Kunci Mardi Jawi SMP 2
KUNCI
MARDI JAWI
SMP
2
Kaimpun dening :
Drs. Soetarno
Penerbit "WIDYA DUTA" SURAKARTA
Jln. Honggowongso 139 telp. 6053
Kode Pos 57153
KUNCI
MARDI JAWI
SMP
2
Kaimpun dening :
Drs. Soetarno
Penerbit "WIDYA DUTA" SURAKARTA
Jln. Honggowongso 139 telp. 6053
Kode Pos 57153
[ Pratélaning isi ]
ISI BUKU
WULANGAN 1 ............................................................... 5
WULANGAN 2 ............................................................... 11
WULANGAN 3 ............................................................... 19
WULANGAN 4 ............................................................... 23
WULANGAN 5 ............................................................... 30
WULANGAN 6 ............................................................... 34
WULANGAN 7 ............................................................... 38
WULANGAN 8 ............................................................... 42
WULANGAN 9 ............................................................... 48
WULANGAN 10 ............................................................... 53
WULANGAN 11 ............................................................... 57
WULANGAN 12 ............................................................... 63
[ 5 ]
II. KAWRUH BASA
B
- Saben awal sasi Juli sekolahan-sekolahan nganakake pendaptaran murid anyar kang diarani PMB.
- Murid pindhahan saka sekolahan liya iku lumrahe dites dhisik.
- Wektu pasinaone murid SD ing dalem setaun diperang dadi telung caturwulan.
- Wektu pasinaone murid SMP ing dalem setaun diperang dadi rong semester.
- Murid-murid sing ora mlebu sekolah dicatheti ana absensi.
- Saben guru kagungan daptar kanggo nyatheti murid-murid sing mlebu sekolah kang diarani presensi.
- Daptar kang isi urut-urutan piwulang ing saben dinane diarani jadwal pelajaran.
- Saben dina Jumuah esuk murid, guru, karyawan wajib nindakake senam kang diarani SKJ.
- Saben akhir semester murid-murid wajib melu ulangan kang diarani tes sumatif.
- Saben pertengahan semeslier ing SMP lumrahe dianakake ulangan kang diarani tes-subsumatif.
- Ulangan kanggo njajagi apa kang ndadekake kangelane saben murid tumrap wulangan kang wis dilerangake diarani tes diagnostik.
- Ulangan kang kanggo dhasar mbecikake "proses belajar mengajar” diarani tes formatif.
- Tes kang jawabane kudu milih jawaban-jawaban kang cumawis utawa ngisi titik-titik kang wis sumadhiya iku diarani tes obyektif.
- Tes wujud pitakonan-pitakonan kang kudu dijawab kanthi nerangake sacetha-cethane (uraian) iku diarani tes essay.
- Saben "kelompok belajar” kudu kerep nganakake diskusi ngrembug wulangan-wulangan kang sakira angel.
C. Ukara kang migunakake tembung-tembung sing kandel pangecape :
- Proses belajar mengajar ing saben sekolahan wis ditata kaya kang kapacak ana ing jadwal pelajaran. [ 6 ]<poem>
2. Saben guru maringi garapan kokurikuler kang kena dirampungake sarana diskusi klompok. 3. Pendidikan kepramukaan iku klebu wulangan ekstra kurikuler. 4. Salah sawijining cara tumindaking CBSA saben kelas didhapuk ananing klompok belajar. 5. Manawa ana wulangan kang dirasa angel, para siswa banjur nganakake diskusi klompok. 6. Saben akir taun pelajaran sekolahan-sekolahan nganakake Evaluasi Belajar Tahap Akhir kang dicekak EBTA. 7. EBTANAS iku cekakan saka tembung Evaluasi Belajar Tahap Akhir Nasional kang tumuju marang para siswa kelas kang dhuwur dhewe ing saben sekolahan. 8. Siswa kang nduweni hak nampa STTB iku siswa kang wis ditemtokake lulus melu EBTANAS dening panitia penyelenggara. 9. Siswa kang melu EBTANAS iku oleh biji kang diarani DANEM yaiku cekakan saka tembung Data Nilai Ebtanas Murni. 10. Patroli Keamanan Sekolah kang kacekak dadi PKS iku tugase kaya dene Hansipe sekolahan.
D. Tegese tembung-tembung
1. ... dhasare pinter... | = | pancen, mula |
2.... adhedhasar Pancasila | = | awewaton |
3. ... dhasare watu | = | lemehe |
4. ... anggone dhasar dodolane ... | = | ngeler |
5. ... manggih akal | = | nemu |
6. ... kepanggih Abas | = | kepethuk, ketemu |
7. ... dipun panggihaken | = | ditemokake |
8.Panggih wau dipun ... | = | jenenge bocah |
9. ... sami pepanggihan | = | kumpul, srasehan |
10. ... manggiha kamulyan | = | angsala, nemua, oleha |
11. ... pinanggih Ali | = | kepethuk, ketemu |
12. kepanggih boten kepanggih kula borongaken ... | = | ketemu ora ketemu |
[ 7 ]III. PARAMASASTRA
A. Gatekna tuladha-tuladha iki!
(1). Tuladha ukara tanduk intransitip liyane :
- Asuku turu.
- Aku lagi adus.
- Adhiku wis tangi.
- Kancaku bisa singsot.
- Kanca-kanca padha ngguyu.
- Bocah-bocah padha ndhingkluk.
- Kowe bisa ndengengek?
- Kowe aja sedhakep!
- Budi karo Narti mleku-mleku.
- Pak Lurah manthuk-manthuk.
- Bocah nakal loro iku tabok-tinabok.
- Kowe karo adhimu aja tabok-tabokan!
(2). Tuladha tembung tanduk transitip liyane :
mbalang | nggared |
nambal | manah |
njereng | njemparing |
nggitik | ngundhuh |
nata | ngambu |
Tuladha liyane tembung tanduk intransitip sawise dipanambangi / utawa ake dadi tembung tanduk transitip!
ndongeng | --> | ndongengi, ndongengake |
ngomel | --> | ngomeli, ngomelake |
ngalah | --> | ngalahi, ngalahake |
dondom | --> | ndondomi, ndondomake |
mencolot | --> | mencocoli, mencolotake |
njangkah | --> | njangkahi, njangkahake |
ndhodhok | --> | ndhodhoki, ndhodhokake |
ngumpul | --> | ngumpuli, ngumpulake |
nggandhul | --> | nggandhuli, nggandhulake |
ngineb | --> | nginebi, nginebake |
[ 8 ]
Dhapukan ukara nganggo tembung tanduk transitip ing dhuwur Iki!
— Mau bengi ibu ndongengi adhiku.
— Ibu ndongengake Timun Emas.
— Kowe kuwi ngomeli sapa ta, Yu ?
— Kowe kuwi ngomelake apa, Yu ?
— Aku kerep ngalahi adhiku sing nakal.
— Bantering layune adhiku bisa ngalahake layune kancane.
— Ibu ndondomi kebayake.
— Ibu ndondomake kebayake marang penjait.
— Tikus mencoloti adhiku kang lagi turu.
— Lakumu mencolotake tikus kang lagi diindhik kucing.
— Bapak lagi njangkahi ambane dalan ing ngarepku.
— Aku ora bisa njangkahake sikilku kang abuh iki.
— Mau bengi ana petengan bapak ndhodhoki maling kang mlebu ing pekaranganku.
— Hansip lagi ndhodhokake wong-wong kang padha nonton wayang.
— Ana kampungmu kowe kudu gelem ngumpuli warga kampung, aja urip ndhewe!
— Wingi Pengurus RT ngumpulake para mudha ing lingkungane.
— Aku lagi nggandhuli timba supaya bisa nyilem.
— Sapa sing nggandhulake lonceng ana ing uwit iki ?
— Yen bengi aku kajibah nginebi lawang-lawang.
— Sapa sing nginabake lawang gedhe iku kudu ngali-ali.
(3). Tuladha dhapukaning ukara nganggo tembung tanggap :
(1). — Bukune dakgawa menyang sekolahan.
— Buku-bukune dakgawani menyang sekolahan.
— Buku-bukune dakgawakake murid-murid.
(2). — Bukune kogawa menyang ngendi, ta ?
— Buku-bukune kogawani menyang ngendi bae ?
— Bukune kogawakake sapa?
[ 9 ](3). - Bukune digawa kancaku.
- Buku-bukune digawani kanca-kancaku.
- Bukune digawakake kancaku menyang omah.
(4). - Bukune kagawa kanca menyang omahe.
- Buku-bukune kagawani kanca-kanca menyang omahe dhewe-dhewe.
- Bukune kagawakake kanca menyang omahku.
(5). - Bukuku apa kegawa kancaku menyang omahe ?
(6). - Bukuku ginawa kanca arep diwaca.
B. Latihan :
Dhapukaning ukara tanggap :
- Gegere kancaku dakkukur.
- Jembare sawahku dak-ukur.
- Jembare sawah-sawah diukuri juru ukur.
- Buku-bukuku diwacani Narti.
- Layang dikirimake Narto marang kancane.
- Adhiku dibebeda sapa ?
- Empal lagi digoreng ibu.
- Rotimu mau dakcuwil sethithik.
- Kaca jendhela mau dithuthuk sapa ?
- Bocah kelas loro ditantang bal-balan bocah kelas telu.
IV. NULIS
B. Panulise nganggo aksara Jawa kang bener!
ꦥꦢꦺꦴꦱ꧀ꦒꦺꦴꦁꦱ ꦕꦿꦸꦮꦠ꧀ꦧꦿꦸꦮꦺꦠ꧀
ꦢꦏ꧀ꦒꦸꦁꦒꦸꦁ ꦱꦸꦭꦶꦱ꧀ꦠꦾꦥꦶꦤ꧀ꦠꦼꦂ
ꦔꦗꦏ꧀ꦔꦿꦱꦸꦃꦲꦶ ꦏꦽꦁꦒꦱ꧀ꦏꦽꦁꦒꦺꦴꦱ꧀
ꦲꦉꦥ꧀ꦔꦿꦁꦒꦺꦃ ꦠꦂꦗꦤ꧀ꦭꦺꦴꦁꦒꦺꦴꦂ
ꦏꦼꦉꦥ꧀ꦔꦺꦴꦁꦒꦿꦺꦴꦁ ꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦭꦁꦏꦸꦁ
ꦏꦼꦩ꧀ꦥꦿꦺꦴꦃ ꦚꦼꦏꦼꦭ꧀ꦠꦽꦧꦁ
9
[ 10 ]
ꦩꦺꦴꦩ꧀ꦥꦾꦺꦴꦂ ꦏ꧀ꦭꦺꦴꦩꦺꦴꦃ
ꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦠꦿꦸꦧꦸꦱ꧀ ꦭꦸꦩꦪꦸꦲꦶꦁꦒꦼꦢ꧀ꦢꦿꦶꦁ
ꦏ꧀ꦭꦺꦁꦱꦿꦺꦃꦊꦩꦃ ꦒꦺꦤ꧀ꦢꦿꦸꦮꦺꦴ
ꦢ꧀ꦭꦸꦮꦁꦏ꧀ꦭꦺꦴꦩꦺꦴꦃ
V. UNGGAH-UNGGUH
Basa ngoko andhap:
- Panjenengan dhek mau apa wis dhahar temenan? Manawa ora dhahar mangga ta lenggah dhisik!
- Aku dhek mau uga wis sowan mrene, nanging panjenengan ora ana dalem.
- Aku wis ngreti apa sing panjenengan kersakake!
- Mangga ta dakaturi pinarak dhisik, ora ketang mung sedhela, sokur kersa nyare pisan!
- Kagungane sepedha motor anyar iku pundhutan pira? Toko endi sing panjenengan pundhuti?
- Prayogane siram ana kene bae, banjur mengko padha bebarengan, mriksani wayang wong.
- Aja kondur dhisik, iki ana prekara wigati sing perlu panjenengan wuningani!
- Aku nyuwun priksa apa panjenengan sesuk-esuk sida kersa paring sesuluh marang sedulur-sedulur tani?
- Dhek wingi ingkang putra wis ketemu aku, ngendikane eyang ngersakake rawuh ing Sala.
- Aku wis nate matur marang ingkang ibu, manawa diparengake aku arep nyuwun ngampil kagungane sepedha rong dina bae.
VI. KASUSASTRAN
A. (bisa katindakake dhewe)
B. Purwakanthi kang kanggo ing unen-unen iki!
1. - purwakanthi sastra :
raras ririh réreh ngarih arih
10 [ 11 ]
2. — purwakanthi swara : Si pengung kumlungkung anggang gumanggang
— purwakanthi sastra : anggugung gumunggung
3. — purwakanthi basa (wewiletan).
Ratih ratu ratune wong Cakrakembang, kembang wijaya kusuma asih mring kula.
4. — purwakanthi sastra :
Watak wantune wanita utama, tindak tanduke tansah ngati-ati
5. — purwakanthi sastra :
Bisa mbrastha kabeh rubeda kang ngreribedi.
6. — purwakanthi sastra :
Ati tatag, watak teguh tanggon, tan tinggal tata trapsila, adate bisa ngentasi karya.
7. — purwakanthi sastra :
Watak mugen ati tegen, tandang rigen, genah agawe sugih guna kaya.
— purwakanthi swara :
Watak mugen ati tegen, tandang rigen.
8. — purwakanthi swara :
Wong kang awatak sar'eh, polatane sumeg, adate mitrane akeh.
9. — purwakanthi swara :
Ali jujur, budi luhur, pantes dadi wong dhuwur.
10. — purwakanthi sastra :
Pemudha ora gumendhung, dhadhag wani ndhadha kaluputan, pantes ginadhang-gadhang dadi panggedhe.
WULANGAN 2
II. KAWRUH BASA
B. isine tembung-tembung kang mathuk :
1. ngenggar-enggar hawa seger
2. ampak-ampak
5. pasanggrahan
6. tetirah
[ 12 ]
3. adhem njekut
api-api
4. vila
7. edi peni
terasering
reseping
C. Tembung camboran (a) lan panganggone ing ukara (b) :
1. a. adhem njekut = adhem banget
b. Ana Tawangmangu awakku krasa adhem njekut manawa wayah bengi.
2. a. sepi mamring = sepi banget
b. Desa-desa kang maune sepi mamring wiwit jam 20.00 bareng katekan listrik dadi reja tekan jam 23.00.
3. a. Ijo royo-royo = ijo enom sumringah.
b. Ing mangsa rendheng tanduran-tanduran katon ijo royo-royo.
4. a. ayem tentrem = ayem banget
b. Pujiku marang kowe muga-muga ana papan anyar uripmu bisa ayem tentrem kalis ing sambekala.
5. a. seger kuwarasan = awake krasa kepenak sarta waras
b. Marga saben esuk nindakake senam, awakku saiki krasa seger kuwarasan.
6. a. udan nggrejeh = udan terus-terusan
b. Ing desa-desa kang adoh kutha, manawa udan nggrejeh adhakane akeh wong kang kemalingan.
7. a. gremis riwis-riwis = udan ora deres
b. Iki isih gremis riwis-riwis, yen arep lunga nganggoa payung kareben ora keproh !
8. a. tanem tuwuh = tetanduran thethukulan saliyane pari.
b. Ing mangsa ketiga akeh tanem tuwuh kang padha ngreteg godhonge, jalaran kekurangan banyu.
9. a. Sato kewan = sakehing kewan
b. Ing alas gung liwang-liwung isih akeh sato kewan kang isih kesit.
10. a. Omah pekarangan = omah lan pekarangan
b. Omah pekarangan tinggalane wong tuwaku muga-muga bisa tumurun marang anak putu.
[ 13 ]
D. Tembung-tembung kang ateges kabeh!
1. salumahing bumi = kabeh kang ana ing ratu bumi
sakurebing langit = kabeh kang tinutupan langit
2. saindhenging bawana = salumahing jagat (ngendi-endi)
3. sacindhilmu abang = saanakmu
4. saranduning angga = awak sakojur
5. awak sakojur = awak kabeh
6. sajegku urip = salawasku urip
7. sadina muput = sadina dheg
8. sawengi natas = sawengi muput
9. sasore bendhe = sasuwene wayah sore
10. sakesuk njepluk = sasuwene wayah esuk
III. PARAMASASTRA
B. Tuladha dhapukaning ukara bawa nganggo tembung-tem-
bung kang kandel panyithake :
1. Pari tandurane bapak lagi kumemping.
2. Elare piyikku lagi kumedom.
3. Pandhawa lan Kurawa padha maguru marang Pandhita
Drona.
4. Wektu iki isih akeh wong kang tetamba sarana madhukun.
5. Gelungan manten putri iku lumrahe akembang mlathi.
6. Rehe udane deres ulihku saka sekolahan atudhung go-
dhong gedhang sapapah.
7. Pelem iku durung tuwa, lagi rumujak.
8. Buta Rambutgeni jinambak rambute dening Gathutkaca
terus pinothol gulune.
9. Nalika aku ndhangir tanduran kacang, akeh wit kacang
kang kepacul.
10. Degan iki wis kumrujak.
11. Panggedhe kang kumawasa iku adhakane ora disenengi
dening andhahane..
12. Aku kamigilan yen weruh uler dhampa kang wulune
nggateli.
13. Wong tuwa kang wis umur sangang puluhan taun iku sok
ana sing kamibocah,
14. Olehmu nyawang aku kok nganti kamitenggengen iku
ana apa ta ?
13
[ 14 ]
15. Ing jaman modheren iki aku isih mranggull ana wong kang
asesaji ana ing ngisor wit waringin ing alun-alun.
16. Prabu Pandhu apeputra lima kang diarani Pandhawa.
17. Menyang Wadhuk Gajah Mungkur iku saka kutha Sala
mangidul ngliwati kutha Sukoharjo.
18. Ana ing crita pawayangan Dewa Ismaya manjalma dadi
Ki Lurah Semar.
19. Uaping banyu kang campur karo hawa iku yen kena
adheming hawa bengi bisa maujud ebun.
C Ukara-ukara ing ngisor iki kalebu :
— ukara bawa (a),
— ukara tanduk transitip (b),
— ukara tanduk intransitip (c),
— ukara tanggap (d).
1. Bapak // wis rawuh
(J)(W)
— wasesa: rawuh (tanduk intransitip = tanpa lesan).
— ukara (C)
2. Mencoku // pinter ngoceh / saiki
(J)(W)(K)
wasesa : pinter ngoceh (tembung kaanan)
- ukara: (a).
3. Aku // nggawa / buku wacan
(J)(W)(L)
— wasesa nggawa (tembung tanduk transitip = mawa
— lesan : buku wacan
ukara (b)
4. Buku wacan // dakgawa
(J)(W)(L)
— wasesa dakgawa (tembung tanggap)
— ukara (d)
5. Bocah-bocah // padha nembang
(J)(W)
— wasesa padha nembang (tembung tanduk intransitip
— ukara: (c).
14
[ 15 ]6. Aku // bisa nembangake / tembang gedhe
(J) (W) (L)
- wasesa : 'bisa nembangake (tembung tanduk transitip = mawa lesan)
- lesan : tembang gedhe
- ukara : (b)
7. Narti // disangoni / eyang putri
(J) (W)
- wasesa : disangoni (tembung tanggap)
- ukara : (d)
8. Eyang putri // nyangoni / Narti
(J) (W) (L)
- wasesa : nyangoni (tembung tanduk transitip = mawa lesan)
- lesan : Narti
- ukara : (b)
9. Pamanku apeputra telu
(J) (W)
wasesa : apeputra telu (tembung kaanan)
ukara : (a)
10. Krambile // lagi kumrempah
(J) (W)
- wasesa : lagi kumrempah (tembung kaanan)
- ukara : (a)
11. Saiki / aku // ngantuk / banget
(J) (W) (K)
- wasesa : ngantuk (tembung kaanan)
- ukara : (a)
12. Aku // arep turu / sedhela
(J) (W) (K)
- wasesa : turu (tembung tanduk intransitip tanpa lesan)
- ukara : (c)
13. Udane // kumrosak
(J) (W)
- wasesa : kumrosak (tembung kaanan)
- ukara : (a)
15
[ 16 ]16.
17.
168.
20.
IM. NULIS
B. Panulise nganggo aksara Jawa.
, Lakuno 4 mangetan
(J) (wW) — wasesa ; mangetan (lombung tanduk intransitip) — ukara : (0) [ra MA)UA NILA
, Gagasane biyen kao // wis maujud
(J) — wasosa ; maujud (tembung kaanan) — ukara : (a) MILAN (A
Mangga / kita // sami ewi (K) | (JJ) — wasesa ; aseganti (embung tanduk intrangsitip) — ukara : (6) kem Aku // lagi = SU / Tono. (J) (wW) (D) -wasesa : nggendhong (tembung landuk transitip mawa lesan) — lesan : Tono
= ukara : (b) [OnNduh [Of / [AN Dhi Pltikku // lagi ngendhog
(J) (wW) — wasesa ; nge ep Pa a kirangi £
|
= ukara : (0) Tg / am fh
, Sampeyan // kula ampiri / kemawon
(A) (wW) — wasesa ; kula ampiri ap tanggap). — ukara : (d) ADU G Arlanipun adhi KUA 4 bun co saka (J) — Wasesa ; dip n piinii Ta ke tanggap)
— ukara : (d) : wu gan)
“JZm YYANG NG mansa men anasak gan
16 [ 17 ]꧋ꦏ꧀ꦭꦩ꧀ꦧꦸꦤꦺꦱꦶꦔ꧀ꦭꦼꦩ꧀ꦧꦿꦺꦃꦲꦶꦏꦸꦱꦤ꧀ꦢꦤ꧀ꦤꦤ꧉
꧋ꦲꦗꦱꦼꦤꦼꦁꦔ꧀ꦭꦺꦴꦩ꧀ꦧꦿꦺꦴꦠ꧀ꦏꦫꦺꦴꦏ꧀ꦭꦺꦮꦺꦂꦫꦤ꧀ꦔꦺꦴ
ꦤꦺꦴꦏꦸꦮꦶ꧈ꦠ꧉
꧋ꦱ꧀ꦭꦩꦼꦠ꧀ꦭꦸꦁꦒꦸꦃꦝꦶꦁꦏ꧀ꦭꦶꦏ꧀ꦏꦫꦺꦴꦔꦼꦩ꧀ꦥ꧀ꦭꦺꦴꦁꦔꦶꦧ
ꦏꦭ꧀ꦱ꧀ꦭꦺꦤ꧀ꦝꦁ꧉
꧋ꦭꦺꦩ꧀ꦧꦺꦃꦲꦤ꧀ꦤꦺꦲꦩ꧀ꦧ꧀ꦭꦫꦏ꧀ꦱꦼꦩ꧀ꦥꦭ꧀꧈
꧋ꦏ꧀ꦭꦩ꧀ꦧꦶꦏꦸꦒꦸꦥꦏ꧀ꦧ꧀ꦭꦼꦛꦺꦴꦏ꧀ꦩꦂꦒꦏꦼꦕꦼꦩ꧀ꦥ꧀ꦭꦸꦁꦏ
ꦭꦺꦤ꧀꧈
꧋ꦒ꧀ꦭꦺꦴꦤ꧀ꦝꦺꦴꦁꦔꦺꦗꦠꦶꦢꦶꦒ꧀ꦭꦺꦴꦢ꧀ꦢꦺꦴꦂꦫꦏꦺꦩꦼꦚꦁ
ꦭꦠꦂ꧉
꧋ꦲꦪꦺꦴꦥꦝꦏ꧀ꦭꦸꦩ꧀ꦥꦸꦏ꧀ꦏ꧀ꦭꦸꦩ꧀ꦥꦸꦏ꧀ꦝꦸꦮꦶꦠ꧀ꦏꦁꦒꦺꦴ
ꦔ꧀ꦭꦺꦚ꧀ꦕꦺꦂ꧉
V. UNGGAH-UNGGUH
Manawi dipun sawang saking kitha Ngawi, utawi dipun sawang saking kitha Sala, redi Lawu blegeripun kados buta tilem. Ndlujur anteng mrebawani. Nanging manawi dipun purugi ngantos dumugi pucukipun jebul mengku kaendahan ingkang anglam-lami.
Ing ereng tembing kilen, pinanggih papan wisata Tawangmangu ingkang kondhang kanthi sesawanganipun rupi Grojogan Sewu. Dene ing ereng tembing wetan rinengga kaendahan mligi, arupi tlaga Sarangan. Cariyos bab kaendahaning Gunung Lawu kados-kados boten wonten telasipun. Punapa malih nyariyosaken kawontenanipun Tlaga Sarangan.
Tlaga ingkang jembar ngilak-ilak punika kalebet wewengkon Kabupaten Magetan. Dene inggilipun papan endah punika udaka-
17 [ 18 ]
wis 1.287 meter saking lumahipun seganten. Boten benten kaliyan Tawangmangu ing tembing kilen, minggah dumugi Sarangan hawanipun adhem trecep-trecep, atis ing kulit. Miturut cathetan manawi wanci dalu suhu ing ngrika saged ngantos 16° Celsius.
Manawi ngleresi libur utawi wonten wekdal longgar, para andon wisata saged tindak Sarangan. Saking kitha Magetan taksih minggah ndeder udakawis 17 km. Utawi manawi tetumpakan ingkang dipun ajak lumampah arupi mobil ingkang sehat, saged langkung Tawangmangu. Lajeng minggah udakawis 15 km. Marginipun alus, menggak-menggok, kaliyan sesawanganipun nengsemaken.
...............................................................................................................
(saged dipun lajengaken piyambak).
VI. KASUSASTRAN
1. Rumpakan dhapur puisi Jawa tradhisional
iku rumpakan kang edi penine migunakake pola kang ajeg (ajeg panganggone), mula kagolong basa kang pinathok, amarga kaiket ing wewaton warna-warna, kaya ta:
a. cacahing wanda saben sagatra (guru wilangan)
b. cacahing gatra saben sapadane,
c. gayutaning gatra-gatrane,
d. tibaning swara ing saben pungkasaning gatra (guru lagu utawa dhong dhing),
Rumpakan dhapur puisi Jawa gagrag anyar
iku rumpakan kang edi penine ora kaiket wewaton kaya ing dhuwur iku, nanging mung ngendelake :
a. pilihaning tembung-tembung kang mentes,
b. wirama,
c. busananing basa kang awujud: purwakanthi, dwipurwa, seselan um utawa in.
2. Rumpakan puisi Jawa kang kagolong puisi tradhisional iku kaya ta paribasan, bebasan, saloka, sanepa, parikan, wangsalan, tembang.
[ 19 ]
3. | a. | Parikan iku kagolong rumpakan puisi Jawa tradhisional, marga kaiket wewaton: | |
a. cacahing wanda saben sagatra 4/4, 4/8 utawa 8/8 | |||
b. cacahing gatra saben sapada: |
- bisa 2, pamedhote lan purwakanthi sarta cengkorongane: - - - - (a) / - - - - (b)(4/4) - - - - (a) / - - - - (b)(4/4) - - - - (a) / - - - - - - - - (b)(4/8) - - - - (a) / - - - - - - - - (4/8) - - - - - - - - (a) - - - - - - - - (b) - - - - - - - - (a) - - - - - - - - (b)
- bisa 4, pamedhote lan cengkorongane: - - - - (a) - - - - (b) - - - - (a) - - - - (b)
b. Wangsalan iku uga kagolong rumpakan puisi Jawa tradhisional, marga kaiket ing wewaton:
- cacahing gatra saben sapada 2 kadhapuk dadi saukara, migunakake purwakanthi swara. - gatra kang kapisan 4 wanda, gatra kapindho 8 wanda. - gatra kang kapisan isine memper cangkriman, gatra kang kapindho isi bedhekane (tebusane). - cengkorongane: - - - - (a) / - - - - - - - - (a)
II. KAWRUH BASA
- B. Panganggone tembung camboran
- [ 20 ]
- Tukang nglakokake prau arane juru mudhi.
- Wong kang pagaweane nyabrangake wong nganggo prau arane juru tambang.
C. Kang kasebut ing ngisor iki pakaryane:
- Jlagra iku wong sing pakaryane gawe piranti saka watu.
- Gemblak iku wong sing pakaryane gawe dandanan saka kuningan.
- Greji iku wong sing pakaryane njait sandhangan
- Gamel iku wong sing pakaryane ngopeni jaran.
- Blandhong iku wong sing pakaryane negori kayu.
- Sayang iku wong sing pakaryane gawe dandanan saka tembaga.
- Pekathik iku wong sing pakaryane nuntun/ngaritake jaran.
- Blantik iku wong sing pakaryane adol raja kaya.
- Kusir iku wong sing pakaryane nglakokake andhong utawa dhokar.
- Masinis iku wong sing pakaryane nglakokake sepur.
- Pilot iku wong sing pakaryane nglakokake montor mabur.
- Kondhektur iku punggawa sepur utawa bis kang pinatah mriksa karcis.
- Niyaga iku wong sing pakaryane nabuh gamelan.
- Waranggana iku wanita kang nembang mbarengi gendhing gamelan.
- Dhalang wong kang nglakokake sarta nyritakake wayang.
- Penyumping wong kang pinatah nata wayang ana kelir sadurunge padhalangan diwiwiti.
[ 21 ]
- D. Unen-unen / bebasan kang cocok karo ukara-ukara :
1. keplok lan jumbuh 5. ulat madhep ati karep. 2. keplok ora tombok 6. njagakake endhoge si blorok. 3. tulung menthung 7. Madu balung tanpa isi. 4. welas tanpa alis 8. Kalah cacak menang cacak.
III. PARAMASASTRA
- Rimbaging tembung-tembung kang dikurung sarana ater-ater
- anuswara lan panambang i, ake / aken sarta tegese.
1.menehake dhuwit = nindakake weneh dhuwit marang ... 2. ngilekake banyu = njalari ilining banyu 3. ngileni sawah = menehi ili marang sawah 4. nempelake potret-
potret= nindakake tempel potret-potret 5. ngalungake ula = nganggo kalung ula 6. matrekake ceret = ngakon nggunakake patri kanggo ceret 7. njamoni adhiku = ngloloh jamu marang adhiku 8. njanjeni
nukokake sepatu= nindakake tuku sepatu kanggo 9. mbektakaken koper = nindakake bekta koper kangge 10. ndangu kowe = ngucapake (pan)dangu marang nonton sekaten = nindakaken tonton
IV. NULIS
- C. Panulise tembung-tembung nganggo aksara Jawa :
ꦲꦤ꧀ꦢꦺꦴꦤ꧀ꦢꦺꦴꦩ꧀ꦩꦏꦺ ꦚꦼꦩꦺꦴꦤ꧀ꦤꦶ ꦔꦼꦢꦺꦴꦭ꧀ꦭꦏꦺ ꦔꦸꦝꦸꦤ꧀ꦤꦶ ꦤꦸꦛꦸꦏ꧀ꦏꦏꦺ ꦲꦁꦒꦺꦭꦺꦏ꧀ꦏꦶ ꦲꦚ꧀ꦗꦸꦫꦸꦱ꧀ꦱꦏꦺ ꦲꦁꦒꦺꦴꦤ꧀ꦝꦺꦭ꧀ꦭꦶ ꦔꦁꦒꦺꦴꦏ꧀ꦲꦏꦺ ꦔ꧀ꦭꦢꦺꦴꦱ꧀ꦱꦶ ꦛꦽꦱ꧀ꦩꦺꦏ꧀ꦲꦏꦺ ꦲꦩ꧀ꦧꦸꦢ꧀ꦢꦼꦂꦫꦶ
21 [ 22 ] ꦏꦸꦠꦺꦴꦏ꧀ꦲꦏꦺ ꦲꦩ꧀ꦧꦺꦛꦺꦠ꧀ꦠꦶ ꦚꦺꦴꦤ꧀ꦏꦺꦴꦏ꧀ꦲꦏꦺ ꦔꦽꦒꦼꦤ꧀ꦢꦶ ꦲꦂꦒꦝꦺꦏ꧀ꦲꦏꦺ ꦔꦤ꧀ꦛꦺꦴꦁꦔꦶ ꦲꦁꦒꦺꦴꦭꦺꦏ꧀ꦏꦏꦺ ꦚꦭꦩ꧀ꦩꦶ ꦤꦩ꧀ꦧꦏ꧀ꦲꦏꦺ ꦚꦫꦥ꧀ꦥꦶ V. UNGGAH-UNGGUH Basa krama : Mbok Sardi : "Sampeyan enjing-enjing kok sampun mruput dha- teng peken. Wonten prelu punapa ta ?" Ni Merta : "Badhe nempur, manawi radi kesiyangen, asring boten kumanan, dene ingkang sami tumbas boten ngemungaken tiyang ngriki kemawon." Mbok Sardi : "Kula punika saestunipun kemawon nggih betah uwos kados sampeyan. Nanging kula srantosaken. Benjing dinten pekenan kemawon. Dados regine radi boten kawisen." Ni Merta : "Makatena punika pekenan ngajeng punika rak de- reng kengibg dipun temtokaken kathahing bakul ingkang sade uwos, awit saweg nengah-nengahi mangsa rendheng kados makaten ! Adat ingkang sampun-sampun uwos pantunipun tiyang dhusun sami dipun simpen kemawon." Mbok Sardi : "Mila leres cariyos sampeyan makaten punika. Tu- junipun betah kula uwos boten kathah." Ni Merta : "Manawi namung badhe tumbas uwos 10 beruk kemawon, kula saged ngeteri." Mbok Sardi : "Lah inggih sae manawi makaten. Nanging regini- pun salimrahipun kemawon." Ni Merta : " Inggih ta. Mangke siyang-siyangan kula eteri 10 beruk. VI. KASUSTRAAN ___ 22 [ 23 ]
II. KAWRUH BASA
B lsine ukara-ukara:
- Yen wayah lingsir wengi aja seru-seru anggonmu ngunekake tape, sabab.kowe kudu ngelingi butuhing liyan.
- Swasana kampung bisa tentrem lan aman, manawa para wargane bisa srawung kanthi mong-kinemong lan jaga-jinaga.
- Pasrawungan ing kampung bisa sumadulur manawa para wargane padha duwe tepa slira, ing antarane siji lan sijine padha ajen-Ingajenan lan padha gelem nindakake gotong royong ngayahi kebutuhane kampung.
- Ngedohi larangan lan nindakake dhawuhe Gusti Allah iku diarani takwa.
- Yen kepengin nyingkiri anane padudon ing antarane siji lan sijine kudu dianakake musyawarah, aja nganti mung waton tumindak.
C. Ukara-ukara nganggo tembung saroja:
- gugur gunung = pakaryan negara kang sarana ngerigake wong padesan tanpa opah. - Mbangun dalan-dalan ing padesan umume katindakake sarana gugur gunung.
- bau suku bebau saka ing padesan kang nggarap sawah palungguh. - Lurah-lurah sing akeh-akeh anggone nggarap lungguhe kanthi cara masrahake marang bau suku kang piniji.
- derma bekti = panggawe kang nelakake bektine marang (negara. agama, Isp). - Para pejuang padha kepengin ngatonake darma bektine marang negara.
- tindak tanduk - patrap. solah tingkah. Ana ing pasrawungan kowe kabeh kudu tansah ngatonake tindak tanduk kang trapsila.
[ 24 ]
- solah tingkah = tandang tanduk, kalakuan.
- Solah tingkah kang alus iku bisa nuduhake ajining dhiri ana ing pasrawungan. - sugih miskin sugih utawa miskin, akeh sithiking bandha.
- Warganing nagara iku sugih miskin nduweni hak kang padha.
- Sugih miskin iku ora kena kanggo paugeran nemtokake drajating wong. - gedhe cilik = gedhe utawa cilik, wiwit sing gedhe nganti tekan sing cilik.
- Jambu iki gedhe cilik padha rasane.
- Warga kampungku gedhe cilik padha ngadeg ana ing pinggir dalan nonton pawai. - enom tuwa = enom tuwa, wiwit sing enom nganti sing tuwa.
- Wit pelem.ing buri omah iku arep ditegor, mula peleme enom tuwa undhuhana. - gawe parigawe = prakara sing perlu ditindakake.
- Aku iki isih warismu dhewe, mula yen ana gawe parigawe aja lali ngabari aku. - ruwet renteng prakara sing njalari rentenging nagara, reretu.
- DPR iku wajib melu ngrembug ruwet rentenging nagara.
D. Kosok balen:
- alus bebudene >< kasar bebudene
- luhur bebudene >< asor bebudene.
- dhiri >< andhap asor, lembah manah
- gumedhe >< andhap asor, anor raga
- kajen keringan >< disepelekake
- kumalungkung >< sabar sareh, andhap asor
- lembah manah >< gumedhe, angkuh, kumaki
- pradhah >< saen, nylekuthis
- andhap asor >< deksura, kurang ajr
- blaba >< cethil [ 25 ]
E. Paribasane
- Katon cepaka sawakul.
- Meneng widara uleran.
- Kakehan gludhug kurang udan.
- Ora ganja ora unus.
- Bathok bolu isi madu.
- Lahang karoban manis. (lahang legen; kargban kebanjiran, kelebon).
I. PARAMASASTRA
B. Dhapukaning ukara camboran wudhar sarana lagu (implisit)
- Aku mangan nangka, adhiku ngombe, wedang.
- Bapak tindak menyang kantor, ibu.resik-resik ana ndalem, aku karo adhiku menyáng sekolah.
- Adhiku sregep sinau, kakangku kesed banget.
C. Dhapukaning ukara camboran wudhar nganggo tembung pangiket (eksplisit):
- Kowe mau saka ngendi, dene wayah mene lagi mulih?
- Redi Merapi punika sampun inggil, ewadene meksa kawon-kaliyan redi Semeru.
- Aku iki wis tuwa, suprandene isih mempeng anggonku marsudi kawruh.
- Aku diarani njupuk buku, mangka aku weruh bae ora.
- Kali iki cilik, nanging iline banter temen.
- Dhateng kula radi kasep, margi kebetheng wonten margi.
- Mangke dalu kula boten saged sowan mriki, jalaran kadhawuhan ndherek bapak.
- Anggen kula damel sabun boten saged dados, sabab kekathahen toyanipun.
- Sedulur tuwa wajib dibekteni, awit dadi gegentine wong tuwa.
- Aku lagi ora duwe dhuwit, mulane bisa mitulungi.
- Sarehne arep dakkandhani dhewekan, kowe dakundang mrene,
- Darna punika radi cadhok mripatipun, milanipun manawi maos kerep klentu.
[ 26 ]
IV. NULIS
C. Panulise nganggo aksara Jawa kang bener:
- ꧋ꦱꦥꦸꦤꦶꦏꦠꦲꦸꦤ꧀꧇꧑꧙꧘꧙꧉
- ꧋ꦕꦺꦭꦺꦁꦔꦤ꧀ꦤꦶꦁꦥꦸꦤ꧀꧇꧑꧗꧔꧒꧕꧒꧐꧇ꦫꦸꦥꦶꦪꦃ꧉
- ꧋꧒꧘꧇꧑꧐꧙꧇꧗꧓꧒꧐꧇꧔꧙꧗꧓꧐꧇꧑꧖꧗꧒꧉
- ꧋ꦤꦒꦫꦄꦫꦧ꧀꧈
- ꧋ꦮꦸꦭꦤ꧀ꦄꦒꦸꦱ꧀ꦠꦸꦱ꧀꧈
- ꧋ꦏꦂꦱꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦄꦭ꧀ꦭꦃ꧉
- ꧋ꦤꦒꦫꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦔꦱ꧀ꦠꦶꦤ꧈
- ꧋ꦤꦒꦫꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦔꦤ꧀ꦝꦺꦴꦤꦺꦱꦶꦪꦃ꧉
- ꧋ꦫꦔꦶꦁꦔ꧀ꦢꦭ꧀ꦄꦮꦭ꧀꧈
- ꧋ꦤꦩꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦌꦱꦿꦶꦤ꧀
- ꧋ꦤꦸꦭꦶꦱꦺꦴꦁꦏ (ꦤꦸꦭꦶꦱ꧀ꦮ꧀ꦢꦁꦏ)꧉
V. UNGGAH-UNGGUH
A. Ukara-ukara sesanti lan tegese:
- Rawe-rawe rantas malang-malang putung = kabeh kang ngegol-ngegoli sedyane, disirnakake.
- Sabaya pati = rukun nganti tekan ing pati pisan.
- Sadumuk bathuk, sanyari bumi = (padudon) prakara wong wadon utawa palemahan (dilabuhi toh pati).
- Rukun agawe santosa, crah agawe bubrah = Kerukunan iku bisa marakake kuwat, nanging manawa congkrah bisa ndadekake ringkih.
- Sepi ing pamrih, rame ing gawe = tanpa kamelikan apa-apa, nanging tumindak ing gawe kanthi mempeng.
[ 27 ]
6. Nglurug tanpa bala, sugih tanpa bandha, menang ora nga-
sorake = (kurang luwih bisa ditegesi) nindakake ayahan
kanthi tumemen ing babagan panggulawenthah tumraping
bebrayan, bakal entuk pamareming lair lan batin sarta ka-
jen keringan wusanane
7.Sapa salah seleh = sapa sing salah mesthi nandhang
akibate (wohe)
8. Sura dira jayaningrat lebur dening pangastuti = mubaling
amarah kang katone bisa ngoregake jagad, adate bisa lu-
luh dening solah tingkah kang linambaran rasa bekti lan
tresna.
9.Becik ketitik, ala ketara = sapa sing tumindak apik utawa
ala bakal kawruhan.
10. Jer basuki mawa bea = pancen bab kang becik/nyeneng-
ake mbutuhake pangorbanan.
B. Tuladha trap-trapaning sesanti ing dhuwur iku ana ing
ukara:
1. Taun iku wis manteb anggonku arep melu transmigrasi,
aja padha ngalang-alangi, rawe-rawe rantas, malang-ma-
lang putung.
2. Ana ing paran aku karo kowe kudu rukun sabaya pati.
3. Padudon prakara palemahan utawa wong wadon iku sing
akeh-akeh padha dene mburu nepsu kanthi ditohi pati
nggondheli unen-unen sadumuk bathuk sanyari bumi.
4. Piwelingku marang anak-anakku kabeh sing padha rukun
karo sedulur-sedulurmu aja nganti cecongkrahan. Elinga
marang sesanti rukun agawe santosa, crah agawe bubrah.
5. Durung padha tumandang bae kok wis padha rame rebut-
an kamelikan, mbok ya padha sepi ing pamrih rame ing
gawe.
8. Aku iki ora ngreti apa-apa kok diterka njupuk dhuwit. Ya ti-
ten-titenan bae, sapa sing salah seleh.
10. Nyambuta gawe sing sameşthine aja melu-melu kancamu
sing ora bener tumindake, ing tembe rak becik ketitik ala
ketara.
11. Ora ana 'gegayuhan apik tanpa rekasa/pangorbanan,
elinga ta marang unen-unen jer basuki mawa bea!
27
1. Ciri-ciri tembang Kinanthi : - Guru lagu : u, i, a, i, a, i. - Guru wilangan : 8, 8, 8, 8, 8, 8, 2. Tuntunan pangrumpakaning tembang macapat Kinanthi : a. Manut surasane kang kacekak dadi 2 : - Pancasila dadi dhasaring negara. - Pancasila iku jiwa kapribadening bangsa Indonesia. b. Saben topik paragraf (ukara baku) bisa diwenehi ukara- ukara tambahan saperlu, supaya dadi 2 paragraf kanh ca- cahing larikan ana 6, marga tembung Kinanthi iku ana 6 ga- tra. c. Saben sagatranr kudu karingkes supaya dadi 8 wanda kanthi ora ngowahi surasaning gatra, kanthi cara : - tembubg kang dawa diganti tembung kang cekak, - mancah tembung, - yen bisa migunakake tembung kawi. d. Swaraning pungkasane gatra kacocogake karo paugeran guru lagu (dhong-dhing) Kinanthi (8u, 8i, 8a,8i,8a,8i) kanthi cara : -malik dhapukaning gatra - ngganti tembung kang swarane cocog karo sing di- karepake kanthi ora owah tegesem. e. Cengkorongane tembung Kinanthi : ___________ 8u ___________ 8i ___________ 8a ___________ 8i ___________ 8a ___________ 8i
28 [ 29 ]3. Cak-cakane :
Gancaran : Pancasila iku pancen nyata dadi dhasaring ne- gara Republik Indonesia. Mula pantes manawa kita antepi lan kita belani pati. Aja ana sing wani-
- wani mamalangi.
Iku yen diteliti kadadean saka 3 ukara :
(1). Pancasila iku pancen nyata dadi dhasaring negara Re- publik Indonesia. (2). Mula pantes manawa kita antepi lan kita belani pati. (3). Aja ana kang wani-wani mamalangi.
Sarehne tembang Kinanthi iku ana 6 gatra, mula ukara telu ing dhuwur banjur didadekake ngloro kena -nambahi, ngu- rangi lan ngganti tembung amrih luwese, nanging ora ngowahi kareping ukara, upama :
(1). Pancasila iku nyata,
(2). manawa dadi dhasaring negara Republik Indonesia
(3). Mula pantes yen kita wajib
(4). ngantepi lan mbelani-pati
(5). Aja nganti. ana kang gawe rubeda
(6). mamalangi jejeging negara. Ngengrengan gatra Kinanthi kang cacahe 6 ing dhuwur iku banjur diothak-athik cacahing wanda lan dhong-dhinge su- paya cocok karo cengkorongan Kinanthi sarana :
— ngganti tembung kang luwih cekak/dawa nanging padha surasane. ;
— malik ukarane nanging ajeg surasane.
— sokur yen bisa nemokake tembung kawine.
upamane : Kinanthi ;
Nyata Pancasila iku (Bu)
dhasaring nagari RI (81)
Dadi kuwajiban kita (Ba)
mbela mrih jejeging nada (8i)
Ywa kongsi antuk rubeda” (Ba)
mangka palanging nagari (6i)
(mangka = kang dadi, minangka)
29
II. KAWRUH BASA
B. Tembung-tembung kang mathuk karo ukarane :
- Wong kang dadine transmigran jalaran thukul saka karepe dhewe lan wani ngetokake wragad dhewe kalebu transmigrasi swakarsa lan spontan.
- Para transmigran kang asale saka rakyat sadesa komplit karo lurahe kalebu transmigrasi bedhol desa.
- Amrih kasembadane program transmigrasi dibutuhake para transmigran kang gelem rekasa.
- Para transmigran iku bisa dadi urip mulya manawa wekel ing gawe lan gelem nglakoni urip prasaja.
- Palemahan kanggo transmigrasi ana sing dadi areal pemukiman lan areal garapan.
- Palemahan tilas bukakan alas iku lumrahe loh, sabab ngandhut humus sing ndadekake subure tetanduran.
- Para transmigran kang ora krasan banjur mbresot bali mulih iku sing akeh jalaran kesed lan ora gelem rekasa dhisik
C. Tegese tembung-tembung kang kaeçap miring ing ukara-ukara:
- katon cepaka sewakul = disenengi wong akeh.
- rahmating Gusti Ingkang Mahaagung = sih kawelasaning Gusti Ingkang Mahaagung.
- parimarmaning Pangeran = kawelasaning Pangeran.
- berkahing para sepuh = pangestu (pandonga) ing para sepuh.
- pinaringan kayuwanan = pinaringan kabegjan (kaslametan).
- pantes sinudarsana = pantes tinulad (diconto)
- pinaringan katentreman lan karahayon = pinaringan suka basuki / karahayon / kaslametan.
- bisaa mikul dhuwur mendhem jero marang wong tuwamu sakloron = bisaa mulyakake jenenge wong tuwamu sakloron.
- ambeg adigang adigung adiguna = watak kang ngedir-edirake pangkat. kaluhuran, lan kapinteran. [ 31 ]D. Tembung-tembung kang mbangetake :
- sidhem premanem
- adoh ngaluk-aluk
- sabar drana
- cilaka mencit
- anyep njejet
- adhem njekut
- kebak mencep-mencep
- suwung byung
- ilang musna
- kojur sanga likur
- Bapak wingi dipundhuti dhuwit dening eyang.
- Omah iki wis dipundhut bapak setaun kepungkur.
- Nalika aku piknik disangoni ibu limang ewu rupiyah.
- Dhuwit Rp 5000,00 disangokake adhiku dening ibu.
- Anakmu apa wis kosangoni, Bu ?
- Bapak diwacakake koran dening ibu.
- Buku komik satumpuk iku wis diwacani adhiku.
- Layangku apa wis kowacakake marang embah ?
- Koran dina iki wis dakwaca awan mau.
- a. Segaku wis dakpangan.
b. Kucingku dakpakani tikus
c. Tikus dakpakakake kucingku. - a. Bukumu wis kojupuk?
b. Pelem-pelem sing gogrog apa wis kojupuki ?
c. Bok aku kojupukake wedang teh! - a. Dhuwite wis digawa mulih adhiku.
b. Adhiku digawani dhuwit dening ibu.
c. Adhiku digawakake dhuwit ibu saka ngomah. - a. Diwaspada marang reka dayane mungsuh.
b. Reka dayane mungsuh diwaspadani dening bangsa kita.
c. Kanca-kancaku kuwi yen dakwaspadakake temenan kok kurang teliti anggone padha sinau. - Bapak Menteri Transmigrasi maringake hadhiyah sapi sarakit marang kulawarga transmigrasi.
- Muga-muga panjenengan sabrayat krasan ana ing papan anyar, muga-muga pinaringan karahayon lan katentreman. lan bisa nyembadani kabutuhane kulawarga!
- Paningset panjenengan iku pundhutan pira kok pantes banget manawa sing ngagem panjenengan! Ing papan transmigrasi mbok manawa durung ana sing adol.
- Lo. panjenengan Dhimas! Mangga dakaturi lenggah kene! Apa saka ndalem bae? Rak ya padha slamet ta?
- Sokur besuk ana papan anyar kersa asring paring kabar menyang Wonogiri, supaya langgeng sesambungan kita.
- Ciri-cirine "puisi Jawa gagrag anyar" iku ora kaiket ing wewaton:
- cacahing gatra
- guru wilangan ing saben sagatrane
- guru lagu (dhong-dhing)
Endahing "puisi Jawa gagrag anyar" iku gumantung marang:
- pilihaning tembung-tembung kang mentes,
- purwakanthi,
- wirama, - gegriya = emah-emah (nyepeng bale griya)
- kathah griya-griya sae = omah-omah (griya kathah)
- Katrangan panggonan (keterangan tempat)
- Siti nandur kembang ana kebon. - Katrangan mangsa (keterangan waktu)
- Aku nyirami tanduran saben sore. - Katrangan ubaya (keterangan syarat)
- Aku arep nyuwun sepedha manawa sida sekolah ing kutha. - Katrangan tujuan (keterangan tujuan)
- Aku maca buku-buku supaya tambah kawruhku. - Katrangan karana (keterangan sebab)
- Aku nganggo payung marga udan. - Katrangan sarana (keterangan alat)
- Narta ndhangir kacang nganggo pacul. - Katrangan cacah (keterangan jumlah)
- Adhiku bola-boli nyuwun es. - Katrangan wewatesan (keterangan perwatakan)
- Bocah-bocah kelas loro padha nglumpuk kajaba aku. - Katrangan katemtuan (keterangan kepastian)
- Saben esuk ibu mesthi nyepakake sarapan. - Katrangan asal (keterangan asal)
- Kemasan nggawe ali-ali saka emas. - Katrangan akibat (keterangan akibat)
- Budi mbebeda adhine nganti nangis. - Kula // ngentosi / panjenengan / wonten ngriki
Kula = jejer
ngentosi = wasesa
panjenengan = lesan
wonten ngriki = katrangan panggonan - Ing mangsa rendheng / para among tani // ngolah / sawahe
Ing mangsa rendheng = katrangan mangsa
para among tani = jejer
ngolah = wasesa
sawahe = lesan - Saiki/kanca-kancaku// nyelengi / dhuwite / ana BRI.
Saiki = katrangan mangsa
kanca-kancaku = jejer
nyelengi = wasesa
dhuwite = lesan
ana BRI = katrangan panggonan - Aku karo adhiku // bola-bali/ngusungi / watu / saka kali.
Aku karo adhiku = jejer
bola-bali = katrangan cacah
ngusungi = wasesa
watu = lesan
saka kali = katrangan panggonan - Kanca-kancaku // nglumpukake / dhuwit / kanggo urunan tuku bal.
Kanca-kancaku = jejer
nglumpukake = wasesa
dhuwit = lesan
kanggo urunan tuku bal = katrangan tujuan - Sarehne udan/aku // golek / godhong gedhang / kanggo payungan.
Sarehne udan = katrangan karana
aku = jejer
golek = wasesa
godhong gedhang = lesan
kanggo payungan = katrangan tujuan - Saben Minggu sore / aku // mesthi / nonton / bal-balan/ ana ing setadhion
Saben Minggu sore = katrangan mangsa
aku = jejer
mesthi = katrangan katemtuan - B. Panulise nganggo aksara Jawa kang bener
- B. 1. E lah, wong dikandhani kok ora nggugu !
- 2. Adhuh, kesandhung sikilku !
- 3. Borong, mangsa bodhoa kowe kono !
- 4. Hore, layanganku muluk !
- 5. Lo, kok kowe ! Kapan tekamu ?
- 6. Ut, mrocut olehku nyekeli glathik !
- 7. Lah dalah, kowe mrene ! Kene-kene linggiha kene !
- 8. O, jebule mung kaya ngono bae, ta !
- 9. Dubilah, ana pohung kok gedhene sakempol-kempol !
- 10. Hus, anak wani karo wong tuwa !
- 2. Adhuh, kesandhung sikilku !
- C. Ukara-ukara nganggo tembung panguwuh kang kacithak kandel :
- 1. We lah, ora genah bocah iki !
- 2. Hus, aja muni ala ngono kuwi ! Saru !
- 3. E, kae lo, eyangmu rawuh !
- 1. We lah, ora genah bocah iki !
- Ana ing crita Layang Seta lan Layang Kumitir awatak drengki srel, amarga ora seneng nyawang marang Damarwulan kang isih kulit daging dhewe. Kosok baline Anjasmara iku watake lembah manah, ngajeni marang sapa bae.
- Nuduhake barang kang ana ngisor aja pisan-pisan nganggo sikil, mundhak diarani wong kang degsura.
- Lakune lengket-lengket kaya macan luwe.
- Warnane kuning kaya emas sinangling.
- Baguse kaya Bathara Kamajaya tumurun.
- Ayune kaya Dewi Ratih.
- Dheg-dhegan lir tinubruk ing mong tuna, sinambering gelap lepat.
- Wadana melok lir wulan purnama.
- Netra lir baskara kembar.
- Oleh kabegjan kaya katiban daru.
- Swarane kaya mbelah-belaha bumi.
- Suguhane mbanyu mili.
- Sumbare kaya bisa mutung wesi gligen. [ 44 ]III. PARAMASASTRA
- Mangga sami ngindhakaken takwa kita dhateng Allah subhanahu wa tangala.
- Mugi-mugi musibah punika sageda katampi kanthi tawakal lan tansah istipar dhumateng Allah Ingkang Mahaasih.
- Kabeh dhokter wis ora saguh nambani larane sedulurmu iku, yen bisa mari jalaran mung diurut-urut bae iku sawijining mukjijat.
- Pati urip iku ana astane Pangeran, jer manungsa ora bisa uwal saka takdir.
- Mbok bilih boten wonten tangadur, kula badhe merlokaken sowan panjenengan benjing-enjing sonten.
- Wong sing didadekake imam ana ing solat jamangah iku lumrahe wong sing kandel imane.
- Wis dadi jamak lumrahe yen wong urip ana ing bebrayan iku kudu tulung-tinulung.
- Kepriye bisane kasembadan panjangkamu kudu korewangi setiyar kanthi temen-temen.
- Mugi-mugi sih kadarman punika sageda nambahi ngamal panjenengan.
- Besuk kapan olehmu arep duwe gawe mantu, insya allah aku arep merlokake teka.
- Alkamdulillah kula saged katampi wonten SMA I Sala, Bu !
- KapanGunung Merapi olehe arep njeblug maneh, iku wallahu a'lam.
- Masa 'Allah, awakmu tatu kabeh iku kena apa, Bud !
- Astaga, esuk-esuk kowe kok kluyuran ana kene iki, ora sekolah ta !
- La ilaha illa’llah, aku ora ngira babar pisan, nek kowe ala kaya ngono, kuwi !
- Bener, eyang seda? Innalillahi wa inna ilaihi roji’un
- Anggonku ngrangkani anak kang nakale ora karuwan iku pancen ya kudu pawitan sabar lan tlaten, ya wala-wala kuwata bae.
- Mahawikan = weruh ing samubarang prakara (sipating Allah)
Mahaasih = welas asih marang sakabehing titah (sipating Allah)
Mahaluhur = dhuwur dhewe panguwasane tumraping jagad saisine. - ngemah-emahaken = ngawinaken
- Pemahanipun = pakarangan
- emah-emah = jejodhoan
bibit = wiji
bebet = turun(-an)
bobot = kalungguhane, pangkate - bale griya = omah sarta pakarangan
- griyanipun = omahe
- gegriya = omah-omah, manggon
- puji basuki = puji raharja (slamet)
- puji rahayu = puji slamet
- puji rahayu panjenengan = puji (donga) slamet
- puji sukur = donga atur panuwun
- sukuran = slametan ngaturake panuwun marang Pangeran
- sokur tiba = kareben tiba
- ya sokur ... wis lulus = ya matur nuwun marang Pangeran
- sokur bage = sokur alkamdulilah, dipuji bisaa, begja banget yen,
- Omah sarta pekarangan iku diarani bale pomahan.
- Omah-omahan kanggo jaga kampung iku diarani cakruk.
- Panggonane wong kang padha nginep hotel.
- Papan kanggo sinau ngaji arane pondhok.
- Omah cilik papan marung arane bango.
- Omah-omahan cilik tunggu tanduran ing sawah / tegal arane gubug.
- Rumah sakit kanggo wong lara TBC arane sanatorium.
- Papan kanggo penelitian arane laboratorium.
- Papan kanggo siaran radio/TVRI arane studio.
- Papan kanggo nyimpen pari arane lumbung.
- Papan kanggo nyimpen beras arane padaringan.
- Papan kanggo nyimpen barang-barang arane gudhang.
- Papan kanggo mandhe arane besalen.
- lampahipun R. Werkudara = lakune
- . . .ageng lampahipun = prihatosipun
- lampahan Bale sagala-gala = lakon
- surya... serap = srengenge
- surya kaping 26 Rejeb = tanggal
- swaranipun sirep = kendel
- benteripun badan sirep = mantun
- Resi Drona = wong suci kang wis dianggep dewa, pandhita tapa
- Resi kintunan arta = surat pratandha kintunan (serat, paket, arta, kiriman)
- Aku iya gelem melu kowe, anggere sekolahku diragadi.
- Malinge gelem ngaku, bareng digiri-giri arep dipenthungi.
- Barja kuwi kemaki banget, mulane digethingi kanca-kancane.
- Kowe kudu gemi setiti, supaya besuk uripmu kepenak.
- Darma iku wani rekasa, mulane saiki uripe kepenak.
- Manawa kowe disrengeni ibumu, aja pisan-pisan kowe mangsuli.
- Indonesia ing tembe dadi nagara kang makmur amarga sugih barang-barang apa bae.
- Amir iku anake wong sugih, nanging ora umuk.
- Marna arang kekurangan sandhang pangan, jalaran uripe ngati-ati banget.
- Supaya kowe enggal lulus, kowe kudu sregep sinau.
- Ing wektu iku aku sinau, adhiku resik-resik kamar, dene ibu mangsak ana pawon.
- Gunung Merapi iku wis kagolong dhuwur, ewadene meksa kalah dhuwur karo Gunung Semeru.
- Aku iki wis tuwa, suprandene aku isih mempeng marsudi kawruh.
- Kanca-kanca sekolah, kanca-kanca bal-balan, apa dene kanca-kanca kampung-padha nekani sukuran anggonku katampa ing SMA I Sala.
- Aku diarani sing mecahake kaca, mangka aku teka, kacane wis pecah.
- Bocah kelas 3 bae ora bisa nggarap, apa maneh kowe lagi kelas 1.
- Kula ngaturi wuninga, bilih benjing dinten Senen ngajeng punika kula nyuwun pamit boten mlebet.
- Mbok bilih boten wonten alangan satunggal punapa, benjing dinten Senen tanggal 19-11-1989 punika, kula badhe nyupitaken anak kula jaler ingkang nomer kalih.
- Sing gugur gunung lurah kula.
- Sing gugur gunung kula.
- Sing gugur gunung : bapak, lurah, kula.
- Sing gugur gunung : bapak, lurah, kula.
- Sing ambruk wit.
- Sing ambruk omahe.
- Iya bapak / dudu bapak.
- Mesthi kondur / ora kondur.
- Bener dina iki / liya dina.
- gugur gunung = pakaryan negara kang sarana nggerakake wong padesan tanpa opahan.
- gunungan = tetironing gunung kang digawe sega janganan lsp. kanggo ajad dalem yen pinuju grebeg.
- srigunung = wewujudan yen saka kadohan becik saka cedhakan ala.
- gunung sepikul = wanguning ali-ali (matane ing tengah kaya suweng ceplik diapit-apit ing inten loro sing padha gedhene).
- tunggang gunung = wayah sore srengenge mbeneri ana ing gigiring gunung.
- dieletana sagara lan gunung sap pitu = adoha enggone utawa dipalangana dikaya ngapa.
- kerubuhan gunung = nemu kasusahan gedhe.
- sagunung anakan = gedhene ora karuwan, gedhe banget (padha karo gunung anakan).
- a. mbuwang tilas = nylamur nindakake apa-apa supaya aja konangan pialane. b. Olehmu rewa-rewa maca buku iku karepmu rak mbuwang tilas ben padha ora ngerti yen kowe sing mecah ake kaca, ta?
- a. ora ndalan = ora ngerti tata, murang tata. b. Kowe kuwi kok ora ndalan ta, Le! Ana piyayi sepuh lenggahan, kowe numpak sepedha ora mudhun.
- a. ngemut driji = ora oleh-olehan apa-apa. b. lya kowe mau disangoni embahmu, lah aku rak mung /lingemut driji.
- a. padhang jagade = katon seneng (tentrem) b. Yen kowe arep njaluk tulung marang kancamu, ngen tepana yen kancamu wis padhang jagade.
- a. rupak jagade = judheg, ketekan pasaban. b. Wong kang gelem apus-apus iku wusanane dadi rupak jagade, marga wis ora dipercaya ing sapa bae.
- a. entek jarake = entek kasugihane, ilang kamulyane. b. Kepala Kantor kang dipecat jalaran korupsi, saiki dadi entek jarake, mula ora diajeni ing wong.
- a. anjujul wuwul = prakara kang muwuh-muwuhi rekasa, nyela-nyela. (njujul = njaluk jujul/susuk, wuwul = udhu, urunan). b. Kowembok aja njujul wuwul Iki lagi rembugan kang wigati!
- a. ngenaki ati = agawe senenging ati sarána tetembungan manis. b. Dar! Yen kowe wis saguh iya sing temenan, aja mung ngenaki ati thok, Iho!.
- a. nggadho ati = tansah agawe susahing ati, b. Kepenginanmu bab sepedha motor ampeten dhisik, aja nggadho atine wong tuwamu kang lagi sekeng.
- a. atine ana wulune atine ala. b. Tangga kang atine ana wulune iku manawa ana sing wong bisa tetuku barang mesthi gunem ala.
- a. kraket ing galar = mlarat banget. b. Aku iku duwe watak ora seneng ngrusuhi sedulur, mula senajan kraket nggalar ya daklakoni.
- a. mrojol selaning garu = langka sing madhani, linuwih. b. Kakangku iku dudu tedhak turuning dhalang, kathik plinter ndhaleang, rak ngond kuwi ya jeneng mrojol selaning garu.
- a. nggayuh-nggayuh luput sabarang kang dijangka ora dadi. b. Nasib kuwi yen durung kebeneran, ndilalah nggayuh-nggayuh luput.
- a. emban cindhe-emban siladan = pilih sih. b. Piwelingku marang kowe, marang sor-soranmu anganti emban cindhe, emban siladan, mundhak digunem ala!
- a. digarokake-dilukokake = dikon nyambut gawe abot. b. Bocah iku angger kok pakani wareg lan kok gatekake kabutuhane, bok digarokake-dilukokake ora bakal mingkuh.
- a. Baladewa ilang gapite. = ilang panguwasane, ilang kaluhurane. b. Tanggaku kang ngedir-ngedirake kas, saiki wis dadi Balade wailang gapite, amarga dipecat saka pagaweane.
- a. dudu berase ditempurake = ngudhoni rembug kang nyulayani (ora sambung) b. Kerep banget Diran iku ana pasamuan dadi ger-geran, lah wong dudu berase ditempurake, mula kerep dikuya-kuya kancane.
- a. dadia suket suthik nyenggut emoh sapa aruh. b. Yen kowe tansah wani karo wong tuwa, becik lungaa saka kene, saleruse dadia suket suthik nyenggut
- Rimbag dwilingga wantah (a), dwllingga salin swara (b)
|
11. biru kecu (erum)
|
III. PARAMASASTRA
C. 1. Bapakmu apa wis kopundhutake sarapan sing ana lemari ?
D Ukara :
5. a. Welingku marang kowe kabeh dibekti marang wong
tuwamu sakloron!
b. Wong tuwa iku wajib dibekteni dening anak.
c. Wong tuwaku sakloron dakbekteni banget.
IV. NULIS
-
V. UNGGAH-UNGGUH
VI. KASUSASTRAN
A. Penget:
- tembung-tembung "andhahan endah" kang karimbag.
sarana :
+ ater-ater a (agegaman, agawe, alelewa)
+ seselan in (tinitah, ginelung, tinulung)
+ seselan um (tumelung, tumiba, kumembang)
+ dhapur dwilingga (maya-maya, kaya-kaya)
+ dhapur dwipurwa (sesilih, sesambat, peputra)
2. Tuladha "puisi Jawa gagrag anyar" :
SADAWANE DALAN
Kakang...
yen ing kutha wis lingsir wengi
delengen ta kakang
Sing padha turu gumlethak neng tritis
wengi iki dheweke turu, kepati
kinemul mendhung kinancan ratri
O, kakang.... penggalihen
yen wengi saya tintrim
kekes, adhem, cumlekit dadi siji
Banjur... subuh
kang padha turu kepati... krungu
ambal-ambalan bedhug tinabuh
wengine wis dadi esuk
srengenge jumedhul
Aweh esem sandhuwuring gumuk
bedhug bali keprungu maneh tengah rina
badan sapata... wis adoh gumregah
pangan...
njur sambat... nyuwun pangan
jroning ati nangis... sadawaning dalan
O, kakang... wigatekna
dheweke uga umat..
padha karo kita
Pethikan saka: Bunga Rampal
SASTRA JAWA MUTAKHIR
J.J. RAS
B. Kanthi katrangan lan tuladha kaya ing dhuwur iku ana ngomah
siswa bisa gawe puisi Jawa gagrag anyar kanthi irah-irahan :
TRANSMIGRASI
33
II. KAWRUH BASA
B. 1. karawitan
2. cakepan
3. gendhing
4. waranggana
5. sindhen
6. suluk
7. gerong
8. buka
9. bawa
10. suwuk
11. sapangkon
12. saprangkat
13. wiraswara
14. klenengan jangkep
15. gadhon
16. cokekan
C. Arane kagunan
1. srimpi
2. gambyong
3. bondhan
4. wireng
5. pethilan
7. langen wanara
8. topeng
9. ludruk
10. kethoprak
11. tayub
D. Tegese tetembungan kang kacithak kandel ing ukara:
1. murakabi = maedahi, migunani
kaum dagang = golongan bakul
2. didagang = dipetung
3. ndagangi = ajar mlaku
4. dagangan = kulakan
5. seserepan = kapinteran
6. dipun serep-se-
repaken = dipun tuturi
7. nyurupaken = nglebokake
8. sumerep = ngertos
9. sampun serap = surup/lumebet
10. wanci serap = surup
11. dipun surupi = dipun taker malih
12. bocah ora urus = ora tata
13. kula urus-urus = ngresiki weteng
14. iku urusen = rembugen
15. iki urusanku = prakaraku. pangrembugku. paniti
priksaku
16. griya kula= omah
III. PARAMASASTRA
A. Ukara-ukara tanduk transitip kanthi gatra-gatra :
B. Racutan (udhalane) ukara :
nonton = wasesa
bal-balan = lesan
ana ing setadhion = katrangan panggonan
8. Budi // kerep / mbebeda / adhine / nganti nangis.
Budi = jejer
kerep = katrangan cacah
mbebeda = wasesa
adhine = lesan
nganti nangis = katrangan akibat
IV. NULIS
(bisa dikarang dhewe dening siswa)
V. UNGGAH-UNGGUH
B. Basa ngoko andhap:
1. Bapak Menteri rawuh ing Madiun, dicaosi pasugatan ka-
gunan reyog.
2. Bapak Menteri sapandhereke dalah para tani padha kare -
nan ing panggalih mriksani kagunan reyog saka wewengkon
Panaraga.
3. Anane kagunan reyog ing Panaraga iku miturut pangandi-
kane para pinisepuh uwis atusan taun kepungkur.
4. Manawa ana pengetan pahargyan dina gedhe kerep ba-
nget nggunakake kagunan reyog kanggo ngregengake pa-
hargyan.
5. Para tamu saka manca negara uga akeh kang ngersakake
mriksani kagunan reyog.
B. Basa krama :
1. Bapak Menteri rena panggalihipun mriksani kagunan reyog
kaliyan asring mundhut katrangan-katrangan ingkang perlu.
2. Para Bapak Bupati ingkang sami rawuh ing Madiun ugi
nyaosi katrangan-katrangan bab kagunan reyog dhateng
panjenenganipun Bapak Menteri.
37
3. Bapak Menteri ugi ngendika dhateng para tamu ingkang sa-
mi rawuh ing Madiun, kajawi kagunan reyog wonten malih
kagunan punapa ingkang saged dipun pameraken dhateng
tamu manca negari.
4. Para tamu ugi nyaosi katrangan dhateng Bapak Menteri
manawi ing Jawi Wetan punika kathah kagunan ingkang
nengsemaken, kados ta ludrug, gandrung Banyuwangi,
tayub, kethoprak, lan sanes-sanesipun.
5. Sasampuyan rampung tamu-tamu sami kon-
dur dhateng ndalemipun piyambak-piyambak kanthi boten
kesupen ngaturaken salam dhateng Bapak Menteri kaliyan
pandherekipun.
VI. KASUSASTRAN
B. (bisa digawe dhewe)
WULANGAN 7
II. KAWRUH BASA
B. Tegese bebasan :
1. padhang jagade = tata tentrem
2. rupak jagade = kepaten pasaban
3. jembar segarane = sugih pangapurane
4. budi sagara = sabar, awatak momot
5. ngemut driji = ora oleh apa-apa
6. angon kosok = angon mangsa
7. mbuwang tilas = tumindake ora ketara
8. ora ndalan = ora weruh ing tata
9. ilang jarake = entek kasugihane.
10. ngenaki ati = mung gawe senenge ati
C. Kosok baline tembung-tembung :
1. nglemer >< cukat, trengginas
2. cukat >< nglemer
3. sembrana >< ngati-ati
38 [ 39 ] 4. dilirwakake >< digatekake
5. didandani >< dirusak 6. asat nggereng >< kebak mencep-mencep 7. teles kebes >< garing mekingking 8. pating brenjul >< rata 9. padhang njingglang >< peteng ndhedhet 10. mbangun turut >< mbalela 11. lumintu >< sendhet, rendhet 12. cethil >< loma 13. disirik >< dicedhaki, diraketi 14. ledhung-ledhung >< kuru-kuru 15. kempel >< ambyar 16. nyangklek >< adoh 17. deres >< terang 18. ludhuk >< cicik
D. Tegese tembung-tembung : 1. saka guruning pembangunan = kekuwatan pokok 2. omah ... ana saka gurune = saka gedhe papat ing satengahe omah joglo / limasan. 3. guru laki = bojo lanang, wong lanang minangka guruning somah. 4. guru aleman = seneng yen dialem, tansah golek aleman. 5. guru lagu = tibane dhong-dhing ing pungkasane gatraning tembang 6. glondong pengareng-areng = kayu kanggo masak, minangka pisungsung tandhaning sungkem. guru bakal = barang-barang sing durung dadi apa-apa guru dadi = barang-barang sing awujud dadi.
39 [ 40 ] III. PARAMASASTRA
D. Pangrimbage tembung-tembung (a) lan tegese ater-ater,
panambangan utawa seselan (b), panganggone ing ukara (c)
1. a. in + welah + an → winelahan
b. winelahan = diwelahi
c. Praune winelahan minggir
2. a. ka + welah + an → kawelahan
b. kawelahan = diwelahi
c. Praune kawelahan dening tukang tambang.
3. a. in + sambung + an → sinambungan
b. sinambungan = disambungi
c. Taline serat nanas sinambungan tali rapia.
4. a. ka + wangsul + an → kawangsulan
b. kawangsulan = diwangsuli
c. Serat saking embah sampun kawangsulan dening ibu
5. a. in + wangsul + → winangsulan
b. winangsulan = diwangsuli
c. Seratipun embah sampun winangsulan kala wingi.
6. a. in + gered-gered → ginered-gered
b. ginered-gered = digered-gered.
c. Blarake ginered-gered dening adhiku nganti tekan lurung.
7. a. gered — in + gered → gered-ginered
b. gered-ginered = nggered ya digered (gered-geredan)
c. Lare kalih ingkang saweg kerengan punika gered-ginered wonten
sacelakipun blumbang.
8. a. ka + tungka → katungka
b. katungka = ditungka
c. Tamu kula saweg lenggah sampun katungka dening abdinipun.
9. a. sih — in + sih + an → sih-sinihan
b. sih-sinihan = ngesihi uga diesihi (padha dene ngesihi)
c. Temanten enggal ingkang saweg sih-sinihan ndadosaken pamarmaning
tiyang sepuhipun.
10. a. ke + tabok → ketabok
b. ketabok = kena tabok (ora dijarag)
c. Kowe mengko yen ketabok aja nangis, lo !
40 [ 41 ]11. a. ka + tabok → katabok
b. katabok = ditabok(dijarag)
c. Bareng aku katabok dening kancaku, banjur dakwales
IV. NULIS
ꦥꦠꦶꦁꦠꦿꦺꦩ꧀ꦧꦺꦭ꧀ | ꦭꦸꦩꦪꦸꦲꦁꦒꦼꦤ꧀ꦢꦿꦶꦁ |
ꦱꦮꦼꦒ꧀ꦗꦿꦸꦩꦠ꧀ꦗꦿꦸꦩꦠ꧀ | ꦮꦱꦶꦱ꧀ꦚꦺꦴꦧꦺꦴꦠ꧀ |
ꦝꦼꦩꦼꦤ꧀ꦕꦿꦶꦮꦶꦱ꧀ | ꦔꦶꦢꦏ꧀ꦏꦿꦶꦏꦶꦭ꧀ |
ꦕꦿꦸꦮꦠ꧀ꦕꦿꦸꦮꦺꦠ꧀ | ꦏꦸꦭꦏ꧀ꦏꦿꦸꦥꦸꦏ꧀ |
ꦢꦶꦧꦕꦺꦴꦏ꧀ꦕꦿꦺꦴꦱ꧀ | ꦲꦮꦏ꧀ꦲꦤ꧀ꦝꦿꦺꦴꦝꦺꦴꦒ꧀ |
ꦥꦝꦫꦤ꧀ꦩꦿꦺꦴꦁꦏꦺꦴꦭ꧀ | ꦏꦽꦁꦒꦱ꧀ꦏꦽꦁꦒꦺꦴꦱ꧀ |
V. UKARA PANGUWUH
41 [ 42 ]
4. Lah dalah, bisa kepethuk kowe aku saiki !
5. Dubilah, ana tela kok sabayi-bayi ngene gedhene !
6. Ah, wis ta, aku precaya yen kowe bisa nggarap soal ma-
tematika iki !
7. Hore, layanganku menang!
8. Lah lidok, aku mau rak wis ngelingake kowe yen aja
ngandel omongane Dasa!
9. Lah layak, mulihe rewangmu ora pamitan, lah wong ni-
yate ora apik !
10. Nalika aku bingung ana Jakarta nggoleki alamate sedulur-
ku, dilalah sopire taksi tanggane sedulurku iku !
VI. KASUSASTRAN
-
WULANGAN 8
II. KAWRUH BASA
B. Tembung-tembung kang mathuk karo ukarane :
1.. Wong sesrawungan ana kalangan apa bae, yen didhasari
watak andhap asor bakal kajen keringan.
2. Wong kang ana' bebrayan ngendelake karosane (adl-
gang), ngendelake kaluhurane (adigung) lan ngendelake
kapinterane (adiguna) iku bakal dicenges ing liyan.
3. Kebangeten temen olehmu matadhuwiten wang dhuwit
ora, mingsra bae petungmu nemen.
4. Pak Lurah iku pancen sawijining pamong kang momot ati-
ne katitik Bu Lurah iku priyayi kang blater, mula ora aneh
manawa nalika mantu, tamune mbludak.
5. Bambang Sumantri iku satriya kang sureng yuda nganti
ndadekake mirising mungsuh.
6. Prabu Yudhisthira iku kawentar ratu kang seneng paring
dana driyah (berbudi) lan apa sing wis dingendikakake
mesthi ditindakake (bawa leksana)
C. Kosok baline tembung-tembung :
1. katentreman | >< rusuh, dredah, dahuru, hera-heru |
2. gemi | >< ngebreh |
3. wekel | >< kesed, wegahan |
4. andhap asor | >< kumaki, gumedhe |
5. kebat | >< satitahe, klelar-kleler |
6. blaka | >< dora, goroh |
7. ladak | >< lembah manah, andhap asor |
8. sabar | >< kemrungsung, kesusu, neson, brangasan |
9. beja | >< cilaka |
10. gedhen | >< climen |
11. nriman | >< ngangsa, ngaya, srakah. |
12. rukun | >< crah, congkrah |
13. temenan | >< nglirwakake |
14. luhur | >< asor, remeh |
15. sugih akal | >< cupet budine, putek atine |
16. isinan | >< saen. |
D. Pepindhan :
A. Sing kalebu ukara camboran tunggal yaiku ukara-ukara nomer : 1. Ocehe mencoku apik, mulane aku seneng banget Buktine : - aku seneng banget (PU II) manunggal karo ocehe mencoku apik (PU I), yaiku nglungguhi gatra katrangan akibat ing PU I. - camboranig PU I karo PU II digamblangake (dieksplisitake) nganggo tembung pengiket mulane.
3. Guruku nerangake, manawa sekolahan kudu ana piket Buktine : - sekolahan kudu ana piket (PU II) manunggal karo guruku nerangake (PU I)), yaiku nglungguhi gatra lesan (obyek) ing PU I. - camboraning PU I karo PU II dieksplisitake nganggo tembung pangiket manawa. 4. Senajan udan deres, aku uga mlebu sekolah Buktine : - udan deres (PU I) manunggal karo aku uga mlebu sekolah (PU II), yaiku nglungguhi gatra katrangan kosok balen ing PU II - camboraning PU i karo PU II dieksplisitake nganggo tembung pangiket senajan. 5. Jalaran aku ora duwe dhuwit, aku ora jajan Buktine : - aku ora duwe dhuwit (PU I) manunggal karo aku ora jajan (PU II), yaiku nglungguhi gatra katrangan karana ing PU II. - camboraning PU I karo PU II dieksplisitake nganggo tembung pengiket jalaran. [ 45 ] D. Udhalaning ukara-ukara :
1. Manawa / kowe lega / aku nyilih bukumu (a) (b) (c) (a). Manawa = tembung pangiket (b). kowe/lega(PU I) = ukara gatra (anak kalimat) katrangan syarat. - kowe = jejer - lega = wasesa (c). aku/nyilih/bukumu = ukara lajer (induk kalimat) (PU II) - aku = jejer - nyilih = wasesa - bukumu = lesan
2. Marga / udane deres / aku nggawa payung (a) (b) (c) (a). Marga = tembung pangiket (b). udane/deres (PU I) = ukara gatra (anak kalimat) - udane = jejer - deres = wasesa (c). aku/nggawa/pa- yung (PU II) = ukara lajer (induk kalimat) - aku = jejer - nggawa = wasesa - payung = lesan
3. Adhi kula sakit /, milanipun / kula tumbas obat (a) (b) (c) (a). Adhi kula/sakit = ukara lajer (induk kalimat) - Adhi kula = jejer - sakit = wasesa (b). milanipun = tembung pangiket (c). kula/tumbas/obat = ukara gatra katrangan akibat - kula = jejer - tumbas = wasesa - obat = lesan
45 [ 46 ] 4. Aku gelem teka ing omahmu / anggere / kowe gelem nge-
(a) (b) (c)
terake mulih.
(a). Aku/gelem/teka/
ing omahmu = ukara jejer
- Aku = jejer
- teka = wasesa
- gelem = katrangan katemtuan
- ing omahmu = katrangan panggonan
(b). anggere = tembung pangiket
(c). kowe gelem/nge-
terake mulih =
- kowe = jejer
- ngeterake = wasesa
- (aku) mulih = lesan
- gelem = katrangan katemtuan
5. Kancaku ngabari aku / manawa / kowe lara (a) (b) (c)
(a). Kancaku/ngabari/ aku = ukara jejer - kancaku = jejer - ngabari = wasesa - aku = lesan (b). manawa = tembung pangiket (c). kowe lara = ukara gatra katrangan kang nggumathokake - kowe = jejer - lara = wasesa
IV. NULIS Panulise nganggo aksara Jawa :
꧋ꦯꦸꦭ꧀ꦮꦂꦤ꧀ꦄꦝꦸꦁꦄꦚꦑꦿꦑꦸꦯꦸꦩ꧉ ꧋ꦲꦶꦮꦪꦃꦲꦺꦱꦸꦏ꧀ꦲꦭꦸꦤ꧀ꦩꦠꦫꦩ꧀ꦏꦧꦺꦴꦤ꧀ꦉ ꦒꦼꦁ꧉ꦥꦫꦥꦿꦪꦪꦶꦥꦝꦲꦤ꧀ ꦤ꧀ꦭꦢꦶꦂꦠꦼꦏꦤꦺ꧈ꦗꦭꦂꦫꦤ꧀ꦲꦷ
46 [ 47 ] ꦱꦶꦠꦶꦒꦶꦭ꧀ꦲꦉꦥ꧀ꦲꦤꦥꦱꦺꦴꦮꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦲꦒꦸ꧉
꧋ꦮꦶꦮꦶꦠ꧀ꦱꦺꦢꦤꦺꦯꦁꦟꦡꦲꦶꦏꦿꦥꦾꦏ꧀ ꦲꦶꦪꦭ
ꦒꦶꦢꦶꦤꦏꦸꦮꦶꦏꦸꦛꦩꦠꦫꦩ꧀ꦏꦠꦺꦴꦤ꧀ꦉꦗꦩꦤꦺꦴ꧉
ꦮꦶꦱ꧀ꦱꦮꦠꦫꦱꦸꦮꦥꦫꦏꦮꦸꦭꦲꦁꦒꦺꦴꦤ꧀ꦤꦺꦥꦝ
ꦥꦿꦀꦃꦲꦠꦶꦤ꧀ ꦭꦸꦮꦶꦃꦭꦸꦮꦶꦃꦥꦫꦱꦤ꧀ꦠꦤꦢꦔ꧀ꦤꦩ꧀꧈
V. UNGGAH-UNGGUH Basa ngoko andhap Suparta : "Kula nuwun !" Brata : "O, Dhi Parta ! Mangga lenggah kene bae ! Kersane Adhi apa, sore-sore kok rawuh mrene?" Suparta : "Anu Kangmas, manawa panjenengan ngersakake mriksani wayang wong arep dakcaosi karcis. Aku diwe- neh karcis loro. Manawa Kangma kersa arep dakdhe- rekake." Brata : "Kebeneran banget, Dhimas ! Aku wis suwe ora tau nonton wayang. Aku mau malah wis kongkona tuku karcis, jebul wis entek. Atiku ya gela mangka lakone apik. Dadi anggon panjenengan maringi karcis iku ke- beneran banget. Dhimas rak iya endang tindak ta ? Panjenengan dakaturi lenggah dhisik, aku arep dan- dan." Suparta : "Iya mangga. Anggone busana Kangmas aja kesusu, wong wektune isih akeh, dadi ora bakal kasep."
VI. KASUSASTRAN
C. Rumpakan rong pada ing buku iku (MArdi Jawi II kaca 97), bi- sa kagolongake puisi Jawa gagrag anyar, amarga ora kaiket wewaton : - guru wilangan - guru lagu Edi penining rumpakan mung migunakake : pilihaning tem- bung kan mentes, purwakanthi, tembung-tembung dwiling- ga.
D (bisa digawe dhewe dening siswa).47 [ 48 ]
II. KAWRUH BASA
B. Tembung-tembung kang mathuk karo ukarane :
C. Panganggone tembung-tembung sabawa (kata seru) kang kandel panyithake :
D. Tegese tembung-tembung kang kacithak kandel ing ukara-ukara :
LATIHAN
1. Rimbaging tembung-tembung sarana panambang en :
a. genti + en —> gentinen.
— Jam olehku tuku iki gentinen !
b. wada + en —> wadanen
— Garapane adhimu wadanen !
c. suru + en —> surunen.
— Bubur iki surunen bae !
d. gule + en —> gulenen.
— Daging wedhus iki gulenen !
e. soto + en —> sotonen.
— Pitike belehen, banjur sotonen !
2. Rimbaging tembung dadi pakon tanduk sarana panambang a :
(a). a(N) + genti + a —> nggentia
— Mengko sore nggentia Narti anggone nunggu toko !
(b). a(N) + wada + a —> madaa
— Madaa mangsakane mbakyumu, kareben ngreti kekurangane !
(c). a(N) + suru + a —> nyurua
— Kowe ya nyurua bubur iki, kareben endang entek !
(d). a(N) + gule + a —> nggulea
— Mengko sore nggulea pitik bae !
(e). a(N) + paro + a —> maroa
— Kowe maroa garapane sawah kakangmu !
3. Rimbaging tembung dadi pakon tanggap lan pakon tanduk sarana panambang ana :
a. suru + ana —> suronana (pakon tanggap)
a(N) + suru + ana —> nyuronana (pakon tanduk)
— Bubur iku suronana bae !
— Kowe nyuronana bubur iki nganggo suru godhong gedhang !
a(N) genti + ana -> nggentenana (pakon tanduk)
- Sepatuku gentenana selawe ewu rupiyah bae !
- Kowe nggentenana sepatune adhiku !
c. waca + ana -> wacanana (pakon tanggap)
a(N)+ waca + ana macanana (pakon tanduk).
- Majalah-majalah iki wacanana kareben tambah kawruhmu !
- Kowe macanana majalah-majalah iki kareben tambah kawruhmu !
d. sate + ana -> satenana (pakon tanggap)
a(N) + sate + ana -> nyatenana (pakon tanduk)
- Daging wedhus, daging sapi karo daging pitik sing ana
dhapur iku satenana bae, mengko padha dipangan bebarengan !
- Kowe nyatenana daging wedhus, daging sapi karo daging pitik sing ana ing dhapur iku, mengko padha dipangan bebarengan !
e. paro+ ana -> paronana (pakon tanggap)
a(N) + paro + ana -> maronana (pakon tanduk)
- Roti-roti iki paronana, banjur dumen marang bocah-bocah sing padha dolanan kuwi !
- Kowe maronana roti-roti iki banjur dumen marang bocah-bocah sing padha dolanan kuwi !
4. Rimbaging tembung-tembung dadi pakon tanduk lan pakon tanggap sarana panambang -na:
(a). a(N) + suru + na -> nyurokna (pakon tanduk)
suru + na -> surokna (pakon tanggap)
- Kowe nyurokna embah bubur lemu iki !
- Embah surokna bubur lemu iki!
(b). a(N) + genti + na -> nggentekna (pakon tanduk)
genti + na ->gentekna (pakon tanggap)
- Kowe nggentekna sepatumu sing sesak marang kancamu !
- Sepatumu sing sesak gentekna marang kancamu !
waca + na → wacakna (pakon tanggap) - Kowe macakna embahmu buku babad iki ! - Embahmu wacakna buku babad iki! (d). a(N) + sate + na → nyatekna (pakon tanduk) sate + na → satekna (pakon tanggap) - Kowe nyatekna bapak nganggo daging wedhus ! - Bapak satekna nganggo daging wedhus !' (e). a(N) + paro + na → marokna (pakon tanduk) paro + na → parokna (pakon tanggap) - Kowe marokna bocah loro iku roti iki ! - Bocah loro iku parokna roti iki !
IV. NULIS B. Panulise nganggo aksara Jawa : ꦠꦸꦫꦺꦴꦤ꧀ꦤꦤ ꦩꦺꦿꦤꦺꦪ ꦔꦼꦢꦸꦩ꧀ꦩꦢ ꦱꦸꦫꦸꦤꦼꦤ꧀ ꦩꦺꦴꦿꦤꦺꦴꦮ ꦕꦼꦏꦼꦭ꧀ꦭꦤ ꦚꦸꦫꦸꦮ ꦢꦸꦮꦺꦪ ꦒꦺꦴꦥꦺꦏ꧀ꦭꦤ ꦔ꧀ꦭꦮꦸꦲ ꦠꦸꦏꦺꦴꦤ꧀ꦤꦤ ꦲꦠꦺꦴꦱ꧀ꦱꦤ ꦩꦗꦸꦮ ꦠꦸꦏꦸꦤꦼꦤ꧀ ꦥꦚ꧀ꦗꦼꦂꦫꦤ ꦤꦸꦠꦸꦮ ꦔ꧀ꦭꦸꦏꦺꦴꦏ꧀ꦤ ꦧꦸꦮꦁꦔꦼꦤ꧀ ꦚꦲꦺꦴꦠꦺꦴꦮ ꦥꦚ꧀ꦧꦠ꧀ꦠꦤ
V. UNGGAH-UNGGUH Basa krama 1. Mugi-mugi Gusti Ingkang Mahaasih paring katentreman tuwin pangayoman dhateng Adhi sakukuban. 2. Supados saged kasembadan gegayuhan sampeyan, sampun ngantos kendhat anggen sampeyan gadhah panyuwun dha- teng Pangeran Ingkang Mahaagung tuwin Mahamira.52 [ 53 ]
3. Nindakaken punapa dhawuhing Allah tuwin nebihi larangani-
pun punika dipun wastani takwa dhateng Ingkang Murbeng Du-
4. Mas, awit saking pangestu panjenengan kula sampun angsal
padamelan wonten Pertamina, Mila punika kula nyuwun pamit
badhe bidhal benjing-enjing. Mbok manawi wonten lepat kula
kemawon dhateng panjenengan kula nyuwun pangapunten.
5. Inggih sokur Dhimas, kula ndherek bingah sanget dene Dhi-
mas sampun pinaringan kanugrahan saking Pangeran, Kula
namung ndherek memuji mugi-mugi Dhimas saged nindaka-
ken kewajiban kanthi boten wonten godha rencana.
VI. KASUSASTRAN
ll. KAWRUH- BASA
B. Araning papan panggonan kang kerep keprungu ing pa-
dhalangan :
1. Pengadilan ing kapatihan bale mangu.
2. Papan patapaning pandhita padhepokan.
3. Pandhapaning pandhita sangga mulang para cantrik pa-
crabakan.
4. Paseban ing sitinggil A ANG
5. Dalem gedhe kagem sinuwun ing kraton prabayasa.
6. Papan sing dhuwur samburining alun-alun (pasowanan)
arane sitinggil,
7. Regol (bangsal) sangareping kraton kanggo methukake /
nguntapake tamu kraton arane srimanganti.
8, Kahyangan (kralon)-e Bathara Guru iku Junggring, Sa-
loka.
9. Dalan tumuju menyang alun-alun iku arane pangurakan
C. Arane papan / omah :
1, Omah darbeking desa dianggo pakumpulan arane bale
desa.
2. Omah-omahan ing tengahing blumbang (saparan) arane
bale kambang.
53
D. Tegese tembung-tembung kang kacithak kandel ing ukara-ukara:
III. PARAMASASTRA
A. Dhapukaning ukara camboran migunakake tembung pangiket :
a. Aku ora pati pinter, mulane sregep sinau, supaya bisa lulus.
b. senajan aku dipenging nerusake sekolahku, aku tetep nekad sekolah, mulane aku saiki dadi dhokter.
c. Aku ora-duwe dhewe sasedulurku, ewa semono aku emoh njejaluk marang sedulurku, mulane sedulur-sedulurku padha ngajeni aku. [ 55 ]
d. Jakarta, Semarang lan Surabaya iku kutha gedhe.
e. Umar, Ali lan Sardi iku murid SMP sing sregep banget.
f. Sarjana iku murid kang sregep, lantip lan alus bebudene.
B. Tembung-tembung pangiket kang mathuk karo ukarane :
C. Ukara nganggo tembung pangiket kang kacithak kandel :
kula nyuwun kabaripun. 10. Awit saking pitulungan panjenengan, kula sampun ang- sal padamelan. 11. Nalika dinten Akad kepengker punika, kula sowan dha- teng dalem panjenengan, kapanggih suwungan. 12. Bareng dituruti panjaluke, adhiku jogedan.
IV. NULIS Panulise nganggo aksara Jawa !
꧋ꦲꦶꦱꦏꦺꦱꦃꦲꦶꦥꦸꦤ꧀ꦥꦫꦦꦤ꧀ꦝꦮ꧈ꦦꦿꦨꦸꦲꦟꦩꦺ꧀ ꦢꦸꦂꦪꦸꦢꦟꦠꦸꦮꦶꦤ꧀ꦥꦠꦶꦃꦱꦲꦏꦤꦁꦤꦸꦤ꧀ꦠꦤ꧀ꦱꦩꦶꦔꦽꦩ꧀ꦧꦒ꧀ꦲꦁ ꦒꦺꦤ꧀ꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦤꦼꦢꦾꦤꦸꦩ꧀ꦥꦼꦱ꧀ꦥꦫꦦꦤ꧀ꦝꦮ꧈ꦱꦫꦤꦲꦤ꧀ꦢ ꦩꦼꦭ꧀ꦭꦏꦼꦤ꧀ꦒꦿꦪꦲꦷꦏꦁꦱꦲꦺ꧈ꦤꦔꦷꦱꦩ꧀ꦥꦸꦤ꧀ꦏꦫꦺꦏ ꦲꦷꦔ꧀ꦭꦼꦧꦼꦠ꧀ꦠꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦔꦶꦱꦺꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦢꦩꦂꦲꦶꦏꦁꦒꦩ꧀ꦥꦶꦭ꧀ꦏꦧꦼꦱ꧀ꦩꦶ꧈ ꦩꦁꦏꦺꦩꦤꦮꦶꦥꦫꦦꦤ꧀ꦝꦮꦤꦸꦗꦸꦏꦥꦠꦶꦱꦫꦺ ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦱꦔ꧀ꦤꦧꦼꦠ꧀ꦠꦷꦒꦿꦪꦮꦲꦸ꧈ꦱꦏꦶꦱꦸꦥꦢꦺꦴꦱ꧀ꦲꦺꦁ ꦒꦭ꧀ꦠꦧꦼꦱ꧀ꦩꦶꦒꦿꦪꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ ꦏꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦏꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦤꦶ ꦥꦸꦤ꧀ꦱꦩꦶꦏꦏꦚ꧀ꦧꦷꦔꦱꦏꦶꦲꦚ꧀ꦗꦮꦶ꧉ꦱꦢꦪ ꦱꦩꦶꦔꦺꦱ꧀ꦠꦺꦴꦏ꧀ꦏꦏꦼꦤ꧀ꦝꦮꦸꦃꦭꦗꦼꦁꦧꦶꦧꦂꦫꦤ꧀ꦥꦱꦺ ꦮꦏꦤ꧀ ꦒꦥꦸꦫꦤ꧀꧉ V. JANTURAN JEJER ING PAWAYANGAN
___
VI. KASUSASTRAN
___56 [ 57 ]
I. WACAN
II. KAWRUH BASA
B. Tembung-tembung kang mathuk karo ukarane :
57
C Bebasan (lan tegese) kang mathuk karo ukarane :
1. Kemladheyan ngajak sempal = sanak sedulur kang gawe
karusakan.
2. Pitik trondhol diumbar ing padaringan = wong kekurangan
dipasrahi nyekel dhuwit, lsp.
3. Satru munggeng cangklakan = mungsuh sing kecedhak
(isih sanak sedulur)
4. Ketepang ngrangsang gunung = njangka prakara sing
nglengkara (mokal).
5. Kejugrugan gunung menyan = nemu kabegjan gedhe ba-
nget.
6. Kutuk marani sunduk = nemaha marang bebaya.
7. Nguyahi segara = weweh marang wong sugih
8. Ngontragake gunung = asor (ringkih) bisa ngalahake sing
luhur (kuwasa).
D. Tembung-tembung kang ateges mbangetake kang mathuk
karo ukarane :
1. sidhem premanem.
2. adoh ngaluk-ngaluk.
3. sabar drana.
4. cilaka mencit.
5. anyep njejet.
6. adhem njekut.
7. kebak mencep-mencep.
8. suwung byung.
9. ilang musna.
10. kojur sanga likur.
11. biru erem (kecu).
12. bening nyliring.
13. blaka suta.
14. gandes luwes.
15. panase sumelet.
16. asat ngereng.
17. sugih brewu.
18. sayuk rukun.
19. mubeng muser (ngganjret).
III. PARAMASASTRA
Rimbag guna en:
1. Tegese panambang en:
- Sikile kadhasen (= kadunungan kadhas)
- Kancaku lelaranen (= tansah nandhang lelara)
- Tembakone wis jamuren (= kadunungan jamur)
- Adhike kreminen (= kadunungan kremi)
- Aku ketok-ketoken ibu (= tansah ketok-ketok)
- Jambu sauwit uleren kabeh (= kadunungan uler).
58 [ 59 ] Rimbag adiguna ke - en
2. Tegese ater-ater lan panambang ke - en : - Tampare kedawan/kedawanen (= keladuk dawane) - Kowe rada kemangidulen (= keladuk mangidule) - Sepedhamu kapiken kanggomu (= keladuk apike) - Aku kesepen ana ing desa (=ngalami luwih sepi) - Jugangane kejeron (= keladuk jerone) - Karpete kamban kanggo kamar iki (= keladuk ambane).
IV. NULIS B. Panulise nganggo aksara Jawa :
ꦧꦺꦴꦤ꧀ꦝ ꦧꦤ꧀ꦝꦤꦺ ꦤꦺꦴꦁꦏ ꦤꦁꦏꦤꦺ ꦒꦺꦴꦤ꧀ꦢ ꦒꦤ꧀ꦢꦤꦺ ꦠꦺꦴꦩ꧀ꦥ ꦠꦩ꧀ꦥꦤꦺ ꦏꦺꦴꦩ꧀ꦧꦺꦴꦁ ꦏꦺꦴꦩ꧀ꦧꦺꦴꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ ꦥꦺꦿꦁꦠꦺꦴꦭ꧀ ꦥꦺꦿꦁꦏꦺꦴꦭ꧀ꦭꦶꦥꦸꦤ꧀ ꦧꦺꦿꦤ꧀ꦢꦺꦴꦁ ꦧꦺꦿꦤ꧀ꦢꦺꦴꦁꦔꦺ ꦒꦺꦴꦚ꧀ꦗ ꦒꦚ꧀ꦗꦤꦺ ꦒꦺꦩ꧀ꦧꦺꦴꦭ꧀ ꦒꦺꦩ꧀ꦧꦺꦴꦭ꧀ꦭꦼꦤ꧀ ꦒ꧀ꦭꦺꦴꦤ꧀ꦝꦺꦴꦁ ꦒ꧀ꦭꦺꦴꦤ꧀ꦝꦺꦴꦔꦺ
V. UNGGAH-UNGGUH Basa ngoko andhap :
M.K : "Lho Adhi, arep tindak menyang ngendi ?" R.S : "Arep menyang Klathen, ditimbali bapak." M.K : "Kok sajake ana prakara sing wigati, tandhane ingkang ra- ma mawa nimbali Adhi."
59
R.S. : | "Anu, dhek wingi aku tampa layang saka Klathen, ngendika-
ne bapak, ibu ngarep-arep banget, wong wis watara 4 taun iki aku ora tau tilik. Sasi iki adhi-adhiku mbeneri liburan, padha mulih menyang Klathen kabeh. Waleh weleh apa, sajatine padha arep kangen-kangenan." |
M.K. : | "O, ngono. Lah kondure besuk apa?" |
R.S. : | "Bok manawa minggu ngarep, wong angkahku ngiras arep
menyang Pengging barang, sowan embah." |
M.K. : | "Ingkang rayi sing isih sekolah pira?" |
R.S. : | "Telu, si Sukirja, Sukarsa, karo Sukemi. Mung Sukirja sasi
iki wis tamat sinaune. Malah jarene arep nyambut gawe Wis kepareng, iku sepure wis tekā." |
M.K. : | "Iya mangga, ndherekake sugeng." |
R.S. : | "Iya, nuwun." |
VI. KASUSASTRAN
B. Wangsulane pitakon :
1. Kang kondhang akeh rumpakane kang awujud dolanan ga.
grag anyar iku kaya ta:
a. Ki Nartosabdo :
- Ibu Pertiwi
- Ayo ngguyu
- Praon
b. R.T. Wasitodipuro:
- Modernisasi Desa
- Sepur Thruthuk.
c. R.C. Hardjosoebroto :
- Kupu Kuwi
- Juru Taman.
2. Dolanan-dolanan gagrag anyar ing ngisor iku :
- Gugur Gunung dening Ki Nartosabdo
- Lumbung Desa dening Ki Nartosabdo
- Lesung Jumengglung dening Ki Nartosabdo
- Ngundha Layangan dening Ki Nartosabdo
- Tahu Tempe dening Ki Nartosabdo
3. Jenenge dolanan kang kagolong gagrag lawas (tradisional) :
-Ilir-ilir
-Jamuran
- Kate dipanah
- Witing klapa
- Cublak-cublak suweng
4. Tembang Macapat iku ana 11 iji, yaiku :
- Gambuh
- Mijil
- Pucung
- Megatruh
- Kinanthi
- Maskumambang
- Durma
- Pangkur
- Asmaradana
- Dhandhanggula
-Sinom
5. Kang kalebu ewoning tembang Tengahan iku :
- Balabak
- Wirangrong
- Jurudemung
- Girisa
6. Buku kang critane nganggo tembang Tengahan iku arane Kidung, tuladhane :
- Kidung Sundhayana
- Kidung Ronggolawe
7. Jeneng jenenge tembang Gedhe iku, kaya ta :
- Citramengeng
- Kusumastuti
- Mintajiwa
II KAWRUH BASA
B Gantine tembung-tembung kang kaecap miring
1. aweh pasumbang | = | tetulung |
2. kami welasen | = | trenyuh atine |
3. rasa mesakake | = | welas |
4. kuwajibaning wong | = | darma |
5. ulah kautaman | = | darmalaksana |
6. dhemen tetulung | = | ambek darma |
watak siya | = | ambek siya |
umuk-umukan | = | sesongaran |
7. awatak welasan | = | ambek paramarta |
C Kosok baline tembung-tembung :
1. ngugemi >< mblenjani, nyidrani
2. srei >< becik, welasan
3. gedhen >< climen
4. ngebreh >< gemi
5. nyidrani ><ngugemi
6. congkrah ><atut, rukun
7. lelaranen >< waras
8. nglirwakake >< nggatekake
9. sembrana >< ngati-ati
10. klelar-kleler >< cukat, rikat
11. luruh >< pendirangan, jelalatan
12. tatag >< sumelang
13. srogol >< alus
|}
D. Tegese unen-unen (a) lan panganggone ing ukara (b) :
1. a. angon kosok nangguh marang mangsa kang becik.
b. Yen kowe arep nyuwun apa ta apa marang wong tuwa-
mu kudu angon kosok, ngentenana suwasana kang
apik.
2. a. tanpa tedheng aling-aling = nindakake apa-apa ke-.
lawan ngeblak (blaka).
b. Kewiranganku ana sekolahan dakcritakake marang se-
dulur-sedulurku tanpa tedheng aling-aling.
62
III. PARAMASASTRA
RIMBAG RANGKEP
B. Kang klebu golongan :
(1). tembung dwlingga:
omah-omah. anak-anakan, abang-abangan. [ 65 ]
(2). tembung dwipurwe:
pepeteng, sesulih, kekejer, lelara, tetulung, pepeling, gegujengan, sesilih.
(3). tembung dwiwasana:
jedhidhik, cekikik, cengingis.
LATIHAN
- kandha → kandha-kandha (a), kondha-kandha (b)
+ Aja kandha-kandha marang sapa bae, yen aku umpetan ana ing omahmu!
+ Tinimbang kondha-kandha bae, bok uwis ditandangi saiki bae!
- muni → muni-muni (a) → muna-muni (b).
+ Kowe wingi muni-muni kepriye marang adhimu?
+ Kowe kuwi nyambut gawe ora becus bisamu ya mung muna-muni ngono kuwi!
- wegah → wegah-wegah (a) → wegah-wegeh (b).
+ Kandhane mung wegah-wegah thok yen diajak nyambut gawe, nanging yen ana dum-duman rindhik asu digitik anggone nampani.
+ Yen ana kasile gelem nampani, nanging yen diajak nyambut gawe wangsulane wegah-wegeh thok.
- njambak → njambak-njambak (a) → njombak-njembek (b)
+ Adhiku sing lagi umur 5 sasi iku seneng njambak-njambak rambut.
+ Aja njombak-njemnbek rambutku, mundhak padha bodhol.
- ndudud → ndudud-ndudud (a), ndudad-ndudud (b)
+ Tomo anggone nggusahi manuk kang lagi neba ana ing paren mung sarana ndudud-ndudud sendhalan bae.
+ Dhuwit salus ewu rupiyah iku tatanen sing apik, mengko yen mblanjakake rak kari nduded-ndudud bae!
+ Ayo Dhi mangan-mangan kene dhisik saanane ! + Le, olehmu mongan-mengen iku kok ora nganggo leren, apa wetengmu kuwi karung, ta ?
- ngajak → ngajak-ngajak (a). ngojak-ngejek (b). + Karepmu kepriye ta Dar, ngojak-ngejek jajan, ba- reng dilayani ninggal lunga! + Wiwit dina iki aku ora bakal ngajak-ngejek kowe ja- jan, mundhak gawe wirangku maneh ! - alon →alon-alon (a), alon-alon (b) + Ayo nguwoda kene alon-alon bae, kareben ora ke- plesed. + Timbang mbengoki alon-alon marang wong wuta sing lagi mlaku ana ing sawah, bok kotuntun bae rak uwis ! - beling → beling-beling (a), belang-beling (b) + Beling-beling pecahan gendul iki buwangen, mun- dhak ngenani wong liwat. + Sing nyuwara belang-beling kuwi sapa ta ?
2. Dadine rimbag dwipurwa (a) lan pangganggone ing ukara (b)) - mbuwang → mbebuwang (a) Yen mbebuwang becik ana WC (b) - suguhan → sesuguhan (a) Ing toko roti wis cumawis roti-roti kan pantes kanggo sesuguhan tamu (b) - dagangan → dedagangan (a) - Wong kang dedagangan iku mesthi mbutuhake pawitan (b) - nyandhang → nyenyandhang (a) Nyenyandhang iku kudu dipantes karo sing nganggo (b) - njaluk → njejaluk (a) Bocah ngujan iku yen njejaluk adate ora kena dise- mayani [ 67 ] - mangan → memanganan (a)
Memanganan ana ngomah iku kudu nelingi sedulur-se- dulure, aja mung waton doyan bae ! (b) 3. Dadine rimbag dwiwasana (a) lan panganggone ing ukara (b). - dengek → dengengek (a) Adhiku kang lagi mapan turu, bareng ngreti swarane ibu banjur ndengengek (b) - Cekik → cekikik (a) Bocah-bocah iki kok pating cekikik kuwi ana apa ta ?' (b) - cengis → cengingis (a) Kanca-kanca sing padha guyon, bareng didukani ibu gu- ru padha pating cengingis (b). - Cekak → cekakak (a) Krungu lelucone dhagelan, penonton padha ngguyu pa- ting cekakak' (b) - bedhug → bedhudhug (a) Wetengmu mbedhudhug iku ana apane, Bud !
4. Tegese rimbag dwilingga kang kacithak kandel ing ukara : - njowal-njawil = bola-bali njawil - gedhe-gedhe = akeh gedhe - kanca-kancaku = kabeh kancaku - nyapu-nyapu = kaya ta nyapu - mrena-mrene = tansah mrene - sauni-unimu = sapira/kepriye unimu
IV. NULIS Panulisane nganggo aksara Jawa :
꧋ꦥꦭꦁꦩꦺꦫꦃꦧꦤ꧀ꦝꦺꦴꦤꦺꦱꦶꦪꦃ꧉ ꧋ꦭꦿꦱꦱꦠ꧀ꦲꦶꦱꦧꦼꦤ꧀ꦠꦸꦛꦏꦧꦸꦥꦠꦺꦤ꧀ꦲꦤꦲꦺꦴꦂ ꦒꦤꦶꦱꦱꦶꦲꦸꦠꦮꦏꦤ꧀ꦠꦺꦴꦂꦥꦭꦁꦩꦺꦫꦃꦆꦤ꧀ꦝꦺꦴꦤꦺ 67 [ 68 ]ꦱꦶꦪꦃ꧈ꦏꦁꦭꦸꦩꦿꦃꦲꦢꦶꦕꦼꦏꦏ꧀ PMI꧉ ꦧꦠꦼꦩꦼꦤ꧀ꦤꦺ
ꦲꦺꦴꦂꦒꦤꦶꦱꦱꦶꦱꦺꦴꦱꦶꦪꦭ꧀ꦏꦪꦢꦺꦤꦺ PMI ꦲꦶꦏꦶ ꦮꦶꦱ꧀ꦭꦮꦱ꧀ꦧꦔꦼꦠ꧀ꦩꦢꦼꦒ꧀ꦲꦶꦧ꧀ꦆꦤ꧀ꦝꦺꦴꦤꦺꦱꦶꦪꦃ꧉ꦪꦲꦶ ꦏꦸꦮꦶꦮꦶꦠ꧀ꦥꦚ꧀ꦗꦸꦗꦃꦲꦤ꧀ꦮꦭꦺꦴꦤ꧀ꦢꦫꦶꦪꦺꦤ꧀꧈ꦏꦁ ꦲꦢꦲꦢꦔꦢꦒ꧀ꦒꦏꦺ PMI ꦲꦶꦆꦤ꧀ꦝꦺꦴꦤꦺꦱꦶꦪꦃ ꦪꦏꦸꦮꦶꦫꦸꦝꦺꦴꦏ꧀ꦠꦼꦂ RCL Senduk ꦭꦏ꧀ꦝꦺꦴꦏ꧀ꦠꦼꦂ Bahder Johan ꦫꦶꦏꦭꦱꦩꦤꦠꦲꦸꦤ꧀;ꦒꦪꦔꦾ꧞; ꦭꦤ꧀ ꦆꦤ꧀ꦝꦺꦴꦤꦺꦱꦶꦪꦃꦢꦸꦫꦸꦁꦩꦂꦢꦶꦏ꧉ ꦲꦺ ꦮꦱꦩꦺꦴꦢꦺꦴꦒꦒꦪꦸꦃꦲꦫꦸꦤ꧀ꦤꦝꦺꦴꦏ꧀ꦠꦼꦂꦱꦠ꧀ꦭꦺꦴ ꦫꦺꦴꦤ꧀ꦲꦶꦏꦸꦲꦤ꧀ꦠꦸꦏ꧀ꦥꦔꦔ꧀ꦤꦩ꧀ꦧꦤꦭꦤ꧀ꦥꦚꦼꦧꦸ ꦪꦸꦁꦱꦏꦥꦫꦮꦶꦤꦱꦶꦱ꧀꧈
V. UKARA SAMBAWA B. Latihan 1. a. Iki mau mlakua terus tekan ngomah (upama mlaku) b. Tekaa saiki mana kareben ana kancaku (= muga-muga teka) c. Rekasaa kaya ngapa mesthi daklakoni amarga aku wis saguh. (= sanajan rekasa) d. Kowe maneh ngretia, wong aku bae ora ngreti (= mokal ngreti) e. Bok udana mana aku susah ngelebi sawahku (= mbok ya udan) 2. a. Diwenehana dhuwit, kowe iku mesthi mung kokenggo jajan ! (= upama diwenehi) b. Konangana mana anggonmu mbolos, kareben didukani
ibu guru (= muga-muga konanan) [ 69 ]c. Ditambanana bola-bali kok ya ora marimari, watukmu iku (= sanajan ditambani)
d. Kowe maneh dingretenana bab iki, aku sing gulang-guling saben dina bae ora. (= mokal dingreteni).
e. Bapak mengko maringana dhuwit bisa daktukokake sepedha dina iki uga (= mbok ya maringi)
3. a. Ditukokna sepedha Darma mesthi ora saba omah (= upama ditukokake)
b. Dina iki ulihna jam 09.00 mana, aku arep dolan menyang enggone kancaku (= muga-muga diulihake)
c. Diterangna bola-bali ya ora mudheng-mudheng, wong pancen pikirane kethul banget (= senajan diterangake)
d. Aku maneh ditukokna sepedha, kowe sing sedulur dhewe bae ora (= mokal ditukokake)
e. Raket iki wenehna aku dakenggone latihan badminton. (= mbok iya diwenehake)
VI. KASUSASTRAN
--
Penerbit
WIDYA DUTA
Surakarta
Jl. Honggowongso 139
6083 Surakarta