏ꧀꧈​ꦠꦿꦸꦏ꧀꧉​ꦲꦁꦒꦺꦴꦤ꧀ꦩꦸꦩꦔꦺꦫꦤ꧀ꦩꦫꦁꦩꦱ꧀ꦔꦤ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦏ꧀ꦭꦺꦭꦺꦠ꧀ꦏꦸꦮꦶꦏꦺꦴꦏ꧀ꦱꦪꦏꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂ꧈​ꦢꦭꦱ꧀ꦱꦤ꧀ꦲꦁꦒꦺꦴꦤ꧀ꦩꦸꦭꦒꦶꦲꦤ꧀ꦝꦸꦮꦭꦺꦴꦭꦺꦴꦏꦫꦺꦴꦲꦸꦢꦸꦠ꧀ꦧꦲꦺꦏꦺꦴꦏ꧀ꦢꦶꦠꦼꦩ꧀ꦧꦁꦔꦏꦺ꧈​ꦩꦸꦭꦤꦺꦱꦲꦶꦏꦶꦥꦫꦢꦺꦮꦲꦺꦴꦫꦥꦝꦠꦸꦩꦸꦫꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦂꦕꦥꦢꦏꦸꦮꦶꦏꦶꦫꦏꦸꦩꦂꦒꦒꦶꦭꦱꦏꦥꦁꦒꦮꦺꦩꦸꦏꦸꦮꦶ꧈​ꦏꦪꦏꦪꦲꦒꦩꦧꦲꦺꦫꦏ꧀ꦲꦶꦪꦔ꧀ꦭꦫꦁꦔꦶꦲꦗꦲꦸꦢꦸꦠ꧀ꦪꦺꦤ꧀ꦭꦒꦶꦥꦶꦤꦸꦗꦸꦲꦩ꧀ꦧꦼꦧꦸꦮꦁ꧉​

꧋ꦦꦺꦠꦿꦸꦏ꧀꧇​ꦤꦺꦏ꧀ꦢꦏ꧀ꦱꦮꦁꦱꦮꦁ꧈​ꦏꦁꦒꦺꦴꦫꦺꦁꦏꦶꦪꦶꦏꦪꦏꦪꦢꦸꦫꦸꦁꦥꦠꦶꦠꦸꦮ꧈​ꦲꦤꦔꦶꦁꦲꦁꦒꦺꦴꦤꦺꦗꦸꦮꦺꦃꦏꦺꦴꦏ꧀ꦔꦸꦁꦏꦸꦭ꧀ꦲꦸꦁꦏꦸꦭ꧀ꦭꦶꦮꦺꦴꦁꦱꦶꦁꦮꦶꦱ꧀ꦢꦶꦥꦼꦤ꧀ꦝꦼꦩ꧀ꦏꦥꦠ꧀ꦱꦱꦸꦂꦠꦲꦸꦤ꧀ꦭꦮꦱ꧀ꦱꦺ꧉​

꧋ꦓꦫꦺꦁ꧇​ꦭꦏꦸꦮꦶꦤꦺꦏ꧀ꦧꦁꦱꦤꦶꦁꦏꦲꦸꦩ꧀ꦏꦸꦝꦃ꧈​ꦤꦺꦏ꧀ꦮꦶꦱ꧀ꦔꦸꦤꦺꦤ꧀ꦤꦶꦲꦸꦮꦺꦴꦁꦔꦁꦒꦺꦴꦱꦮꦶꦪꦃꦮꦶꦪꦃ꧉​

꧋ꦦꦺꦠꦿꦸꦏ꧀꧇​ꦱꦶꦁꦲꦺꦴꦫꦗꦼꦤ꧀ꦠꦸꦁꦉꦩ꧀ꦥꦼꦭꦸꦤꦺꦧꦲꦺꦱꦥ꧈​ꦮꦺꦴꦁꦲꦸꦢꦸꦢ꧀ꦧꦲꦺꦢꦶꦪꦸꦤꦺꦑꦏꦺꦩꦔꦺꦫꦤ꧀ꦩꦫꦁꦏ꧀ꦭꦺꦭꦺꦠ꧀꧉​ꦲꦶꦁꦩꦺꦴꦁꦏꦫꦸꦩꦱꦏꦸꦲꦸꦢꦸꦠ꧀ꦏꦸꦮꦶꦏꦼꦤꦢꦶꦪꦫꦤ꧀ꦤꦶꦏꦼꦩ꧀ꦧꦁꦔꦺꦥꦗꦒꦺꦴꦁꦔꦤ꧀꧈​ꦠꦤ꧀ꦝꦤꦺꦤꦺꦏ꧀ꦤꦁꦝꦪꦺꦴꦃꦲꦤ꧀ꦱꦸꦒꦸꦃꦲꦤꦺꦚꦩꦶꦏ꧀ꦏꦤ꧀ꦢꦸꦫꦸꦁꦢꦶꦮꦼꦠꦺꦴꦑꦏꦺ꧈​ꦝꦪꦺꦴꦃꦲꦺꦥꦝꦭꦶꦁꦒꦶꦃꦲꦩꦼꦩ꧀ꦧꦲꦺ꧈​ꦏꦸꦮꦶꦱꦗꦏꦺꦏꦺꦴꦏ꧀ꦱꦼꦥꦶꦩꦩꦿꦶꦁ꧈​ꦱꦺꦗꦺꦏꦫꦺꦴꦤꦺꦏ꧀ꦝꦪꦺꦴꦃꦲꦺꦥꦝꦲꦸꦢꦸꦠ꧀ꦱ꧀ꦭꦼꦤ꧀ꦛꦂꦱ꧀ꦭꦼꦤ꧀ꦛꦶꦂ꧈​ꦏꦸꦮꦶꦔꦼꦔꦽꦁꦔꦺꦱꦗꦏ꧀ꦏꦺꦏꦪꦥꦧꦿꦶꦏ꧀ꦒꦸꦭꦭꦒꦶꦥꦶꦤꦸꦗꦸꦲꦁꦒꦶꦭꦶꦁ꧉​

꧋ꦓꦫꦺꦁ꧇​ꦲꦼꦩ꧀꧈​ꦥꦤꦼꦩꦸꦤꦺꦱꦶꦦꦺꦠꦿꦸꦏ꧀ꦏꦶꦏꦺꦴꦏ꧀ꦏꦪꦧꦺꦴꦕꦃꦱꦶꦁꦢꦶꦭꦲꦶꦂꦫꦏꦺꦱꦺꦱꦸꦏ꧀ꦲꦼꦩ꧀ꦧꦺꦤ꧀꧉​

꧋ꦦꦺꦠꦿꦸꦏ꧀꧇​ꦔꦸꦤꦺꦤ꧀ꦤꦶꦏꦛꦶꦏ꧀ꦱꦒꦼꦊꦩ꧀ꦒꦼꦊꦩ꧀꧈​ꦠꦸꦗꦸꦤꦺꦥꦽꦤꦃꦠꦸꦮ꧈​ꦢꦢꦶꦏꦸꦢꦸꦠꦏ꧀ꦲꦗꦶꦲꦗꦶ꧈​ꦲꦗꦲꦔꦺꦴꦤꦺꦴ꧈​ꦏꦺꦴꦮꦺꦫꦏ꧀ꦢꦏ꧀ꦲꦸꦤꦺꦑꦏꦺ꧈​ꦮꦺꦴꦁꦏꦸꦫꦁꦲꦗꦂꦲꦺꦴꦫꦲꦶꦝꦼꦥ꧀ꦧꦼꦤꦼꦂ꧉​ꦩꦫꦗꦗꦭ꧀ꦲꦏꦸꦱꦲꦶꦏꦶꦲꦮꦺꦃꦲꦤꦮꦼꦫꦸꦃꦏꦁꦢꦢꦶꦲꦭꦁꦔꦤ꧀ꦤꦺꦮꦺꦴꦁꦲꦸꦢꦸꦢ꧀ꦏꦸꦮꦶꦲꦥ꧉​

꧋ꦫꦺꦁ꧇​ꦩꦶꦠꦸꦫꦸꦠ꧀ꦥꦥꦿꦶꦏ꧀ꦱꦤꦺꦥꦫꦲꦃꦭꦶ꧈​ꦲꦶꦁꦢꦊꦩ꧀ꦧꦏꦺꦴꦒꦫꦶꦁ 100 G. ꦏꦸꦮꦶꦲꦤꦫꦕꦸꦤꦺ 2 G. ꦏꦁꦩꦤ꧀ꦢꦶꦧꦔꦼꦠ꧀ꦭꦤ꧀ꦧꦶꦱꦒꦮꦺꦥꦠꦶꦤꦶꦁꦮꦺꦴꦁ꧈​ꦲꦩꦂꦒꦩꦤ꧀ꦢꦶꦤꦶꦁꦮꦶꦱꦤꦺꦩꦲꦸ꧈​ꦔ꧀ꦭꦸꦮꦶꦃꦲꦶꦩꦤ꧀ꦢꦶꦤꦶꦁꦮꦫꦁꦔꦤ꧀ꦲꦸꦠꦮꦮꦶꦱꦭꦶꦪꦭꦶꦪꦤꦺ꧉​ꦱꦏꦶꦁꦩꦤ꧀ꦢꦶꦤꦺ꧈​ꦱꦤꦗꦤ꧀ꦩꦸꦁꦫꦺꦴꦁꦠꦺꦠꦺꦱ꧀ꦧꦲꦺ꧈​ꦩꦤꦮꦏꦠꦩꦑꦏꦺꦲꦶꦁꦲꦶꦭꦠ꧀ꦠꦺꦲꦱꦸꦲꦸꦠꦮꦏꦸꦕꦶꦁꦧꦶꦱꦩꦠꦶꦱꦤꦭꦶꦏꦏꦺꦴꦤꦺꦴ꧉​

Rêmbagipun Petruk lan Garèng

besut

Bab Wisa ing Salêbêting Sata.

Petruk : (Andhandhanggula). apa ana hèke wong urip /[2] esuk-esuk anyangking têgêsan / têgêsan klobot wus ngêndhog / cinangking kambi mlaku / pangudute mêngko nèk nangkring / mêthongkrong reyap-reyap / mêndongok mandhuwur / supaya ambune suda / cilakane manawa udute mati / gêla saksayahira //

[Grafik]

Garèng : Wis pancèn wis ora urus têmênan kowe kuwi, Truk, Truk. Anggonmu mangeran marang mas ngantèn klèlèt kuwi kok saya kabanjur-banjur, dalasan anggonmu lagi andhuwalolo karo udut bae kok ditêmbangake, mulane saiki para dewa ora padha tumurun ing ngarcapada kuwi kiraku marga gila saka panggawemu kuwi, kaya-kaya agama bae rak iya nglarangi aja udut yèn lagi pinuju ambêbuwang.

Petruk : Nèk dak sawang-sawang, Kang Gorèng kiyi kaya-kaya durung pati tuwa, ananging anggone juwèh kok ngungkul-ungkuli wong sing wis dipêndhêm kapat sasur taun lawase.

Garèng : La kuwi nèk bangsaning kaum kudhah, nèk wis ngunèni uwong nganggo sawiyah-wiyah.

Petruk : Sing ora jêntung rêmpêlune bae sapa, wong udud bae diunèkake mangeran marang klèlèt. Ing măngka rumasaku udut kuwi kêna diarani kêmbange pajagongan, tandhane nèk nèng dhayohan suguhane nyamikan durung diwêtokake, dhayohe padha linggih amêm bae, kuwi sajake kok sêpi mamring, seje karo nèk dhayohe padha udut slênthar-slênthir, kuwi ngêngrênge sajake kaya pabrik gula lagi pinuju anggiling.

Garèng : Hêm, panêmune Si Petruk ki kok kaya bocah sing dilairake sesuk êmbèn.

Petruk : Ngunèni kathik sagêlêm-gêlêm, tujune prênah tuwa, dadi kudu tak aji-aji, ajaa ngono, kowe rak dak unèkake, wong kurang ajar ora idhêp bênêr. Mara jajal aku saiki awèhana wêruh kang dadi alangane wong udud kuwi apa.

Garèng : Miturut papriksane para ahli, ing dalêm bako garing 100 g kuwi ana racune 2 g. Kang mandi bangêt lan bisa gawe patining wong, amarga mandining wisane mau, ngluwihi mandining warangan utawa wisa liya-liyane. Saking mandine, sanajan mung rong tètès bae, manawa katamakake ing ilate asu utawa kucing bisa mati sanalika kono.

Petruk : Lha, godril, lha, godril, mêdi irung jare… pil.

Garèng : Hara apa pantês kuwi, ana dicritani dhêngan sêsungguh-sungguhnya, kok banjur jêjogedan kêkitêran kaya nêmoni răndha pupuran.

Petruk : Sing ora angguyu utawa gumun bae sapa, ngrungu wêwarahmu kuwi. Suwe-suwe kowe banjur crita, yèn Si Suta, jalaran dijaluki suwêng baryan[3] karo êmbok ênom, banjur ngêndhat sarana nguntal bako. O, hak, hêm, ana wong mati, kok jalaran nguntal bako, apa ora kacidhak têing têmênan.

Garèng : Wiyah, bok aja usah ngêtokake kêpekanmu cara Sundha barang. Mungguh anane wong mati jalaran saka racuning têmbako, kuwi mula ya akèh. Kaya ta ing nagara Tiongkok, wong kang nglalu mati, mung jalaran ngombe banyuning pipa kang kanggo udud bako, mara, mangkono bae wis bisa gawe matine, amarga banyu pipa mau ngêmu wisaning bako.

Petruk : Barêng tak pikir kanthi ngalangut, nganti têkan usuk barang, caritamu mau kok ya rada ana èmpêre dhing, tandhane: rikalane aku sapisane udud bako, rasaning êndhasku mumêt, utêkku rasane kaya dipijêti nganggo gandhèn, dene awak sakojur krasa ora kapenak, kaya mêntas ora turu têlung taun.

Garèng : Lha, kabèh mau mracihnani, yèn sajêroning bako kuwi, ngêmu wisa kang mandi bangêt. Têtela bangêt, bako kuwi bisa andayani ala tumraping badan, dening ana wisane. Sanajan kapriye bae patrape pamangane, ananging mêksa ora bisa gawe tawaring wisane.

Petruk : Gandrik, putune Sakrama. We la cilaka mêncit têmênan, măngka aku kiyi nang udut sajake wis rada ngêthèl. Ora mangan sadina aku gliyak-gliyak ya bêtah, ananging yèn ora udut sajam bae, rasane gajihe awakku kaya dilolosi kabèh, nganti banjur mêtu nang mata, kuping, irung.

Garèng : Wiyah, omong kok ngarua[4] mêngkono. Sawênèhing uwong ngira, yèn udut rokok kuwi ora pati ambêbayani tinimbang udut srutu, kuwi sajatine padha bae, amarga wis têrang bangêt, manawa bako kuwi pancèn ngêmu wisa kang nguwatiri, dadi sanajan arêp kapriye bae panganggone, wisane mêksa bisa lumêbu ing badan.

Petruk : Wah, măngka rasane srutu mèrêk sigaguk kuwi, sok bisa nglalèkake nyang maratuwa.

Garèng : Wiyah, mèrêke arane sikego, kok diêlih sigaguk, sigaguk kuwi têgêse rak wong bisu. Kajaba omongku dhuwur mau, ewadene bako kuwi kajaba diudut, sok uga digawe susur utawa diêmut, malah sawênèh ana sing disumpêlake nyang irung. Sabênêre patrap kabèh mau ora ana bedane karo diudut. Apa manèh wong udut sêring disêrot kêbule nganti lumêbu ing kêbuk, baline kawêtokake ing irung, udut kang mangkono kuwi, mung arêp ngakèh-akèhi wisaning bako, kang padha lumêbu ing badan, yèn katimbang reka liya-liyane.

Petruk : Wah omongmu ki pancèn nyilikake atiku têmênan, ananging tak eling-elinge têmênan, manawa aku besuk dilairake nèng donya manèh, tak ora pisan-pisan udut.

[ 435 ]꧋ꦦꦺꦠꦿꦸꦏ꧀꧇​ꦭ꧈​ꦒꦺꦴꦢꦿꦶꦭ꧀꧈​ꦭ꧈​ꦒꦺꦴꦢꦿꦶꦭ꧀꧈​ꦩꦼꦢꦶꦲꦶꦫꦸꦁꦗꦫꦺ…ꦥꦶꦭ꧀꧉​

꧋ꦓꦫꦺꦁ꧇​ꦲꦫꦲꦥꦥꦤ꧀ꦠꦼꦱ꧀ꦏꦸꦮꦶ꧈​ꦲꦤꦢꦶꦕꦿꦶꦠꦤ꧀ꦤꦶꦝꦼꦔꦤ꧀ꦱꦼꦱꦸꦁꦒꦸꦃꦱꦸꦁꦒꦸꦃꦤ꧈​ꦏꦺꦴꦏ꧀ꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦗꦼꦗꦺꦴꦒꦺꦢꦤ꧀ꦏꦼꦏꦶꦠꦼꦂꦫꦤ꧀ꦏꦪꦤꦼꦩꦺꦴꦤ꧀ꦤꦶꦫꦺꦴꦤ꧀ꦝꦥꦸꦥꦸꦂꦫꦤ꧀꧉​

꧋ꦦꦺꦠꦿꦸꦏ꧀꧇​ꦱꦶꦁꦲꦺꦴꦫꦲꦁꦒꦸꦪꦸꦲꦸꦠꦮꦒꦸꦩꦸꦤ꧀ꦧꦲꦺꦱꦥ꧈​ꦔꦿꦸꦔꦸꦮꦼꦮꦫꦃꦲ꧀ꦩꦸꦏꦸꦮꦶ꧉​ꦱꦸꦮꦺꦱꦸꦮꦺꦏꦺꦴꦮꦺꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦕꦿꦶꦠ꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦱꦶꦱꦸꦠ꧈​ꦗꦭꦂꦫꦤ꧀ꦢꦶꦗꦭꦸꦏ꧀ꦏꦶꦱꦸꦮꦼꦁꦧꦂꦪꦤ꧀ꦏꦫꦺꦴꦲꦼꦩ꧀ꦧꦺꦴꦏ꧀ꦲꦼꦤꦺꦴꦩ꧀꧈​ꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦔꦼꦤ꧀ꦝꦠ꧀ꦱꦫꦤꦔꦸꦤ꧀ꦠꦭ꧀ꦧꦏꦺꦴ꧉​ꦲꦺꦴ꧈​ꦲꦏ꧀꧈​ꦲꦼꦩ꧀꧈​ꦲꦤꦮꦺꦴꦁꦩꦠꦶ꧈​ꦏꦺꦴꦏ꧀ꦗꦭꦂꦫꦤ꧀ꦔꦸꦤ꧀ꦠꦭ꧀ꦧꦏꦺꦴ꧈​ꦲꦥꦲꦺꦴꦫꦏꦕꦶꦝꦏ꧀ꦠꦼꦆꦁꦠꦼꦩꦼꦤ꧀ꦤꦤ꧀꧉​

꧋ꦓꦫꦺꦁ꧇​ꦮꦶꦪꦃ꧈​ꦧꦺꦴꦏ꧀ꦲꦗꦲꦸꦱꦃꦔꦼꦠꦺꦴꦑꦏꦺꦏꦼꦥꦺꦏ꧀ꦏꦤ꧀ꦩꦸꦕꦫꦯꦸꦤ꧀ꦝꦧꦫꦁ꧉​ꦩꦸꦁꦒꦸꦃꦲꦤꦤꦺꦮꦺꦴꦁꦩꦠꦶꦗꦭꦂꦫꦤ꧀ꦱꦏꦫꦕꦸꦤꦶꦁꦠꦼꦩ꧀ꦧꦏꦺꦴ꧈​ꦏꦸꦮꦶꦩꦸꦭꦪꦲꦏꦺꦃ꧉​ꦏꦪꦠꦲꦶꦁꦤꦒꦫꦡꦶꦪꦺꦴꦁꦏꦺꦴꦏ꧀꧈​ꦮꦺꦴꦁꦏꦁꦔ꧀ꦭꦭꦸꦩꦠꦶ꧈​ꦩꦸꦁꦗꦭꦂꦫꦤ꧀ꦔꦺꦴꦩ꧀ꦧꦺꦧꦚꦸꦤꦶꦁꦥꦶꦥꦏꦁꦏꦁꦒꦺꦴꦲꦸꦢꦸꦢ꧀ꦧꦏꦺꦴ꧈​ꦩꦫ꧈​ꦩꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴꦧꦲꦺꦮꦶꦱ꧀ꦧꦶꦱꦒꦮꦺꦩꦠꦶꦤꦺ꧈​ꦲꦩꦂꦒꦧꦚꦸꦥꦶꦥꦩꦲꦸꦔꦼꦩꦸꦮꦶꦱꦤꦶꦁꦧꦏꦺꦴ꧉​

꧋ꦦꦺꦠꦿꦸꦏ꧀꧇​ꦧꦉꦁꦠꦏ꧀ꦥꦶꦏꦶꦂꦏꦤ꧀ꦛꦶꦔꦭꦔꦸꦠ꧀꧈​ꦔꦤ꧀ꦠꦶꦠꦼꦏꦤ꧀ꦲꦸꦱꦸꦏ꧀ꦧꦫꦁ꧈​ꦕꦫꦶꦠꦩꦸꦩꦲꦸꦏꦺꦴꦏ꧀ꦪꦫꦢꦲꦤꦲꦺꦩ꧀ꦥꦼꦂꦫꦺꦝꦶꦁ꧈​ꦠꦤ꧀ꦝꦤꦺ꧇​ꦫꦶꦏꦭꦤꦺꦲꦏꦸꦱꦥꦶꦱꦤ꧀ꦤꦺꦲꦸꦢꦸꦢ꧀ꦧꦏꦺꦴ꧈​ꦫꦱꦤꦶꦁꦲꦼꦤ꧀ꦝꦱ꧀ꦏꦸꦩꦸꦩꦼꦠ꧀꧈​ꦲꦸꦠꦼꦏ꧀ꦏꦸꦫꦱꦤꦺꦏꦪꦢꦶꦥꦶꦗꦼꦠ꧀ꦠꦶꦔꦁꦒꦺꦴꦒꦤ꧀ꦝꦺꦤ꧀꧈​ꦢꦺꦤꦺꦲꦮꦏ꧀ꦱꦏꦺꦴꦗꦸꦂꦏꦿꦱꦲꦺꦴꦫꦏꦥꦺꦤꦏ꧀꧈​ꦏꦪꦩꦼꦤ꧀ꦠꦱ꧀ꦲꦺꦴꦫꦠꦸꦫꦸꦠꦼꦭꦸꦁꦠꦲꦸꦤ꧀꧉​

꧋ꦓꦫꦺꦁ꧇​ꦭ꧈​ꦏꦧꦺꦃꦩꦲꦸꦩꦿꦕꦶꦃꦤꦤ꧀ꦤꦶ꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦱꦗꦼꦫꦺꦴꦤ꧀ꦤꦶꦁꦧꦏꦺꦴꦏꦸꦮꦶ꧈​ꦔꦼꦩꦸꦮꦶꦱꦏꦁꦩꦤ꧀ꦢꦶꦧꦔꦼꦠ꧀꧉​ꦠꦼꦠꦺꦭꦧꦔꦼꦠ꧀꧈​ꦧꦏꦺꦴꦏꦸꦮꦶꦧꦶꦱꦲꦤ꧀ꦢꦪꦤ꧀ꦤꦶꦲꦭꦠꦸꦩꦿꦦꦶꦁꦧꦢꦤ꧀꧈​ꦢꦺꦤꦶꦁꦲꦤꦮꦶꦱꦤꦺ꧉​ꦱꦤꦗꦤ꧀ꦏꦥꦿꦶꦪꦺꦧꦲꦺꦥꦠꦿꦥ꧀ꦥꦺꦥꦩꦔꦤ꧀ꦤꦺ꧈​ꦲꦤꦔꦶꦁꦩꦼꦏ꧀ꦱꦲꦺꦴꦫꦧꦶꦱꦒꦮꦺꦠꦮꦂꦫꦶꦁꦮꦶꦱꦤꦺ꧉​

꧋ꦦꦺꦠꦿꦸꦏ꧀꧇​ꦒꦤ꧀ꦢꦿꦶꦏ꧀꧈​ꦥꦸꦠꦸꦤꦺꦯꦏꦿꦩ꧉​ꦮꦺꦭꦕꦶꦭꦏꦩꦼꦚ꧀ꦕꦶꦠ꧀ꦠꦼꦩꦼꦤ꧀ꦤꦤ꧀꧈​ꦩꦺꦴꦁꦏꦲꦏꦸꦏꦶꦪꦶꦤꦁꦲꦸꦢꦸꦠ꧀ꦱꦗꦏ꧀ꦏꦺꦮꦶꦱ꧀ꦫꦢꦔꦼꦛꦺꦭ꧀꧉​ꦲꦺꦴꦫꦩꦔꦤ꧀ꦱꦢꦶꦤꦲꦏꦸꦒ꧀ꦭꦶꦪꦏ꧀ꦒꦪꦏ꧀ꦪꦧꦼꦠꦃ꧈​ꦲꦤꦔꦶꦁꦪꦺꦤ꧀ꦲꦺꦴꦫꦲꦸꦢꦸꦠ꧀ꦱꦗꦩ꧀ꦧꦲꦺ꧈​ꦫꦱꦤꦺꦒꦗꦶꦃꦲꦺꦲꦮꦏ꧀ꦏꦸꦏꦪꦢꦶꦭꦺꦴꦭꦺꦴꦱ꧀ꦱꦶꦏꦧꦺꦃ꧈​ꦔꦤ꧀ꦠꦶꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦩꦼꦠꦸꦤꦁꦩꦠ꧈​ꦏꦸꦥꦶꦁ꧈​ꦲꦶꦫꦸꦁ꧉​

꧋ꦓꦫꦺꦁ꧇​ꦮꦶꦪꦃ꧈​ꦲꦺꦴꦩꦺꦴꦁꦏꦺꦴꦏ꧀ꦔꦂꦲꦸꦮꦩꦼꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴ꧉​ꦱꦮꦼꦤꦺꦃꦲꦶꦁꦲꦸꦮꦺꦴꦁꦔꦶꦫ꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦲꦸꦢꦸꦠ꧀ꦫꦺꦴꦏꦺꦴꦏ꧀ꦏꦸꦮꦶꦲꦺꦴꦫꦥꦠꦶꦲꦩ꧀ꦧꦼꦧꦪꦤ꧀ꦤꦶꦠꦶꦤꦶꦩ꧀ꦧꦁꦲꦸꦢꦸꦠ꧀ꦱꦿꦸꦠꦸ꧈​ꦏꦸꦮꦶꦱꦗꦠꦶꦤꦺꦥꦝꦧꦲꦺ꧈​ꦲꦩꦂꦒꦮꦶꦱ꧀ꦠꦼꦫꦁꦧꦔꦼꦠ꧀꧈​ꦩꦤꦮꦧꦏꦺꦴꦏꦸꦮꦶꦥꦚ꧀ꦕꦺꦤ꧀ꦔꦼꦩꦸꦮꦶꦱꦏꦁꦔꦸꦮꦠꦶꦂꦫꦶ꧈​ꦢꦢꦶꦱꦤꦗꦤ꧀ꦲꦉꦥ꧀ꦏꦥꦿꦶꦪꦺꦧꦲꦺꦥꦔꦁꦒꦺꦴꦤꦺ꧈​ꦮꦶꦱꦤꦺꦩꦼꦏ꧀ꦱꦧꦶꦱꦭꦸꦩꦼꦧꦸꦲꦶꦁꦧꦢꦤ꧀꧉​

꧋ꦦꦺꦠꦿꦸꦏ꧀꧇​ꦮꦃ꧈​ꦩꦺꦴꦁꦏꦫꦱꦤꦺꦱꦿꦸꦠꦸꦩꦺꦉꦏ꧀ꦱꦶꦒꦒꦸꦏ꧀ꦏꦸꦮꦶ꧈​ꦱꦺꦴꦏ꧀ꦧꦶꦱꦔ꧀ꦭꦭꦺꦑꦏꦺꦚꦁꦩꦫꦠꦸꦮ꧉​

꧋ꦓꦫꦺꦁ꧇​ꦮꦶꦪꦃ꧈​ꦩꦺꦉꦏ꧀ꦏꦺꦲꦫꦤ꧀ꦤꦺꦱꦶꦏꦺꦒꦺꦴ꧈​ꦏꦺꦴꦏ꧀ꦢꦶꦲꦼꦭꦶꦃꦱꦶꦒꦒꦸꦏ꧀꧈​ꦱꦶꦒꦒꦸꦏ꧀ꦏꦸꦮꦶꦠꦼꦒꦼꦱꦺꦫꦏ꧀ꦮꦺꦴꦁꦧꦶꦱꦸ꧉​ꦏꦗꦧꦲꦺꦴꦩꦺꦴꦁꦏꦸꦝꦸꦮꦸꦂꦩꦲꦸ꧈​ꦲꦺꦮꦢꦺꦤꦺꦧꦏꦺꦴꦏꦸꦮꦶꦏꦗꦧꦢꦶꦪꦸꦢꦸꦠ꧀꧈​ꦱꦺꦴꦏ꧀ꦲꦸꦒꦢꦶꦒꦮꦺꦱꦸꦱꦸꦂꦲꦸꦠꦮꦢꦶꦲꦼꦩꦸꦠ꧀꧈​ꦩꦭꦃꦱꦮꦼꦤꦺꦃꦲꦤꦱꦶꦁꦢꦶꦱꦸꦩ꧀ꦥꦼꦭ꧀ꦭꦏꦺꦚꦁꦲꦶꦫꦸꦁ꧉​ꦱꦧꦼꦤꦼꦫꦺꦥꦠꦿꦥ꧀ꦏꦧꦺꦃꦩꦲꦸꦲꦺꦴꦫꦲꦤꦧꦺꦢꦤꦺꦏꦫꦺꦴꦢꦶꦪꦸꦢꦸꦠ꧀꧉​ꦲꦥꦩꦤꦺꦃꦮꦺꦴꦁꦲꦸꦢꦸꦠ꧀ꦱꦼꦫꦶꦁꦢꦶꦱꦼꦫꦺꦴꦠ꧀ꦏꦼꦧꦸꦭꦺꦔꦤ꧀ꦠꦶꦭꦸꦩꦼꦧꦸꦲꦶꦁꦏꦼꦧꦸꦏ꧀꧈​ꦧꦭꦶꦤꦺꦏꦮꦼꦠꦺꦴꦑꦏꦺꦲꦶꦁ [ 436 ]ꦲꦶꦫꦸꦁ꧈​ꦲꦸꦢꦸꦠ꧀ꦏꦁꦩꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴꦏꦸꦮꦶ꧈​ꦩꦸꦁꦲꦉꦥ꧀ꦔꦏꦺꦃꦲꦏꦺꦃꦲꦶꦮꦶꦱꦤꦶꦁꦧꦏꦺꦴ꧈​ꦏꦁꦥꦝꦭꦸꦩꦼꦧꦸꦲꦶꦁꦧꦢꦤ꧀꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦏꦠꦶꦩ꧀ꦧꦁꦫꦺꦏꦭꦶꦪꦭꦶꦪꦤꦺ꧉​

꧋ꦦꦺꦠꦿꦸꦏ꧀꧇​ꦮꦃꦲꦺꦴꦩꦺꦴꦁꦩꦸꦏꦶꦥꦚ꧀ꦕꦺꦤ꧀ꦚꦶꦭꦶꦏ꧀ꦏꦏꦺꦲꦠꦶꦏꦸꦠꦼꦩꦼꦤ꧀ꦤꦤ꧀꧈​ꦲꦤꦔꦶꦁꦠꦏ꧀ꦲꦺꦭꦶꦁꦲꦺꦭꦶꦁꦔꦺꦠꦼꦩꦼꦤ꧀ꦤꦤ꧀꧈​ꦩꦤꦮꦲꦏꦸꦧꦺꦱꦸꦏ꧀ꦢꦶꦭꦲꦶꦂꦫꦏꦺꦤꦺꦁꦢꦺꦴꦚꦩꦤꦺꦃ꧈​ꦠꦏ꧀ꦲꦺꦴꦫꦥꦶꦱꦤ꧀ꦥꦶꦱꦤ꧀ꦲꦸꦢꦸꦠ꧀꧉​

꧋ꦗꦒꦢ꧀ꦢꦶꦁꦮꦤꦶꦠ

꧋ꦏꦥꦶꦤ꧀ꦝꦃ꧉​

꧋ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦮꦠꦮꦶꦱ꧀ꦮꦸꦭꦤ꧀꧈​ꦏꦸꦭꦩꦶꦉꦁꦏꦧꦂ꧈​ꦩꦤꦮꦶꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦝꦺꦫꦺꦏ꧀ꦏꦥꦶꦤ꧀ꦝꦃꦮꦸꦱꦤꦥꦶꦤꦫꦶꦁꦔꦤ꧀ꦩꦺꦴꦩꦺꦴꦁꦔꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦩꦂꦒꦶ꧉​

꧋ꦥꦏꦧꦂꦫꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦤꦸꦏꦸꦭ꧀ꦭꦏꦼꦤ꧀ꦒꦒꦱ꧀ꦱꦤ꧀ꦮꦂꦤꦶꦮꦂꦤꦶ꧈​ꦭꦤ꧀ꦲꦸꦒꦶꦭꦗꦼꦁꦏꦸꦭꦕꦸꦤ꧀ꦝꦸꦑꦏꦼꦤ꧀ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦧꦢꦤ꧀ꦏꦸꦭꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀꧉​ꦱꦲꦸꦥꦩꦶꦏꦸꦭꦲꦔ꧀ꦭꦼꦉꦱ꧀ꦱꦶꦏꦏꦺꦱꦃꦲꦤ꧀(ꦠꦶꦪꦁꦗꦊꦂꦏꦥꦶꦤ꧀ꦝꦃ)ꦭꦗꦼꦁꦥꦶꦤꦫꦶꦁꦔꦤ꧀ꦩꦺꦴꦩꦺꦴꦁꦔꦤ꧀ꦲꦶꦁꦩꦂꦒꦶ꧈​ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦢꦶꦫꦲꦺꦴꦱꦶꦁꦩꦤꦃ꧈​ꦱꦮꦼꦒ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦒꦿꦶꦪꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦸꦂꦏꦠꦼꦁꦒꦥꦫꦱꦝꦺꦫꦺꦏ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦔꦿꦺꦚ꧀ꦕꦁꦔꦶꦭꦤ꧀ꦥꦿꦸꦢ꧀ꦥꦿꦺꦴꦩꦤꦃꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦤ꧀꧉​

꧋ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦥꦩꦁꦒꦶꦃ꧈​ꦩꦤꦮꦶꦗꦧꦁꦧꦪꦶꦩꦺꦃꦭꦲꦶꦂ꧈​ꦥꦿꦶꦪꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦏꦏꦸꦁꦭꦗꦼꦁꦏꦥꦶꦤ꧀ꦝꦃ꧈​ꦥꦿꦶꦪꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦥꦸꦠꦿꦶꦏꦥꦸꦫꦶꦃꦏꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦫꦸꦩꦶꦪꦶꦤ꧀꧈​ꦲꦠꦼꦁꦒꦭꦲꦶꦂꦫꦶꦁꦧꦪꦶ꧉​ꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦸꦒꦶꦏꦭꦩ꧀ꦥꦃꦲꦤ꧀꧈​ꦢꦺꦤꦺꦗꦭꦂꦫꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦂꦒꦶꦏꦠꦼꦭꦱ꧀ꦱꦤ꧀ꦲꦏꦭ꧀꧈​ꦲꦸꦠꦮꦶꦩꦂꦒꦶꦏꦤ꧀ꦠꦼꦥ꧀ꦥꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦕꦭꦺꦴꦤ꧀ꦫꦩꦱꦲꦲꦶꦧꦸ꧉​ꦄꦤꦔꦶꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦠꦶꦤꦶꦭꦂꦩꦼꦏ꧀ꦱꦩꦼꦭꦁꦩꦼꦭꦁ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦤꦶꦭꦂ꧈​ꦱꦤꦗꦤ꧀ꦤꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦩꦤ꧀ꦠꦼꦥ꧀ꦱꦔꦼꦠ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦧꦠꦺꦴꦱ꧀ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦱꦏꦺꦕ꧉​

꧋ꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦩꦭꦶꦃ꧈​ꦕꦭꦺꦴꦤ꧀ꦲꦶꦧꦸꦏꦥꦱꦿꦃꦲꦏꦼꦤ꧀ꦥꦿꦶꦪꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦱꦼꦥꦸꦃ꧉​ꦆꦁꦒꦶꦃꦩꦤꦮꦶꦠꦏ꧀ꦱꦶꦃꦱꦸꦒꦼꦁ꧈​ꦲꦸꦠꦮꦶꦕꦼꦭꦏ꧀꧉​ꦩꦤꦮꦶꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀꧈​ꦲꦸꦠꦮꦶꦠꦼꦧꦶꦃꦢꦊꦩ꧀ꦩꦶꦥꦸꦤ꧀​ ?

꧋ꦩꦤꦮꦶꦏꦸꦭꦩꦤꦃꦥꦿꦏꦮꦶꦱ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦏꦺꦩꦸꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦠꦼꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁꦔꦤ꧀꧇​ꦮꦺꦴꦁꦢꦸꦮꦺꦲꦤꦏ꧀ꦲꦶꦏꦸꦠꦺꦴꦃꦥꦠꦶ꧉​ꦥꦫꦮꦤꦶꦠꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦺꦫꦺꦁꦏꦒꦸꦁꦔꦤ꧀ꦥꦸꦠꦿ꧈​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦔꦼꦝꦥ꧀ꦩꦤꦮꦶꦩꦶꦉꦁꦠꦼꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁꦔꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏ꧉​ꦏꦒꦭꦶꦃꦲ꧈​ꦠꦶꦪꦁꦒꦝꦃꦲꦤꦏ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦭꦶꦩꦿꦃ꧉​ꦥꦿꦏꦮꦶꦱ꧀ꦉꦏꦲꦺꦴꦱ꧀ꦲꦔ꧀ꦭꦁꦏꦸꦁꦔꦶ꧈​ꦩꦸꦒꦶꦏꦕꦸꦤ꧀ꦝꦸꦏ꧀ꦤꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦠꦼꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁꦔꦤ꧀꧇​ꦭꦸꦮꦶꦃꦲꦧꦺꦴꦠ꧀ꦥꦒꦮꦺꦪꦤ꧀ꦤꦺ꧈​ꦭꦸꦮꦶꦃꦒꦼꦝꦺꦒꦚ꧀ꦗꦂꦫꦤ꧀ꦤꦺ꧉​ꦱꦫꦺꦃꦤꦶꦁꦠꦶꦪꦁꦒꦝꦃꦲꦤꦏ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏ꧇​ꦠꦺꦴꦃꦥꦠꦶ꧈​ꦲꦶꦁꦩꦺꦴꦁꦏꦏꦺꦴꦏ꧀ꦭꦗꦼꦁꦠꦶꦤꦶꦭꦂꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦏꦸꦁ꧈​ꦠꦸꦮꦸꦃꦲꦶꦁꦱꦸꦱꦃ꧈​ꦩꦼꦭꦁꦩꦼꦭꦁꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦲꦩꦸꦁꦲꦢꦩꦼꦭ꧀ꦉꦏꦲꦺꦴꦱ꧀ꦱꦶꦁꦧꦥꦧꦶꦪꦸꦁ꧈​ꦲꦤꦔꦶꦁꦲꦸꦒꦶꦗꦧꦁꦧꦪꦶꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦺꦫꦺꦁꦭꦲꦶꦂ꧉​

꧋ꦧꦧ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦱ꧀ꦧꦠ꧀ꦲꦶꦁꦔꦶꦁꦒꦶꦭ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦩꦤꦮꦶꦏꦩꦸꦥꦏꦠ꧀ꦠꦏꦼꦤ꧀꧈​ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦏꦛꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦫꦸꦗꦸꦏ꧀ꦩꦤꦮꦶꦥꦶꦤ꧀ꦝꦃꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦲꦸꦤ꧀ꦢꦸꦂꦫꦏꦼꦤ꧀ꦲꦠꦼꦁꦒꦭꦲꦶꦂꦫꦶꦁꦗꦧꦁꦧꦪꦶꦫꦸꦩꦶꦪꦶꦤ꧀꧉​ꦥꦿꦩꦶꦭꦩꦤꦮꦶꦱꦒꦼꦢ꧀ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦭꦗꦼꦁꦆꦃꦠꦶꦪꦂꦏꦒꦸꦁꦔꦤ꧀ꦥꦚꦸꦮꦸꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦱꦫꦤꦥꦼꦂꦏ꧀ꦭꦫꦶꦁꦝꦺꦴꦏ꧀ꦠꦼꦂ꧉​ꦥꦸꦤꦶꦏꦧꦼꦧꦃꦲꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦿꦶꦪꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦏꦏꦸꦁ꧉​ꦏꦺꦴꦚ꧀ꦕꦮꦶꦁꦏꦶꦁꦤꦩꦸꦁꦲꦤ꧀ꦝꦺꦫꦺꦏ꧀ꦲꦩꦼꦩꦸꦗꦶ꧈​ꦩꦸꦒꦶꦩꦸꦒꦶꦏꦏꦧꦸꦭ꧀ꦤꦥꦚꦸꦮꦸꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧉​

ꦏꦸꦭ

Mevr. ꦕꦏꦿꦮꦂꦢꦪ꧉​

Jagading Wanita

besut

Kapindhah.

Sampun sawatawis wulan, kula mirêng kabar, manawi wontên sadhèrèk kapindhah wusana pinaringan momongan wontên ing margi.

Pakabaran punika anukulakên gagasan warni-warni, lan ugi lajêng kula cundhukakên kalihan badan kula piyambak. Saupami kula anglêrêsi kakesahan (tiyang jalêr kapindhah) lajêng pinaringan momongan ing margi, kadospundi raosing manah, sawêg wontên griya kemawon tur katêngga para sadhèrèk ingkang angrencangi lan prudpro manah botên kantênan.

Wontên pamanggih, manawi jabang bayi mèh lair, priyantun kakung lajêng kapindhah, priyantun putri kapurih kantun rumiyin, atêngga lairing bayi. Punika ugi kalampahan, dene jalaranipun margi katêlasan akal, utawi margi kantêpanipun calon rama saha ibu. Ananging ingkang tinilar mêksa mêlang-mêlang, ingkang nilar, sanajana sampun mantêp sangêt, ing batos inggih botên sakeca.

Wontên malih, calon ibu kapasrahakên priyantun sêpuh. Inggih manawi taksih sugêng, utawi cêlak. Manawi sampun botên wontên, utawi têbih dalêmipun ?

Manawi kula manah prakawis punika, lajêng kemutan têtêmbungan: wong duwe anak iku toh pati. Para wanita ingkang dèrèng kagungan putra, sampun ngêdhap manawi mirêng têtêmbungan punika. Kagaliha, tiyang gadhah anak punika sampun limrah. Prakawis rêkaos anglangkungi, mugi kacundhukna kalihan têtêmbungan: luwih abot pagaweane, luwih gêdhe ganjarane. Sarèhning tiyang gadhah anak punika: toh pati, ing măngka kok lajêng tinilar ingkang kakung, tuwuh ing susah, mêlang-mêlang botên amung adamêl rêkaosing bapa biyung, ananging ugi jabang bayi ingkang dèrèng lair.

Bab ingkang kasbat ing nginggil punika manawi kamupakatakên, kados kathah ingkang sarujuk manawi pindhahipun kaundurakên atêngga lairing jabang bayi rumiyin. Pramila manawi sagêd inggih lajêng ihtiyar kagungan panyuwunan sarana pêrklaring dhoktêr. Punika bêbahanipun priyantun kakung. Kănca wingking namung andhèrèk amêmuji, mugi-mugi kakabulna panyuwunanipun.

Kula.

Mevr. Cakrawardaya.

[ 437 ]

KRONIEK

꧋ꦏꦧꦂꦮꦂꦤꦶ​ꦮꦂꦤꦶ꧉​

꧋ꦥꦼꦛꦶꦏ꧀ꦏꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁꦱꦼꦫꦠ꧀ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦏꦧꦂꦱꦤꦺꦱ꧀꧈​

꧋​ꦲꦶꦁꦱꦊꦧꦼꦠ꧀ꦠꦶꦁꦮꦸꦭꦤ꧀ꦱꦺꦥ꧀ꦠꦺꦩ꧀ꦧꦼꦂꦔꦗꦼꦁꦥꦸꦤꦶꦏ꧈​ꦥꦏꦼꦩ꧀ꦥꦭ꧀ꦭꦤ꧀ Java Instituut ꦧꦝꦺꦔꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦏꦼꦤ꧀ꦏꦺꦴꦁꦒꦿꦺꦱ꧀ꦧꦱꦱꦸꦤ꧀ꦝꦲꦶꦁꦧꦤ꧀ꦝꦸꦁ꧉​

꧋ꦩꦶꦠꦸꦫꦸꦠ꧀ꦥꦮꦂꦠꦺꦴꦱ꧀ Aneta ꦱꦏꦶꦁꦨꦤ꧀ꦝꦸꦁ꧈​ꦧꦺꦚ꧀ꦗꦶꦁꦠꦁꦒꦭ꧀ 1 ꦗꦸꦭꦶꦲꦶꦁꦔꦗꦼꦁꦥꦸꦤꦶꦏ꧈​ꦲꦶꦁꦦꦸꦂꦮꦏꦼꦂꦠꦧꦝꦺꦏꦧꦶꦏꦏ꧀ꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦭꦶꦁꦒꦿꦶꦪꦥꦺꦴꦤ꧀ꦝꦺꦴꦏ꧀ꦏꦤ꧀ꦠꦸꦩꦿꦥ꧀ꦩꦸꦫꦶꦢ꧀ꦗꦊꦂꦲꦶꦁꦥꦩꦸꦭꦁꦔꦤ꧀ Mulo ꦲꦶꦁꦔꦿꦶꦏ꧉​ꦢꦺꦤꦺꦒꦿꦶꦪꦥꦺꦴꦤ꧀ꦝꦺꦴꦏ꧀ꦏꦤ꧀ꦮꦲꦸꦧꦝꦺꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦼꦥꦭꦤꦶꦢꦺꦤꦶꦁꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦭꦶꦁꦒꦸꦫꦸꦱꦲꦏꦧꦤ꧀ꦠꦸꦢꦺꦤꦶꦁꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦭꦶꦁꦒꦸꦫꦸꦥꦿꦶꦧꦸꦩꦶꦲꦶꦁꦥꦩꦸꦭꦁꦔꦤ꧀ꦏꦱ꧀ꦧꦸꦠ꧀ꦔꦶꦁꦒꦶꦭ꧀꧉​

꧋ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦥꦮꦂꦠꦺꦴꦱ꧀꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃꦲꦶꦁꦱꦊꦧꦼꦠ꧀ꦠꦶꦁꦮꦸꦭꦤ꧀ꦗꦸꦭꦶꦔꦗꦼꦁꦥꦸꦤꦶꦏ꧈​ꦥꦏꦼꦩ꧀ꦥꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦏꦿꦶꦝꦩꦠꦪꦧꦝꦺꦲꦢꦩꦼꦭ꧀ꦠꦼꦠꦶꦔꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦫꦶꦁꦒꦶꦠ꧀ꦠꦶꦪꦁꦢꦂꦩꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦪꦺꦴꦒꦾꦏꦂꦠ꧉​ꦲꦁꦱꦭ꧀ꦲꦁꦱꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦉꦱꦶꦏ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁ 40% ꦧꦝꦺꦏꦝꦂꦩꦑꦏꦼꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦥꦏꦼꦩ꧀ꦥꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦥꦩꦸꦭꦱꦫꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦠꦶꦪꦁꦩꦶꦱ꧀ꦏꦶꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦪꦺꦴꦒꦾ꧈​ 30% ꦝꦠꦼꦁꦥꦏꦼꦩ꧀ꦥꦭ꧀ꦭꦤ꧀ Tiong Hwa Hwe Kwan ꦢꦺꦤꦺꦲꦶꦁꦏꦁ 30% ꦩꦭꦶꦃꦝꦠꦼꦁꦥꦏꦼꦩ꧀ꦥꦭ꧀ꦭ*ꦤ꧀ꦏꦿꦶꦝꦩꦠꦪꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀꧉​

꧋ꦥꦔꦿꦺꦃꦲꦶꦁꦥꦏꦼꦩ꧀ꦥꦭ꧀ꦭꦤ꧀ P.S.I. ꦲꦶꦁꦔꦪꦺꦴꦒꦾꦏꦂꦠ꧈​ꦲꦚꦼꦧꦂꦫꦏꦼꦤ꧀ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦝꦠꦼꦁꦥꦫꦮꦂꦒꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦏꦼꦩ꧀ꦥꦭ꧀ꦭꦤ꧀ P.S.I. ꦲꦶꦁꦏꦶꦛꦏꦱ꧀ꦧꦸꦠ꧀ꦔꦶꦁꦒꦶꦭ꧀꧈​ꦱꦸꦩꦼꦢꦾꦲꦔꦼꦩ꧀ꦥꦭ꧀ꦭꦏꦼꦤ꧀ꦲꦂꦠꦏꦁꦒꦺꦢꦩꦼꦭ꧀ꦏꦫꦩꦺꦪꦤ꧀ꦩꦶꦤꦺꦴꦁꦏꦥꦏꦸꦂꦩꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦸꦮꦤ꧀ꦲꦗꦶꦯꦭꦶꦩ꧀꧈​ꦱꦝꦠꦼꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁꦩꦼꦏꦃꦲꦶꦁꦮꦸꦭꦤ꧀ꦱꦺꦥ꧀ꦠꦺꦩ꧀ꦧꦼꦂꦲꦶꦁꦔꦗꦼꦁꦥꦸꦤꦶꦏ꧉​

꧋ ꦩꦶꦠꦸꦫꦸꦠ꧀ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦏꦏꦚ꧀ꦕꦶꦁꦔꦤ꧀ꦒꦸꦥꦼꦂꦩꦺꦤ꧀꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦠꦶꦠꦶꦪꦁꦏꦺꦴꦩ꧀ꦩꦸꦤꦶꦱ꧀ 8 ꦲꦱ꧀ꦭꦶꦱꦏꦶꦁꦡꦥꦤꦸꦭꦶꦲꦶꦁꦏꦁꦧꦝꦺꦏꦱꦶꦁꦏꦶꦂꦫꦏꦼꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦝꦶꦓꦸꦭ꧀꧉​

꧋ ꦩꦶꦠꦸꦫꦸꦠ꧀ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦏꦏꦚ꧀ꦕꦶꦁꦔꦤ꧀ꦒꦸꦥꦼꦂꦩꦺꦤ꧀꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦠꦶꦠꦶꦪꦁꦏꦺꦴꦩ꧀ꦩꦸꦤꦶꦱ꧀ 7 ꦲꦱ꧀ꦭꦶꦱꦏꦶꦁꦉꦩ꧀ꦧꦁꦭꦤ꧀ 1 ꦲꦱ꧀ꦭꦶꦱꦏꦶꦁꦯꦼꦩꦫꦁ꧈​ꦧꦝꦺꦏꦱꦶꦁꦏꦶꦂꦫꦏꦼꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦝꦶꦓꦸꦭ꧀꧉​

꧋ꦩꦶꦠꦸꦫꦸꦠ꧀ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦏꦏꦚ꧀ꦕꦶꦁꦔꦤ꧀ꦥꦔꦒꦼꦁꦔꦶꦁꦥꦏꦂꦪꦤ꧀ꦏꦱꦫꦱ꧀ꦱꦤ꧀꧈​ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦼꦝꦶꦪꦤꦶꦲꦂꦠꦏꦛꦃꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ f 11.900,- ꦠꦸꦩꦿꦥ꧀ꦮꦿꦒꦢ꧀ꦲꦤꦁꦒꦸꦭꦁꦔꦶꦱꦼꦱꦏꦶꦠ꧀ꦩꦭꦫꦶꦪꦃꦲꦶꦁꦯꦸꦏꦫꦩꦺꦭꦤ꧀ꦕꦶꦨꦫꦺꦁꦏꦺꦴꦏ꧀꧈​ꦱꦕꦼꦭꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦕꦶꦪꦺꦪ ( ꦕꦶꦪꦚ꧀ꦗꦸꦂ )​꧉​ ꦢꦺꦤꦺꦲꦶꦁꦏꦁꦧꦝꦺꦤꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦏꦏꦼꦤ꧀ꦥꦢꦩꦼꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦮꦲꦸ꧇​ꦥꦏꦂꦪꦤ꧀ꦮꦠꦼꦂꦱꦼꦠꦠ꧀ꦥꦿꦺꦴꦥꦶꦤ꧀ꦱꦶꦥꦯꦸꦤ꧀ꦝꦤ꧀꧉​

꧋ꦩꦶꦠꦸꦫꦸꦠ꧀ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦏꦏꦚ꧀ꦕꦶꦁꦔꦤ꧀ꦥꦢꦸꦏꦠꦸꦮꦤ꧀ꦝꦶꦫꦺꦏ꧀ꦠꦸꦂ B.O.W. ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦼꦝꦶꦪꦤꦶꦲꦂꦠꦏꦛꦃꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ f 151.000,- ꦠꦸꦩꦿꦥ꧀ꦮꦿꦒꦢ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦁꦒꦫꦶꦁꦔꦏꦼꦤ꧀ꦥꦥꦤ꧀ꦥꦥꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦱꦫꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦱꦏꦶꦠ꧀ꦩꦭꦫꦶꦪꦃ꧉​ꦏꦧꦂꦫꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦢꦩꦼꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦮꦲꦸꦲꦺꦁꦒꦭ꧀ꦧꦝꦺꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦶꦮꦶꦠ꧀ꦠꦶ꧉​

꧋ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦥꦮꦂꦠꦺꦴꦱ꧀꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃꦲꦶꦁꦏꦶꦛꦭꦸꦩꦗꦁꦧꦝꦺꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦏꦼꦤ꧀ꦠꦺꦴꦪꦥ꧀ꦭꦼꦩ꧀ꦥꦼꦁ (Waterleiding).

꧋ꦏꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ 10 ꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦥꦿꦶꦏꦶ꧈​ꦲꦶꦁꦝꦸꦱꦸꦤ꧀ꦱꦼꦫꦺꦱꦺꦃ꧈​ꦄꦥ꧀ꦝꦺꦭꦶꦁꦱꦩ꧀ꦥꦁ ( ꦩꦢꦸꦫ )​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦭꦃꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦭꦶꦁꦥꦸꦁꦒꦮ Landrente ꦏꦠꦼꦩ꧀ꦥꦸꦃꦢꦺꦤꦶꦁꦠꦶꦠꦶꦪꦁꦝꦸꦱꦸꦤ꧀ꦏꦱ꧀ꦧꦸꦠ꧀ꦔꦶꦁꦒꦶꦭ꧀ꦏꦛꦃꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁ 200꧈​ ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦥꦸꦤꦶꦏꦏꦭꦥꦸꦁꦒꦮꦮꦲꦸꦏꦊꦉꦱ꧀ꦱꦮꦼꦒ꧀ꦔꦸꦏꦸꦂꦱꦶꦠꦶ꧉​ꦱꦉꦁꦤꦩ꧀ꦥꦶꦠꦶꦭ꧀ꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦨꦸꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦯꦩ꧀ꦥꦁ꧈​ꦮꦢꦤꦲꦶꦁꦡꦺꦴꦂꦗꦸꦤ꧀꧈​ꦥꦔꦒꦼꦁꦔꦶꦁ Landrente ꦏꦤ꧀ꦛꦶꦏꦝꦺꦫꦺꦏ꧀ꦏꦏꦼꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦥꦺꦭ꧀ꦥꦸꦭꦶꦱꦶ꧈​ꦥꦁꦏꦠ꧀ꦩꦮꦶꦩꦺꦴꦠꦺꦴꦂꦝꦠꦼꦁꦝꦸꦱꦸꦤ꧀ꦏꦱ꧀ꦧꦸꦠ꧀ꦔꦶꦁꦒꦶꦭ꧀꧉​ꦏꦭꦥꦸꦤꦶꦏꦱꦏꦶꦁꦥꦿꦠꦶꦏꦼꦭ꧀ꦭꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦸꦮꦤ꧀ꦄꦱꦶꦱ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦮꦢꦤꦲꦶꦁꦯꦫꦺꦱꦺꦃ꧈​ꦠꦶꦠꦶꦪꦁꦝꦸꦱꦸꦤ꧀ꦮꦲꦸꦏꦺꦔꦶꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦧꦂꦫꦏꦼꦤ꧀꧈​ꦠꦶꦪꦁꦏꦏꦭꦶꦃꦏꦱꦺꦴꦮꦤ꧀ꦤꦏꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦱꦶꦱ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦥꦽꦭꦸꦏꦥꦿꦶꦏ꧀ꦱ꧉​ꦏꦧꦂꦫꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦁꦒꦺꦤꦺꦥꦸꦁꦒꦮ Landrente ꦮꦲꦸꦏꦠꦼꦩ꧀ꦥꦸꦃꦢꦺꦤꦶꦁꦠꦶꦠꦶꦪꦁꦝꦸꦱꦸꦤ꧀꧈​ꦗꦭꦂꦫꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦤꦼꦤ꧀ꦝꦁꦔꦶꦱꦭꦃꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦭꦶꦁꦠꦶꦪꦁꦝꦸꦱꦸꦤ꧀ꦠꦤ꧀ꦥꦱꦧꦧ꧀꧉​

꧋ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦥꦮꦂꦠꦺꦴꦱ꧀꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃꦢꦺꦫꦺꦁꦢꦔꦸꦥꦸꦤꦶꦏ꧈​ꦲꦶꦁꦯꦸꦫꦧꦪꦩꦼꦤ꧀ꦠꦱ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦏꦼꦤ꧀ꦥꦏꦼꦩ꧀ꦥꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦲꦒꦩꦶ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦤꦩꦺꦑꦏꦼꦤ꧀꧇​ꦧꦸꦢꦗꦮꦶ꧉​ꦩꦼꦁꦒꦃꦲꦚ꧀ꦕꦱ꧀ꦱꦶꦁꦥꦏꦼꦩ꧀ꦥꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦮꦲꦸ꧈​ꦧꦝꦺꦲꦁꦒꦼꦱꦁꦔꦏꦼꦤ꧀ꦲꦒꦩꦶꦧꦸꦢꦮꦶꦱ꧀ꦤꦸꦩꦭꦶꦃ꧉​ꦠꦁꦒꦭ꧀ 30 ꦗꦸꦤꦶꦥꦸꦤꦶꦏꦥꦏꦼꦩ꧀ꦥꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦮꦲꦸꦏꦧꦂꦫꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦢꦩꦼꦭ꧀ꦏꦫꦩꦺꦪꦤ꧀ꦥꦽꦭꦸꦲꦔꦺꦔꦼꦠ꧀ꦠꦶꦠꦲꦸꦤ꧀ꦲꦺꦁꦒꦭ꧀ꦗꦮꦶꦱꦗꦠꦶ꧉​꧌ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦥꦸꦤꦶꦏꦏꦊꦉꦱ꧀ꦠꦁꦒꦭ꧀ 1 ꦯꦸꦫꦠꦲꦸꦤ꧀ꦗꦮꦶ 1858)꧉​

꧋ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦥꦮꦂꦠꦺꦴꦱ꧀꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃ ꦠꦸꦮꦤ꧀ Soeongkoepang꧈​ ꦮꦂꦒꦥꦺꦴꦊꦏ꧀ꦱꦿꦢ꧀ꦩꦼꦢꦭ꧀ꦱꦏꦶꦁꦥꦏꦼꦩ꧀ꦥꦭ꧀ꦭꦤ꧀ P.E.B.

꧋ꦱꦏꦶꦁꦤꦒꦫꦶꦮꦭꦤ꧀ꦢꦶꦏꦮꦂꦠꦺꦴꦱ꧀ꦱꦏꦼꦤ꧀꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃꦫꦢꦺꦤ꧀ ꦯꦸꦮꦂꦗꦡꦶꦂꦠꦱꦸꦥꦤ꧈​ꦥꦸꦠꦿꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦭꦱ꧀ꦧꦼꦲꦶꦂꦝꦼꦂꦥꦒꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦱꦤ꧀ꦒꦸꦥꦼꦂꦩꦺꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦿꦺꦪꦃ ( ꦨꦚꦸꦩꦱ꧀ ) ꦱꦲꦩꦸꦫꦶꦢ꧀꧈​ꦎꦥ꧀ꦱꦶꦂꦲꦶꦁꦤꦒꦫꦶꦮꦭꦤ꧀ꦢꦶ꧈​ꦏꦮꦼꦢꦭ꧀ꦭꦏꦼꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁꦥꦁꦏꦠ꧀ꦩꦶꦭꦶꦠꦺꦂ꧈​ꦗꦭꦂꦫꦤ꧀ꦏꦥꦼꦤ꧀ꦝꦏ꧀ꦏꦤ꧀꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃꦲꦁꦒꦝꦃꦲꦶꦱꦼꦫꦠ꧀ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦤꦺꦭꦑꦏꦼꦤ꧀ꦒꦼꦒꦪꦸꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦥꦏꦼꦩ꧀ꦥꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦏꦺꦴꦩ꧀ꦩꦸꦤꦶꦱ꧀ꦱꦂꦠꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦮꦂꦒꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦏꦼꦩ꧀ꦥꦭ꧀ꦭꦤꦶꦁꦥꦫꦩꦸꦝꦆꦤ꧀ꦝꦺꦴꦤꦺꦱꦶꦪꦃ꧉​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦯꦸꦮꦂꦗꦏꦱ꧀ꦧꦸꦠ꧀ꦔꦶꦁꦒꦶꦭ꧀꧈​ꦩꦺꦃꦏꦠꦼꦠꦼꦥ꧀ꦥꦏꦼꦤ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦎꦥ꧀ꦱꦶꦂ꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦿꦶꦏꦱꦩ꧀ꦧꦸꦠꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦛꦃ꧉​ꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦢꦺꦫꦺꦁꦢꦔꦸꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦸꦒꦶꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦔꦝꦼꦥ꧀꧈​ꦎꦝꦺꦤ꧀ꦱꦶꦝꦠꦼꦁꦥꦢꦸꦏꦠꦸꦮꦤ꧀ Lambooij꧈​ ꦩꦶꦤꦶꦱ꧀ꦠꦼꦂꦥꦼꦫꦁ꧈​ꦱꦸꦥꦢꦺꦴꦱ꧀ꦏꦠꦼꦠꦼꦥ꧀ꦤꦲꦶꦁꦥꦁꦏꦠ꧀ꦠꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦤꦔꦶꦁꦥꦤꦸꦮꦸꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦲꦸꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦧꦸꦭ꧀ꦭꦏꦼꦢ꧀꧈​

꧋Aneta ꦩꦶꦉꦁꦥꦮꦂꦠꦺꦴꦱ꧀꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁꦏꦺꦴꦩ꧀ꦩꦸꦤꦶꦱ꧀ꦧꦺꦴꦁꦱꦡꦶꦪꦺꦴꦁꦲ꧀ꦮꦏꦼꦏꦭꦶꦃ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦔꦏꦼꦤ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦥꦩ꧀ꦧꦤ꧀ꦠꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦭꦃꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦭꦶꦁꦱꦼꦫꦠ꧀ꦏꦧꦂꦡꦶꦪꦺꦴꦁꦲ꧀ꦮꦲꦶꦁꦨꦠꦮꦶ꧈​ꦏꦧꦂꦫꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦝꦺꦏꦮꦼꦢꦭ꧀ꦭꦏꦼꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁꦠꦤꦃꦲꦶꦤ꧀ꦢꦶꦪꦔꦿꦶꦏꦶ꧉​ ꦥꦿꦏꦮꦶꦱ꧀ꦏꦺꦴꦩ꧀ꦩꦸꦤꦶꦱ꧀ꦠꦶꦪꦺꦴꦁꦲ꧀ꦮ 5꧈​ ꦱꦢꦪꦱꦩꦶꦦꦿꦺꦴꦥꦒꦤ꧀ꦝꦶꦱ꧀ꦱꦏꦶꦁꦡꦶꦪꦺꦴꦁꦏꦺꦴꦏ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦺꦫꦺꦁꦢꦔꦸꦥꦸ [ 438 ]ꦢꦩꦼꦭ꧀ꦦꦿꦺꦴꦥꦒꦤ꧀ꦝꦶꦱ꧀ꦲꦶꦁꦨꦠꦮꦶꦱꦲꦭꦗꦼꦁꦏꦏꦶꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦤꦏꦼꦤ꧀ꦮꦁꦱꦸꦭ꧀ꦝꦠꦼꦁꦤꦒꦫꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦏꦧꦂꦫꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦉꦁꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦲꦶꦁꦡꦶꦪꦺꦴꦁꦏꦺꦴꦏ꧀ꦭꦗꦼꦁꦥꦶꦤꦼꦗꦃꦲꦤ꧀꧈​ꦢꦺꦤꦺꦧꦧ꧀ꦲꦁꦒꦺꦤꦺꦧꦺꦴꦁꦱꦡꦶꦪꦺꦴꦁꦲ꧀ꦮꦲꦶꦁꦨꦠꦮꦶꦱꦩꦶꦲꦔꦼꦩ꧀ꦥꦭ꧀ꦭꦏꦼꦤ꧀ꦲꦂꦠꦠꦸꦩꦿꦥ꧀ꦏꦥꦼꦂꦭꦸꦮꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦡꦶꦪꦺꦴꦁꦏꦺꦴꦏ꧀꧈​ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦱꦩꦁꦏꦺꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦽꦢꦸꦭꦶꦩꦭꦶꦃ꧉​

꧋ꦱꦏꦶꦁꦔꦪꦺꦴꦒꦾꦏꦂꦠꦏꦮꦂꦠꦺꦴꦱ꧀ꦱꦏꦼꦤ꧀꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃꦲꦶꦁꦥꦏꦂꦪꦤ꧀ꦏꦱꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦱꦭꦗꦼꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦱꦒꦼꦢ꧀ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦧꦝꦺꦔꦁꦒꦺꦥꦸꦁꦒꦮꦥꦿꦶꦧꦸꦩꦶ꧈​ꦭꦁꦏꦸꦁꦩꦭꦶꦃꦠꦸꦩꦿꦥ꧀ꦥꦁꦏꦠ꧀ꦎꦥ꧀ꦱꦶꦃꦠꦼꦂ꧉​

꧋ꦢꦺꦫꦺꦁꦢꦔꦸꦥꦸꦤꦶꦏ꧈​ꦥꦸꦭꦶꦱꦶꦲꦶꦁꦨꦠꦮꦶꦚꦼꦥꦼꦁꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦭꦶꦁꦠꦶꦪꦁꦧꦺꦴꦁꦱꦡꦶꦪꦺꦴꦁꦲ꧀ꦮ꧈​ꦲꦩꦂꦒꦶꦚꦢꦺꦧꦸꦏꦸꦧꦸꦏꦸꦲꦶꦁꦏꦁꦚꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦱꦏꦼꦤ꧀ꦭꦩ꧀ꦥꦃꦭꦩ꧀ꦥꦃꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦏꦼꦩ꧀ꦥꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦏꦺꦴꦩ꧀ꦩꦸꦤꦶꦱ꧀ꦲꦶꦁꦤꦒꦫꦶꦡꦶꦪꦺꦴꦁꦏꦺꦴꦏ꧀꧈​ꦱꦢꦪꦢꦼꦢꦒꦁꦔꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦫꦩ꧀ꦥꦱ꧀ꦲꦶꦁꦥꦸꦭꦶꦱꦶ꧉​

꧋ꦱꦊꦧꦼꦠ꧀ꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦲꦸꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏ꧈​ꦏꦸꦂꦱꦸꦱ꧀ꦏꦝꦱ꧀ꦠꦼꦂꦲꦶꦁꦨꦤ꧀ꦝꦸꦁꦧꦝꦺꦤꦩ꧀ꦥꦶꦩꦸꦫꦶꦢ꧀ꦲꦺꦁꦒꦭ꧀ꦕꦕꦃꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ 6꧈​ꦮꦸꦱꦤꦲꦶꦁꦏꦁꦤꦼꦝꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦩꦸꦫꦶꦢ꧀ꦏꦶꦫꦁꦭꦁꦏꦸꦁꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦭꦫꦺ 100꧉​

꧋ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦏꦧꦂ A.I.D ꦩꦶꦉꦁꦥꦮꦂꦠꦺꦴꦱ꧀꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃꦥꦏꦂꦪꦤ꧀ S.S. ꦔꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦏꦼꦤ꧀ꦥꦿꦤꦠꦤ꧀ꦲꦺꦁꦒꦭ꧀ꦠꦸꦩꦿꦥ꧀ꦥꦫꦥꦸꦁꦒꦮ S.S. ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦥꦺꦤ꧀ꦱꦶꦪꦸꦤ꧀꧉​ꦏꦭꦫꦸꦩꦶꦪꦶꦤ꧀ꦥꦸꦁꦒꦮ S.S. ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦥꦺꦤ꧀ꦱꦶꦪꦸꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦤꦩꦸꦁꦱꦒꦼꦢ꧀ꦲꦁꦱꦭ꧀ꦥꦿꦺꦏꦂꦠ꧀ 2 ꦲꦶꦗꦶ꧈​ꦏꦁꦒꦺꦏꦏꦺꦱꦃꦲꦤ꧀ꦏꦸꦭꦮꦂꦒꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦤꦸꦩ꧀ꦥꦏ꧀ꦱꦼꦥꦸꦂꦏꦤ꧀ꦛꦶꦊꦭꦲꦤ꧀ꦤꦤ꧀꧈​ꦱꦩꦁꦏꦺꦠꦶꦠꦶꦪꦁꦮꦲꦸꦱꦒꦼꦢ꧀ꦱꦩꦶꦲꦁꦱꦭ꧀ꦥꦿꦺꦏꦉꦠ꧀ 3꧉​

꧋ꦩꦶꦠꦸꦫꦸꦠ꧀ꦥꦮꦂꦠꦺꦴꦱ꧀ꦱꦏꦶꦁꦲꦶꦗꦱ꧀ꦝꦠꦼꦁꦱꦭꦃꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦭꦶꦁꦭꦶꦢ꧀ꦲꦸꦥ꧀ꦧꦼꦱ꧀ꦠꦶꦂꦫꦶꦁꦥꦏꦼꦩ꧀ꦥꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦩꦸꦃꦲꦩꦢꦶꦪꦃꦢꦺꦫꦺꦁꦢꦔꦸꦥꦸꦤꦶꦏꦱꦪꦼꦏ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦏꦼꦤ꧀ꦏꦺꦴꦁꦒꦿꦺꦱ꧀ꦥꦏꦼꦩ꧀ꦥꦭ꧀ꦭꦤ꧀꧈​ꦩꦸꦏ꧀ꦠꦩꦂꦄꦭꦩ꧀ꦆꦱ꧀ꦭꦩꦶ꧈​ꦩꦼꦁꦒꦃꦩꦶꦠꦸꦫꦸꦠ꧀ꦥꦸꦠꦸꦱ꧀ꦱꦤꦶꦁꦏꦺꦴꦁꦒꦿꦺꦱ꧀ꦮꦲꦸ꧈​ꦥꦏꦼꦩ꧀ꦥꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦩꦸꦏ꧀ꦠꦩꦂꦄꦭꦩ꧀ꦆꦱ꧀ꦭꦩꦶꦧꦝꦺꦏꦧꦶꦧꦂꦫꦏꦼꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦥꦸꦤꦶꦏꦗꦭꦂꦫꦤ꧀ꦱꦁꦦꦿꦧꦸꦆꦧ꧀ꦤꦸꦯꦲꦺꦴꦢ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦱꦫꦸꦗꦸꦏ꧀ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦏꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦏꦼꦩ꧀ꦥꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦩꦸꦏ꧀ꦠꦩꦂꦮꦲꦸ꧉​ꦲꦶꦁꦱꦏꦮꦶꦠ꧀ꦗꦭꦂꦫꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦺꦴꦁꦒꦿꦺꦱ꧀ꦆꦱ꧀ꦭꦩ꧀ꦱꦧꦼꦤ꧀ꦠꦲꦸꦤ꧀ꦠꦲꦸꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦥꦸꦤꦶꦏꦏꦂꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦁꦦꦿꦧꦸꦆꦧ꧀ꦤꦸꦯꦲꦺꦴꦢ꧀꧈​ꦱꦸꦥꦢꦺꦴꦱ꧀ꦏꦲꦸꦩ꧀ꦆꦱ꧀ꦭꦩ꧀ꦱꦲꦶꦤ꧀ꦢꦼꦁꦔꦶꦁꦧꦮꦤꦱꦒꦼꦢ꧀ꦢꦫꦸꦏꦸꦤ꧀ꦭꦤ꧀ꦒꦸꦪꦸꦧ꧀꧉​ꦲꦤꦔꦶꦁꦠꦼꦠꦺꦭꦲꦶꦁꦱꦊꦧꦼꦠ꧀ꦠꦶꦁꦏꦺꦴꦁꦒꦿꦺꦱ꧀ꦠꦤ꧀ꦱꦃꦠꦸꦮꦸꦃꦥꦥꦧꦼꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦸꦩꦼꦔꦶꦠ꧀꧈​ꦗꦭꦫꦤ꧀ꦏꦛꦃꦠꦶꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦿꦶꦏꦸꦱꦩꦶꦲꦔꦽꦩ꧀ꦧꦒ꧀ꦧꦧ꧀ꦧꦧ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦒꦼꦒꦪꦸꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦥꦺꦴꦭꦶꦠꦶꦏ꧀꧉​

꧋ꦠꦸꦩꦿꦥ꧀ꦲꦚꦲꦺꦑꦏꦼꦤ꧀ꦏꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦫꦗꦏꦪꦲꦶꦁꦏꦼꦝꦸꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦶꦱꦶꦃꦏꦶꦢꦸꦭ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦧꦸꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦏꦫꦔꦚꦂꦱꦲꦥꦢꦸꦏꦠꦸꦮꦤ꧀ꦄꦱꦶꦱ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦫꦺꦱꦶꦝꦺꦤ꧀ꦲꦶꦁꦦꦸꦂꦮꦉꦗ꧈​ꦏꦭꦠꦁꦒꦭ꧀ 3 ꦗꦸꦤꦶꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦥꦼꦁꦏꦼꦂꦥꦸꦤꦶꦏ꧈​ꦠꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦝꦠꦼꦁꦯꦸꦩ꧀ꦧꦮꦃ꧉​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦿꦶꦏꦥꦿꦶꦪꦒꦸꦁꦏꦏꦭꦶꦃꦮꦲꦸꦩꦸꦤ꧀ꦝꦸꦠ꧀ꦏꦥꦭ꧀ꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶꦕꦕꦃꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ 115꧈​ꦏꦥꦭ꧀ꦗꦊꦂ 52꧉​

꧋ꦩꦶꦠꦸꦫꦸꦠ꧀ꦥꦮꦂꦠꦺꦴꦱ꧀꧈​ Aneta ꦲꦶꦁꦏꦁꦧꦸꦥꦠꦶꦲꦶꦁ ꦨꦤ꧀ꦝꦸꦁꦲꦁꦱꦭ꧀ꦥꦼꦂꦭꦺꦴꦥ꧀ꦭꦩꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦠꦲꦸꦤ꧀꧈​ꦥꦽꦭꦸꦏꦁꦒꦺꦠꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦏꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦤꦒꦫꦶꦮꦭꦤ꧀ꦢꦶ꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦿꦶꦏꦲꦶꦁꦏꦁꦧꦸꦥꦠꦶꦮꦲꦸꦧꦝꦺꦲꦚꦶꦤꦲꦸꦏꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦁꦒꦼꦱꦁꦔꦤ꧀꧈​ꦠꦼꦠꦤꦺꦤ꧀꧈​ꦥꦩꦸꦭꦱ꧀ꦱꦂꦫꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦫꦗꦏꦪ꧈​ꦩꦶꦱꦪꦲꦸꦭꦩ꧀ꦠꦺꦴꦪꦭꦤ꧀ꦱꦩꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦠꦸꦩꦿꦥ꧀ꦏꦥꦼꦂꦭꦸꦮꦤ꧀ꦏꦱ꧀ꦧꦸꦠ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦩꦶꦤꦶꦱ꧀ꦠꦼꦂꦗꦗꦃꦲꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦧꦸꦥꦠꦶꦧꦝꦺꦏꦥꦫꦶꦁꦔꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦮꦮꦶꦧꦏ꧀ꦏꦼꦤ꧀ꦲꦤꦼꦢꦃꦤꦼꦢꦃꦲꦏꦼꦤ꧀꧉​

꧋ꦱꦏꦶꦁꦯꦸꦫꦧꦪꦏꦮꦂꦠꦺꦴꦱ꧀ꦱꦏꦼꦤ꧀꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦢꦔꦸꦩꦭꦶꦃꦥꦔꦢꦶꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦭꦤ꧀ꦢꦿꦢ꧀ꦲꦶꦁꦔꦿꦶꦏꦧꦝꦺꦩꦿꦶꦏ꧀ꦱꦥꦿꦏꦮꦶꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦭꦶꦁꦧꦺꦴꦁꦱꦡꦶꦪꦺꦴꦁꦲ꧀ꦮ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦢꦏ꧀ꦮꦲꦤ꧀ꦢꦒꦁꦠꦶꦪꦁꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶꦱꦲꦥꦿꦮꦤ꧀꧉​ꦏꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁꦥꦸꦤꦶꦏꦤꦩꦸꦁꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦥꦶꦫꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦠꦶꦪꦁꦱꦤꦺꦱ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦿꦒꦢꦶ꧉​

꧋ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦧꦂꦧꦶꦭꦶꦃꦥꦫꦩꦶꦭꦶꦠꦺꦂꦧꦠꦭꦾꦸꦤ꧀꧇꧒꧑꧇​ꦲꦶꦁꦔꦪꦺꦴꦒꦾꦏꦂꦠ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩꦶꦩꦶꦫꦸꦢꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦸꦫꦝꦝꦸꦥꦿꦶꦧꦸꦩꦶꦕꦕꦃꦲꦶꦥꦸꦤ꧀35꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁ 17 ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦭꦥꦸꦂꦝꦠꦼꦁꦩꦓꦼꦭꦁ꧈​ꦱꦩꦁꦏꦺꦱꦮꦼꦒ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦸꦫꦸꦱ꧀ꦩꦼꦁꦒꦃꦱꦧꦧ꧀ꦱꦧꦧ꧀ꦧꦶꦥꦸꦤ꧀꧉​

꧋ꦧꦺꦚ꧀ꦗꦶꦁꦠꦁꦒꦭ꧀ 3 ꦗꦸꦭꦶꦔꦗꦼꦁꦥꦸꦤꦶꦏ꧈​ꦧꦲꦶꦠꦏꦥꦭ꧀ Kambangan ꦧꦝꦺꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦠꦤꦃꦗꦮꦶꦲꦩ꧀ꦧꦼꦏ꧀ꦠꦠꦶꦠꦶꦪꦁꦮꦁꦱꦸꦭ꧀ꦱꦏꦶꦁꦩꦶꦁꦒꦃꦲꦗꦶꦏꦶꦫꦁꦭꦁꦏꦸꦁꦠꦶꦪꦁ 1500꧉​ꦥꦩ꧀ꦧꦼꦏ꧀ꦠꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦫꦲꦗꦶꦮꦲꦸꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦿꦤꦠꦱꦲꦺ꧈​ꦱꦸꦥꦢꦺꦴꦱ꧀ꦱꦱꦒꦼꦢ꧀ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦧꦺꦚ꧀ꦗꦶꦁꦠꦁꦒꦭ꧀ 15 ꦄꦒꦸꦱ꧀ꦠꦸꦱ꧀ꦲꦶꦁꦔꦗꦼꦁꦥꦸꦤꦶꦏꦱꦒꦼꦢꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦫꦩ꧀ꦥꦸꦁꦧꦧꦂꦥꦶꦱꦤ꧀꧉​

꧋ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦏꦧꦂ A.I.D. ꦩꦶꦉꦁꦥꦮꦂꦠꦺꦴꦱ꧀ꦧꦶꦭꦶꦃꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦯꦶꦤꦸꦲꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦯꦸꦫꦏꦂꦠꦱꦲꦥꦿꦩꦺꦱ꧀ꦮꦫꦶꦢꦊꦩ꧀ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦏꦁꦗꦼꦁꦫꦠꦸꦲꦺꦩꦱ꧀꧈​ꦧꦺꦚ꧀ꦗꦶꦁꦠꦁꦒꦭ꧀ 2 ꦗꦸꦭꦶꦔꦗꦼꦁꦥꦸꦤꦶꦏ꧈​ꦧꦝꦺꦩꦿꦠꦩꦸꦝꦝꦠꦼꦁꦥꦢꦸꦏꦠꦸꦮꦤ꧀ꦫꦺꦱꦶꦝꦺꦤ꧀ꦲꦶꦁꦨꦚꦸꦩꦱ꧀꧉​ꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦱꦲꦥꦿꦩꦺꦱ꧀ꦮꦫꦶꦢꦊꦩ꧀ꦮꦲꦸꦧꦝꦺꦲꦚꦫꦺꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦦꦸꦂꦮꦏꦼꦂꦠ꧉​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦿꦶꦏꦠꦩꦸꦲꦒꦸꦁꦮꦲꦸꦧꦝꦺꦏꦲꦠꦸꦫꦤ꧀ꦲꦩꦿꦶꦏ꧀ꦱꦤ꧀ꦤꦶꦭꦸꦱ꧀ꦩꦺꦤ꧀ꦥꦉꦢꦺꦤ꧀ꦲꦺꦁꦒꦭ꧀ꦲꦶꦁꦨꦠꦸꦫꦢꦺꦤ꧀꧉​

꧋Aneta ꦩꦶꦉꦁꦥꦮꦂꦠꦺꦴꦱ꧀ꦱꦏꦶꦁ ꦦꦏꦭꦺꦴꦔꦤ꧀꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃꦥꦢꦸꦏꦠꦸꦮꦤ꧀ꦫꦺꦱꦶꦝꦺꦤ꧀ Th. A. Meister ꦧꦺꦚ꧀ꦗꦶꦁꦠꦁꦒꦭ꧀ꦏꦥꦶꦁ 5 ꦟꦺꦴꦥꦺꦩ꧀ꦧꦼꦂꦲꦶꦁꦔꦗꦼꦁꦥꦸꦤꦶꦏ꧈​ꦧꦝꦺꦚꦸꦮꦸꦤ꧀ꦏꦺꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀ꦱꦏꦶꦁꦏꦊꦁꦒꦃꦲꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧉​

꧋ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦏꦧꦂ A.I.D. ꦩꦂꦠꦺꦴꦱ꧀ꦱꦏꦼꦤ꧀꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃꦠꦶꦠꦶꦪꦁꦧꦺꦴꦁꦱꦡꦶꦪꦺꦴꦁꦲ꧀ꦮꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩꦶꦚꦩ꧀ꦧꦸꦠ꧀ꦢꦩꦼꦭ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦸꦭꦺꦴꦱꦕꦼꦭꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦫꦶꦪꦺꦴꦱꦩꦶꦲꦢꦩꦼꦭ꧀ꦒꦺꦒꦺꦂꦫꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦥꦸꦤꦶꦏꦱꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦠꦶꦪꦁꦮꦲꦸꦲꦢꦩꦼꦭ꧀ꦱꦼꦚ꧀ꦗꦠꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀꧉​ꦏꦭꦠꦸꦮꦤ꧀ꦏꦺꦴꦤ꧀ꦠꦿꦺꦴꦭꦶꦂꦏꦝꦺꦫꦺꦏ꧀ꦏꦏꦼꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦲꦒꦺꦤ꧀ꦥꦸꦭꦶꦱꦶꦱꦏꦮꦤ꧀꧈​ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦚ꧀ꦕꦩ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦥꦫꦉꦉꦱꦃꦮꦲꦸ꧉​ꦱꦉꦁꦥꦸꦭꦶꦱꦶꦲꦔꦸꦔꦼꦭ꧀ꦭꦏꦼꦤ꧀ꦱꦚ꧀ꦗꦠꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦼꦝꦶꦭ꧀꧈​ꦭꦗꦼꦁꦱꦩꦶꦩꦸꦤ꧀ꦢꦸꦂ꧉​

꧋ꦠꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦠꦮꦶꦱ꧀ꦢꦔꦸꦩꦭꦶꦃꦥꦫꦩꦶꦭꦶꦠꦺꦂꦱꦩꦶꦝꦠꦼꦁ꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦧꦺꦴꦁꦱꦡꦶꦪꦺꦴꦁꦲ꧀ꦮ 90 ꦱꦩꦶꦏꦕꦼꦥꦼꦁ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁ 8 ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦥꦸꦤꦶꦏꦱꦩꦶꦥꦔꦗꦼꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦠꦲꦤ꧀ꦱꦲꦧꦝꦺꦏꦏꦶꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦤꦏꦼꦤ꧀ꦝ

KRONIEK

Kabar Warni-warni

besut

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès.

Ing salêbêting wulan Sèptèmbêr ngajêng punika, pakêmpalan Java Instituut badhe ngawontênakên konggrès basa Sundha ing Bandhung.

Miturut pawartos Aneta saking Bandhung, benjing tanggal 1 Juli ing ngajêng punika, ing Purwakêrta badhe kabikak satunggiling griya pondhokan tumrap murid jalêr ing pamulangan Mulo ing ngrika. Dene griya pondhokan wau badhe dipun kêpalani dening satunggiling guru saha kabantu dening satunggiling guru pribumi ing pamulangan kasbut nginggil.

Wontên pawartos, bilih ing salêbêting wulan Juli ngajêng punika, pakêmpalan Kridhamataya badhe adamêl têtingalan ringgit tiyang darma wontên ing Ngayogyakarta. Angsal-angsalanipun rêsik, ingkang 40% badhe kadharmakakên dhatêng pakêmpalan pamulasaranipun têtiyang miskin ing Ngayogya, 30% dhatêng pakêmpalan Tiong Hwa Hwe Kwan dene ingkang 30% malih dhatêng pakêmpalan Kridhamataya piyambak.

Pangrèhing pakêmpalan P.S.I. ing Ngayogyakarta, anyêbarakên sêrat dhatêng para warganipun pakêmpalan P.S.I. ing kitha kasbut nginggil, sumêdya angêmpalakên arta kangge damêl karamean minăngka pakurmatanipun Tuwan Aji Salim, sadhatêngipun saking Mêkah ing wulan Sèptèmbêr ing ngajêng punika.

Miturut sêrat kêkancingan gupêrmèn, wontên têtiyang komunis 8 asli saking Tapanuli ingkang badhe kasingkirakên dhatêng Dhigul.

Miturut sêrat kêkancingan gupêrmèn, wontên têtiyang komunis 7 asli saking Rêmbang lan 1 asli saking Sêmarang, badhe kasingkirakên dhatêng Dhigul.

Miturut sêrat kêkancingan pangagênging pakaryan kasarasan, dipun sêdhiyani arta kathahipun f 11.900.- tumrap wragad ananggulangi sêsakit malariyah ing Sukarame lan Cibarengkok, sacêlakipun Cieya (Cianjur). Dene ingkang badhe nindakakên padamêlan wau: pakaryan watêr sêtat propinsi Pasundhan.

Miturut sêrat kêkancingan paduka tuwan dhirèktur B.O.W. dipun sêdhiyani arta kathahipun f 151.000.- tumrap wragadipun anggaringakên papan-papan ingkang dados sarangipun sêsakit malariyah. Kabaripun padamêlan wau enggal badhe dipun wiwiti.

Wontên pawartos, bilih ing kitha Lumajang badhe dipun wontênakên toya plêmpêng (Waterleiding).

Kintên-kintên 10 dintên sapriki, ing dhusun Sêrèsèh, apdhèling Sampang (Madura) wontên salah satunggiling punggawa Landrente katêmpuh dening têtiyang dhusun kasbut nginggil kathahipun tiyang 200, inggih punika kala punggawa wau kalêrês sawêg ngukur siti. Sarêng nampi tilpun, ingkang bupati ing Sampang, wadana ing Torjun, pangagênging Landrente kanthi kadhèrèkakên dening pèl pulisi, pangkat mawi motor dhatêng dhusun kasbut nginggil. Kala punika saking pratikêlipun tuwan asistèn wadana ing Sarèsèh, têtiyang dhusun wau kenging dipun kabarakên, tiyang kêkalih kasowanakên ing asistenan prêlu kapriksa. Kabaripun anggène punggawa Landrente wau katêmpuh dening têtiyang dhusun, jalaran sampun nêndhangi salah satunggiling tiyang dhusun tanpa sabab.

Wontên pawartos, bilih dèrèng dangu punika, ing Surabaya mêntas dipun wontênakên pakêmpalan agami, ingkang kanamèkakên: Buda Jawi. Mênggah ancasing pakêmpalan wau, badhe anggêsangakên agami Buda Wisnu malih. Tanggal 30 Juni punika pakêmpalan wau kabaripun adamêl karamean prêlu angèngêti taun enggal Jawi sajati. (inggih punika kalêrês tanggal 1 Sura taun Jawi 1858)

Wontên pawartos, bilih Tuwan Soeongkoepang, warga polêksrad mêdal saking pakêmpalan P.E.B.

Saking nagari Walandi kawartosakên, bilih Radèn Suwarja Tirtasupana, putranipun tilas bêirdhêr pagantosan gupêrmèn ing Kreyah (Banyumas) saha murid, opsir ing nagari Walandi, kawêdalakên saking pangkat militèr, jalaran kapêndhakan, bilih anggadhahi sêrat-sêrat ingkang anelakakên gêgayutan kalihan pakêmpalan komunis sarta dados warganipun pakêmpalaning para mudha Indhonesiyah. Radèn Suwarja kasbut nginggil, mèh katêtêpakên dados opsir, wontên ing ngrika sambutanipun kathah. Piyambakipun dèrèng dangu punika ugi sampun ngadhêp, odhènsi dhatêng Paduka Tuwan Lambooij, ministêr pêrang, supados katêtêpna ing pangkatipun, ananging panuwunanipun wau botên dipun kabulakêd[5]

Aneta mirêng pawartos, bilih wontên tiyang komunis băngsa Tiyonghwa kêkalih, ingkang ngakên dados pambantunipun salah satunggiling sêrat kabar Tiyonghwa ing Batawi, kabaripun badhe kawêdalakên saking tanah Indiya ngriki. Prakawis komunis Tiyonghwa 5, sadaya sami propagandhis saking Tiyongkok, ingkang dèrèng dangu punika sampun adamêl propagandhis ing Batawi saha lajêng kakintunakên wangsul dhatêng nagarinipun, kabaripun sarêng dumugi ing Tiyongkok lajêng pinêjahan, dene bab anggène băngsa Tiyonghwa ing Batawi sami angêmpalakên arta tumrap kapêrluwanipun Tiyongkok, kados-kados samangke sampun botên dipun prêduli malih.

Saking Ngayogyakarta kawartosakên, bilih ing pakaryan kasultanan salajêngipun sasagêd-sagêd badhe ngangge punggawa pribumi, langkung malih tumrap pangkat opsihtêr.

Dèrèng dangu punika, pulisi ing Batawi nyêpêng satunggiling tiyang băngsa Tiyonghwa, amargi nyade buku-buku ingkang nyariyosakên lampah-lampahipun pakêmpalan komunis ing nagari Tiyongkok, sadaya dêdaganganipun karampas ing pulisi.

Salêbêtipun taun punika, kursus kadhastêr ing Bandhung badhe nampi murid enggal cacahipun 6, wusana ingkang nêdha dados murid kirang langkung wontên lare 100.

Sêrat kabar A.I.D. mirêng pawartos, bilih pakaryan S.S. ngawontênakên pranatan enggal tumrap para punggawa S.S. ingkang sampun pènsiyun. Kala rumiyin punggawa S.S. ingkang sampun pènsiyun punika namung sagêd angsal prekart 2 iji, kangge kakesahan kulawarganipun numpak sêpur kanthi lêlahanan, samangke têtiyang wau sagêd sami angsal prekarêt 3.

Miturut pawartos saking ijas dhatêng salah satunggiling lid upbêstiring pakêmpalan Muhamadiyah dèrèng dangu punika sayêktos dipun wontênakên konggrès pakêmpalan, Muktamar Alam Islami, mênggah miturut putusaning konggrès wau, pakêmpalan Muktamar Alam Islami badhe kabibarakên, inggih punika jalaran Sang Prabu Ibnu Saod botên sarujuk kalihan kawontênanipun pakêmpalan Muktamar wau. Ing sakawit jalaran wontênipun konggrès Islam sabên taun-taunipun, punika karsanipun Sang Prabu Ibnu Saod, supados kaum Islam saindênging bawana sagêda rukun lan guyub. Ananging têtela ing salêbêting konggrès tansah tuwuh pêpabênan ingkang sumêngit, jalaran kathah têtiyang ingkang wontên ing ngriku sami angrêmbag bab-bab ingkang gêgayutan kalihan politik.

Tumrap anyaèkakên kawontênanipun rajakaya ing Kêdhu ingkang sisih kidul, ingka[6] bupati ing Karanganyar saha paduka tuwan asistèn residhèn ing Purwarêja, kala tanggal 3 Juni ingkang kapêngkêr punika, tindak dhatêng Sumbawah. Wontên ing ngrika priyagung kêkalih wau mundhut kapal èstri cacahipun 115, kapal jalêr 52.

Miturut pawartos, Aneta ingkang bupati ing Bandhung angsal pêrlop laminipun sataun, prêlu kangge tindakan dhatêng nagari Walandi, wontên ing ngrika ingkang bupati wau badhe anyinau kawontênanipun panggêsangan, têtanèn, pamulasaranipun rajakaya, misaya ulam toya lan saminipun, tumrap kapêrluwan kasbut dening ministêr jajahan ingkang bupati badhe kaparingan tiyang ingkang kawawibakên[7] anêdah-nêdahakên.

Saking Surabaya kawartosakên, bilih botên dangu malih pangadilan landrad ing ngrika badhe mriksa prakawisipun satunggiling băngsa Tiyonghwa, ingkang kadakwa andagang tiyang èstri saha prawan. Kintên-kintên tiyang punika namung dados pirantos kemawon, tiyang sanès ingkang mragadi.

Wontên kabar bilih para militèr batalyun 21 ing Ngayogyakarta, ingkang sami miruda wontên suradhadhu pribumi cacahipun 35, ingkang 17 sampun sami lapur dhatêng Magêlang, samangke sawêg dipun urus mênggah sabab-sababipun.

Benjing tanggal 3 Juli ngajêng punika, baita kapal Kambangan badhe dhatêng ing tanah Jawi ambêkta têtiyang wangsul saking minggah haji kirang langkung tiyang 1500. Pambêktanipun para haji wau dipun pranata sae, supados sasagêd-sagêd benjing tanggal 15 Agustus ing ngajêng punika sagêda sampun rampung babarpisan.

Sêrat kabar A.I.D. mirêng pawartos bilih Sampeyan Dalêm Sinuhun ing Surakarta saha pramèswari Dalêm Gusti Kangjêng Ratu Êmas, benjing tanggal 2 Juli ngajêng punika, badhe mrata mudha dhatêng paduka tuwan residhèn ing Banyumas. Sampeyan dalêm saha pramèswari dalêm wau badhe anyare wontên ing Purwakêrta. Wontên ing ngrika tamu agung wau badhe kaaturan amriksani lusmèn parêdèn enggal ing Baturadèn.

Aneta mirêng pawartos saking Pakalongan, bilih Paduka Tuwan Residhèn Th. A. Meister benjing tanggal kaping 5 Nopèmbêr ing ngajêng punika, badhe nyuwun kèndêl saking kalênggahanipun.

Sêrat kabar A.I.D. martosakên, bilih têtiyang băngsa Tiyonghwa ingkang sami nyambutdamêl wontên ing pulo sacêlakipun Riyo sami adamêl gegeran, inggih punika sasampunipun têtiyang wau adamêl sênjata piyambak. Kala tuwan kontrolir kadhèrèkakên dening agèn pulisi sakawan, dipun ancam dening para rêrêsah wau. Sarêng pulisi angungêlakên sanjatanipun bêdhil, lajêng sami mundur.

Totên[8] watawis dangu malih para militèr sami dhatêng, wontên băngsa Tiyonghwa 90 sami kacêpêng, ingkang 8 inggih punika sami pangajêngipun katahan saha badhe kakintunakên dhatêng Batawi.

[ 439 ]

FEUILLETON

꧋ꦭꦭꦩ꧀ꦥꦃꦲꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦦꦿꦧꦸ Tristan ꦭꦤ꧀ꦥꦸꦠꦿꦶ Isolde.

꧋꧇꧗꧇​

꧋ꦥꦫꦧꦫꦺꦴꦤ꧀ꦱꦩꦶꦩꦔꦽꦠꦺꦴꦱ꧀ꦱꦲꦔꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦩꦤꦮꦶꦥꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦦꦿꦧꦸ Marc ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦱꦲꦺꦱ꧀ꦠꦸ꧉​ꦱꦢꦪꦱꦩꦶꦕꦸꦮꦩꦤꦃꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦂꦠꦱꦩꦶꦲꦤꦶꦔꦭ꧀ꦭꦶꦝꦠꦼꦁꦦꦿꦧꦸ Tristan꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦏꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦒꦝꦃꦫꦺꦏꦢꦪꦮꦲꦸ꧉​ꦤꦔꦶꦁꦦꦿꦧꦸ Tristan ꦠꦤ꧀ꦱꦃꦲꦩꦤ꧀ꦢꦼꦁꦝꦠꦼꦁꦫꦩ꧀ꦧꦸꦠ꧀ꦮꦲꦸ꧈​ꦱꦲꦏꦺꦔꦼꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦥꦸꦠꦿꦶ Isolde de Blonde ꦲꦶꦁꦆꦂꦭꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦲꦩꦭꦸꦪꦑꦏꦼꦤ꧀ꦱꦫꦶꦫꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦥꦿꦩꦶꦭꦭꦗꦼꦁꦒꦸꦩꦸꦗꦼꦁꦱꦂꦠꦩꦠꦸꦂꦲꦶꦁꦯꦁꦦꦿꦧꦸ꧇​ꦝꦸꦃ꧈​ꦫꦩꦦꦿꦧꦸ꧈​ꦏꦥꦉꦁꦔꦶꦁꦏꦂꦱꦥꦢꦸꦏꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦏꦭꦶꦤ꧀ꦠꦸꦱꦔꦼꦠ꧀꧈​ꦥꦸꦤꦥꦥꦢꦸꦏꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦲꦸꦤꦶꦁꦔꦧꦶꦭꦶꦃꦥꦫꦧꦫꦺꦴꦤ꧀ꦱꦩꦶꦲꦔꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀꧈​ꦏꦮꦸꦭꦲꦶꦁꦏꦁꦒꦝꦃꦫꦺꦏꦢꦪꦥꦸꦤꦶꦏ꧉​ꦤꦔꦶꦁꦉꦏꦢꦪꦥꦢꦸꦏꦥꦸꦤꦶꦏꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦩꦲꦺꦢꦃꦲꦶꦗꦭꦂꦫꦤ꧀ꦏꦮꦸꦭꦧꦝꦺꦏꦺꦱꦃꦔꦸꦥꦢꦺꦴꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦠꦿꦶꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦶꦏ꧀ꦩꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦲꦼꦩꦱ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏ꧉​ꦩꦸꦒꦶꦏꦲꦸꦤꦶꦁꦔꦤ꧀ꦤ꧈​ꦥꦢꦩꦼꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦧꦝꦺꦏꦮꦸꦭꦭꦩ꧀ꦥꦃꦲꦶꦥꦸꦤꦶꦏꦭꦁꦏꦸꦁꦉꦏꦲꦺꦴꦱ꧀ꦠꦶꦤꦶꦩ꧀ꦧꦁꦲꦁꦒꦺꦤ꧀ꦏꦮꦸꦭꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦲꦩꦼꦗꦃꦲꦶ Morhout꧈​ ꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦲꦸꦒꦶꦱꦒꦼꦢ꧀ꦏꦮꦸꦭꦮꦁꦱꦸꦭ꧀ꦱꦏꦶꦁꦤꦒꦫꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦁꦥꦸꦠꦿꦶꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦫꦶꦏ꧀ꦩꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦲꦼꦩꦱ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦸꦒꦶꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦒꦩ꧀ꦥꦶꦭ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦤꦭꦶꦏꦏꦮꦸꦭꦮꦁꦱꦸꦭ꧀ꦱꦏꦶꦁꦲꦶꦁꦥꦸꦭꦺꦴ Sint Samson ꦩꦼꦤ꧀ꦠꦱ꧀ꦲꦥꦺꦴꦚ꧀ꦕꦏꦫꦭꦤ꧀ Morhout ꦮꦲꦸ꧉​ꦲꦤꦔꦶꦁꦏꦮꦸꦭꦱꦸꦩꦼꦢꦾꦲꦩ꧀ꦧꦺꦭꦤꦶꦥꦢꦸꦏꦱꦥꦶꦱꦤ꧀ꦩꦭꦶꦃ꧈​ꦱꦸꦥꦢꦺꦴꦱ꧀ꦥꦫꦧꦫꦺꦴꦤ꧀ꦏꦭꦺꦫꦺꦃꦲꦤ꧀ꦥꦢꦸꦏꦱꦩꦶꦩꦔꦽꦠꦺꦴꦱ꧀ꦧꦶꦭꦶꦃꦏꦱꦼꦠꦾꦤ꧀ꦏꦮꦸꦭꦝꦠꦼꦁꦥꦢꦸꦏꦥꦸꦤꦶꦏꦠꦤ꧀ꦥꦥꦔꦗꦼꦁꦲꦗꦼꦁꦥꦸꦤꦥꦥꦸꦤꦥ꧉​ꦏꦮꦸꦭꦲꦥꦿꦱꦼꦠꦾꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦱꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦤꦶꦁꦥꦼꦗꦃꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦧꦝꦺꦮꦁꦱꦸꦭ꧀ꦝꦠꦼꦁꦤꦒꦫꦶ Cornwallis ꦔꦿꦶꦏꦶꦩꦤꦮꦶꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦲꦩ꧀ꦧꦼꦏ꧀ꦠꦥꦸꦠꦿꦶꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦫꦶꦏ꧀ꦩꦥꦶꦤ꧀ꦝꦱꦸꦠꦿꦥꦸꦤꦶꦏ꧉​

꧋ꦦꦿꦧꦸ Tristan ꦭꦗꦼꦁꦱꦝꦶꦪꦧꦲꦶꦠꦏꦲꦼꦩꦺꦴꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦧꦫꦁꦧꦫꦁꦢꦼꦢꦒꦁꦔꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦺꦢꦶꦥꦺꦤꦶꦱꦲꦒꦤ꧀ꦢꦸꦩ꧀꧈​ꦲꦁꦒꦸꦂꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦩꦢꦸ꧉​ꦏꦗꦮꦶꦯꦁ Gorneval ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦩꦭꦶꦃꦱꦠꦿꦶꦪꦤꦺꦤ꧀ꦤꦺꦩ꧀ꦩꦤ꧀ꦱꦠꦸꦱ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦤ꧀ꦝꦺꦫꦺꦏ꧀꧈​ꦱꦢꦪꦱꦠꦿꦶꦪꦥꦶꦭꦶꦲꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦧꦺꦂꦲꦶꦁꦏꦮꦤꦺꦤ꧀꧈​ꦱꦢꦪꦱꦩꦶꦩꦔꦁꦒꦺꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦱꦸꦢꦒꦂ꧈​ꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦲꦸꦒꦶꦦꦿꦧꦸ Tristan ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦔꦒꦼꦩ꧀ꦲꦒꦼꦩ꧀ꦕꦫꦱꦸꦢꦒꦂ꧉​ꦤꦔꦶꦁꦲꦶꦁꦱꦊꦧꦼꦠ꧀ꦠꦶꦁꦧꦲꦶꦠꦲꦸꦒꦶꦏꦕꦮꦶꦱ꧀ꦱꦤ꧀ꦥꦔꦁꦒꦺꦱꦠꦿꦶꦪꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦥꦔꦁꦒꦺꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦫꦱꦠꦿꦶꦪꦲꦸꦠꦸꦱ꧀ꦱꦤ꧀ꦤꦶꦁꦫꦠꦸꦲꦒꦼꦁ꧉​ꦱꦉꦁꦧꦲꦶꦠꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦲꦶꦁꦱꦠꦼꦔꦃꦲꦶꦁꦱꦒꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀꧈​ꦗꦸꦫꦸꦩꦸꦝꦶꦭꦗꦼꦁꦩꦠꦸꦂꦝꦠꦼꦁꦦꦿꦧꦸ Tristan꧈​ꦲꦠꦸꦫꦶꦥꦸꦤ꧀꧇​ꦓꦸꦱ꧀ꦠꦶ꧈​ꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦥꦸꦤ꧀ꦢꦶꦏꦂꦱꦥꦢꦸꦏꦲꦊꦭꦪꦂꦫꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏ꧉​ꦦꦿꦧꦸ Tristan ꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧇​ꦩꦼꦚꦁꦲꦶꦁꦆꦂꦭꦤ꧀꧈​ꦗꦸꦗꦸꦒ꧀ꦤꦲꦶꦁꦥꦭꦧꦸꦃꦲꦤ꧀ Weisefort꧉​ꦱꦉꦁꦗꦸꦫꦸꦩꦸꦝꦶꦩꦶꦉꦁꦝꦮꦸꦃꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦦꦿꦧꦸ Tristan ꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦮꦲꦸ꧈​ꦧꦢꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦒꦸꦩꦼꦠꦼꦂꦩꦂꦒꦶꦲꦗꦿꦶꦃꦱꦔꦼꦠ꧀꧈​ꦗꦭꦂꦫꦤ꧀ꦮꦶꦮꦶꦠ꧀ꦥꦼꦗꦃꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ Morhout ꦧꦲꦶꦠꦧꦲꦶꦠꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦏꦶꦁꦲꦶꦁ Cornwallis ꦠꦤ꧀ꦱꦃꦏꦏꦸꦪꦏꦸꦪꦢꦺꦤꦶꦁꦯꦁꦦꦿꦧꦸꦲꦶꦁꦆꦂꦭꦤ꧀꧈​ꦩꦤꦮꦶꦏꦕꦼꦥꦼꦁꦠꦶꦠꦶꦪꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦒꦤ꧀ꦠꦸꦁ꧉​ꦲꦺꦮꦢꦺꦤꦺꦗꦸꦫꦸꦩꦸꦝꦶꦮꦲꦸꦩꦶꦠꦸꦫꦸꦠ꧀ꦲꦶꦁꦱꦏꦂꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦦꦿꦧꦸ Tristan ꦲꦶꦁꦮꦸꦱꦤꦧꦲꦶꦠꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦲꦶꦁꦥꦭꦧꦸꦃꦲꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦱꦼꦧꦸꦠ꧀ꦲꦶꦁꦔꦶꦁꦒꦶꦭ꧀꧉​ꦦꦿꦧꦸ Tristan ꦠꦸꦩꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦝꦠꦼꦁꦠꦶꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁ Weisefort ꦧꦶꦭꦶꦃꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦲꦥꦫꦱꦠꦿꦶꦪꦮꦲꦸꦱꦸꦢꦒꦂꦱꦸꦢꦒꦂꦧꦺꦴꦁꦱꦆꦁꦓꦿꦶꦱ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩꦶꦧꦝꦺꦢꦼꦢꦒꦁꦔꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦤꦒꦫꦶꦩꦿꦶꦏꦸ꧉​ꦱꦤꦢꦾꦤ꧀ꦠꦶꦠꦶꦪꦁꦮꦲꦸꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦭꦗꦼꦁꦱꦩꦶꦥꦶꦠꦢꦺꦴꦱ꧀꧈​ꦲꦺꦮꦱꦩꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦦꦿꦧꦸ Tristan ꦠꦤ꧀ꦱꦃꦱꦸꦩꦼꦭꦁꦧꦶꦭꦶꦃꦏꦮꦶꦪꦏ꧀ꦮꦢꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦗꦭꦂꦫꦤ꧀ꦥꦫꦱꦠꦿꦶꦪꦮꦲꦸꦩꦤꦮꦶꦥꦶꦤꦸꦗꦸꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦲꦔ꧀ꦭꦢꦺꦴꦱ꧀ꦱꦶꦝꦠꦼꦁꦠꦶꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩꦶꦠꦸꦩ꧀ꦧꦱ꧀ꦧꦫꦁꦧꦫꦁꦢꦼꦢꦒꦁꦔꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦱꦩꦶꦝꦩ꧀ꦝꦩꦤ꧀ꦲꦸꦠꦮꦶꦩꦲꦶꦤ꧀ꦕꦠꦸꦂ꧈​ꦠꦸꦂꦏꦠꦶꦔꦭ꧀ꦭꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦭꦁꦏꦸꦁꦥꦿꦶꦒꦼꦭ꧀ꦲꦚꦼꦥꦼꦁꦏꦂꦠꦸꦠꦶꦤꦶꦩ꧀ꦧꦁꦲꦚꦼꦥꦼꦁꦏꦠꦺꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦁꦒꦺꦤꦶꦩ꧀ꦧꦁꦒꦤ꧀ꦢꦸꦩ꧀ꦩꦶꦥꦸꦤ꧀꧉​ꦥꦿꦩꦶꦭꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦤ꧀ꦱꦃꦲꦩ꧀ꦧꦸꦢꦶꦢꦪꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦢꦶꦱꦒꦼꦢ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦔꦶꦕꦭ꧀ꦭꦏꦼꦤ꧀ꦮꦱ꧀ꦱꦸꦩꦼꦭꦁꦔꦶꦁꦥꦁꦒꦭꦶꦃ꧉​

꧋ꦲꦤꦸꦗꦸꦲꦶꦁꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦭꦶꦁꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦮꦚ꧀ꦕꦶꦲꦺꦚ꧀ꦗꦶꦁ꧈​ꦦꦿꦧꦸ Tristan ꦩꦶꦉꦁꦱ꧀ꦮꦫꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦔꦺꦧꦛꦺꦧꦠ꧀ꦠꦶ꧈​ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦢꦺꦤꦺꦱ꧀ꦮꦫꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦺꦠꦤ꧀꧉​ꦦꦿꦧꦸ Tristan ꦢꦺꦫꦺꦁꦤꦠꦺꦲꦸꦤꦶꦁꦔꦏꦺꦮꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦱ꧀ꦮꦫꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦭꦗꦼꦁꦲꦤ꧀ꦢꦔꦸꦝꦠꦼꦁꦠꦶꦪꦁꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦶꦤꦸꦗꦸꦭꦸꦩꦩ꧀ꦥꦃꦲꦔ꧀ꦭꦁꦏꦸꦁꦔꦶꦲꦶꦥꦭꦧꦸꦃꦲꦤ꧀꧈​ꦥꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧇​ꦧꦺꦴꦏ꧀ꦲꦪꦸ꧈​ꦱ꧀ꦮꦫꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦔꦺꦧꦛꦺꦧꦠꦶꦥꦸꦤꦶꦏꦱ꧀ꦮꦫꦥꦸꦤꦥ꧉​ꦠꦶꦪꦁꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶꦲꦩꦁꦱꦸꦭꦶ꧇​ꦞꦸꦃ꧈​ꦯꦁꦩꦸꦝ꧈​ꦩꦼꦁꦒꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦁꦒꦼꦒꦶꦫꦶꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤꦶꦏꦮꦲꦸꦱ꧀ꦮꦫꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦭꦶꦁꦏꦺꦮꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦸꦗꦸꦢ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦔꦗꦿꦶꦃꦲꦗꦿꦶꦃꦲꦶꦱꦔꦼꦠ꧀꧉​ꦲꦺꦤ꧀ꦝꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦲꦼꦤ꧀ꦝꦱ꧀ꦱꦶꦁꦧꦿꦸꦮꦁ꧈​ꦩꦿꦶꦥꦠ꧀ꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦧꦿꦶꦠ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦩꦮ꧈​ꦲꦱꦶꦔꦠ꧀ꦏꦭꦶꦃꦭꦤ꧀ꦝꦼꦥ꧀ꦱꦔꦼꦠ꧀꧈​ꦏꦸꦥꦶꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦚ꧀ꦗꦁꦩꦮꦮꦸꦭꦸ꧈​ꦱꦸꦏꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦏꦮꦤ꧀꧈​ꦱꦢꦪꦩꦮꦶꦕꦏꦂꦱꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱꦱꦲꦭꦤ꧀ꦝꦼꦥ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦱꦸꦏꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦶꦔꦧꦫꦺꦴꦁ꧉​ꦧꦢꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦮꦶꦱꦶꦱꦶꦏ꧀ꦏꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀ꦱꦂꦠꦲꦠꦺꦴꦱ꧀ꦱꦔꦼꦠ꧀꧉​ꦱꦧꦼꦤ꧀ꦲꦺꦚ꧀ꦗꦶꦁꦩꦼꦢꦭ꧀ꦱꦏꦶꦁꦲꦶꦁꦒꦸꦮꦥꦥꦤ꧀ꦥꦢꦸꦤꦸꦁꦔꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦭꦗꦼꦁꦲꦔꦢꦼꦒ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦔꦗꦼꦁꦔꦶꦁꦱꦭꦃꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦭꦶꦁꦒꦥꦸꦫꦤꦶꦁꦏꦶꦛ꧉​ꦲꦶꦁꦱꦫꦺꦃꦤꦶꦁꦱꦩꦶꦲꦗꦿꦶꦃꦝꦠꦼꦁꦏꦺꦮꦤ꧀ꦒꦭꦏ꧀ꦮꦲꦸ꧈​ꦠꦶꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦱꦊꦧꦼꦠ꧀ꦠꦶꦁꦏꦶꦛꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩꦶꦮꦤꦶꦩꦼꦢꦭ꧀꧈​ꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦲꦸꦒꦶꦠꦶꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦱꦗꦮꦶꦤꦶꦁꦏꦶꦛꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦤꦶꦭꦸꦩꦼꦧꦼꦠ꧀ꦲꦶꦁꦏꦶꦛ꧉​ꦏꦺꦮꦤ꧀ꦮꦲꦸꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦥꦸꦫꦸꦤ꧀ꦏꦺꦱꦃꦱꦏꦶꦁꦱꦔꦗꦼꦁꦔꦶꦁꦒꦥꦸꦫꦩꦤꦮꦶꦢꦺꦫꦺꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦸꦏꦤꦶꦩꦼꦩꦁꦱꦤ꧀ꦥꦸꦠꦿꦶꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀꧉​ꦩꦤꦮꦶꦏꦱꦸꦏꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦥꦸꦠꦿꦶꦥꦸꦠꦿꦤꦶꦁꦧꦺꦴꦁꦱꦭꦸꦲꦸꦂ꧈​ꦥꦸꦠꦿꦶꦮꦲꦸꦠꦸꦩꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦕꦁꦏꦼꦉꦩ꧀ꦭꦗꦼꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦸꦤ꧀ꦠꦭ꧀꧉​ꦥꦔꦸꦤ꧀ꦠꦭ꧀ꦭꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦺꦁꦒꦭ꧀ꦱꦔꦼꦠ꧀꧉​ꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦢꦩꦼꦭ꧀ꦭꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦺꦮꦤ꧀ꦮꦲꦸꦲꦶꦁꦱꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧉​ꦦꦿꦧꦸ Tristan ꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦩꦭꦶꦃ꧇​ꦨꦺꦴꦏ꧀ꦲꦪꦸ꧈​ꦕꦺꦴꦧꦶꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀ꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦲꦶꦁꦱꦊꦉꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦥꦸꦤꦥꦏꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁꦗꦊꦂ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦭꦲꦶꦂꦫꦏꦼꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦠꦶꦪꦁꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦒꦼꦢ꧀ꦲꦩꦼꦗꦃꦲꦶꦏꦺꦮꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏ꧉​ꦠꦶꦪꦁꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶꦲꦩꦁꦱꦸꦭꦶ꧇​ꦞꦸꦃꦯꦁꦧꦶꦤꦒꦸꦱ꧀꧈​ꦥꦿꦏꦮꦶꦱ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦏꦸꦭꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦩꦠꦸꦂ꧈​ꦤꦔꦶꦁꦏꦸꦭꦱꦸꦩꦼꦉꦥ꧀ꦧꦶꦭꦶꦃꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦠꦿꦶꦪꦏꦭꦶꦃꦢꦱꦲꦶꦁꦏꦁꦚꦺꦴꦧꦶꦧꦝꦺꦩꦼꦗꦃꦲꦶꦏꦺꦮꦤ꧀ꦮꦲꦸ꧈​ꦗꦭꦂꦫꦤ꧀ꦯꦁꦦꦿꦧꦸꦲꦶꦁꦆꦂꦭꦤ꧀ꦔꦢꦼꦒ꧀ꦒꦏꦼꦤ꧀ꦱꦪꦼꦩ꧀ꦧꦫ꧈​ꦱꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦲꦶꦁꦏꦁꦱ [ 440 ]ꦒꦼꦢ꧀ꦩꦼꦗꦃꦲꦶꦏꦺꦮꦤ꧀ꦒꦭꦏ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦠꦤ꧀ꦱꦃꦲꦁꦒꦁꦒꦸꦏꦠꦼꦤ꧀ꦠꦽꦩ꧀ꦩꦤ꧀ꦤꦶꦁꦠꦶꦪꦁꦱꦤꦒꦫꦶꦥꦸꦤꦶꦏ꧈​ꦧꦝꦺꦏꦠꦫꦶꦩꦤ꧀ꦥꦸꦠꦿꦶꦥꦸꦠꦿꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦁꦦꦿꦧꦸꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦥꦥꦫꦧ꧀ Isolde de Blonde꧉​ꦤꦔꦶꦁꦥꦫꦱꦠꦿꦶꦪꦮꦲꦸꦱꦩꦶꦠꦶꦮꦱ꧀꧈​ꦏꦲꦸꦤ꧀ꦠꦭ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦏꦺꦮꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦁꦒꦼꦒꦶꦫꦶꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤꦶꦏ꧉​

꧋ꦦꦿꦧꦸ Tristan ꦭꦗꦼꦁꦮꦁꦱꦸꦭ꧀ꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦧꦲꦶꦠꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦂꦠꦠꦸꦩꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦔꦒꦼꦩ꧀ꦲꦒꦼꦩ꧀ꦱꦏꦥꦿꦧꦺꦴꦤꦶꦁꦥꦼꦫꦁ꧈​ꦲꦤꦶꦠꦶꦃꦠꦶꦠꦶꦃꦲꦤ꧀ꦱꦲꦤꦶꦭꦂꦧꦲꦶꦠꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦝꦼꦝꦼꦩꦶꦠ꧀ꦠꦤ꧀꧈​ꦠꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦲꦔꦼꦤꦼꦂꦝꦠꦼꦁꦒꦥꦸꦫꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦠꦼꦢꦃꦲꦏꦼꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦠꦶꦪꦁꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶꦮꦲꦸ꧉​ꦏꦭꦱꦩꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦮꦼꦒ꧀ꦔꦗꦼꦁꦔꦏꦼꦤ꧀ꦥꦗꦂꦲꦺꦚ꧀ꦗꦶꦁ꧈​ꦥꦿꦩꦶꦭꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦸꦩꦼꦉꦥ꧀ꦲꦶꦁꦠꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦦꦿꦧꦸ Tristan ꦱꦏꦶꦁꦲꦶꦁꦧꦲꦶꦠꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧉​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦩꦂꦒꦶꦏꦥꦁꦒꦶꦃꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦱꦠꦿꦶꦪꦒꦁꦱꦭ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩꦶꦚꦤ꧀ꦢꦼꦂꦫꦏꦼꦤ꧀ꦏꦥꦭ꧀ꦠꦸꦩ꧀ꦥꦏ꧀ꦏꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦔꦼꦤꦼꦂꦏꦶꦛ꧉​ꦱꦠꦿꦶꦪꦱꦠꦿꦶꦪꦮꦲꦸꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦏꦠꦫꦶꦏ꧀ꦫꦩ꧀ꦧꦸꦠ꧀ꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦦꦿꦧꦸ Tristan ꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦲꦁꦒꦼꦧ꧀ꦭꦒ꧀ꦲꦶꦁꦒꦼꦒꦼꦂꦫꦶꦁꦏꦥꦭ꧀ꦠꦸꦩ꧀ꦥꦏ꧀ꦏꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦏꦥꦭ꧀ꦭꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦭꦗꦼꦁꦏꦏꦺꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀ꦭꦏꦼꦤ꧀꧉​ꦦꦿꦧꦸ Tristan ꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏ꧇​ꦩꦸꦒꦶ​ꦩꦸꦒꦶꦓꦸꦱ꧀ꦠꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃꦲꦥꦫꦶꦁꦮꦶꦭꦸꦗꦼꦁꦝꦠꦼꦁꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀ꦱꦠꦿꦶꦪ꧉​ꦭꦩ꧀ꦥꦃꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦺꦮꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦔꦗꦿꦶꦃꦲꦗꦿꦶꦃꦲꦶꦥꦸꦤꦶꦏꦩꦼꦢꦭ꧀ꦲꦶꦁꦥꦸꦤ꧀ꦢꦶ꧉​ꦱꦉꦁꦱꦠꦿꦶꦪꦮꦲꦸꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦲꦤꦼꦢꦃꦲꦏꦼꦤ꧀ꦩꦂꦒꦶꦤꦶꦁꦏꦺꦮꦤ꧀ꦮꦲꦸ꧈​ꦠꦸꦩꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦲꦸꦕꦸꦭ꧀ꦭꦏꦼꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦦꦿꦧꦸ Tristan꧉​ꦏꦭꦱꦩꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦺꦮꦤ꧀ꦮꦲꦸꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦲꦚꦼꦭꦏ꧀ꦏꦶꦥꦁꦒꦺꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦦꦿꦧꦸ Tristan꧉​ꦦꦿꦧꦸ Tristan ꦭꦗꦼꦁꦲꦚꦤ꧀ꦢꦼꦂꦫꦏꦼꦤ꧀ꦠꦶꦠꦶꦃꦲꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦂꦠꦲꦤꦸꦩ꧀ꦧꦏ꧀ꦲꦶꦁꦏꦺꦮꦤ꧀ꦒꦭꦏ꧀ꦮꦲꦸ꧈​ꦤꦔꦶꦁꦝꦸꦩꦮꦃꦲꦶꦁꦱꦶꦱꦶꦏ꧀꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦠꦸꦩꦩ꧉​ꦱꦏꦶꦁꦫꦺꦴꦱꦤꦶꦁꦥꦤꦸꦩ꧀ꦧꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦮꦠꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦸꦠꦸꦱ꧀ꦱꦲꦲꦗꦸꦂ꧉​ꦦꦿꦧꦸ Tristan ꦠꦸꦩꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦤꦫꦶꦏ꧀ꦥꦼꦝꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦭꦗꦼꦁꦏꦠꦩꦑꦏꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦲꦼꦤ꧀ꦝꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦤꦔꦶꦁꦲꦸꦒꦶꦩꦼꦏ꧀ꦱꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦠꦸꦩꦩ꧉​ꦏꦺꦮꦤ꧀ꦒꦭꦏ꧀ꦮꦲꦸꦲꦔꦿꦲꦺꦴꦱ꧀ꦱꦏꦶꦠ꧀꧈​ꦤꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦸꦧꦿꦸꦏ꧀ꦦꦿꦧꦸ Tristan ꦱꦲꦤꦧꦺꦴꦏ꧀ꦠꦩꦺꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀꧉​ꦕꦼꦥꦼꦁꦔꦤ꧀ꦤꦶꦁꦠꦩꦺꦁꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦥꦸꦠꦸꦁ꧈​ꦠꦩꦺꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁꦝꦮꦃꦲꦶꦁꦱꦶꦠꦶ꧉​ꦠꦤ꧀ꦥꦲꦔꦒꦼꦩ꧀ꦠꦩꦺꦁꦦꦿꦧꦸ Tristan ꦲꦤꦩꦑꦏꦼꦤ꧀ꦩꦭꦶꦃꦥꦼꦝꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦝꦸꦩꦮꦃꦲꦶꦁꦥꦸꦤꦸꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦤꦔꦶꦁꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦠꦸꦩꦩ꧉​ꦏꦺꦮꦤ꧀ꦒꦭꦏ꧀ꦮꦲꦸꦭꦗꦼꦁꦩꦔꦥ꧀꧈​ꦱꦲꦲꦚꦼꦩ꧀ꦥꦿꦺꦴꦠ꧀ꦠꦏꦼꦤ꧀ꦭꦠꦸꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦮꦮꦶꦱꦱꦏꦶꦁꦲꦶꦁꦧꦺꦴꦭꦺꦴꦔꦤ꧀ꦤꦶꦁꦲꦶꦫꦸꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦭꦶꦃꦥꦶꦱꦤ꧀꧉​ꦏꦥꦭ꧀ꦠꦶꦠꦶꦃꦲꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦦꦿꦧꦸ Tristan ꦏꦱꦼꦩ꧀ꦥꦿꦺꦴꦠ꧀ꦥꦼꦗꦃꦱꦤꦭꦶꦏ꧉​ꦠꦼꦠꦺꦴꦥꦺꦁꦮꦗꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦫꦱꦸꦏ꧀ꦏꦤ꧀ꦏꦼꦫꦺꦮꦗꦲꦒꦼꦩ꧀ꦲꦒꦼꦩ꧀ꦩꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦦꦿꦧꦸ Tristan ꦏꦱꦼꦩ꧀ꦥꦿꦺꦴꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦏꦠꦶꦔꦭ꧀ꦒꦺꦴꦱꦺꦴꦁ꧉​ꦦꦿꦧꦸ Tristan ꦠꦸꦩꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦩ꧀ꦭꦸꦩ꧀ꦥꦠ꧀ꦱꦏꦶꦁꦠꦶꦠꦶꦃꦲꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦩ꧀ꦧꦿꦸꦏ꧀ꦱꦲꦥꦼꦗꦃꦥꦸꦤꦶꦏ꧈​ꦱꦂꦠꦲꦚꦸꦢꦸꦏ꧀ꦏꦏꦼꦤ꧀ꦥꦼꦝꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦱꦊꦧꦼꦠ꧀ꦠꦶꦁꦕꦁꦏꦼꦩ꧀ꦩꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦺꦮꦤ꧀ꦒꦭꦏ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦶꦤꦸꦗꦸꦩꦔꦥ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏ꧉​ꦱꦏꦶꦁꦫꦺꦴꦱꦤꦶꦁꦥꦚꦸꦢꦸꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦲꦶꦁꦗꦤ꧀ꦠꦸꦁ꧉​ꦏꦺꦮꦤ꧀ꦮꦲꦸꦲꦚ꧀ꦗꦼꦫꦶꦠ꧀ꦱꦺꦴꦫꦱꦔꦼꦠ꧀ꦩꦂꦒꦶꦤꦤ꧀ꦝꦁꦱꦏꦶꦠ꧀꧈​ꦭꦗꦼꦁꦥꦼꦗꦃ꧉​ꦲꦶꦭꦠ꧀ꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦤꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦲꦶꦫꦶꦱ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦦꦿꦧꦸ Tristan ꦱꦂꦠꦭꦗꦼꦁꦏꦊꦧꦼꦠ꧀ꦠꦏꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦼꦥꦠꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦱꦤ꧀꧉​ꦲꦶꦁꦱꦫꦺꦃꦤꦺꦔꦼꦭꦏ꧀ꦱꦔꦼꦠ꧀ꦠꦸꦂꦏꦥ꧀ꦭꦼꦥꦼꦏ꧀ꦏꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦸꦏꦸꦱ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦼꦢꦭ꧀ꦱꦏꦶꦁꦲꦶꦁꦲꦶꦫꦸꦁꦔꦶꦁꦏꦺꦮꦤ꧀ꦮꦲꦸꦩꦶꦭꦦꦿꦧꦸ Tristan ꦠꦸꦩꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦤꦶꦭꦂꦥꦁꦒꦺꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦔꦿꦶꦏꦸꦩꦸꦫꦸꦒ꧀ꦒꦶꦥꦁꦒꦺꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦠꦺꦴꦪꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦩ꧀ꦧꦼꦏ꧀ꦱꦲꦏꦠꦶꦔꦭ꧀ꦧꦼꦤꦶꦁꦱꦔꦼꦠ꧀ꦱꦸꦩꦼꦢꦾꦔꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀꧉​ꦢꦺꦫꦺꦁꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦲꦶꦁꦥꦁꦒꦺꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦤꦶꦁꦠꦺꦴꦪꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦝꦮꦃꦏꦤ꧀ꦠꦏ꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦲꦺꦔꦼꦠ꧀ꦥꦸꦂꦮꦢꦸꦏ꧀ꦱꦶꦤ꧈​ꦩꦂꦒꦶꦲꦶꦭꦠ꧀ꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦺꦮꦤ꧀ꦒꦭꦏ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦊꦧꦼꦠ꧀ꦠꦶꦁꦱꦼꦥꦠꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦲꦸꦠꦏ꧀ꦱꦶꦃꦩꦼꦢꦭ꧀ꦮꦶꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦤ꧀ꦢꦶꦱꦔꦼꦠ꧀꧈​ꦥꦿꦩꦶꦭꦱꦫꦶꦫꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦦꦿꦧꦸ Tristan ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦏꦧꦼꦱ꧀ꦩꦶ꧉​ꦦꦿꦧꦸ Tristan ꦝꦮꦃꦲꦶꦁꦱꦥꦶꦁꦒꦶꦂꦫꦶꦁꦫꦮꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦠꦸꦮꦸꦃꦲꦤ꧀ꦫꦸꦩ꧀ꦥꦸꦠ꧀ꦲꦶꦁꦒꦶꦭ꧀ꦲꦶꦁꦒꦶꦭ꧀꧉​

꧋ꦏꦺꦴꦕꦥ꧀ꦥ꧈​ꦱꦠꦿꦶꦪꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦲꦤ꧀ꦝꦼꦒ꧀ꦲꦶꦁꦦꦿꦧꦸ Tristan ꦮꦲꦸꦱꦪꦼꦏ꧀ꦠꦺꦴꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦤ꧀ꦠꦿꦶꦥꦔꦂꦱꦲꦶꦁꦏꦫꦠꦺꦴꦤꦶꦁꦯꦁꦦꦿꦧꦸꦲꦶꦁꦆꦂꦭꦤ꧀ꦲꦥꦼꦥꦫꦧ꧀ Aguynguerran de Rode꧉​ꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦼꦥꦺꦔꦶꦤ꧀ꦱꦔꦼꦠ꧀ꦲꦁꦒꦂꦮꦥꦸꦠꦿꦶ Isolde de Blonde ꦮꦲꦸ꧈​ꦥꦿꦩꦶꦭꦱꦧꦼꦤ꧀ꦲꦺꦚ꧀ꦗꦶꦁꦲꦩꦔꦁꦒꦺꦏꦥꦿꦧꦺꦴꦤ꧀ꦤꦶꦁꦥꦿꦁ꧈​ꦱꦸꦩꦼꦢꦾꦲꦩꦼꦗꦃꦲꦶꦏꦺꦮꦤ꧀ꦒꦭꦏ꧀ꦮꦲꦸ꧈​ꦤꦔꦶꦁꦩꦤꦮꦶꦩꦶꦉꦁꦥꦁꦒꦼꦫꦺꦴꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁꦲꦤꦶꦭꦂꦥꦁꦒꦺꦤꦤ꧀ꦥꦥꦤ꧀ꦥꦤ꧀ꦝꦼꦭꦶꦏ꧀ꦏꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦸꦩꦸꦤꦸꦁꦲꦶꦁꦱꦥꦶꦁꦒꦶꦂꦫꦶꦁꦩꦂꦒꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦺꦮꦤ꧀ꦒꦭꦏ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏ꧈​ꦏꦥꦭ꧀ꦠꦸꦩ꧀ꦥꦏ꧀ꦏꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦱꦤ꧀ꦢꦼꦂꦫꦏꦼꦤ꧀ꦮꦁꦱꦸꦭ꧀ꦝꦠꦼꦁꦏꦶꦛ꧈​ꦗꦭꦂꦫꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁꦲꦗꦿꦶꦃꦲꦶꦥꦸꦤ꧀꧉​ꦤꦔꦶꦁꦱꦏꦶꦁꦱꦔꦼꦠ꧀ꦠꦶꦁꦲꦁꦒꦺꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦺꦢꦤꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦱꦁꦥꦸꦠꦿꦶ꧈​ꦱꦧꦼꦤ꧀ꦲꦺꦚ꧀ꦗꦶꦁꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦩꦼꦭ꧀ꦭꦶꦥꦸꦤ꧀꧉​ꦩꦼꦁꦒꦃꦥꦶꦏꦗꦼꦁꦔꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦝꦺꦲꦩꦿꦗꦪꦏꦺꦮꦤ꧀ꦒꦭꦏ꧀ꦱꦏꦶꦁꦥꦥꦤ꧀ꦥꦤ꧀ꦝꦼꦭꦶꦏ꧀ꦏꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦤꦔꦶꦁꦠꦤ꧀ꦱꦃꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦢꦸꦒꦶꦲꦔꦼꦠꦺꦴꦒ꧀ꦒꦏꦼꦤ꧀ꦏꦮꦤꦺꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧉​ꦲꦶꦁꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦯꦁ Aguynguerren ꦮꦁꦱꦸꦭ꧀ꦩꦭꦶꦃ꧈​ꦏꦲꦶꦫꦶꦁꦔꦏꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦩꦶꦠꦿꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦠꦿꦶꦪꦱꦏꦮꦤ꧀꧉​ꦱꦉꦁꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦲꦶꦁꦠꦶꦭꦱ꧀ꦥꦁꦒꦺꦤꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦥꦿꦁꦠꦤ꧀ꦝꦶꦁꦏꦺꦮꦤ꧀ꦒꦭꦏ꧀ꦱꦲꦱꦠꦿꦶꦪꦱꦏꦶꦁꦔꦩꦚ꧀ꦕꦤꦒꦫꦶꦮꦲꦸ꧈​ꦲꦩꦿꦁꦒꦸꦭ꧀ꦭꦶꦧꦁꦏꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦺꦮꦤ꧀ꦒꦭꦏ꧀꧈​ꦏꦥꦭ꧀ꦭꦶꦁꦱꦠꦿꦶꦪꦩꦼꦁꦱꦃꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦥꦺꦴꦚ꧀ꦕꦏꦫꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦠꦩꦺꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦉꦩꦸꦏ꧀ꦒꦸꦩꦭꦺꦛꦏ꧀ꦲꦶꦁꦱꦶꦠꦶ꧉​ꦯꦁ Aguynguerren ꦔꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦧꦶꦭꦶꦃꦱꦠꦿꦶꦪꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦼꦗꦃꦲꦶꦏꦺꦮꦤ꧀ꦒꦭꦏ꧀ꦮꦲꦸꦲꦸꦒꦶꦥꦼꦗꦃ꧈​ꦥꦿꦩꦶꦭꦲꦼꦤ꧀ꦝꦱ꧀ꦱꦶꦁꦏꦺꦮꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁꦏꦠꦸꦒꦼꦭ꧀ꦱꦏꦶꦁꦲꦶꦁꦒꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦏꦲꦠꦸꦂꦫꦏꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦯꦁꦦꦿꦧꦸꦆꦂꦭꦤ꧀꧈​ꦱꦲꦩꦠꦸꦂꦧꦶꦭꦶꦃꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦩꦼꦗꦃꦲꦶꦏꦺꦮꦤ꧀ꦒꦭꦏ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦱꦂꦠꦭꦗꦼꦁꦚꦸꦮꦸꦤ꧀ꦱꦸꦥꦢꦺꦴꦱ꧀ꦏꦝꦲꦸꦥ꧀ꦥꦏꦼꦤ꧀ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦱꦁꦥꦸꦠꦿꦶ꧈​ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦱꦪꦼꦩ꧀ꦧꦫꦑꦏꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦯꦁꦦꦿꦧꦸ꧉​ꦲꦶꦁꦱꦊꦧꦼꦠ꧀ꦠꦶꦁꦥꦁꦒꦭꦶꦃꦯꦁꦦꦿꦧꦸꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦥꦶꦠꦢꦺꦴꦱ꧀ꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦏꦮꦤꦺꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦤ꧀ꦠꦿꦶꦥꦔꦂꦱꦮꦲꦸ꧈​ꦤꦔꦶꦁꦱꦁꦤꦠꦲꦸꦒꦶꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦧꦝꦺꦲꦤꦼꦠꦼꦥ꧀ꦥꦶꦗꦁꦗꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧉​ꦩꦶꦭꦯꦁꦦꦿꦧꦸꦭꦗꦼꦁꦥꦫꦶꦁꦝꦮꦸꦃꦝꦠꦼꦁꦥꦫꦧꦫꦺꦴꦤ꧀ꦏꦭꦺꦫꦺꦃꦲꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦠꦶꦒꦁꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦩꦭꦶꦃꦱꦩꦶꦏꦝꦮꦸꦃꦲꦤ꧀ꦱꦺꦴꦮꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦂꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦯꦁꦦꦿꦧꦸ꧉​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦔꦗꦼꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦫꦺꦴꦤ꧀ꦧꦫꦺꦴꦤ꧀ꦱꦢꦪ꧈​ꦩꦤ꧀ꦠꦿꦶꦥꦔꦂꦱꦮꦲꦸꦧꦝꦺꦏꦝꦮꦸꦃꦲꦤ꧀ꦔꦠꦶꦔꦭ꧀ꦭꦏꦼꦤ꧀ꦠꦺꦴꦤ꧀ꦝꦪꦼꦏ꧀ꦠꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦼꦗꦃꦲꦶꦏꦺꦮꦤ꧀ꦒꦭꦏ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏ꧉​

꧋ꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦱꦉꦁꦥꦸꦠꦿꦶ Isolde ꦩꦶꦉꦁꦧꦶꦭꦶꦃꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦝꦺꦏꦠꦫꦶꦩꦑꦏꦼꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦩꦤ꧀ꦠꦿꦶꦥꦔꦂꦱꦠꦤ꧀ꦱꦃꦒꦸꦩꦸꦗꦼꦁꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦮꦸꦱꦤꦱꦱꦩ꧀ꦧꦠ꧀ꦩꦤꦸꦮꦫ꧉​ꦔꦶꦁꦱꦫꦺꦃꦤꦶꦁꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦔꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦧꦶꦭꦶꦃꦭꦭꦩ꧀ꦥꦃꦲꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦁ Aguynguerren ꦮꦲꦸꦲꦮꦼꦮꦠꦺꦴꦤ꧀ꦫꦺꦏꦢꦪꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦶꦱꦶꦥ꧀꧈​ꦥꦿꦩꦶꦭꦲꦺꦚ꧀ꦗꦶꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁꦠꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦲꦔꦼꦤꦼꦂꦲꦶꦁꦒꦸꦮꦥꦥꦤ꧀ꦥꦢꦸꦤꦸꦁꦔꦤ꧀ꦤꦶꦁꦏꦺꦮꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦥꦼꦗꦃꦥꦸꦤꦶꦏ꧉​ꦏꦝꦺꦫꦺꦑꦏꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦲꦧ꧀ꦢꦶꦏꦼꦏꦭꦶꦃꦗꦊꦂꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦗꦊꦂꦲꦤꦩ Pirinis ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶꦲꦮꦱ꧀ꦠ Brangien꧉​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦩꦂꦒꦶꦱꦁꦥꦸꦠꦿꦶꦲꦩꦿꦶꦏ꧀ꦱꦤꦶꦠꦶꦭꦱ꧀ꦱꦶꦁꦠꦿꦕꦏ꧀ꦏꦥꦭ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦔꦸꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦱꦩꦶꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦮꦔꦸꦤ꧀ꦤꦶꦁꦠꦿꦕꦏ꧀ꦏꦶꦁꦏꦥꦭ꧀ꦲꦶꦁꦆꦂꦭꦤ꧀꧈​ꦩꦶꦭꦭꦗꦼꦁꦔꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦧꦶꦭꦶꦃꦭꦥꦶꦱ꧀ꦱꦶꦁꦠꦿꦕꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦥꦭ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦲꦸꦤꦶꦁꦔꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦢꦺꦢꦺꦢꦩꦼꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦲꦶꦁꦆꦂꦭꦤ꧀꧉​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦲꦤ꧀ꦠꦮꦶꦱ꧀ꦢꦔꦸꦩꦭꦶꦃꦱꦁꦥꦸꦠꦿꦶꦭꦗꦼꦁꦲꦩꦿꦶꦏ꧀ꦱꦤꦶꦧꦁꦏꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦺꦮꦤ꧀ꦒꦭꦏ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦠꦤ꧀ꦥꦲꦼꦤ꧀ꦝꦱ꧀ꦱꦲꦧꦛꦁꦏꦥꦭ꧀꧉​

꧋( ꦧꦝꦺꦏꦱꦩ꧀ꦧꦼꦠ꧀ꦠꦤ꧀ )

FEUILLETON

Lêlampahanipun Prabu Tristan lan putri Isolde

besut

7

Para baron sami mangrêtos saha ngintên manawi pangandikanipun Prabu Marc botên saèstu. Sadaya sami cuwa manahipun sarta sami aningali dhatêng Prabu Tristan, ingkang kakintên gadhah rekadaya wau. Nanging Prabu Tristan tansah amandêng dhatêng rambut wau, saha kèngêtan dhatêng putri Isolde de Blonde ing Irlan ingkang sampun amaluyakakên sariranipun, pramila lajêng gumujêng sarta matur ing sang prabu: Dhuh, rama prabu, kaparênging karsa paduka ingkang makatên punika kalintu sangêt, punapa paduka botên uninga bilih para baron sami angintên, kawula ingkang gadhah rekadaya punika. Nanging rêkadaya paduka punika botên maedahi jalaran kawula badhe kesah ngupadosi putri ingkang rikmanipun kados êmas punika. Mugi kauningana, padamêlan ingkang badhe kawula lampahi punika langkung rêkaos tinimbang anggèn kawula sampun sagêd amêjahi Morhout, makatên ugi sagêd kawula wangsul saking nagarinipun sang putri ingkang arikma kados êmas punika ugi botên gampil kados nalika kawula wangsul saking ing pulo Sint Samson mêntas apăncakara lan Morhout wau. Ananging kawula sumêdya ambelani paduka sapisan malih, supados para baron kalerehan paduka sami mangrêtos bilih kasêtyan kawula dhatêng paduka punika tanpa pangajêng-ajêng punapa-punapa. Kawula aprasêtya ngantos sadumugining pêjah botên badhe wangsul dhatêng nagari Cornwallis ngriki manawi botên sagêd ambêkta putri ingkang arikma pindha sutra punika.

Prabu Tristan lajêng sadhiya baita kaêmotan barang-barang dêdagangan ingkang èdi pèni saha gandum, anggur tuwin madu. Kajawi Sang Gorneval wontên malih satriya neneman satus ingkang andhèrèk, sadaya satriya pilihan ingkang bèr ing kawanèn, sadaya sami mangangge kados sudagar, makatên ugi Prabu Tristan inggih ngagêm-agêm cara sudagar. Nanging ing salêbêting baita ugi kacawisan pangangge satriya kados panganggenipun para satriya utusaning ratu agêng. Sarêng baitanipun sampun dumugi ing satêngahing sagantên, juru mudhi lajêng matur dhatêng Prabu Tristan, aturipun: Gusti, dhatêng ing pundi karsa paduka alêlayaran punika. Prabu Tristan ngandika: mênyang ing Irlan, jujugna ing palabuhan Weisefort. Sarêng juru mudhi mirêng dhawuhipun Prabu Tristan makatên wau, badanipun gumêtêr margi ajrih sangêt, jalaran wiwit pêjahipun Morhout baita-baita ingkang saking ing Cornwallis tansah kakuya-kuya dening sang prabu ing Irlan, manawi kacêpêng têtiyangipun sami dipun gantung. Ewadene juru mudhi wau miturut ing sakarsanipun Prabu Tristan ing wusana baitanipun dumugi ing palabuhan ingkang kasêbut ing nginggil. Prabu Tristan tumuntên cariyos dhatêng têtiyang ing Weisefort bilih panjênênganipun saha para satriya wau sudagar-sudagar băngsa Inggris ingkang sami badhe dêdagangan dhatêng ing nagari mriku. Sanadyan têtiyang wau inggih lajêng sami pitados, ewasamantên Prabu Tristan tansah sumêlang bilih kawiyak wadinipun, jalaran para satriya wau manawi pinuju botên angladosi dhatêng têtiyang ingkang sami tumbas barang-barang dêdaganganipun, sami dham-dhaman utawi main catur, tur katingalipun sami langkung prigêl anyêpêng kartu tinimbang anyêpêng katèn ingkang kangge nimbang gandumipun. Pramila panjênênganipun tansah ambudidaya kadospundi sagêdipun angicalakên was-sumêlanging panggalih.

Anuju ing satunggiling dintên wanci enjing, Prabu Tristan mirêng swara ingkang angebat-ebati, kadosdene swaranipun setan. Prabu Tristan dèrèng nate uninga kewan ingkang makatên swaranipun, lajêng andangu dhatêng tiyang èstri ingkang pinuju lumampah anglangkungi palabuhan, pangandikanipun: Bok ayu, swara ingkang angebat-ebati punika swara punapa. Tiyang èstri amangsuli: Dhuh, sang mudha, mênggah ingkang anggêgirisi punika wau swaranipun satunggiling kewan ingkang wujudipun angajrih-ajrihi sangêt. Êndhasipun kados êndhasing bruwang, mripatipun abrit kados mawa, asingat kalih landhêp sangêt, kupingipun panjang mawa wulu, sukunipun sakawan, sadaya mawi cakar santosa saha landhêp kados sukunipun singa barong. Badanipun mawi sisik kandêl sarta atos sangêt. Sabên enjing mêdal saking ing guwa papan padununganipun, lajêng angadêg wontên ing sangajênging salah satunggiling gapuraning kitha. Ing sarèhning sami ajrih dhatêng kewan galak wau, têtiyang ing salêbêting kitha botên wontên ingkang sami wani mêdal, makatên ugi têtiyang ing sajawining kitha inggih botên wani lumêbêt ing kitha. Kewan wau botên purun kesah saking sangajênging gapura manawi dèrèng dipun sukani mêmangsan putri satunggil. Manawi kasukanan putri putraning băngsa luhur, putri wau tumuntên dipun cangkêrêm lajêng dipun untal. Panguntalipun enggal sangêt. Makatên damêlipun kewan wau ing sadintên-dintênipun. Prabu Tristan ngandika malih: Bok ayu, cobi sampeyan cariyos ing salêrêsipun, punapa kintên-kintên wontên tiyang jalêr, ingkang dipun lairakên dening tiyang èstri, ingkang sagêd amêjahi kewan punika. Tiyang èstri amangsuli: Dhuh sang binagus, prakawis punika kula botên sagêd matur, nanging kula sumêrêp bilih sampun wontên satriya kalih dasa ingkang nyobi badhe mêjahi kewan wau, jalaran sang prabu ing Irlan ngadêgakên sayêmbara, sintên-sintêna ingkang sagêd mêjahi kewan galak ingkang tansah angganggu katêntrêmaning tiyang sanagari punika, badhe katariman putri putranipun sang prabu piyambak ingkang apêparab Isolde de Blonde. Nanging para satriya wau sami tiwas, kauntal dening kewan ingkang anggêgirisi punika.

Prabu Tristan lajêng wangsul dhatêng ing baitanipun sarta tumuntên angagêm-agêm sakapraboning pêrang, anitih titihan saha nilar baitanipun dhêdhêmitan, tindak angênêr dhatêng gapura ingkang katêdahakên dening tiyang èstri wau. Kala samantên sawêg ngajêngakên pajar enjing, pramila botên wontên tiyang ingkang sumêrêp ing tindakipun Prabu Tristan saking ing baitanipun. Wontên ing margi kapanggih kalihan satriya gangsal ingkang sami nyandêrakên kapal tumpakanipun angênêr kitha. Satriya-satriya wau ingkang satunggil katarik rambutipun dening Prabu Tristan ngantos anggêblag ing gêgêring kapal tumpakanipun, kapalipun inggih lajêng kakèndêlakên. Prabu Tristan ngandika: Mugi-mugi Gusti Allah aparing wilujêng dhatêng sampeyan satriya. Lampahipun kewan ingkang angajrih-ajrihi punika mêdal ing pundi. Sarêng satriya wau sampun anêdahakên margining kewan wau, tumuntên kauculakên dening Prabu Tristan. Kala samantên kewan wau sampun anyêlaki panggenanipun Prabu Tristan. Prabu Tristan lajêng anyandêrakên titihanipun sarta anumbak ing kewan galak wau, nanging dhumawah ing sisik, botên tumama. Saking rosaning panumbakipun, watangipun putus saha ajur. Prabu Tristan tumuntên anarik pêdhangipun, lajêng katamakakên ing êndhasipun, nanging ugi mêksa botên tumama. Kewan galak wau angraos sakit, nuntên nubruk Prabu Tristan saha nabok tamèngipun. Cêpênganing tamèng ngantos putung, tamèngipun lajêng dhawah ing siti. Tanpa angagêm tamèng Prabu Tristan anamakakên malih pêdhangipun, dhumawah ing punukipun, nanging inggih botên tumama. Kewan galak wau lajêng mangap, saha anyêmprotakên latu ingkang mawa wisa saking ing bolonganing irungipun kalih pisan. Kapal titihanipun Prabu Tristan kasêmprot pêjah sanalika. Têtopèng waja tuwin rasukan kêre waja agêm-agêmanipun Prabu Tristan kasêmprotan ngantos katingal gosong. Prabu Tristan tumuntên mlumpat saking titihanipun ingkang ambruk saha pêjah punika, sarta anyudukakên pêdhangipun dhatêng ing salêbêting cangkêmipun kewan galak ingkang pinuju mangap punika. Saking rosaning panyudukipun ngantos dumugi ing jantung. Kewan wau anjêrit sora sangêt margi nandhang sakit, lajêng pêjah. Ilatipun nuntên kairis dening Prabu Tristan sarta lajêng kalêbêtakên ing sêpatunipun tosan. Ing sarèhne ngêlak sangêt tur kaplêpêkên ing kukus ingkang mêdal saking ing irunging kewan wau mila Prabu Tristan tumuntên anilar panggenan ngriku murugi panggenan ingkang wontên toyanipun mambêk saha katingal bêning sangêt sumêdya ngunjuk. Dèrèng dumugi ing panggenaning toya panjênênganipun dhawah kantaka, botên èngêt purwaduksina, margi ilatipun kewan galak ingkang wontên ing salêbêting sêpatunipun wau taksih mêdal wisanipun mandi sangêt, pramila sariranipun Prabu Tristan kados kabêsmi. Prabu Tristan dhawah ing sapinggiring rawa ingkang katuwuhan rumput inggil-inggil.

Kocapa, satriya ingkang kaandhêg ing Prabu Tristan wau sayêktosipun mantri pangarsa ing karatoning sang prabu ing Irlan apêparab Aguynguerran de Rode. Piyambakipun kêpengin sangêt anggarwa putri Isolde de Blonde wau, pramila sabên enjing amangangge kapraboning prang, sumêdya amêjahi kewan galak wau, nanging manawi mirêng panggêrongipun lajêng anilar panggenan papan pandhêlikanipun, ingkang dumunung ing sapinggiring marginipun kewan galak punika, kapal tumpakanipun kasandêrakên wangsul dhatêng kitha, jalaran saking ajrihipun. Nanging saking sangêting anggènipun kedanan dhatêng sang putri, sabên enjing makatên kemawon damêlipun. Mênggah pikajênganipun badhe amrajaya kewan galak saking papan pandhêlikanipun, nanging tansah botên kadugi angêtogakên kawanènipun. Ing dintên punika Sang Aguynguerren wangsul malih, kairingakên ing mitranipun satriya sakawan. Sarêng dumugi ing tilas panggenanipun aprang tandhing kewan galak saha satriya saking ngamănca nagari wau, amrangguli bangkenipun kewan galak, kapaling satriya mêngsahipun apăncakara tuwin tamèng ingkang rêmuk gumalethak ing siti. Sang Aguynguerren ngintên bilih satriya ingkang mêjahi kewan galak wau ugi pêjah, pramila êndhasing kewan lajêng katugêl saking ing gêmbungipun, kaaturakên ing sang prabu Irlan, saha matur bilih piyambakipun ingkang amêjahi kewan galak punika sarta lajêng nyuwun supados kadhaupakên kalihan sang putri, kados ingkang sampun kasayêmbarakakên ing sang prabu. Ing salêbêting panggalih sang prabu botên pitados dhatêng ing kawanenanipun mantri pangarsa wau, nanging sang nata ugi inggih badhe anêtêpi jangjinipun. Mila sang prabu lajêng paring dhawuh dhatêng para baron kalerehanipun, tigang dintên malih sami kadhawuhan sowan ing ngarsanipun sang prabu. Wontên ing sangajêngipun baron-baron sadaya, mantri pangarsa wau badhe kadhawuhan ngatingalakên tăndha yêktinipun, bilih piyambakipun ingkang mêjahi kewan galak punika.

Kacariyos sarêng putri Isolde mirêng bilih panjênênganipun badhe katarimakakên dhatêng mantri pangarsa tansah gumujêng kemawon, wusana sêsambat manuara. Nging sarèhning panjênênganipun ngintên bilih lêlampahanipun Sang Aguynguerren wau awêwaton rekadaya ingkang sisip, pramila enjingipun lajêng tindak angênêr ing guwa papan padununganing kewan ingkang sampun pêjah punika. Kadhèrèkakên ing abdi kêkalih jalêr èstri, ingkang jalêr anama Pirinis ingkang èstri awasta Brangien. Wontên ing margi sang putri amriksani tilasing tracak kapal ingkang wangunipun botên sami kalihan wanguning tracaking kapal ing Irlan, mila lajêng ngintên bilih lapising tracakipun kapal ingkang kauningan punika dede damêlan ing Irlan. Botên antawis dangu malih sang putri lajêng amriksani bangkenipun kewan galak ingkang tanpa êndhas saha bathang kapal.

(Badhe kasambêtan)

}}

Majalah Kajawen taun 1927
Kajawen 006 1927-02-10
(Index)
Kajawen 021 1927-05-26
(Index)
Kajawen 026 1927-06-30
(Index)
Kajawen 031 1927-08-04
(Index)
Kajawen 034 1927-08-25
(Index)
Kajawen 035 1927-09-01
(Index)
Kajawen 037 1927-09-15
(Index)
Kajawen 040 1927-10-06
(Index)
Kajawen 041 1927-10-13
(Index)
Kajawen 043 1927-10-27
(Index)
Kajawen 050 1927-12-15
(Index)
Kajawen 052 1927-12-29
(Index)

{{#ifeq:1927|1927|