[ Cover ]


꧋ꦎꦁ​ꦏ​ 34꧈​ ꧒꧖꧇​ ꦱꦥꦂ꧈​ ​ꦠꦲꦸꦤ꧀ꦗꦶꦩꦏꦶꦂ​꧇ ꧑꧘꧕꧘꧇​꧈​ 25 ꦄꦒꦸꦱ꧀ꦠꦸꦱ꧀ 1927꧈​ ꦠꦲꦸꦤ꧀ II.


ꦏꦗꦮꦺꦤ꧀



ꦏꦮꦼꦢꦭ꧀ꦭꦏꦼꦤ꧀ꦱꦧꦼꦤ꧀ꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦼꦩꦶꦱ꧀꧉​



꧋ꦉꦒꦶꦤꦶꦁꦱꦼꦫꦠ꧀ꦏꦧꦂꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦶꦁꦢꦊꦩ꧀ꦠꦶꦒꦁꦮꦸꦭꦤ꧀ f. 150 ​

ꦧꦪꦫꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦱꦸꦮꦸꦤ꧀ꦫꦸꦩꦶꦪꦶꦤ꧀꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦺꦔꦶꦁꦭꦁꦒꦤꦤ꧀ꦏꦶꦫꦁꦱꦏꦶꦁ 3 ꦮꦸꦭꦤ꧀꧉

꧋ꦗꦸꦫꦸꦔꦫꦁ​ꦲꦢ꧀ꦩꦶꦤꦶꦱ꧀ꦠꦿꦱꦶ ꦧꦭꦺꦥꦸꦱ꧀ꦠꦏ꧈​ꦲꦶꦁꦱꦮꦶꦁꦏꦶꦔꦶꦁꦏꦤ꧀ꦠꦺꦴꦂꦥꦭꦶꦱ꧀꧈​

ꦠꦶꦭ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦤꦺꦴꦩꦼꦂ 2791 ꦮꦺꦭ꧀ꦠꦼꦦ꦳ꦿꦺꦝꦼꦤ꧀꧉​


꧋ꦥꦱꦂꦒꦩ꧀ꦧꦶꦂ꧉​

꧋ꦔꦶꦁꦒꦶꦭ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦒꦩ꧀ꦧꦫꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭꦶꦁꦥꦼꦏꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦄꦕꦶꦃ꧉

꧋ꦱꦧꦼꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁꦠꦩ꧀ꦠꦸꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦸꦩꦼꦉꦥ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦱ꧀ꦠꦤꦶꦥꦱꦂꦒꦩ꧀ꦧꦶꦂ꧉​ꦥꦱꦂꦒꦩ꧀ꦧꦶꦂꦲꦶꦁꦠꦲꦸꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏ꧈​ꦏꦮꦶꦮꦶꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦠꦁꦒꦭ꧀ 26 ꦄꦒꦸꦱ꧀ꦠꦸꦱ꧀ ꦢꦸꦩꦸꦒꦶ 6 ꦱꦺꦥ꧀ꦠꦺꦩ꧀ꦧꦼꦂ꧉​ꦮꦮꦔꦸꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦤꦶꦁꦒꦿꦶꦪꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦒꦩ꧀ꦧꦂꦲꦶꦁꦔꦶꦁꦒꦶꦭ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏ꧉​ꦏꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦝꦺꦭꦁꦏꦸꦁꦱꦲꦺꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦫꦩꦺꦠꦶꦤꦶꦩ꧀ꦧꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀꧉​ꦥꦗꦒꦺꦤ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱꦤ꧀ꦤꦶ꧈​ꦢꦶꦭꦃꦢꦶꦭꦃꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦼꦮꦃꦲꦶ꧈​ꦢꦶꦭꦃꦱꦺꦴꦫꦺꦴꦠ꧀(zoeklicht)ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦤ꧀ꦝꦏ꧀ꦏꦶꦱꦺꦴꦫꦺꦴꦠ꧀ꦠꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦲꦶꦁꦠꦼꦧꦶꦃ꧉​ꦲꦶꦁꦔꦿꦶꦏꦸꦠꦶꦪꦁꦧꦝꦺꦱꦒꦼꦢ꧀ꦚꦸꦩꦼꦉꦥ꧀ꦥꦶꦏꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦤꦶꦁꦢꦺꦴꦚꦢꦒꦁ꧈​ꦏꦒꦸꦤꦤ꧀ꦭꦤ꧀ꦏꦮꦼꦏꦼꦭ꧀ꦭꦤ꧀꧈​ꦥꦸꦤꦥꦩꦭꦶꦃꦥꦥꦤ꧀ꦏꦱꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦠꦶꦠꦶꦔꦭ꧀ꦭꦤ꧀꧉​

Ăngka 34, 26 Sapar Taun Jimakir 1858, 25 Agustus 1927, Taun II.

Kajawèn

Kawêdalakên sabên dintên Kêmis.

Rêgining sêrat kabar punika ing dalêm tigang wulan ... f 1.50, bayaranipun kasuwun rumiyin, botên kenging langganan kirang saking 3 wulan.

Juru ngarang - administrasi Bale Pustaka, ing sawingkinging kantor palis, tilpun nomêr 2791 - Wèltêprèdhên.

Pasar Gambir.

[Grafik]

Sabên tiyang tamtu sampun sumêrêp ingkang dipun wastani pasar Gambir. Pasar Gambir ing taun punika, kawiwitan wontên ing tanggal 26 Agustus dumugi 6 Sèptèmbêr. Wêwangunaning griya kados gambar ing nginggil punika. Kawontênanipun badhe langkung sae tuwin rame tinimbang ingkang sampun. Pajagèn dipun santosani, dilah-dilahipun dipun wêwahi, dilah sorot (zoeklicht) dipun indhaki sorotipun, sagêd dumugi ing têbih. Ing ngriku tiyang badhe sagêd nyumêrêpi kawontênaning donya dagang, kagunan lan kawêkêlan, punapa malih papan kasênêngan tuwin têtingalan.

[ 582 ]  ꧋ꦮꦮꦱ꧀ꦱꦤ꧀ꦠꦸꦩꦿꦥ꧀ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦲꦁꦒꦶꦠꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦱ꧀ꦮꦂꦒꦶꦑꦁꦗꦼꦁꦓꦸꦱ꧀ꦠꦶꦦꦔꦺꦫꦤ꧀ꦲꦢꦶꦦꦠꦶꦲꦂꦪꦩꦁꦏꦸꦟꦓꦫ IV꧉​

꧋ꦩꦶꦤꦺꦴꦁꦏꦥꦼꦥꦺꦔꦼꦠ꧀꧉​ (ꦩꦶꦠꦸꦫꦸꦠ꧀ꦏꦫꦁꦔꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ Dr. Th. Pigeaud). ꦕꦤ꧀ꦝꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦗꦮꦺꦤ꧀ꦎꦁꦏ 33꧉​

꧋ꦫꦲꦺꦴꦱ꧀ꦝꦠꦼꦁꦊꦧꦼꦠ꧀ꦠꦶꦁꦠꦼꦒꦼꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁꦥꦸꦤꦶꦏꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦩꦼꦱ꧀ꦛꦶꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦸꦮꦸꦃꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦚ꧀ꦕꦺꦤ꧀ꦏꦼꦠꦫꦶꦏ꧀ꦲꦸꦠꦮꦶꦒꦒꦪꦸꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦝꦼꦝꦱꦂꦫꦶꦁꦧꦱ꧈​ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁꦗꦮꦶꦥꦸꦤꦶꦏꦱꦩꦶꦫꦶꦩ꧀ꦧꦒ꧀ꦒꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁꦮꦺꦴꦢ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦒꦩ꧀ꦥꦶꦭ꧀ꦱꦔꦼꦠ꧀ꦥꦤꦶꦠꦶꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦂꦠꦲꦸꦒꦶꦏꦛꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦠꦏ꧀ꦱꦶꦃꦏꦁꦒꦺꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁꦲꦫꦤ꧀꧉​

꧋ꦏꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦤꦶꦁꦧꦱꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦮꦲꦸ꧈​ꦏꦛꦃꦲꦶꦁꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦺꦔꦶꦁꦏꦁꦒꦺꦥꦸꦂꦮꦏꦤ꧀ꦛꦶꦲꦸꦠꦮꦶꦱꦩꦶꦩꦶꦫꦶꦧ꧀ꦠꦼꦒꦼꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦥꦫꦗꦸꦫꦸꦔꦫꦁꦮꦶꦮꦶꦠ꧀ꦏꦶꦤꦩꦶꦭꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦩꦶꦒꦸꦤꦑꦏꦼꦤ꧀ꦢꦪꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦁꦒꦺꦔ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦏꦼꦤ꧀ꦫꦲꦺꦴꦱ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦶꦤꦗꦼꦁꦔꦏꦼꦤ꧀꧉​ꦩꦼꦁꦒꦃꦫꦺꦏꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦠ꧇​ꦱꦫꦤꦒꦸꦫꦶꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦭꦤ꧀ꦥꦸꦂꦮꦏꦤ꧀ꦛꦶꦮꦂꦤꦶꦮꦂꦤꦶꦲꦶꦁꦮꦶꦮꦶꦠ꧀ꦠꦤ꧀꧈​ꦠꦼꦔꦃꦱꦂꦠꦮꦼꦏꦱꦤ꧀ꦤꦶꦁꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁ꧈​ꦠꦂꦏꦝꦁꦲꦱꦿꦶꦁꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦥꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦥꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦭꦫꦶꦏ꧀ꦠꦼꦫꦸꦱ꧀ꦱꦤ꧀꧈​ꦲꦤꦔꦶꦁꦩꦮꦶꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦫꦤꦤꦶꦮꦁꦱꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦲꦢꦺꦤ꧀ꦲꦢꦺꦤ꧀꧉​ꦮꦁꦱꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦢꦺꦤꦺꦕꦁꦏꦿꦶꦩꦤ꧀꧈​ꦥꦩ꧀ꦧꦠꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦫꦤꦩꦢꦺꦴꦱꦶꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦱ꧀ꦮꦫꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦶꦫꦶꦧ꧀ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁꦲꦶꦁꦢꦊꦩ꧀ꦕꦁꦏꦿꦶꦩ꧀ꦩꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏ꧉​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦁꦱꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦧꦺꦴꦏ꧀ꦩꦤꦮꦶꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀ꦒꦒꦪꦸꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦱꦱꦶꦫꦶꦏ꧀ꦏꦤ꧀ꦱꦂꦠꦧꦱꦮꦶꦤꦢꦺꦴꦱ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦠꦏ꧀ꦱꦶꦃꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦱꦮꦼꦤꦺꦃꦲꦶꦁꦕꦫꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦒꦺꦴꦭꦺꦴꦔꦤ꧀ꦤꦶꦁꦠꦶꦠꦶꦪꦁꦧꦺꦴꦝꦺꦴ꧈​ꦗꦭꦂꦫꦤ꧀ꦠꦏ꧀ꦱꦶꦃꦲꦗꦿꦶꦃꦤꦼꦫꦏ꧀꧉​ꦲꦤꦔꦶꦁꦮꦁꦱꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦮꦲꦸꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦼꦫꦠ꧀ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦗꦮꦶꦩꦮꦶꦱꦼꦏꦂꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦧꦸꦱꦤꦤꦶꦁꦧꦱꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦶꦊꦠ꧀ꦥꦔꦿꦏꦶꦠ꧀ꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦮꦼꦮꦠꦺꦴꦤ꧀ꦱ꧀ꦮꦫ꧉​ꦠꦸꦩꦿꦥ꧀ꦥꦶꦁꦥꦫꦥꦸꦗꦺꦴꦁꦒꦭꦶꦤꦁꦏꦸꦁꦱꦒꦼꦢ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦱꦫꦤꦤꦤ꧀ꦢꦸꦑꦏꦼꦤ꧀ꦫꦲꦺꦴꦱ꧀ꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦶꦉꦁ꧈​ꦩꦸꦫꦶꦃꦱꦒꦼꦢ꧀ꦏꦿꦲꦺꦴꦱ꧀ꦒꦒꦪꦸꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦗꦒꦢ꧀ꦢꦶꦁꦩꦤꦸꦁꦱꦲꦶꦁꦗꦮꦶꦱꦂꦠꦲꦶꦁꦊꦧꦼꦠ꧀꧉​

꧋ꦏꦠꦼꦫꦁꦔꦤ꧀ꦱꦮꦠꦮꦶꦱ꧀ꦲꦶꦁꦔꦶꦁꦒꦶꦭ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦏꦊꦧꦼꦠ꧀ꦮꦮꦱ꧀ꦱꦤ꧀ꦧꦧ꧀ꦱꦼꦏꦂꦠꦸꦩꦿꦥ꧀ꦲꦁꦒꦶꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦲꦸꦩꦸꦩ꧀꧉​ꦲꦶꦁꦱꦥꦸꦤꦶꦏꦧꦝꦺꦔꦽꦩ꧀ꦧꦒ꧀ꦧꦧ꧀ꦱꦼꦏꦂꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦭꦶꦒꦶꦲꦁꦒꦶꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦁꦗꦼꦁꦓꦸꦱ꧀ꦡꦶꦩꦁꦏꦸꦟꦒꦫ IV꧉​

꧋ꦲꦁꦒꦶꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦏꦁꦗꦼꦁꦓꦸꦱ꧀ꦡꦶꦩꦁꦏꦸꦟꦒꦫꦆꦮ꦳꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦏꦺꦔꦶꦁꦏꦥꦺꦫꦁꦥꦺꦫꦁꦩꦏꦠꦼꦤ꧀꧇​ꦥꦔꦽꦁꦒꦏꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦤꦶꦁꦥꦸꦫꦸꦒ꧀꧈​ꦥꦶꦠꦸꦠꦸꦂ꧈​ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦏꦶꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦱꦂꦠꦥꦔꦽꦁꦒꦩꦶꦤꦺꦴꦁꦏꦧꦸꦱꦤꦤꦶꦁꦧꦱ꧉​

꧋ꦏꦫꦁꦔꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦔꦽꦁꦒꦏꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦤꦶꦁꦥꦸꦫꦸꦒ꧀ꦮꦲꦸꦱꦢꦪꦱꦩꦶꦱꦶꦤꦮꦸꦁꦲꦶꦁꦱꦼꦏꦂ꧈​ꦚꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦱꦏꦼꦤ꧀ꦲꦁꦒꦺꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦏꦤ꧀ꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀ꦲꦸꦠꦮꦶꦱꦮꦼꦤꦺꦃꦲꦶꦁꦥꦸꦠꦿꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦛꦃꦤꦩꦸꦁꦠꦼꦝꦏ꧀ꦏꦤ꧀ꦤꦶꦠꦶꦃꦏꦿꦺꦠꦲꦸꦠꦮꦶꦏꦥꦭ꧀ꦝꦠꦼꦁꦱꦭꦃꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦭꦶꦁꦥꦱꦁꦒꦿꦃꦲꦤ꧀ꦧꦮꦃꦩꦁꦏꦸꦟꦓꦫꦤ꧀ꦲꦸꦒꦶ꧉​ꦱꦢꦪꦏꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦤꦶꦁꦭꦩ꧀ꦥꦃꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦱꦏꦼꦤ꧀꧈​ꦮꦶꦮꦶꦠ꧀ꦧꦶꦝꦭ꧀ꦱꦏꦶꦁꦱꦭꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦭꦶꦁꦥꦏꦺꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦱꦁꦒꦿꦃꦲꦤ꧀꧈​ꦮꦸꦱꦤꦭꦗꦼꦁꦔꦽꦁꦒꦏꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦤꦶꦁꦥꦱꦁꦒꦿꦃꦲꦤ꧀ꦔꦿꦶꦏꦸꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦲꦁꦒꦺꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦲꦩꦺꦴꦁꦱꦸꦏ꧉​

꧋ꦥꦔꦽꦁꦒꦏꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦤꦶꦁꦠꦶꦪꦁꦭꦭꦩ꧀ꦥꦃꦱꦂꦠꦥꦁꦒꦺꦤ꧀ꦥꦁꦒꦺꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦭꦁꦏꦸꦁꦔꦶꦥꦸꦤꦥꦢꦺꦤꦺꦢꦶꦥꦸ

Wawasan Tumrap Sêrat-sêrat Anggitan Dalêm Swargi Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara IV besut

Minăngka Pêpèngêt. (Miturut Karanganipun Dr. Th. Pigeaud).

Candhakipun Kajawèn ăngka 33.

Raos dhatêng lêbêting têgêsipun têmbung-têmbung punika sampun mêsthi kemawon tuwuhipun pancèn kêtarik utawi gêgayutan kalihan dhêdhasaring basa, awit têmbung Jawi punika sami rimbagan saking têmbung wod, ingkang gampil sangêt panitikipun sarta ugi kathah ingkang taksih kangge têmbung aran.

Kawontênaning basa ingkang makatên wau, kathah ing têmbung ingkang kenging kangge purwakanthi utawi sami mirib têgêsipun, para juru ngarang wiwit kina mila sampun sami migunakakên dayanipun kangge ngwontênakên raos ingkang kinajêngakên. Mênggah rekanipun kados ta: sarana guritan lan purwakanthi warni-warni ing wiwitan, têngah sarta wêkasaning têmbung, tarkadhang asring ngantos pintên-pintên larik têrusan, ananging mawi dipun saranani wangsalan adèn-adèn. Wangsalan punika kadosdene cangkriman, pambatangipun sarana madosi têmbung, ingkang swaranipun mirib kalihan têmbung-têmbung ing dalêm cangkriman punika. Wontênipun wangsalan punika bokmanawi kemawon gêgayutan kalihan wontênipun basa sirikan sarta basa winados, ingkang taksih dados sawênèhing caranipun golonganing têtiyang bodho, jalaran taksih ajrih nêrak. Ananging wangsalan wau wontên ing sêrat-sêrat Jawi mawi sêkar sampun dados busananing basa ingkang wilêt pangrakitipun awêwaton swara. Tumraping para pujăngga linangkung sagêd dados sarana nandukakên raos dhatêng ingkang mirêng, murih sagêd kraos gêgayutanipun jagading manungsa ing jawi sarta ing lêbêt.

Katêrangan sawatawis ing nginggil punika kalêbêt wawasan bab sêkar tumrap anggitan umum. Ing sapunika badhe ngrêmbag bab sêkar ingkang maligi anggitanipun Kangjêng Gusti Mangkunagara IV.

Anggitan dalêm Kangjêng Gusti Mangkunagara IV punika kenging kaperang-perang makatên: pangrêngga kawontênaning purug, pitutur, sêrat kintunan sarta pangrêngga minăngka busananing basa.

Karangan dalêm ingkang ngrêngga kawontênaning purug wau sadaya sami sinawung ing sêkar, nyariyosakên anggènipun tindakan piyambak utawi sawênèhing putranipun, ingkang kathah namung têdhakan nitih kreta utawi kapal dhatêng salah satunggiling pasanggrahan bawah Mangkunagaran ugi. Sadaya kawontênaning lampah kacariyosakên, wiwit bidhal saking Sala ngantos dumuginipun ing satunggil-tunggiling pakèndêlan tuwin dhatêngipun ing pasanggrahan, wusana lajêng ngrêngga kawontênaning pasanggrahan ngriku tuwin anggènipun sami among suka.

Pangrêngga kawontênaning tiyang lêlampah sarta panggèn-panggenan ingkang dipun langkungi punapadene dipun kèndêli kados makatên wau, ing sêrat-sêrat Jawi kina sarta enggal kalêbêt limrah, kados ta: Sêrat Cênthini, punika kêbak rêrênggan makatên wau. Tindakipun Prabu Hayam Wuruk saking Majapait dhatêng bangwetan ugi rinumpaka ing Sêrat Nagarakêrtagama. Ananging rêrumpakaning lampah wau wontên ing sêrat-sêrat kina namung dados sêlingan, botên dados baku utawi jêjêring karangan. Beda kalihan karanganipun Kangjêng Gusti Mangkunagara IV, punika pancèn namung maligi ngrumpaka kawontênaning lampah sarta purug thok. Rêrumpakaning lampah punika wontên ing sêrat Jawi sami ngantos ngalantur, ngrêngga kawontênaning sêsawangan ngantos ngalantrah, ingkang ngarang sagêd ngabarakên kawêgiganipun dhatêng bab busananing basa sakatogipun, têtiyang ingkang pancèn dados jêjêring lêlampahan, lajêng kêsilêp babar pisan, mila botên kenging kaanggêp cariyosipun sawênèhing lêlampahan utawi sawênèhing tiyang.

Rumpakanipun Kangjêng Gusti Mangkunagara IV ingkang makatên wau kenging kangge titikan jêmbaring sêsêrêpanipun dhatêng basa Jawi, punapa malih nitik rumpakanipun ingkang nyariyosakên kodrating alam, lajêng têtela manawi gonah[1] sangêt dhatêng nama-namanipun isèn-isèning alam ingkang asipat gêsang utawi botên. Kados sampun kenging katamtokakên, bilih pêpaking sêsêrêpan punika jalaran saking dangunipun wontên ing padhusunan nalika dados prajurit. Anggitan wau têtêmbunganipun kathah sangêt ingkang mawi gêguritan sarta purwakanthi, ananging tanpa wangsalan.

Panganggitipun rêrumpakaning lampah wau namung manawi kêlêrêsan kalamangsanipun, sarta sadaya kemawon sami dipun titimangsani. Ingkang makatên punika kalêbêt ada enggal, botênipun saking Kangjêng Gusti Mangkunagara IV piyambak inggih sawêg dados caranipun jaman samantên. Wontênipun rêrumpakan wau kenging kaanggêp dados uparêngganipun lêlampahaning trah luhur ing Sala salêbêtipun akiring abad ingkang kêpêngkêr. Ing sapunika kawontênan wau sampun ewah. Cariyosing kawontênan mawi rumpakan kadosdene karanganipun swargi Kangjêng Gusti Mangkunagara IV wau bokmanawi kemawon ing têmbe badhe wontên ajinipun tumrap ing babad, samantên ugi katêrangan-katêranganing panggenan ingkang kawrat ing karangan ngriku.

Sadangunipun Kangjêng Gusti kaping IV karsa nganggit-anggit, kathah kemawon anggitanipun rêrumpakaning lampah, ananging pangarangipun botên tunggil măngsa. Ingkang sagolongan panganggitipun kala kangjêng gusti sawêg wiwit karsa ngarang-ngarang, kirang langkung ing saantawisipun taun Jawi 1770 kalihan '85 utawi antawisipun taun Walandi 1842 kalihan 1856, anggitanipun rêrumpakan wontên tiga panjang-panjang. Ananging anggit-anggitan ingkang kathah-kathah sarta ingkang langkung panjang malih kaanggit ing saantawisipun taun Jawi 1800 kalihan 1810, utawi ing saantawisipun taun Walandi 1871 kalihan 1881.

Ing măngsa antawisipun taun Jawi 1785 kalihan 1800 utawi antawisipun taun Walandi 1856 kalihan 1871 anggitan-anggitanipun swargi kangjêng gusti ingkang kathah awarni pitutur sinawung ing sêkar. (Badhe kasambêtan)

[ 583 ]ꦤ꧀ꦏꦺꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀ꦭꦶꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦮꦲꦸ꧈​ꦲꦶꦁꦱꦼꦫꦠ꧀ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦗꦮꦶꦏꦶꦤꦱꦂꦠꦲꦺꦁꦒꦭ꧀ꦏꦊꦧꦼꦠ꧀ꦭꦶꦩꦿꦃ꧈​ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦠ꧇​ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦕꦼꦤ꧀ꦛꦶꦤꦶ꧈​ꦥꦸꦤꦶꦏꦏꦼꦧꦏ꧀ꦉꦉꦁꦒꦤ꧀ꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦮꦲꦸ꧉​ꦠꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦿꦨꦸꦲꦪꦩ꧀ꦮꦸꦫꦸꦏ꧀ꦱꦏꦶꦁꦩꦗꦥꦲꦶꦠ꧀ꦝꦠꦼꦁꦧꦔ꧀ꦮꦺꦠꦤ꧀ꦲꦸꦒꦶꦫꦶꦤꦸꦩ꧀ꦥꦏꦲꦶꦁꦱꦼꦫꦠ꧀ꦤꦒꦫꦏꦼꦂꦠꦒꦩ꧉​ꦲꦤꦔꦶꦁꦫꦸꦫꦸꦩ꧀ꦥꦏꦤ꧀ꦤꦶꦁꦭꦩ꧀ꦥꦃꦮꦲꦸꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦼꦫꦠ꧀ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦏꦶꦤꦤꦩꦸꦁꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦱꦼꦭꦶꦁꦔꦤ꧀꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦧꦏꦸꦲꦸꦠꦮꦶꦗꦼꦗꦼꦂꦫꦶꦁꦏꦫꦁꦔꦤ꧀꧉​ꦧꦺꦢꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦏꦫꦁꦔꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦁꦗꦼꦁꦓꦸꦱ꧀ꦡꦶꦩꦁꦏꦸꦟꦓꦫ IV꧈​ ꦥꦸꦤꦶꦏꦥꦚ꧀ꦕꦺꦤ꧀ꦤꦩꦸꦁꦩꦭꦶꦒꦶꦔꦿꦸꦩ꧀ꦥꦏꦏꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦤꦶꦁꦭꦩ꧀ꦥꦃꦱꦂꦠꦥꦸꦫꦸꦒ꧀ꦛꦺꦴꦏ꧀꧉​ꦫꦸꦫꦸꦩ꧀ꦥꦏꦤ꧀ꦤꦶꦁꦭꦩ꧀ꦥꦃꦥꦸꦤꦶꦏꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦼꦫꦠ꧀ꦗꦮꦶꦱꦩꦶꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦔꦭꦤ꧀ꦠꦸꦂ꧈​ꦔꦽꦁꦒꦏꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦤꦶꦁꦱꦱꦮꦁꦔꦤ꧀ꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦔꦭꦤ꧀ꦠꦿꦃ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦔꦫꦁꦱꦒꦼꦢ꧀ꦔꦧꦂꦫꦏꦼꦤ꧀ꦏꦮꦼꦒꦶꦒꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦧꦧ꧀ꦧꦸꦱꦤꦤꦶꦁꦧꦱꦱꦏꦠꦺꦴꦒ꧀ꦒꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦠꦶꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦚ꧀ꦕꦺꦤ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦗꦼꦗꦼꦫꦶꦁꦭꦭꦩ꧀ꦥꦃꦲꦤ꧀꧈​ꦭꦗꦼꦁꦏꦼꦱꦶꦊꦥ꧀ꦧꦧꦂꦥꦶꦱꦤ꧀꧈​ꦩꦶꦭꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦺꦔꦶꦁꦏꦲꦁꦒꦼꦥ꧀ꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦮꦼꦤꦺꦃꦲꦶꦁꦭꦭꦩ꧀ꦥꦃꦲꦤ꧀ꦲꦸꦠꦮꦶꦱꦮꦼꦤꦺꦃꦲꦶꦁꦠꦶꦪꦁ꧉​

꧋ꦫꦸꦩ꧀ꦥꦏꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦁꦗꦼꦁꦓꦸꦱ꧀ꦡꦶꦩꦁꦏꦸꦟꦓꦫ IV ꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦮꦲꦸꦏꦺꦔꦶꦁꦏꦁꦒꦺꦠꦶꦠꦶꦏ꧀ꦏꦤ꧀ꦗꦼꦩ꧀ꦧꦂꦫꦶꦁꦱꦼꦱꦼꦉꦥ꧀ꦥꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦧꦱꦗꦮꦶ꧈​ꦥꦸꦤꦥꦩꦭꦶꦃꦤꦶꦠꦶꦏ꧀ꦫꦸꦩ꧀ꦥꦏꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦚꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦱꦏꦼꦤ꧀ꦏꦺꦴꦢꦿꦠ꧀ꦠꦶꦁꦲꦭꦩ꧀꧈​ꦭꦗꦼꦁꦠꦼꦠꦺꦭꦩꦤꦮꦶꦒꦺꦴꦤꦃꦱꦔꦼꦠ꧀ꦝꦠꦼꦁꦤꦩꦤꦩꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦱꦺꦤ꧀ꦲꦶꦱꦺꦤ꧀ꦤꦶꦁꦲꦭꦩ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦱꦶꦥꦠ꧀ꦒꦼꦱꦁꦲꦸꦠꦮꦶꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀꧉​ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦺꦔꦶꦁꦏꦠꦩ꧀ꦠꦺꦴꦑꦏꦼꦤ꧀꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃꦥꦼꦥꦏ꧀ꦏꦶꦁꦱꦼꦱꦼꦉꦥ꧀ꦥꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦗꦭꦂꦫꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁꦢꦔꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦝꦸꦱꦸꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦤꦭꦶꦏꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦥꦿꦗꦸꦫꦶꦠ꧀꧉​ꦲꦁꦒꦶꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦮꦲꦸꦠꦼꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁꦔꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦛꦃꦱꦔꦼꦠ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦮꦶꦒꦼꦒꦸꦫꦶꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦱꦂꦠꦥꦸꦂꦮꦏꦤ꧀ꦛꦶ꧈​ꦲꦤꦔꦶꦁꦠꦤ꧀ꦥꦮꦁꦱꦭ꧀ꦭꦤ꧀꧉​

꧋ꦥꦔꦁꦒꦶꦠ꧀ꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦫꦸꦫꦸꦩ꧀ꦥꦏꦤ꧀ꦤꦶꦁꦭꦩ꧀ꦥꦃꦮꦲꦸꦤꦩꦸꦁꦩꦤꦮꦶꦏꦼꦊꦉꦱ꧀ꦱꦤ꧀ꦏꦭꦩꦁꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦱꦂꦠꦱꦢꦪꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀ꦱꦩꦶꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦠꦶꦩꦁꦱꦤꦶ꧉​ꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦏꦊꦧꦼꦠ꧀ꦲꦢꦲꦺꦁꦒꦭ꧀꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁꦏꦁꦗꦼꦁꦓꦸꦱ꧀ꦡꦶꦩꦁꦏꦸꦟꦓꦫ IV ꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦱꦮꦼꦒ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦕꦫꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦗꦩꦤ꧀ꦱꦩꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀꧉​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦫꦸꦫꦸꦩ꧀ꦥꦏꦤ꧀ꦮꦲꦸꦏꦺꦔꦶꦁꦏꦲꦁꦒꦼꦥ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦲꦸꦥꦉꦁꦒꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦭꦭꦩ꧀ꦥꦃꦲꦤ꧀ꦤꦶꦁꦠꦿꦃꦭꦸꦲꦸꦂꦲꦶꦁꦱꦭꦱꦊꦧꦼꦠ꧀ꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦏꦶꦂꦫꦶꦁꦲꦧꦢ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦼꦥꦼꦁꦏꦼꦂ꧉​ꦲꦶꦁꦱꦥꦸꦤꦶꦏꦏꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦮꦲꦸꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦲꦺꦮꦃ꧉​ꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦱꦶꦁꦏꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦩꦮꦶꦫꦸꦩ꧀ꦥꦏꦤ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦢꦺꦤꦺꦏꦫꦁꦔꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱ꧀ꦮꦂꦒꦶꦏꦁꦗꦼꦁꦓꦸꦱ꧀ꦡꦶꦩꦁꦏꦸꦟꦓꦫ IV ꦮꦲꦸꦧꦺꦴꦏ꧀ꦩꦤꦮꦶꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀ꦲꦶꦁꦠꦼꦩ꧀ꦧꦺꦧꦝꦺꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦗꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦸꦩꦿꦥ꧀ꦲꦶꦁꦧꦧꦢ꧀꧈​ꦱꦩꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦸꦒꦶꦏꦠꦼꦫꦔꦤ꧀ꦏꦠꦼꦫꦔꦤ꧀ꦤꦶꦁꦥꦁꦒꦺꦤꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦮꦿꦠ꧀ꦲꦶꦁꦏꦫꦁꦔꦤ꧀ꦔꦿꦶꦏꦸ꧉​

꧋ꦱꦢꦔꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦁꦗꦼꦁꦓꦸꦱ꧀ꦡꦶꦏꦥꦶꦁ IV ꦏꦂꦱꦔꦁꦒꦶꦠ꧀ꦲꦁꦒꦶꦠ꧀꧈​ꦏꦛꦃꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀ꦲꦁꦒꦶꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦫꦸꦫꦸꦩ꧀ꦥꦏꦤꦶꦁꦭꦩ꧀ꦥꦃ꧈​ꦲꦤꦔꦶꦁꦥꦔꦫꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦩꦺꦴꦁꦱ꧉​ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦒꦺꦴꦭꦺꦴꦁꦔꦤ꧀ꦥꦔꦁꦒꦶꦠ꧀ꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦭꦏꦁꦗꦼꦁꦓꦸꦱ꧀ꦡꦶꦱꦮꦼꦒ꧀ꦮꦶꦮꦶꦠ꧀ꦏꦂꦱꦔꦫꦁꦔꦫꦁ꧈​ꦏꦶꦫꦁꦭꦁꦏꦸꦁꦲꦶꦁꦱꦲꦤ꧀ꦠꦮꦶꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦲꦸꦚ꧀ꦗꦮꦶ 1770 ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ '85 ꦲꦸꦠꦮꦶꦲꦤ꧀ꦠꦮꦶꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦲꦸꦤ꧀ꦮꦭꦤ꧀ꦢꦶ 1842 ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ 1856꧈​ꦲꦁꦒꦶꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦫꦸꦫꦸꦩ꧀ꦥꦏꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦠꦶꦒꦥꦚ꧀ꦗꦁꦥꦚ꧀ꦗꦁ꧉​ꦲꦤꦔꦶꦁꦲꦁꦒꦶꦠ꧀ꦲꦁꦒꦶꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦛꦃꦏꦛꦃꦱꦂꦠꦲꦶꦁꦏꦁꦭꦁꦏꦸꦁꦥꦚ꧀ꦗꦁꦩꦭꦶꦃꦏꦲꦁꦒꦶꦠ꧀ꦲꦶꦁꦱꦲꦤ꧀ꦠꦮꦶꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦲꦸꦚ꧀ꦗꦮꦶ 1800 ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ 1810꧈​ꦲꦸꦠꦮꦶꦲꦶꦁꦱꦲꦤ꧀ꦠꦮꦶꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦲꦸꦤ꧀ꦮꦭꦤ꧀ꦢꦶ꧇꧑꧘꧗꧑꧇​ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀꧇꧑꧘꧘꧑꧇​꧉​

꧋ꦲꦶꦁꦩꦺꦴꦁꦱꦲꦤ꧀ꦠꦮꦶꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦲꦸꦚ꧀ꦗꦮꦶ 1785ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ 1800 ꦲꦸꦠꦮꦶꦲꦤ꧀ꦠꦮꦶꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦲꦸꦤ꧀ꦮꦭꦤ꧀ꦢꦶ 1856 ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ 1871 ꦲꦁꦒꦶꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦲꦁꦒꦶꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱ꧀ꦮꦂꦒꦶꦏꦁꦗꦼꦁꦓꦸꦱ꧀ꦡꦶꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦛꦃꦲꦮꦂꦤꦶꦥꦶꦠꦸꦠꦸꦂꦱꦶꦤꦮꦸꦁꦲꦶꦁꦱꦼꦏꦂ꧉​

(ꦧꦝꦺꦏꦱꦩ꧀ꦧꦼꦠ꧀ꦠꦤ꧀) [ 584 ]꧋ꦲꦚ꧀ꦗꦁꦏꦼꦥ꧀ꦥꦶꦏꦠꦿꦔꦤ꧀ꦱꦮꦠꦮꦶꦱ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦊꦧꦼꦠ꧀ꦥꦽꦭꦸ꧉​

꧋ꦲꦶꦁꦔꦶꦁꦒꦶꦭ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦒꦩ꧀ꦧꦂꦥꦔꦤ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦏꦏꦸꦁꦥꦸꦠꦿꦶ꧌ꦧꦺꦴꦁꦱꦭꦸꦲꦸꦂ꧍​ꦲꦶꦁꦔꦪꦺꦴꦒꦾꦏꦂꦠ꧉​

꧋ꦲꦶꦁꦏꦭꦮꦂꦠꦶꦏꦗꦮꦺꦤ꧀ 7 ꦱꦸꦫꦮꦮꦸ 1857 ꦲꦸꦠꦮꦶ 7 ꦗꦸꦭꦶ 1927 ꦠꦲꦸꦤ꧀ II ꦎꦁꦏ꧇꧒꧗꧇​ꦏꦫꦔꦤ꧀ꦧꦧ꧀ꦥꦔꦤ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦱꦸꦫꦏꦂꦠ꧈​ꦱꦫꦺꦃꦤꦶꦁꦠꦏ꧀ꦱꦶꦃꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦶꦏꦶꦫꦁꦔꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦮꦠꦮꦶꦱ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦸꦭꦩꦤꦃꦥꦽꦭꦸꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦸꦩꦼꦉꦥ꧀ꦥꦶꦲꦶꦁꦔꦏꦛꦃ꧈​ꦥꦿꦩꦶꦭꦏꦸꦭꦏꦼꦥꦼꦏ꧀ꦱꦲꦩꦼꦮꦃꦲꦶꦩꦸꦫꦶꦃꦗꦁꦏꦼꦥ꧀ꦥꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦒꦢꦸꦒ꧀ꦒꦶꦁꦱꦼꦱꦼꦉꦥ꧀ꦥꦤ꧀ꦏꦸꦭ꧈​ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦠ꧇​

꧋ꦲꦶꦁꦏꦕ 445 ꦏꦺꦴꦭꦺꦴꦩ꧀ I ꦭꦫꦶꦏ꧀ꦏꦤ꧀ 17 ꦱꦏꦶꦁꦔꦤ꧀ꦝꦥ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦸꦔꦼꦭ꧀꧇​…ꦥꦔꦤ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦗꦊꦂꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶꦥꦁꦒꦶꦃ꧈​ꦱꦩꦶꦩꦔꦁꦒꦺꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦱ꧀ꦠꦤꦶꦢꦺꦴꦢꦺꦴꦠ꧀ꦠꦤ꧀꧈​ꦕꦫꦤꦶꦁꦥꦔꦁꦒꦺꦗꦊꦂꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦥꦔꦒꦼꦩ꧀ꦩꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦫꦭꦸꦲꦸꦂ꧈​ꦩꦭꦃꦭꦶꦩꦿꦃꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦱ꧀ꦠꦤꦶꦔꦺꦩ꧀ꦧꦥꦔꦒꦼꦩ꧀ꦩꦤ꧀ꦤꦶꦁꦫꦠꦸ꧉​ꦥꦸꦤꦶꦏꦊꦉꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀꧇​ꦕꦫꦤꦶꦁꦥꦔꦁꦒꦺꦗꦊꦂꦔꦿꦱꦸꦏ꧀ꦏꦥꦿꦧꦺꦴꦤ꧀ꦤꦶꦁꦫꦠꦸ꧈​ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦥꦸꦤꦶꦏꦏꦩ꧀ꦥꦸꦃꦲꦤ꧀ꦮꦔꦸꦤ꧀ꦒꦽꦧꦺꦴꦁꦲꦤ꧀ꦝꦼꦩ꧀꧈​ꦩꦏꦸꦛꦧꦶꦫꦸꦒꦸꦤ꧀ꦝꦠꦤ꧀ꦥꦚꦩꦠ꧀꧉​

꧋ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦗꦭꦂꦫꦤ꧀ꦏꦠꦫꦶꦏ꧀ꦱꦏꦶꦁꦢꦪꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦔꦤ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦼꦤꦁꦔꦏꦼꦤ꧀ꦲꦔꦿꦱꦸꦏ꧀ꦏꦥꦿꦧꦺꦴꦤ꧀ꦤꦶꦁꦤꦠꦥꦸꦤꦶꦏ꧈​ꦲꦁꦒꦺꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦤ꧀ꦱꦃꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦸꦲꦸꦤ꧀ꦱꦸꦲꦸꦤ꧀꧈​ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦸꦂꦩꦠꦶꦲꦸꦠꦮꦶꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦭꦸꦲꦸꦂꦫꦏꦼꦤ꧀ꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀ꦲꦶꦁꦮꦼꦏ꧀ꦢꦭ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏ꧈​ꦢꦭꦃꦥꦏꦸꦂꦩꦠꦤ꧀ꦤꦶꦁꦠꦠꦧꦸꦃꦲꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦮꦶꦭ

Anjangkêpi Katrangan Sawatawis ingkang Kalêbêt Prêlu.

[Grafik]

Ing nginggil punika gambar pangantèn kakung putri (băngsa luhur) ing Ngayogyakarta.

Ing Kalawarti Kajawèn 7 Sura Wawu 1857 utawi 7 Juli 1927 taun II ăngka 27 karangan bab pangantèn Surakarta, sarèhning taksih wontên kêkiranganipun sawatawis ingkang kula manah prêlu dipun sumêrêpi ing ngakathah, pramila kula kêpêksa amêwahi murih jangkêpipun sagaduging sêsêrêpan kula, kados ta:

Ing kaca 445 kolom I larikan 17 saking ngandhap ingkang mungêl:… pangantèn jalêr èstri panggih, sami mangangge dipun wastani dodotan, caraning pangangge jalêr èstri kados pangagêmanipun para luhur, malah limrahipun dipun wastani ngemba pangagêmaning ratu. Punika lêrêsipun: caraning pangangge jalêr ngrasuk kapraboning ratu, inggih punika kampuhan wangun grêbong andhêm, makutha biru gundha tanpa nyamat.

Inggih jalaran katarik saking dayanipun pangantèn dipun wênangakên angrasuk kapraboning nata punika, anggènipun tansah dipun suhun-suhun, dipun kurmati utawi dipun luhurakên piyambak ing wêkdal punika, dalah pakurmataning têtabuhanipun mawi lagu Kodhokngorèk, awit lagu Kodhokngorèk punika pakurmatan dalêm nata.[2]

Kinanipun manawi wontên pangantèn kêlêrês dipun arak, măngka lampahipun kêpêthuk panjênêngan nata ingkang sawêg pinuju amêng-amêng, arak-arakan wau winênangakên botên mandhêg, sarta pangantènipun kalilan botên mandhap saking tumpakanipun, kenging têrus asêsimpangan kemawon. Nanging saupami sang nata pinuju ngagêm kaprabon dalêm, arak-arakan dalah sapangantènipun kêdah urmat kados sacaranipun kawula dalêm ngurmati panjênêngan nata.

Wontênipun pangantèn dipun wênangakên ngangge kapraboning nata, punika gotèkipun tiyang sêpuh, jalaran kaanggêp kadosdene anglampahi ayahaning Allah, anggèning badhe akawasa nurunakên wiji dumadosing manusa.

Ing kolom I larikan 5 saking ngandhap ingkang mungêl: ngangge buntal kumlawèr ing wingking. Punika lêrêsipun: ngangge buntal gumradhe ing wingking dhawah ing sisih kiwa têngên, mawi ukup renda.

Ing kolom I larikan 2 saking ngandhap ingkang mungêl: ngangge calana cindhe. Lêrêsipun: ngangge calana cindhe sêkar abrit.

Ing kolom I larikan 1 saking ngandhap, ingkang mungêl: ngangge timang. Lêrêsipun: ngangge cathokan (cathokan punika beda kalihan salepe, kajawi cathokan punika panganggèn èstri, wangunipun bundêr utawi lonjong. Cathokan wangunipun pasagi).

Mênggah ingkang dipun wênangakên ngangge cathokan makatên punika, kajawi panjênêngan ratu, para putra dalêm, pangeran santana, wayah saha mantu dalêm, bupati ingkang sêsêbutan arya[3] tuwin para prajurit. Dene tumrap sanèsipun kêdah ngangge timang.

Ing kolom II larikan 16 saking ngandhap ingkang mungêl: limrahipun pangantèn punika kêrik alis. Kawêwahan: sisig, manawi gadhah brengos dipun kêtêpi.

Ing kolom II larikan 15-14 saking ngandhap ingkang mungêl: rambutipun dipun ore plintiran. Punika kawêwahan: sarta sanginggiling pokipun plintiran wau dipun cundhuki sêrat intên wangun jêram saajar lan ngangge sêsupe sakawan (kalih sisih).

Ing kolom II larikan 11 saking ngandhap ingkang mungêl: tumrap pangantèn èstri, tapih cindhe. Dipun wêwahi: sêkar abrit (tumrap pangantèn èstri, tapih cindhe sêkar abrit, seredan) kados nyampinganipun pramèswari dalêm sarta putri-putri dalêm manawi pinuju garêbêg.

Ing kolom II larikan 9 saking ngandhap ingkang mungêl: dados inggih kados ngumbar kunca. Punika lêrêsipun: pancèn ngumbar kunca, awit dodotan èstri ingkang botên kasembongakên punika, dipun wastani ngumbar kunca.

Ing kolom II larikan 9-8 saking ngandhap ingkang mungêl: udhêt gêndhala giri ngalawèr. Lêrêsipun: udhêt cindhe sêkar abrit, lan sêngkangipun bapang, inggih punika sêngkang tronyok, brumbunganipun sawatawis panjang tinimbang brumbunganing sêngkang limrah. (Sêngkang bapang punika pancèn maligi namung dados anggèn-anggèning pangantèn èstri).

Wondene panganggenipun pangantèn nikahan, punika kampuh bango nguthak,[4] ngumbar kunca, ukup renda utawi moga pêthak, calana mori tinêpi ing renda pêthak, kuluk mathak pêthak, ngore rambut kapuntir, botên kenging mangangge mas intên, dhuwungipun kandêlan suwasa sarta dèrèng kenging akêkêrik. Sapêkênipun, manawi cara kadhaton, pangagêmanipun sami kalihan nalikaning panggih, namung kampuhipun ingkang santun gadhung malathi, inggih punika ijêm alas-alasan têngah pêthak. Gotèkipun liyang[5] sêpuh: pasêmon ayêm têntrêming manah anggèning pangantèn sampun sagêd dhaup. Alusipun: carêming Wisnu tuwin Sri. (Badhe kasambêtan)

[ 585 ]ꦒꦸꦏꦺꦴꦝꦺꦴꦏ꧀ꦤꦫꦺꦏ꧀꧈​ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦭꦒꦸꦏꦺꦴꦝꦺꦴꦏ꧀ꦤꦫꦺꦏ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦥꦏꦸꦂꦩꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦤꦠ꧉​

꧋ꦏꦶꦤꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦤꦮꦶꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦥꦔꦤ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦏꦼꦊꦉꦱ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦫꦏ꧀꧈​ꦩꦺꦴꦁꦏꦭꦩ꧀ꦥꦃꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦼꦥꦼꦛꦸꦏ꧀ꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦤꦠꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦮꦼꦒ꧀ꦥꦶꦤꦸꦗꦸꦲꦩꦼꦁꦲꦩꦼꦁ꧈​ꦲꦫꦏ꧀ꦲꦫꦏ꧀ꦏꦤ꧀ꦮꦲꦸꦮꦶꦤꦼꦤꦁꦔꦏꦼꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦩꦤ꧀ꦝꦼꦒ꧀꧈​ꦱꦂꦠꦥꦔꦤ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦭꦶꦭꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦩꦤ꧀ꦝꦥ꧀ꦱꦏꦶꦁꦠꦸꦩ꧀ꦥꦏ꧀ꦏꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦏꦺꦔꦶꦁꦠꦼꦫꦸꦱ꧀ꦲꦱꦼꦱꦶꦩ꧀ꦥꦁꦔꦤ꧀ꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀꧉​ꦤꦔꦶꦁꦱꦲꦸꦥꦩꦶꦯꦁꦤꦠꦥꦶꦤꦸꦗꦸꦔꦒꦼꦩ꧀ꦏꦥꦿꦧꦺꦴꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀꧈​ꦲꦫꦏ꧀ꦲꦫꦏ꧀ꦏꦤ꧀ꦢꦭꦃꦱꦥꦔꦤ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦼꦢꦃꦲꦸꦂꦩꦠ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦱꦕꦫꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦮꦸꦭꦢꦊꦩ꧀ꦔꦸꦂꦩꦠ꧀ꦠꦶꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦤꦠ꧉​

꧋ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦔꦤ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦼꦤꦁꦔꦏꦼꦤ꧀ꦔꦁꦒꦺꦏꦥꦿꦧꦺꦴꦤ꧀ꦤꦶꦁꦤꦠ꧈​ꦥꦸꦤꦶꦏꦒꦺꦴꦠꦺꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁꦱꦼꦥꦸꦃ꧈​ꦗꦭꦂꦫꦤ꧀ꦏꦲꦁꦒꦼꦥ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦢꦺꦤꦺꦲꦔ꧀ꦭꦩ꧀ꦥꦃꦲꦶꦲꦪꦲꦤ꧀ꦤꦶꦁꦄꦭ꧀ꦭꦃ꧈​ꦲꦁꦒꦺꦤꦶꦁꦧꦝꦺꦲꦏꦮꦱꦤꦸꦫꦸꦤ꧀ꦤꦏꦼꦤ꧀ꦮꦶꦗꦶꦢꦸꦩꦢꦺꦴꦱ꧀ꦱꦶꦁꦩꦤꦸꦱ꧉​

꧋ꦲꦶꦁꦏꦺꦴꦭꦺꦴꦩ꧀ I ꦭꦫꦶꦏ꧀ꦏꦤ꧀ 5 ꦱꦏꦶꦁꦔꦤ꧀ꦝꦥ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦸꦔꦼꦭ꧀꧇​ꦔꦁꦒꦺꦧꦸꦤ꧀ꦠꦭ꧀ꦏꦸꦩ꧀ꦭꦮꦺꦂꦲꦶꦁꦮꦶꦁꦏꦶꦁ꧉​ꦥꦸꦤꦶꦏꦊꦉꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀꧇​ꦔꦁꦒꦺꦧꦸꦤ꧀ꦠꦭ꧀ꦒꦸꦩꦿꦝꦺꦲꦶꦁꦮꦶꦁꦏꦶꦁꦝꦮꦃꦲꦶꦁꦱꦶꦱꦶꦃꦏꦶꦮꦠꦼꦔꦼꦤ꧀꧈​ꦩꦮꦶꦲꦸꦏꦸꦥ꧀ꦫꦺꦤ꧀ꦢ꧉​

꧋ꦲꦶꦁꦏꦺꦴꦭꦺꦴꦩ꧀ I ꦭꦫꦶꦏ꧀ꦏꦤ꧀ 2 ꦱꦏꦶꦁꦔꦤ꧀ꦝꦥ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦸꦔꦼꦭ꧀꧇​ꦔꦁꦒꦺꦕꦭꦤꦕꦶꦤ꧀ꦝꦺ꧉​ꦊꦉꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀꧇​ꦔꦁꦒꦺꦕꦭꦤꦕꦶꦤ꧀ꦝꦺꦱꦼꦏꦂꦲꦧꦿꦶꦠ꧀꧉​

꧋ꦲꦶꦁꦏꦺꦴꦭꦺꦴꦩ꧀ I ꦭꦫꦶꦏ꧀ꦏꦤ꧀ 1 ꦱꦏꦶꦁꦔꦤ꧀ꦝꦥ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦸꦔꦼꦭ꧀꧇​ꦔꦁꦒꦺꦠꦶꦩꦁ꧉​ꦊꦉꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀꧇​ꦔꦁꦒꦺꦕꦛꦺꦴꦏ꧀ꦏꦤ꧀ (ꦕꦛꦺꦴꦏ꧀ꦏꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦧꦺꦢꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦱꦭꦺꦥꦺ꧈​ꦏꦗꦮꦶꦕꦛꦺꦴꦏ꧀ꦏꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦥꦔꦁꦒꦺꦤ꧀ꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶ꧈​ꦮꦔꦸꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦸꦤ꧀ꦢꦼꦂꦲꦸꦠꦮꦶꦭꦺꦴꦚ꧀ꦗꦺꦴꦁ꧉​ꦕꦛꦺꦴꦏ꧀ꦏꦤ꧀ꦮꦔꦸꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦱꦒꦶ)꧉​

꧋ꦩꦼꦁꦒꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦼꦤꦁꦔꦏꦼꦤ꧀ꦔꦁꦒꦺꦕꦛꦺꦴꦏ꧀ꦏꦤ꧀ꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏ꧈​ꦏꦗꦮꦶꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦫꦠꦸ꧈​ꦥꦫꦥꦸꦠꦿꦢꦊꦩ꧀꧈​ꦥꦔꦺꦫꦤ꧀ꦱꦤ꧀ꦠꦤ꧈​ꦮꦪꦃꦱꦲꦩꦤ꧀ꦠꦸꦢꦊꦩ꧀꧈​ꦧꦸꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦼꦱꦼꦧꦸꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦲꦂꦪꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦥꦫꦥꦿꦗꦸꦫꦶꦠ꧀꧉​ꦢꦺꦤꦺꦠꦸꦩꦿꦥ꧀ꦱꦤꦺꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦼꦢꦃꦔꦁꦒꦺꦠꦶꦩꦁ꧉​

꧋ꦲꦶꦁꦏꦺꦴꦭꦺꦴꦩ꧀ II ꦭꦫꦶꦏ꧀ꦏꦤ꧀ 16 ꦱꦏꦶꦁꦔꦤ꧀ꦝꦥ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦸꦔꦼꦭ꧀꧇​ꦭꦶꦩꦿꦃꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦔꦤ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦏꦼꦫꦶꦏ꧀ꦲꦭꦶꦱ꧀꧉​ꦏꦮꦼꦮꦃꦲꦤ꧀꧇​ꦱꦶꦱꦶꦒ꧀꧈​ꦩꦤꦮꦶꦒꦝꦃꦧꦿꦺꦔꦺꦴꦱ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦼꦠꦼꦥ꧀ꦥꦶ꧉​

꧋ꦲꦶꦁꦏꦺꦴꦭꦺꦴꦩ꧀ II ꦭꦫꦶꦏ꧀ꦏꦤ꧀ 15-14 ꦱꦏꦶꦁꦔꦤ꧀ꦝꦥ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦸꦔꦼꦭ꧀꧇​ꦫꦩ꧀ꦧꦸꦠ꧀ꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦺꦴꦫꦺꦥ꧀ꦭꦶꦤ꧀ꦠꦶꦂꦫꦤ꧀꧉​ꦥꦸꦤꦶꦏꦏꦮꦼꦮꦃꦲꦤ꧀꧇​ꦱꦂꦠꦱꦔꦶꦁꦒꦶꦭ꧀ꦭꦶꦁꦥꦺꦴꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥ꧀ꦭꦶꦤ꧀ꦠꦶꦂꦫꦤ꧀ꦮꦲꦸꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦕꦸꦤ꧀ꦝꦸꦏ꧀ꦏꦶꦱꦼꦫꦠ꧀ꦲꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦮꦔꦸꦤ꧀ꦗꦼꦫꦩ꧀ꦱꦲꦗꦂꦭꦤ꧀ꦔꦁꦒꦺꦱꦼꦱꦸꦥꦺꦱꦏꦮꦤ꧀꧌ꦏꦭꦶꦃꦱꦶꦱꦶꦃ꧍​꧉​

꧋ꦲꦶꦁꦏꦺꦴꦭꦺꦴꦩ꧀ II ꦭꦫꦶꦏ꧀ꦏꦤ꧀ 11 ꦱꦏꦶꦁꦔꦤ꧀ꦝꦥ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦸꦔꦼꦭ꧀꧇​ꦠꦸꦩꦿꦥ꧀ꦥꦔꦤ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶ꧈​ꦠꦥꦶꦃꦕꦶꦤ꧀ꦝꦺ꧉​ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦼꦮꦃꦲꦶ꧇​ꦱꦼꦏꦂꦲꦧꦿꦶꦠ꧀꧌ꦠꦸꦩꦿꦥ꧀ꦥꦔꦤ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶ꧈​ꦠꦥꦶꦃꦕꦶꦤ꧀ꦝꦺꦱꦼꦏꦂꦲꦧꦿꦶꦠ꧀꧈​ꦱꦺꦫꦺꦢ꧀ꦢꦤ꧀꧍​ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦚꦩ꧀ꦥꦶꦔꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦿꦩꦺꦱ꧀ꦮꦫꦶꦢꦊꦩ꧀ꦱꦂꦠꦥꦸꦠꦿꦶꦥꦸꦠꦿꦶꦢꦊꦩ꧀ꦩꦤꦮꦶꦥꦶꦤꦸꦗꦸꦒꦉꦧꦼꦒ꧀꧉​

꧋ꦲꦶꦁꦏꦺꦴꦭꦺꦴꦩ꧀ II ꦭꦫꦶꦏ꧀ꦏꦤ꧀ 9 ꦱꦏꦶꦁꦔꦤ꧀ꦝꦥ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦸꦔꦼꦭ꧀꧇​ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦔꦸꦩ꧀ꦧꦂꦏꦸꦚ꧀ꦕ꧉​ꦥꦸꦤꦶꦏꦊꦉꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀꧇​ꦥꦚ꧀ꦕꦺꦤ꧀ꦔꦸꦩ꧀ꦧꦂꦏꦸꦚ꧀ꦕ꧈​ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦢꦺꦴꦢꦺꦴꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶꦲꦶꦁꦏꦁꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦱꦺꦩ꧀ꦧꦺꦴꦁꦔꦏꦼꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏ꧈​ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦱ꧀ꦠꦤ꧀ꦤꦶꦔꦸꦩ꧀ꦧꦂꦏꦸꦚ꧀ꦕ꧉​ [ 586 ]꧋ꦲꦶꦁꦏꦺꦴꦭꦺꦴꦩ꧀ꦆꦲꦆꦭꦫꦶꦏ꧀ꦏꦤ꧀꧇꧙꧇​​꧇꧘꧇​ꦱꦏꦶꦁꦔꦤ꧀ꦝꦥ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦸꦔꦼꦭ꧀꧇​ꦲꦸꦝꦼꦠ꧀ꦒꦼꦤ꧀ꦝꦭꦒꦶꦫꦶꦔꦭꦮꦺꦂ꧉​ꦊꦉꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀꧇​ꦲꦸꦝꦼꦠ꧀ꦕꦶꦤ꧀ꦝꦺꦱꦼꦏꦂꦲꦧꦿꦶꦠ꧀꧈​ꦭꦤ꧀ꦱꦼꦁꦏꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦥꦁ꧈​ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦥꦸꦤꦶꦏꦱꦼꦁꦏꦁꦠꦿꦺꦴꦚꦺꦴꦏ꧀꧈​ꦧꦿꦸꦩ꧀ꦧꦸꦁꦔꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦮꦠꦮꦶꦱ꧀ꦥꦚ꧀ꦗꦁꦠꦶꦤꦶꦩ꧀ꦧꦁꦧꦿꦸꦩ꧀ꦧꦸꦁꦔꦤ꧀ꦤꦶꦁꦱꦼꦁꦏꦁꦭꦶꦩꦿꦃ꧉​ (ꦱꦼꦁꦏꦁꦧꦥꦁꦥꦸꦤꦶꦏꦥꦚ꧀ꦕꦺꦤ꧀ꦩꦭꦶꦒꦶꦤꦩꦸꦁꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦲꦁꦒꦺꦤ꧀ꦲꦁꦒꦺꦤ꧀ꦤꦶꦁꦥꦔꦤ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶ)꧉​

꧋ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺꦤꦺꦥꦔꦁꦒꦺꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦔꦤ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦤꦶꦏꦃꦲꦤ꧀꧈​ꦥꦸꦤꦶꦏꦏꦩ꧀ꦥꦸꦃꦧꦔꦺꦴꦔꦸꦛꦏ꧀꧈​ꦔꦸꦩ꧀ꦧꦂꦏꦸꦚ꧀ꦕ꧈​ꦲꦸꦏꦸꦥ꧀ꦫꦺꦤ꧀ꦢꦲꦸꦠꦮꦶꦩꦺꦴꦒꦥꦼꦛꦏ꧀꧈​ꦕꦭꦤꦩꦺꦴꦫꦶꦠꦶꦤꦼꦥ꧀ꦥꦶꦲꦶꦁꦫꦺꦤ꧀ꦢꦥꦼꦛꦏ꧀꧈​ꦏꦸꦭꦸꦏ꧀ꦩꦛꦏ꧀ꦥꦼꦛꦏ꧀꧈​ꦔꦺꦴꦫꦺꦫꦩ꧀ꦧꦸꦠ꧀ꦏꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦂ꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦺꦔꦶꦁꦩꦔꦁꦒꦺꦩꦱ꧀ꦲꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀꧈​ꦝꦸꦮꦸꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦱꦸꦮꦱꦱꦂꦠꦢꦺꦫꦺꦁꦏꦺꦔꦶꦁꦲꦏꦼꦏꦼꦫꦶꦏ꧀꧉​ꦱꦥꦼꦏꦼꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦩꦤꦮꦶꦕꦫꦏꦝꦠꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦥꦔꦒꦼꦩ꧀ꦩꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦤꦭꦶꦏꦤꦶꦁꦥꦁꦒꦶꦃ꧈​ꦤꦩꦸꦁꦏꦩ꧀ꦥꦸꦃꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦒꦝꦸꦁꦩꦭꦛꦶ꧈​ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦶꦗꦼꦩ꧀ꦲꦭꦱ꧀ꦲꦭꦱ꧀ꦱꦤ꧀ꦠꦼꦔꦃꦥꦼꦛꦏ꧀꧉​ꦒꦺꦴꦠꦺꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦭꦶꦪꦁꦱꦼꦥꦸꦃ꧇​ꦥꦱꦼꦩꦺꦴꦤ꧀ꦲꦪꦼꦩ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦠꦽꦩ꧀ꦩꦶꦁꦩꦤꦃꦲꦁꦒꦺꦤꦶꦁꦥꦔꦤ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦝꦲꦸꦥ꧀꧉​ꦲꦭꦸꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀꧇​ꦕꦉꦩ꧀ꦩꦶꦁꦮꦶꦱ꧀ꦤꦸꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦱꦿꦶ꧉​

(ꦧꦝꦺꦏꦱꦩ꧀ꦧꦼꦠ꧀ꦠꦤ꧀)

꧋ꦧꦧꦢ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁꦠꦤꦶꦥꦿꦶꦧꦸꦩꦶ꧉​

꧋ꦕꦤ꧀ꦝꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦗꦮꦺꦤ꧀ꦎꦁꦏ 33꧉​

꧋ꦲꦶꦁꦱꦶꦱꦶꦃꦏꦶꦮꦒꦿꦶꦪꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦸꦮꦤ꧀ꦲꦂꦗꦢꦶꦥꦸꦫꦏꦭꦫꦸꦩꦶꦪꦶꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦱꦶꦱꦶꦃꦠꦼꦔꦼꦤ꧀ꦒꦿꦶꦪꦲꦶꦁꦱꦥꦸꦤꦶꦏ꧉​ (keterangan gambar)

꧋ꦱꦪꦢꦔꦸꦥꦢꦩꦼꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦸꦮꦤ꧀ꦲꦂꦗꦢꦶꦥꦸꦫꦱꦪꦮꦼꦮꦃꦏꦛꦃ꧉​ꦲꦤꦔꦶꦁꦱꦫꦺꦃꦤꦶꦁꦭꦩ꧀ꦥꦃꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦚꦩ꧀ꦧꦸꦠ꧀ꦢꦩꦼꦭ꧀ꦮꦲꦸꦏꦤ꧀ꦛꦶꦲꦔꦠꦺꦴꦱ꧀ꦲꦠꦺꦴꦱ꧀꧈​ꦲꦩꦶꦭꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦭꦗꦼꦁꦱꦒꦼꦢ꧀ꦲꦚꦲꦺꦑꦏꦼꦤ꧀ꦥꦶꦫꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦥꦶꦫꦺꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦠꦶꦪꦁꦚꦩ꧀ꦧꦸꦠ꧀ꦢꦩꦼꦭ꧀꧉​ꦢꦔꦸꦢꦔꦸꦥꦩ꧀ꦧꦸꦢꦶꦢꦪꦤ꧀ꦲꦶꦁꦲꦮꦸꦲꦮꦸꦮꦲꦸꦱꦒꦼꦢ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦲꦺꦴꦤ꧀ꦢꦼꦂꦤꦺꦩꦼꦁꦲꦭꦶꦠ꧀ꦲꦭꦶꦠ꧀ꦠꦤ꧀꧉​ꦲꦩꦸꦁꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦿꦶꦏꦸꦥꦿꦱꦱꦠ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦧꦺꦢꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦤ꧀ꦠꦮꦶꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦗꦸꦫꦒꦤ꧀ꦭꦤ꧀ꦏꦲꦸꦩ꧀ꦧꦸꦫꦸꦃꦲꦶꦥꦸꦤ꧀꧉​ꦲꦶꦁꦔꦿꦶꦏꦸꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦼꦢꦾꦑꦏꦼꦤ꧀ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦢꦚꦩ꧀ꦧꦸꦠ꧀ꦢꦩꦼꦭ꧀ꦱꦱꦉꦔꦁꦤ꧀꧉​ꦠꦤ꧀ꦝꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧇​ꦫꦸꦩꦶꦪꦶꦤ꧀ꦏꦭꦝꦩ꧀ꦲꦶꦫꦶꦒꦱꦶꦫꦶꦱꦏ꧀ꦗꦭꦂꦫꦤ꧀ꦏꦧꦚ꧀ꦗꦶꦂꦫꦤ꧀꧈​ꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦠꦶꦠꦶꦪꦁꦠꦤꦶꦲꦶꦁꦲꦮꦸꦲꦮꦸ꧈​ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦥꦫꦥꦸꦁꦒꦮꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦸꦮꦤ꧀ꦲꦂꦗꦢꦶꦥꦸꦫꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦲꦁꦱꦭ꧀ꦠꦺꦴꦪ꧈​ꦱꦺꦩꦃꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦱꦱꦉꦁꦔꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦒꦿꦶꦪꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦸꦮꦤ꧀ꦲꦂꦗꦢꦶꦥꦸꦫ꧈​ꦱꦸꦥꦢꦺꦴꦱ꧀ꦏꦲꦶꦃꦠꦶꦪꦂꦤ

Babadipun Tiyang Tani Pribumi besut

Candhakipun Kajawèn ăngka 33.

[Grafik]

Ing sisih kiwa griyanipun Tuwan Arjadipura kala rumiyin, ing sisih têngên griya ing sapunika.

Saya dangu padamêlanipun Tuwan Arjadipura saya wêwah kathah. Ananging sarèhning lampahipun nyambut damêl wau kanthi angatos-atos, amila inggih lajêng sagêd anyaèkakên pirantos-pirèntosipun[6] têtiyang nyambut damêl. Dangu-dangu pambudidayan ing Awu-awu wau sagêd dados ondêrnèmêng alit-alitan. Amung kemawon ing ngriku prasasat botên wontên bedanipun antawisipun juragan lan kaum buruhipun. Ing ngriku ingkang dipun sêdyakakên sagêda nyambut damêl sêsarêngan. Tandhanipun: rumiyin kala dham irigasi risak jalaran kabanjiran, ngantos têtiyang tani ing Awu-awu, inggih para punggawanipun Tuwan Arjadipura botên sagêd angsal toya, semahipun sami sêsarêngan dhatêng ing griyanipun Tuwan Arjadipura, supados kaihtiyarna toya, ingkang kangge ngoncori sabinipun ingkang sawêg dipun garap. Jalaran saking punika Tuwan Arjadipura lajêng miwiti yasa dham piyambak. Sadaya têtiyang èstri ing ngriku sami ngrencangi, dene lakinipun sami anglajêngakên anggène sami anggarap sabinipun, amila sarêng dhawuhan wau rampung lajêng dipun wastani: dhawuhan wanita jati. Sasampunipun dhawuhan rampung, têtiyang èstri ingkang sami tumut nyambut damêl wau badhe sami dipun opahi, ananging sami botên purun, panêdhanipun supados dipun wontênana wilujêngan kemawon kanthi mawi têtabuhan. Ciptanipun: Padamêlan yasa dhawuhan punika rak kangge kapêrluan kula sadaya, kadospundi dene kula sadaya sami badhe dipun olèhi. Kala punika Tuwan Arjadipura inggih sande anggènipun badhe ngepahi, ananging sarêng kalêrês dintên riyadi, sadaya tiyang wau lajêng sami dipun sukani sinjang sarasukanipun, inggih punika minăngka epahanipun anggèning nyambut damêl yasa dhawuhan wau.

[Grafik]

Para punggawa kabudidayan Ngawu-awu, nalika pabrik mèh rampung panggarapipun.

Wiwit punika ondêrnèmêng Awu-awu kenging dipun pamèrakên. Têtiyang ingkang nyambut damêl botên pêrlu ngupados malih, ananging sami dhatêng piyambak, ingkang kala rumiyin sami miruda, sami wangsul malih. Wontên ing ondêrnèmêng ngriku ngabotohan dipun awisi, lan Tuwan Arjadipura tansah ambudidaya supados para punggawanipun sagêd angatos-atos lan gêmi. Ingkang kathah têtiyang wau sampun sami gadhah sabin sarajakayanipun. Ing ngriku awis sangêt dipun wontênakên karamean, kajawi namung sataun sapisan, inggih punika ingkang dipun wastani: karamean taunan. Ngawontênakên wilujêngan salaminipun sawêg sapisan, inggih punika kala Tuwan Arjadipura pamitan kalihan para punggawanipun tuwin têtiyang dhusun ingkang sami manggèn ing têpis wiringipun Awu-awu.

Kajawi ingkang sampun kasbut ing nginggil, ing ondêrnèmêng ngriku sampun dipun êdêgi pamulangan satunggal, makatên malih toko kopêrasi ing ngriku ugi sampun wontên. Sanadyan namung kangge sênêng-sênênging para punggawanipun, ondêrnèmêng inggih mêrlokakên ngawontênakên, kados ta pirantosing ringgit tiyang inggih wontên kathik pêpak, dene ingkang sami dados inggih para punggawa-punggawanipun piyambak, makatên ugi ringgit wacucal inggih wontên. Ingkang kapiji dados dhalangipun salah satunggiling tiyang tani ing ondêrnèmêng ngriku ugi dipun udi. Sawênèhing tiyang ngriku malah wontên ingkang sami aginau babagan musik.

Tumrap têtiyang ingkang anindakakên kuwajibanipun dados tiyang Islam, wontên ngriku ugi botên badhe kapintên, jalaran masjid inggih wontên. (Badhe kasambêtan)

[ 587 ]ꦠꦺꦴꦪ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦁꦒꦺꦔꦺꦴꦚ꧀ꦕꦺꦴꦂꦫꦶꦱꦧꦶꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦮꦼꦒ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦒꦫꦥ꧀꧉​ꦗꦭꦂꦫꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁꦥꦸꦤꦶꦏꦠꦸꦮꦤ꧀ꦲꦂꦗꦢꦶꦥꦸꦫꦭꦗꦼꦁꦩꦶꦮꦶꦠ꧀ꦠꦶꦪꦱꦝꦩ꧀ꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀꧉​ꦱꦢꦪꦠꦶꦠꦶꦪꦁꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶꦲꦶꦁꦔꦿꦶꦏꦸꦱꦩꦶꦔꦿꦺꦚ꧀ꦕꦁꦔꦶ꧈​ꦢꦺꦤꦺꦭꦏꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦲꦔ꧀ꦭꦗꦼꦁꦔꦏꦼꦤ꧀ꦲꦁꦒꦺꦤꦺꦱꦩꦶꦲꦁꦒꦫꦥ꧀ꦱꦧꦶꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦩꦶꦭꦱꦉꦁꦝꦮꦸꦃꦲꦤ꧀ꦮꦲꦸꦫꦩ꧀ꦥꦸꦁꦭꦗꦼꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦱ꧀ꦠꦤꦶ꧇​ꦝꦮꦸꦃꦲꦤ꧀ꦮꦤꦶꦠꦗꦠꦶ꧉​ꦱꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦝꦮꦸꦃꦲꦤ꧀ꦫꦩ꧀ꦥꦸꦁ꧈​ꦠꦶꦠꦶꦪꦁꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩꦶꦠꦸꦩꦸꦠ꧀ꦚꦩ꧀ꦧꦸꦠ꧀ꦢꦩꦼꦭ꧀ꦮꦲꦸꦧꦝꦺꦱꦩꦶꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦺꦴꦥꦃꦲꦶ꧈​ꦲꦤꦔꦶꦁꦱꦩꦶꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦥꦸꦫꦸꦤ꧀꧈​ꦥꦤꦼꦝꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦸꦥꦢꦺꦴꦱ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦤꦮꦶꦭꦸꦗꦼꦁꦔꦤ꧀ꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀ꦏꦤ꧀ꦛꦶꦩꦮꦶꦠꦠꦧꦸꦃꦲꦤ꧀꧉​ꦕꦶꦥ꧀ꦠꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧇​ꦥꦢꦩꦼꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦪꦱꦝꦮꦸꦃꦲꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦫꦏ꧀ꦏꦁꦒꦺꦏꦥꦼꦂꦭꦸꦮꦤ꧀ꦏꦸꦭꦱꦢꦪ꧈​ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦢꦶꦢꦺꦤꦺꦏꦸꦭꦱꦢꦪꦱꦩꦶꦧꦝꦺꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦺꦴꦭꦺꦃꦲꦶ꧉​ꦏꦭꦥꦸꦤꦶꦏꦠꦸꦮꦤ꧀ꦲꦂꦗꦢꦶꦥꦸꦫꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦱꦤ꧀ꦢꦺꦲꦁꦒꦺꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦝꦺꦔꦺꦥꦃꦲꦶ꧈​ꦲꦤꦔꦶꦁꦱꦉꦁꦏꦊꦉꦱ꧀ꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦫꦶꦪꦢꦶ꧈​ꦱꦢꦪꦠꦶꦪꦁꦮꦲꦸꦭꦗꦼꦁꦱꦩꦶꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦸꦏꦤ꧀ꦤꦶꦱꦶꦚ꧀ꦗꦁꦱꦫꦱꦸꦏꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦥꦸꦤꦶꦏꦩꦶꦤꦺꦴꦁꦏꦲꦺꦥꦃꦲꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦁꦒꦺꦤ꧀ꦤꦶꦁꦚꦩ꧀ꦧꦸꦠ꧀ꦢꦩꦼꦭ꧀ꦪꦱꦝꦮꦸꦃꦲꦤ꧀ꦮꦲꦸ꧉​

꧋ꦥꦫꦥꦸꦁꦒꦮꦏꦧꦸꦢꦶꦢꦪꦤ꧀ꦔꦮꦸꦲꦮꦸ꧈​ꦤꦭꦶꦏꦥꦧꦿꦶꦏ꧀ꦩꦺꦃꦫꦩ꧀ꦥꦸꦁꦥꦁꦒꦫꦥ꧀ꦥꦶꦥꦸꦤ꧀꧉​

꧋ꦮꦶꦮꦶꦠ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦺꦴꦤ꧀ꦢꦼꦂꦤꦺꦩꦼꦁꦲꦮꦸꦲꦮꦸꦏꦺꦔꦶꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦩꦺꦂꦫꦏꦼꦤ꧀꧉​ꦠꦶꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦚꦩ꧀ꦧꦸꦠ꧀ꦢꦩꦼꦭ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦥꦼꦂꦭꦸꦔꦸꦥꦢꦺꦴꦱ꧀ꦩꦭꦶꦃ꧈​ꦲꦤꦔꦶꦁꦱꦩꦶꦝꦠꦼꦁꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦭꦫꦸꦩꦶꦪꦶꦤ꧀ꦱꦩꦶꦩꦶꦫꦸꦢ꧈​ꦱꦩꦶꦮꦁꦱꦸꦭ꧀ꦩꦭꦶꦃ꧉​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦲꦺꦴꦤ꧀ꦢꦼꦂꦤꦺꦩꦼꦁꦔꦿꦶꦏꦸꦔꦧꦺꦴꦠꦺꦴꦃꦲꦤ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦮꦶꦱ꧀ꦱꦶ꧈​ꦭꦤ꧀ꦠꦸꦮꦤ꧀ꦲꦂꦗꦢꦶꦥꦸꦫꦠꦤ꧀ꦱꦃꦲꦩ꧀ꦧꦸꦢꦶꦢꦪꦱꦸꦥꦢꦺꦴꦱ꧀ꦥꦫꦥꦸꦁꦒꦮꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦲꦔꦠꦺꦴꦱ꧀ꦲꦠꦺꦴꦱ꧀ꦭꦤ꧀ꦒꦼꦩꦶ꧉​ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦛꦃꦠꦶꦠꦶꦪꦁꦮꦲꦸꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦒꦝꦃꦱꦧꦶꦤ꧀ꦱꦫꦗꦏꦪꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧉​ꦲꦶꦁꦔꦿꦶꦏꦸꦲꦮꦶꦱ꧀ꦱꦔꦼꦠ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦏꦼꦤ꧀ꦏꦫꦩꦺꦪꦤ꧀꧈​ꦏꦗꦮꦶꦤꦩꦸꦁꦱꦠꦲꦸꦤ꧀ꦱꦥꦶꦱꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦱ꧀ꦠꦤ꧀ꦤꦶ꧇​ꦏꦫꦩꦺꦪꦤ꧀ꦠꦲꦸꦤ꧀ꦤꦤ꧀꧉​ꦔꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦏꦼꦤ꧀ꦮꦶꦭꦸꦗꦼꦁꦔꦤ꧀ꦱꦭꦩꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦮꦼꦒ꧀ꦱꦥꦶꦱ꧀ꦱꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦥꦸꦤꦶꦏꦏꦭꦠꦸꦮꦤ꧀ꦲꦂꦗꦢꦶꦥꦸꦫꦥꦩꦶꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦥꦫꦥꦸꦁꦒꦮꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦠꦶꦠꦶꦪꦁꦝꦸꦱꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩꦶꦩꦁꦒꦺꦤ꧀ꦲꦶꦁꦠꦼꦥꦶꦱ꧀ꦮꦶꦫꦶꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦮꦸꦲꦮꦸ꧉​

꧋ꦏꦗꦮꦶꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦱ꧀ꦧꦸꦠ꧀ꦲꦶꦁꦔꦶꦁꦒꦶꦭ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦲꦺꦴꦤ꧀ꦢꦼꦂꦤꦺꦩꦼꦁꦔꦿꦶꦏꦸꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦼꦢꦼꦒ꧀ꦒꦶꦥꦩꦸꦭꦁꦔꦤ꧀ꦱꦠꦸꦁꦒ [ 588 ]ꦭ꧀꧈​ꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦩꦭꦶꦃꦠꦺꦴꦏꦺꦴꦏꦺꦴꦥꦼꦫꦱꦶꦲꦶꦁꦔꦿꦶꦏꦸꦲꦸꦒꦶꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀꧉​ꦱꦤꦢꦾꦤ꧀ꦤꦩꦸꦁꦏꦁꦒꦺꦱꦼꦤꦼꦁꦱꦼꦤꦼꦁꦔꦶꦁꦥꦫꦥꦸꦁꦒꦮꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦺꦴꦤ꧀ꦢꦼꦂꦤꦺꦩꦼꦁꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦩꦼꦂꦭꦺꦴꦑꦏꦼꦤ꧀ꦔꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦏꦼꦤ꧀꧈​ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦠꦥꦶꦫꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦱꦶꦁꦫꦶꦁꦒꦶꦠ꧀ꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦛꦶꦏ꧀ꦥꦼꦥꦏ꧀꧈​ꦢꦺꦤꦺꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩꦶꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦥꦫꦥꦸꦁꦒꦮꦥꦸꦁꦒꦮꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀꧈​ꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦲꦸꦒꦶꦫꦶꦁꦒꦶꦠ꧀ꦮꦕꦸꦕꦭ꧀ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀꧉​ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦥꦶꦗꦶꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦝꦭꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦭꦃꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦭꦶꦁꦠꦶꦪꦁꦠꦤꦶꦲꦶꦁꦲꦺꦴꦤ꧀ꦢꦼꦂꦤꦺꦩꦼꦁꦔꦿꦶꦏꦸꦲꦸꦒꦶꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦸꦢꦶ꧉​ꦱꦮꦼꦤꦺꦃꦲꦶꦁꦠꦶꦪꦁꦔꦿꦶꦏꦸꦩꦭꦃꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩꦶꦲꦒꦶꦤꦲꦸꦧꦧꦒ꧀ꦒꦤ꧀ꦩꦸꦱꦶꦏ꧀꧉​

꧋ꦠꦸꦩꦿꦥ꧀ꦠꦶꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦤꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦏꦏꦼꦤ꧀ꦏꦸꦮꦗꦶꦧ꧀ꦧꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦠꦶꦪꦁꦆꦱ꧀ꦭꦩ꧀꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦔꦿꦶꦏꦸꦲꦸꦒꦶꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦧꦝꦺꦏꦥꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀꧈​ꦗꦭꦂꦫꦤ꧀ꦩꦱ꧀ꦗꦶꦢ꧀ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀꧉​

(ꦧꦝꦺꦏꦱꦩ꧀ꦧꦼꦠ꧀ꦠꦤ꧀)

꧋ꦫꦠꦸꦲꦢꦶꦭ꧀꧉​

III

꧋ꦥꦿꦭꦩ꧀ꦧꦁꦗꦪꦧꦪ

꧋(ꦕꦤ꧀ꦝꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦗꦮꦺꦤ꧀ꦎꦁꦏ 33)

꧋ꦩꦼꦁꦒꦃꦏꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦧꦝꦺꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦫꦠꦸꦲꦢꦶꦭ꧀ꦠꦸꦩꦿꦥ꧀ꦲꦶꦁꦱꦼꦫꦠ꧀ꦗꦪꦧꦪ꧈​ꦥꦸꦤꦶꦏꦱꦼꦩꦸꦱꦼꦩꦸꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦥꦶꦠꦢꦺꦴꦱ꧀ꦱꦤ꧀ꦗꦮꦶꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦕꦩ꧀ꦥꦸꦂꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦏꦥꦶꦠꦢꦺꦴꦱ꧀ꦱꦤ꧀ꦆꦱ꧀ꦭꦩ꧀꧈​ꦲꦩꦂꦒꦶꦲꦶꦁꦔꦿꦶꦏꦸꦲꦸꦒꦶꦚꦼꦧꦸꦠ꧀ꦠꦏꦼꦤ꧀ꦤꦩ꧇​ꦆꦩꦩ꧀ꦩꦃꦢꦶ꧉​ꦲꦤꦔꦶꦁꦱꦤꦢꦾꦤ꧀ꦫꦸꦩꦱꦸꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦒꦩꦶꦆꦱ꧀ꦭꦩ꧀ꦝꦠꦼꦁꦠꦶꦠꦶꦪꦁꦗꦮꦶꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦊꦧꦼꦠ꧀꧈​ꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦲꦫꦸꦕꦏꦿꦥꦸꦤꦶꦏꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦁꦒꦼꦥ꧀ꦲꦱꦭ꧀ꦱꦏꦶꦁꦔꦫꦧ꧀꧈​ꦲꦺꦮꦢꦺꦤꦺꦫꦠꦸꦲꦢꦶꦭ꧀ꦭꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁꦗꦮꦶꦥꦸꦤꦶꦏ꧈​ꦩꦶꦠꦸꦫꦸꦠ꧀ꦏꦥꦶꦠꦢꦺꦴꦱ꧀ꦱꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀ꦢꦺꦢꦺꦆꦩꦩ꧀ꦩꦃꦢꦶꦲꦶꦁꦔꦫꦧ꧀꧉​ꦥꦸꦤꦥꦩꦭꦶꦃꦏꦥꦶꦠꦢꦺꦴꦱ꧀ꦱꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁꦗꦮꦶꦱꦲꦧꦺꦴꦁꦱꦆꦱ꧀ꦭꦩ꧀ꦠꦸꦩꦿꦥ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦫꦠꦸꦲꦢꦶꦭ꧀ꦮꦲꦸ꧈​ꦕꦩ꧀ꦥꦸꦂꦫꦶꦥꦸꦤ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦱꦠꦸꦁꦒꦭ꧀ꦢꦺꦫꦺꦁꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦠꦼꦫꦁꦔꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧉​

꧋ꦏꦱ꧀ꦧꦸꦠ꧀ꦲꦶꦁꦱꦼꦫꦠ꧀ꦧꦧꦢ꧀ꦠꦤꦃꦗꦮꦶ꧈​ꦏꦁꦗꦼꦁꦥꦔꦺꦫꦤ꧀ꦢꦶꦦꦤꦒꦫ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦏꦿꦩꦤ꧀ꦲꦒꦼꦁꦥꦸꦤꦶꦏ꧈​ꦔꦒꦼꦩ꧀ꦱꦼꦱꦼꦧꦸꦠꦤ꧀ꦤꦩꦲꦺꦫꦸꦕꦏꦿ꧉​ꦲꦤꦔꦶꦁꦩꦶꦠꦸꦫꦸꦠ꧀ꦲꦶꦁꦧꦸꦏꦸꦏꦫꦁꦔꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦸꦮꦤ꧀ Brandes ꦚꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦱꦏꦼꦤ꧀ꦧꦶꦭꦶꦃꦲꦶꦁꦱꦼꦫꦠ꧀ꦧꦧꦢ꧀ꦲꦶꦁꦱꦢꦺꦫꦺꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦿꦩꦤ꧀ꦢꦶꦦꦤꦒꦫꦤ꧀꧈​ꦥꦸꦤꦶꦏꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦔꦏꦼꦤ꧀ꦤꦩꦲꦺꦫꦸꦕꦏꦿ꧈​ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦥꦸꦤꦶꦏꦫꦢꦺꦤ꧀ꦩꦱ꧀ꦯꦸꦁꦏꦮ꧈​ꦥꦸꦠꦿꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦁꦗꦼꦁꦦꦔꦺꦫꦤ꧀ꦲꦂꦪꦦꦸꦒꦼꦂ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦭꦗꦼꦁꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦤꦠꦲꦗꦼꦗꦸꦭꦸꦏ꧀ꦯꦸꦯꦸꦲꦸꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦦꦏꦸꦧꦸꦮꦤ I (1704 - 1719) ​ꦱꦲꦱꦉꦁꦢꦶꦮꦱꦫꦢꦺꦤ꧀ꦩꦱ꧀ꦱꦸꦁꦏꦮꦮꦲꦸꦭꦗꦼꦁꦤꦩꦫꦢꦺꦤ꧀ꦩꦱ꧀ꦢꦶꦦꦠꦫꦸꦤ꧈​ꦮꦸꦱꦤꦱꦉꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦩꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦤꦠ꧈​ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦫꦶꦁꦔꦶꦲꦱ꧀ꦩꦥꦔꦺꦫꦤ꧀ꦢꦶꦦꦤꦒꦫ꧉​ꦱꦂꦠꦲꦸꦒꦶꦭꦗꦼꦁꦔꦿꦩꦤ꧀ꦲꦗꦼꦗꦸꦭꦸꦏ꧀ꦲꦺꦫꦸꦕꦏꦿꦱꦲꦭꦗꦼꦁꦏꦏꦺꦤ꧀ꦝꦁꦔꦏꦼꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦠꦤꦃꦏꦥ꧀ꦲꦶꦁꦄꦥꦿꦶꦏꦃ꧉​

꧋ꦏꦗꦮꦶꦥꦸꦤꦶꦏ꧈​ꦠꦸꦮꦤ꧀ Brandes ꦲꦸꦒꦶꦲꦩꦁꦒꦶꦃꦭꦺꦴꦤ꧀ꦠꦂꦒꦝꦃꦲꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ Bat. Genootschap ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦶꦱꦶꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦮꦂꦤꦶꦮꦂꦤꦶ꧉​ꦲꦶꦁꦔꦿꦶꦏꦸꦲꦸꦒꦶꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦚꦼꦧꦸꦠ꧀ꦠꦏꦼꦤ꧀ꦧꦝꦺꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦺꦫꦸꦕꦏꦿ꧉​ꦢꦺꦤꦺꦭꦺꦴꦤ꧀ꦠꦂꦮꦲꦸꦠꦶꦠꦶꦩꦁꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦥꦠꦺꦴꦱꦠꦼꦫꦁ꧈​ꦩꦶꦠꦸꦫꦸꦠ꧀ꦲꦺꦠꦁꦔꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦸꦮꦤ꧀

Ratu Adil besut

III

Pralambang Jayabaya

(Candhakipun Kajawèn ăngka 33)

Mênggah kawontênan badhe wontênipun Ratu Adil tumrap ing Sêrat Jayabaya, punika sêmu-sêmunipun kapitadosan Jawi dipun campur kalihan kapitadosan Islam, amargi ing ngriku ugi nyêbutakên nama: Imam Mahdi. Ananging sanadyan rumasukipun agami Islam dhatêng têtiyang Jawi sampun lêbêt, ngantos Hèrucakra punika dipun anggêp asal saking Ngarab, ewadene Ratu Adilipun tiyang Jawi punika, miturut kapitadosanipun piyambak dede Imam Mahdi ing Ngarab. Punapa malih kapitadosanipun tiyang Jawi saha băngsa Islam tumrap wontênipun Ratu Adil wau, campuripun dados satunggal dèrèng wontên katêranganipun.

Kasbut ing Sêrat Babad Tanah Jawi, Kangjêng Pangeran Dipanagara, ingkang kacariyos dados kraman agêng punika, ngagêm sêsêbutan nama Hèrucakra. Ananging miturut ing buku karanganipun Tuwan Brandes nyariyosakên bilih ing sêrat babad ing sadèrèngipun kraman Dipanagaran, punika sampun wontên ingkang ngakên nama Hèrucakra, inggih punika Radèn Mas Sungkawa, putranipun Kangjêng Pangeran Arya Pugêr, ingkang lajêng jumênêng nata ajêjuluk Susuhunan Pakubuwana I (1704-1719) saha sarêng diwasa Radèn Mas Sungkawa wau lajêng nama Radèn Mas Dipataruna, wusana sarêng ingkang rama sampun jumênêng nata, dipun paringi asma Pangeran Dipanagara. Sarta ugi lajêng ngraman ajêjuluk Hèrucakra saha lajêng kakendhangakên dhatêng tanah Kap ing Aprikah.

Kajawi punika, Tuwan Brandes ugi amanggih lontar gadhahanipun Bat. Genootschap ingkang isi cariyos warni-warni. Ing ngriku ugi wontên ingkang nyêbutakên badhe wontênipun Hèrucakra. Dene lontar wau titimangsanipun botên patosa têrang, miturut etanganipun Tuwan

Brandes kintên-kintên wontên ing antawisipun taun 1640, amargi ing ngriku dipun cariyosakên kala Sultan Agung jumênêng nata saha sasampunipun. Dene cacriyosanipun lontar bab Ratu Adil punika inggih angèmpêri kalihan Sêrat Jayabaya, namung bab nama-nama botên kasêbutakên, saha titimangsaning taunipun langkung sêpuh tinimbang titimangsanipun badhe wontênipun Ratu Adil ingkang kaping kalih wau.

Ing nginggil sampun kacariyosakên, bilih titimăngsa pandamêlipun sêrat pralambang punika kintên-kintên sasampunipun Sultan Agung seda. Kawuningana, sasedanipun Sultan Agung wau, ing tanah Jawi kenging dipun wastani jaman risak, jalaran saking kathahing dahuru. Sampun dados adatipun băngsa Jawi, sabên wontên kasusahan agêng utawi dahuruning jaman ingkang damêl karisakaning ngakathah, punika murih botên adamêl mirising manahipun tiyang sadaya, têmtu lajêng wontên salah satunggaling sarjana ingkang sumêdya amêmulih dhatêng manahing akathah, mawi dipun saranani anganggit sêrat ingkang isi cariyos kadosdene pralambang ing nginggil wau, awit cacriyosan makatên punika, gampil sangêt lumêbêtipun dhatêng sanubarining băngsa Jawi. Makatên ugi tumrapipun jaman Hindhu, ing kina-kina ugi sampun anggadhahi piandêl, bilih mêntas ura-uru punika lajêng badhe wontên ingkang jumênêng Ratu Adil.

Mênggah pralambang ingkang kasbut ing lontar wau, nyariyosakên makatên:

Ingkang badhe jumênêng Ratu Adil, punika jêjulukipun inggih Sang Hèrucakra, angêdhaton wontên ing Kêtăngga, inggih punika ing Madiun, sasampunipun lajêng pindhah dhatêng ing Lêmbahmanah, inggih punika ing Nirbaya, sawetanipun Rêdi Prau, sakidulipun Rêdi Sumèru, sakilènipun Sampurna. Lan panjênênganipun angratoni jagad sakawan, inggih punika: tanah Jawi, Madura, Patani tuwin Palembang. Kratonipun saklangkung mulya ngantos dumugi ing taun 1640, saha sang nata wau taksih mudha sarta bagus. Kathah têtiyang ingkang sami suyud dening solahbawa tuwin bêbudèning narendra saha kadibyanipun. Ananging ingkang makatên wau, dumugining titimăngsa, sang nata dalah karaton tuwin para nayakanipun sadaya lajêng sami musna tanpa lari. Samusnanipun Prabu Hèrucakra, para bupati bawahipun lajêng sami mandhiri piyambak-piyambak. Sampun tamtu kemawon lajêng anuwuhakên kathahing rêrêsah ngantos dumugi ing taun 1800. Botên dangu lajêng wontên malih ingkang jumênêng nata, turunipun waliyullah, karatonipun kalih, satunggal wontên ing Kêdhiri, satunggalipun malih wontên ing Erawan. Sang nata wau ajêjuluk Prabu Asmaraningkingking,[7] taksih nèm lan bagus warninipun. Anggèning jumênêng nata ngantos 100 taun laminipun. Sapêngkêripun Prabu Asmarakingking lajêng ngancik jaman ingkang dipun wastani Tretayuga.

Dumugi samantên cariyosipun Ratu Adil, ing wingking Kajawèn badhe ngêmot katranganipun punapa ingkang dipun wastani jaman Tretayuga wau.

[ 589 ]꧋Brandes ꦏꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦲꦤ꧀ꦠꦮꦶꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦲꦸꦤ꧀꧇꧑꧖꧔꧐꧇​꧈​ꦲꦩꦂꦒꦶꦲꦶꦁꦔꦿꦶꦏꦸꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦱꦏꦼꦤ꧀ꦏꦭꦯꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦲꦓꦸꦁꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦤꦠꦱꦲꦱꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧉​ꦢꦺꦤꦺꦕꦕꦿꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦱꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦭꦺꦴꦤ꧀ꦠꦂꦧꦧ꧀ꦫꦠꦸꦲꦢꦶꦭ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦲꦔꦺꦩ꧀ꦥꦼꦂꦫꦶꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦗꦪꦧꦪ꧈​ꦤꦩꦸꦁꦧꦧ꧀ꦤꦩꦤꦩꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦱꦼꦧꦸꦠ꧀ꦠꦏꦼꦤ꧀꧈​ꦱꦲꦠꦶꦠꦶꦩꦁꦱꦤꦶꦁꦠꦲꦸꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦭꦁꦏꦸꦁꦱꦼꦥꦸꦃꦠꦶꦤꦶꦩ꧀ꦧꦁꦠꦶꦠꦶꦩꦁꦱꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦝꦺꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦫꦠꦸꦲꦢꦶꦭ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦥꦶꦁꦏꦭꦶꦃꦮꦲꦸ꧉​

꧋ꦲꦶꦁꦔꦶꦁꦒꦶꦭ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦱꦏꦼꦤ꧀꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃꦠꦶꦠꦶꦩꦺꦴꦁꦱꦥꦤ꧀ꦢꦩꦼꦭ꧀ꦭꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦥꦿꦭꦩ꧀ꦧꦁꦥꦸꦤꦶꦏꦏꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦲꦓꦸꦁꦱꦺꦢ꧉​ꦏꦮꦸꦤꦶꦁꦔꦤ꧀ꦤ꧈​ꦱꦱꦺꦢꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦲꦓꦸꦁꦮꦲꦸ꧈​ꦲꦶꦁꦠꦤꦃꦗꦮꦶꦏꦺꦔꦶꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦱ꧀ꦠꦤ꧀ꦤꦶꦗꦩꦤ꧀ꦫꦶꦱꦏ꧀꧈​ꦗꦭꦂꦫꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁꦏꦛꦃꦲꦶꦁꦢꦲꦸꦫꦸ꧉​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦲꦢꦠ꧀ꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦺꦴꦁꦱꦗꦮꦶ꧈​ꦱꦧꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦱꦸꦱꦃꦲꦤ꧀ꦲꦒꦼꦁꦲꦸꦠꦮꦶꦢꦲꦸꦫꦸꦤꦶꦁꦗꦩꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦩꦼꦭ꧀ꦏꦫꦶꦱꦏ꧀ꦏꦤ꧀ꦤꦶꦁꦔꦏꦛꦃ꧈​ꦥꦸꦤꦶꦏꦩꦸꦫꦶꦃꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦲꦢꦩꦼꦭ꧀ꦩꦶꦫꦶꦱ꧀ꦱꦶꦁꦩꦤꦃꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁꦱꦢꦪ꧈​ꦠꦼꦩ꧀ꦠꦸꦭꦗꦼꦁꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦭꦃꦱꦠꦸꦁꦒꦭ꧀ꦭꦶꦁꦱꦂꦗꦤꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦸꦩꦼꦢꦾꦲꦩꦼꦩꦸꦭꦶꦃꦝꦠꦼꦁꦩꦤꦃꦲꦶꦁꦲꦏꦛꦃ꧈​ꦩꦮꦶꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦫꦤꦤ꧀ꦤꦶꦲꦔꦁꦒꦶꦠ꧀ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦶꦱꦶꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦢꦺꦤꦺꦥꦿꦭꦩ꧀ꦧꦁꦲꦶꦁꦔꦶꦁꦒꦶꦭ꧀ꦮꦲꦸ꧈​ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦕꦕꦿꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦱꦤ꧀ꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏ꧈​ꦒꦩ꧀ꦥꦶꦭ꧀ꦱꦔꦼꦠ꧀ꦭꦸꦩꦼꦧꦼꦠ꧀ꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦱꦤꦸꦧꦫꦶꦤꦶꦁꦧꦺꦴꦁꦱꦗꦮꦶ꧉​ꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦲꦸꦒꦶꦠꦸꦩꦿꦥ꧀ꦥꦶꦥꦸꦤ꧀ꦗꦩꦤ꧀ꦲꦶꦤ꧀ꦝꦸ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦶꦤꦏꦶꦤꦲꦸꦒꦶꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦲꦁꦒꦝꦃꦲꦶꦥꦶꦪꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃꦩꦼꦤ꧀ꦠꦱ꧀ꦲꦸꦫꦲꦸꦫꦸꦥꦸꦤꦶꦏꦭꦗꦼꦁꦧꦝꦺꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦫꦠꦸꦲꦢꦶꦭ꧀꧉​

꧋ꦩꦼꦁꦒꦃꦥꦿꦭꦩ꧀ꦧꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦱ꧀ꦧꦸꦠ꧀ꦲꦶꦁꦭꦺꦴꦤ꧀ꦠꦂꦮꦲꦸ꧈​ꦚꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦱꦏꦼꦤ꧀ꦩꦏꦠꦼꦤ꧀꧇​

꧋ꦲꦶꦁꦏꦁꦧꦝꦺꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦫꦠꦸꦲꦢꦶꦭ꧀꧈​ꦥꦸꦤꦶꦏꦗꦸꦗꦸꦭꦸꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦯꦁꦲꦺꦫꦸꦕꦏꦿ꧈​ꦲꦔꦼꦝꦠꦺꦴꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦑꦼꦠꦺꦴꦁꦒ꧈​ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦶꦁꦩꦢꦶꦪꦸꦤ꧀꧈​ꦱꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁꦥꦶꦤ꧀ꦝꦃꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦊꦩ꧀ꦧꦃꦩꦤꦃ꧈​ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦶꦁꦟꦶꦂꦧꦪ꧈​ꦱꦮꦺꦠꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦉꦢꦶꦦꦿꦲꦸ꧈​ꦱꦏꦶꦢꦸꦭ꧀ꦭꦶꦥꦸꦤ꧀ꦉꦢꦶꦯꦸꦩꦺꦫꦸ꧈​ꦱꦏꦶꦭꦺꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦂꦟ꧉​ꦭꦤ꧀ꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦔꦿꦠꦺꦴꦤ꧀ꦤꦶꦗꦒꦢ꧀ꦱꦏꦮꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦥꦸꦤꦶꦏ꧇​ꦠꦤꦃꦗꦮꦶ꧈​ꦩꦢꦸꦫ꧈​ꦦꦠꦤꦶꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦦꦭꦺꦩ꧀ꦧꦁ꧉​ꦏꦿꦠꦺꦴꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦏ꧀ꦭꦁꦏꦸꦁꦩꦸꦭꦾꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦲꦶꦁꦠꦲꦸꦤ꧀ 1640꧈​ꦱꦲꦯꦁꦤꦠꦮꦲꦸꦠꦏ꧀ꦱꦶꦃꦩꦸꦝꦱꦂꦠꦧꦒꦸꦱ꧀꧉​ꦏꦛꦃꦠꦶꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩꦶꦱꦸꦪꦸꦢ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦱꦺꦴꦭꦃꦧꦮꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦧꦼꦧꦸꦢꦺꦤ꧀ꦤꦶꦁꦤꦫꦺꦤ꧀ꦢꦿꦱꦲꦏꦢꦶꦧꦾꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧉​ꦲꦤꦔꦶꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦮꦲꦸ꧈​ꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦤꦶꦁꦠꦶꦠꦶꦩꦺꦴꦁꦱ꧈​ꦯꦁꦤꦠꦢꦭꦃꦏꦫꦠꦺꦴꦤ꧀ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦥꦫꦤꦪꦏꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦢꦪꦭꦗꦼꦁꦱꦩꦶꦩꦸꦱ꧀ꦤꦠꦤ꧀ꦥꦭꦫꦶ꧉​ꦱꦩꦸꦱ꧀ꦤꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦿꦧꦸꦲꦺꦫꦸꦕꦏꦿ꧈​ꦥꦫꦧꦸꦥꦠꦶꦧꦮꦃꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁꦱꦩꦶꦩꦤ꧀ꦝꦶꦂꦫꦶꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀ꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀꧉​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦠꦩ꧀ꦠꦸꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁꦲꦤꦸꦮꦸꦃꦲꦏꦼꦤ꧀ꦏꦛꦃꦲꦶꦁꦉꦉꦱꦃꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦲꦶꦁꦠꦲꦸꦤ꧀ 1800꧉​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦢꦔꦸꦭꦗꦼꦁꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦩꦭꦶꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦤꦠ꧈​ꦠꦸꦫꦸꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦭꦶꦪꦸꦭ꧀ꦭꦃ꧈​ꦏꦫꦠꦺꦴꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦭꦶꦃ꧈​ꦱꦠꦸꦁꦒꦭ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦑꦼꦝꦶꦫꦶ꧈​ꦱꦠꦸꦁꦒꦭ꧀ꦭꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦭꦶꦃꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦌꦫꦮꦤ꧀꧉​ꦯꦁꦤꦠꦮꦲꦸꦲꦗꦸꦗꦸꦭꦸꦏ꧀ꦥꦿꦧꦸꦄꦱ꧀ꦩꦫꦤꦶꦁꦏꦶꦁꦏꦶꦁ꧈​ꦠꦏ꧀ꦱꦶꦃꦤꦺꦩ꧀ꦭꦤ꧀ꦧꦒꦸꦱ꧀ꦮꦂꦤꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧉​ꦲꦁꦒꦺꦤ꧀ꦤꦶꦁꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦤꦠꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ 100 ꦠꦲꦸꦤ꧀ꦭꦩꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧉​ꦱꦥꦼꦁꦏꦼꦂꦫꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦿꦧꦸꦄꦱ꧀ꦩꦫꦏꦶꦁꦏꦶꦁꦭꦗꦼꦁꦔꦚ꧀ꦕꦶꦏ꧀ꦗꦩꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦱ꧀ꦠꦤ꧀ꦤꦶꦡꦿꦺꦠꦪꦸꦒ꧉​

꧋ꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦱꦩꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦫꦠꦸꦲꦢꦶꦭ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦮꦶꦁꦏꦶꦁꦏꦗꦮꦺꦤ꧀ꦧꦝꦺꦔꦼꦩꦺꦴꦠ꧀ꦏꦠꦿꦔꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦸꦤꦥꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦱ꧀ꦠꦤ꧀ꦤꦶꦗꦩꦤ꧀ꦠꦿꦺꦠꦪꦸꦒꦮꦲꦸ꧉​

Bab Dhuwung besut

(Sambêtipun Kajawèn ăngka 33)

Pamor

Limrahipun dhuwung punika mawi pamor, ugi wontên ingkang tanpa pamor, nanging awis-awis. Dene pamor punika wujudipun warni-warni, mila ugi gadhah daya warni-warni, kados ta:

1. Pamor Subkanalah, ingkang ngangge dados sakti digdaya. 2. Sanubari, nêbihakên kacilakan. 3. Ăndha Agung, gadhah prabawa ngêkêsakên mêngsah. 4. Kutha Adi, andhatêngakên kasusahan, mila ingkang gadhah kêdah suci. 5. Dhandhang Lak, damêl sangsara ing paprangan. 6. Pandhita Bala Pandhita, botên kenging binandhang ing mêngsah. 7. Guntur Gunung, dados tulaking sêsakit. 8. Manggada, ambrêkahi wilujêng. 9. Tamsur, ampuh sangêt. 10. Nagagini, sagêd nulak latu. 11. Lampung, sagêd ngêdalakên latu. 12. Suryalaga, kinasihan bandara. 13. Putri Kinurung, ngrêjêkèni. 14. Batulapak, sagêd ngical. 15. Sumur Bandhung, yèn among dagang bathi kathah. 16. Rajah Pitutur, dipun trêsnani ing akathah.

Wusana kawruh bab dhuwung punika, mênggah nyata lan botênipun kasumanggakakên ing para maos, ing ngriki namung salugu nglairakên ing bab kawontênanipun kawruh Jawi.

Sal.

Paribasan Jawi besut

Kala kula taksih alit, sampun nate mirêng têmbung ingkang sok dipun angge sêkaring pawicantênanipun para sêpuh, makatên:

Ora karuan: tambang parantiane lan

E, lha, mêngko rak: suduk gunting tatu loro.

Sarèhning ngantos samangke kula nama sampun diwasa, mêksa taksih sok mrangguli têmbung wau, măngka têgêsing têmbung lan panganggening paribasan punika kula dèrèng mangrêtos, dening botên angsal pitakenan ingkang maton, pramila badhe sapintên gênging bingahipun manah kula, saupami wontên sih kadarmanipun salah satunggiling sarjana, ingkang kaparêng paring sêsuluh dhatêng pun cobolo, anêrangakên têgêsing paribasan wau saha traping panganggenipun. Botên langkung sadèrèng sasampunipun kula matur sèwu ing panuwun. Pun: Wa.

[ 590 ]꧋ꦧꦧ꧀ꦝꦸꦮꦸꦁ꧉​

꧋(ꦱꦩ꧀ꦧꦼꦠ꧀ꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦗꦮꦺꦤ꧀ꦎꦁꦏ 33)

꧋ꦥꦩꦺꦴꦂ꧉​

꧋ꦭꦶꦩꦿꦃꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦝꦸꦮꦸꦁꦥꦸꦤꦶꦏꦩꦮꦶꦥꦩꦺꦴꦂ꧈​ꦲꦸꦒꦶꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦠꦤ꧀ꦥꦥꦩꦺꦴꦂ꧈​ꦤꦔꦶꦁꦲꦮꦶꦱ꧀ꦲꦮꦶꦱ꧀꧉​ꦢꦺꦤꦺꦥꦩꦺꦴꦂꦥꦸꦤꦶꦏꦮꦸꦗꦸꦢ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦂꦤꦶꦮꦂꦤꦶ꧈​ꦩꦶꦭꦲꦸꦒꦶꦒꦝꦃꦢꦪꦮꦂꦤꦶꦮꦂꦤꦶ꧈​ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦠ꧇​

꧋1. ꦥꦩꦺꦴꦂꦱꦸꦧ꧀ꦏꦤꦭꦃ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦔꦁꦒꦺꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦱꦏ꧀ꦠꦶꦢꦶꦒ꧀ꦢꦪ꧉​

2. ꦱꦤꦸꦧꦫꦶ꧈​ꦤꦼꦧꦶꦃꦲꦏꦼꦤ꧀ꦏꦕꦶꦭꦏꦤ꧀꧉​
3. ꦧꦺꦴꦤ꧀ꦝꦲꦒꦸꦁ꧈​ꦒꦝꦃꦥꦿꦧꦮꦔꦼꦏꦼꦱ꧀ꦱꦏꦼꦤ꧀ꦩꦼꦁꦱꦃ꧉​
4. ꦏꦸꦛꦲꦢꦶ꧈​ꦲꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦔꦏꦼꦤ꧀ꦏꦱꦸꦱꦃꦲꦤ꧀꧈​ꦩꦶꦭꦲꦶꦁꦏꦁꦒꦝꦃꦏꦼꦢꦃꦱꦸꦕꦶ꧉​
5. ꦝꦤ꧀ꦝꦁꦭꦏ꧀꧈​ꦢꦩꦼꦭ꧀ꦱꦁꦱꦫꦲꦶꦁꦥꦥꦿꦁꦔꦤ꧀꧉​
6. ꦥꦤ꧀ꦝꦶꦠꦧꦭꦥꦤ꧀ꦝꦶꦠ꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦺꦔꦶꦁꦧꦶꦤꦤ꧀ꦝꦁꦲꦶꦁꦩꦼꦁꦱꦃ꧉​
7. ꦒꦸꦤ꧀ꦠꦸꦂꦒꦸꦤꦸꦁ꧈​ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦠꦸꦭꦏ꧀ꦏꦶꦁꦱ꧀ꦱ꧀ꦱꦏꦶꦠ꧀꧉​
8. ꦩꦁꦒꦢ꧈​ꦲꦩ꧀ꦧꦽꦏꦃꦲꦶꦮꦶꦭꦸꦗꦼꦁ꧉​
9. ꦠꦩ꧀ꦱꦸꦂ꧈​ꦲꦩ꧀ꦥꦸꦃꦱꦔꦼꦠ꧀꧉​
10. ꦤꦒꦒꦶꦤꦶ꧈​ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦤꦸꦭꦏ꧀ꦭꦠꦸ꧉​
11. ꦭꦩ꧀ꦥꦸꦁ꧈​ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦔꦼꦢꦭ꧀ꦭꦏꦼꦤ꧀ꦭꦠꦸ꧉​
12. ꦱꦸꦂꦪꦭꦒ꧈​ꦏꦶꦤꦱꦶꦃꦲꦤ꧀ꦧꦤ꧀ꦢꦫ꧉​
13. ꦥꦸꦠꦿꦶꦏꦶꦤꦸꦫꦸꦁ꧈​ꦔꦽꦗꦼꦏꦺꦤ꧀ꦤꦶ꧉​
14. ꦧꦠꦸꦭꦥꦏ꧀꧈​ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦔꦶꦕꦭ꧀꧉
15. ꦱꦸꦩꦸꦂꦧꦤ꧀ꦝꦸꦁ꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦲꦩꦺꦴꦁꦢꦒꦁꦧꦛꦶꦏꦛꦃ꧉​ 
16. ꦫꦗꦃꦥꦶꦠꦸꦠꦸꦂ꧈​ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦽꦱ꧀ꦤꦤ꧀ꦤꦶꦲꦶꦁꦲꦏꦛꦃ꧉​

꧋ꦮꦸꦱꦤꦏꦮꦿꦸꦃꦧꦧ꧀ꦝꦸꦮꦸꦁꦥꦸꦤꦶꦏ꧈​ꦩꦼꦁꦒꦃꦚꦠꦭꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦱꦸꦩꦁꦒꦑꦏꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦫꦩꦲꦺꦴꦱ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦔꦿꦶꦏꦶꦤꦩꦸꦁꦱꦭꦸꦒꦸꦔ꧀ꦭꦲꦶꦂꦫꦏꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦧꦧ꧀ꦏꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦮꦿꦸꦃꦗꦮꦶ꧉​

Sal.

꧋ꦥꦫꦶꦧꦱꦤ꧀ꦗꦮꦶ꧉​

꧋ꦏꦭꦏꦸꦭꦠꦏ꧀ꦱꦶꦃꦲꦭꦶꦠ꧀꧈​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦤꦠꦺꦩꦶꦉꦁꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦺꦴꦏ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦁꦒꦺꦱꦼꦏꦫꦶꦁꦥꦮꦶꦕꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦫꦱꦼꦥꦸꦃ꧈​ꦩꦏꦠꦼꦤ꧀꧇​

꧋ꦲꦺꦴꦫꦏꦫꦸꦮꦤ꧀꧇​ꦠꦩ꧀ꦧꦁꦥꦫꦤ꧀ꦠꦶꦪꦤ꧀ꦤꦺꦭꦤ꧀

꧋ꦌ꧈​ꦭ꧈​ꦩꦼꦁꦏꦺꦴꦫꦏ꧀꧇​ꦱꦸꦢꦸꦏ꧀ꦒꦸꦤ꧀ꦠꦶꦁꦠꦠꦸꦭꦺꦴꦫꦺꦴ꧉​

꧋ꦱꦫꦺꦃꦤꦶꦁꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦱꦩꦁꦏꦺꦏꦸꦭꦤꦩꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦢꦶꦮꦱ꧈​ꦩꦼꦏ꧀ꦱꦠꦏ꧀ꦱꦶꦃꦱꦺꦴꦏ꧀ꦩꦿꦁꦒꦸꦭ꧀ꦭꦶꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁꦮꦲꦸ꧈​ꦩꦺꦴꦁꦏꦠꦼꦒꦼꦱ꧀ꦱꦶꦁꦠꦼꦩ꧀ꦧꦸꦁꦭꦤ꧀ꦥꦔꦁꦒꦺꦤ꧀ꦤꦶꦁꦥꦫꦶꦧꦱ꧀ꦱꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦏꦸꦭꦢꦺꦫꦺꦁꦩꦔꦽꦠꦺꦴꦱ꧀꧈​ꦢꦺꦤꦶꦁꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦲꦁꦱꦭ꧀ꦥꦶꦠꦏꦺꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦠꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦥꦿꦩꦶꦭꦧꦝꦺꦱꦥꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦒꦼꦁꦔꦶꦁꦧꦶꦔꦃꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦤꦃꦏꦸꦭ꧈​ꦱꦲꦸꦥꦩꦶꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦶꦃꦏꦢꦂꦩꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦭꦃꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦭꦶꦁꦱꦂꦗꦤ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦥꦉꦁꦥꦫꦶꦁꦱꦼꦱꦸꦭꦸꦃꦝꦠꦼꦁꦥꦸꦤ꧀ꦕꦺꦴꦧꦺꦴꦭꦺꦴ꧈​ꦲꦤꦼꦫꦁꦔꦏꦼꦤ꧀ꦠꦼꦒꦼꦱ꧀ꦱꦶꦁꦥꦫꦶꦧꦱ꧀ꦱꦤ꧀ꦮꦲꦸꦱꦲꦠꦿꦥ꧀ꦥꦶꦁꦥꦔꦁꦒꦺꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧉​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦭꦁꦏꦸꦁꦱꦢꦺꦫꦺꦁꦱꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦸꦭꦩꦠꦸꦂꦱꦺꦮꦸꦲꦶꦁꦥꦤꦸꦮꦸꦤ꧀꧉​ꦥꦸꦤ꧀꧇​ꦮ꧉​

[ 591 ]꧋ꦥꦩ꧀ꦧꦶꦏꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦩꦸꦭꦁꦔꦤ꧀ꦝꦺꦴꦏ꧀ꦠꦼꦂꦭꦸꦲꦸꦂ꧉​

꧋ꦲꦶꦁꦏꦗꦮꦺꦤ꧀ꦎꦁꦏ 33꧈​ꦲꦶꦁꦒꦺꦴꦭꦺꦴꦔꦤ꧀ꦏꦿꦺꦴꦤꦶꦏ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦱꦏꦼꦤ꧀꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃꦏꦭꦠꦁꦒꦭ꧀ 16 ꦄꦒꦸꦱ꧀ꦠꦸꦱ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦥꦼꦁꦏꦼꦂꦥꦸꦤꦶꦏꦥꦩꦸꦭꦁꦔꦤ꧀ꦝꦺꦴꦏ꧀ꦠꦼꦂꦭꦸꦲꦸꦂꦲꦶꦁꦨꦠꦮꦶꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦧꦶꦏꦏ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦔꦤ꧀ꦝꦥ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦔꦤ꧀ꦝꦂꦫꦏꦼꦤ꧀ꦱꦮꦠꦮꦶꦱ꧀ꦩꦼꦁꦒꦃꦏꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦩ꧀ꦧꦶꦏꦏ꧀ꦏꦤ꧀ꦮꦲꦸ꧉​

꧋ꦥꦩꦸꦭꦁꦔꦤ꧀ꦝꦺꦴꦏ꧀ꦠꦼꦂꦭꦸꦲꦸꦂ (Geneeskundige Hoogeschool) ꦲꦶꦁꦮꦺꦭ꧀ꦠꦼꦥꦿꦺꦝꦼꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦧꦶꦏꦏ꧀ꦏꦭ 16 ꦄꦒꦸꦱ꧀ꦠꦸꦱ꧀ 1927꧉​

꧋ꦏꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦗꦩ꧀ 9.30 ꦲꦺꦚ꧀ꦗꦶꦁ꧈​ꦲꦶꦁꦥꦥꦤ꧀ꦥꦉꦥꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦥꦩꦸꦭꦁꦔꦤ꧀ꦝꦺꦴꦏ꧀ꦠꦼꦂꦭꦸꦲꦸꦂ꧈​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦠꦶꦔꦭ꧀ꦱꦼꦱꦏ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦥꦫꦲꦶꦁꦏꦁꦧꦝꦺꦲꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦶꦥꦩ꧀ꦧꦶꦏꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦩꦸꦭꦁꦔꦤ꧀ꦭꦸꦲꦸꦂꦮꦲꦸ꧈​ꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦏꦛꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦭꦗꦼꦁꦏꦥꦼꦏ꧀ꦱꦱꦩꦶꦗꦸꦩꦼꦤꦼꦁꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦗꦮꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦺꦴꦫꦶ꧉​ꦢꦺꦤꦺꦥꦫꦭꦸꦲꦸꦂꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩꦶꦲꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦶ꧈​ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦥꦸꦤꦶꦏ꧇​ꦥꦫꦭꦶꦢ꧀ Raad van Indie꧈​ꦥꦔꦂꦱꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦥꦫꦮꦂꦒꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦺꦴꦊꦏ꧀ꦱꦿꦢ꧀꧈​ꦥꦫꦝꦶꦫꦺꦏ꧀ꦠꦸꦂꦱꦮꦂꦤꦶꦤꦶꦁꦝꦺꦥꦂꦠꦼꦩꦺꦤ꧀꧈​ꦏꦁꦗꦼꦁꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦥꦔꦺꦫꦤ꧀ꦲꦢꦶꦥꦠꦶꦲꦂꦪꦩꦁꦏꦸꦤꦒꦫꦩꦶꦮꦃꦒꦂꦮꦢꦊꦩ꧀ꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦏꦁꦗꦼꦁꦫꦠꦸꦠꦶꦩꦸꦂ꧉​ꦏꦗꦮꦶꦥꦸꦤꦶꦏ꧈​ꦥꦫꦥꦔꦒꦼꦁꦔꦶꦁꦤꦒꦫꦶ꧈​ꦩꦶꦭꦶꦠꦺꦂ꧈​ꦒꦼꦩꦶꦤ꧀ꦠꦼ꧈​ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦥꦔꦿꦺꦃꦲꦶꦁꦥꦩꦸꦭꦁꦔꦤ꧀ꦭꦸꦲꦸꦂꦠꦸꦩꦿꦥ꧀ꦲꦶꦤ꧀ꦱꦶꦚꦸꦂꦱꦲꦥꦫꦒꦸꦫꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦭꦸꦲꦸꦂꦥꦶꦱꦤ꧀꧉​ꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦲꦸꦒꦶꦏꦛꦃꦥꦫꦝꦺꦴꦏ꧀ꦠꦼꦂ꧈​ꦏꦺꦴꦤ꧀ꦱꦸꦭ꧀ꦭꦶꦁꦤꦒꦫꦶꦩꦺꦴꦚ꧀ꦕ꧈​ꦥꦫꦱꦼꦠꦸꦝꦺꦤ꧀ꦭꦤ꧀ꦥꦫꦫꦺꦝꦏ꧀ꦠꦸꦂꦫꦶꦁꦱꦼꦫꦠ꧀ꦏꦧꦂꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩꦶꦲꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦶ꧉​ꦏꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦗꦩ꧀ 10 ꦱꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦁꦗꦼꦁꦠꦸꦮꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦶꦕꦏ꧀ꦱꦤꦒꦸꦥꦼꦂꦤꦸꦂꦗꦺꦤ꧀ꦢꦿꦭ꧀ꦫꦮꦸꦃ꧈​ꦥꦩ꧀ꦧꦶꦏꦏ꧀ꦏꦶꦁꦥꦩꦸꦭꦁꦔꦤ꧀ꦭꦸꦲꦸꦂꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦶꦮꦶꦠ꧀ꦠꦶꦢꦺꦤꦶꦁꦥꦢꦸꦏꦠꦸꦮꦤ꧀ꦝꦶꦫꦺꦏ꧀ꦠꦸꦂꦎꦤ꧀ꦢꦼꦂꦮꦶꦱ꧀꧈​ꦱꦺꦴꦱꦺꦴꦫꦃꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦲꦶꦁꦔꦤ꧀ꦝꦥ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏ꧇​ [ 592 ]꧋ꦏꦁꦗꦼꦁꦠꦸꦮꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦶꦕꦏ꧀ꦱꦤꦫꦮꦸꦃꦲꦶꦁꦥꦩꦸꦭꦁꦔꦤ꧀꧈​ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦩ꧀ꦥꦶꦲꦶꦁꦥꦢꦸꦏꦠꦸꦮꦤ꧀ꦥꦶꦱꦶꦥꦸꦂꦱꦶꦠꦼꦂ Raad van Indie.

꧋ꦏꦁꦗꦼꦁꦠꦸꦮꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦶꦕꦏ꧀ꦱꦤꦩꦫꦶꦏ꧀ꦱꦤꦶꦒꦼꦝꦺꦴꦁ​ꦒꦼꦝꦺꦴꦁ꧉​

꧋ꦲꦶꦁꦱꦏꦮꦶꦠ꧀ꦥꦢꦸꦏꦠꦸꦮꦤ꧀ꦝꦶꦫꦺꦏ꧀ꦠꦸꦂꦎꦤ꧀ꦢꦼꦂꦮꦶꦱ꧀ꦲꦔꦠꦸꦂꦫꦶꦮꦶꦭꦸꦗꦼꦁꦝꦠꦼꦁꦏꦁꦗꦼꦁꦠꦸꦮꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦶꦕꦏ꧀ꦱꦤꦒꦸꦥꦼꦂꦤꦸꦂꦗꦺꦤ꧀ꦢꦿꦭ꧀꧈​ꦱꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁꦲꦔꦤ꧀ꦝꦂꦫꦏꦼꦤ꧀ꦏꦤ꧀ꦛꦶꦕꦼꦏꦏ꧀ꦏꦤ꧀ꦧꦧꦢ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦼꦏꦺꦴꦭꦃꦲꦤ꧀ꦲꦶꦁꦒꦶꦭ꧀ꦲꦶꦁꦲꦶꦤ꧀ꦢꦶꦪ꧈​ꦱꦲꦭꦗꦼꦁꦔꦠꦸꦂꦫꦏꦼꦤ꧀ꦒꦸꦁꦔꦶꦁꦥꦤꦸꦮꦸꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦏꦁꦗꦼꦁꦠꦸꦮꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦶꦕꦏ꧀ꦱꦤ꧈​ꦢꦺꦤꦺꦏꦥꦉꦁꦲꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦶꦧꦶꦏꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦼꦏꦺꦴꦭꦃꦲꦤ꧀ꦝꦺꦴꦏ꧀ꦠꦼꦂꦲꦶꦁꦒꦶꦭ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦏ꧀ꦭꦁꦏꦸꦁꦩꦶꦒꦸꦤꦤꦶꦠꦸꦩꦿꦥ꧀ꦲꦶꦁꦠꦤꦃꦲꦶꦤ꧀ꦢꦶꦪꦥꦸꦤꦶꦏ꧉​

꧋ꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦲꦸꦒꦶꦥꦢꦸꦏꦠꦸꦮꦤ꧀ꦝꦶꦫꦺꦏ꧀ꦠꦸꦂꦎꦤ꧀ꦢꦼꦂꦮꦶꦱ꧀ꦔꦠꦸꦂꦫꦶꦮꦶꦭꦸꦗꦼꦁꦝꦠꦼꦁꦥꦫꦚꦺꦴꦚꦃꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦠꦸꦮꦤ꧀ꦠꦸꦮꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩꦶꦫꦮꦸꦃ꧈​ꦱꦲꦭꦗꦼꦁꦲꦩꦺꦔꦼꦠ꧀ꦠꦶꦏꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦩꦸꦭꦁꦔꦤ꧀ S.t.o.v.i.a. ꦲꦶꦁꦏꦁꦤꦩꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦮꦼꦤ꧀ꦠꦂꦲꦶꦁꦱꦲꦶꦤ꧀ꦢꦼꦁꦔꦶꦁꦧꦮꦤ꧈​ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦩꦼꦩꦸꦗꦶꦝꦠꦼꦁꦥꦫꦠꦸꦮꦤ꧀ꦠꦸꦮꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩꦶꦔꦸꦢꦶꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦥꦩꦸꦭꦁ Stovia ꦮꦲꦸꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦥꦩꦸꦭꦁꦔꦤ꧀ꦭꦸꦲꦸꦂ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦶꦁꦲꦶꦤ꧀ꦢꦶꦪꦱꦩꦁꦏꦺꦭꦗꦼꦁꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦥꦩꦸꦭꦁꦔꦤ꧀ꦭꦸꦲꦸꦂꦠꦶꦠꦶꦒ꧉​

꧋ꦱꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦢꦸꦏꦠꦸꦮꦤ꧀ꦝꦶꦫꦺꦏ꧀ꦠꦸꦂꦎꦤ꧀ꦢꦼꦂꦮꦶꦱ꧀ꦫꦩ꧀ꦥꦸꦁꦲꦁꦒꦺꦤꦶꦁꦲꦢꦩꦼꦭ꧀ꦱꦺꦴꦱꦺꦴꦫꦃ꧈​ꦭꦗꦼꦁꦏꦒꦼꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦱꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦥꦢꦸꦏꦠꦸꦮꦤ꧀ Prof. D꧈​ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦥꦸꦤꦶꦏꦏꦥꦭꦤꦶꦁꦥꦫꦒꦸꦫꦸꦒꦸꦫꦸꦲꦶꦁꦥꦩꦸꦭꦁꦔꦤ꧀ꦝꦺꦴꦏ꧀ꦠꦼꦂꦭꦸꦲꦸꦂ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦼꦤ꧀ꦠꦱ꧀ꦏꦲꦼꦢꦼꦒ꧀ꦒꦏꦼꦤ꧀ꦲꦺꦁꦒꦭ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏ꧈​ꦲꦶꦁꦱꦫꦺꦃꦤꦶꦁꦱꦺꦴꦱꦺꦴꦫꦃꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦢꦸꦏꦠꦸꦮꦤ꧀ꦥꦿꦺꦴꦥꦺꦱꦺꦴꦂꦥꦸꦤꦶꦏꦱꦲꦺꦱꦲꦩꦶꦒꦸꦤꦤꦶꦱꦔꦼꦠ꧀꧈​ꦲꦩꦶꦭꦧꦝꦺꦏꦥꦕꦏ꧀ꦲꦶꦁꦏꦗꦮꦺꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦧꦝꦺꦩꦼꦢꦭ꧀ꦔꦗꦼꦁꦥꦸꦤꦶꦏ꧉​

꧋ꦥꦫꦥꦿꦺꦴꦥꦺꦱꦺꦴꦂꦱꦩꦶꦩꦔꦁꦒꦺꦲꦒꦼꦁ꧉​

꧋(ꦧꦝꦺꦏꦱꦩ꧀ꦧꦼꦠ꧀ꦠꦤ꧀)

Pambikakipun Pamulangan Dhoktêr Luhur.

Ing Kajawèn ăngka 33, ing golongan kronik sampun kacariyosakên, bilih kala tanggal 16 Agustus ingkang kapêngkêr punika pamulangan dhoktêr luhur ing Batawi sampun kabikak, ing ngandhap punika ngandharakên sawatawis mênggah kawontênanipun pambikan wau.

[Grafik]

Pamulangan dhoktêr luhur (Geneeskundige Hoogeschool) ing Wèltêprèdhên, ingkang kabikak kala 16 Agustus 1927.

Kintên-kintên jam 9.30 enjing, ing papan parêpatan pamulangan dhoktêr luhur, sampun katingal sêsak dening para ingkang badhe anjênêngi pambikakipun pamulangan luhur wau, ngantos kathah ingkang lajêng kapêksa sami jumênêng wontên ing sajawinipun kori. Dene para luhur ingkang sami anjênêngi, inggih punika: para lid Raad van Indie, pangarsa tuwin para warganipun polêksrad, para dhirèktur sawarnining dhepartêmèn, Kangjêng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunagara miwah garwa dalêm Gusti Kangjêng Ratu Timur. Kajawi punika, para pangagênging nagari, militèr, gêmintê, tuwin pangrèhing pamulangan luhur tumrap insinyur saha para gurunipun luhur pisan. Makatên ugi kathah para dhoktêr, konsuling nagari mănca, para sêtudhèn lan para redhakturing sêrat kabar ingkang sami anjênêngi. Kintên-kintên jam 10 sasampunipun kangjêng tuwan ingkang wicaksana gupêrnur jendral rawuh, pambikaking pamulangan luhur dipun wiwiti dening paduka tuwan dhirèktur ondêrwis, sêsorahipun kintên-kintên kados ing ngandhap punika :

[Grafik]

Kangjêng tuwan ingkang wicaksana rawuh ing pamulangan, dipun tampi ing paduka tuwan pisipursitêr Raad van Indie.

[Grafik]

Kangjêng tuwan ingkang wicaksana mariksani gêdhong-gêdhong.

Ing sakawit paduka tuwan dhirèktur ondêrwis angaturi wilujêng dhatêng kangjêng tuwan ingkang wicaksana gupêrnur jendral, sasampunipun lajêng angandharakên kanthi cêkakan babadipun sêkolahan inggil ing India, saha lajêng ngaturakên gunging panuwunipun dhatêng kangjêng tuwan ingkang wicaksana, dene kaparêng anjênêngi bikakipun sêkolahan dhoktêr inggil ingkang saklangkung migunani tumrap ing tanah India punika.

Makatên ugi paduka tuwan dhirèktur ondêrwis ngaturi wilujêng dhatêng para nyonyah tuwin tuwan-tuwan ingkang sami rawuh, saha lajêng amèngêti kawontênanipun pamulangan S.t.o.v.i.a. ingkang namanipun sampun kawêntar ing saindênging bawana, tuwin mêmuji dhatêng para tuwan-tuwan ingkang sami ngudi ngantos pamulang Stovia wau dados pamulangan luhur, ingkang punika ing India samangke lajêng wontên pamulangan luhur têtiga.

Sasampunipun paduka tuwan dhirèktur ondêrwis rampung anggèning adamêl sêsorah, lajêng kagêntosan dening paduka Tuwan Prof. Dr. Boeke, inggih punika kapalaning para guru-guru ing pamulangan dhoktêr luhur, ingkang mêntas kaêdêgakên enggal punika, ing sarèhning sêsorahipun paduka tuwan propesor punika sae saha migunani sangêt, amila badhe kapacak ing Kajawèn ingkang badhe mêdal ngajêng punika.

[Grafik]

Para propesor sami mangangge agêng.

(Badhe kasambêtan)

[ 593 ]꧋ꦉꦩ꧀ꦧꦒ꧀ꦒꦶꦥꦸꦤ꧀ꦦꦺꦠꦿꦸꦏ꧀ꦭꦤ꧀ꦓꦫꦺꦁ꧉​

꧋ꦧꦧ꧀ꦔꦶꦔꦃꦒꦿꦩꦺꦃ꧉​

꧋ꦦꦺꦠꦿꦸꦏ꧀꧇​ꦫꦺꦁ꧈​ꦫꦺꦁ꧈​ꦮꦺꦴꦁꦏꦶꦤꦺꦏ꧀ꦮꦶꦱ꧀ꦗꦁꦗꦶ꧈​ꦧꦺꦴꦏ꧀ꦲꦗꦱꦺꦴꦏ꧀ꦧ꧀ꦭꦺꦚ꧀ꦗꦤ꧀ꦤꦶ꧈​ꦠꦸꦗꦸꦤꦺꦱꦢꦸꦭꦸꦂ꧈​ꦲꦗꦲꦫꦏ꧀ꦲꦶꦪꦏꦭꦏꦺꦴꦤ꧀ꦠꦏ꧀ꦠꦭꦏ꧀ꦠꦼꦭꦸꦠꦼꦩꦼꦤ꧀ꦤꦤ꧀꧉​ꦩꦫꦗꦗꦭ꧀꧈​ꦲꦥꦏꦺꦴꦮꦺꦪꦮꦤꦶꦧ꧀ꦭꦺꦚ꧀ꦗꦤ꧀ꦤꦶꦏꦫꦺꦴꦱꦶꦦꦺꦴꦤꦶꦪꦼꦩ꧀꧈​ꦫꦏ꧀ꦱꦶꦢꦢꦶꦏꦿꦺꦴꦕꦺꦴꦏ꧀ꦔꦤ꧀ꦠꦶꦧ꧀ꦭꦶꦤ꧀ꦝꦶꦱ꧀ꦏꦸꦕꦶꦂꦩꦸꦠꦼꦤꦤ꧀꧉​

꧋ꦓꦫꦺꦁ꧇​ꦌ꧈​ꦭ꧈​ꦢꦶꦠꦼꦏꦤ꧀ꦤꦶꦲꦸꦮꦺꦴꦁꦲꦺꦴꦫꦏꦺꦴꦏ꧀ꦚꦸꦒꦸꦃꦥꦔꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦱꦶꦁꦲꦤ꧀ꦭꦼꦒꦧꦶꦠ꧀ꦲꦤ꧀ꦭꦼꦒꦧꦶꦠ꧀꧈​ꦏꦛꦶꦏ꧀ꦩꦭꦃꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦧꦼꦒꦶꦠꦧꦼꦒꦶꦠꦸꦏꦪꦧꦨꦺꦴꦩ꧀ꦧꦲꦶꦩꦼꦤ꧀ꦢꦼꦩ꧀ꦏꦶꦩ꧀ꦥꦸꦭ꧀꧉​ꦭꦺꦴ꧈​ꦱꦭꦃꦏꦸꦏꦶꦪꦶꦲꦥ꧈​ꦲꦺ꧈​ꦤꦺꦏ꧀ꦗꦫꦺꦤꦺꦗꦁꦗꦶ꧈​ꦲꦏꦸꦲꦚ꧀ꦗꦁꦗꦶꦏꦺꦴꦮꦺꦲꦥ꧈​ꦏꦛꦶꦏ꧀ꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦔꦸꦤ꧀ꦝꦠ꧀ꦲꦸꦤ꧀ꦝꦠ꧀ꦧꦫꦁꦱꦶꦁꦲꦶꦪꦲꦶꦪ꧉​

꧋ꦦꦺꦠꦿꦸꦏ꧀꧇​ꦭ꧈​ꦝꦺꦏ꧀ꦲꦤꦸꦏꦲꦺꦏꦺꦴꦮꦺꦫꦏ꧀ꦗꦁꦗꦶꦲꦉꦥ꧀ꦉꦩ꧀ꦧꦸꦒ꧀ꦒꦤ꧀ꦧꦧ꧀ꦥꦔꦶꦔꦸꦤꦶꦁꦲꦶꦮꦏ꧀ꦭꦺꦴꦃ꧈​ꦗꦼꦧꦸꦊꦧꦸꦭ꧀ꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦲꦺꦴꦫꦩꦼꦚ꧀ꦕꦸꦔꦸꦭ꧀ꦩꦼꦚ꧀ꦕꦸꦔꦸꦭ꧀꧈​ꦲꦥꦏꦸꦮꦶꦲꦺꦴꦫꦏꦼꦤꦢꦶꦪꦫꦤ꧀ꦤꦶꦧ꧀ꦭꦺꦚ꧀ꦗꦤ꧀ꦤꦶꦲꦶꦁꦗꦁꦗꦶ꧉​

꧋ꦓꦫꦺꦁ꧇​ꦏꦺꦴꦮꦺꦱꦶꦁꦲꦺꦴꦫꦔꦿꦱꦑꦏꦺ꧈​ꦪꦩꦲꦶꦢꦺꦴꦮꦲꦺ꧈​ꦮꦺꦴꦁꦫꦺꦴꦁꦩꦶꦁꦒꦸꦏꦶꦪꦶꦝꦪꦺꦴꦃꦏꦸꦧꦭ꧀ꦧꦭꦤ꧀꧈​ꦔꦤ꧀ꦠꦶꦏꦼꦤ꧀ꦝꦶꦭ꧀ꦭꦺꦥꦝꦏꦺꦴꦕꦂꦏꦕꦶꦂꦗꦫꦺꦤꦺ꧉​ꦭ꧈​ꦱꦲꦶꦏꦶꦲꦏꦸꦮꦶꦱ꧀ꦧꦚꦏ꧀ꦠꦺꦩ꧀ꦥꦺꦴ꧈​ꦪꦺꦤ꧀ꦲꦉꦥ꧀ꦠꦏꦺꦴꦤ꧀ꦲꦥꦲꦥꦧꦲꦺꦲꦶꦪꦠꦏ꧀ꦭꦢꦺꦤ꧀ꦤꦶ꧈​ꦩꦸꦁꦧꦲꦺꦱꦗꦺꦤ꧀ꦤꦺꦲꦗꦔꦤ꧀ꦠꦶꦏꦭꦭꦺꦤ꧀꧉​

꧋ꦦꦺꦠꦿꦸꦏ꧀꧇​ꦧꦧ꧀ꦱꦗꦺꦤ꧀ꦲꦺꦴꦫꦱꦸꦱꦃꦏꦸꦮꦠꦶꦂ꧈​ꦥꦔꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦲꦥꦧꦲꦺꦲꦤꦏꦧꦺꦃ꧈​ꦤꦔꦶꦁꦲꦶꦁꦮꦫꦸꦁꦏꦸꦭꦺꦴꦤ꧀ꦏꦤꦏꦲꦺ꧉​ꦱꦶꦁꦲꦉꦥ꧀ꦢꦏ꧀ꦠꦏꦺꦴꦑꦏꦺꦚꦁꦏꦺꦴꦮꦺꦏꦶꦪꦶ꧈​ꦏꦥꦿꦶꦪꦺꦩꦸꦁꦒꦸꦃꦥꦔꦶꦔꦸꦤ꧀ꦤꦺꦲꦶꦮꦏ꧀ꦒꦿꦩꦺꦃ꧉​

꧋ꦓꦫꦺꦁ꧇​ꦱꦗꦏ꧀ꦏꦺꦱꦶꦦꦺꦠꦿꦸꦏ꧀ꦏꦶꦪꦶꦲꦉꦥ꧀ꦢꦢꦶꦱꦸꦢꦒꦂꦒꦿꦩꦺꦃ꧈​ꦩꦸꦭꦪꦲꦸꦠꦩꦧꦔꦼꦠ꧀꧉​ꦩꦸꦁꦧꦲꦺꦲꦁꦒꦼꦂꦫꦺꦧꦶꦧꦶꦠ꧀ꦠꦶꦁꦒꦿꦩꦺꦃꦠꦼꦩꦼꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦢꦶꦕꦼꦩ꧀ꦥ꧀ꦭꦸꦁꦔꦏꦺꦚꦁꦧ꧀ꦭꦸꦩ꧀ꦧꦁꦔꦤ꧀ꦤꦺ꧈​ꦲꦺꦴꦫꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦢꦶꦏꦺꦴꦤ꧀ꦱꦧꦤꦁꦮꦼꦠꦼꦁꦔꦺ꧉​

꧋ꦦꦺꦠꦿꦸꦏ꧀꧇​ꦭꦏꦸꦮꦶ꧈​ꦤꦺꦏ꧀ꦒꦫꦺꦁ꧈​ꦲꦁꦒꦺꦴꦤ꧀ꦤꦺꦱꦮꦶꦪꦃꦱꦮꦶꦪꦃꦚꦁꦲꦸꦮꦺꦴꦁꦠꦤ꧀ꦱꦃꦲꦺꦴꦫꦩꦫꦶꦩꦫꦶ꧉​ꦢꦸꦩꦺꦃꦲꦏꦸꦢꦺꦴꦪꦤ꧀ꦩꦼꦩꦔꦤ꧀ꦧꦲꦺꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦢꦶꦪꦭꦲꦭꦱꦏꦂꦱꦤꦺꦏꦶ꧉​

꧋ꦓꦫꦺꦁ꧇​ꦮꦶꦱ꧀꧈​ꦮꦶꦱ꧀꧈​ꦲꦺꦴꦫꦱꦸꦱꦃꦧꦿꦶꦒꦃꦧꦿꦶꦒꦶꦃꦏꦪꦮꦺꦴꦁꦩꦼꦤ꧀ꦠꦱ꧀ꦔꦸꦪꦸꦥ꧀ꦗꦔꦤ꧀ꦱꦪꦸꦧ꧀꧉​ꦲꦤꦔꦶꦁꦱꦢꦸꦫꦸꦁꦔꦺꦲꦏꦸꦔꦤ꧀ꦝꦂꦫꦏꦺꦧꦧ꧀ꦥꦔꦶꦔꦸꦤꦺꦒꦿꦩꦺꦃ꧈​ꦲꦏꦸꦲꦉꦥ꧀ꦠꦏꦺꦴꦤ꧀ꦝꦶꦱꦶꦏ꧀ꦚꦁꦏꦺꦴꦮꦺ꧉​ꦩꦸꦁꦒꦸꦃꦏꦉꦥ꧀ꦩꦸꦔꦶꦔꦸꦒꦿꦩꦺꦃꦏꦸꦮꦶꦲꦥꦏꦁꦒꦺꦴꦧꦶꦪꦁ꧈​ꦠꦼꦒꦼꦱ꧀ꦱꦺꦏꦁꦒꦺꦴꦧꦶꦧꦶꦠ꧀ꦧꦼꦧꦿꦤꦃꦲꦤ꧀ꦧꦲꦺ꧈​ꦲꦥꦧꦏꦭ꧀ꦢꦶꦲꦼꦢꦺꦴꦭ꧀꧉​

꧋ꦦꦺꦠꦿꦸꦏ꧀꧇​ꦪꦃ꧈​ꦥꦶꦠꦏꦺꦴꦤ꧀ꦩꦸꦏꦸꦮꦶꦱꦗꦏ꧀ꦏꦺꦲꦺꦴꦫꦒꦼꦤꦃꦔꦺꦴꦤꦺꦴ꧈​ꦮꦶꦱ꧀ꦩꦼꦱ꧀ꦛꦶꦪꦏꦁꦒꦺꦴꦏꦫꦺꦴꦤꦺꦥꦶꦱꦤ꧀꧈​ꦩꦭꦃꦠꦏ꧀ꦲꦶꦩ꧀ꦧꦸꦃꦲꦶꦏꦁꦒꦺꦴꦠꦏ꧀ꦥꦔꦤ꧀ꦝꦺꦮꦺꦧꦫꦁ꧉​ꦲꦥꦲꦤꦧꦺꦢꦤꦺꦠꦔꦶꦔꦸꦲꦶꦮꦏ꧀ꦏꦁꦒꦺꦴꦧꦶꦪꦁ꧈​ꦭꦤ꧀ꦔꦶꦔꦸꦲꦶꦮꦏ꧀ꦏꦁꦒꦺꦴꦱꦝꦶꦪꦤ꧀ꦢꦶꦲꦼꦢꦺꦴꦭ꧀꧉​ [ 594 ]꧋ꦓꦫꦺꦁ꧇​ꦩꦸꦭꦤꦺꦠꦏ꧀ꦠꦏꦺꦴꦑꦏꦺ꧈​ꦲꦶꦪꦩꦼꦱ꧀ꦛꦶꦲꦤꦤꦺ꧉​ꦩꦸꦁꦒꦸꦃꦧꦺꦢꦤꦺꦩꦁꦏꦺꦤꦺ꧇​ꦧ꧀ꦭꦸꦩ꧀ꦧꦁꦲꦶꦮꦏ꧀ꦱꦶꦁꦢꦶꦲꦶꦔꦺꦴꦤ꧀ꦤꦶꦒꦿꦩꦺꦃꦏꦁꦒꦺꦴꦧꦶꦪꦁꦏꦸꦮꦶ꧈​ꦧꦚꦸꦤꦺꦏꦸꦢꦸꦧꦼꦤꦶꦁ꧈​ꦢꦺꦤꦺꦱꦶꦁꦏꦁꦒꦺꦴꦔꦶꦔꦸꦒꦿꦩꦺꦃꦢꦺꦴꦭ꧀ꦢꦺꦴꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦏꦸꦮꦶꦧꦚꦸꦤꦺꦲꦺꦴꦫꦠꦲꦸꦧꦼꦤꦶꦁ꧉​

꧋ꦦꦺꦠꦿꦸꦏ꧀꧇​ꦏꦥꦿꦶꦪꦺꦱꦲꦶꦏꦶꦕꦫꦤꦺꦮꦺꦴꦁꦔꦶꦔꦸꦒꦿꦩꦺꦃ꧈​ꦏꦁꦏꦉꦥ꧀ꦥꦺꦱꦶꦁꦔꦶꦔꦸꦩꦲꦸ꧈​ꦲꦉꦥ꧀ꦔꦼꦢꦺꦴꦭ꧀ꦭꦶꦧꦶꦧꦶꦠ꧀ꦠꦺ꧉​

꧋ꦓꦫꦺꦁ꧇​ꦭꦏꦸꦮꦶꦩꦁꦏꦺꦤꦺ꧇​ꦲꦶꦁꦧ꧀ꦭꦸꦩ꧀ꦧꦁꦕꦸꦭ꧀ꦭꦤꦒꦿꦩꦺꦃꦭꦤꦁꦮꦢꦺꦴꦤ꧀ꦱꦶꦁꦒꦼꦝꦺꦒꦼꦝꦺ꧉​

꧋ꦦꦺꦠꦿꦸꦏ꧀꧇​ꦦꦏꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦤꦺꦲꦥ꧈​ꦥꦏꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦤꦺꦲꦥ꧈​ꦲꦺꦴ꧈​ꦲꦺ꧈​ꦲꦸꦁ…

꧋ꦓꦫꦺꦁ꧇​ꦱꦶꦏꦏ꧀꧈​ꦮꦺꦴꦁꦥꦶꦠꦏꦺꦴꦤ꧀ꦏꦛꦶꦏ꧀ꦢꦶꦭꦒꦺꦴꦑꦏꦺꦥ꧀ꦭꦺꦏ꧀ꦥ꧀ꦭꦺꦏ꧀ꦏꦼꦠꦼꦥꦸ꧈​ꦤꦺꦏ꧀ꦥꦶꦠꦏꦺꦴꦤ꧀ꦩꦸꦲꦺꦢꦤ꧀ꦲꦺꦢꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦩꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴꦩꦤꦺꦃꦲꦏꦸꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦱꦿꦶꦛꦶꦠ꧀ꦭꦸꦔꦧꦲꦺ꧈​ꦭꦺꦴ꧉​

꧋ꦦꦺꦠꦿꦸꦏ꧀꧇​ꦮꦶꦪꦃ꧈​ꦧꦺꦴꦏ꧀ꦲꦗꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦩꦸꦠꦸꦁꦧꦲꦺ꧈​ꦕꦁꦏꦼꦩ꧀ꦏꦸꦏꦶꦪꦶꦤꦺꦏ꧀ꦲꦺꦴꦫꦠꦼꦩ꧀ꦧꦁꦔꦤ꧀ꦭꦶꦩꦁꦩꦼꦤꦶꦠ꧀ꦱꦺꦴꦏ꧀ꦧ꧀ꦭꦁꦏꦼꦩ꧀ꦩꦼꦤ꧀꧉​

꧋ꦓꦫꦺꦁ꧇​ꦩꦸꦭꦤꦺꦱꦼꦏꦭꦶꦲꦶꦤꦶꦱꦗ꧈​ꦤꦺꦏ꧀ꦔꦤ꧀ꦠꦶꦢꦶꦥꦶꦤ꧀ꦝꦺꦴꦤ꧀ꦤꦶꦱꦶꦢꦉ…ꦩꦸꦏ꧀꧈​ꦩꦸꦁꦒꦸꦃꦥꦏꦤ꧀ꦤꦺꦒꦿꦩꦺꦃꦩꦲꦸꦱꦶꦁꦧꦼꦕꦶꦏ꧀ꦝꦺꦮꦺꦪꦏꦸꦮꦶꦒꦺꦴꦝꦺꦴꦁꦏꦶꦩ꧀ꦥꦸꦭ꧀ꦲꦸꦠꦮꦏꦼꦏꦺꦴꦠꦺꦴꦂꦫꦤ꧀ꦩꦸꦝꦺꦮꦺ꧉​

꧋ꦦꦺꦠꦿꦸꦏ꧀꧇​ꦮꦝꦸꦃ꧈​ꦮꦼꦠꦼꦁꦏꦸꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦏꦿꦱꦤꦼꦒ꧀ꦱꦤꦭꦶꦏ꧉​ꦠꦏ꧀ꦲꦫꦤ꧀ꦤꦶꦱꦶꦁꦱꦼꦩ꧀ꦧꦸꦃꦲꦤ꧀ꦏꦸꦮꦶꦗꦫꦶꦠ꧀ꦧꦲꦺ꧈​ꦗꦼꦧꦸꦊꦧꦸꦭ꧀ꦊꦭꦮꦸꦃꦲꦤ꧀ꦏꦸꦮꦶꦪꦲꦤꦱꦶꦁꦱꦼꦩ꧀ꦧꦸꦃꦲꦤ꧀꧉​

꧋ꦓꦫꦺꦁ꧇​ꦮꦶꦱ꧀꧈​ꦮꦶꦱ꧀꧈​ꦏꦺꦴꦏ꧀ꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦢꦮꦢꦮ꧉​ꦒꦿꦩꦺꦃꦲꦶꦔꦺꦴꦤ꧀ꦲꦶꦔꦺꦴꦤ꧀ꦩꦲꦸꦔꦼꦤ꧀ꦝꦺꦴꦒ꧀ꦒꦺꦏꦸꦢꦸꦢꦶꦒꦮꦺꦑꦏꦺꦱꦸꦱꦸꦃꦝꦺꦮꦺ꧉​ꦩꦸꦁꦒꦸꦃꦥꦠꦿꦥ꧀ꦥꦺꦲꦁꦒꦮꦺꦱꦸꦱꦸꦃꦩꦲꦸꦩꦁꦏꦺꦤꦺ꧇​ꦲꦶꦁꦧ꧀ꦭꦸꦩ꧀ꦧꦁꦔꦤ꧀ꦏꦺꦴꦤꦺꦴꦢꦺꦭꦺꦃꦲꦤꦏꦼꦛꦺꦴꦏ꧀ꦏꦤ꧀ꦥꦿꦶꦁꦭꦺꦴꦫꦺꦴꦢꦺꦴꦃꦲꦺꦲꦤ꧀ꦠꦫꦤꦺꦱꦩꦺꦠꦼꦂ꧈​ꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦮꦺꦤꦺꦃꦲꦤꦥꦭꦁꦥꦭꦁꦏꦪꦸ꧈​ꦲꦶꦁꦥꦭꦁꦥꦭꦁꦩꦲꦸꦒꦤ꧀ꦠꦸꦁꦔꦤꦱꦸꦱꦸꦃ꧈​ꦏꦁꦢꦶꦒꦮꦺꦱꦏꦲꦶꦗꦸꦏ꧀꧉​ꦮꦂꦤꦤꦶꦁꦱꦸꦱꦸꦃꦩꦲꦸꦏꦸꦢꦸꦧꦸꦤ꧀ꦢꦼꦂꦏꦼꦥ꧀ꦭꦼꦁ꧈​ꦲꦶꦁꦱꦶꦱꦶꦃꦲꦺꦏꦸꦢꦸꦲꦤꦧꦺꦴꦭꦺꦴꦁꦔꦤꦺ꧈​ꦪꦲꦶꦏꦸꦥꦥꦤ꧀ꦥꦔꦼꦤ꧀ꦝꦺꦴꦒ꧀ꦒꦶꦁꦲꦶꦮꦏ꧀꧉​ꦒꦿꦩꦺꦃꦠꦸꦮꦱꦶꦁꦲꦉꦥ꧀ꦔꦼꦤ꧀ꦝꦺꦴꦒ꧀ꦱꦧꦼꦤ꧀ꦱꦧꦼꦤ꧀ꦠꦼꦏꦲꦶꦁꦱꦸꦱꦸꦃꦏꦺꦴꦤꦺꦴ꧉​ꦱꦫꦺꦃꦤꦶꦁꦥꦤ꧀ꦢꦺꦏꦺꦏ꧀ꦏꦶꦁꦱꦸꦱꦸꦃꦱꦸꦱꦸꦃꦩꦲꦸꦢꦶꦕꦸꦔꦸꦭ꧀ꦭꦏꦺꦱꦏꦧꦚꦸ꧈​ꦢꦢꦶꦱꦶꦁꦔꦶꦔꦸꦲꦶꦮꦏ꧀ꦱꦧꦼꦤ꧀ꦱꦧꦼꦤ꧀ꦪꦧꦶꦱꦩꦼꦫꦸꦃꦲꦶ꧉​

꧋ꦦꦺꦠꦿꦸꦏ꧀꧇​ꦭꦱꦲꦶꦏꦶꦏꦥꦿꦶꦪꦺꦧꦶꦱꦤꦺꦮꦼꦫꦸꦃꦪꦺꦤ꧀ꦲꦶꦮꦏ꧀ꦏꦺꦮꦶꦱ꧀ꦔꦼꦤ꧀ꦝꦺꦴꦒ꧀꧉​

꧋ꦓꦫꦺꦁ꧇​ꦭꦏꦸꦮꦶꦏꦼꦠꦫꦤꦺ꧈​ꦱꦝꦸꦮꦸꦂꦫꦺꦱꦸꦱꦸꦃꦧꦼꦤꦼꦂꦏꦸꦮꦶꦧꦚꦸꦤꦺꦱꦗꦏ꧀ꦔ꧀ꦭꦼꦔ꧉​

꧋ꦦꦺꦠꦿꦸꦏ꧀꧇​ꦪꦺꦤ꧀ꦠꦼꦠꦺꦭꦲꦶꦮꦏ꧀ꦏꦺꦮꦸꦱ꧀ꦔꦼꦤ꧀ꦝꦺꦴꦒ꧀꧈​ꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦏꦥꦿꦶꦪꦺ꧉​

꧋ꦓꦫꦺꦁ꧇​ꦱꦸꦱꦸꦃꦱꦸꦱꦸꦃꦲꦺꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦢꦶꦲꦼꦤ꧀ꦠꦱ꧀ꦱꦤ꧈​ꦭꦤ꧀ꦢꦺꦏꦺꦏ꧀ꦤꦏꦤ꧀ꦛꦶꦲꦭꦺꦴꦤ꧀ꦲꦭꦺꦴꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦲꦤꦲꦶꦁꦠꦲꦁ꧌ꦠꦺꦴꦁꦏꦪꦸ꧍​ꦲꦶꦱꦶꦧꦚꦸꦏꦁꦉꦱꦶꦏ꧀꧈​ꦱꦧꦚ꧀ꦗꦸꦂꦫꦺꦠꦲꦁꦩꦲꦸꦲꦺꦴꦪꦺꦴꦒ꧀ꦲꦺꦴꦪꦺꦴꦒ꧀ꦒꦼꦤ꧀ꦱꦸꦥꦪꦲꦼꦤ꧀ꦝꦺꦴꦒ꧀ꦒꦺꦧꦶꦱꦲꦸꦕꦸꦭ꧀ꦱꦏꦱꦸꦱꦸꦃ꧉​ꦲꦺꦤ꧀ꦝꦺꦴꦒ꧀ꦱꦶꦁꦚꦶꦊꦩ꧀ꦏꦸꦮꦶꦧꦸꦮꦁꦔꦼꦤ꧀ꦧꦲꦺ꧈​ꦲꦩꦂꦒꦲꦺꦴꦫꦧꦏꦭ꧀ꦢꦢꦶꦲꦶꦮꦏ꧀꧈​ꦲꦼꦤ꧀ꦝꦺꦴꦒ꧀ꦱꦶꦁꦲꦥꦶꦏ꧀ꦏꦸꦮꦶꦥꦝꦔꦩ꧀ꦧꦁ꧉​ꦱꦧꦼꦤ꧀ꦢꦶꦤꦧꦚꦸꦤꦁꦠꦲꦁꦩꦲꦸꦏꦸꦢꦸꦢꦶꦱꦭꦶꦤ꧀ꦤꦶꦧꦚꦸꦉꦱꦶꦏ꧀꧉​ꦩꦸꦁꦒꦸꦃꦕꦫꦤꦺꦚꦭꦶꦤ꧀ꦤꦶꦧꦚꦸꦩꦲꦸꦏꦸꦢꦸꦔꦁꦒꦺꦴꦕꦶꦝꦸꦏ꧀ꦏꦁꦢꦶꦒꦮꦺꦤꦩ꧀ꦤꦩ꧀ꦩꦤ꧀ꦤꦶꦁꦥꦿꦶꦁꦏꦁꦫꦥꦼꦠ꧀ꦧꦔꦼꦠ꧀꧈​ꦱꦸꦥꦪꦲꦶꦮꦏ꧀ꦏꦺꦲꦗꦧꦶꦱꦩ꧀ꦭꦼꦧꦸ꧈​ꦕꦶꦝꦸꦏ꧀ꦩꦲꦸꦢꦶꦕꦼꦩ꧀ꦥ꧀ꦭꦸꦁꦔꦏꦺꦲꦤꦲꦶꦁꦧꦚꦸ꧈​ꦔꦤ꧀ꦠꦶꦕꦶꦝꦸꦏ꧀ꦏꦺꦏꦼꦧꦏ꧀꧈​ꦱꦲꦸꦮꦶꦱ꧀ꦱꦺ꧈​ꦧꦚꦸꦏꦁꦉꦒꦼꦢ꧀ꦤꦸꦭꦶꦧꦸꦮꦁꦔꦤ꧉​ꦲꦺꦊꦠ꧀ꦱꦩꦶꦁꦒꦸ꧈​ꦱꦮꦶꦱ꧀ꦱꦺꦠꦲꦁꦩꦲꦸꦢꦶꦲꦺꦴꦪꦒ꧀ꦲꦺꦴꦪꦒ꧀꧈​ꦲꦶꦮꦏ꧀ꦏꦺꦮꦶꦱ꧀ꦥꦝꦤꦼꦠꦼꦱ꧀ꦱꦂꦠꦮꦶꦱ꧀ꦏꦼꦤꦢꦶꦲꦼꦢꦺꦴꦭ꧀꧉​

Rêmbagipun Petruk lan Garèng besut

Bab Ngingah Gramèh.

Petruk : Rèng, Rèng, wong ki nèk wis jangji, bok aja sok blenjani, tujune sadulur, ajaa rak iya kalakon tak talak têlu têmênan. Mara jajal, apa kowe ya wani blenjani karo Si Poniyêm, rak sida dikrocok nganti blindhis kucirmu tênan.

Garèng : E, lha, ditêkani uwong ora kok nyuguh panganan sing anjlêgabit-anjlêgabit, kathik malah banjur bêgita-bêgitu kaya bombai mêndêm kimpul. Lho, salahku kiyi apa, he, nèk jarene jangji, aku anjangji kowe apa, kathik banjur ngundhat-undhat barang sing iya-iya.

Petruk : Lha, dhèk anu kae kowe rak jangji arêp rêmbugan bab panginguning iwak loh, jêbul-jêbul banjur ora mêncungul-mêncungul, apa kuwi ora kêna diarani blenjani ing jangji.

Garèng : Kowe sing ora ngrasakake, ya maido wae, wong rong minggu kiyi dhayohku bal-balan, nganti kêndhile padha kocar-kacir jarene. Lha, saiki aku wis banyak tempo, yèn arêp takon apa-apa bae iya tak ladèni, mung bae sajène aja nganti kalalèn.

Petruk : Bab sajèn ora susah kuwatir, panganan apa bae ana kabèh, nanging ing warung kulon kana kae. Sing arêp dak takokake nyang kowe kiyi, kapriye mungguh pangingune iwak gramèh.

[Grafik]

Garèng : Sajake Si Petruk kiyi arêp dadi sudagar gramèh, mula ya utama bangêt. Mung bae anggêre bibiting gramèh têmênan dicêmplungake nyang blumbangane, ora banjur dikon saba nang wêtênge.

Petruk : Lha kuwi, nèk Garèng, anggone sawiyah-sawiyah nyang uwong tansah ora mari-mari. Dumèh aku doyan mêmangan bae banjur diala-ala sakarsanèki.

Garèng : Wis, wis, ora susah brigah-brigih kaya wong mêntas nguyup jangan sayub. Ananging sadurunge aku ngandharake bab pangingune gramèh, aku arêp takon dhisik nyang kowe. Mungguh karêpmu ngingu gramèh kuwi apa kanggo biyang, têgêse kanggo bibit bêbranahan bae, apa bakal diêdol.

Petruk : Yah, pitakonmu kuwi sajake ora gênah ngono, wis mêsthi ya kanggo karone pisan, malah tak imbuhi kanggo tak pangan dhewe barang. Apa ana bedane ta ngingu iwak kanggo biyang, lan ngingu iwak kanggo sadhiyan diêdol.

Garèng : Mulane tak takokake, iya mêsthi anane. Mungguh bedane mangkene: blumbang iwak sing diingoni gramèh kanggo biyang kuwi, banyune kudu bêning, dene sing kanggo ngingu gramèh dol-dolan kuwi banyune ora tau bêning.

Petruk : Kapriye saiki carane wong ngingu gramèh, kang karêpe sing ngingu mau, arêp ngêdoli bibite.

Garèng : Lha kuwi mangkene: ing blumbang culana gramèh lanang wadon sing gêdhe-gêdhe.

Petruk : Pakanane apa, pakanane apa, o, e, ung…

Garèng : Sikak, wong pitakon kathik dilagokake plèk-plèk kêtêpu, nèk pitakonmu edan-edanan mangkono manèh aku banjur srithit lunga bae, lho.

Petruk : Wiyah, bok aja banjur mutung bae, cangkêmku kiyi nèk ora têmbangan limang mênit sok blangkêmên.

Garèng : Mulane sêkali ini saja, nèk nganti dipindhoni sida rê…muk, mungguh pakane gramèh mau sing bêcik dhewe yakuwi godhong kimpul utawa kêkotoranmu dhewe.

Petruk : Wadhuh, wêtêngku banjur krasa nêg sanalika. Tak arani sing sêmbuhan kuwi jarit bae, jêbul-jêbul lêlawuhan kuwi ya ana sing sêmbuhan.

Garèng : Wis, wis, kok banjur dawa-dawa. Gramèh ingon-ingon mau ngêndhoge kudu digawèkake susuh dhewe. Mungguh patrape anggawe susuh mau mangkene: ing blumbangan kono dèlèhana kêthokan pring loro dohe antarane samètêr, banjur wènèhana palang-palang kayu, ing palang-palang mau gantungana susuh, kang digawe saka ijuk. Warnaning susuh mau kudu bundêr kêplêng, ing sisihe kudu ana bolongane, yaiku papan pangêndhoging iwak. Gramèh tuwa sing arêp ngêndhog sabên-sabên têka ing susuh kono. Sarèhning pandèkèking susuh-susuh mau dicungulake saka banyu, dadi sing ngingu iwak sabên-sabên ya bisa mêruhi.

Petruk : Lha saiki kapriye bisane wêruh yèn iwake wis ngêndhog.

Garèng : Lha kuwi kêtarane, sadhuwure susuh bênêr kuwi banyune sajak nglênga.

Petruk : Yèn têtela iwake wus ngêndhog, banjur kapriye.

Garèng : Susuh-susuhe banjur diêntasana, lan dèkèkna kanthi alon-alonan ana ing tahang (tong kayu) isi banyu kang rêsik, sabanjure tahang mau oyog-oyogên supaya êndhoge bisa ucul saka susuh. Êndhog sing nyilêm kuwi buwangên bae, amarga ora bakal dadi iwak, êndhog sing apik kuwi padha ngambang. Sabên dina banyu nang tahang mau kudu disalini banyu rêsik. Mungguh carane nyalini banyu mau kudu nganggo cidhuk kang digawe nam-namaning pring kang rapêt bangêt, supaya iwake aja bisa mlêbu, cidhuk mau dicêmplungake ana ing banyu, nganti cidhuke kêbak, sauwise, banyu kang rêgêd nuli buwangana. Êlêt saminggu, sawise tahang mau dihoyag-hoyag, iwake wis padha nêtês sarta wis kêna diêdol.

[ 595 ]꧋ꦗꦒꦢ꧀ꦢꦶꦁꦮꦤꦶꦠ꧉

꧋ꦏꦱꦼꦠꦾꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦤꦶꦠꦗꦼꦦꦁꦝꦠꦼꦁꦭꦏꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧉​

꧋ꦠꦸꦩꦿꦥ꧀ꦥꦶꦁꦧꦺꦴꦁꦱꦗꦼꦦꦁ꧈​ꦮꦶꦮꦶꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦺꦴꦁꦱꦧꦼꦤ꧀ꦠꦺꦂꦲꦶꦁꦠꦲꦸꦤ꧀꧇꧑꧘꧙꧕꧇​꧈​ꦥꦸꦤꦶꦏꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦁꦒꦼꦥ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦢꦺꦤꦺꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦭꦶꦁꦥꦱꦼꦩꦺꦴꦤ꧀ꦩꦼꦒꦂꦫꦶꦁꦏꦭꦸꦲꦸꦂꦫꦤ꧀꧈​ꦲꦩꦂꦒꦶꦲꦶꦁꦮꦼꦏ꧀ꦢꦭ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦠꦸꦩꦥꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦿꦗꦗꦼꦦꦁꦔꦚ꧀ꦕꦶꦏ꧀ꦗꦩꦤ꧀ꦲꦺꦁꦒꦭ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦥꦸꦤꦶꦏꦮꦶꦮꦶꦠ꧀ꦲꦸꦁꦒꦸꦭ꧀ꦭꦶꦁꦗꦪꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦤꦭꦶꦏꦩꦼꦩꦼꦁꦱꦃꦲꦤ꧀ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦤꦒꦫꦶꦕꦶꦟ꧉​ꦏꦭꦥꦸꦤꦶꦏꦱꦧꦼꦤ꧀ꦏꦶꦛꦱꦲꦥꦝꦸꦱꦸꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦲꦶꦤ꧀ꦢꦼꦁꦔꦶꦁꦠꦤꦃꦗꦼꦦꦁꦱꦩꦶꦫꦩꦺꦫꦩꦺꦲꦔꦸꦂꦩꦠ꧀ꦠꦶꦝꦠꦼꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦫꦥꦿꦗꦸꦫꦶꦠ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦼꦤ꧀ꦠꦱ꧀ꦱꦏꦶꦁꦥꦥꦿꦁꦔꦤ꧀꧈​ꦱꦸꦮꦫꦤꦶꦁꦠꦶꦪꦁꦒꦸꦩꦸꦫꦸꦃꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦔꦼꦧꦏ꧀ꦏꦶꦥꦿꦗ꧉​

꧋ꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦭꦶꦁꦚꦺꦴꦚꦃꦤꦩꦯꦝꦏꦺꦴꦟꦏꦪꦶꦩꦃ꧈​ꦲꦔꦿꦸꦩꦲꦺꦴꦱ꧀ꦱꦶꦧꦶꦭꦶꦃꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦭꦶꦁꦮꦤꦶꦠꦲꦶꦁꦏꦁꦧꦼꦒ꧀ꦗꦥꦶꦪꦩ꧀ꦧꦏ꧀ꦲꦶꦁꦱꦥꦿꦗꦗꦼꦦꦁ꧈​ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦥꦸꦤꦶꦏꦤꦭꦶꦏꦩꦼꦛꦸꦏ꧀ꦭꦏꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦤꦩꦑꦩꦼꦤꦺꦴꦪꦺꦴꦟꦏꦪꦶꦩꦃ꧈​ꦝꦺꦴꦏ꧀ꦠꦼꦂꦧꦫꦶꦱꦤ꧀ꦲꦶꦁꦤꦒꦫꦶꦯꦤ꧀ꦝꦺꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦺꦱꦃꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦶꦫꦁꦭꦁꦏꦸꦁꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦠꦲꦸꦤ꧀ꦭꦩꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦲꦮꦁꦱꦸꦭ꧀ꦱꦏꦶꦁꦥꦥꦿꦁꦔꦤ꧀ꦏꦤ꧀ꦛꦶꦮꦶꦭꦸꦗꦼꦁ꧉​

꧋ꦔꦶꦁꦒꦶꦭ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦒꦩ꧀ꦧꦂꦫꦶꦥꦸꦤ꧀ꦚꦺꦴꦚꦃꦗꦼꦦꦁꦲꦤ꧀ꦢꦺꦴꦭꦤ꧀ꦤꦶꦲꦤꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀꧉​

꧋ꦏꦭꦚꦺꦴꦚꦃꦮꦲꦸꦩꦶꦉꦁꦢꦼꦢꦺꦴꦔꦺꦁꦔꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦗꦊꦂꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦥꦿꦁꦔꦤ꧀ꦱꦲꦩꦶꦉꦁꦔꦏꦼꦤ꧀ꦏꦼꦏꦼꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦫꦸꦩꦲꦺꦴꦱ꧀ꦧꦶꦭꦶꦃꦥꦿꦶꦃꦲꦠꦺꦴꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦲꦁꦱꦭ꧀ꦭꦶꦭꦶꦤ꧀ꦠꦸꦒꦚ꧀ꦗꦂꦫꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦚꦼꦏꦥ꧀ꦥꦶ꧉​ꦮꦶꦕꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦗꦊꦂ꧇​ꦲꦁꦒꦺꦴꦤ꧀ꦏꦸꦏꦼꦥꦼꦏ꧀ꦱꦤꦶꦁꦒꦭ꧀ꦏꦺꦴꦮꦺꦔꦤ꧀ꦠꦶꦭꦮꦱ꧀ꦏꦶꦪꦶ꧈​ꦲꦩꦂꦒꦱꦏꦤꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦏꦏꦺꦮꦗꦶꦧ꧀ꦏꦥꦽꦭꦸꦮꦤ꧀ꦤꦶꦁꦤꦒꦫ꧈​ꦲꦤꦔꦶꦁꦮꦶꦮꦶꦠ꧀ꦱꦲꦶꦏꦶꦲꦺꦴꦫꦲꦤꦱꦩꦸꦧꦫꦁꦏꦁꦧꦏꦭ꧀ꦲꦔꦽꦫꦶꦝꦸꦏꦱꦼꦤꦼꦔꦤ꧀ꦏꦸꦭꦤ꧀ꦏꦺꦴꦮꦺꦲꦤꦲꦶꦁꦔꦺꦴꦩꦃ꧉​ꦚꦺꦴꦚꦃꦯꦝꦏꦺꦴ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦭꦥꦸꦤꦶꦏꦱꦮꦼꦒ꧀ꦲꦸꦩꦸꦂ꧇꧒꧐꧇​ꦠꦲꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦩꦁꦱꦸꦭ꧀ꦭꦶ꧇​ꦭꦤ꧀ꦩꦤꦺꦃꦲꦶꦪꦲꦺꦴꦫꦲꦤꦱꦩꦸꦧꦫꦁꦏꦁꦧꦶꦱꦩꦶꦱꦃꦲꦏꦺꦏꦺꦴꦮꦺꦭꦤ꧀ꦲꦏꦸ꧉​ꦲꦤꦔꦶꦁꦏꦭꦥꦸꦤꦶꦏꦠꦶꦪꦁꦏꦼꦏꦭꦶꦃꦮꦲꦸꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦲꦁꦒꦝꦃꦲꦶꦥꦚꦤꦲꦸꦠꦮꦶꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦔꦶꦩ꧀ꦥꦶ꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃꦒꦼꦱꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦤ꧀ꦛꦶꦱꦼꦤꦼꦁꦤꦩꦸꦁꦱꦮꦠꦮꦶꦱ꧀ꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦭꦩꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧉​

꧋ꦲꦤꦸꦗꦸꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦭꦶꦁꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀꧈​ꦱꦉꦁꦮꦁꦱꦸꦭ꧀ꦭꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦗꦊꦂꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦤꦒꦫꦶꦯꦤ꧀ꦝꦺ꧈​ꦏꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦩꦶꦁꦒꦸ꧈​ꦲꦸꦗꦸꦒ꧀ꦲꦸꦗꦸꦒ꧀ꦭꦗꦼꦁꦱꦶꦤꦼꦫꦁꦲꦶꦁꦱꦱꦏꦶꦠ꧀ꦧꦺꦴꦪꦺꦴꦏ꧀꧉​ꦱꦤꦢꦾꦤ꧀ꦱꦼꦠꦶꦪꦂꦫꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦤ꧀ꦥꦏꦼꦤ꧀ꦝꦠ꧀ꦱꦲꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦸ [ 596 ]ꦱꦢꦤ꧀ꦤꦶꦢꦺꦤꦶꦁꦥꦫꦝꦺꦴꦏ꧀ꦠꦼꦂꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦒꦼꦢ꧀ꦱꦒꦼꦢ꧀꧈​ꦲꦺꦮꦢꦺꦤꦺꦱꦏꦶꦠ꧀ꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦲꦸꦩꦼꦏ꧀ꦱꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦩꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀꧈​ꦩꦭꦃꦭꦗꦼꦁꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦠꦶꦪꦁꦗꦺꦴꦩ꧀ꦥꦺꦴ꧈​ꦮꦸꦱꦤꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦭꦗꦼꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦺꦤ꧀ꦱꦶꦪꦸꦤ꧀꧉​ꦱꦥꦺꦤ꧀ꦱꦶꦪꦸꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦝꦺꦴꦏ꧀ꦠꦼꦂꦮꦲꦸꦲꦢꦩꦼꦭ꧀ꦱꦁꦱꦫꦤꦶꦁꦧꦠꦶꦃꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦢꦪ꧉​

꧋ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶꦲꦶꦁꦏꦁꦠꦏ꧀ꦱꦶꦃꦤꦺꦩ꧀ꦮꦲꦸ꧈​ꦮꦶꦮꦶꦠ꧀ꦲꦭꦶꦠ꧀ꦩꦶꦭꦒꦼꦱꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦏꦸꦭꦶꦤꦏꦔꦺꦭ꧀ꦭꦤ꧀꧈​ꦱꦩꦁꦏꦺꦏꦼꦥꦼꦏ꧀ꦱꦲꦔꦺꦴꦥꦺꦤ꧀ꦤꦶꦧꦠꦶꦃꦏꦛꦃꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ 6꧈​ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦶꦁꦏꦁꦗꦊꦂ꧈​ꦩꦫꦱꦼꦥꦸꦃꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶ꧈​ꦲꦼꦩ꧀ꦧꦃꦩꦫꦱꦼꦥꦸꦃ꧈​ꦏꦥꦺꦤꦏꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦗꦊꦂꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦲꦤꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦮꦼꦒ꧀ꦲꦸꦩꦸꦂ 13 ꦠꦲꦸꦤ꧀꧉​ꦲꦶꦁꦩꦺꦴꦁꦏꦱꦥꦸꦤꦶꦏꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦲꦁꦒꦝꦃꦲꦶꦥꦩꦼꦢꦭ꧀ꦱꦤꦺꦱ꧀ꦱꦤꦺꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦗꦮꦶꦥꦺꦤ꧀ꦱꦶꦪꦸꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦗꦊꦂꦱꦲꦲꦶꦁꦏꦁꦤꦩꦸꦁꦱꦏꦼꦝꦶꦏ꧀ꦮꦲꦸ꧉​ꦏꦁꦒꦺꦠꦼꦝꦤꦶꦁꦧꦠꦶꦃꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦲꦚꦼꦏꦥ꧀ꦥꦶ꧉​ꦲꦺꦮꦢꦺꦤꦺꦠꦶꦪꦁꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦼꦠꦾꦲꦶꦁꦭꦏꦶꦥꦸꦤꦶꦏꦏꦼꦚ꧀ꦕꦼꦁꦱꦼꦢꦾꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦝꦺꦲꦩ꧀ꦧꦸꦢꦶꦢꦪꦱꦸꦥꦢꦺꦴꦱ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦗꦊꦂꦱꦒꦼꦢ꧀ꦢꦱꦫꦱ꧀ꦩꦭꦶꦃꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦱꦸꦮꦲꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧉​ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦲꦩ꧀ꦧꦼꦏ꧀ꦠꦥꦺꦤ꧀ꦱꦶꦪꦸꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦗꦊꦂ꧈​ꦚꦺꦴꦚꦯꦝꦏꦺꦴꦱꦧꦠꦶꦃꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦤꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦧꦶꦝꦭ꧀ꦝꦠꦼꦁꦤꦒꦫꦶꦡꦺꦴꦏꦶꦪꦺꦴ꧉​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦿꦶꦏꦭꦗꦼꦁꦚꦺꦮꦒꦿꦶꦪꦲꦭꦶꦠ꧀ꦱꦕꦼꦭꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦩꦸꦭꦁꦔꦤ꧀ꦝꦺꦴꦏ꧀ꦠꦼꦂꦭꦸꦲꦸꦂꦲꦶꦁꦡꦺꦴꦏꦶꦪꦺꦴ꧉​ꦭꦤ꧀ꦱꦧꦼꦤ꧀ꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦏꦭꦶꦃꦠꦲꦸꦤ꧀ꦭꦩꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦚꦺꦴꦚꦃꦯꦝꦏꦺꦴꦲꦁꦒꦺꦤ꧀ꦝꦺꦴꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦗꦊꦂꦏꦧꦼꦏ꧀ꦠꦝꦠꦼꦁꦒꦿꦶꦪꦱꦏꦶꦠ꧀꧉​ꦥꦠꦿꦥ꧀ꦥꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶꦲꦁꦒꦺꦤ꧀ꦝꦺꦴꦁꦠꦶꦪꦁꦗꦊꦂꦲꦸꦫꦸꦠ꧀ꦩꦂꦒꦶꦥꦸꦤꦶꦏꦠꦩ꧀ꦠꦸꦭꦗꦼꦁꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦠꦺꦴꦤ꧀ꦠꦺꦴꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩꦶꦭꦁꦏꦸꦁꦔꦿꦶꦏꦸ꧉​ꦱꦮꦼꦤꦺꦃꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦩꦶꦮꦼꦭꦱ꧀ꦱꦼꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦠꦶꦪꦁꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶꦤꦺꦩ꧀ꦱꦲꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦏꦶꦠ꧀ꦮꦲꦸ꧉​ꦤꦔꦶꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦛꦃꦲꦁꦒꦺꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦤꦶꦔꦭ꧀ꦭꦶꦏꦤ꧀ꦛꦶꦲꦚꦼꦔꦺꦱ꧀꧈​ꦥꦸꦤꦥꦩꦭꦶꦃꦭꦫꦺꦭꦫꦺ꧈​ꦥꦸꦤꦶꦏꦱꦩꦶꦔꦺꦕꦺꦲꦺꦕꦺꦝꦠꦼꦁꦠꦶꦪꦁꦏꦼꦏꦭꦶꦃꦮꦲꦸ꧈​ꦮꦶꦕꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧇​ꦮꦃ꧈​ꦭꦸꦕꦸꦧꦔꦼꦠ꧀꧈​ꦮꦺꦴꦁꦭꦤꦁꦱꦩꦺꦴꦤꦺꦴꦒꦼꦝꦺꦤꦺꦏꦛꦶꦏ꧀ꦢꦶꦒꦺꦤ꧀ꦝꦺꦴꦁꦮꦺꦴꦁꦮꦢꦺꦴꦤ꧀꧉​

(ꦧꦝꦺꦏꦱꦩ꧀ꦧꦼꦠ꧀ꦠꦤ꧀)

꧋ꦲꦶꦁꦱꦶꦱꦶꦃꦥꦸꦤꦶꦏꦒꦩ꧀ꦧꦂꦢꦊꦩ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦯꦶꦤꦸꦲꦸꦤ꧀ꦏꦁꦗꦼꦁꦯꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀꧈​ꦲꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦥꦢꦸꦏꦠꦸꦮꦤ꧀ꦫꦺꦱꦶꦝꦺꦤ꧀꧈​ꦤꦭꦶꦏꦠꦶꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦩꦸꦧꦼꦁꦩꦸꦧꦼꦁꦲꦩꦿꦶꦏ꧀ꦱꦤꦶꦠꦼꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦱꦼꦠꦺꦊꦁꦪꦂꦩꦉꦏ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦥꦶꦱꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦪꦺꦴꦒꦾꦏꦂꦠ꧉​

Jagading Wanita besut

Kasêtyanipun Wanita Jêpang dhatêng Lakinipun.

Tumraping băngsa Jêpang, wiwitanipun măngsa bêntèr ing taun 1895, punika dipun anggêp kadosdene satunggiling pasêmon mêgaring kaluhuran, amargi ing wêkdal punika dintên tumapakipun praja Jêpang ngancik jaman enggal, inggih punika wiwit ungguling jayanipun nalika mêmêngsahan kalihan nagari Cina. Kala punika sabên kitha saha padhusunan ing saindênging tanah Jêpang sami rame-rame angurmati dhatêngipun para prajurit ingkang mêntas saking paprangan, suwaraning tiyang gumuruh ngantos ngêbaki praja.

Kacariyos, wontên satunggiling nyonyah nama Sadhako Nakayimah, angrumaosi bilih dados satunggiling wanita ingkang bêgja piyambak ing sapraja Jêpang, inggih punika nalika mêthuk lakinipun nama Kamênoyo Nakayimah, dhoktêr barisan ing nagari Sandhe ingkang kesahipun kirang langkung sampun sataun laminipun saha wangsul saking paprangan kanthi wilujêng.

[Grafik]

Nginggil punika gambaripun nyonyah Jêpang andolani anakipun.

Kala nyonyah wau mirêng dêdongenganipun ingkang jalêr wontên ing paprangan saha mirêngakên kêkêndêlanipun, rumaos bilih prihatosipun sampun angsal lêlintu ganjaran ingkang nyêkapi. Wicantênipun ingkang jalêr: Anggonku kêpêksa ninggal kowe nganti lawas kiyi, amarga saka nindakake wajib kaprêluwaning nagara, ananging wiwit saiki ora ana samubarang kang bakal angrêridhu kasênênganku lan kowe ana ing ngomah. Nyonyah Sadhako, ingkang kala punika sawêg umur 20 taun, amangsuli: Lan manèh iya ora ana samubarang kang bisa misahake kowe lan aku. Ananging kala punika tiyang kêkalih wau botên anggadhahi panyana utawi botên ngimpi, bilih gêsangipun ingkang kanthi sênêng namung sawatasis dintên laminipun.

Anuju satunggiling dintên, sarêng wangsulipun ingkang jalêr wontên ing nagari Sandhe, kintên-kintên saminggu, ujug-ujug lajêng sinêrang ing sêsakit boyok. Sanadyan sêtiyaripun tanpa kêndhat saha dipun usadani dening para dhoktêr ingkang sagêd-sagêd, ewadene sakitipun wau mêksa botên sagêd mantun, malah lajêng dados tiyang jompo, wusananipun lajêng dipun pènsiun. Sapènsiunipun dhoktêr wau adamêl sangsaraning batihipun sadaya.

Ingkang èstri ingkang taksih nèm wau, wiwit alit mila gêsangipun botên kulina kangelan, samangke kêpêksa angopèni batih kathahipun 6, inggih punika ingkang jalêr, marasêpuhipun èstri, êmbah marasêpuh, kapenakanipun ingkang jalêr tuwin anakipun èstri ingkang sawêg umur 13 taun. Ing măngka sapunika botên anggadhahi pamêdal sanès-sanèsipun kajawi pènsiunipun ingkang jalêr saha ingkang namung sakêdhik wau. Kangge têdhaning batihipun kemawon sampun botên anyêkapi. Ewadene tiyang èstri ingkang sêtya ing laki punika kêncêng sêdyanipun badhe ambudidaya supados ingkang jalêr sagêda saras malih kados suwaunipun. Kalihan ambêkta pènsiunipun ingkang jalêr, Nyonya Sadhako sabatihipun nuntên bidhal dhatêng nagari Tokiyo. Wontên ing ngrika lajêng nyewa griya alit sacêlakipun pamulangan dhoktêr luhur ing Tokiyo. Lan sabên dintênipun ngantos kalih taun laminipun, Nyonyah Sadhako anggendhong ingkang jalêr kabêkta dhatêng griya sakit. Patrapipun tiyang èstri anggendhong tiyang jalêr urut margi punika tamtu lajêng dados tontonanipun têtiyang ingkang sami langkung ngriku. Sawênèh wontên ingkang kamiwêlasên dhatêng tiyang èstri nèm saha ingkang sakit wau. Nanging ingkang kathah anggènipun ningali kanthi anyêngès, punapa malih lare-lare, punika sami ngece-ece dhatêng tiyang kêkalih wau, wicantênipun: Wah, lucu bangêt, wong lanang samono gêdhene kathik digendhong wong wadon. (Badhe kasambêtan)

[Grafik]

Ing sisih punika gambar dalêm ingkang sinuhun kangjêng sultan, akalihan paduka tuwan residhèn, nalika tindak mubêng-mubêng amriksani têntunsêtèlêng yarmarêk ingkang kapisan ing Ngayogyakarta.

[ 597 ]

KRONIEK

꧋ꦏꦧꦂꦮꦂꦤꦶꦮꦂꦤꦶ꧉​

꧋ꦥꦼꦛꦶꦏ꧀ꦏꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁꦱꦼꦫꦠ꧀ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦏꦧꦂꦱꦤꦺꦱ꧀꧈

꧋ꦩꦶꦠꦸꦫꦸꦠ꧀ꦥꦮꦂꦠꦺꦴꦱ꧀ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦏꦧꦂ S.T. ꦱꦼꦩꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦫꦩꦺꦪꦤ꧀ꦱꦼꦏꦠꦺꦤ꧀ꦱꦸꦫꦏꦂꦠꦲꦶꦁꦮꦸꦭꦤ꧀ꦩꦸꦭꦸꦢ꧀ꦔꦗꦼꦁꦥꦸꦤꦶꦏ꧈​ꦧꦝꦺꦲꦒꦼꦁꦲꦒꦼꦁꦔꦤ꧀꧈​ ꦠꦺꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦱꦼꦠꦺꦊꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦼꦥꦏ꧀ꦏꦶ꧈​ꦮꦶꦮꦶꦠ꧀ꦠꦶꦁꦏꦫꦩꦺꦪꦤ꧀ꦠꦁꦒꦭ꧀꧇꧕꧇​ꦢꦸꦩꦸꦒꦶ꧇꧑꧒꧇​ꦩꦸꦭꦸꦢ꧀꧉​ꦮꦫꦮꦫꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦸꦩꦼꦧꦂꦏꦠꦺꦩ꧀ꦥ꧀ꦭꦺꦏ꧀ꦏꦏꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦸꦤ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦢꦶꦥꦁꦒꦺꦤ꧀ꦤꦤ꧀꧈​ꦩꦮꦶꦒꦩ꧀ꦧꦂꦥꦱꦼꦩꦺꦴꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁꦩꦕꦸꦭ꧀꧉​

꧋ꦏꦭꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦼꦩꦶꦱ꧀ꦔꦗꦼꦁꦥꦸꦤꦶꦏ꧈​ꦥꦢꦸꦏꦠꦸꦮꦤ꧀ van der Jaght ꦫꦺꦱꦶꦝꦺꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦸꦫꦏꦂꦠ꧈​ꦩꦂꦠꦩꦸꦝꦠꦼꦁꦥꦏꦸꦄꦭꦩ꧀ꦩꦤ꧀꧈​ꦏꦲꦶꦫꦶꦠ꧀ꦥꦢꦸꦏꦠꦸꦮꦤ꧀ꦫꦺꦱꦶꦝꦺꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦪꦺꦴꦒꦾꦏꦂꦠ꧉​

꧋ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦥꦮꦂꦠꦺꦴꦱ꧀꧇​ꦲꦶꦁꦔꦪꦺꦴꦒꦾꦏꦂꦠꦩꦼꦤ꧀ꦠꦱ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦠꦩꦸꦲꦒꦼꦁꦱꦏꦶꦁꦲꦶꦤ꧀ꦝꦸ꧈​ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦥꦸꦤꦶꦏꦯꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦲꦶꦁ Drenganau ꦧꦮꦃꦠꦤꦃꦲꦶꦤ꧀ꦢꦶꦪꦆꦔ꧀ꦒꦿꦶꦱ꧀꧉​ꦫꦮꦸꦃꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦤ꧀ꦛꦶꦏꦝꦺꦫꦺꦏ꧀ꦏꦏꦼꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁ꧇꧙꧇​꧈​ꦚꦫꦺꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦒꦿꦺꦤ꧀ꦲꦺꦴꦠꦺꦭ꧀꧉​.

꧋ꦱꦩꦁꦏꦺꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀꧈​ꦎꦂꦝꦺꦴꦤꦤ꧀ꦱꦶꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦤ꧀ꦝꦮꦸꦃꦲꦏꦼꦤ꧀ꦱꦸꦮꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦿꦤꦠꦤ꧀ꦥꦿꦤꦠꦤ꧀ꦥꦿꦏꦮꦶꦱ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦺꦴꦩꦶꦱꦶ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦗꦶꦧꦃꦤꦶꦠꦶꦥꦿꦶꦏ꧀ꦱꦏꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦺꦮꦤ꧀ꦒꦿꦶꦪ꧉​

꧋ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦏꦧꦂ S.T. ꦩꦂꦠꦺꦴꦱ꧀ꦱꦏꦼꦤ꧀꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃꦔꦂꦱꦢꦊꦩ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦶꦤꦸꦲꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦪꦺꦴꦒꦾꦏꦂꦠꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦲꦩ꧀ꦧꦶꦪꦤ꧀ꦠꦺꦴꦤ꧀ꦤꦶꦥꦩꦁꦒꦶꦃꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦼꦱ꧀ꦠꦶꦫꦶꦁꦧꦁꦏꦯꦸꦭ꧀ꦠꦤ꧀ꦤꦤ꧀꧈​ꦱꦸꦥꦢꦺꦴꦱ꧀ꦥꦫꦢꦫꦃꦢꦊꦩ꧀꧈​ꦲꦸꦠꦮꦶꦥꦫꦲꦧ꧀ꦢꦶꦢꦊꦩ꧀ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦲꦁꦱꦭ꧀ꦥꦶꦠꦸꦭꦸꦁꦔꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁꦧꦁꦏꦯꦸꦭ꧀ꦠꦤꦤ꧀ꦮꦲꦸ꧉​

꧋ꦱꦏꦶꦁꦔꦪꦺꦴꦒꦾꦏꦂꦠꦏꦮꦂꦠꦺꦴꦱ꧀ꦱꦏꦼꦤ꧀꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃꦥꦩꦼꦢꦭ꧀ꦭꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦤꦼꦩ꧀ꦩꦤ꧀ꦏꦼꦠꦺꦭꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦏꦼꦝꦼꦭꦺꦲꦶꦁꦧꦮꦃꦔꦪꦺꦴꦒꦾꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦶꦱꦶꦃꦏꦶꦢꦸꦭ꧀꧈​ꦱꦏ꧀ꦭꦁꦏꦸꦁꦱꦲꦺ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦸꦤꦶꦏꦉꦉꦒꦺꦤ꧀ꦤꦶꦁꦥꦭꦮꦶꦗꦏꦭꦶꦃꦮꦲꦸꦭꦗꦼꦁꦱꦸꦢꦱꦔꦼꦠ꧀꧈​ꦏꦛꦃꦥꦫꦱꦸꦢꦒꦂꦱꦏꦶꦁꦏꦶꦛ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦩꦼꦂꦭꦺꦴꦑꦏꦼꦤ꧀ꦏꦺꦱꦃꦩꦿꦶꦏꦸ꧈​ꦱꦸꦩꦼꦢꦾꦲꦤꦸꦩ꧀ꦧꦱ꧀ꦱꦶꦥꦭꦮꦶꦗꦏꦭꦶꦃꦮꦂꦤꦶꦮꦲꦸ꧉​

꧋ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦏꦧꦂ S.T. ꦩꦂꦠꦺꦴꦱ꧀ꦱꦏꦼꦤ꧀꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃꦏꦾꦲꦶꦦꦼꦤ꧀ꦛꦺꦠ꧀ꦲꦶꦁꦑꦭꦱ꧀ꦱꦤ꧀꧈​ꦱꦭꦗꦼꦔꦶꦁꦥꦸꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦧꦝꦺꦱꦸꦏꦥꦶꦠꦸꦭꦸꦁꦔꦤ꧀ꦭꦤ꧀ꦲꦚ꧀ꦗꦩ꧀ꦥꦺꦤ꧀ꦤꦶꦠꦶꦪꦁꦱꦏꦶꦠ꧀ꦩꦭꦶꦃ꧉​ꦲꦁꦒꦺꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦧꦝꦺꦱꦸꦏꦥꦶꦠꦸꦭꦸꦁꦔꦤ꧀ꦩꦭꦶꦃꦮꦲꦸ꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦗꦭꦂꦫꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦮꦶꦱ꧀ꦱꦶꦲꦶꦁꦤꦒꦫꦶ꧈​ꦲꦤꦔꦶꦁꦏꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦩꦂꦒꦶꦱꦏꦶꦁꦏꦭꦶꦁꦱꦼꦩ꧀ꦩꦤ꧀꧈​ꦲꦮꦶꦠ꧀ꦱꦊꦧꦼꦠ꧀ꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦠꦲꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦮꦼꦢꦤ꧀ꦤꦤ꧀꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁ꧇꧔꧐꧇​ꦲꦶꦁꦏꦁꦤꦼꦝꦠꦸꦭꦸꦁꦱꦸꦥꦢꦺꦴꦱ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦗꦩ꧀ꦥꦺꦤ꧀ꦤꦶꦱꦏꦶꦠ꧀ꦠꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦲꦤꦔꦶꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦤꦩꦸꦁꦱꦠꦸꦁꦒꦭ꧀ꦏꦭꦶꦃꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀꧉​

꧋ꦏꦧꦂꦫꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦏꦼꦩ꧀ꦥꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦮꦭ꧀ꦥ꦳ꦗꦿꦶꦧꦺꦚ꧀ꦗꦶꦁꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦩꦶꦁꦒꦸꦠꦁꦒꦭ꧀ꦏꦥꦶꦁ꧇꧒꧘꧇​ꦮꦸꦭꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦧꦝꦺꦔꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦏꦼꦤ꧀ꦏꦺꦴꦁꦒꦿꦺꦱ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦑꦫꦁꦏꦗꦺꦤ꧀꧉​ꦯꦊꦧꦼꦠ꧀ꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦺꦴꦁꦒꦿꦺꦱ꧀ꦮꦲꦸꦧꦝꦺꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦏꦼꦤ꧀ꦠꦼꦠꦶꦔꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦮꦂꦤꦶꦮꦂꦤꦶꦢꦺꦤꦶꦁꦥꦫꦩꦸꦫꦶꦢ꧀꧈​ꦏ꧀ꦮꦶꦏ꧀ꦱꦼꦏꦸꦭ꧀꧈​ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦠ꧇​ꦠꦺꦴꦤꦶꦭ꧀꧈​ꦒꦶꦩ꧀ꦤꦱ꧀ꦠꦶꦏ꧀꧈​ꦭꦤ꧀ꦱꦱꦩꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧉​ꦢꦺꦤꦺꦲꦶꦁꦏꦁꦧꦝꦺꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦉꦩ꧀ꦧꦒ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦺꦴꦁꦒꦿꦺꦱ꧀ꦔꦿꦶꦏꦸ꧈​ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦥꦸꦤꦶꦏ꧇​ꦥꦁꦒꦸꦭꦮꦼꦤ꧀ꦛꦃꦲꦶꦁꦭꦫꦺꦱꦲꦥꦶꦮꦸꦭꦁꦲꦒꦩꦶ꧈​ꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦲꦸꦒꦶꦥꦢ꧀ꦥꦶꦤ꧀ꦢꦼꦂꦒꦒꦪꦸꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦥꦁꦒꦸꦭꦮꦼꦤ꧀ꦛꦃ꧉​

꧋ꦩꦶꦠꦸꦫꦸꦠ꧀ꦥꦮꦂꦠꦺꦴꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦏꦧꦂꦨꦼꦤ꧀ꦝꦺꦫꦆꦱ꧀ꦭꦩ꧀꧈​ꦏꦺꦴꦁꦒꦿꦺꦱ꧀ꦥꦏꦼꦩ꧀ꦥꦭ꧀ꦭꦤ꧀ P.S.I. ꦧꦝꦺꦏꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦏꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦦꦏꦭꦺꦴꦁꦔꦤ꧀ꦧꦺꦚ꧀ꦗꦶꦁꦠꦁꦒꦭ꧀ 28 ꦯꦺꦥ꧀ꦠꦺꦩ꧀ꦧꦼꦂꦔꦗꦼꦁꦥꦸꦤꦶꦏ꧉​

꧋ꦏꦭꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦗꦸꦩꦸꦮꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦥꦼꦁꦏꦼꦂꦥꦸꦤꦶꦏ꧈​ꦠꦸꦮꦤ꧀ Suryapranata꧉​ꦧꦶꦝꦭ꧀ꦝꦠꦼꦁꦩꦭꦁ꧈​ꦥꦼꦂꦭꦸꦲꦤꦸꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦏꦺꦴꦁꦒꦿꦺꦱ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦏꦼꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦥꦏꦼꦩ꧀ꦥꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦤꦶꦁꦥꦫꦲꦩ꧀ꦠꦼꦤꦂꦥꦿꦶꦧꦸꦩꦶꦒꦺꦴꦭꦺꦴꦔꦤ꧀ꦧꦺꦴꦱ꧀ꦮꦺꦱꦼꦤ꧀꧉​ꦏꦗꦮꦶꦥꦸꦤꦶꦏꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦨꦸꦭꦸꦭꦮꦁꦧꦝꦺꦔꦼꦢꦼꦒ꧀ꦒꦏꦼꦤ꧀ꦥꦩꦸꦭꦁꦔꦤ꧀ꦩꦶꦠꦸꦫꦸꦠ꧀ꦕꦫꦕꦫꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦏꦼꦩ꧀ꦥꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦲꦢꦶꦢꦂꦩ꧉​

꧋ꦢꦺꦫꦺꦁꦢꦔꦸꦥꦸꦤꦶꦏꦏꦺꦴꦁꦱꦸꦭ꧀ꦗꦼꦦꦁꦱꦺꦴꦮꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦏꦫꦠꦺꦴꦤ꧀ꦲꦶꦁꦯꦸꦫꦏꦂꦠ꧈​ꦏꦤ꧀ꦛꦶꦏꦲꦶꦫꦶꦠ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦥꦢꦸꦏꦠꦸꦮꦤ꧀ꦄꦱꦶꦱ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦫꦺꦱꦶꦝꦺꦤ꧀꧈​ꦠꦸꦮꦤ꧀ꦱꦺꦏꦽꦠꦫꦶꦱ꧀ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦗꦸꦫꦸꦧꦱ꧉​ꦲꦶꦁꦱꦫꦺꦃꦤꦶꦁꦏꦭꦥꦸꦤꦶꦏꦯꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦯꦶꦤꦸꦲꦸꦤ꧀ꦭꦊꦉꦱ꧀ꦱꦮꦼꦒ꧀ꦕꦁꦏꦿꦩꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦦꦫꦱ꧀꧈​ꦲꦩꦶꦭꦲꦶꦁꦏꦁꦭꦗꦼꦁꦏꦗꦶꦧꦃꦤꦩ꧀ꦥꦶꦥꦫꦠꦩꦸ꧈​ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦥꦫꦥꦸꦠꦿꦥꦸꦠꦿꦢꦊꦩ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦥꦸꦤꦶꦏ꧇​ꦑꦁꦗꦼꦁꦦꦔꦺꦫꦤ꧀ꦲꦂꦪꦑꦸꦱꦸꦩꦪꦸꦢꦱꦲꦏꦁꦗꦼꦁꦥꦔꦺꦫꦤ꧀ꦲꦂꦪꦲꦢꦶꦑꦸꦱꦸꦩ꧉​ꦠꦩꦸꦗꦼꦦꦁꦮꦲꦸꦱꦸꦩꦼꦢꦾꦕꦲꦺꦴꦱ꧀ꦥꦶꦱꦸꦁꦱꦸꦁꦝꦠꦼꦁꦯꦲꦤ꧀ꦝꦥ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦯꦶꦤꦸꦲꦸꦤ꧀ꦲꦮꦂꦤꦶꦥꦼꦛꦺꦤ꧀ꦲꦼꦩꦱ꧀ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦱꦭꦏꦲꦭꦶꦠ꧀ꦲꦭꦶꦠ꧀꧉​

꧋ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦥꦮꦂꦠꦺꦴꦱ꧀꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃꦥꦔꦂꦱꦫꦢꦾꦥꦸꦱ꧀ꦠꦏꦲꦶꦁꦯꦸꦫꦏꦂꦠ꧈​ꦫꦢꦺꦤ꧀ꦩꦱ꧀ꦲꦂꦪꦮꦸꦂꦪꦟꦶꦔꦿꦠ꧀꧈​ꦧꦝꦺꦱꦺꦭꦺꦃꦲꦁꦒꦺꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦥꦔꦂꦱ꧉​

꧋ꦢꦺꦫꦺꦁꦮꦠꦮꦶꦱ꧀ꦢꦔꦸꦥꦸꦤꦶꦏ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦢꦤꦲꦶꦁꦯꦭꦩ꧀ (ꦠꦺꦩ꧀ꦥꦺꦭ꧀)ꦤꦩ꧀ꦥꦶꦉꦥꦺꦴꦠ꧀ꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦄꦱꦶꦱ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦮꦢꦤꦲꦶꦁꦯꦿꦸꦩ꧀ꦧꦸꦁ꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃꦲꦶꦁꦎꦤ꧀ꦢꦼꦂꦝꦶꦱ꧀ꦠꦿꦶꦏ꧀ꦔꦿꦶꦏꦸꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦥꦶꦁꦏꦭꦶꦃꦏꦝꦠꦼꦁꦔꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦶꦩ꧈​ꦩꦭꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦸꦁꦏꦱ꧀ꦱꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏ꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦩꦺꦤ꧀ꦢꦱꦠꦸꦁꦒꦭ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦒꦺꦴꦤ꧀ꦝꦺꦴꦭ꧀ꦲꦶꦁꦱꦶꦩꦮꦲꦸ꧉​ꦱꦮꦼꦤꦺꦃꦲꦶꦁꦠꦶꦪꦁꦒꦝꦃꦥꦔꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦭꦫꦸꦩꦶꦪꦶꦤ꧀ꦲꦢꦩꦼꦭ꧀ꦩꦶꦫꦶꦱ꧀ꦱꦶꦁꦠꦶꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦩꦼꦢꦫꦶ꧉​

꧋ꦩꦶꦠꦸꦫꦸꦠ꧀ꦱꦼꦫꦠ꧀ꦏꦼꦏꦚ꧀ꦕꦶꦁꦔꦤ꧀ꦒꦸꦥꦼꦂꦩꦺꦤ꧀꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁꦏꦺꦴꦩ꧀ꦩꦸꦤꦶꦱ꧀ 18 ꦩꦭꦶꦃ꧈​ꦱꦢꦪꦲꦱ꧀ꦭꦶꦱꦏꦶꦁꦨꦼꦁꦏꦸꦭꦸ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦧꦝꦺꦏꦱꦶꦁꦏꦶꦂꦫꦏꦼꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦝꦶꦓꦸꦭ꧀꧉​ [ 598 ]꧋ꦏꦧꦂꦫꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦯꦸꦫꦏꦂꦠ꧈​ꦩꦼꦤ꧀ꦠꦱ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦼꦢꦼꦒ꧀ꦒꦏꦼꦤ꧀ Naamlooze Vennootschap ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦼꦢꦾꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦝꦺꦔꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦏꦼꦤ꧀ꦠꦺꦴꦪꦥ꧀ꦭꦼꦩ꧀ꦥꦼꦁ (waterleiding) ꦲꦶꦁꦏꦶꦛꦮꦲꦸ꧉​ꦩꦼꦁꦒꦃꦥꦮꦶꦠꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ f 500,000꧉​ ꦲꦂꦠꦱꦩꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦛꦃꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦲꦸ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁ 30,000.- ꦧꦝꦺꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦝꦶꦪꦤꦶꦢꦺꦤꦶꦁꦒꦸꦥꦼꦂꦩꦺꦤ꧀꧈​ꦯꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀ꦢꦊꦩ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦶꦤꦸꦲꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦯꦸꦫꦏꦂꦠꦱꦲꦏꦁꦗꦼꦁꦒꦸꦱ꧀ꦠꦶꦥꦔꦺꦫꦤ꧀ꦲꦢꦶꦥꦢꦶꦲꦂꦪꦩꦁꦏꦸꦟꦒꦫꦱꦩꦶꦲꦥꦫꦶꦁꦱꦝꦶꦪꦤ꧀ꦲꦂꦠꦚꦢꦱꦲꦺꦮꦸꦫꦸꦥꦶꦪꦃ꧉​ꦏꦗꦮꦶꦥꦸꦤꦶꦏ N.V. ꦏꦱ꧀ꦧꦸꦠ꧀ꦔꦶꦁꦒꦶꦭ꧀꧈​ꦧꦝꦺꦚꦩ꧀ꦧꦸꦠ꧀ꦲꦂꦠꦩꦶꦤꦺꦴꦁꦏꦥꦮꦶꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ f 1.700.000꧈​ꦲꦁꦒꦺꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦩꦁꦱꦸꦭ꧀ꦭꦏꦼꦤ꧀ꦲꦂꦠꦧꦧꦺꦴꦤ꧀ꦱꦲꦲꦤꦏ꧀ꦏꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦝꦺꦏꦠꦁꦒꦼꦭ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦒꦸꦥꦼꦂꦩꦺꦤ꧀꧉​ꦗꦭꦂꦫꦤ꧀ꦏꦛꦃꦲꦶꦁꦱꦱꦏꦶꦠ꧀ꦲꦶꦁꦯꦸꦫꦏꦂꦠ꧈​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦠꦼꦂꦭꦺꦝꦼꦁꦮꦲꦸꦩꦶꦭꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦥꦼꦂꦭꦸꦱꦔꦼꦠ꧀꧉​

꧋Aneta ꦩꦂꦠꦺꦴꦱ꧀ꦱꦏꦼꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁꦯꦺꦫꦁ꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦨꦸꦥꦠꦶꦲꦶꦁꦦꦤ꧀ꦝꦺꦒ꧀ꦭꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦺꦁꦒꦭ꧀꧈​ꦧꦺꦚ꧀ꦗꦶꦁꦠꦁꦒꦭ꧀꧇꧒꧙꧇​ꦄꦒꦸꦱ꧀ꦠꦸꦱ꧀ꦔꦗꦼꦁꦥꦸꦤꦶꦏ꧈​ꦧꦝꦺꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦼꦥꦾꦏ꧀ꦏꦏꦼꦤ꧀꧉​

꧋ꦧꦺꦚ꧀ꦗꦶꦁꦮꦶꦮꦶꦠ꧀ꦠꦁꦒꦭ꧀ 2 ꦯꦺꦥ꧀ꦠꦺꦩ꧀ꦧꦼꦂꦔꦗꦼꦁꦥꦸꦤꦶꦏ꧈​ꦲꦶꦁꦨꦺꦴꦗꦤꦒꦫꦧꦝꦺꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦏꦼꦤ꧀ꦥꦱꦂꦩꦊꦩ꧀ꦢꦔꦸꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ 10 ꦢꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀꧉​ꦲꦶꦁꦥꦱꦂꦩꦊꦩ꧀ꦮꦲꦸꦲꦸꦒꦶꦧꦝꦺꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦶꦠꦺꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦱꦼꦠꦺꦊꦁꦮꦂꦤꦶꦮꦂꦤꦶꦧꦫꦁꦏꦒꦸꦤꦤ꧀ꦗꦮꦶ꧈​ꦢꦺꦤꦺꦲꦶꦁꦏꦁꦧꦝꦺꦩꦤ꧀ꦝꦺꦒꦤ꧀ꦤꦶꦠꦸꦮꦤ꧀ꦦꦸꦗꦮꦱꦶꦠ꧉​ꦲꦶꦁꦱꦫꦺꦃꦤꦶꦁꦱꦭꦩꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦨꦺꦴꦗꦤꦒꦫꦢꦺꦫꦺꦁꦤꦠꦺꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦠꦸꦤ꧀ꦱꦼꦠꦺꦊꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦮꦲꦸ꧈​ꦲꦩꦶꦭꦠꦤ꧀ꦱꦃꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦏꦼꦩ꧀ꦧꦁꦭꦩ꧀ꦧꦺꦤꦶꦁꦠꦶꦠꦶꦪꦁꦔꦿꦶꦏꦸꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀꧉​

꧋ꦱꦏꦶꦁꦨꦤ꧀ꦝꦸꦁꦏꦮꦂꦠꦺꦴꦱ꧀ꦱꦏꦼꦤ꧀꧈​ꦧꦶꦭꦶꦃꦢꦺꦫꦺꦁꦢꦔꦸꦥꦸꦤꦶꦏꦠꦸꦮꦤ꧀ Dr. ꦕꦶꦥ꧀ꦠꦩꦔꦸꦤ꧀ꦏꦸꦱꦸꦩ꧈​ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦿꦶꦏ꧀ꦱꦢꦺꦤꦶꦁꦲꦺꦴꦥ꧀ꦱꦶꦂꦪꦸꦱ꧀ꦠꦶꦱꦶ꧈​ꦗꦭꦂꦫꦤ꧀ꦩꦶꦠꦸꦫꦸꦠ꧀ꦏꦠꦿꦔꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦥꦶꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦩꦶꦭꦶꦠꦺꦂ꧈​ꦠꦶꦠꦶꦪꦁꦩꦶꦭꦶꦠꦺꦂꦮꦲꦸꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦤꦠꦺꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦒꦿꦶꦪꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ Dr. ꦕꦶꦥ꧀ꦠ꧈​ꦥꦽꦭꦸꦲꦉꦉꦩ꧀ꦧꦒ꧀ꦒꦤ꧀ꦱꦲꦱꦩꦶꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦸꦏꦤꦶꦲꦂꦠ꧉​ꦥꦤꦶꦠꦶꦥꦿꦶꦏ꧀ꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦁꦏꦺꦠꦏ꧀ꦱꦶꦃꦏꦭꦗꦼꦁꦔꦏꦼꦤ꧀꧉​

꧋ꦢꦺꦫꦺꦁꦢꦔꦸꦥꦸꦤꦶꦏꦥꦔꦢꦶꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦭꦤ꧀ꦢꦿꦢ꧀ꦲꦶꦁꦯꦮꦃꦭꦸꦤ꧀ꦠ꧈​ꦲꦤ꧀ꦝꦮꦃꦲꦏꦼꦤ꧀ꦲꦸꦏꦸꦩ꧀ꦩꦤ꧀ꦏꦸꦚ꧀ꦗꦫꦭꦩꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ 10 ꦠꦲꦸꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦦꦺꦴꦤ꧀ꦠꦺꦴ꧈​ꦠꦶꦭꦱ꧀ꦏꦸꦩꦼꦤ꧀ꦝꦤ꧀ꦥꦺꦭ꧀ꦥꦸꦭꦶꦱꦶ꧈​ꦭꦤ꧀ 6 ꦠꦲꦸꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦗꦺꦭꦗꦺꦭ꧈​ꦡꦶꦥꦸꦮ꧈​ꦑꦼꦩ꧀ꦧꦺꦴ꧈​ꦲꦶꦯꦲꦸꦱꦲꦫꦶꦦꦺꦴ꧈​ꦒꦁꦱꦭ꧀ꦒꦁꦱꦭ꧀ꦭꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦭꦱ꧀ꦲꦒꦺꦤ꧀ꦥꦺꦭ꧀ꦥꦸꦭꦶꦱꦶ꧉​ꦠꦶꦠꦶꦪꦁꦱꦢꦪꦮꦲꦸꦏꦢꦏ꧀ꦮꦕꦩ꧀ꦥꦸꦂꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦥꦏꦼꦩ꧀ꦥꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦏꦺꦴꦩ꧀ꦩꦸꦤꦶꦱ꧀꧉​ꦏꦕꦼꦥꦼꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁ 6 ꦮꦲꦸ꧈​ꦏꦭꦠꦁꦒꦭ꧀ 16 ꦟꦺꦴꦥꦺꦩ꧀ꦧꦼꦂꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦥꦼꦁꦏꦼꦂꦥꦸꦤꦶꦏ꧉​

꧋ꦥꦫꦩꦶꦭꦶꦠꦺꦂꦲꦶꦤ꧀ꦢꦶꦪꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦤꦒꦫꦶꦮꦭꦤ꧀ꦢꦶ꧈​ꦤꦭꦶꦏꦧꦝꦺꦮꦁꦱꦸꦭ꧀ꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦤ꧀ꦢꦶꦪ꧉​ꦱꦢꦪꦫꦸꦩꦲꦺꦴꦱ꧀ꦱꦩꦶꦲꦒꦼꦁꦲꦶꦁꦩꦤꦃ꧈​ꦢꦺꦤꦺꦲꦤ꧀ꦠꦸꦏ꧀ꦏꦶꦥꦸꦤ꧀ꦩꦮꦶꦲꦁꦱꦭ꧀ꦲꦁꦱꦭ꧀ꦒꦩ꧀ꦧꦂꦢꦊꦩ꧀ꦦꦿꦶꦤ꧀ꦱꦺꦱ꧀ꦪꦸꦭꦶꦪꦤꦃ꧉​

KRONIEK

Kabar Warni-warni besut

Pêthikan saking sêrat-sêrat kabar sanès.

Miturut pawartos sêrat kabar S.T.sêmunipun karamean Sêkatèn Surakarta ing wulan Mulud ngajêng punika, badhe agêng-agêngan, tèntunsêtèlêngipun dipun pêpaki, wiwiting karamean tanggal 5 dumugi 12 Mulud. Wara-waranipun sampun sumêbar katèmplèkakên ing pundi-pundi panggenan, mawi gambar pasêmon tiyang macul.

Kala dintên Kêmis ngajêng punika, paduka Tuwan van der Jaght residhèn ing Surakarta, martamu dhatêng Pakualaman, kairit paduka tuwan residhèn ing Ngayogyakarta.

Wontên pawartos: ing Ngayogyakarta mêntas wontên tamu agêng saking Indhu, inggih punika sultan ing Drenganau bawah tanah India Inggris. Rawuhipun kanthi kadhèrèkakên tiyang 9, nyarenipun wontên ing Grèn Hotèl.

Samangke sampun wontên, ordhonansi ingkang andhawuhakên suwakipun pranatan-pranatan prakawis wontênipun komisi, ingkang kajibah nitipriksa kawontênanipun sewan griya.

Sêrat kabar S.T. martosakên, bilih ngarsa dalêm ingkang sinuhun ing Ngayogyakarta sampun ambiyantoni pamanggihipun bêstiring bang kasultanan, supados para darah dalêm, utawi para abdi dalêm sagêd angsal pitulungan saking bang Kasultanan wau.

Saking Ngayogyakarta kawartosakên, bilih pamêdalipun tanêman kêtela tuwin kêdhêle ing bawah Ngayogya ingkang sisih kidul, saklangkung sae, ingkang punika rêrêgèning palawija kalih wau lajêng suda sangêt, kathah para sudagar saking kitha, ingkang amêrlokakên kesah mriku, sumêdya anumbasi palawija kalih warni wau.

Sêrat kabar S.T. martosakên, bilih Kyai Pênthèt ing Kalasan, salajêngipun botên badhe suka pitulungan lan anjampèni tiyang sakit malih. Anggènipun botên badhe suka pitulungan malih wau, botên jalaran saking dipun awisi ing nagari, ananging kintên-kintên amargi saking kalingsêman, awit salêbêtipun katahan wontên ing kawêdanan, wontên tiyang 40 ingkang nêdha tulung supados dipun jampèni sakitipun, ananging ingkang mantun namung satunggal kalih kemawon.

Kabaripun pakêmpalan Walfajri benjing dintên Minggu tanggal kaping 28 wulan punika badhe ngawontênakên konggrès wontên ing Karangkajèn. Salêbêtipun konggrès wau badhe dipun wontênakên têtingalan warni-warni dening para murid, kwiksêkul, kados ta: tonil, gimnastik, lan sasaminipun. Dene ingkang badhe dipun rêmbag wontên ing konggrès ngriku, inggih punika: panggulawênthahing lare saha piwulang agami, makatên ugi padpindêr gêgayutan kalihan panggulawênthah.

Miturut pawartosipun sêrat kabar Bêndhera Islam, konggrès pakêmpalan P.S.I. badhe kawontênakên wontên ing Pakalongan benjing tanggal 28 Sèptèmbêr ngajêng punika.

Kala dintên Jumuwah ingkang kapêngkêr punika, Tuwan Suryapranata. Bidhal dhatêng Malang, pêrlu anuntun konggrès ingkang dipun wontênakên dening pakêmpalaning para amtênar pribumi golongan boswèsên. Kajawi punika wontên ing Bululawang badhe ngêdêgakên pamulangan miturut cara-caranipun pakêmpalan Adidarma.

Dèrèng dangu punika kongsul Jêpang sowan dhatêng Karaton ing Surakarta, kanthi kairit dening paduka tuwan asistèn residhèn, tuwan sèkrêtaris tuwin juru basa. Ing sarèhning kala punika sampeyan dalêm ingkang sinuhun lalêrês sawêg cangkrama wontên ing Paras, amila ingkang lajêng kajibah nampi para tamu, inggih para putra-putra dalêm, inggih punika: Kangjêng Pangeran Arya Kusumayuda saha Kangjêng Pangeran Arya Adikusuma. Tamu Jêpang wau sumêdya caos pisungsung dhatêng saandhap sampeyan dalêm ingkang sinuhun awarni pêthèn êmas tuwin salaka alit-alit.

Wontên pawartos, bilih pangarsa Radyapustaka ing Surakarta, Radèn Mas Arya Wuryaningrat, badhe sèlèh anggènipun dados pangarsa.

Dèrèng watawis dangu punika, ingkang wadana ing Salam (Tèmpèl) nampi rêpotipun asistèn wadana ing Srumbung, bilih ing ondêr dhistrik ngriku sampun kaping kalih kadhatêngan ing sima, malah ingkang pungkasan punika, wontên menda satunggal ingkang dipun gondhol ing sima wau. Sawênèhing tiyang gadhah pangintên, bilih punika ingkang kala rumiyin adamêl mirising têtiyang ing Mêdari.

Miturut sêrat kêkancingan gupêrmèn, wontên tiyang komunis 18 malih, sadaya asli saking Bêngkulu, ingkang badhe kasingkirakên dhatêng Dhigul.

Kabaripun ing Surakarta, mêntas dipun êdêgakên Naamlooze Vennootschap ingkang sêdyanipun badhe ngawontênakên toya plêmpêng (waterleiding) ing kitha wau. Mênggah pawitanipun f 500,000. Arta samantên kathahipun wau, ingkang 30,000.- badhe dipun sadhiyani dening gupêrmèn, sampeyan dalêm ingkang sinuhun ing Surakarta saha Kangjêng Gusti Pangeran Adipadi Arya Mangkunagara sami aparing sadhiyan arta nyadasa èwu rupiyah. Kajawi punika N.V. kasbut nginggil, badhe nyambut arta minăngka pawitanipun f 1.700.000, anggènipun amangsulakên arta babon saha anakaknipun badhe katanggêl dening gupêrmèn. Jalaran kathahing sêsakit ing Surakarta, wontênipun watêrlèdhêng wau mila inggih pêrlu sangêt.

Aneta martosakên saking Serang, bilih ingkang Bupati ing Pandheglang ingkang enggal, benjing tanggal 29 Agustus ngajêng punika, badhe dipun kêpyakakên.

Benjing wiwit tanggal 2 Sèptèmbêr ngajêng punika, ing Bojanagara badhe dipun wontênakên pasar malêm dangunipun 10 dintên. Ing pasar malêm wau ugi badhe dipun wontêni tèntunsêtèlêng warni-warni barang kagunan Jawi, dene ingkang badhe mandhegani Tuwan Pujawasita. Ing sarèhning salaminipun ing Bojanagara dèrèng nate wontên tèntunsêtèlêng ingkang makatên wau, amila tansah dados kêmbang lambening têtiyang ngriku kemawon.

Saking Bandhung kawartosakên, bilih dèrèng dangu punika tuwan Dr Ciptamangunkusuma, dipun priksa dening opsir yustisi, jalaran miturut katranganipun pintên-pintên militèr, têtiyang militèr wau sampun nate dhatêng ing griyanipun sDr. Cipta, prêlu arêrêmbagan saha sami dipun sukani arta. Panitipriksanipun samangke taksih kalajêngakên.

Dèrèng dangu punika pangadilan landrad ing Sawahlunta, andhawahakên ukuman kunjara laminipun 10 taun dhatêng ponto, tilas kumêndhan pèl pulisi, lan 6 taun dhatêng Jela-Jela, Tipuwa, Kêmbo, Isau saha Ripo, gangsal-gangsalipun tilas agèn pèl pulisi. Têtiyang sadaya wau kadakwa campur kalihan pakêmpalan komunis. Kacêpêngipun tiyang 6 wau, kala tanggal 16 Nopèmbêr ingkang kapêngkêr punika.

[Grafik]

Para militèr India ingkang wontên ing nagari Walandi, nalika badhe wangsul dhatêng India. Sadaya rumaos sami agêng ing manah, dene antukipun mawi angsal-angsal gambar dalêm Prinsès Yulianah.

[ 599 ]FEUILLETON

꧋ꦭꦭꦩ꧀ꦥꦃꦲꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦦꦿꦧꦸ Tristan ꦭꦤ꧀ꦥꦸꦠꦿꦶ Isolde.

꧇꧑꧕꧇

꧋ꦦꦿꦧꦸ Tristan ꦮꦲꦸꦏꦺꦔꦶꦁꦏꦮꦱ꧀ꦠꦤꦤ꧀ꦢꦺꦴꦫꦲꦸꦠꦮꦶꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀꧉​ꦱꦪꦏ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦤꦺꦱ꧀ꦥꦤ꧀ꦢꦩꦼꦭ꧀ꦭꦶꦁꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦤꦼꦠꦼꦥ꧀ꦥꦏꦼꦤ꧀ꦲꦮꦺꦴꦤ꧀ꦱꦲꦺꦤꦶꦁꦭꦭꦩ꧀ꦥꦃꦲꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁ꧈​ꦤꦔꦶꦁꦥꦔꦢꦶꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦮꦱ꧉​ꦠꦶꦠꦶꦪꦁꦱꦢꦪꦤꦩꦸꦁꦤꦶꦔꦭ꧀ꦭꦶꦥꦤ꧀ꦢꦩꦼꦭ꧀ꦭꦶꦁꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦧꦝꦺꦏꦠꦼꦠꦼꦥ꧀ꦥꦏꦼꦤ꧀ꦲꦮꦺꦴꦤ꧀ꦱꦲꦺꦤꦶꦁꦭꦭꦩ꧀ꦥꦃꦲꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦲꦸ꧉​ꦤꦔꦶꦁꦓꦸꦱ꧀ꦠꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃꦱꦒꦼꦢ꧀ꦔꦸꦤꦶꦁꦔꦤꦶꦩꦤꦃꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁꦮꦲꦸꦱꦂꦠꦤꦩꦸꦁꦓꦸꦱ꧀ꦠꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦒꦼꦢ꧀ꦲꦤ꧀ꦝꦮꦃꦲꦏꦼꦤ꧀ꦥꦔꦢꦶꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦠꦤ꧀ꦥꦥꦶꦭꦶꦃꦏꦱꦶꦃ꧈​ꦲꦶꦁꦏꦁꦗꦼꦗꦼꦒ꧀꧈​ꦥꦿꦩꦶꦭꦏꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦏꦼꦤ꧀ꦥꦔꦠꦸꦂꦫꦤ꧀꧈​ꦱꦝꦺꦔꦃꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦢꦏ꧀ꦮꦲꦮꦺꦴꦤ꧀ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦲꦚꦶꦂꦤꦑꦏꦼꦤ꧀ꦥꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦮꦲꦮꦺꦴꦤ꧀ꦮꦲꦸꦱꦫꦤꦲꦥꦿꦁꦠꦤ꧀ꦝꦶꦁ꧉​ꦩꦂꦒꦶꦓꦸꦱ꧀ꦠꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃꦤꦩꦸꦁꦧꦝꦺꦲꦥꦫꦶꦁꦲꦸꦁꦒꦸꦭ꧀ꦝꦠꦼꦁꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦊꦉꦱ꧀ꦭꦭꦩ꧀ꦥꦃꦲꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧉​ꦲꦤꦼꦠꦼꦥ꧀ꦥꦶꦝꦠꦼꦁꦥꦔꦠꦸꦂꦫꦤ꧀ꦮꦲꦸꦦꦿꦧꦸ Tristan ꦏꦒꦸꦁꦔꦤ꧀ꦥꦤꦸꦮꦸꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦫꦩꦦꦿꦧꦸ Marc ꦱꦸꦥꦢꦺꦴꦱ꧀ꦏꦲꦧꦼꦤ꧀ꦥꦿꦁꦠꦤ꧀ꦝꦶꦁ꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦚꦤꦥꦶꦱꦤ꧀ꦥꦶꦱꦤ꧀ꦧꦶꦭꦶꦃꦱꦫꦶꦫꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦝꦺꦏꦥꦠꦿꦥ꧀ꦥꦤ꧀ꦥꦲꦸꦏꦸꦩ꧀ꦩꦤ꧀꧈​ꦱꦲꦸꦥꦩꦶꦲꦸꦤꦶꦔꦲ꧈​ꦥꦫꦧꦫꦺꦴꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩꦶꦲꦮꦺꦴꦤ꧀ꦩꦤꦃꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦲꦸꦱꦲꦺꦱ꧀ꦠꦸꦧꦝꦺꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦼꦗꦃꦲꦶ꧉​

꧇꧘꧇

꧋ꦦꦿꦧꦸ Tristan ꦭꦸꦩꦸꦩ꧀ꦥꦠ꧀ꦱꦏꦶꦁꦗꦤ꧀ꦝꦺꦭꦤꦶꦁꦒꦫꦺꦗ꧉​

꧋ꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦢꦭꦸꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦸꦒꦶꦠꦶꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦱꦊꦧꦼꦠ꧀ꦠꦶꦁꦏꦶꦛ Cornwallis ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦩꦶꦉꦁꦮꦂꦠꦺꦴꦱ꧀ꦧꦶꦭꦶꦃꦦꦿꦧꦸ Tristan ꦱꦲꦯꦁꦦꦿꦩꦺꦱ꧀ꦮꦫꦶꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦸꦏꦸꦥ꧀꧈​ꦱꦂꦠꦧꦝꦺꦏꦥꦠꦿꦥ꧀ꦥꦤ꧀ꦥꦲꦸꦏꦸꦩ꧀ꦩꦤ꧀ꦥꦼꦗꦃ꧉​ꦱꦢꦪꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦱꦊꦧꦼꦠ꧀ꦠꦶꦁꦏꦶꦛ꧈​ꦗꦊꦂꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶ꧈​ꦱꦼꦥꦸꦃꦲꦤꦺꦩ꧀꧈​ꦱꦸꦒꦶꦃꦩꦶꦱ꧀ꦏꦶꦤ꧀꧈​ꦱꦩꦶꦤꦔꦶꦱ꧀꧈​ꦮꦼꦭꦱ꧀ꦝꦠꦼꦁꦥꦫꦭꦸꦲꦸꦂꦏꦏꦭꦶꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦧꦝꦺꦏꦥꦠꦿꦥ꧀ꦥꦤ꧀ꦲꦸꦏꦸꦩ꧀ꦩꦤ꧀ꦥꦼꦗꦃꦩꦂꦒꦶꦱꦏꦶꦁꦥꦶꦠꦼꦤꦃꦲꦶꦁꦠꦶꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦮꦺꦴꦤ꧀ꦩꦤꦃꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦮꦲꦸ꧉​ꦱꦱꦩ꧀ꦧꦠ꧀ꦠꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦝꦸꦃ꧈​ Tristan꧈​ ꦧꦫꦺꦴꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦧꦺꦂꦲꦶꦁꦏꦮꦤꦺꦤ꧀꧈​ꦥꦸꦤꦥꦥꦢꦸꦏꦏꦼꦢꦃꦤꦼꦩꦃꦲꦶꦠꦶꦮꦱ꧀ꦩꦂꦒꦶꦥꦤ꧀ꦢꦩꦼꦭ꧀ꦭꦶꦁꦠꦶꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦮꦺꦴꦤ꧀ꦩꦤꦃꦲꦶꦥꦸꦤ꧀꧉​ꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦲꦸꦒꦶꦥꦢꦸꦏꦯꦁꦦꦿꦩꦺꦱ꧀ꦮꦫꦶ꧉​ꦲꦶꦁꦥꦸꦤ꧀ꦢꦶꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦠꦏꦒꦸꦔꦤ꧀ꦥꦸꦠꦿꦶꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦺꦤ꧀ꦢꦃꦮꦂꦤꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦥꦢꦸꦏ꧉​ꦱꦢꦪꦮꦲꦸꦗꦭꦂꦫꦤ꧀ꦱꦏꦶꦁꦥꦶꦠꦼꦤꦃꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁꦧꦸꦕꦸꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦮꦺꦴꦤ꧀ꦩꦤꦃꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏ꧉​ꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦮꦲꦸꦩꦸꦒꦶꦩꦸꦒꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦸꦕꦸꦩꦁꦒꦶꦃꦧꦼꦧꦼꦤ꧀ꦢꦺꦴꦤ꧀ꦤꦶꦁꦏꦁꦩꦲꦏꦮꦱ꧉​

꧋ꦞꦸꦃ꧈ Tristan ꧈​ꦩꦶꦠꦿꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦶꦤꦸꦚ꧀ꦗꦸꦭ꧀ꦲꦶꦁꦮꦂꦤꦶ꧈​ꦏꦭ Morhout ꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦔꦿꦶꦏꦶꦧꦝꦺꦲꦩ꧀ꦧꦺꦴꦪꦺꦴꦁꦔꦶꦲꦤꦏ꧀ꦏꦸꦭꦱꦢꦪꦗꦊꦂꦲꦺꦱ꧀ꦠꦿꦶ꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦧꦫꦺꦴꦤ꧀ꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦭꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦤꦶꦤꦤ꧀ꦝꦶꦁꦔꦶꦥꦼꦫꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦩꦭꦃꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦤꦶꦲꦩꦁꦱꦸꦭ꧀ꦭꦶꦥꦤꦤ꧀ꦠꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀꧉​ꦤꦩꦸꦁꦥꦢꦸꦏ Tristan ꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦸꦫꦸꦤ꧀ꦲꦩ꧀ꦧꦺꦭꦤ꧀ꦤꦶꦝꦠꦼꦁꦏꦸꦭꦱꦢꦪꦱꦲꦱꦒꦼꦢ꧀ꦲꦩꦼꦗꦃꦲꦶ Morhout ꦮꦲꦸ꧉​ꦤꦔꦶꦁꦥꦢꦸꦏꦤꦤ꧀ꦝꦁꦠꦠꦸꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦧꦝꦺꦤꦼꦩꦃꦲꦶꦠꦶꦮꦱ꧀ꦗꦭꦂꦫꦤ꧀ꦢꦢꦩꦼꦭ꧀ꦭꦶꦥꦸꦤ꧀ Morhout ꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦮꦮꦶꦱꦮꦲꦸ꧉​ꦥꦸꦤꦥꦏꦸꦭꦱꦢꦪꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦤꦩ꧀ꦥꦺꦤ꧀ꦤꦶꦏꦱꦲꦺꦤꦤ꧀ꦥꦢꦸꦏꦱꦩꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦒꦼꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦏꦼꦢꦃꦤꦩꦸꦁꦤꦫꦶꦩꦃꦱꦂꦠꦏꦺꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀ꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦱꦸꦩꦼꦉꦥ꧀ꦥꦢꦸꦏꦧꦝꦺꦏꦥꦠꦿꦥ꧀ꦥꦤ꧀ꦥꦲꦸꦏꦸꦩ꧀ꦩꦤ꧀ꦥꦼꦗꦃ꧉​ꦱꦢꦪꦠꦶꦪꦁꦱꦊꦧꦼꦠ꧀ꦠꦶꦁꦏꦶꦛꦱꦩꦶꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦤꦫꦶꦩꦃꦝꦠꦼꦁꦏꦂꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦦꦿꦧꦸ Marc ꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦮꦲꦸ꧈​ꦱꦲꦱꦩꦶꦱꦺꦴꦮꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦏꦫꦠꦺꦴꦤ꧀꧉​ꦤꦔꦶꦁꦲꦶꦁꦱꦫꦺꦃꦤꦶꦁꦯꦁꦤꦠꦢꦸꦏꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦔꦼꦠ꧀꧈​ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦠꦶꦪꦁꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦭꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦤꦶꦩꦠꦸꦂꦥꦸꦤꦥꦥꦸꦤꦥꦝꦠꦼꦁꦯꦁꦦꦿꦧꦸ꧈​ꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦲꦸꦒꦶꦥꦫꦧꦫꦺꦴꦤ꧀ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦭꦃꦱꦠꦸꦁꦒꦭ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦤꦶꦔ꧀ꦭꦼꦉꦥ꧀ꦥꦏꦼꦤ꧀ꦢꦸꦏꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦯꦁꦤꦠ꧉​

꧋ꦲꦶꦁꦮꦚ꧀ꦕꦶꦲꦺꦚ꧀ꦗꦶꦁꦱꦢꦺꦫꦺꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦸꦂꦪꦩꦊꦛꦺꦏ꧀꧈​ꦯꦁꦤꦠꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦠꦼꦝꦏ꧀ꦝꦠꦼꦁꦥꦥꦤ꧀ꦥꦁꦒꦺꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦲꦩꦸꦠꦸꦱ꧀ꦥꦿꦏꦮꦶꦱ꧀ꦱꦲꦲꦩꦠꦿꦥ꧀ꦥꦶꦥꦲꦸꦏꦸꦩ꧀ꦩꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦠꦶꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦒꦝꦃꦏꦊꦥꦠ꧀ꦠꦤ꧀꧉​ꦲꦶꦁꦔꦿꦶꦏꦸꦯꦁꦤꦠꦤꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦝꦮꦸꦃꦢꦩꦼꦭ꧀ꦗꦸꦒꦁꦔꦤ꧀ꦮꦶꦪꦂꦱꦂꦠꦊꦧꦼꦠ꧀꧉​ꦱꦉꦁꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦭꦗꦼꦁꦏꦝꦮꦸꦃꦲꦤ꧀ꦲꦔꦶꦱꦺꦤ꧀ꦤꦶꦏꦏꦗꦼꦁꦔꦤ꧀ꦱꦂꦠꦠꦸꦠꦸꦮꦸꦲꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦮꦲꦼꦫꦶ꧈​ꦏꦲꦶꦱꦺꦑꦏꦼꦤ꧀ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ꦲꦺꦴꦪꦺꦴꦢ꧀ꦱꦂꦠꦥꦁꦥꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀꧉​ꦱꦉꦁꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦗꦩ꧀ꦤꦼꦩ꧀ꦲꦺꦚ꧀ꦗꦶꦁ꧈​ꦯꦁꦦꦿꦧꦸꦥꦫꦶꦁꦝꦮꦸꦃꦱꦸꦥꦢꦺꦴꦱ꧀ꦏꦲꦸꦤ꧀ꦝꦁꦔꦏꦼꦤ꧀ꦧꦶꦭꦶꦃꦥꦫꦥꦸꦁꦒꦮꦱꦢꦪꦱꦩꦶꦏꦠꦶꦩ꧀ꦧꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦱꦺꦴꦮꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦥꦥꦤ꧀ꦥꦁꦒꦺꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦲꦩꦠꦿꦥ꧀ꦥꦶꦥꦲꦸꦏꦸꦩ꧀ꦩꦤ꧀ꦮꦲꦸ꧉​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦲꦤ꧀ꦠꦮꦶꦱ꧀ꦢꦔꦸꦱꦢꦪꦠꦶꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦱꦊꦧꦼꦠ꧀ꦠꦶꦁꦤꦒꦫꦶ Cornwallis ꦱꦩꦶꦝꦠꦼꦁꦱꦲꦱꦩꦶꦤꦔꦶꦱ꧀꧈​ꦏꦗꦮꦶꦠꦶꦪꦁꦧꦸꦕꦸꦮꦲꦸ꧉​ꦥꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦯꦁꦦꦿꦧꦸ꧇​ꦲꦺꦃ꧈​ꦥꦫꦱꦠꦿꦶꦪ꧈​ꦱꦂꦠꦱꦏꦧꦺꦃꦲꦶꦁꦮꦺꦴꦁꦲꦶꦁ Cornwallis꧈​ꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦝꦮꦸꦃꦒꦮꦺꦥꦥꦤ꧀ꦥꦔꦺꦴꦧꦺꦴꦁꦔꦤ꧀ꦲꦶꦏꦶꦏꦁꦒꦺꦴꦲꦔꦺꦴꦧꦺꦴꦁ Tristan ꦭꦤ꧀ꦱꦁꦦꦿꦩꦺꦱ꧀ꦮꦫꦶ꧈​ꦩꦶꦤꦺꦴꦁꦏꦲꦸꦏꦸꦩ꧀ꦩꦤ꧀ꦲꦁꦒꦺꦴꦤ꧀ꦤꦺꦮꦶꦱ꧀ꦥꦝꦲꦔ꧀ꦭꦏꦺꦴꦤ꧀ꦤꦶꦲꦭ꧉​

꧋ꦥꦫꦱꦠꦿꦶꦪꦭꦗꦼꦁꦱꦩꦶꦩꦠꦸꦂ꧇​ꦝꦸꦃ꧈​ꦯꦁꦦꦿꦧꦸ꧈​ꦩꦸꦒꦶꦠꦶꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦶꦤꦏ꧀ꦮꦲꦔ꧀ꦭꦩ꧀ꦥꦃꦲꦶꦲꦮꦺꦴꦤ꧀ꦮꦲꦸꦏꦭꦶꦭꦤ꧀ꦤꦲꦸꦚ꧀ꦗꦸꦏ꧀ꦥꦶꦲꦠꦸꦂ꧈​ꦏꦁꦒꦺꦲꦤꦶꦩ꧀ꦧꦁꦊꦉꦱ꧀ꦭꦼꦥꦠ꧀ꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦮꦮꦲꦸ꧉​ꦱꦪꦼꦏ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦤꦶꦱ꧀ꦛꦱꦔꦼꦠ꧀ꦱꦂꦠꦏꦊꦥꦠ꧀ꦠꦤ꧀꧈​ꦲꦩꦠꦿꦥ꧀ꦥꦶꦲꦸꦏꦸꦩ꧀ꦩꦤ꧀ꦥꦼꦗꦃꦝꦠꦼꦁꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦺꦫꦺꦁꦏꦥꦫꦶꦏ꧀ꦱꦥꦿꦏꦮꦶꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀꧉​ꦥꦿꦩꦶꦭꦥꦚꦸꦮꦸꦤ꧀ꦏꦮꦸꦭꦱꦢꦪꦩꦸꦒꦶꦥꦢꦸꦏꦏꦂꦱꦲꦥꦫꦶꦁꦲꦤ꧀ꦠꦮꦶꦱ꧀꧈​ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦲꦺꦁꦒꦭ꧀ꦲꦺꦁꦒꦭ꧀ꦲꦤ꧀ꦝꦮꦃꦲꦏꦼꦤ꧀ꦲꦸꦏꦸꦩ꧀ꦩꦤ꧀꧈​ꦏꦗꦮꦶꦥꦸꦤꦶꦏꦩꦸꦒꦶꦏꦂꦱꦲꦥꦫꦶꦁꦥꦔꦥꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦱꦏꦭꦶꦃꦏꦭꦶꦃꦲꦶꦥꦸꦤ꧀꧉​

꧋ꦩꦶꦉꦁꦲꦠꦸꦂꦫꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦫꦧꦫꦺꦴꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦮꦲꦸꦯꦁꦤꦠꦩꦭꦃꦱꦁꦱꦪꦢꦸꦏꦱꦔꦼꦠ꧀꧈​ꦥꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧇​ꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦲꦺꦴꦫꦧꦏꦭ꧀ꦥꦫꦶꦁꦲꦤ꧀ꦠꦫꦭꦤ꧀ꦲꦔꦥꦸꦫ꧈​ꦱꦂꦠꦲꦺꦴꦫꦧꦏꦭ꧀ꦩꦫꦶꦏ꧀ꦱꦧꦼꦤꦼꦂꦭꦸꦥꦸꦠ꧀ꦠꦺꦥꦤ꧀ꦢꦏ꧀ꦮꦩꦲꦸ꧉​ꦱꦶꦁꦱꦥꦮꦤꦶꦩꦠꦸꦂꦩꦁꦏꦺꦴꦤꦺꦴꦩꦤꦺꦃꦧꦏꦭ꧀ꦲꦶꦁꦱꦸꦤ꧀ꦝꦮꦸꦃꦲ [ 600 ]ꦏꦺꦱꦸꦥꦪꦢꦶꦪꦺꦴꦧꦺꦴꦁꦝꦶꦱꦶꦏ꧀꧉​ꦯꦁꦤꦠꦤꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦝꦮꦸꦃꦲꦚꦸꦊꦢ꧀ꦥꦔꦺꦴꦧꦺꦴꦁꦔꦤ꧀ꦮꦲꦸꦱꦂꦠꦲꦩꦼꦤ꧀ꦝꦼꦠ꧀ Tristan ꦱꦏꦶꦁꦲꦶꦁꦏꦫꦠꦺꦴꦤ꧀꧉​ꦏꦭꦱꦩꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦭꦠꦸꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦩꦸꦫꦸꦧ꧀ꦩꦸꦭꦢ꧀ꦩꦸꦭꦢ꧀ꦲꦒꦼꦁꦱꦔꦼꦠ꧀꧈​ꦱꦢꦪꦠꦶꦪꦁꦱꦩꦶꦏꦺꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀ꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀ꦩꦂꦒꦶꦲꦗꦿꦶꦃꦝꦠꦼꦁꦯꦁꦦꦿꦧꦸ꧉​ꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦲꦸꦒꦶꦯꦁꦤꦠꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦏꦺꦤ꧀ꦢꦼꦭ꧀ꦏꦺꦩꦮꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦲꦔꦼꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦱꦶꦝꦠꦼꦁꦔꦶꦁꦲꦸꦠꦸꦱ꧀ꦱꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦝꦮꦃꦲꦤ꧀ꦔꦶꦫꦶꦢ꧀ꦦꦿꦧꦸ Tristan꧈​꧈​

꧋ꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦱꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦫꦠꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦲꦧ꧀ꦢꦶꦲꦧ꧀ꦢꦶꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦲꦸꦠꦸꦱ꧀ꦲꦩꦼꦤ꧀ꦝꦼꦠ꧀ꦦꦿꦧꦸ Tristan ꦮꦲꦸ꧈​ꦲꦚ꧀ꦗꦸꦗꦸꦒ꧀ꦲꦶꦁꦏꦩꦂꦥꦁꦒꦺꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦦꦿꦧꦸ Tristan ꦱꦲꦯꦁꦥꦸꦠꦿꦶ Isolde ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩꦶꦧꦶꦤꦼꦱ꧀ꦠꦱꦂꦠꦏꦗꦒꦶꦲꦶꦁꦥꦿꦗꦸꦫꦶꦠ꧀꧉​ꦲꦱ꧀ꦠꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦦꦿꦧꦸ ꦭꦗꦼꦁꦏꦕꦼꦥꦼꦁ꧈​ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦒ꧀ꦭꦤ꧀ꦝꦁꦩꦼꦢꦭ꧀ꦭꦗꦼꦁꦏꦧꦼꦏ꧀ꦠꦭꦸꦩꦩ꧀ꦥꦃꦝꦠꦼꦁꦥꦥꦤ꧀ꦥꦔꦺꦴꦧꦺꦴꦁꦔꦤ꧀꧉​ꦱꦏꦶꦁꦭꦶꦁꦱꦼꦩ꧀ꦩꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦤꦤ꧀ꦝꦁꦏꦤꦶꦱ꧀ꦛꦤ꧀ꦱꦩꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦒꦼꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏ꧈​ꦦꦿꦧꦸ Tristan ꦱꦩꦂꦒꦶꦩꦂꦒꦶꦠꦤ꧀ꦱꦃꦩꦸꦮꦸꦤ꧀꧈​ꦤꦔꦶꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦮꦲꦸꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦩꦶꦒꦸꦤꦤ꧀ꦤꦶ꧉​ꦱꦉꦁꦯꦁꦥꦸꦠꦿꦶꦩꦫꦶꦏ꧀ꦱꦤ꧀ꦤꦶꦏꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦦꦿꦧꦸ Tristan ꦤꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦚ꧀ꦗꦼꦫꦶꦠ꧀ꦱꦂꦮꦶꦱꦱꦩ꧀ꦧꦠ꧀꧇​ꦝꦸꦃ꧈​ꦩꦶꦠꦿꦏꦸꦭ꧈​ꦱꦪꦏ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦼꦒ꧀ꦗꦱꦔꦼꦠ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦼꦗꦃꦲꦶꦏꦁꦒꦺꦩꦶꦠꦸꦭꦸꦁꦔꦶꦱꦫꦶꦫꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀꧉​

꧋ꦏꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀꧈​ꦭꦩ꧀ꦥꦃꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦧ꧀ꦢꦶꦲꦧ꧀ꦢꦶꦱꦲꦦꦿꦧꦸ Tristan ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦲꦶꦁꦱꦗꦮꦶꦤꦶꦁꦏꦶꦛ꧈​ꦤꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦔꦼꦤꦼꦂꦝꦠꦼꦁꦥꦁꦒꦺꦤꦤ꧀ꦥꦔꦺꦴꦧꦺꦴꦁꦔꦤ꧀꧉​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦲꦤ꧀ꦠꦮꦶꦱ꧀ꦢꦔꦸꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦠꦿꦶꦪꦝꦠꦼꦁꦲꦚꦤ꧀ꦢꦼꦂꦫꦏꦼꦤ꧀ꦏꦥꦭ꧀ꦠꦸꦩ꧀ꦥꦏ꧀ꦏꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦱꦠꦿꦶꦪꦮꦲꦸꦧꦫꦺꦴꦤ꧀ Dinas ꦲꦶꦁ Lidan꧈​ꦩꦶꦠꦿꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦦꦿꦧꦸ Tristan꧉​ꦱꦉꦁꦧꦫꦺꦴꦤ꧀ Dinas ꦤꦩ꧀ꦥꦶꦝꦮꦸꦃꦠꦶꦩ꧀ꦧꦭ꧀ꦭꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦁꦦꦿꦧꦸ꧈​ꦲꦺꦁꦒꦭ꧀ꦲꦤꦶꦭꦂꦏꦫꦠꦺꦴꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦱꦺꦴꦮꦤ꧀ꦲꦶꦁꦯꦁꦤꦠ꧉​ꦮꦶꦕꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧇​ꦲꦤꦏ꧀ꦏꦸꦭ Tristan꧈​ꦏꦸꦭꦲꦺꦁꦒꦭ꧀ꦮꦁꦱꦸꦭ꧀ꦱꦺꦴꦮꦤ꧀ꦱꦁꦦꦿꦧꦸꦩꦭꦶꦃ꧈​ꦧꦺꦴꦏ꧀ꦩꦤꦮꦶꦯꦁꦤꦠꦲꦶꦁꦏꦁꦧꦝꦺꦲꦩꦸꦠꦸꦱ꧀ꦥꦿꦏꦮꦶꦱ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦤ꧀ꦝꦲꦂꦲꦠꦸꦂꦏꦸꦭꦏꦂꦱꦥꦫꦶꦁꦥꦔꦥꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀ꦱꦂꦠꦝꦠꦼꦁꦯꦁꦥꦸꦠꦿꦶ꧉​ꦏꦭꦮꦲꦸꦏꦸꦭꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦒꦝꦃꦥꦤꦸꦮꦸꦤ꧀ꦱꦏꦼꦝꦶꦏ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦶꦠꦸꦭꦸꦁꦔꦶꦱꦮꦠꦮꦶꦱ꧀ꦝꦠꦼꦁꦱꦫꦶꦫꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀꧈​ꦱꦂꦠꦏꦥꦫꦶꦔꦤ꧀ꦲꦶꦢꦶꦤ꧀꧈​ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦥꦸꦤꦶꦏꦱꦸꦥꦢꦺꦴꦱ꧀ꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀ꦏꦲꦶꦫꦶꦢ꧀ꦲꦶꦁꦔꦂꦱꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦁꦦꦿꦧꦸꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦩꦮꦶꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦼꦤ꧀ꦠ꧉​ꦧꦫꦺꦴꦤ꧀ Dinas ꦤꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦮꦶꦕꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦲꦧ꧀ꦢꦶꦲꦧ꧀ꦢꦶꦮꦲꦸ꧇​ꦲꦺꦃ꧈​ꦏꦺꦴꦚ꧀ꦕ꧈​ꦏꦸꦭꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦩꦸꦥꦏꦠ꧀ꦱꦔꦼꦠ꧀꧈​ Tristan ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦧꦺꦴꦤ꧀ꦢ꧈​ꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀ꦱꦢꦪꦫꦏ꧀ꦱꦩꦶꦲꦩ꧀ꦧꦼꦏ꧀ꦠꦥꦼꦝꦁ꧈​ꦏꦁꦒꦺꦲꦚ꧀ꦗꦒꦶꦩꦤꦮꦶ Tristan ꦱꦸꦩꦼꦢꦾꦭꦸꦩꦗꦼꦁ꧉​ꦧꦫꦺꦴꦤ꧀ꦱꦸꦩꦼꦢꦾꦭꦸꦩꦗꦼꦁ꧉​ꦧꦫꦺꦴꦤ꧀ Dinas ꦤꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦔꦸꦕꦸꦭ꧀ꦭꦶꦧꦧꦤ꧀ꦢꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦦꦿꦧꦸ Tristan ꦱꦲꦲꦔꦩ꧀ꦧꦸꦁꦭꦛꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦱꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦤꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦸꦩ꧀ꦥꦏ꧀ꦏꦥꦭ꧀ꦩꦭꦶꦃ꧉​

꧋ꦲꦶꦁꦔꦤ꧀ꦝꦥ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦥꦫꦩꦲꦺꦴꦱ꧀ꦧꦝꦺꦚꦸꦩꦼꦉꦥ꧀ꦥꦶꦲꦸꦠꦮꦶꦩꦶꦉꦁꦔꦏꦼꦤ꧀ꦏꦩꦶꦫꦃꦲꦤ꧀ꦤꦶꦁꦦꦔꦺꦫꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦤꦤ꧀ꦝꦁꦥꦥ꧉​ꦦꦔꦺꦫꦤ꧀ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦲꦔꦶꦢꦶꦤ꧀ꦤꦶꦦꦿꦧꦸ Tristan ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦼꦗꦃꦲꦶꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦥꦼꦗꦃꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦠꦶꦪꦁꦲꦮꦺꦴꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦤꦤ꧀ꦝꦁꦢꦺꦴꦱ꧉​ꦦꦔꦺꦫꦤ꧀ꦔꦧꦸꦭ꧀ꦭꦏꦼꦤ꧀ꦥꦤꦸꦮꦸꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦠꦶꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦤꦒꦫꦶ Cornwallis ꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦱꦩ꧀ꦧꦠ꧀ꦱꦂꦠꦲꦩꦼꦩꦸꦗꦶꦱꦸꦥꦢꦺꦴꦱ꧀ꦥꦫꦭꦸꦲꦸꦂꦏꦼꦏꦭꦶꦃꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦶꦃꦱꦶꦤꦶꦃꦲꦤ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦲꦤꦼꦩꦃꦲꦶꦥꦼꦗꦃꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦩꦏꦠꦼꦤ꧀꧉​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦠꦼꦧꦶꦃꦱꦏꦶꦁꦩꦂꦒꦶꦲꦶꦁꦏꦁꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦭꦁꦏꦸꦁꦔꦶꦦꦿꦧꦸ Tristan ꦮꦲꦸꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦠꦸꦁꦒꦶꦭ꧀ꦭꦶꦁꦒꦫꦺꦗ꧈​ꦢꦸꦩꦸꦤꦸꦁꦱꦥꦶꦁꦒꦶꦫꦶꦁꦱꦒꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦥꦱꦶꦱꦶꦂꦫꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦚ꧀ꦗꦸꦊꦒ꧀ꦱꦔꦼꦠ꧀꧉​ꦠꦺꦩ꧀ꦧꦺꦴꦏꦶꦁꦒꦫꦺꦗꦥꦸꦤꦶꦏꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦱꦶꦱꦶꦃꦲꦔꦗꦼꦁꦔꦏꦼꦤ꧀ꦥꦱꦶꦱꦶꦂꦱꦲꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦗꦤ꧀ꦝꦺꦭꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦭꦶꦠ꧀꧉​ꦲꦶꦁꦔꦿꦶꦏꦸꦦꦿꦧꦸ Tristan ꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦝꦠꦼꦁꦲꦧ꧀ꦢꦶꦲꦧ꧀ꦢꦶꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦔꦶꦫꦶꦢ꧀ꦥꦚ꧀ꦗꦼꦤꦼꦁꦔꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧇​ꦝꦸꦃ꧈​ꦏꦺꦴꦚ꧀ꦕ꧈​ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦲꦤ꧀ꦠꦮꦶꦱ꧀ꦢꦔꦸꦩꦭꦶꦃꦏꦸꦭꦧꦝꦺꦲꦤꦼꦩꦃꦲꦶꦥꦼꦗꦃ꧈​ꦥꦿꦩꦶꦭꦩꦸꦒꦶꦏꦲꦶꦢꦶꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦏꦸꦭꦭꦸꦩꦼꦧꦼꦠ꧀ꦲꦶꦁꦒꦫꦺꦗꦥꦸꦤꦶꦏꦱꦏꦼꦝꦥ꧀ꦥꦼꦂꦭꦸꦱꦼꦩ꧀ꦧꦲꦾꦁ꧈​ꦲꦤꦸꦤꦸꦮꦸꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦲꦏꦮꦱꦱꦸꦥꦢꦺꦴꦱ꧀ꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦥꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦢꦺꦴꦱꦏꦸꦭ꧉​ꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀ꦱꦢꦪꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦱꦩꦶꦱꦸꦩꦼꦉꦥ꧀ꦧꦶꦭꦶꦃꦩꦂꦒꦶꦝꦠꦼꦁꦒꦫꦺꦗꦥꦸꦤꦶꦏꦤꦩꦸꦁꦱꦠꦸꦁꦒꦭ꧀꧈​ꦱꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦤꦶꦁꦱꦼꦩ꧀ꦧꦲꦾꦁꦏꦸꦭꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦧꦝꦺꦩꦱꦿꦃꦲꦏꦼꦤ꧀ꦧꦢꦤ꧀ꦏꦸꦭꦩꦭꦶꦃꦝꦠꦼꦁꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀꧉​ꦲꦧ꧀ꦢꦶꦲꦧ꧀ꦢꦶꦮꦲꦸꦤꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦮꦶꦕꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦩꦏꦠꦼꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦏꦺꦴꦚ꧀ꦕꦏꦚ꧀ꦕꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧇​ꦏꦺꦴꦚ꧀ꦝ꧈​ꦱꦸꦩꦺꦴꦁꦒꦱꦩꦶꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦶꦠꦸꦫꦸꦠ꧀ꦠꦶꦥꦤꦼꦝꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦦꦿꦧꦸ Tristan꧉​ꦱꦲꦤꦸꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦥꦸꦫꦶꦃꦭꦸꦩꦼꦧꦼꦠ꧀ꦲꦶꦁꦒꦫꦺꦗ꧉​ꦱꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦊꦧꦼꦠ꧀ꦠꦶꦁꦒꦫꦺꦗ꧈​ꦦꦿꦧꦸ Tristan ꦭꦗꦼꦁꦲꦩ꧀ꦧꦶꦏꦏ꧀ꦗꦤ꧀ꦝꦺꦭ꧈​ꦩꦭꦸꦩ꧀ꦥꦠ꧀ꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦥꦱꦶꦱꦶꦂ꧈​ꦩꦂꦒꦶꦲꦁꦒꦭꦶꦃꦭꦁꦏꦸꦁꦱꦲꦺꦥꦼꦗꦃꦝꦮꦃꦝꦠꦼꦁꦲꦶꦁꦱꦺꦭꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦒꦼꦁꦲꦒꦼꦁꦥꦸꦤꦶꦏꦠꦶꦤꦶꦩ꧀ꦧꦁꦥꦼꦗꦃꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦺꦴꦧꦺꦴꦁꦠꦶꦤꦺꦴꦤ꧀ꦠꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺꦤꦶꦁꦥꦫꦧꦫꦺꦴꦤ꧀ꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦱꦤꦺꦱ꧀ꦱꦤꦺꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀꧉​ꦏꦮꦸꦤꦶꦔꦤꦥꦫꦩꦲꦺꦴꦱ꧀꧈​ꦱꦏꦶꦁꦏꦥꦉꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦦꦔꦺꦫꦤ꧀꧈​ꦏꦭꦱꦩꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦔꦶꦤ꧀ꦲꦒꦼꦁ꧉​ꦥꦔꦁꦒꦺꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦦꦿꦧꦸ Tristan ꦏꦔꦶꦤ꧀ꦤꦤ꧀꧈​ꦩꦊꦤ꧀ꦝꦸꦁꦏꦢꦺꦴꦱ꧀ꦧꦭꦺꦴꦤ꧀꧈​ꦥꦿꦩꦶꦭꦝꦮꦃꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦦꦿꦧꦸ Tristan ꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦫꦒꦶꦲꦭꦺꦴꦤ꧀꧉​ꦱꦤꦗꦤ꧀ꦝꦮꦃꦲꦶꦁꦱꦺꦭꦲꦒꦼꦁꦤꦔꦶꦁꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦲꦤ꧀ꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦱꦏꦼꦤ꧀ꦠꦶꦮꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀꧉​ꦦꦿꦧꦸ Tristan ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦭꦸꦩꦗꦼꦁꦲꦚꦶꦁꦏꦶꦂꦫꦶꦧꦼꦧꦪ꧉​ꦱꦏꦶꦁꦏꦠꦼꦧꦶꦃꦲꦤ꧀ꦲꦩꦿꦶꦏ꧀ꦱꦤ꧀ꦤꦶꦭꦠꦸꦤꦶꦁꦥꦔꦺꦴꦧꦺꦴꦁꦔꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦩꦸꦭꦢ꧀ꦩꦸꦭꦢ꧀ꦲꦸꦫꦸꦧ꧀ꦧꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦒꦶꦭ꧀ꦱꦔꦼꦠ꧀꧉​ꦲꦧ꧀ꦢꦶꦲꦧ꧀ꦢꦶꦮꦲꦸꦠꦤ꧀ꦱꦃꦔꦼꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦱꦶꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦺꦴꦫꦶꦱꦔꦗꦼꦁꦔꦶꦁꦒꦫꦺꦗ꧉​ꦔꦤ꧀ꦠꦺꦴꦱ꧀ꦢꦸꦩꦸꦒꦶꦱꦩꦁꦏꦺꦠꦶꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁ Cornwallis ꦲꦩꦱ꧀ꦠꦤ꧀ꦤꦶꦱꦺꦭꦲꦒꦼꦁꦮꦲꦸ꧇​ꦱꦺꦭ Tristan ꦲꦚ꧀ꦗ꧀ꦭꦺꦴꦒ꧀꧉​ꦱꦉꦁꦯꦁ Gorneval ꦩꦶꦉꦁꦧꦶꦭꦶꦃꦧꦼꦤ꧀ꦢꦫꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦲꦚꦶꦁꦏꦶꦂꦫꦶꦧꦧꦪ꧈​ꦲꦺꦁꦒꦭ꧀ꦤꦸꦩ꧀ꦥꦏ꧀ꦏꦥꦭ꧀ꦱꦱꦤ꧀ꦢꦼꦫꦤ꧀ꦩꦼꦢꦭ꧀ꦝꦠꦼꦁꦱꦗꦮꦶꦤꦶꦁꦏꦶꦛꦱꦂꦮꦶꦲꦔꦁꦒꦂꦥꦼꦝꦁ꧉​ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦲꦫꦲꦫꦱꦒꦼꦢ꧀ꦤꦸꦠꦸꦠ꧀ꦠꦶꦭꦩ꧀ꦥꦃꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦦꦿꦧꦸ Tristan꧈​ꦥꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ Tristan꧇​ꦎ꧈​ꦒꦸꦫꦸ꧈​ꦓꦸꦱ꧀ꦠꦶꦄꦭ꧀ꦭꦃꦲꦥꦫꦶꦁꦏꦮꦼꦭꦱ꧀ꦱꦤ꧀ꦝꦠꦼꦁꦏꦸꦭ꧈​ꦤꦔꦶꦁꦥꦸꦤꦥꦥꦲꦺꦢꦃꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦒꦼꦱꦁꦏꦸꦭꦥꦸꦤꦶꦏ꧈​ꦩꦤꦮꦶꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦱꦱꦉꦁꦔꦤ꧀ꦏꦭꦶꦪꦤ꧀ Isolde꧈​ꦠꦤ꧀ꦥ Iselde ꦒꦼꦱꦁꦏꦸꦭꦥꦸꦤꦶꦏꦱꦲꦺꦱ꧀ꦠꦸꦠꦤ꧀ꦥꦒꦸꦤ꧉​ꦥꦸꦤꦥꦲꦢꦺꦤꦺꦧꦢꦤ꧀ꦏꦸꦭꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦲꦗꦸꦂꦤꦭꦶꦏꦝꦮꦃꦏꦭꦮꦲꦸ꧉​ꦝꦸꦃ꧈​ Isolde ꦏꦸꦭꦱꦒꦼꦢ꧀ꦲꦔꦺꦴꦚ꧀ꦕꦠ꧀ꦠꦶꦧꦧꦪ꧈​ꦤꦔꦶꦁꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀ꦧꦝꦺꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦼꦗꦃꦲꦶ꧉​ꦗꦭꦂꦫꦤ꧀ꦏꦊꦥꦠ꧀ꦠꦤ꧀ꦏꦸꦭ꧈​ꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀ꦧꦝꦺꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦺꦴꦧꦺꦴꦁ꧈​ꦤꦔꦶꦁꦏꦸꦭꦲꦶꦁꦒꦶꦃꦥꦸꦫꦸꦤ꧀ꦥꦼꦗꦃꦲꦩ꧀ꦧꦺꦭꦤ꧀ꦤꦶꦱꦩ꧀ꦥꦺꦪꦤ꧀꧉​ Gorneval ꦭꦗꦼꦁꦮꦶꦕꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀꧈​ꦱꦠꦿꦶꦪ꧈​ꦔꦗꦼꦁꦥꦸꦤꦶꦏꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦒꦫꦸꦩ꧀ꦧꦸꦭ꧀꧈​ꦏꦶꦤꦸꦧꦼꦁꦲꦶꦁꦏꦭꦺꦤ꧀ꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦱꦠ꧀ꦠꦺꦴꦪꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀꧈​ꦱꦸꦩꦺꦴꦁꦒꦱꦩꦶꦱꦶꦱꦶꦔꦶꦢ꧀ꦢꦤ꧀ꦲꦶꦁꦔꦿꦶꦏꦸ꧉​ꦏꦛꦃꦠꦶꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦭꦁꦏꦸꦁꦲꦶꦁꦩꦂꦒꦶꦱꦕꦼꦭꦏ꧀ꦏꦶꦁꦒꦿꦸꦩ꧀ꦧꦸꦭ꧀ꦥꦸꦤꦶꦏ꧉​ꦠꦶꦠꦶꦪꦁꦮꦲꦸꦧꦝꦺꦱꦒꦼꦢ꧀ꦕꦫꦶꦪꦺꦴꦱ꧀ꦥꦸꦤꦥꦲꦶꦁꦏꦁꦏꦢꦢꦺꦴꦱ꧀ꦱꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦔꦺꦴꦧꦺꦴꦁꦔꦤ꧀꧈​ꦩꦤꦮꦶꦥꦸꦠꦿꦶ Isolde ꦱꦲꦺꦱ꧀ꦠꦸꦢꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦺꦴꦧꦺꦴꦁꦏꦸꦭꦱꦸꦩ꧀ꦥꦃꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦧꦝꦺꦠꦶꦊꦩ꧀ꦠꦶꦊꦩ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦱꦊꦧꦼꦠ꧀ꦠꦶꦁꦒꦿꦶꦪꦩꦤꦮꦶꦢꦺꦫꦺꦁꦲꦩꦊꦱ꧀ꦲꦸꦏꦸꦩ꧀ꦝꦠꦼꦁꦠꦶꦠꦶꦪꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦱꦩꦶꦲꦔꦺꦴꦧꦺꦴꦁꦦꦸꦠꦿꦶ Isolde ꦮꦲꦸ꧉​

꧋ꦥꦔꦤ꧀ꦢꦶꦏꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦦꦿꦧꦸ Tristan꧇​ꦝꦸꦃ꧈​ꦒꦸꦫꦸ꧈​ꦏꦸꦭꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦒꦝꦃꦥꦼꦝꦁ꧉​

(ꦧꦝꦺꦏꦱꦩ꧀ꦧꦼꦠ꧀ꦠꦤ꧀꧈​)

FEUILLETON

Lêlampahanipun Prabu Tristan lan Putri Isolde besut

15

Prabu Tristan wau kenging kawastanan dora utawi botên. Sayaktosipun sanès pandamêling tiyang ingkang anêtêpakên awon saening lêlampahanipun tiyang, nanging pangadilanipun ingkang kawasa. Têtiyang sadaya namung ningali pandamêling tiyang ingkang badhe katêtêpakên awon saening lêlampahanipun wau. Nanging Gusti Allah sagêd nguningani manahipun tiyang wau sarta namung Gusti Allah ingkang sagêd andhawahakên pangadilan tanpa pilih kasih, ingkang jêjêg, pramila kawontênakên pangaturan, sadhengah tiyang ingkang kadakwa awon sagêd anyirnakakên pandakwa awon wau sarana aprang tandhing. Margi Gusti Allah namung badhe aparing unggul dhatêng tiyang ingkang lêrês lêlampahanipun. Anêtêpi dhatêng pangaturan wau Prabu Tristan kagungan panuwun dhatêng ingkang Rama Prabu Marc supados kaabên prang tandhing, botên nyana pisan-pisan bilih sariranipun badhe kapatrapan paukuman, saupami uningaa, para baron ingkang sami awon manahipun wau saèstu badhe dipun pêjahi.

8

Prabu Tristan Lumumpat saking Jandhelaning Gareja.

Kacariyos, ing dalu punika ugi têtiyang ing salêbêting kitha Cornwallis sampun sami mirêng wartos bilih Prabu Tristan saha sang pramèswari dipun tukup, sarta badhe kapatrapan paukuman pêjah. Sadaya tiyang ing salêbêting kitha, jalêr èstri, sêpuh anèm, sugih miskin, sami nangis, wêlas dhatêng para luhur kêkalih ingkang badhe kapatrapan ukuman pêjah margi saking pitênahing têtiyang ingkang awon manahipun wau. Sêsambatipun, dhuh, Tristan, baron ingkang bèr ing kawanèn, punapa paduka kêdah nêmahi tiwas margi pandamêling têtiyang ingkang awon manahipun. Makatên ugi paduka sang pramèswari. Ing pundi wontên nata kagungan putri ingkang endah warninipun kados paduka. Sadaya wau jalaran saking pitênahipun tiyang bucu ingkang awon manahipun punika. Ingkang makatên wau mugi-mugi pun bucu manggih bêbêndoning Kang Maha Kawasa.

Dhuh, Tristan, mitra ingkang pinunjul ing warni, kala Morhout dhatêng ing ngriki badhe amboyongi anak kula sadaya jalêr èstri, botên wontên baron satunggil-tunggila ingkang wani nandhingi pêrangipun, malah botên wontên ingkang wani amangsuli panantangipun. Namung paduka Tristan ingkang purun ambelani dhatêng kula sadaya saha sagêd amêjahi Morhout wau. Nanging paduka nandhang tatu ngantos badhe nêmahi tiwas jalaran dêdamêlipun Morhout ingkang mawa wisa wau. Punapa kula sadaya ingkang sampun nampèni kasaenan paduka samantên agêngipun punika kêdah namung narimah sarta kèndêl kemawon, sumêrêp paduka badhe kapatrapan paukuman pêjah. Sadaya tiyang salêbêting kitha sami botên narimah dhatêng karsanipun Prabu Marc ingkang makatên wau, saha sami sowan dhatêng karaton. Nanging ing sarèhning sang nata dukanipun sangêt, dados botên wontên tiyang satunggil-tunggila ingkang wani matur punapa-punapa dhatêng sang prabu, makatên ugi para baron inggih botên wontên salah satunggal ingkang wani nglêrêpakên dukanipun sang nata.

Ing wanci enjing sadèrèngipun surya malêthèk, sang nata sampun têdhak dhatêng papan panggenan amutus prakawis saha amatrapi paukuman dhatêng têtiyang ingkang gadhah kalêpatan. Ing ngriku sang nata nuntên dhawuh damêl jugangan wiyar sarta lêbêt. Sarêng sampun dados lajêng kadhawuhan angisèni kêkajêngan sarta têtuwuhan ingkang mawa êri, kaisèkakên kalihan oyod sarta pang-pangipun. Sarêng sampun jam nêm enjing, sang prabu paring dhawuh supados kaundhangakên bilih para punggawa sadaya sami katimbalan sowan dhatêng ing papan panggenan amatrapi paukuman wau. Botên antawis dangu sadaya têtiyang ing salêbêting nagari Cornwallis sami dhatêng saha sami nangis, kajawi tiyang bucu wau. Pangandikanipun sang prabu: Hèh, para satriya, sarta sakabèhing wong ing Cornwallis, ingsun dhawuh gawe papan pangobongan iki kanggo angobong Tristan lan sang pramèswari, minăngka ukuman anggone wis padha anglakoni ala.

Para satriya lajêng sami matur: Dhuh, sang prabu, mugi têtiyang ingkang dinakwa anglampahi awon wau kalilana unjuk piatur, kangge animbang lêrês-lêpatipun pandakwa wau. Sayêktosipun nistha sangêt sarta kalêpatan, amatrapi ukuman pêjah dhatêng tiyang ingkang dèrèng kapariksa prakawisipun. Pramila panyuwun kawula sadaya mugi paduka karsa aparing antawis, sampun enggal-enggal andhawahakên ukuman, kajawi punika mugi karsa aparing pangapuntên dhatêng sakalih-kalihipun.

Mirêng aturipun para baron ingkang makatên wau sang nata malah sangsaya duka sangêt, pangandikanipun: Ingsun ora bakal paring antara lan angapura, sarta ora bakal mariksa bênêr lupute pandakwa mau. Sing sapa wani matur mangkono manèh bakal ingsun dhawuhake supaya diobong dhisik. Sang nata nuntên dhawuh anyulêd pangobongan wau sarta amêndhêt Tristan saking ing karaton. Kala samantên latu sampun murub mulad-mulad agêng sangêt, sadaya tiyang sami kèndêl kemawon margi ajrih dhatêng sang prabu. Makatên ugi sang nata inggih kèndêl kemawon, angêntosi dhatênging utusan ingkang kadhawahan ngirid Prabu Tristan.

Kacariyos sadumuginipun ing karaton, abdi-abdi ingkang kautus amêndhêt Prabu Tristan wau, anjujug ing kamar panggenanipun Prabu Tristan saha Sang Putri Isolde ingkang sami binêsta sarta kajagi ing prajurit. Astanipun Prabu Tristan lajêng kacêpêng, dipun glandhang mêdal lajêng kabêkta lumampah dhatêng papan pangobongan. Saking lingsêmipun anandhang kanisthan samantên agêngipun punika, Prabu Tristan samargi-margi tansah muwun, nanging ingkang makatên wau botên migunani. Sarêng sang putri mariksani kawontênanipun Prabu Tristan nuntên anjêrit sarwi sêsambat: Dhuh, mitra kula, sayaktosipun bêgja sangêt dipun pêjahi kangge mitulungi sarira sampeyan.

Kacariyos, lampahipun abdi-abdi saha Prabu Tristan sampun dumugi ing sajawining kitha, nuntên angênêr dhatêng panggenan pangobongan. Botên antawis dangu wontên satriya dhatêng anyandêrakên kapal tumpakanipun, satriya wau Baron Dinas ing Lidan, mitranipun Prabu Tristan. Sarêng Baron Dinas nampi dhawuh timbalanipun sang prabu, enggal anilar karatonipun, sowan ing sang nata. Wicantênipun: Anak kula Tristan, kula enggal wangsul sowan sang prabu malih, bokmanawi sang nata ingkang badhe amutus prakawis punika andhahar atur kula karsa paring pangapuntên dhatêng sampeyan sarta dhatêng sang putri. Kala wau kula sampun gadhah panuwun sakêdhik ingkang mitulungi sawatawis dhatêng sarira sampeyan, sarta kaparingan idin, inggih punika supados sampeyan kairid ing ngarsanipun sang prabu botên mawi dipun bênta.[8] Baron Dinas nuntên wicantên dhatêng abdi-abdi wau: Hèh, kănca, kula botên mupakat sangêt, Tristan dipun bănda, sampeyan sadaya rak sami ambêkta pêdhang, kangge anjagi manawi Tristan sumêdya lumajêng. Baron Dinas nuntên anguculi bêbandanipun Prabu Tristan saha angambung lathinipun, sasampunipun nuntên numpak kapal malih.

Ing ngandhap punika para maos badhe nyumêrêpi utawi mirêngakên kamirahaning Pangeran dhatêng tiyang ingkang nandhang papa. Pangeran botên angidini Prabu Tristan dipun pêjahi kados pêjahipun têtiyang awon ingkang nandhang dosa. Pangeran ngabulakên panuwunipun têtiyang ing nagari Cornwallis ingkang sêsambat sarta amêmuji supados para luhur kêkalih ingkang sih-sinihan punika sampun ngantos anêmahi pêjah kados makatên. Botên têbih saking margi ingkang dipun langkungi Prabu Tristan wau wontên satunggiling gareja, dumunung sapinggiring sagantên ingkang pasisiripun anjulêg sangêt. Temboking gareja punika ingkang sasisih angajêngakên pasisir saha wontên jandhelanipun alit. Ing ngriku Prabu Tristan ngandika dhatêng abdi-abdi ingkang angirid panjênêngapun:[9] Dhuh, kănca, botên antawis dangu malih kula badhe anêmahi pêjah, pramila mugi kaidinan kula lumêbêt ing gareja punika sakêdhap pêrlu sêmbahyang, anênuwun dhatêng Ingkang Maha Kawasa supados dipun apuntên dosa kula. Sampeyan sadaya inggih sami sumêrêp bilih margi dhatêng gareja punika namung satunggal, sasampuning sêmbahyang kula inggih badhe masrahakên badan kula malih dhatêng sampeyan. Abdi-abdi wau nuntên wontên ingkang wicantên makatên dhatêng kănca-kancanipun: Kănydha,[10] sumăngga sami dipun pituruti panêdhanipun Prabu Tristan. Saha nuntên kapurih lumêbêt ing gareja. Sadumuginipun ing salêbêting gareja, Prabu Tristan lajêng ambikak jandhela, malumpat dhatêng ing pasisir, margi anggalih langkung sae pêjah dhawah dhatêng ing sela ingkang agêng-agêng punika tinimbang pêjah dipun obong tinonton dening para baron tuwin sanès-sanèsipun. Kawuningana para maos, saking kaparêngipun Pangeran, kala samantên wontên angin agêng. Panganggenipun Prabu Tristan kanginan, malêndhung kados balon, pramila dhawahipun Prabu Tristan inggih ragi alon. Sanajan dhawah ing sela agêng nanging botên andadosakên tiwasipun. Prabu Tristan sagêd lumajêng anyingkiri bêbaya. Saking katêbihan amriksani latuning pangobongan ingkang mulad-mulad urubipun inggil sangêt. Abdi-abdi wau tansah ngêntosi wontên ing kori sangajênging gareja. Ngantos dumugi samangke têtiyang ing Cornwallis amastani sela agêng wau: sela Tristan anjlog. Sarêng Sang Gorneval mirêng bilih bêndaranipun sagêd anyingkiri bêbaya, enggal numpak kapal sêsandêran mêdal dhatêng sajawining kitha sarwi anganggar pêdhang. Wontên ing ara-ara sagêd nututi lampahipun Prabu Tristan, pangandikanipun Tristan: O, guru, Gusti Allah aparing kawêlasan dhatêng kula, nanging punapa paedahipun gêsang kula punika, manawi botên sêsarêngan kalihan Isolde, Tanpa Iselde[11] gêsang kula punika saèstu tanpa guna. Punapaa dene badan kula botên ajur nalika dhawah kala wau. Dhuh, Isolde kula sagêd angoncati bêbaya, nanging sampeyan badhe dipun pêjahi. Jalaran kalêpatan kula, sampeyan badhe dipun obong, nanging kula inggih purun pêjah ambelani sampeyan.

Gorneval lajêng wicantên, satriya, ngajêng punika wontên garumbul, kinubêng ing kalèn ingkang asat toyanipun, sumăngga sami sêsingidan ing ngriku. Kathah têtiyang ingkang langkung ing margi sacêlaking grumbul punika. Têtiyang wau badhe sagêd cariyos punapa ingkang kadadosan wontên ing pangobongan, manawi Putri Isolde saèstu dipun obong kula sumpah botên badhe tilêm-tilêm wontên ing salêbêting griya manawi dèrèng amalês ukum dhatêng têtiyang ingkang sami angobong Putri Isolde wau.

Pangandikanipun Prabu Tristan: Dhuh, guru, kula botên gadhah pêdhang.

(Badhe kasambêtan).

}}

Majalah Kajawen taun 1927
Kajawen 006 1927-02-10
(Index)
Kajawen 021 1927-05-26
(Index)
Kajawen 026 1927-06-30
(Index)
Kajawen 031 1927-08-04
(Index)
Kajawen 034 1927-08-25
(Index)
Kajawen 035 1927-09-01
(Index)
Kajawen 037 1927-09-15
(Index)
Kajawen 040 1927-10-06
(Index)
Kajawen 041 1927-10-13
(Index)
Kajawen 043 1927-10-27
(Index)
Kajawen 050 1927-12-15
(Index)
Kajawen 052 1927-12-29
(Index)

{{#ifeq:1927|1927|