Kidung Megatruh

[ 71 ]KORBAN

Ivonne Oktaviani

Sorekuwiingomahe Cyelin.

“Fell, ora krasa awake dhewe wis mlebu SMA, ya. Kayane lagi wingi aku, Kezia karo kowe ndaftar bareng mlebu SMP,” kandhane Cyelin marang Fella. “Iya, Lin. Nanging aku rada jengkel nalika MOS wingi kae. Kakak kelase dhewe mrintah-mrintah sakepenake dhewe.”

“Ora kaya ngono, Fell. Jenenge wae MOS, ya kudu kaya ngono. Wingi nalika 'makrab' kakak-kakak Pembina MOS wis njaluk ngapura. Dheweke padha ngrumangsanai wis gawe kaluputan marang murid-murid anyar,” wangsulane Kezia. “Yaw is, saiki wis bengi. Sesuk padha sekolah. Ayo, Kez mulih bareng,” Fella ngajak Kezia. “Aku karo Fella mulih dhisik ya, sesuk mangkat sekolah bebarengan.”

Kezia lan Fella banjur mulih menyang omahe dhewe-dhewe. Cyelin, Kezia, lan Fella kekancan wis suwi banget. Wiwit SD nganthi saiki. Fella iku anak tunggal, nanging Bapak lan Ibune wis pegatan, dadi dheweke kurang kasih sayang. Yen Kezia, wong tuwane sugih, duwe adik lanang, nanging duwe lara kanker. Cyelin kuwi anak tunggal, ayu, sugih, lan pinter, Nanging Ibune wis seda lan Bapake ora tau ngurusi amarga sibuk karo gaweyanedhewe.

Yen didelok-delok, Cyelin kuwi bocah sing paling bejo, nanging ana siji kekurangan sing nggawe Cyelin ora pede lan kadang-kadang diseriki karo kancane. Mripate Cyelin wuta, ora bisa ndelok apa-apa. Mulane kancane loro kuwi, Fella lan Kezia saben dina yen arep mangkat sekolah, ngampiri Cyelin dhisik lan nuntun tekan sekolah. Sekolahe cedhak karo omahe Cyelin. Tekan sekolah, Fella sing wiwit mau mbesengut, pamitan,

"Lin, Kez, aku ning kamar mandi dhisik, ya!" Cyelin karo Kezia durung nyauri, Fella langsung mlayu. Kezia bingung amarga Fella ora kaya biyasane. Sawise Kezia nglungguhake Cyelin ning bangkune, Kezia langsung nggoleki Fella. Kezia ngerti Fella karo Susi lagi omong-omong wong loro.

Ora sengaja Kezia krungu. Kezia kaget nalika krungu menawa Fella apikan karo Cyelin kuwi sejatine ora ikhlas. Fella wis bosen saben[ 72 ]saben kudu nuntun Cyelin menyang endi-endi. Nanging, Fella tetep imba- imba apik karo Cyelin amarga Fella butuh duwit kanggo tuku ape. Ooo, dadi yen Fella imba-imba apik karo Cyelin, mesthi Cyelin gelem menehi dhuwit Fella.

Kezia kaget banget lan ora nyana menawa Fella serik banget lan duweniyat ala marang Cyelin. Kezia bingung arep kandha Cyelin apa ora. Wusanane Kezia niyat arep kandha karo Cyelin amarga Kezia tresna banget karo Cyelin lan ora trima menawa Cyelin arep dicilakani kaya ngono.

"Lin, aku arep kandha karo kowe nanging kowe aja kaget, ya. Fella kuwi saktenane ora ikhlas kekancan karo kowe. Dheweke apik karo kowe amarga duitmu, kowe mesthi ngati-ati karo Fella!" Kezia ngomong karo Cyelin.

"Mosok Fella kaya ngono Kez, aku ora percaya," Cyelin maido.

Esuke, Cyelin ngajak Fella mlaku-mlaku amarga Cyelin arep takon karo Fella apa sing diomongke Kezia kuwi bener. Sawise ditakoni, Fella langsung ngamuk lan ngomong menawa sing gawe-gawe Kezia amarga Kezia ora seneng menawa ndeleng Fella cedhak karo Cyelin. Fella imba- imba nangis supaya Cyelin mesaake karo Fella. Wusanane Cyelin luwih percaya karo Fella tinimbang karo Kezia. Wiwit dina kuwi, Cyelin ora tau ngomong karo Kezia, ora kekancan maneh karo Kezia. Cyelin dadi luwih cedhak karo Fella.

Sawijining wektu, Fella ngajak Cyelin mlaku-mlaku ning taman sing aduh karo omahe Cyelin. Tekan taman, Fella nembung njaluk duit karo Cyelin, alesane arep kanggo mbayar sekolah, amarga wis nunggak 6 wulan. Amarga Cyelin mesakake, banjur Fella diwenehi dhuwit. Sawise diwenehi duit, Fella ngrasa kurang, banjur nyolong dompete Cyelin sakisine. Sawise nyolong, Fella ninggallake Cyelin dhewekan ning taman kuwi. Cyelin bingung lan ora bisa bali. Bejane ana wong sing gelem nulung Cyelin lan ngeterke bali tekan omah.

Esuke, mangkat sekolah Cyelin diterke dening rewange. Tekan sekolah Cyelin entuk kabar yen Fella wis pindah sekolah krungu menawa Kezia mondhok ning Rumah Sakit amarga lara kankere kumat. Cyelin langsung lunga Rumah Sakit diterke sopire. Tekan Rumah Sakit, ibune Kezia mangis karo ngrangkul Cyelin. Ibune Kezia ngendika yen Kezia wis seda lan Kezia pesen yen korena mripate arep didonorke marang Cyelin. Krungu kaya mangkono, Cyelin ora sudi nampa, nanging Ibuke Kezia ngendika [ 73 ]menawa kuwi mau wis dadi wangsite Kezia, dadi ora bisa ditolak.

Wusanane Cyelin bisa ndeleng maneh amarga entuk donor saka mripate Kezia. Cyelin rumangsa salah marang Kezia, saiki Cyelin wis sadar lan ngerti sapa sing apik lan sapa sing ala. Cyelin nangis ning ngarep kuburane Kezia njaluk pangapura.

Ivonne Oktaviana, siswa SMA BOPKRI 1

Jalan Wardhani no.2, Yogyakarta. Telepon

(0274) 515359, 517800.

Lair 20 Oktober 1989. Alamat omah, Jalan Pedak Baru no.17, Gowok, Yogyakarta.

Telepon (0274) 488543.

Hobi: jalan-jalan.