Kunci Mardi Jawi SMP 3
[ Cover ]
WULANGAN 1 |
5 |
WULANGAN 2 |
9 |
WULANGAN 3 |
14 |
WULANGAN 4 |
19 |
WULANGAN 5 |
29 |
WULANGAN 6 |
35 |
WULANGAN 7 |
40 |
WULANGAN 8 |
46 |
WULANGAN 9 |
51 |
WULANGAN 10 |
56 |
II. KAWRUH BASA
B. Kosok baline tembung-tembung :
1. rendheng>< ketiga
ngrembuyung>< ngarang
2. mbiyet>< arang-arang
3. pepanas>< ngeyub
4. prampang>< seger, edhum
5. layu>< seger
6. mitunani>< nguntungake, murakabi
7. alas yasan>< alas greng
8. banjir bandhang>< sumber, tandhon banyu
C. Dasanamane tembung-tembung :
1. mongkog = bombong, mbedhodhok
2. nyadhongi= menehi, manceni, ngedumi
3. cadhongku= rangsum
4. mardika = bebas
kenya = wadon, prawan, wanita
priya = lanang, jalu
5. masarakat= bebrayan
mapanake = mrenahake
6. dikungkung = diblenggu, ditutup, digedhong
dikendhaleni = dipekak, diatur
anggering= wewatoning, laranganing
kasusilan= kautaman
7. moderen = anyar
mesthi = temtu, tertamtu
onjo = unggul, luwih
8. nyulayani= cengkah, nyleneh
9. diecap = diunekake, diwada
kolot = kuna
saweneh = sawijining
lugune = temene, satemene
mumpangati = migunani, maedahi, murakabi
10. lugu = temen
D. Basa tulis gantine basa caturan :
1. Aku ora weruh, ana ing ngendi olehmu ndokok.
2. Kogawa ta mau.
3. Nanging ora ngono.
4. Sing nyilih bukumu sapa ?
5. Aku malah ora ngreti.
6. Mrana apa mrene, sakarepmu.
7. Aku dhisik, kowe aja kesusu.
8. Sing dhisik tekane sapa ?
9. Ya kareben ngono.
10. Yen ngono, aku ora mrene.
11. Emoh aku menyang Snggonmi, mundhak disrengeni bapakmu.
12. Mengko dudu kowe sing marani barang iki.
13. Banjur kepriye, kowe apa sida lunga ?
14. Besuk emben bae aku mrene.
15. Aku emoh mudhun, ana ing kene bae.
16. Aku ora duwe dhuwit, aja njaluk aku !
17. Iki lo bukumu, sing ko-takokake.
18. Besuk kapan kowe menyang omahku.
19. Ana ing ngendi adhimu ?
20. Pak Gedhe badhe dhateng pundi ?
Benjing punapa mriki malih ?
III. PARAMASASTRA
E. LATIHAN
1. Nalika ibu na pasar, bapak maos koran ana ing dalem
/Nalika ibu tindak pasar/ = rakitan tembung
/ibu tindak pasar/ = rakitan tembung
/tindak pasar/ = rakitan tembung
/bapak maos koran ana ing dalem/ = rakitan tembung
/maos koran ana ing dalem/ = rakitan tembung
/maos koran/ = rakitan tembung
/ana ing dalem/ = rakitan tembung
/ing dalem/ = rakitan tembung
Dadi ana 8 rakitan tembung
- “Kowe saka ngendi, Ton?” (ukara)
“Surabaya” (ukara)
“Nginep ana ing daleme sapa, Ton ?” (ukara)
“Eyangku” (ukara)
IV. NULIS
A. Panulise kang bener :
- Lo, kanca-kanca Kok, padha teka? Apa ko-undang?
- Ing dhuwur wis dakterangake menawa ing ngendi-endi para mudha uga gumregut anggone padha ngudi kawruh.
- Ndandanana pager besuk dina Minggu, njaluka tulung marang tangga teparo lan kudu sedhiya kuwas Kanggo nglabur!
- Bapak ngendika, “Kuwajibanmu saben dina Kudu Kotindakake temenan. Aja mung suwaramu bae!”
- Sapunika Bapak kaliyan Ibu punapa saestu tindak dhateng dalemipun bapak guru? Kala wau wonten priya sesarengan lurah pados beya karamean kampung.
B. Panulise nganggo aksara Jawa kang bener:
꧋ꦥꦿꦩꦶꦭꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦩꦲꦶꦧꦼꦤ꧀ꦩꦤꦮꦶꦲꦶꦁꦱꦠꦸꦁꦒꦭ꧀ꦭꦶꦁꦥꦁ ꦒꦺꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦗꦶꦤꦶꦱ꧀ꦱꦶꦁꦮꦤꦲꦶꦁꦏꦁꦧꦺꦴꦠꦼꦤ꧀ꦱꦒꦼꦢ꧀ꦥꦶ ꦤꦁꦒꦶꦃꦮꦺꦴꦤ꧀ꦠꦼꦤ꧀ꦲꦶꦁꦥꦁꦒꦺꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦱꦤꦺꦱ꧀ꦱꦶꦥꦸꦤ꧀꧈ ꦲꦸ ꦥꦩꦶꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ꦲꦶꦁꦭꦭꦢ꧀ꦢꦤ꧀ꦏꦭꦶꦩꦤ꧀ꦠꦤ꧀ꦠꦼꦔꦃꦱꦂꦠꦏꦭꦶ ꦩꦤ꧀ꦠꦤ꧀ꦮꦺꦠꦤ꧀ ꦏꦛꦃꦮꦤꦒꦽꦁꦲꦶꦁꦏꦁꦲꦫꦸꦥꦶꦮꦤ ꦥꦼꦚ꧀ꦗꦭꦶꦤ꧀ ꦏꦗꦼꦁꦧꦼꦱꦶꦭꦤ꧀ꦱꦤꦺꦱ꧀ꦱꦤꦺꦱ꧀ꦱꦶ ꦥꦸꦤ꧀꧈ ꦲꦶꦁꦭꦭꦢ꧀ꦢꦤ꧀ꦉꦢꦶꦭꦮꦸꦱꦂꦠꦭꦭꦢ꧀ꦢꦤ꧀ ꦩꦭꦁꦱꦏꦤꦤ꧀ꦏꦺꦫꦶꦁꦔꦶꦥꦸꦤ꧀ꦏꦛꦃꦥꦶꦤꦁꦒꦶꦃꦮꦤꦕꦼꦩ
ꦫꦥꦶꦤꦸꦱ꧀ ꦲꦸꦒꦶꦲꦶꦁꦭꦭꦢ꧀ꦢꦤ꧀ꦉꦩ꧀ꦧꦁ꧈ꦧ꧀ꦭꦺꦴꦫ [ 8 ]V. UNGGAH-UNGGUH
Indonesia punika negari tetanen utawi kasebut ugi negari agraria. Sampun mataun-taun tiyang-tiyang ing ngriki sami nanem pantun, jagung kaliyan palawija. Klapa, wit woh-wohan ugi boten kantun.
Wana ageng dipun babadi. Lepen-lepen sami dipun bendung. Wilayah ingkang wiyar sanget dipun sukani irigasi ingkang dipun atur sampurna. Salah satunggalipun kasilipun ingkang wigatos inggih punika klapa. Pamedalipun klapa nglangkungi betahing rakyat, milanipun Indonesia saged ngintunaken kopra kathah sanget dhateng manca negari. Namung kemawon pamedaling sabin dereng nyekapi, mila inggih taksih kapeksa ngimpor uwos saking manca negari.
Sapunika sampun wonten cara warni-warni kangge mewahi pamedaling sabin. Pamedalipun sabin ingkang awujud uwos sapunika saya wewah. Ing pangangkah Indonesia sampun ngantos impor uwos malih. Milanipun saking punika Indonesia lajeng damel bendungan ageng-ageng kangge ngoncori sabin-sabin ing mangsa ketiga. Dados wadhuk-wadhuk inggih punika tandhon toya perlu sanget tumraping tetanen. Amargi saking wontenipun wadhuk-wadhuk punika sedherek tani lajeng saged panen pantun kaping kalih setaun-taunipun, malah wonten ingkang kaping tiga punapa. Ing Krawang sabin pinten-pinten dasa ewu hektar saged dipun oncori ing mangsa ketiga margi saking wontenipun Wadhuk Jatiluhur.
Kajawi dipun tanemi pantun sabin-sabin ugi dipun tanemi kacang, kedhele, pohung tuwin taneman palawija sanesipun. Punika kala wau sadaya kangge nyekapi betahing rakyat sadinten-dintenipun. Sadaya tetaneman punika wau kangge mewahi makmuring rakyat, kangge kerta raharjaning negari.
VI. KASUSASTRAN
II. KAWRUH BASA
B. Tembung saroja :
1. kocap kacarita | = | kacaritakake |
dhawuh pangandika | = | kandhane |
tata rakit | = | cecawis, siyaga |
2. sumebar warata | = | warata ing ngendi-endi |
gethok tular | = | tular tumularing paomongan |
3. gagah prakosa | = | gedhe dhuwur lan santosa |
sekti mandraguna | = | digdaya banget |
4. tandang tanduk | = | patrap, solah tingkah |
angkat junjung | = | njejunjung, ngangkat-angkat |
watak wantune | = | watak sarta dhasaring wewatakan |
budi pakarti | = | watak lan panalare |
solah tingkah | = | tandang tanduk |
5. rahayu slamet | = | luput ing bebaya |
baya pakewuh | = | reribed |
teguh kuwat | = | sentosa |
D. Tegese unen-unen :
1. abang-abang lambe | = | tetembungan manis mung samudana |
2. lambe setumang kari samerang | = | wong nenuturi ora digugu |
3. madu angin | = | pepadon prakara kang ora nyata |
4. angon angin | = | golek (nangguh) wektu kang prayoga. |
5. ketiban tai baya | = | kena ing pandakwa |
6. kinepung wakul binaya mangap | = | dikepung ing mungsuh |
7. balung peking | = | wong kang sekeng |
8. balung gajah | = | wong kang sugih bandha |
9. madu balung tanpa isi | = | pepadon prakara barang sepele |
10. mbalung usus | = | kekarepane kendho kenceng |
11. tunggal banyu | = | tunggal ngelmu (tunggal guru ngelmu). |
12. banyu pinerang | = | ngibaratake pasulayane sedulur mesthi enggal pulih. |
B. 1. Tuladha liyane nglima :
- sandhing → sumandhing
saré → sumaré
gagah → gumagah
sanak → sumanak
gadhung → gumadhung
- sisih → sumisih
simpen → sumimpen
simpang → sumimpang
tindak → tumindak
glindhing → gumlindhing
- sugih → sumugih
gulung → gumulung
kudu → kumudu
susul → sumusul
tungkul → tumungkul
- gampang → gumampang
sampir → sumampir
ganti → gumanti
kambang → kumambang
tangkar → tumangkar
- tut → tumut
tus → tumus
lud (tut buri) → lumud (tut buri)
lèr (bukak) → lumèr (dielèr, dibukak)
trah (turun) → tumrah (turun-tumurun)
2. Conto liyane:
- anut → umanut → manut
anjing → umanjing → manjing
andhap → umandhap → mandhap
andheg → umandheg → mandheg
ambu → umambu → mambu
- Idak → umidak → midak
ili → umili → mili
ilir → umilir → milir
ider → umider → mider
ineb → umineb → mineb
- undur → umundur → mundur
unggah → umunggah → munggah
umbul → umumbul → mumbul
ubal → umubal → mubal
ubeng → umubeng → mubeng
- éncos → uméncos → méncos
émba → umémba → mémba
èlu → umèlu → mèlu
éncok → uméncok → méncok
éthok → uméthok → mélhok
- elar → umelar → melar
egar → umegar → megar
ener → umenèr → mener
encit → umencit → mencit
entas → umentas → mentas
- odod → umodod → modod
olor → umolor → molor
onjo → umonjo → monjo
ongkog → umongkog → mongkog
osik → umosik → mosik
3. Conto liyané :
- wekas → um + wekas → umekas → mekas
wengku → um + wengku → umengku → mengku
weteng → um + weleng → umeteng → meteng
weling → um + weling → umeling → meling
wejang → um + wejang → umejang → mejang
- wijik → um + wijik → umijik → mijik (i)
wiyos → um + wiyos → umiyos → miyos
wilang → um + wilang → umilang → milang
wiraos → um + wiraos → umiraos → miraos
wirasa → um + wirasa → umirasa → mirasa
— | wungu | → | um | + | wungu | → | umungu | → | mungu |
wungkus | → | um | + | wungkus | → | umungkus | → | mungkus | |
wulang | → | um | + | wulang | → | umulang | → | mulang | |
wuruk | → | um | + | wuruk | → | umuruk | → | muruk | |
wuwuh | → | um | + | wuwuh | → | umuwuh | → | muwuh |
— | perkewuh | → | umerkewuh | → | merkewuh |
perkewed | → | umerkewed | → | merkewed | |
pesagi | → | umesagi | → | pesagi | |
pethekel | → | umethekel | → | methekel | |
pethit | → | umethit | → | methit |
— | padhet | → | umadhet | → | madhet |
pakewuh | → | umakewuh | → | makewuh | |
pampet | → | umampet | → | mampet | |
pandelo | → | umandelo | → | mandelo | |
pandhukul | → | umandhukul | → | mandhukul |
D. Latihan
1. | kebet | → | kumbet | = | lagi bisa kebet-kebet |
2. | kenthus | → | kumenthus | = | duwe sipat kaya kenthus |
3. | kringet | → | kumringet | = | akeh metune kringet |
4. | tawon | → | tumawon | = | duwe sipat kaya tawon (gumrengenge) |
5. | undhak | → | mundhak | = | ana undhak(e) |
6. | uluk | → | muluk | = | bisa tambah uluke |
7. | wijil | → | mijil | = | ketingal wijilpun |
8. | pesat | → | mesat | = | duwe sipat kaya pesat (=jepatan) |
9. | sulih | → | sumulih | = | tumidak dados sulih |
10. | brebeg | → | gumrebeg | = | njalari brebeg (ing kuping) |
IV. NULIS
A. Panulise kang bener:
Sesuk bocah kelas telu arep bal-balan karo kelas loro. Bocah-bocah kelas
telu padha ngumpul.
Sarju kandha, "Sesuk kelas telu aja nganti kalah, ngisin-isini. Kipere Abas bae, Abas
dhuwur, cukat lan trampil. Bal nleser wasis nampani." [ 13 ] Darta mangsuli, "Cocog. Nanging beke kudu Darma karo Pa-
dri, padha titis, adoh tendhangane. Kanca liya dipasang ngendi bae becik padha pintere."
Ali nyambungi,"Ya mung bae s8ng maju njaba kowe, Parta. Njaba tengen Dira, layunr padha bantere. Bapak guru Olah Raga disuwun dadi wasite."
Tenan, esuke kelas telu karo kelas loro padha tandhingan. Sing ora melu main njagoi kelase dhewe. Pemain kelas telu katon rukun, yen oleh bal ora digawa dhewe.
B. Panulise nganggo aksara Jawa :
1. ꦲꦤ꧀ꦢꦼꦔ꧀ꦤꦁꦉꦕ 7. ꦭꦶꦭꦶꦥꦸꦂꦫꦶꦥꦸꦤ꧀ 2. ꦏꦉꦩ꧀ꦉꦁꦒꦶꦤꦤ꧀ 8. ꦫꦸꦭꦭꦺꦮꦤꦶꦥꦸꦤ꧀ 3. ꦒꦼꦔ꧀ꦤꦩ꧀ꦩꦶꦏꦶꦂ 9. ꦭꦺꦭꦺꦱꦺꦴꦲꦤ꧀ 4. ꦲꦉꦥ꧀ꦭꦒꦤ꧀ꦤꦤ꧀ 10. ꦮꦶꦠ꧀ꦢꦶꦠ꧀ꦠꦤ꧀ ꦏ꧀ꦭꦼꦊꦧ꧀ 5. ꦲꦤ꧀ꦢꦼꦔ꧀ꦤꦁꦲꦸꦔ꧀ꦤꦂ 11. ꦉꦁꦒꦸꦤꦏ꧀ꦥꦁꦒꦸꦤꦸꦏ꧀ 6. ꦭꦸꦭꦸꦔꦤ꧀ꦧꦉꦁ 12. ꦔꦤ꧀ꦒꦸꦏ꧀ꦭꦼꦂꦊꦁꦂꦫꦤ꧀
V. ANTAWACANA (bisa dicontoni dening guru)
VI. KASUSASTRAN (bisa dicontoni dening guru)
13 [ 14 ] WULANGAN 3
II. KAWRUH BASA
B. Tembung entar :
1. lobok atine = gampang anggone tetepungan,
ora gampang nesu.
2. jembar segarane = sugih pangapura, welasan
3. lunyu ilate = guneme mencla-mencle, ora kena
diendel.
4. tipis lambene = seneng nyatur wong, seneng misuh
5. entheng tangane = cengkiling
6. gedhe endhase = gembelengan, sumangkeyan
7. ngatonake siyunge = nuduhake panguwasane
8. nggegem tangan = kesed, ora gelem tumandang gawe.
9. lumah tangan = ora gelem cawe-cawe
10. nyolok mata = njarag tumindak kang kurang
prayoga
11. lunyu ilate = guneme mencla-mencle
12. nggedhekake puluk = nengenake pangan, kurang (ora
ana) prihatine.
Ukara nganggo tembung entar :
1. mogel ilate = memangan akeh warna-warna lan
sarwa ena, nedha eca.
- Nalika sukurane kancaku, wah Darna klakon 'mogel
ilate temenan, marga suguhane enak-enak lan mbanyu
mili.
2. ngabangake kuping = gawe muntab
- Tembungmu iku mung sakecap, nanging 'ngabangake
kuping' kanggoku.
3. peteng atine = bundel, sedhih banget.
- Mbakyumu lagi peteng atine, marga ora ketampa ana
SMA.
4. adus kringet = (kanthi) kangelan utawa rekasa
banget.
- Olehku nyambut gawe dakrewangi adus kringet,
ewadene ora bisa nyembadani kabutuhane kulawarga.
- cagak lek = srana supaya betah melek
— Aku silihana bukumu roman, kanggo cagak lek yen bengi. - wedi getih = jirih
— Kanca-kancamu tansah ngece kowe marga ngreti yen kowe bocah lanang kang wedi getih.
C. Tegese saloka iki :
- Gajah ngidak rapah = tiyang ingkang nrajang wewaleripun piyambak.
- Kodhok nguntal gajah = samubarang ingkang langka kadadosanipun.
- Semut ngadu gajah = tiyang alit ngaben tiyang ageng.
- Tengu ngadu gajah = tiyang alit ngaben tiyang ageng.
- Nggajah elar = tiyang ingkang sarwa ageng lan santosa kekajenganipun.
- Kebo kabotan sungu = tiyang ingkang rekaos gesangipun amargi saking kekathahen anak.
- Kebo mulih ing kandhange = tiyang ingkang wangsul dhateng papan padununganipun malih.
- Kebo nusu gudel = tiyang sepuh nedha wuruk dhateng tiyang enem.
- Bebek mungsuh mliwis = tiyang pinter mengsah tiyang pinter, namung ingkang setunggal langkung ubet.
- Kutuk marani sunduk = tiyang ingkang nemaha dhateng bebaya.
- Ula marani gitik = tiyang ingkang nemaha dhateng bebaya.
- Belo melu seton = tiyang ingkang namung anut grubyug kemawon, boten sumerep punapa.wigatosipun.
- Iwak klebu ing wuwu = tiyang ingkang kenging paeka.
- Asu gedhe menang kerahe = tiyang ageng punika temtu menangipun
- Pitik trondhol diumbar ing padaringan = tiyang ingkang kekirangan dipun pasrahi nyepeng bandhà, dangu-dangu inggih gadhah melik.
kekirangan kapasrahan nyepeng bandha, dangu-dangu
inggih gadhah belik.
D. Dasanamane tembung-tembung ing ngisor iki :
|
= praene, wujuding rai
|
III. PARAMASASTRA
Udhaling ukara-ukara :
1. Tawon kuwi // mencok / ana ing kekembangan.
– Tawon kuwi
|
= jejer |
2. Tawon-tawon // tansah / ngisepi / madu / ing kekembangan.
– Tawon-tawon
|
= jejer |
3. Maduning kekembangan // diisepi / tawon-tawon / saben dina
– Maduning kekembangan
|
= jejer |
V. UNGGAH-UNGGUH
' Basa ngoko andhap :'
- Apa panjenengan wis midhanget, yen ingkang eyang lagi gerah ?
- Aku krungu manawa panjenengan gerah, tibake panjenengan malah wis tindak-tindak.
- Aku trima nganggo iki bae, panjengengan dakaturi ngagem busana sing apik.
- Bu, aku nyuwun pamit arep menyang Surabaya, seminggu maneh aku wis mulih.
- Atiku kok krasa ora kepenak. Apa panggalih panjenengan uga kraos kaya atiku ?
- Sesuk aku duwe gawe mantu. Panjenengan daksuwun rawuh ana ing omahku. [ 19 ]
- Kagungane dalem apa wis dadi ? Apa panjenengan wis ngaturi priksa marang ingkang eyang manawa panjenengan ngasta dalem ?
- Besuk manawa kakangmas kagungan kersa, aku nyuwun panjenengan timbali.
- Jarene ingkang ibu tindakan ! Apa saiki wis kondur ? Panjenengan dioleh-olehi apa ?
- Aku kepengin mbacutake sekolahku, dakaturi mujekake gangsar lan slamet.
VI. KASUSASTRAN
____
Il. KAWRUH BASA
B. Tembung-tembung kang kandel panyithake kang cocog karo ukarane :
- Sedulur tuwa saiki wis entuk kanugrahan ing Pangeran, dene wis bisa nduweni turun.
- Anggonku setya dadi guru wis ana 40 taun, mula dina wingi aku oleh ganjaran saka pamarentah arupa Satya Lancana.
- Saben taun para pembantu rumah tangga padha tampa paringan saka sing didhereki arupa sandhangan sapengadeg.
- Wis sesasi iki barang-barangku kang ana ing gudhang tansah kalong-kalong dicolong uwong, ndilalah mau bengi mbeneri aku metu bisa ngonangi sapa sing gawene nyolong.
- Aku dak melu nyekseni anggonmu janji arep nukokake sepedha adhimu.
- Kowe dhewe rak ya wis tau nyumurupi anggonku sinau klompok, ta ?
- Wah nlangsa banget atiku bareng anggonku nggarap testing calon pegawe ora rampung. Mangka sajatine aku bisa kabeh.
- Ya ora maido manawa pamanmu nggrantes panggalihe, lah wong bandhane wis entek-entekan kanggo nambakake putrane olehe lara tetaunan, kathik ora bisa ngukup pisan.
- Toni, ora mung pisan olehmu gawe susah marang aku. Angger aku arep budhal menyang kantor, sepedha motore mesthi wis kothong bengsine.
- Eyang melu ndedonga muga-muga kowe oleh jodho sing kebeneran bisa nyembadani lan tanggung jawab marang kulawarga.
- Yen Narta arep kojodhokake karo Narsi sing terang ora cocog lah wong bocah loro iku ngalor-ngidul wewatakane.
- Saoto karo iwak empal iku kanggoku pancen mathuk banget.
C. Ukara :
- — Adhiku sing mau mrengut bae, bareng dituruti panjaluke banjur ngguyu.
— Bocah kang ora cugetan aten iku, senajan diolok-olok ya mesem bae.
— Ora pantes, bocah wadon cekakakan ngono kuwi ! - — Wong tuwa nyapu dhewe sing enom mung ngawasake bae iku apa pantes ?
— Saka kadohan aku ngulatake wong mlaku ing jero kampung kang nyalawadi.
— Aku namatake tamu kang linggih ana ing papan remeng-remeng. - — Kancaku ngandani aku manawa mengko bengi kanca-kanca arep padha mrene.
— Aku nuturi adhiku supaya dadi bocah sing pinter lan mbangun miturut karo wong tuwa.
— Eyang ndunungake aku sapa satemene sing ngopeni aku karo adhi-adhiku nganti
tekan seprene iki.
- — Tekan ngomah Kardi nyelehake tase banjur terus menyang meja dhahar.
— Mapanake lenggah para tamu ana ing pasamuan iku kudu nganggo solah bawa
kang trapsila anoraga.
— Aku lagi mrenahake kursi sing arep dilenggahi eyang.
D. Paribasan kang meh padha tegese :
- — Pitik trondhol diumbar ing padaringan = wong kekurangan dipasrahi dhuwit.
— Wedhus prucul diumbar ing pakacangan = wong kekurangan dituduhake ing
kamelikan. - — Madu balung tanpa isi = pepadon prakara barang sepele.
— Asu arebut balung = pepadon rebutan prakara sepele. - — Kejugrugan gunung menyan = nemu kabegjan gedhe.
- — Kebanjiran segara madu = oleh kabegjan (pangalembana) sing kaluwih-luwih.
- — Dadia godhong suthik nyuwek = wis emoh sapa
— Dadia banyu suthik nyawuk = wis emoh sapa aruh. - — Suwe mijet wohing ranti = samubarang kang gampang banget.
— Timun jinara = samubarang kang gampang banget - — Bau kapine = pilih sih (ora adil), ewang-ewangan.
— Emban cindhe emban siladan = pilih sih. - — Ambuwang rase nemu kuwuk = nampik marang samubarang kang ala oleh ijol
sing luwih ala.
— Mburu uceng kelangan deleg = nindakake pagawean
kang perlu (baku), kasambi nindakake pagawean remeh, wusanane pagawean
kang perlu (baku) dadi kapiran. - — Dhayung oleh kedhung = oleh dalan (srana) sing prayoga.
— Bubuk oleh eleng = duwe niyatala oleh dalan.
- — Adus kringet = kangelan utawa rekasa banget.
— Suku jaja ateken janggut = senajan kepeksa rekasa dilakoni. - — Nggegem tangan = kesed, ora gelem tumandang gawe
— Ngekep dhengkul = nganggur. - — Ati bengkong oleh oncong = “duwe a ala oleh dedalane.
— Dhayung oleh kedhung = Oleh dalan (rana) sing prayoga. - — Atine ati dhondhahng = jail, seneng maeka ing liyan.
— Atine ana wulune = ala atine. - — Keguguran wukir sari = nemu kabegjan gedhe.
— Nyandhung cepaka sawakul = nemu kabegjan gedhe. - — Empol pinecok = gampang bangét.
— Gudir binendho = gampang banget. - — Ngungkak krama = = nerak tatakrama
— Murang tata = ora nganggo tatakrama; degsura - — Geguyon dadi tangisan = maune mung sembrana dadi prakara gedhe.
— Kriwikan dadi grojogan = prakara cilik dadi nika gedhe.
E. Candrane :
- Raden. Gathutkaca iku otot kawat, balung wesi, sungsum gegala, kulit tembaga, daging kencana, driji gunting, sikut palu , dhengkul paron, ngagem caping basunanda, kotang antrakusuma, udan datan kodanan, panas datan kepanasen, bisa mletik tanpa suthang, bisa mabur tanpa elar
- Lakune lengket-lengket kaya macan luwe
- Untabing wadyabala-kaya gabah diinteri
- Antenge kaya panganten
- Swarane kaya mbelahna bumi
- Lakune baris kaya sela blekithi
- Lingak-linguk kaya kethek ditulup
- Rukune kaya mimi lan mintuna.
- Ramene lir prahara nempuh wukir
10. Jogede mucang kanginan
11. Lembehane kaya merak kesimpir (sengkleh)
12. Cukate kaya manuk branjangan
13. Bungahe kaya nemu cepaka sewakul
14. Mungsuh padha bubar resik kaya disaponi
15. Eseme pait madu
16. Kopat-kapita kaya ula tapak angin kekejar kaya manuk.
III. PARAMASASTRA :
Tegese panambang an ing tembung-tembung kang kacithak kandel :
|
= pirang-pirang goni |
A. Tandha-tandha panulisan miturut surasane :
Darya : "Kula nuwun !" Priya : "O, Nak Darya ! Ayo Nak lenggah kena !" Darya : "Inggih. Namung sowan kemawon. Sampun sawata- wis dangu kula boten ketingal wonten ngarsanipun Bapak. Kaliyan anu Pak, kula kepengin maos serat- serat Jawi." Priya : "Ya sokur ta, yen mung ngono. Lah sing dikersak- ake buku Jawa apa ?" Darya : "Manawi wonten serat-serat anggitanipun Raden Ngabehi Ranggawarsita."
B. Panulise nganggo aksara Jawa sing bener : 1.꧋ꦭꦶꦤ꧀ꦕꦁꦔꦺꦥꦠꦷꦏꦽꦭꦶꦥ꧀ꦲꦧꦾꦺꦴꦂꦲꦤꦭꦔꦶꦠ꧀꧈ 2.꧋ꦲꦤꦲꦥꦠꦽꦁꦒꦤꦭꦶꦮꦠ꧀ꦠꦽꦠꦼꦒ꧀ꦏꦫꦺꦴꦏꦽꦁꦒꦺꦴꦱ꧀ꦱ ꦤ꧀ꦲꦶꦏꦸ꧉ 3.꧋ꦮꦶꦧꦒꦾꦲꦸꦢꦤ꧀ꦲꦸꦢꦤ꧀ꦩꦸꦭꦶꦃꦔꦼꦥꦺꦿꦃ꧉ 4.꧋ꦩꦢꦾꦤꦧꦾꦸꦂꦧꦾꦸꦂꦫꦤ꧀ꦱꦏꦏꦽꦠꦼꦒ꧀꧈ 5.꧋ꦭꦫꦺꦴꦤ꧀ꦤꦺꦧꦾꦸꦏ꧀ꦧꦾꦸꦏ꧀ꦏꦤ꧀ꦩꦫꦤ꧀ꦤꦭꦩ꧀ꦥꦸ꧉
V. UNGGAH-UNGGUH Basa ngoko :
Ibu Sri : "O, Mbakyu Brata ! Saka ngendi Mbakyu kok mawa di- dherekake ingkang putra ?" Ibu Brata : "Iya jeng. Anu, aku iki ngeterake lan nunggoni gen- dhuk anggone ajar joged,"
24 [ 25 ]
Ibu Sri | : | "lya Ndhuk ? Wis bisa njoged apa bae ? Sing nganti pinter tenan lo anggone njoged ! Pawitane ora kena jelehan." |
Gendhuk | : | "Lagi bisa njóged sawatara warna : golek, Minak Jingga - Dayun, Kupu-kupu, Gambyong." |
Ibu Sri | : | "Wah, lah kok wis pirang-pirang warna.! Apa wis tau digebyagake?" |
Ibu Brata | : | "Uwis Jeng. Malah uwis bola-bali. Etunge gendhuk iku rada kepilih. Jogede mula katon luwes." |
Ibu Sri | : | "Mesthi bae luwes. Lah sing ditiru sapa yen ora Mbakyu. Anu lo Ndhuk ibu biyen dhek isih timur iya dadi pilihan saka anggone pinter njoged. Yen ibumu biyen njoged, wong-wong padha gumun luwese. Nganti pating domblong sing padha nonton." |
Ibu Brata | : | "Ah, Jeng Sri kuwi ndhuk, wiwit biyen gawene mung ngalem ibu. Rak iya ta Jeng ? Lah ingkang putra sing wasis njoged 'Kuda Lumping' kae ana ngendi?" |
Ibu Sri | : | "Ana Jakarta. Ana kana rekane iya ngedegake sekolah joged. Malah sing padha ajar njoged akeh wong-wong manca. Ana wong Walanda, wong Inggris, wong Perancis, Amerika, isih ana maneh Mbakyu, aku kurang dhamang." |
Ibu Brata | : | "Ngono kuwi aku iya ngerti saka layang kabar. Malah gajege ingkang putra wis mider donya. Tekan Inggris, Jerman, Perancis, Sepanyol, Amerika. Mangkono iku kaemot ana layang kabar." |
Ibu Sri | : | "Iya, mula mengkono Mbakyu. Critane thole, wong Eropa apadene Amerika iku padha gandrung joged Jawa. Padha sinau njoged Gambyong, Srimpi, Bedhaya. Uga padha ajar njoged kreasi anyar barang." |
Ibu Brata | : | "Iya mengkono Mbakyu. Wong joged lawas lan anyar kuwi uga padha dene kabudayan Jawa; seni joged Jawa. Joged Jawa iku wis kawentar sadonya. Sapa sing ora gandrung, wong alus lan gambarane kaya ngono." |
VI. KASUSASTRAN
Wangsulane pitakon-pitakon :
1. Tembang Gedhe Anyar iku mung nganggo wewaton:
- Cacahing wanda ing dalem sagatra (kang diarani laku) iku padha bae. [ 26 ]Tembang Gedhe Kuna (Kekawin) iku kaiket ing wewaton :
- Guru wilangan,
- Guru lagu, yaiku abot enthenging swara utawa dawa cendhaking wanda.
2. Tembang Tengahan iku satemene uga Tembang Macapat nanging wis ora populer, wis
arang-arang kesrambah, uga nganggo ngelingi :
- Guru wilangan
- Guru lagu
3. Guru Wilangan lan Guru lagune tembang Kinanthi kaya ing cengkorongane ngisor iki :
_ _ _ _ _ _ _ _ (8u)
_ _ _ _ _ _ _ _ (8i)
_ _ _ _ _ _ _ _ (8a)
_ _ _ _ _ _ _ _ (8i)
_ _ _ _ _ _ _ _ (8a)
_ _ _ _ _ _ _ _ (8i)
4. Wayang-wayang ing ngisor iki njupuk lakon saka :
a. Wayang Purwa njupuk crita saka purwa-purwa peranganing buku Mahabarata ing bab
Pandhawa lan Kurawa.
b. Wayang Klithik nyritakake lelakon jaman Pejajaran tekan Majapait, Prabu Brawijaya
wekasan. Sing kondhang lakon Damarwulan - Menakjingga.
c. Wayang Beber njupuk crita Panji, wujude gambar-gambar ing mori kang kabeber,
banjur dicritakake.
d. 'Wayang Gedhog (kedhok ⠀ topeng) critane saka layang Panji.
5. Kang nganggit layang-layang ing ngisor iki :
a. Abimanyu kerem -->⠀ M. Soekir
b. Srikandhi maguru manah -->⠀ Kyai Sindusastra
c. Partakrama -->⠀ Kyai Sindusastra
d. Jagal Bilawa -->⠀ K. Pangeran Arya Kusumadilaga
d. Semar ⠀ jantur --> ⠀ K. Pangeran Arya Kusumadilaga
6. Kekawin weton jaman Kedhiri :
- Samaradahana dening Empu Darmaja
— Hariwangsa dening Empu Panuluh
— Wrettasancaya dening Empu Tantular
— Lubdhaka dening Empu Tanakeng
7. Layang-layang weton jaman Majapait, upamane :
— Negarakertagama dening Empu Prapanca.
— Nitisastra
— Sutasoma utawa Purusasanta dening Empu Tantular.
8. Layang kuna kang isi bab wayang, kaya ta :
— Ramayana (Kakawin)
— Baratayudha (Kakawin)
— Arjunawiwaha (Kakawin)
— Perang-peranganing Mahabarata (gancaran)
9. Layang-layang anyar kang isi carita wayang, kaya ta :
— Arjunasasrabau dening Kyai Sindusastra
— Srikandhi maguru manah dening Kyai Sindusastra
— Sembadra Larung dening Kyai Sindusastra
— Jagal Bilawa dening K. Pangeran Arya Kusumadilaga.
— Semar jantur dening K. Pangeran Arya Kusumadilaga.
10. a. Kasusastrane pujangga R. Ng. Ronggowarsita ing antarane marga :
— Basa anggitane runtut, laras, edi peni, sinawung ing tembang kang krengga ing purwakanthi lan wewiletan.
— Miwiti (mlopori) anane sandi-asma ing rumpakan tembang.
— Layang wecane : Jaka Lodhang, Sabda-tama, Sabda-jati, Jayabaya.
b. Buku-buku anggitane R. Ng. Ranggawarsita, upamane :
— Pustaka Raja Purwa
— Kalatidha
— Paramayoga
— Cemporet
— Aji pamasa
10. Para priyagung kang kagungan anggitan, kaya ta!
— Sunan PB IV, anggitane : Wulangreh
— Sunan PB V, anggitane : Centhini
— Sunan PB VII, anggitane : Angger nawala pradata
- — Sunan PB IK, anggitane : Candrarini Wira Iswara
- — K.G.P.A.A. Mangkunegara IV, anggitane : Wedhatama, Tripama, Salokatama, Buratwangi, Sendhon Jangan swara, Panjiwulung, Isp.
- — Sunan PB IK, anggitane : Candrarini Wira Iswara
- — Kakawin Ramayana dibangun dadi Serat Rama dening Kyai Yasadipura !
- — Kakawin iku katulis mganggo basa Kawi (basa Jawa Kuna).
- — Perang Baratayuda iku perange Kurawa karo Pandhawa. Sing menang Pandhawa.
- — Prabu Suyudana ngratoni Ngastina
— Prabu Yudhisthira ngratoni Amarta
— Prabu Harjunasasra ngratoni Maespati
— Prabu Baladewa ngratoni Mandura
— Prabu Matswapati ngratoni Wiratha
- — Dewi Sembadra (Dewi Rara Ireng utawa Dewi Bratajaya) dhampitane Raden Narayana, putrine Prabu Basudewa ing negara Mandura, jenatu krama ening Raden Arjuna.
— Drupadi putrine Prabu Drupada ing, negara Cempalareja, jinatukrama ing Prabu Yudhisthira dadi ibune Pancawala.
— Bagong iku kanthine Semar: kadadeyan saka wayangane Semar, dadi panakawan: para kadang Pandhawa.
— Srikandhi putrine Prabu Drupada ing Cempalareja, maguru manah. marang: Ajun, banjur jinatukrama dening Arjuna.
— Sinta putrane angkat Prabu Janaka, garwane Raden Rama Regawa.
— Banowati putrine. Prabu Salya ing negara Mandaraka, dadi garwane Prabu Suyudana ing Ngastina.
— Arimbi adhine Prabu Arimba, putrine Prabu Kala Trembaka ratu ing Pringgodani, jinatukrama ing Bratasena nurunake Gathotkaca.
- a. Durma watake : galak, muntab, sereng.
b. Dhandhanggula watake : luwes, ngresepake.
c. Pocung watake : gloyam-glayem, sakepenake
Balabak (Tembang Tengahan), watake : sembrana parikena.
- Tembang Gedhe Kuna (Kakawin) kaiket ing wewaton guru lagu lan guru wilangan.
d. Maskumambang watake: sedhih, nalangsa, nglokro.
e. Megatruh watake: sedhih, ngeres-eresi.
II. KAWRUH BASA
A. Tembung-tembung kang mathuk karo ukarane :
- Janji Pramuka Siaga iku arane Dwisatya.
- Janji Pramuka Penggalang iku arane Trisatya.
- Katetepaning moral kanggo Pramuka Siaga iku arane Dwidarma.
- Katetepaning moral kanggo Pramuka Penggalang iku arane Dasadarma.
- Janji Pramuka Penegak lan Pramuka Pandhega sarta Anggota Dewasa iku arane Trisatya.
- Satuan Pramuka Penggalang. iku arane Pasukan.
- Satuan Pramuka Penegak iku arane Ambalan.
- Satuan Pramuka Pandhega iku arane Racana.
- Pakemahan Pramuka Siaga iku arane Pesta Siaga.
- Pakemahan Pramuka Penggalang iku arane Jambore.
- Pakemahan Kusus kanggo para Penegak/Pandhega anggota SAKA arane Pesta Karya.
- Peta perjalanan Pramuka kang awujud kertas gulungan kaya pita mesin tik arane Peta Pita.
B. Bedhekane cangkriman :
- wong menek andha
- wong mikul angkring
- kupluk
- wong meme kathok
- tuma
- sepur
- gajah
- Pitik-pitik kang diedol ana pasar mesthi disrimpungi supaya ora mlayu.
- Krambil-krambil kang dituku ing wong durung mesthi wutuhan, nanging separo utawa saprapirane. Mesthi bae dikepruki, kareben bisa diperang-perang manut sing dituku.
- Buntute mesthi ana ing buri. Ora ana buntut ana perangan sirah.
- Dadi 8, marga lawane 5 karo kalonge cacahe 3.
- Gandhen iku ana endhase,
Manuk bubut iku ana wulune,
Manuk kathik bisa mabur, marga manuke kathik waras. - Wong jajan ana ing dalan ya oleh jajanan sing dituku ngono, ora bakule sing didol menehi pulisi marang sing jajan.
- Ora batal, lah wong asune iku ndilati sikile dhewe, dudu sikile pak kaji.
- Ya mesthi bae ora gelem diklekarake miring, wong Parta iku lagi dadi manten tur durung wayahe turu lan bisa turu miring dhewe.
- Mesthi bae wong nylumbat krambil iku kathokan, lan sing dienggo nylumbat iku dudu kathok nanging slumbat saka wesi utawa kayu:
D. Tegese sanepa ing ngisor iki :
- Pikirane landhep dhengkul
— Dhengkul iku pucuke bujel (ora ana landhepe) mangka dianggep luwih dening landhep,
tegese luwih dening kethul.
— Pikirane kethul banget (bodho banget). - ulate bening leri
— Leri (= banyu pususan beras) iku buthek, dianggep luwih bening, tegese luwih dening buthek
(buthek banget)
— Ulate buthek banget (ora padhang) - Utangé arang wulune kucing
— Wulune kucing iku kerep banget, mangka dianggep luwih arang, tegese
luwih dening kerep.
— Utange kerep banget utawa ngendi-endi ana.
- Eseme pait madu
— Madu iku rasane legi, mangka dianggep isih pait, tegese legi banget utawa manis banget.
— Eseme manis banget. - Lakune rindhik kirik digitik
— Playune kirik digitik iku banter, mangka dianggep isih rindhik, tegese luwih dening banter. - Suwe mijet wohing ranti
— Mijet wohing ranti iku sedhela banget (gampang), mangka isih dianggep suwe, tegese luwih dening gampang (sedhela banget).
— (samubarang gawe) kang gampang (sedhela) banget ditindakake. - Rasane legi butrawali
— Butrawali iki pait, mangka dianggep luwih dening legi, tegese pait banget rasane.
— Rasane pait banget. - Cahyane abang dluwang
— Dluwang iku warnane putih. Putihing dluwang dianggep luwih dening abang, tegese luwih dening putih (= aclum)
— Cahyane aclum banget. - Anggone memitran renggang gula kumepyur pulut
— Tangkepaning lirangan gula Jawa iku kraket banget (saya kraket manawa rada jemek), mangka dianggep isih renggang, tegese kraket banget (ora tau pisah)
-Anggone memitran raket banget sasat ora tau pisah. - Tatune arang kranjang
— Kranjang iku bolongane (matane) kerep tur rata, mangka dianggep luwih dening arang, tegese kerep banget.
— Tatune kerep banget (rata ing awak) - Lungguhe anteng kitiran
— Kitiran, mubeng, dianggep luwih dening anteng, tegesetansah obah
— Lungguhe tansah obah (rongeh)
— Botor (= isi kecipir) kang wangune bunder kaya mimis
kang playune banter, mangka dianggep isih lonjong
kang kurang banter playune, tegese banter banget.
— Playune banter banget.
III. PARAMASASTRA
Udhalan (racutan) ag ukara- ukara ing ngisor iki :
1. Ibu guru // ngidini / aku sakanca / melu Persami.
— Ibu guru |
= jejer |
2. Kancaku sing lucu // ndhagel / ana Persami.
— Kancaku sing lucu |
= jejer |
3. Dhek Sabtu / kanca-kanca Pramuka // nganakake / Persami / ana Tawangmangu.
— kanca-kanca Pramuka |
= jejer |
4. Ibu // mundhut / lemari / kanggo wadhah sandhangan.
— Ibu |
= jejer |
5. Kancaku // lungguh / sangga uwang.
— Kancaku |
= jejer |
6. Kanthi akal julig / malinge // bisa lolos / saka pakepungan.
— malinge |
= jejer |
32
— bisa |
= katrangan katemtuan |
7. Adhiku // sregep sinau / supaya pinter.
— Adhiku |
= jejer |
8. Para Pramuka // nggawa / piranti dhapur / kanggo olah-olah ana Persami.
— Para Pramuka |
= jejer |
9. Sirahe kancaku // menyonyo / ketiban bluluk.
— Sirahe kancaku |
= jejer |
10. Dheweke // nyengkakake / garapan / tanpa ngetung wektu.
— Dheweke |
= jejer |
IV. NULIS.
—
V. UNGGAH-UNGGUH
Basa krama lugu:
Warsito | : | ”Kados pundi Tom, sampun sampeyan siapaken sedaya bektan sampeyan ?” |
Sutomo | : | ”Ooo? jelas ! Sedaya sampun siyap. Kantun nengga Badri. Mangke sekedhap malih piyambakipun temtu dhateng.” |
[ 34 ]
Warsito | : | Punapa kemawon ta pirantos ingkang kedah sampeyan bekta ?" |
Sutomo | : | "Lha punika! Bantal, gelaran, lampu petromak, kaliyan ...kompor." |
Warsito | : | "Kala wingi punika Ketua Regu masrahi kula mbekta baterei, dandang kaliyan ember. Nanging...dandangipun ingkang kula boten saged mbekta, Tom !" |
Sutomo | : | "Lho, lha kados pundi ?". |
Warsito | : | "Dandangipun símbok dipun engge piyambak." |
Sutomo | : | "Cilaka-ane! Sampeyan kok boten criyos kala wingi ta, War! Ngertosa makaten kula nyambut dandangipun Mbakyu Tarmi. Ing ngrika dandangipun kalih. Dados saged dipun bekta setunggal." |
Badri | : | "Tuluuung... direwangi !" (bengok-bengok saka kadohan). |
Sutomo | : | "Punapa ?" |
Badri | : | "Punika, kula kawratan. Mbekta kajeng bakar kaliyan wajan." |
Sutomo | : | "Ah, sampeyan wonten-wonten kemawon ! Supados boten kawratan, catanipun mbekta kedah ingkang leres ! Boten pating pendhosol kados makaten punika!" |
Badri | : | "Wah, punika Den Warsito. Jebul sampun dumugi ngriki. Tiwas kala wau kula bengoki." |
Warsito | : | "Kula saweg kemawon kok, Badri." |
Badri | : | Lha nanging sampun jangkep sedaya bektan sampeyan ?" |
Warsito | : | "Dereng! Kula boten saged mbekta dandang. Benjing enjing badhe dipun angge Simbok." |
Badri | : | "Waah, sampeyan inggih saweg criyos! Mbok wonten ing kelas wau criyos! Punapa makaten kemawon, mangke mangketaipun langkung griya kula. Kula mendhet dandang ?!" |
...................................................
(bisa diterusake dening guru lan murid)
VI. KASUSASTRAN
— [ 35 ]I. WACAN
B. Wangsulane pitakon-pitakon :
- Ing tembang Sinom
- Wangsalane mung siji, yaiku :
petis manis (kecap)
wis kudu dadi pocapan. - Sing dadi pocapan iku :
edane wong kang lagi kena guna saka si kakang
Wong kang kena guna iku :
awak mami - Kaanane wong kang kena guna ing tembang iku :
mbathik karo nangis mbrebes mili,
malame wutah belabaran lan mati genine,
gawangane banjur disendhal nganti putung.
- Wangsalane mung siji, yaiku :
- Ing tembang Kinanthi :
- Wangsalan ana loro, yaiku :
- Kenthang rambat (tela), menyan putih (wlirang)
awasna dipun pratela, noleha wirange wuri. - Cacangkok wohing kalapa (bathok)
kang dadi pathoking urip. - Miturut tembang Kinanthi ing wacan, pathokaning wong ngaurip iku mangkene :
(sakabehing tumindak) Kudu ditimbang kanthi waspada, kudu ngelingi kepriye akibate ing tembe burine.
- Ing tembang Dhandhanggula :
- Wangsalan ana lima, yaiku :
- Carang wreksa (pang) ingkang jamang tambir (wengku)
ora gampang wong mengku negara. - baligo amba godhonge (labu)
kudu sentoseng kalbu. [ 36 ]
- Carang wreksa (pang) ingkang jamang tambir (wengku)
- Wangsalan ana lima, yaiku :
(3). tengareng prang (teteg) andheging riris (terang)den teteg trang ing cipta.
(4). sendhang niring ranu (asat) sasat ana ing palagan.
(5). kasang toya (impes) menyan seta ing ardi (wlirang) yen apes kawirangan.
b. Miturut tembang Dhandhanggula ing wacan, wong
mengku negara iku :
atine kudu sentosa,
pikirane kudu lantip,
gambarane kaya ana ing paprangan,
yen ora kebeneran bakal kewirangan.
4. Ing tembang Pangkur:
a. Wangsalane ana loro, yaiku :
(1). Singgang gung kang piniyara (winih),
mardi siswa (mulang) kakawinireng estri (wadu)
wineh winulangaken wadu.
(2) pangrantanireng pradangga (sendhon)
sesendhonan genti-genti.
b. Sing padha sesendhonan iku :
kang padha sumewa ana ing pasewakan kang minangka mangun suka.
5. Tembang Sinom ing dhuwur iku nggambarake wong mbathik kang lagi keneng guna.
6. Tembang Kinanthi ing dhuwur iku ngelingake bab pathokaning wong urip.
7. Tembang Dhandhanggula ing dhuwur iku ngandhakake manawa wong mengku negara iku ora gampang.
8. Ing tembang Pangkur iku nelakake apa kang diwulangake marang para wadu kang padha sumewa ing pasewakan kang minangka mangun suka.
[ 37 ]II. KAWRUH BASA
B. Bebasane kang mathuk :
- Nabok nyilih tangan.
- Nyangoni kawula minggat.
- Lanang kemangi.
- Nututi layangan pedhot.
- Idu didilat maneh.
- Dikena iwake, aja nganti buthek banyune.
- Nglungguhi klasa gumelar.
- Nggutuk lor kena kidul.
- Sandhing kirik gudhigen.
- Ancik-ancik pucuking eri.
- Sedhakep ngawe-awe.
- Ora uwur ora sembur.
C. Rura basa :
- ndheplok gethuk benere ndheplok tela, nanging ora lumrah (aneh).
- mikul dhawet benere mikul angkring dhawet, nanging ora lumrah.
- mbathik iket benere mbathik mori supaya dadi iket, nanging ora lumrah.
- menek krambil benere menek wit krambil, nanging ora lumrah.
- adang thiwul benere adang glepung gaplek digawe thiwul, nanging ora lumrah.
- ngenam klasa benere ngenam mendhong (pandhan) supaya dadi klasa, nanging ora lumrah.
- adang sega benere adang beras, nanging ora lumrah.
- ngombe kopi benere ngombe wedang kopi, nanging ora lumrah.
- nenun mori benere nenun benang supaya dadi mori, nanging ora lumrah.
- ngantih benang benere ngantih kapas supaya dadi benang, nanging ora lumrah.
[ 38 ]D. Tegese tembung-tembung kang kacithak kandel:
- Surya sampun serap (= srengenge)
- Sapunika surya kaping 26 Rejeb (= tanggal)
- Swaraning peksi sampun sirep. (= boten rame)
- Benteripun badan sampun sirep. (= mantun benter)
- Resi Drona ing Soka Lima. (= pandhita tapa).
- Resi kintunan arta saking Pos. (= layang pratandha wis nampa).
- Lampahipun R. Wrekudará medal wanadri. (= lakune)
- Nalika taksih enem ageng lampahipun. Sareng sepuh manggih kamulyan. (= prihatosipun)
- Ringgit dalu punika mendhet lampahan Bima Suci. (= lakon)
III. PARAMASASTRA
Tegese ater-ater sa :
1. | sakarepe bocah. | = | sabarang karepe |
sapolah-polahe | = | kepriye polahe | |
2. | samaremmu | = | sapira maremmu |
sakranjang | = | siji kranjang | |
3. | entenana satekane | = | nganti tekane |
satekane omahmu | = | nek wis tekan | |
4. | watu sagajah | = | padha karo gajah |
sakiwa-tengene | = | kabeh ing kiwa-tengene | |
5. | sapungkure bapak | = | sawise pungkur |
eyang sapendhereke | = | karo pendhereke | |
6. | regane bakal klambi sametere | = | saben metere |
sacukupe wong loro | = | manut cukupe | |
sacukup-cukupe | = | nganti cukup | |
7. | Nardi karo Narta dadi saomah | = | nunggal omah |
wong saomah lunga kabeh | = | saisine omah | |
8. | jaran 'salapake | = | karo lapake |
lagi ana sataun | = | siji taun | |
9. | nanging sanyatane... | = | miturut nyatane |
satemene aku... | = | miturut temene |
[ 39 ] IV. NULIS
A. Sing bener panulise : 1. nyangga lombok kandha menggok sangga senggol digantha nggrontol blanja nggrondhol kaliyan bagean
2. tiyang Jawi kramean para priya sesadean dibuwang tujuan kuwajiban njagoa tukua mronoa
B. Panulise nganggo aksara Jawa sing bener : 1. ꦩꦗꦸꦮ 11. ꦲꦩ꧀ꦧꦺꦴꦿꦤ꧀ꦝꦺꦴꦭ꧀ 2. ꦩꦸꦭꦶꦃꦲ 12. ꦤꦺꦴꦩ꧀ꦧꦺꦴꦏ꧀ꦏ 3. ꦫꦺꦤꦺꦪ 13. ꦔꦪꦺꦴꦩ꧀ꦩꦶ 4. ꦩꦶꦭꦶꦃꦲ 14. ꦔ꧀ꦭꦢꦺꦴꦱ꧀ꦱꦏꦼꦤ꧀ 5. ꦧꦭꦶꦪ 15. ꦲꦚ꧀ꦗꦁꦏꦼꦥ꧀ꦥꦏꦼꦤ꧀ 6. ꦢꦶꦧꦺꦴꦤ꧀ꦢ 16. ꦲꦚ꧀ꦗꦩꦺꦴꦤ꧀ꦤꦶ 7. ꦢꦶꦒꦺꦴꦝꦺꦴꦒ꧀ 17. ꦩꦼꦤ꧀ꦝꦼꦠ꧀ꦠꦶ 8. ꦢꦶꦧꦺꦴꦿꦤ꧀ꦝꦺꦴꦭ꧀ 18. ꦲꦩ꧀ꦧꦼꦝꦺꦴꦭ꧀ꦭꦏꦼꦤ꧀ 9. ꦩꦺꦴꦁꦏ 19. ꦲꦁꦒꦺꦴꦤ꧀ꦝꦺꦴꦭ꧀ꦭꦶ 10. ꦲꦩ꧀ꦧꦺꦴꦿꦤ꧀ꦝꦺꦴꦭ꧀ꦭꦶ 20. ꦔꦿꦒꦢ꧀ꦢꦶ
V. UNGGAH-UNGGUH
_____
VI. KASUSASTRAN
_____
39 [ 40 ]
II. KAWRUH BASA
B. Tegese unen-unen :
1. sayembara pilih | = | pasanggiri sapa sing bisa minangkani oleh ganjaran putri. |
2. pilih-pilih wong | = | ora saben |
3 pilih-asih | = | ana salah siji kang diasihi |
4. pilih tandhing | = | arang-arang kang bisa nandhingi. |
5. pilih lalab | = | kabeh dirampet |
6. pilih-pilih tebu | = | nampik kang ala oleh ijol kang luwih ala. |
7. prajurit pilihan | = | ora sadhengah prajurit |
8. padha asesanti pilih mati | = | aluwung mati |
D. Wangsalan ing ngisor iki karepe njaluk gendhing :
1. Sekar gadhung kongas gandanya.
Sasmita njaluk gendhing : Sekar Gadhung.
2. Mring paduka angayun-ayun asmara.
Sasmita njaluk gendhing : Ayun-ayun.
3. Rinipta pindha puspita, pantes patrape kang warni.
Sasmita njaluk gendhing : Puspawarna.
4. Esemira lir gebyaring thathit, maweh renyeping wardaya.
Sasmita njaluk gendhing : Renyep.
5. Kapiyarsa kumaricik suwaraning tirta.
Sasmita njaluk gendhing : Ricik-ricik.
E. Wangsalan kanggo sasmita jenenging tembang kang dika-
repake :
1. Aja na mundur pakewuh. (tembang Durma)
2. Mingkar-mingkur ing angkara. (tembang Pangkur)
3. Mrih sarkara kang pinurweng kawi. (tembang Dhandhang-
gula)
4. Mrih dadi kanthinira. (tembang Kinanthi)
5. Kancana timbul ing warihan. (tembang Maskumambang)
6. Aja wuluh ati nira. (tembang Duduk wuluh - Megatruh)
7. Abrangta ing ngelmu. (tembang Asmaradana)
8. Ywa nganggo budi nom-noman. (tembang Sinom)
[ 41 ] III. PARAMASASTRA
B. Udhalen lan polaning ukara-ukara ing ngisor iki : 1. Tandang tanduke kancaku // becik - Tandang tanduke kancaku = jejer - becik = wasesa Polane: J/W 2. Kancaku // tandang-tanduke / becik - Kancaku = jejer - tandang-tanduke becik = gatra wasesa (anak kalimat predikat) + tandang-tanduke = jejer + becik = wasesa Polane:J/W/j-w 3. Kancaku // becik/ tandang-tanduke - Kancaku = jejer - becik/tandang-tanduke = gatra wasesa (anak kalimat predikat) + becik = wasesa + tandang-tanduke = jejer Polane:J/W/w-j 4. Tandang-tanduke / becik // kancaku - Kancaku = jejer - becik/tandang-tanduke = gatra wasesa (anak kalimat predikat) + becik = wasesa + tandang-tanduke = jejer Polane:W/j-w/J 5. Becik // tandang-tanduke kancaku - Tandang tanduke kancaku = jejer - becik = wasesa Polane: W/J
41 [ 42 ]6. Tawangmangu iku // seger /hawane :
— Tawangmangu iku = jejer
— seger/ hawane ; = gatra wasesa (anak kalimat predikat)
+ hawane = jejer
+ seger = wasesa
Polane :
7. Tawangmangu iku // hawane // seger
— Tawangmangu iku = jejer
— hawane seger = gatra wasesa (anak-kalimat predikat)
+ hawane = jejer
+ seger = wasesa
Polane:
8. Hawane / seger // Tawangmangu iku
— Tawangmangu iku = jejer
— hawane seger = gatra wasesa (anak kalimat predikat)
+ hawane = jejer
+ seger = wasesa
Polane:
9. Hawane Tawangmangu iku // seger
— Hawane Tawangmangu iku = jejer
— Seger = wasesa
Polane:
10. Seger / hawane // Tawangmangu iku
— Tawangmangu iku = jejer,
— Seger hawane = gatra wasesa (anak kalimat predikat)
+ hawane = jejer
+ seger = wasesa
Polane: [ 43 ]11. Seger // hawane Tawangmangu iku
— hawane Tawangmangu iku = jejer
— Seger = wasesa
Polane:
12. Adhiku // kancane / akeh banget
— Adhiku = jejer
— kancane/akeh banget = gatra wasesa (anak kalimat predikat)
+ kancane = jejer
+ akeh banget = wasesa
Polane :
13. Kancane adhiku // akeh banget
— Kancane adhiku = jejer
— akeh banget = wasesa
Polane:
14. Kancane / akeh banget // adhiku
— adhiku = jejer
— kancane/ akeh banget = gatra wasesa (anak kalimat predikat)
+ kancane = jejer
+ akeh banget = wasesa
Polane:
15. Akeh banget / kancane // adhiku
— adhiku = jejer
— akeh banget/kancane = gatra wasesa (anak kalimat predikat)
+ kancane = jejer
+ akeh banget = wasesa
Polane:
16. Akeh banget // kancane adhiku
— kancane adhiku = jejer
— akeh banget = wasesa
Polane:
[ 44 ]IV. NULIS
B. Panulise nganggo aksara Jawa :
1. Khahar Muzakir = ꦏ꦳ꦲꦂꦩꦸꦗ꦳ꦏꦶꦂ
Mukharam = ꦩꦸꦏ꦳ꦫꦩ꧀
2. dzat = ꦣ꧀ꦗ꦳ꦠ꧀
adzan = ꦄꦣ꧀ꦗ꦳ꦤ꧀
Dzulkaidah = ꦣ꧀ꦗ꦳ꦸꦭ꧀ꦏꦻꦣꦃ
3. Februari = ꦥ꦳ꦺꦧꦿꦸꦮꦫꦶ
Safar = ꦱꦥ꦳ꦂ
4. Zakat = ꦗ꦳ꦏꦠ꧀
zirah = ꦗ꦳ꦶꦫꦃ
Sumur zam-zam = ꦱꦸꦩꦸꦂꦗ꦳ꦩ꧀ꦗ꦳ꦩ꧀
5. ghaib = ꦒ꦳ꦻꦧ꧀
Abdul Ghafur = ꦄꦧ꧀ꦝꦸꦭ꧀ꦒ꦳ꦥ꦳ꦸꦂ <
V. UNGGAH-UNGGUH
Basa ngoko :
Danu | : | Kula nuwun ! |
Dirja | : | O, Mas Danu! Mangga Mas! Mangga kana kene! |
Danu | : | Iya, Sajake kok gayeng anggon panjenengan ngendikan karo ibu |
Dirja | : | Gayeng iya ora, mung bae ana rembug kang rada wigati. Anu, aku arep duwe gawe. |
Danu | : | O, ngono. Panjenengan arep kagungan kersa apa ? |
[ 45 ]
Dirja | : | "Arep nylameti 1000 dinane ibuku." |
Danu | : | "Gedhen-gedhen apa climen bae ?" |
Dirja | : | "lya mung climen bae. Mung sacukupe bae. Aku ora tau duwe gawe gedhen-gedhenan. Mung netepi adat tataca- ra bae." |
Danu | : | "Kasinggihan nek ngono. Aku dhewe iya mung netepi, adat tatacara sing wis lumrah katindakake. Sepasaran apa dene nyelapani anakku mung reringkesan bae." |
Dirja | : | "Aku iya ngono. Apa ta perlune duwe gawe gedhen-ge dhen. Kuwi rak mung mbuwang wragat bae. Ngentek-en- tekake dhuwit kang tanpa tanja." |
Danu | : | "Mula iya ngono. Tinimbang dhuwit kabuwang tanpa tan- ja, prayoga digemeni. Ing tembe buri dhuwite kanggo ngragadi sekolahe." |
Dirja | : | "Hla iya, ta. Akeh wong kleru tumindake. Nyepasari apa dene nyelapani tekane sunatan sapiturute digawe ge- dhen-gedhen, nganti direwangi utang-utang. Bubar duwe gawe dodolan apa ta apa kanggo nyaur silihan. Tekan ing besuke anake ora karagatan. Sekolahe padha kapiran." |
Danu | : | "Ngono kuwi akeh banget, Mas. Ngono kuwi jeneng urip awur-awuran. Kena kaaranan ora welas karo anake." |
Dirja | : | "Kasinggihan mangkono. Ngono iku malah kanggo jor- joran, kanggo umuk-umukan." |
Danu | : | "Mula bener tuntunaning Pamarentah menyang rakyate. Kudu padha urip prasaja. Prasaja ing sakabehe." |
Dirja | : | "Prayogane iya kudu mangkono. Yen kurang pangati-ati- ne ing tembe buri sapa sing bakal ngrasakake rekasane, ora liya iya awake dhewe." |
Danu | : | "Mula iya abot tanggung jawabku lan tetanggungan pan- jenengan tumraping nenuntun marang masarakat." |
Dirja | : | "Tenane iya mangkono. Mula aku lan panjenengan kudu tanpa kendhat anggone padha aweh sesuluh marang masarakat. Aweh tuladha, aku panjenengan dadia tetula- dhane wong akeh." |
VI. KASUSASTRAN
_____ [ 46 ]
II. KAWRUH BASA
B. Tegese tembung-tembung homonim :
1. kaum wanita = golongan
didongani dening kaum = imam Islam ing pakampungan
2. labuh labete R.A. Kartini = gawe jasa
kapal kang lagi labuh = nibakake jangkar arep leren
mangsa labuh = ngarepake rendheng
3. kajeng jatos = kayu
kajeng kula = karep
4. kala wingi = dhek
kula cepeng mawi kala = jiret
5. gerah waja = untu
tuku waja = wesi kang atos
6. asmanipun priyantun = jenenge
sakit asma = mengi
7. ora bakal lali = arep
bakal klambi = sing arep dienggo
8. bareng disuwuk simbah = dijapani sarana disebul embon-embonane
gamelane wis disuwuk = disirep (dilereni)
9. golek kawruh = ngupaya
wayang golek = pepethaning wong
10. wacanen... ing ral lima = kaca
tatune ing rai... = pasuryan
D. Paribasane :
1. Baladewa ilang gapite.
2. Kriwikan dadi grojogan.
3. Cecak nguntal elo.
4. Bathok bolu isi madu.
5. Nyandhung cepaka sewakul.
6. Kepalu kepenthung.
7. Endhas gundhul dikepeti.
8. Asu gedhe menang kerahe.
[ 47 ]
9. Garang garing.
10. Entek amek kurang golek.
11. Keplok ora tombok.
12. Kadang konang.
III. PARAMASASTRA
A. Wangsulane pitakon- pitakon:
1 a. Tuladha panambang a kang mujudake, rimbag agnya (pakon) :
— Tukua gula !
— Adusa kana, ta !
— Lungguha kursi kono !
— Takona marang wong sing pinter !
— Sinaua sing mempeng !
b. Tuladha panambang a kang mujudake rimbag sambawa :
— Tekaa saiki mana ana kancaku ! (= muga- muga teka)
— Rekasaa kaya ngapa mesthi daklakoni ! (= sanajan rekasa)
— Kowe maneh ngretia, wong aku sing cedhak bae ora ngreti. (= mokal ngreti)
— Bok udana mana aku ora susah ngelebi sawahku ! (= bok ya udan)
— Mau mlakua terus ndang tekan ngomah ! (= upama mlaku)
2. Tuladha panambang a kang nelakake pakon tanggap (tanpa lesan) :
— Ngakua bae, aja goroh !
— Menenga bae !
— Mandhega sedhela !
— Muliha dhisik !
— Nembanga sakarepmu !
[ 48 ]
- Tuladha panganggone panambang a kang nelakake pakon tanggap (kang lesane gumathok) :
— Ombenen wedangmu !
— Jaluken dhuwitmu !
— Tukunen sepedha iku !
— Catheten katrangan iki !
— Wacanen buku iku ! - Tuladha panganggone panambang a kang nelakake :
a. upama :
— Ngretia nek wong ala, ora bakal daktemoni.
— Tekaa esuk mau rak bisa kepethuk karo pimpinane.
b. pangarep-arep :
— Oleha lotre mana saiba bungahku !
— Kondura saiki mana manak kareben priksa kaanan iki !
c. sanajan :
— Udana deres di kaya ngapa aku mesthi teka mrene.
— Duwea dhuwit aku ora bakal nukokake sepedha kowe.
d. muga-muga :
— Dakrewangi nyenyuwun marang Pangeran, kowe entuka kanugrahan.
— Pamujiku ing tembe, kowe bisaa kasembadan kang kokarepake.
e. mokal :
— Kowe maneh bisaa, aku sing wis akeh pengalaman ora bisa.
— Wong liya maneh gelema ngopeni dheweke, adhine dhewe bae suthik kanggonah.
B. Tegese panambang a ing tembung-tembung kang kandel panyithake :
- njupuka = supaya njupuk
- mlakua = supaya mlaku
- tukua = supaya tuku
- pintera kaya ngapa = senajan pinter
48 [ 49 ]
- udana mono = mbok ya udan
- sugiha kae = senajan sugih
- kondura saiki = upama kondur
- duwea dhuwit = upama duwe
- reregan medhuna mana = muga-muga medhun.
- aku maneh bisaa = mokal bisa |
- ngakua bae = supaya ngaku
- adhimu maneh ngretia = mokal ngreti
- meleka = supaya melek
- sageda madhangaken... = mugi-mugi saged
- mamrih dianggepa = supaya dianggep
IV. NULIS
A. Benere panulisan :
- Akeh wong kandha manawa wektu iku rekasa golek pagawean. Memujia bae supaya gegayuhanmu, katurutan.
- Aja ndhodhok ana kono, kanggo mbuwang uwuh !
- Kathahipun tiyang sami ningali sepur tabrakan kaliyan grobag ing celakipun panggenan sesadean.
- “Nggodhoga wedang, nanging aja nganti kakehan gula. Mengko bubar udud dakombene.
B. Panulise nganggo aksara Jawa:
49 [ 50 ]
V. UNGGAH-UNGGUH |
Basa krama :
Nanang : "Wah kok mempeng, anggen sampeyan sinau ngantos mbengkuk. Nyinau punapa ta'Dhik ?”
Nunu : "Anu, Mas, nyiriau sejarah. Benjing-enjing wonten ulangan sejarah: Ning kula inggih sampun. apal kok, Mas. Sampeyan dhateng, saweg kemawon anggen kula nutup buku. Dados inggih sampun rampung. saestu anggen kula sinau."
Nanang : "Inggih kedah makaten punika. Lare sekolah makaten ingkang dipun rumiyinaken kedah sinaunipun. Ngemutana, sapunika punika jaman rebatan, rebatan pinter, rebatan tedha. Inggih namung ingkang pinter ingkang saged nedha, ingkang saged mulya.”
Nunu : "Pancen makaten, Mas. Tur kelerêsan ingkang kedah kula sinau punika bab Patih Gajahmada. Bombong manah kula Indonesia gadhah pahlawan kados Patih Gajahmada iku.”
50 [ 51 ]
Nanang | : | "Sinten ingkang boten mbedhodhok manahipun ga- dhah pahlawan kados Patih Gajahmada makaten puni- ka. Langkung-langkung kula kaliyan sampeyan, ing- kang kagolong pemudha ingkang kedah nglajengaken perjuwanganipun para pahlawanipun piyambak, kale- bet pahlawan Patih Gajahmada." |
Nunu | : | "Inggih makaten punika. Kula kaliyan sampeyan punika sami kinudang-kudang tiyang sepuh, dadosa pahla- wan, dadosa pemimpin negara. Kula kaliyan sampeyan ingkang nggentosi tiyang sepuh nyepeng,bang-bang pangalum-aluming negari. |
.................................................................
(bisa dirampungake dening guru lan murid).
VI. KASUSASTRAN
II. KAWRUH BASA
B. Sinonime tembung-tembung kang kandel panyithake :
- palagan = paperangan
dununge = panggonane
laladan = tlatah, wewengkon - ndarbeni = nduweni
ngukuhi = ngugemi, nggegegi - kacetha = katerangake, kagenahake
- nenangi = nggugah
- prastawa = kadadean wigati = perlu banget
- kacetha = kagenahake
pepethane = gambar wewujudan
gugur = seda
pertempuran = paperangan - rikala = nalika
pungkasane = wusanane - keplayu = keseser
diuber = dioyak, dibledig, diburu
[ 52 ]
C. lsbat
1. Jiwane menungsa kudu bisa ngereh ragane.
2. Wong kang golek ngelmu (maguru) kudu duwe pawitan = wani rekasa
ora ngumbar hawa nafsu.
3. Manunggaling jiwa lan raga.
D. —
III. PARAMASASTRA .
C. 1. Tuladha :
Nardi: “Kowe saka ngendi, Ton ?” (1)
Toni : "Surabaya." (2)
Nardi: “Kowe ngineb ing daleme sapa, Ton?” (3)
Toni : “Daleme embah.” (4)
Nardi: “Nginebmu pirang dina ?” (5)
Toni : “Seminggu.” (6)
Nardi: "Dalame eyangmu ana ngendi ?” (7)
Toni : “Wonokromo.” (8)
Nardi: “Kowe nonton kebun binatang, Ton?” (9)
Toni : "Mesthi bae !” (10)
a. Ukara wancahan pacelathon ing dhuwur iku :
— Surabaya. (2)
— Daleme embah. (4)
— Seminggu. (6)
— Wonokromo. (8)
— Mesthi bae. (10)
b. Ukara wutuh pacelathon ing dhuwur iku :
— Kowe saka ngendi, Ton ? (1)
— Kowe ngineb daleme sapa, Ton ? (3)
— Nginebmu pirang dina ? (5)
— Daleme eyangmu ana ngendi ? (7)
— Kowe nonton kebun binatang, Ton ? (9)
2. a. Kang kagolong ukara wancahan :
— Ndandani omah kang ana kutha (a)
— Tindakan menyang ngendi ? (c)
— Dhateng Surabaya (d)
— Endang mulih bae saiki ! (i)
— Ayo ta mangan-mangan kene dhisik ! (j)
[ 53 ]b. Kang kagolong ukara wutuh :
— Panas //wedange. (b)
(W) (j)
— Iku // kewan iwen. (e)
(j) (W)
— Kewan galak // iku. (f)
(W) (J)
— Mangan karo nyandhang iku // butuhe wong urip. (g)
(J) (W)
— Nakale adhiku // kebangeten. (h)
(J) (W)
— Apa // kuwi. (K)
(W) (j)
IV. NULIS
B. Panulise nganggo aksara Jawa :
53 [ 54 ]
V. PANANTANG LAN IPAT-IPAT
C. Tuladha :
- Ukara panantang :
— Yen nyata lanang temenan metua njaba !
— Ngajak pirang dina, dakladeni !
— Majua, dakteter kulitmu ! - Ukara ipat-ipat :
— Yen kowe wani karo wong tuwa, aku ora bakal ngaku sedulur marang kowe.
— Rehne kowe tansah gawe serikku, wiwit dina iki aku ora bakal mecak omahmu.
— Yen nganti kowe nyenggol aku, bakal dakbeset kulitku.
VI. KASUSASTRAN
A. Buku-buku lan panganggite :
- (1). Ing jaman Dyah Balitung :
— Kakawin Ramayana isine 6 kandha :
Balakandha Aranyakandha Sundarakandha
Ayodyakandha Kiskendakandha Yudhakandha - (2). Ing jaman Kedhiri :
— Samaradahana (Kakawin) dening Empu Darmaja
— Baratayuda (Kakawin) dening Empu Sedhah lan Empu Panuluh
— Wrettasancaya (Kakawin) dening Empu Tantular. - (3). Ing jaman Majapait :
— Negarakertagama dening Empu Prapanca
— Sutasoma (Kakawin) dening Empu Tantular.
54 [ 55 ]
b. (1). Anggitane para priyagung :
- Wulangreh dening Sunan PB IV.
- Layang Centhini dening Sunan PB V.
- Angger nawala pradata dening Sunan PB VII
- Candrarini Wira Iswara dening Sunan PB IX
- Wedhatama dening K.G.P.A.A. Mangkunegara IV.
(2). Juru anggit crita wayang :
Kyai Sindusastra, anggitane :
- Arjunasasrabau
- Srikandhi maguru manah
- Sembadra larung
- Partayadnya.
K. Pangeran Arya Kusumadilaga, anggitane :
- Jagal Bilawa
- Semar Jantur
(3). Pujangga ing Surakarta kang kasusra iku R. Ng.
Ranggawarsita, anggitane :
- Paramayoga
- Jitapsara
- Pustaka raja purwa
- Cemporet
- Kalatidha
- Jaka Lodhang, II
(4). Sing mbangun layang-layang kuna iku Kyai Yasadi-
pura I, kaya ta
- Dewaruci
- Arjunawiwaha
- Bratayuda
- Ambya
- Menak
- Rama
[ 56 ]
- Ki Padmasusastra iku salah sawijining juru ngarang jaman Bale Pustaka. Anggitane akeh awujud gancaran, kaya ta :
— Parama basa
— Tata-cara
— Carakan Jawi
— Burat Wangi
— Warna Basa
— Piwulang Warni-warni
— Rangsang Tuban
— Serat Kancil Tanpa Sekar, II.
II. KAWRUH BASA
B. Tegese saloka-saloka ing ngisor iki :
- Palang mangan tandur =
wong kang dipitaya ngreksa samubarang, wekasane ngrusak rereksane. - Kebo bule mati setra =
wong pinter ora ana sing nganggokake. - Asu belang kalung wang =
wong asor nanging sugih. - Kebo nusu gudel =
wong tuwa njaluk wuruk marang wong enom. - Kebo mulih ing kandhange =
wong kang nalika isih enom nyambut gawe ana ing papan kang adoh saka asale, bareng wis tuwa bali menyang papan asale dhewe. - Timun wungkuk jaga imbuh =
wong kang bodho (dudu wong kang peng-pengan) kanggone samangsa ana kekurangan (kanggo serep)
- Ula marani gitik =
nemaha marang kacilakan.
56 [ 57 ]
- Pitik trondhol diumbar ing padaringan =
wong kekurangan dipasrahi nyekel dhuwit lsp. - Wedhus diumbar ing pakacangan =
wong kekurangan dituduhake kamelikan. - Iwak klebu ing wuwu =
kena pangapus kanthi gampang (kena bebaya kang wis
ora kena dioncati maneh). - Kutuk marani sunduk =
nemaha marang bebaya. - Ketepang ngrangsang gunung =
njangka prakara sing nglengkara (mokal).
C. Arane tetembungan utawa unen-unen :
- Tanpa tedheng aling-aling. (paribasan)
- Eseme pait madu. (sanepa)
- Kebanjiran sagara madu. (saloka)
- Roning mlinjo, sampun sayah nyuwun ngaso. (wangsalan).
- Tandhange nggegirisi kaya bantheng ketaton. (pepindhan)
- Godhong jati, godhong nangka, ayo ngudi basa Jawa.(parikan)
- Gulune ngelung gadhung. (panyandra)
- Sirna ilang kertaning bumi (taun 1400). (sengkalan)
- Desa mawa cara, nagara mawa tata. (bebasan)
- Yen isi mengkurep, yen mlumah kothóng, iku apa ? (cangkriman)
- Bubutana wulune, gandhenana endhase, kathik bisa mabur, iku apa? (srekalan)
- Wedang = ngawe kadang. (kerata basa)
- Kodhok ngemuli kadang. (isbat)
- Nggodhoga wedang. Nguleka sambel. (rura basa)
- Borehana adas pala waras (= bakal waras). (pralambang).
E. Tegese wangsalan ing ukara-ukara iki:
- uler kambang = ula
nguler kambang = alon-alonan [ 58 ] - kembang kopi = blanggreng
ngembang kopi = mblanggreng (= macak) - pipa landa (= oncowe) ngono we kok nesu
- jenang sela (= apu), apuranen.
- pindhang lulang (= krecek),
kacek apa aku karo mas Wata. - Jenang gula (= glali), aja lali lo Mas.
- Pring dhempet (= pring tutul) sunduk sate (= sujen)
Tulung kandhanana ijen padha ijen. - Balung jagung (= janggel) lo Dhi,
gelemku isih janggelan. - Balung klapa (= bathok),
geleme ethok-ethokan. - Wilangan wolu loro (= sepuluh),
puluh-puluh dikapakake wong wis kebacut. - Marga kurang pangati-atiku sirahku nganti (kethuthuk)
- Anggone nangis marga (dithuthuk) Ali nganggo garisan.
- Olehmu (kapiadreng) kepengin melu iku arep ngapa ?
- Nyuwun agenging samodra pangaksami dene kula (kumawantun) (sumela) atur dhumateng para rawuh.
- Maling kang kecekel sesasi kapungkur kae oleh (ukuman) enem sasi.
- Aku kok gregetan karo adhimu loro iku, angger ditinggal mingset kok banjur (keplak-keplakan)
- Welingku padha senenga (tetulung) marang liyan.
- Nalika liburan aku wegah (lunga-lunga), ana ngomah mung (mongan-mengen) bae.
- Kabar olehmu arep duwe gawe mantu wis (sumebar) tekan ngendi-endi.
- Pamuji kula mugi-mugi putra temanten kekalih sageta (sih-sinihan) runtung-runtung (rerentengan) wonten ing (bebrayan) ageng.
- Bocah iki kok aneh mau ditakoni ora ngaku, saiki kok (celuluk) dhewe.
- Adhimu iku kokapakake, wiwit mau esuk seprene kok (bengak-bengok).
- (Udana) kae wis tanpa guna, lha wong tandurane wis kebacut mati.
III. PARAMASASTRA
Rimbage tembung-tembung kang dikurung :
IV. NULIS
(digawe dening murid)
V. UNGGAH-UNGGUH
Basa krama:
Blantik | : | "Pancenipun sampeyan badhe kula welingaken, kleresan sampeyan dhateng piyambak." |
Tiong Hoa | : | "Sampeyan welingaken wonten damelipun puna pa ?" |
Blantik | : | "Anu, kapal kula ingkang sampeyan wastani ciri su duk, manah kula kok radi samar, kula punika asring dhateng Klaten numpak kapal prelu pasok pajengan barang dagangan dhateng juragan, mangke manawi wonten ing margi dipun begal ing durjana, dipun su duk, ketarik saking cirining kapal suduk, punika ing kang kula kawekani." |
Tiong Hoa | : | "Nek, sasat kenging dipun pesthekaken, manggih bebaya, botena disuduk, inggih dipun tumbak tiyang dados awis ingkang purun numbas, ewadene jem bar-jembaring jagad boten wonten barang ingkang boten pajeng dipun sade, nanging inggih kedah na rimah tuni sawatawis." |
Blantik | : | "Manawi tuni kula boten angsal, namung kula buk aken kemawon,- panumbas kula resik Rp 1000.000,00 kawrat wonten serat lulusan." |
Tiong Hoa | : | "Kula bektanipun kapalipun sapunika, nanging ke dah dipun sipengaken sedalu ingkang badhe tum bas, dipun tandha gedhong watukipun, manawi bo ten inggih saestu dipun tumbas." |
Blantik | : | “Ingkang badhe tumbas punika sinten ?” |
Tiong Hoa | : | "O, punika wados Bah, sampeyan namung nyumerepi jangkepipun arta Rp 1.000.000,00 kajawi kalong ujuran dhateng kula.” |
Blantik | : | "O, manawi prekawis ujuran kula boten saged nyukani. Sasat nama tuni, sampeyan pados ujuran saking ngrika.” |
Tiong Hoa | : | "Mangsa limraha, tiyang tumbas dipun tedhani ujuran." |
Blantik | : | ”Ujurane yatra Rp 1.000.000,00 pinten ?” |
Tiong Hoa | : | "Namung Rp 40.000,00 petangan 2,5%.” |
Blantik | : | “Enggih ta gampil, manawi saged pajeng buk sapanumbas Rp 1.000.000,00!” |
VI. KASUSASTRAN
60
.................................................................
.................................................................
.................................................................
.................................................................
.................................................................
.................................................................
.................................................................
.................................................................
.................................................................
.................................................................
.................................................................
.................................................................
.................................................................
.................................................................
.................................................................
.................................................................
.................................................................
.................................................................
.................................................................
.................................................................
.................................................................
.................................................................
.................................................................
.................................................................
.................................................................
.................................................................
.................................................................
.................................................................
.................................................................
.................................................................
.................................................................
.................................................................
.................................................................
.................................................................
.................................................................
.................................................................
.................................................................
.................................................................
.................................................................
.................................................................
.................................................................